The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by yanlabherbalmmb, 2021-08-11 20:53:52

Buk Jampi Jampi Jawi

Buk Jampi Jampi Jawi

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
134

Bawang, jae, jintên cêmêng, majamuju, dringo, mungsi sami wawrat sareyal 9
dhuwit. Kadhêplok, yèn sampun lêmbat dipunwori gajih lêmbu kaliyan madu sami
wawrat sareyal 9 dhuwit, lajêng kadamêl kados makjun. Têgêsipun makjun,
dipun-galintiri kados pil agêngipun saisi lêrak. Dipuntêdha sabên enjing
sadèrèng-/509/ipun nêdha punapa-punapa. Manawi nêdha ingkang wêkasan
piyambak dipunworana santên kalapa satugêl, madu 3 sendhok bêling.

Angka 1396 Jampi amêwah mani, ingkang damêl jampi punika Sayid
Mustaparummi.
Jêram pêcêl kang agêng satunggal kaparut kapêrês, jae panjangipun sadariji ugi
dipunparut kapêndhêt toyanipun. Gêndhis batu agêngipun sakêmiri, dipunwor.
Yèn sampun wor nuntên dipununjuka sawontênipun.
Angka 1397 Jampi mêwahi mani.
Madu sacangkiripun tiyang Arab, duduh jêram pêcêl sacangkir, kuning tigan
satunggal, nuntên kadhêplokna cabe wawrat 10 saga, pala satunggal, kajêng lêgi
tuwin manis jangan panjangipun sami 3 dariji. Yèn sampun lêmbut dipunwor,
kaubak dados satunggal. Dipununjuka sabên enjing 3 kenjing.
Angka 1398 Jampi mêwahi mani tuwin yèn garing.
Brambang 3 karêmêt lajêng dipunwori tajin sacangkir, kaunjuka enjing sontên.
Angka 1399 Jampi mêwahi mani.
Parutan banon kaliyan sela lajêng dipunkum, kalimbang bêning-/510/anipun.
Dipunwêwahi dringo saros dariji, bawang satunggal, têmu guroh 2 ros dariji,
pupugan lèr wetan 2 jumput. Kapipis nuntên dipunwor kaliyan toya rêndhêman
banon wau lajêng kaunjuk, langkunganipun kaparêmakên.
Angka 1400 Jampi amêwahi mani.
Cêngkèh wawrat saringgit tuwin 9 dhuwit kapipis, dipununjuk kaliyan puwan
menda, puwan lêmbu, puwan maesa sacangkir wedang. Dipununjuk sabên enjing
sawontênipun sadaya.
Angka 1401 Jampi mani utawi dakar dados kuwat.
Laos ingkang garing wawrat sareyal 9 dhuwit kapipis kang lêmbat lajêng
dipununjuk kaliyan puwan menda sacangkir pangunjukan wedang. Kaunjuk
sapisan.
Angka 1402 Jampi amêwachoimmmaniti tsoarutsaeranguwatakên dakar.

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
135

Kuning tigan ayam cêmêng 3, mrica sulah 7, brambang satunggal, bawang

saulas, mayang jambe panjangipun 4 driji pasagi, kêrikan kajêng garu ramês 15

saga. Sadaya kaubêg kaliyan tigan ayam lajêng kaunjuk sabên enjing.

Angka 1403 Jampi tumrap tiyang jalêr.

Kuning tigan ayam satunggal, lingsah lêmbu sarta madu ka-/511/takêr ing

kulitipun, klabêt satakêr. Bumbu kapipis kaliyan kulitipun tigan kang lêmbut

lajêng dipununjuk wanci enjing. Sadèrèngipun wontên lalêr mabur utawi

sadèrèngipun ngunjuk jampi, ampuna nêdha utawi adus. Asarêng pitung enjing

kadamêla punapa wontênipun, famalal kalam, têgêsipun sakit pajalêran.

Angka 1404 Punika jampi mêroyan, têgêsipun sakit kang ngolah-ngalih

wontên padharan kados badhe arencang rare.

Êmpu kunir satunggal, terong wulung satunggal kasigar sakawan, pucuk uwos 3

jumput, mripat kunir 3, apu taun saklungsu (apu krakêt luthik). Sadaya dipun-

godhog ing kriyuk enggal, toyanipun 2 cupak (cangkir) dipunkantunakên sacupak,

dipunêntas, manawi sampun asrêp lajêng kaunjuk salêbêtipun 3 dintên.

Angka 1405 Jampi manawi tiyang cangkêmipun mambêt bacin,
mangkatên97 punika bok manawi jantung minggah dhatêng pulung manah,

yèn botên kalêrêsan aniwasi.

Amamaha kêtumbar sadayanipun sabên dintên ngantos samantunipun gandaning

bacin wau.

/512/ Angka 1406 Manawi ing cangkêm bacin ing badan karaos kirang sakeca.

Bubukan godhong salamaki wawrat 3 dhuwit dipunwor kaliyan kurma, katêdha

sabên enjing 3 kenjing.

Angka 1407 Jampi mutah rah.

Godhong waru nèm satêkêm, godhong pace nèm satêkêm, godhong têmahe (bok

manawi sana) satêkêm. Dipundhêplok, kasaring toyanipun lajêng kaunjuk.

Angka 1408 Jampi tiyang nuntak rah.

Godhong cung-cung bêlut 2 têkêm mangang kapipis kang lêmbat, toyanipun toya

klapa ijêm sacangkir. Dipunsaring lajêng kaunjuka sabên enjing ngantos

sakèndêling rahipun. Ampasipun kapipis malih kangge plèstêr ing dhadha.

Angka 1409 Panunggilanipun jampi nuntak rah.

commit to user

97 *#makatên

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
136

Lirang abrit sakacang wose kapipis lajêng dipunworana godhong cung-cung
bêlut 2 têkêm, lajêng kagodhog, kaunjuk.

Angka 1410 Panunggilanipun jampi mutah rah.
Godhong karuk tangan sagêgêm dipundhêplok, kapêrês kapêndhêt toyanipun,
kawor kaliyan arak kang sami kathah kêdhikipun lajêng kaunjuk.
/513/ Angka 1411 Jampi tiyang mutah botên sagêt98 kèndêl.
Dipundèkèki sirdhih gmêhipun (dhêgandum), mostêr 5 saga, oyot kelor
panjangipun 3 dariji, bawang sasiyung, jae 3 iris, roti sairis, toyanipun cokak.
Sadaya kapipis, katemplokna ing kêmah, mana99 tiyang sakit sirah sangêt utawi
kasrêpên, katemplokna ing githok. Yèn kang sangêt kasrêpênipun, katemplokna
ing kempol. Yèn bangkèkanipun kang karaos sakit, inggih katemplokna ing
bangkèkan.

Angka 1412 Jampi tiyang sêpuh nuntak rah.
Pucuk, ganthi sami 5 saga, cêngkèh 7, pala sapalih, sêkar lawang 3, dringo,
bêngle panjangipun saros dariji, lajêng kapipis kaliyan toya. Dipunborèhakên
pulung manah.

Angka 1413 Jampi tiyang nuntak wawratan.
Oyot kalapa ijêm panjangipun sadariji, blulukipun kang alit satunggal, januripun
kang sasada dipuntugêl-tugêl, adas sasaga, pulasari saros dariji, podhi, sari sami
3 saga, cêngkèh 3 iji, pala saklungsu, kunci 3 mata, murmak tuwin daging sami 3
saga, mênyan madu 3 saga, lilin ta-/514/won kang tulèn 3 saga, brambang
satunggal kabakar, bawang sasiyung, klèlèt rêgi 3 dhuwit, kajêng anyang sasaga.
Dipunpipis kang lêmbat nuntên kaunjuk kaliyan wedang. Klèlètipun
dipunsusulakên kemawon, manawi sampun badhe kaunjuk.

Angka 1414 Jampi sakit jika100, punika ingkang botên sagêt101 wawratan,
botên sagêt102 nuntak.

98 *#sagêd commit to user
99 *#manawi
100 *#cika

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
137

Mrica sulah 7 iji, tinja tikus, tinja karkêlak 3 iji, kabuntêl ing sêdhah tuwin
dipunlêbêtna ing jambe nuntên kagantèn kauntal. Punika lajêng sagêt 103
wawratan utawi nuntak.

Angka 1415 Jampi watuk tumrap rare alit.
Cêngkèh 3 iji, pala 3 wos, kêmukus 3 iji, jintên cêmêng 3 saga, kajêng lêgi 3 saga.
Sadaya dipunkum ing wedang panas, enjing sontên kaombèkakên sasendhok alit.

Angka 1416 Jampi abu104 tanpa jalaran.
Godhong sêlêsos saêpang, adas sasaga, têmu tis 3 iris, brambang 3. Dipunpipis
lajêng kaparêmna ing badan.

Angka 1417 Jampi abuh jalaran saking kagilês.
/515/ Kaplèstêra godhong mayoran, dipunwori lingsah klêntik, kagosokakên.
Plèstêr lajêng katemplokna panggènan ingkang abuh.

Angka 1418 Jampi sakit ros-rosan, punika sakit saking balung.
Oyot bêsaran dipuniris-iris, dipunsêmburakên ing pundi kang abuh, nanging
pamêndhêtipun katêkêm sarta kacublês dom bundhêl. Uwitipun inggih
dipuncoblos ing dom 3 utawi pamêndhêtipun nuju wêwulan sêpuh ing dintên
Jumungah dalu. Yèn sampun rampunging pamêndhêtipun inggih lajêng pêniti
dipuncoplok, kabêkta mantuk. Wontên ing wit bêsaran ngriku kasêbarana wos
sakajêngipun.

Angka 1419 Jampi suku abuh.
Laos panjangipun 2 dim, cabe 3 iji, jamur impês 3 saga, wos sajumput, sarêm 3
wuku, asêm saklungsu. Dipunpipis lajêng kaparêmna ing suku.

Angka 1420 Jampi sakit sêmandhangan mangrêtosipun susu abuh kang
kiwa.
Bung wurung 7 saga, dhêdhak lêmbat 5 saga, trasi abrit kang tulèn sakacang
pêthak, nuntên kaborèhna susu kang /516/ abuh saking nginggil mangandhap.
Sabên garing dipunborèhi malih ngantos samantunipun. Yèn susu sampun lajêng
tatu dipuntutupana godhong urat tuwin godhong golang-galing pundi ingkang
wontên.

101 *#sagêd commit to user
102 *#sagêd
103 *#sagêd
104 *#abuh

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
138

Angka 1421 Bab têtêdhan ingkang botên anêdha.
Siwalan, salak, dalima tigan ayam, rajungan, têbêlan, mimi bêluntak,
sawarnining bakaran. Manawi nuju ngunjuk tuwin adus, susunipun dipunuyêka
rambutipun piyambak.

Angka 1422 Yèn susu têngên kang abuh.
Godhong brobos satêkêm, lumut pêngaron sajumput, adas 2 iji, pulasari 4 saga,
jamur impês 3 saga, jamur brama 5 saga, tinja sawêr sawa 3 saga. Dipunpipis
nuntên kaborèh ing susunipun.

Angka 1423 Panunggilanipun jampi abuh.
Sêmut ngangrang dipunpusus, toyanipun tuwin tilasipun dipunparêmakên ing
susu.

Angka 1424 Jampi kamisadhanên 105 garimi, mangrêtosipun manawi
gadhah anak sapisan kamisadhanên106.
/517/ Yèn bayi sawêk107 mêntas lair, penthil susu dipunsikata sarta dipun-gosok
rambutipun piyambak. Sabên-sabên adus dipunuyêka rambut.

Angka 1425 Parêmipun sakit jêrawat.
Uwos kêbuan (wos ingkang sampun kalêbêtakên kukusan umêb sapisan)
sajumput, pulasari 5 saga, adas manis sajodho, sêkar apèn 3 saga, sêkar sêdhah
7 saga, mênyan madu 3 saga, cêndhana pêthak 3 saga. Manawi ngangge,
mêndhêta jêram pêcêl satunggal, karêmêta sarêng lajêng kagosokna ing rai.

Angka 1426 Panunggilanipun sakit jarawat.
Babakan granji 5 saga, babakan asêm panjangipun sadariji pasagi, babakan
anggi-anggi 5 saga, babakan pule gintungan, pulasari panjangipun 2 ros dariji,
kulit tigan paksi satugêl, kajêng kasturi, kajêng cêndhana sami 5 saga. Kapipis
dipunangge bubukan kangge pupur.

Angka 1427 Panunggilanipun jampi jarawat.
Êpang lobak 3, kunir saêmpu, dipun-gosok toya jêram pêcêl lajêng kausapna ing
rai.

Angka 1428 Panunggilanipun jampi jarawat.

105 *#kamisandhanên commit to user
106 *#kamisandhanên
107 *#sawêg

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
139

/518/ Kulit woh tanjung 5 saga, kulit kartu 3 kabakar, bawang 7 saga, kulit asêm
5 saga, kulit langkir saros jêmpolan, langkir punika kêpoh rêdi lajêng kapipis,
kausap-usapna ing rainipun. Ingkang kangge toya jêram pêcêl.

Angka 1429 Panunggilanipun jampi jarawat.
Mênyan madu saklungsu, toya jambe sapalih. Kadamêl ngasap mênyan tuwin
bakaran jambe piyambak. Dipunpipis kaliyan toyanipun tumuntên kangge
pupuran.

Angka 1430 Jampi sakit jarawat.
Godhong tapak liman satêkêm kairis pucukipun kiwa têngên lajêng mêndhêta
mêndhang sela, sela wau kadhêplok, lajêng katutulakên ing godhong wau nuntên
dipun-gosokna alon kemawon. Yèn badhe sare, ngangge gêrah nèm kaliyan
mênyan madu 5 saga, uwos 3 jumput. Dipundhêplok kang lêmbat kangge pupur.

Angka 1431 Manawi tiyang kêpingin putra jalêr.
Manawi tiyang nuju rencang rare mêdal èstri, akèna nyolong ulêg-ulêg,
dipundèkèkna ing kêndhi-/519/l nunggil ari-ari rare èstri wau. Sakajêngipun
dipunpêndhêm, dipunlabuh ing lèpèn. Ing têmbe lajêng gadhah anak jalêr.

Angka 1432 Jampi pusêr mulês.
Silit bawang 3, dringo 3 iris, bêngle 3 iris. Kamamah, kaidokakên ing sêkar awu
sajumput, lajêng kaulêt nuntên katemplokakên ing pusêr katutupan sêdhah.

Angka 1433 Panunggilanipun jampi pusêr.
Angkup jambe nèm satunggal, rasuk angin 5 saga, mrica pêthak 7 iji. Dipunpipis,
katemplokakên.

Angka 1434 Panunggilanipun jampi pusêr.
Angkup jambe nèm satunggal, rasuk angin 5 saga, dringo 3 iris, jintên pêthak 3
saga, brambang satunggal. Dipunpipis, katemplokakên ing pusêr.

Angka 1435 Panunggilanipun jampi pusêr.
Asêm kawak agêngipun sakêmiri, lêthêking dilah sadulit, apu sadulit. Kapipis,
katemplokakên pusêr.

Angka 1436 Jampi padharan abuh.
Godhong po o 3 punggêl, rasuk angin sajumpu-/520/t, brambang 3, kulit jae 2 ros
dariji, punika lare. Manawi tiyang sêpuh ingkang padharanipun abuh, mêndhêta
godhong labu pêthak 3 lêmbar ckoampamnigt gtoanugs,erdipuntemplokakên ngajêng kalih,

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
140

wingking satunggal. Sadèrèngipun katrapan jampi, padharanipun ing ngajêng

wingking kaprapatake rêya kaliyan apu.

Angka 1437 Jampi pusêr mulês.

Rasuk angin tuwin sêkul katakêr saangkup jambe nèm, gêndhis arèn sami

satakêranipun, inggu sakacang wose, lajêng kapipis kaliyan angkupipun jambe

pisan.

Angka 1438 Jampi pusêr mubêng.

Bawang abrit kang jalêr 3 iji, sarêm 7 wuku, katêdha kaping 7.

Angka 1439 Tapêl padharan mulês.

Têmu lawak 3 iris, kêdhawung kabakar, rasuk angin 3 saga, mungsi 5 saga, adas

sasaga, wiji sawi 5 saga. Dipunpipis kaliyan toya, kangge tapêl.

Angka 1440 Jampi pusêr mulês lare kang umur 4 utawi 3, 5 taun.

/521/ Amêndhêta sêkar awu (têngah awu punika wontên kang mungsêr) 3 jumput,

asêm kawak salêrak, apu 2 klungsu. Dipunwor sadaya, katemplokakên pusêr.

Dipuntutupi sêdhah têmu rose, kapanggang salêmbar lajêng katindhihan popok,

nganggeya oto.
Angka 1441 Jampi sakit padharan manawi lare anênêdha108 kalêbêt lajêng

wangsul, punika saking asrêpipun padharan.

Godhong gagan-gagan sagêgêm mangang, kunir 3 iris kabakar. Kapipis kang

lêmbat, dipuntoyani santên kanil klapa ijêm tumbasan satunggal sèn, lajêng

kaombèkna rambah 3 kenjing.

Angka 1442 Yèn sakit wawratan.

Jae panjangipun saros dariji (3 iris), brambang 3 iji, cabe 3. Dipundhêplok

kangge gosok padharan. Toya pangombènipun kacang ijêm7 saga kagodhog
kaliyan sêcang 25 saga, dipunsatakên rumiyin lajêng dipunjoki 109 toya malih

sakêdhik. Dipunombèkakên, ampasipun katêdha.

Angka 1443 Jampi encok kang wontên sirah.

Godhong turi brit 3 punggêl, adas 2 jo-/522/dho, pulasari 2 ros dariji.

Dipunpipis, kabuntêl kaliyan kapuk, dipunpêrês toyanipun. Kalêbêtakên ing

irung.

Angka 1444 Panunggilanipun jampi wawratan.

108 *#anêdha commit to user
109 *#dipunjogi

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
141

Jêram pêcêl dipunoncèki kulitipun kang tipis-tipis kaliyan sari wawrat sadhuwit.
Dipuntemplokakên ing pilingan tuwin bathukipun dipunpilisi lingsah klapa.

Angka 1445 Jampi sakit bangkèkan.
Balungipun iwak nus utawi bêluntak panjangipun sadim, jae 3 iris, brambang 3
iji, toyanipun cokak. Dipuntapêlakên ing wingking, dipuntumpangi godhong
pisang lajêng dipunbêngkungi.

Angka 1446 Panunggilanipun jampi bangkèkan.
Godhong lobak 3 lêmbar kapipis, dipundamêl kados pap lajêng katapêlna ing
bangkèkan, dipuntumpangi godhong pisang lajêng dipunbêngkungi. Sadintên
kasantunan kaping 3.

Angka 1447 Panunggilanipun jampi bangkèkan.
Jintên pêthak kaliyan adas sami wawrat 5 saga, rasuk angin, mrica, cêngkèh sami
wawrat 3 saga. /523/Kapipis dados satunggal, dipuntapêlakên ing lambung tuwin
ing pundi ingkang sakit.

Angka 1448 Panunggilanipun jampi sakit bangkèkan.
Sêdhah têmu rose 3 lêmbar, mrica pêthak 30 iji, jintên cêmêng 3 jumput, mêsoyi
panjangipun sadariji, bêngle 3 iris, bawang jalêr satunggal wêtah, brambang 3,
sarêm sawuku. Dipunpipis, kagosokakên ing wingking.

Angka 1449 Jampi bangkèkan tuwin kasrêpên.
Godhong kajêng apu, brambang satunggal. Dipunpipis kang lêmbat, kangge
pilingan. Yèn tiyang kasrêpên, kapilisakên ing bathuk adat lajêng mantun.

Angka 1450 Panunggilanipun jampi bangkèkan.
Jintên cêmêng 3 jumput, mêsoyi panjangipun sadariji, bêngle 3 iris, bawang jalêr
sabungkul, brambang 3 iji, sarêm sawuku. Dipunpipis, kagosokakên ing wingking.

Angka 1451 Jampi bangkèkan sarta kangge pilis tiyang kasrêpên.
Isi katela gantung grandhèl satunggal kapipis kang lêmbat. Dipuntapêlakên ing
bangkèkan lajêng dipunbalêbêt ing godhong pisang. Panganggenipun sadintên
sapisan.
/524/ Angka 1452 Panunggilanipun jampi bangkèkan.
Godhong bakung salêmbar kapanggang supados alum lajêng dipunsabukakên ing
bangkèkan katumpangan sêtagèn. Sadintên kangge kaping 3.

Angka 1453 Panunggilanipcoumn mjaimt tpoi ubasenrgkèkan.

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
142

Godhong jêmpanah kapipis kang lêmbat nuntên katapêlakên ing bangkèkan,
dipuntumpangi godhong pisang lajêng kablêbêt ing sinjang tumuntên mêndhêta
salêmbar malih, dipun-gigit-gigit kemawon. Salêbêtipun sadasa dalu mantun.

Angka 1454 Panunggilanipun jampi bangkèkan sarta mantunakên udhup.
Tigan ayam têmbeyan satunggal kapèndhet kuninganipun kemawon, kulitipun
kangge nakêr pathi kunir, madu, santên kanil, lingsah lêmbu sadaya sami satakêr,
cêngkèh 4 iji, pala sapalih, kêtumbar 5 saga, nuntên kapipis kang lêmbat. Sadaya
kadadosakên satunggal. Sabên mêntas adus dipunombèni ing wanci enjing.
Pangunjukipun angajêngna pêrnahing srêngenge yèn nuju enjing. Pangunjukipun
wau ngamungna dintên Jumungah kang kapara enjing.

Angka 1455 Panunggilanipun jampi bangkèkan sarta jampi kuwat.
/525/ Amêndhêta tigan ayam cêmêng satunggal, cangkokipun kangge nakêr madu,
lingsah lêmbu, sêkar wora-wari brit satakêr cangkok tigan, lajêng kaunjuk 7
dintên. Sampun awor tiyang èstri, punika mangke lajêng mantun.

Angka 1456 Panunggilanipun jampi bangkèkan.
Godhong lêgundhi 3 punggêl, godhong bawang 7 êlêr, jintên cêmêng sajumput,
pala satunggal, cêngkèh 45 iji. Dipunpipis kang lêmbat kaliyan jêram pêcêl
satunggal, kapèndhet toyanipun. Pangunjukipun enjing sontên sawontênipun
jampi punika. Kaunjuk 3 dintên, saunjukan dipundèkèki jêram pêcêl satunggal.

Angka 1457 Tapêlipun sakit bangkèkan.
Godhong kêcubung wulung 3 lêmbar, pupugan cocor griya sakawan, lèr wetan
sajumput, pucuk uwos 3 jumput, mripat kunir 3. Dipunpipis, toyanipun wayu. Yèn
sampun lêmbut dipuntapêlakên ing bangkèkan. Kawungkus ing pupus pisang,
kablêbêt ing sinjang. Kangge enjing sontên, salêbêtipun 3 dintên mulya.

Angka 1458 Jampi sakit bangkèkan.
Dhèdhès wawrat sadhuwit, brambang 3, jae 2 ros dariji. Dipunpipis, kaborèhakên
bangkèkan.
/526/ Angka 1459 Jampi padharan rêgêt ing wingking sakit.
Anggodhoga godhong ilèr 3 têkêm, godhong jêmpanah satêkêm. Mangêt-mangêt
kagosokakên ing pundi ingkang sakit. Saking cacriyosan sagêt110 angêjur sasakit

commit to user

110 *#sagêd

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
143

dados toya utawi ngêdalakên papêthak. Panganggenipun jampi punika sadintên
kaping 2.

Angka 1460 Jampi talingan mêdal nanahipun.
Sarêm sajumput dikum kapêndhêt toyanipun, jae panjangipun saros dariji.
Dipunasaba lajêng kaêngêt ing latu. Yèn sampun asrêp dipundèkèki uwoh kapas.
Katètèsakên ing talingan.

Angka 1461 Panunggilanipun jampi talingan.
Jae kagosok ing lambe pangaron kaliyan sêkar kênanga 2 lêmbar, dhèdhès
wawrat sigar, nuntên sadaya jampi kaulêt-ulêt ing kapuk. Dipunangge ngilèni
kuping enjing sontên.

Angka 1462 Panunggilanipun jampi talingan.
Kulit jambe nèm kagecak ing waton ambèn, toyanipun kapêrêsakên ing talingan,
sêkawitipun kagêm kili.

Angka 1463 Jampi sêsêg.
Mêndhêta godhong male-male (ing ngriki godhong gêrang), sê-/527/kul sakêpêl,
kawori prêsan sasendhok bêling. Punika sadaya karêmêt, dipuntêdha salêbêtipun
3 dintên.

Angka 1464 Tapêlipun sakit sêsêg.
Adas 6 saga, mungsi 5 saga, kêdhawung 3 iji, rasuk angin 3 saga, wos sajumput,
sarêm 3 wuku, bawang 3 siyung, kunci mêntah 3 iji. Sami kapipis, dipundamêl
tapêl.

Angka 1465 Jampi sêsêg malih sarta napasipun cêkak.
Kajêng garu cêpaka 3 saga, klêmbak 5 saga, cêndhana abrit 6 saga, tandhuk
badhak (punika suru warak) 5 saga, kajêng lêgi panjangipun sadariji, (kalumba)
3 saga. Kagosok kaliyan toya lajêng dipununjuk.

Angka 1466 Jampi cacing pita.
Sadèrèngipun angunjuk jampi, 2 dintên anyêgaha têtêdhan. Sawatawis 3
dintênipun angunjuk kastroli 2 sendhok dhahar. Oyot dalima pêthak kang sampun
dipun-garingakên ongnês, panggènanipun tukang jampi Wlandi kang wontên
(têgêsipun timbangan jampi). Oyod dalima wau lajêng kagodhog kaliyan wedang
8 ongnês. Sasampunipun ngunjuk kastroli watawis ½ jam lajêng ngunjuka

commit to user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
144

sapratigan toya /528/dêlima. Dados toya dêmila111 kaunjuk sabên ½ jam. Upami
ngunjuk kastroli ½ 8, jam 8 ngunjuka toya dêlima. Punika wêkasan cacing lajêng
mêdal kaliyan dhasipun, lajêng mulya.

Angka 1467 Jampi krawitan (racêkên) tumrap rare umur 2 dumugi 3 taun.
Oyot dhadhap srêp panjangipun 3 dariji, kêtumbar 5 saga, mungsi 4 saga, pala
saklungsu, pucuk cabe satunggal, bawang sasiyung, bêngle sairis. Dipunpipis
kang lêmbat lajêng dipunsaring, mawi sarêm 3 wuku, lajêng kaunjuk.

Angka 1468 Panunggilanipun jampi racêk kang sami umuripun.
Têmu cêmêng agêngipun saêndhas ayam, bawang 5 siyung, walirang 2 kacang
wose, jintên cêmêng 3 saga. Dipunpipis kang lêmbat kaliyan toya jawi,
dipundèkèki sarêm 3 wuku, lajêng kasaring, pununjukakên.

Angka 1469 Panunggilanipun jampi racêk kang sami umuripun.
Sata cina agêngipun sakêmiri kapipis kaliyan wedang kadamêl milisi sabên
enjing. Lare dipunlêbêtakên ing kurungan. Sabên dintên Jumungah wanci jam 12
siyang wontên salêbêti-/529/pun kurungan ayam wau dipunsêbari wos jêne
supados sakitipun mulya.

Angka 1470 Jampi cacing tumrap ing rare.
Oyot cêguk panjangipun 7 dariji pun kanthèni kajêng ulêt 2 iji, kêtumbar sasaga,
trawas 2 lêmbar, rasuk angin 2 ros dariji, kajêng lêgi 2 ros dariji. Dipun-godhog,
kadamêl wedang, kaunjukakên sabên dintên.

Angka 1471 Panunggilanipun jampi cacing tumrap rare.
Mêndhêta êkop ponirdhêh, bubukan cacing sasendhok alit, manawi tiyang sêpuh
2 utawi 3 sendhok. Dipunwor kaliyan madu. Sampun dipundusi sasampunipun
ngunjuk jampi punika.

Angka 1472 Panunggilanipun jampi rare cacingên.
Woh dlima dipunoncèki, dipunpe kang ngantos garing lajêng kadhêplok ngantosa
dados bubukan. Manawi kajampèkakèn rare alit, sasendhok dipunwori gêndhis
pasir. Yèn tiyang sêpuh 3 sendhok, sadintên sami jampi kaping 3. Yèn rare 3
sendhok, tiyang sêpuh dados 9 sendhok alit.

commit to user

111 *#dêlima

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
145

Angka 1473 Jampi salêbêting balung karaos linu.
Brambang 3 iji, bawang 3 siyung, jae sakcik sairis, /530/bêngle sairis, mrica
cêmêng, kêmukus sami 3 iji, kajêng lêgi, cêndhana sami 3 saga, adas 2 jodho,
pulasari 5 saga, uwos sajumput. Kapipis dados satunggal, dipunparêmakên
badan sakojur.

Angka 1474 Jampi suku sakit utawi raos pêjah lempoh.
Godhong luntas 3 têkêm, sêdhah ketêmu rose 7 lêmbar. Kagodhog kaliyan toya
sagantèn, dipunwori ciyu kangge ngêkum suku sabên dintên.

Angka 1475 Jampi waratan rah umbêl margi kenging sawan kangge rare
alit.
Babakan kajêng jambu kluthuk panjangipun 3 kilan wiyaripun sadariji kaliyan
godhongipun 3 utawi 5 punggêl. Babakan jambêt bol, babakan sêntul
panjangipun sami 3 kilan wiyaripun sadariji, sêkul sakêpêl dipunbakar kapara
radi gosong, nuntên dipun-godhog, kaunjukakên, dipunjogi toya. Sadaya
dipununjuk.
Angka 1476 Tapêl waratan rah umbêl.
Godhong pace 7 lêmbar kagosok kaliyan lingsah kalêntik enggal nuntên
kapanggang. Yèn sampun alum lajêng katemplokakên ing padharan lêrês pusêr 4
lêmbar kangge ing /531/wingking, sampun ngantos dumugi ing padharan 3
lêmbar. Manawi badhe ngangge, katètèsan lingsah.
Angka 1477 Panunggilanipun tapêl waratan rah umbêl tuwin tiyang èstri
mêdal rah parjinipun.
Sulur pandhan wangi sauwit dipun-garingakên rumiyin, êpangipun kabakar
kapèndhet toyanipun landha wau, lajêng kadèkèkaken gêndhis jawi sakêmiri.
Kaunjuk 3 kenjing.
Angka 1478 Jampinipun tiyang botên eca nêdha.
Laos agêngipun saêndhas ayam, bawang jalêr 3 bungkul wêtah, kajêng ulêt 3 iji
kabakar, kêtumbar, mungsi sami 5 saga, pala satugêl, kêncur 3 iris, mêsoyi tuwin
sintok sami saros dariji, manis jangan panjangipun sadriji, kajêng lêgi saros
dariji, jintên pêthak 5 saga, sarêm tuwin uwos sami sajumput, kaworan cokak
sacêkapipun. Pangunjukipun saunjukan kintên-kintên ½ cangkir, nuntên kasaring

commit to user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
146

ing cangkir kaseka obong-obongan wingka. Jampi kaunjuk kaping 3 sadintên
tuwin dangunipun 3 dintên. Dados angunjuk kaping 9.

Angka 1479 Jampi kêmatus tinja (mêjên tinja).
Pisang kluthuk mêntah 2 ulêr kaparut, ingkang matêng saulêr ka-/532/bakar,
adas sasaga, pulasari 5 saga, brambang satunggal kabakar. Pisang wau lajêng
karêmêt dados satunggal, kapêrês kapêndhêt toyanipun. Racikan bumbu kapipis
lajêng dipunwor ing toya pisang nuntên kasaring lajêng kaunjuk (ugi nami
sriawan).

Angka 1480 Panunggilanipun kêmatus tinja.
Bêngle, kunir, kunci, lêmpuyang, kêncur, têmu lawak sadaya sami 3 iris kabakar,
kajêng lêgi 5 saga, manis jangan panjangipun sadariji kabakar, rasuk angin 5
saga, kêdhawung satunggal ugi kabakar, podhi, sari, murmak sami 5 saga,
daging 3 saga, cêngkèh 8 iji, sidawayah, sembukan, tuwin godhong êntut
(godhong bruta) sami 3 lêmbar, arêng jati panjangipun sadariji. Punika sadaya
kadhêplok dados satunggal. Sabên badhe ngangge mêndhêta 3 jumput. Mênggah
patrapipun sasampuning jampi sapisan, lêt 2 dintên jampi malih nuntên lêt 3
dintên lajêng lêt 8 dintên sapisan sarta lajêng sawulan sapisan lajêng botên mawi
jampi.

Angka 1481 Jampi yèn kakathahên mêdaling sêsukêr kangge mampêt.
Godhong jambe kaluthuk nèm 3 punggêl, adas sasaga, pulasari 5 saga, rasuk
angin 4 saga, bawang sabungkul, /533/sarêm 3 wuku. Kapipis lajêng dipununjuk.
Adat lajêng kèndêl.

Angka 1482 Jampi tiyang sakit kaganggu.
Mêndhêta bubuk kapipis kaliyan sêkar wora-wari brit lajêng kaunjuk.

Angka 1483 Yèn rare kenging sawan, bokipun jampia sawanan agung
tuwin kenging sarat.
Mêndhêta godhong patiklim, godhong bênguk 3 lêmbar, kaliyan godhong kara
wêdhung, rumput babi 3 lêmbar, godhong sangkèt 3 lêmbar, godhong apa-apa 7
lêmbar, godhong ilèr 7 lêmbar, godhong tlasih 3 punggêl, godhong landêp
satêkêm, godhong urat 3 lêmbar, lêmpuyang êmprit 3 iris, godhong mas kênikir,
godhong têmbêlèkan 3 lêmbar, godhong pepe gagang tuwin kulitipun 7 lêmbar,
mimi 3 saga, kêpithing, rajunganc,omkumliitt utolaumsepre sami 3 saga, kara jalêr sairis,

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
147

kêdhawung 3 iji, têmu lawak, têmu cêmêng, têmu giring, êmpu kunir, tuwin kêncur
sami 3 iris, kêtumbar 7 saga, mungsi 4 saga, trawas 3 lêmbar, brambang 3 iji,
bawang sasiyung, sintok 5 saga, sêprantu satunggal dipunbakar, jintên cêmêng,
tuwin mêsoyi sami 5 saga, kajêng lêgi 10 saga, kêmukus 7, /534/adas 2 saga,
kapulaga 3 saga, gêlam 7, sêkar apèn 3 saga, pulasari 5 saga, podhi, sari sami 3
saga, dringo, bêngle sami 3 iris, kajêng sêcang, kajêng tinja, widara pêthak sami
3 saga, kêrikan waton ambèn sakêdhik, wulu landhak satugêl kabakar. Sadaya
kapipis kang lêmbat nuntên kabênêm têmbêlèk lancung sakêdhik. Kaunjukna
bokipun. Yèn lare wêdaling sêsukêr kados lêri, punika tandha kenging sawan
agung. Kawêwahana kêrikan kontên, kêrikan lumpang, gêlaran amoh. Sadaya
kagodhog, kaunjuk.

Angka 1484 Jampi sawan klêbêt.
Jintên cêmêng 5 saga, mêsoyi panjangipun sadariji, kajêng lêgi sami sadariji,
brambang satunggal kabakar, inggu sakacang wose. Kamamah lajêng dipunwori
toya jêram pêcêl 1, yèn botên wontên inggih anganggeya cokak lajêng
kacêkokakên cangkêm sami cangkêm.

Angka 1485 Panunggilanipun cêkok lare sawan kalêbêt.
Godhong inggu 3 lêmbar, jintên cêmêng 2 saga, mêsoyi 2 saga, bawang satugêl
siyung, bêngle sarta dringo sami sairis, nuntên kaseka ing paku, kabêsmi ngantos
abrit lajêng di-/535/pununjukna.

Angka 1486 Jampi sêmbur sawanên.
Mêndhêta godhong bankal 3 lêmbar, mungsi, kêtumbar sami 5 saga, kêdhawung
kabakar 3 iji, kêncur, kunci sami 3 mripat, rasuk angin, kajêng tinja sami 5 saga.
Kalêmbutakên lajêng kadamêl sêmbur.

Angka 1487 Panunggilanipun jampi sawanên.
Dringo saros dariji, bawang 3 siyung kabakar, kuku paksi mêrak 3 kuku, lakên
abrit sadariji pasagi, jintên cêmêng sajumput, mêsoyi panjangipun sadriji.
Sadaya kabakar kang ngantos gosong nuntên dipun-gêrus, kauwor kaliyan toya
susu nuntên kaunjukna.

commit to user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
148

Angka 1488 Jampi sambêtan sriawan rare kang sawêk112 umur 7 dumugi 9
wulan.
Sêdhah kêpanggih rosipun 7 lêmbar, jintên cêmêng 5 saga, mêsoyi saros dariji,
kêmukus 3, dringo saros dariji, bêngle, kunir sami 3 iris, bawang sasiyung.
Kapipis, dipununjukakên kaliyan katapêlakên.
Angka 1489 Jampi sriawan tumrap bayi kang umur 4 dintên dumugi 2
wulan.
Tlutuh sana kêling sasendhok alit dipunwori lingsah /536/kawang 2 klungsu,
kajêng lêgi saros dariji, brambang satunggal, lajêng sami dipun-godhog,
kagosokakên ing gusinipun. Yèn cangkêmipun garing, dipunkècèkna tlutuh sana
kaliyan lingsah klêntik sasendhok alit, nuntên dipunkècèk lingsah pêthak
saprapatan sendhok alit, dipunwor kangge gosok gusi.
Angka 1490 Jampi sriawan kang sampun kalêbêt padharan.
Babakan wit turi pêthak 4 dariji pasagi, kajêng kêndhal 4 dariji pasagi.
Kapanggang, yèn sampun, kadhêplok kapêndhêt toyanipun nuntên mêndhêta
pisang pulut saulêr, pisang kluthuk matêng saulêr, kang satêngah matêng saulêr.
Kang mêntah dipunkêrêt-kêrêt, dipunrêmêt sarêng kapêndhêt toyanipun. Kaunjuk
sapintên wontênipun.
Angka 1491 Jampi sakit toyan wontên selanipun.
Toya jêram pêcêl sagêlas bètêr dipunênêbakên113 kang bêning kangge dipunwor
kaliyan tètès gêndhêsbitu114 salêginipun, dipununjuk kaping 3 sadintên. Kenging
nêdha sawarnining jangan, nanging yèn olah sampun ngantos kakathahên toya.
Kados krokot kaliyan puring kagodhog botên ngangge toya, dangu-dangu mêdal
toyanipun piyambak. Dipunwêwahi sarêm, lajêng katêdha sabên tintên 115 .
Kenging nêdha trasi, daging ayam /537/utawi ulam sanèsipun. Botên kenging
nêdha têtêdhan galêpung, kenging nêdha jampi punika yèn lare sakit
dipunombènana satêngah gêlas bètêr.

112 *#sawêg commit to user
113 *#dipunênêpakên
114 *#gêndhis batu
115 *#dintên

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
149

Angka 1492 Jampi tiyang sakit kadamêl toya pangombèn.
Oyot sêmbung 5 iji panjangipun sadariji dipun-godhog kaliyan gêndhis arèn rêgi
sadhuwit, lajêng kaunjuk sadintên.

Angka 1493 Jampi santun warni panunggilanipun pangombèn.
Oyot sêrik (klayu) 3 driji, oyot bayêm raja 7 wit. Kagodhog kaliyan gêndhis arèn
rêgi 2 dhuwit. Kaunjuk sabên dintên.

Angka 1494 Jampi pangombènipun tiyang sakit enjrakên116.
Oyot jarak cina 3 iris dipun-godhoga ing kriyuk ingkang prayogi. Dipuncuri
wedang kang umêb lajêng kadamêl pangunjukan.

Angka 1495 Jampi yèn tiyang kêkathahên anggènipun wawawratan117,
punika pamampêtipun.
Godhong jambu kluthuk kang nèm 3 punggêl, adas sa-/538/kêdhik, pulasari
sasaga, rasuk angin 4 saga, bawang satunggal, sarêm 3 wuku. Kapipis lajêng
dipunombèkakên, adat lajêng mantun.

Angka 1496 Jampi panu wêsi tuwin panu walèh.
Godhong jêmpanah satêkêm dipun-godhog, toyanipun kangge gosok panu. Yèn
sampun rêsik lajêng nganggeya borèh kang kasêbut ngandhap punika.

Angka 1497 Borèh panu.
Godhong randhu jêne kang dhawah piyambak 3 lêmbar, godhong mangkokan
kang jêne 3 lêmbar, kaliyan wos sakêdhik. Dipunangge nglalar, yèn sampun rêsik
dipun-gosok kaliyan godhong jêmpanah lajêng dipunborèhi.

Angka 1498 Jampi panu walur sarta panu sêkar.
Yèn panu sêkar, mêndhêta sêkar mlathi sungsun 7 iji, dipunpipis kaliyan atal 5
saga, kaliyan toya sakêdhik, dipun-gosokakên. Manawi panu walur, mêndhêt
pêntil sêkar kênanga kaliyan atal 5 saga, toyanipun duduh jêram pêcêl lajêng
dipun-gosokakên.

Angka 1499 Panunggulanipun jampi panu.
Mêndhêta kulit tirêm 4 dariji pasagi dipundhêplok kang lêmbat mawi toya jêram
pêcêl satunggal, /539/nuntên kangge gosok alon-alon kemawon tuwin
katemplokna ing panu sawontênipun.

116 *#endrakên commit to user
117 *#wawratan

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
150

Angka 1500 Jampi tiyang kaêntup kalajêngking.

Mêndhêta godhong prasêman 1 utawi 2 karêmêt kang lêmbat tuwin dipunmamah,

katemplokna pundi ingkang dipunêntup. Salêbêtipun 3 jam mantun.

Angka 1501 Jampi tiyang kêcublês tuwin kapatil ing ulam.

Mêndhêta godhong jêmpanah 7 utawi 8 lêmbar dipunlêmbatakên lajêng

katemplokakên lêrês ing tatunipun, sarta kabuntêla ing sinjang. Punika mangke

salêbêtipun sajam utawi kalih jam lajêng karaos angêt. Sadintên dipunsantuni

kaping 2 tuwin 3. Salêbêtipun 3 dintên mulya.

Angka 1502 Panawar tawon manawi badhe mêndhêt maduning tawon
supados botên kaêtup118.

Sêdhah kaliyan brambang dipunlêmbutakên kangge gosok ing tangan saha

sadaya badan sakojur. Tawon lajêng ajrih sangêt.

Angka 1503 Jampi tiyang cêgukên.
Tiyang manawi cêgukên kapijêt posipun 119 lajêng mantun utawi katètèsana

wedang 2 tètès, dipunulu lajêng mantun.

/540/ Angka 1504 Jampi tiyang tatu.

Godhong pulutan 3 lêmbar, adas 3 saga, pulasari 5 saga, manis jangan

panjangipun sadariji. Kapipis kang lêmbat lajêng katemplokna pundi ingkang

tatu.

Angka 1505 Panunggilanipun jampi tatu.

Grènjèng katemplokakên pundi ingkang tatu.

Angka 1506 Panunggilanipun jampi tatu.

Awu dipunarêng kasambi sacangkir, asêm saêndhas ayam, salêbêtipun asêm

dipundèkèki sarêm sajumput. Dipunkêmpêlakên kang rapêt lajêng kabakar.

Sadaya punika kapipis kang lêmbat, dipuntemplokna ing pundi ingkang tatu.

Angka 1507 Panunggilanipun jampi tatu.

Têmbaga kaliyan cokak kajampèkna ing pundi panggènanipun ingkang tatu.

Angka 1508 Panunggilanipun jampi tatu.

Adas 10 saga dipun-gorèng kaliyan manis jangan panjangipun sadariji, sarêm 3

wuku ugi kagorèng, lajêng dipunpipis kang lêmbat botên mawi toya lajêng

kawurwurakên pundi panggènanipun ingkang tatu. Punika lajêng mantun.

118 *#kaêntup commit to user
119 *#rosipun

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
151

Angka 1509 Jampi kowak manawi kabacok.
Amêndhêta gêndhis pasir kaliyan brambang 3 iji, kapipis kang /541/lêmbat lajêng
katemplokna lêrês ing tatu. Punika sabên dintên.

Angka 1510 Jampi tatu tuwin kowak.
Godhong cêthèthèt (godhong cipir) dipunangge saratipun mawi wicantên
mangkatên120 “Tambane bapak-bapak sidaku”

Angka 1511 Jampi tatu kang keris ing lading.
Apu kaliyan jêram pêcêl dipunpêrês kangge pundi ingkang tatu.

Angka 1512 Jampi tatu saking kukunipun piyambak.
Godhong sêkar pacar toya dipunpanggang mawi lingsah klêntik, mangêt-mangêt
katemplokna ing tatu. Sontên santun sadintên wau sapurunipun.

Angka 1513 Jampi sakit gulu saking bêntèr botên milih wanci nèm, sêpuh,
tuwin rare. Yèn nêdha ilatipun karaos pait. Walandi amastani killêsiktê.
Amêndhêta oyot krokot 3 wit, oyot bayêm siti, oyot rumput wacucalan sami 3 wit,
kêrikan sangsam 7 saga, kajêng lêgi saros dariji. Dipun-godhog kadamêl wedang,
dipununjuk sabên dintên.
Angka 1514 Jampi tiyang mantunipun tatu dangu.
Êmpu kunir satunggal, sêdhah sêpuh 3 lêmbar, têmu lawak saklungsu
panjangipun sadariji dipunbakar, klabêt 5 saga, /542/sarêm. Kagorèng tuwin
dipunkukus, lajêng kapipis kang lêmbat mawi toya jêram pêcêl, lajêng
dipuntemplokakên ing tatu ngantos dhawah piyambak, sampun mawi dipunbukak.
Angka 1515 Panunggilanipun tatu dangu mantunipun.
Brutawali panjangipun 2 kilan, punika malih sae kangge warni mangkatên121.
Tawas sagêgêm dipunbakar sanginggiling sangan ngantos kêmrangga. Kapipis
kang lêmbat, nuntên dipunwur-wurakên ing tatu. Ingkang sampun kalampahan
lajêng mantun. Utawi pacar jawi 2 têkêm kang kangge kados ing kuku sami
bumbonipun kadamêl kuku gambir, sapu pawon 5 saga. Prayogi kangge têlês, yèn
garing santun enggal.

120 *#makatên commit to user
121 *#makatên

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
152

Angka 1516 Santun warni jampi kêbacok.
Anêgora wit pisang satunggal, yèn talutuhipun mêdal dipuntutul kaliyan kapuh122.
Yèn sampun têlês katemplokna sanginggiling tatu. Yèn pisang sauwit kirang
toyanipun, inggih anêgora malih. Yèn sampun katemplokan, êrahipun lajêng
kèndêl utawi tatunipun lajêng mingkêm. Samukawis tatu kakumbah landha awu
kadêbog utawi landha awunipun kajêng kang sêpêt.

Angka 1517 Panunggilanipun jampi tatu.
Tinja sêkar dipunbakar, prusi sakêdhik ugi dipunbakar, nuntê-/543/n dipunwur-
wurakên, sampun kenging toya.

Angka 1518 Jampi samukawis tatu supados enggal mantun.
Êmpu kunir kang sêpuh sangêt satunggal dipunparut kapêndhêt toyanipun, manis
jangan panjangipun sadariji kabakar, klabêt 7 saga dipun-gorèng nuntên kapipis
kabucal toyanipun, sarêm 3 wuku. Kagorèng sarta kabênêm, lajêng
dipuntutupakên ing tatu. Sampun kabikak yèn botên garing kajêngipun piyambak.
Tumênggung Janengrat ingkang sampun ngangge jampi punika.

Angka 1519 Sakit duduk utawi pathèk.
Gadhung ½ kati, toyanipun 10 siwur, sêre panjangipun 2 pêcak, klênthêng kapas
sagêgêm, uwos pangaos sigar, ciyu cina ½ cangkir. Punika sadaya kagodhog
ingkang prayogi, kadamêl toya pangunjukan sabên dintên.

Angka 1520 Panunggilanipun jampi duduk.
Gadhung ½ kati, toyanipun 3 siwur, sêre panjangipun 2 pêcak, isi kapas sagêgêm,
uwos tumbasan sigar, uwos kang abrit ½ cangkir. Punika sadaya kagodhog,
kadamêl toya pangunjukan. Sampun ngunjuk toya sanèsipun.

Angka 1521 Jampi pathèk kang taksih nèm.
Dipunborèhi têmu guroh (têmu poh) panjangipun sa-/544/dariji, godhong jambêt
kalampok 3 lêmbar, menir wos 3 jumput. Dipunpipis kaliyan toya nuntên
dipunborèhna ing pathèk. Yèn sampun 6 wulan dipuntêdhanana ulam macan
sakajêngipun nuntên kakuma ing lèpèn. Dipunkosoki kang rêsik lajêng kagosoka
dhèdhès wawrat 2 dhuwit pinggiring pathèk wau.

commit to user

122 *#kapuk

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
153

Angka 1522 Jampi pathèk ingkang sae piyambak.
Bubukan ingkang nama samsiyantan kangge wur-wur ing pathèk. Yèn sampun
jampi 2 utawi 3 dintên lajênglajêng123 mantun.

Angka 1523 Panunggilanipun jampi pathèk.
Amêndhêta gomarasi kangge angêpab dipunwori prusi sawatawis, kadamêl
plèstêr. Salêbêtipun 3 dintên adat lajêng mantun.

Angka 1524 Jampi sakit susu utawi kamisandhanên.
Lingsah latung kausar-usarna sakubênging susu sarana wulu ayam.

Angka 1525 Panunggilanipun jampi kamisandhanên.
Kêndhil lilin dipunlèlehèkên, mangêt-mangêt lajêng kausêrakê-/545/n
sakubênging susu.

Angka 1526 Panunggilanipun jampi susu.
Lingsah Makasar sawatawis dipunwor kaliyan arak, kausar-usarakên
sakubênging susu.

Angka 1527 Panunggilanipun jampi susu.
Sêpêt wiyaripun 2 dariji panjangipun sakilan dipunbasmi, awunipun kapipis
kaliyan cokak. Mangêt-mangêt lajêng kagosokna ing susu utawi kausêr-usêrakên.

Angka 1528 Panunggilanipun jampi susu sampun dados wudun.
Godhong brobos satêkêm kapipis kaliyan bawang 3 iji, rasuk angin tuwin
pulasari sami 5 saga. Katemplokna ing pundi ingkang mêdal wudunipun.

Angka 1529 Panunggilanipun jampi susu.
Amêndhêta lingsah sêpuh inggih lingsah wangi, kaanggeya gosok susu
sacêkapipun.

Angka 1530 Panunggilanipun jampi susu.
Godhong kucai satêkêm kagodhog, toyanipun arak. Mangêt-mangêt kausarna ing
susu.

Angka 1531 Panunggilanipun jampi susu.
Kêncur satunggal, uwos sajumput, manis jangan panjang-/546/ipun sadariji,
sarêm 3 wuku. Dipunpipis kang lêmbat lajêng kausar-usarna ing susu kang sakit.

commit to user

123 *#lajêng

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
154

Angka 1532 Panunggilanipun jampi susu.
Babakan pêlêm ganda panjangipun 3 dariji, adas 2 jodho, pulasari 5 saga,
brambang 3, jamur impês 2 saga. Kapipis lajêng dipunborèhakên.

Angka 1533 Panunggilanipun jampi susu.
Tinja menda 3 iji dipunkècèk kaliyan lingsah kalêntik enggal wontên ing pinggan
lajêng kausar-usarna ing susu. Suwèkan sinjang kangge plèstêr.

Angka 1534 Pilis senthe.
Êpang senthe sakilan kabênêm awu kang taksih bêntèr, kabubonan124 sambêtan,
toyanipun cokak lajêng kapilisakên.

Angka 1535 Jampi manah botên kantênan.
Kajêng klêmbak, kajêng kasturi, kajêng garu. Dipun-gosok sarêng rambah kaping
3. Dipun-godhog sarêng rambah kaping 3. Toyanipun toya mawar lajêng kaunjuk.
Punika katimbanga raosing badanipun.

Angka 1536 Jampi tiyang sêpuh sakit pusêr.
Sunthi, bawang sami 3 iji kabakar, gagang sêdhah 3 punggêl, /547/sarêm 3 wuku.
Dipunpipis, kaunjuk, toyanipun duduh jêram pêcêl.

Angka 1537 Panunggilanipun jampi pusêr.
Bawang 5 kabênêm ing awu kang ngantos matêng, sarêm 3 wuku, lajêng
dipuntêdha. Kaunjukan sakajêngipun wedang tuwin toya.

Angka 1538 Panunggilanipun jampi pusêr.
Kêtumbar 5 saga, mêsoyi panjangipun sadariji, wit bêngkowang panjangipun
sadariji, bawang sasiyung, rasuk angin 3 saga, arêng kajêng jati saros dariji, laos
3 iris. Dipun-godhog kang ngantos umêb lajêng kaunjuka kados wedang.

Angka 1539 Jampi tiyang sêpuh sakit padharan.
Lingsah kajêng pêthak satètès, gêndhis pasir sasendhok dipundèkèk ing cangkir,
kaunjuk kaliyan toya wedang. Ingkang satètès lajêng dipundèkèkna pusêr lajêng
anggodhoga arak kangge gosok sakubênging padharan.

Angka 1540 Panunggilanipun jampi tiyang sêpuh sakit padharan.
Têmbèlèh125 lancung sauwos kaunjukakên sarta kalêbêtakên ing pusêr kaliyan
lingsah kajêng pêthak.

124 *#kabumbonan commit to user
125 *#têmbèlèk

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
155

/548/ Angka 1541 Jampi pusêr mulês tuwin wawratan.
Godhong oncang tuwin godhong po o sami satêkêm, agêl sakilan, kêtumbar 7
saga, trawas 3 lêmbar, arêng jati panjangipun sadariji, ece sasèn. Dipun-godhog
kangge toya pangunjukan lajêng amamaha bakaran lêmpuyang 3 iris, apu
sadhuwit, arêng jati saros dariji, sarêm sawuku. Toyanipun kaulu, dene
ampasipun katemplokakên ing pusêr.

Angka 1542 Panunggilanipun jampi pusêr.
Asêm kawak saklungsu kaglintir, inggu sawos dipundèkèk salêbêting galintiran
wau, apu kalih wos, lajêng dipununtal lajêng amêndhêta malih asêm kawak
sadhèrèkan kaliyan apu saros dariji, nuntên dipunulêt kaliyan toya. Kaborèhna
padharan ngajêng wingking.

Angka 1543 Panunggilanipun jampi pusêr.
Arêng jati panjangipun sadariji, mungsi 15 saga, mrica pêthak 7, kêtumbar
sasaga, pucuk cabe 3 iji, laos 3 iris, kajêng trêmbalo panjangipun sadariji,
bawang 3 siyung, wit bêngkowang panjangipun sadariji. Pun-godhog,
kaunjukakên. Manawi botên sagêt126 napas sarta botên sagêt127 amutah.
/549/ Angka 1544 Jampi tiyang nêsêpi botên mêdal toyanipun.
Angupadosa oyot wêdalan, Arab dipunwastani oyot Patimah, kaêkuma ing
cangkir pêthak. Oyot wau sagêt128 mêdhok, toyanipun kaunjuk.

Angka 1545 Jabang bayi enggal lairipun.
Oyot Patimah langkung prayogi rimat bing-bing kucing dipunuyah asêmi. Yèn
wontên tiyang badhe rencang rare dipunkêluku ing cangkir pêthak. Toyanipun
dipuntètèsakên ing bun-bunanipun tiyang ingkang badhe rencang rare utawi
lajêng dipununjuk sakantunipun ing cangkir sadaya.

Angka 1546 Sarat supados kuwawi junjung barang awrat.
Angupadosa godhong sauwitipun giring jalêr, inggih punika sidaguri kang botên
sêkar sarta woh. Kangge ing badan saha kabuntêl ing sinjang. Andadosakên rosa
utawi ajunjung sela karang kang awrat.

126 *#sagêd commit to user
127 *#sagêd
128 *#sagêd

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
156

Angka 1547 Jampi sakit dhada129.

Godhong salamaki wawrat 3 dhuwit dipundhêplok kang lêmbat, kawor kaliyan

madu, kakintên satêlêsipun kemawon lajêng dipun-galindhingi. Kauntala

sawontênipun kang-/550/ge 3 dintên.

Angka 1548 Jampi sakit dhadha, padharan, sarta wawratan rah.

Srêbug, inggih punika bubukan godhong salamaki wawrat 3 dhuwit, sêkar raiya.

Dipunpipis kang lêmbat nuntên kaunjuk ngantos 3 kenjing.

Angka 1549 Jampi sakit balung utawi padharan.

Bubukan godhong salamaki wawrat 3 dhuwit dipunwori gêndhis batu. Katêdha

ing wanci kenjing.

Angka 1550 Jampi pusêr tiyang sakit pucêt.

Bubukan godhong salamaki wawrat 3 dhuwit kauwor kaliyan uyuh menda pêthak.

Jampia rambah kaping 3 kenjing.

Angka 1551 Jampi tiyang mêntas rencang rare sampunipun puput pusêr.

Godhong pacar jawi satêkêm, adas 2 saga, pulasari 5 saga, brambang 3 iji, êmpu

kunir satunggal. Kagodhog, kangge toya pangunjukan.

Angka 1552 Jampi kondhor, Walandi mastani brik.

Trênggiling mênthik satugêl, tinja sawêr sawa saklungsu, jamur impês 3 saga,

têgari panjangipun 3 dariji, /551/kajêng timur panjangipun 2 dariji, bawang jalêr

2 iji, kunir jalêr satunggal, sintok panjangipun sadariji, mêsoyi panjangipun

sadariji, ganthi 5 saga, sunthi 2 ros dariji, pala satunggal, cêngkèh 7, cabe sulah,

mrica sulah, majamuju sami wawrat 5 saga, bêngle 3 iris, kêncur 3 maripat, jae 2

ros dariji, laos saêndhas ayam, woh pranajiwa satunggal, kêmukus 7. Dipunpipis,
kasaringkasaring130, toyanipun duduh jêram pêcêl. Tirahanipun kagosokna ing

kondhoranipun utawi kêdah dipunurutakên dhukun padharanipun lajêng

nganggeya jampi punika ngantos samantunipun.

Angka 1553 Jampi sela karang, sanajan irungipun sampun bolong enggal

mantun.

Lêthak lingsah dipunwori prusi sakêdhik kamatêngan tuwin tumbasa tam owan

ing griya panggènanipun sade jampi Cina. Kaborèhakên sajawining irung sabên

dintên enjing sontên adat lajêng mantun.

129 *#dhadha commit to user
130 *#kasaring

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
157

Angka 1554 Parêm rapuh warni-warni, punika kêdah katimbang, manawi
badhe damêl pintên warnining parêm.
Laos abrit, lêmpuyang sami 7 iris, têmu lawak, têmu giring sami 3 iris, brambang
3, bawang 3 siyung, /552/manis jangan 20 saga, jong rahab 10 saga, kunir 3 iris,
waron 5 saga, têgari 6 saga, adas 4 saga, pela131 boros (pala èstri) satunggal,
toyanipun pêrêsan godhong turi. Kadhêplok mawi toya tawa sakêdhik, lajêng
dipunparêmakên.
Angka 1555 Parêm badan yèn karaos lêsu.
Manis jangan panjangipun sadariji, kêncur 3 iris, kajêng tinja 3 saga, kajêng
cêndhana 7 saga, kajêng widara pêthak 6 saga, brambang 3 iji, sarêm 3 wuku,
asêm sadhèrèkan. Dipunpipis kaliyan toya wantah.
Angka 1556 Parêm badan.
Laos abrit, lêmpuyang sami 7 iris, têmu lawak, têmu giring sami 3 iris, brambang
3, bawang 3 siyung, manis jangan panjangipun sadariji, jong rahab 15 saga,
kunir 3 iris, waron 10 saga, têgari 15 saga, pulasari 20 saga, pala satunggal,
uwos 3 jumput, toyanipun godhong turi 3 punggêl. Kapipis, dipunwori toya tawa.
Angka 1557 Parêm kangge badan utawi padharan.
Uwos, sarêm sajumput, asêm sadhèrèkan, /553/kêncur 3 iris, manis jangan
panjangipun sadariji, jong rahab 5 saga, bawang 3 siyung. Kapipis kang lêmbat
kaliyan toya tawa. Jampi punika kangge 3 dintên.
Angka 1558 Parêm suku.
Cabe 3 iji, mrica cêmêng, mrica sulah sami 7 iji, kêmukus 7, pala satunggal,
kajêng rapêt panjangipun sadariji, manis jangan panjangipun sadariji, dringo
panjangipun sadariji, bêngle 3 iris, bawang satunggal, kêncur 3 iji, têmu lawak,
têmu cêmêng, têmu giring, kunir, tuwin jae sami 3 iris, asêm kawak saros dariji,
uwos 7 las, godhong gandarusa 3 punggêl, babakan kelor panjangipun saros
dariji, oyot kêdhondhong panjangipun 3 dariji, sarêm 7 wuku. Dipunpipis kangge
dipunwori arak tuwin ciyu.

commit to user

131 *#pala

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
158

Angka 1559 Parêm suku.
Godhong mamêm wawrat 2 sèn, lara sêtu 3 sèn, oyot tuwin babakan turi brit, oyot
asêm sajarotipun sami 3 sèn, oyot cêrme 13 sèn, oyot sêre 8 sèn, bubonipun132:
sintok 55 sèn, mêsoyi 23 sen, jintên cêmêng 8 sèn, kêmukus 7 sèn, cabe 25 sèn,
mrica 12 sèn, jamur impês ½ sèn, cêngkèh 16 sèn, /554/pala 24 sèn, lêmpuyang
20 sèn, pucuk 10 sèn, bêsole 4 sèn, kêncur 40 sèn, jong rahab 6 sèn. Yèn mipis
mêndhêta toyanipun godhong pandhan wangi, dipunwori uwos 5 sèn, lajêng
dipun-galindhingi bilih ngangge dipunjuri kaliyan arak.

Angka 1560 Parêm rapuh kangge tiyang gadhah rare.
Adas 3 saga, pulasari 5 saga, jintên cêmêng 4 saga, sarinaga 5 saga, jong rahab
6 saga, klabêt 4 saga, cabe 5 saga, kêtumbar 7 saga, pucuk 5 saga, pala 3 saga,
kulit jêram purut 5 saga, godhong dilêm 3 lêmbar, kajêng sêcang 5 saga, widara
laut, rasamala, kajêng cêndhana, kajêng garu sami wawrat 5 saga, manis jangan
panjangipun sadariji, sintok 2 ros dariji, mêsoyi panjangipun sadariji, grêgês otot
4 saga, bêngle, têmu lawak, têmu giring, lêmpuyang, kêncur, laos sami 3 iris, oyot
sêdhah panjangipun 3 dariji, babakan turi panjangipun sadariji pasagi, kajêng
timur 5 saga, awu pawon sajumput, asêm saklungsu. Kapipis lêmbut kaliyan toya
jawi, kaparêmakên ing badanipun.

Angka 1561 Parêm rapuh kangge tiyang jalêr èstri /555/yèn badanipun
anuju sakit karaos pêgêl.
Adas 4 saga, pulasari 10 saga, waron 5 saga, jintên cêmêng 5 saga, sarinaga 10
saga, jong rahab 10 saga, klabêt 5 saga, cêngkèh 7 iji, kêmukus 15 saga, têgari
20 saga, pala 10 saga, jêram purut 18 saga, godhong dilêm 7 lêmbar, kajêng
sêcang 15 saga, kajêng tinja 5 saga, pucuk 10 saga, widara laut 15 saga, kajêng
rasamala 10 saga, kajêng cêndhana 10 saga, kajêng garu ramês 15 saga, manis
jangan 10 saga, sintok, mêsoyi, kajêng mêgatsih, sêkar slosos sami 10 saga, têmu
lawak 7 iris, têmu giring 3 iris, kunir 3 iris, laos 7 iris, têmu cêmêng panjangipun
sadariji, têmu guroh 7 iris, grêgês otot 10 saga. Dipundhêplok kapêndhêt
toyanipun, dipunwori madu 5 saga. Manawi badhe ngangge mawi arak, manawi
botên cokak. Parêm punika kangge sabên dintên.

132 *#bumbonipun commit to user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
159

Angka 1562 Parêm rapuh anglêmêsakên otot kangge badan sakojur.
Sadaya têmu kang kangge sami dipunoncèki, kêncur, sunthi, jae sami 2 dariji.
Kaparut sadaya tuwin dipunkumbah kaliyan toya bêntèr, kapêrês rambah kaping
7, kajêng cêndhana 5 sa-/556/ga, widara pêthak 5 saga, kajêng sêcang 4 saga,
manis jangan 3 saga, cêngkèh 3 iji, kêtumbar 3 saga, mungsi 2 saga, waron 3
saga, adas 2 saga, pulasari 5 saga, godhong dilêm 7 lêmbar, sêkar apèn 3 saga,
sarinaga 5 saga, unêm 4 saga dipunbakar, mrica pêthak 7 iji, cabe satunggal,
gêndhis jawi 5 saga, kajêng lêgi panjangipun sadariji, têgari 5 saga dipunbakar,
janur kuning sapunggêl, pandhan satunggal dipunpanggang, kulit jêram purut
sairis. Kapipis rambah kaping 3 dipunungkêb kaliyan gêndhis arèn tuwin mênyan
madu nuntên dipundèkèki toya sêkar mawar, dipunwor, kalawêt malih, dipunpipis
kang lêmbat. Sêkar kanthil satunggal, sêkar kênanga 2 iji, sêkar mêlathi, sêkar
pacar cina sami 2 iji sarta pangipun. Upami dintên punika mipis, benjing kapipis
malih, dipunwor sadaya.

Angka 1563 Parêm kangge tiyang sakit lambung.
Kêmukus 7, jintên cêmêng, mrica sulah sami 3 jumput, pucuk, mêsoyi, pucukipun
sintok sami satunggal, pucuk sujèn kang gosong 3, sêdhah kêpanggih rosipun 2
lêmbar utawi 7 tuwin 9 lêmbar, tumuntên sami kapipis kang lêmbat, toyanipun
duduh jêram pêcêl nuntên dipuntrapna ing bangkèkan, kablêbêt ing godhong
pisang.
/557/ Angka 1564 Panunggilanipun parêm bangkèkan.
Godhong inggu 3 punggêl dipunpipis kaworana pêthaking tigan sakêdhik.
Dipunwor sarêng kaliyan inggu, kaêngêt nanging sampun ngantos kênthêl sangêt.
Kadamêl plèstêr, kaangge ing bangkèkan, punapa malih kangge jampi lambung
yèn karaos awrat utawi prayogi kangge ing padharan yèn karaos kêmbung.

Angka 1565 Panunggilanipun parêm bangkèkan.
Pucuk sujèn 3, mrica sacêkothokan, godhong gandarusa, godhong landêp sami 3
punggêl. Dipunpipis, kang kaangge toya cokak mawi godhong kêcubung
salêmbar.

commit to user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
160

Angka 1566 Panunggilanipun parêm bangkèkan.

Katela gantung grandhèl satunggal isinipun kapipis kang lêmbat, katapêlakên ing

bangkèkan nuntên dipundèkèki pupus godhong pisang lajêng kablêbêt ing sinjang.

Kangge sadintên sapisan ngantos 3 dintên dangunipun.

Angka 1567 Parêm matêng, nama parêm jiro, kangge tiyang kang mêntas

rencang rare antawis 2 utawi 3 dintên dipununjuk.

Kunir, kêncur, têmu lawak sami 3 iris, brambang 3 iji, manis jangan panjangipun

sadariji, bêngle 3 iris dipunbakar, jong rahab 5 saga kagorèng, asêm sajêmpol

dipu-/558/ndèkèki sarêm 3 wuku. Kabakar lajêng dipunpipis kang lêmbat.

Kaunjuk enjing sontên.

Angka 1568 Parêmipun tiyang kang mêntas rencang rare.

Babakan turi, babakan asêm, babakan balimbing kêcut, babakan jêram pêcêl

panjangipun sami sadariji, bêngle, têmu lawak, kunir, sunthi, kêncur, jae sami 3

iris, kajêng widara laut, kajêng sêcang sami 10 saga, kajêng timur 15 saga, rasuk

angin 10 saga, kajêng tinja 5 saga, cêndhana 10 saga, cêndhana jênggi

panjangipun sadariji, sintok sami sadarijia kaliyan sêprantu sami sadariji

dipunbakar, jintên pêthak 5 saga, kêmukus 7 iji, cabe 3 iji, pucuk tuwin pala sami

5 saga, sarinaga 10 saga, sêkar kênanga garing 25 saga, sêkar tanjung garing,

sêkar pacar cina sami 10 saga. Kang kadamêl toya amipis godhong turi 3 têkêm

kapêrês tuwin godhong asêm 3 punggêl. Kadhêplok nuntên kaukup dipunagêm ing
badan. Manawi sampun satawis133 15 dintên anggènipunanggènipun134 rencang

rare kêdah jampi sabên dintên.

/559/ Angka 1569 Parêm bayi puwan kaunjuk bokipun.

Kêncur, bêngle sami 3 iris, sintok 5 saga, têmu lawak 3 iris, manis jangan 5 saga

kabakar, lêmpuyang êmprit, kunir sami 3 iris, sêprantu satunggal dipunbakar,

mêsoyi 5 saga, bawang sasiyung, jong rahab 5 saga, kêmukus 7 iji, sarinaga,

akim sami 5 saga, sarêm 3 wuku. Toyanipun tawa, dipunwori asêm sajêmpol.

Angka 1570 Jampi parêm kaunjuk, yèn rare umuripun sampun 10 utawi 15

dintên.

Sêkar kêsumba 5 saga, manis jangan panjangipun sadariji, podhi, sari sami 5

saga, murmak, daging sami 4 saga, jong rahab 5 saga, adas 3 saga, pulasari 5

133 *#sawatawis commit to user
134 *#anggènipun

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
161

saga, kêtumbar 10 saga, trawas salêmbar, kêdhawung 3 iji, klabêt 5 saga, laos,
bêngle, kunir, kêncur sami 3 iris, brambang 3 kabakar, oyot cipir, oyot kara
pêthak panjangipun sami sadariji. Kapipis lajêng dipunsaring. Angombea jampi
punika ngantos dumugi dintên.

Angka 1571 Plèstêr jampi sakit suku kowak.
Amêndhêta mêrtiyun kakintêna kathah kêdhikipun genipun damêl, kawora kaliyan
lingsah sladhah kangge pap, prusi sawatawis, kapur barus saklici, bakaran tawas
sawatawis, nuntê-/560/n kagêrus sarêng kang lêmbut, dipunwadhahi. Sabên
badhe ngangge, kalèlètna sinjang kang tipis kangge plèstêr tatunipun, sadintên
rambah kaping 3.

Angka 1572 Pilisipun tiyang kasrêpên.
Godhong gandarusa 3 punggêl, godhong kêmiri 7 mripat, godhong golang-galing
7 lêmbar, godhong kudhu 40 lêmbar, brambang sêpuh 3 kabakar, lajêng kapipis
kaliyan toya.

Angka 1573 Pilisipun manawi bobot, sabên injing.
Godhong turi brit 3 punggêl, jintên cêmêng 5 saga, jong rahab 10 saga, toya
jêram pêcêl kasarêng mipis kangge sabên enjing.

Angka 1574 Pilisipun tiyang bobot kangge sabên sontên.
Dringo, bêngle sami 3 iris, jong rahab 6 saga, kunir, têmu lawak sami 3 iris,
sintok, mêsoyi sami 5 saga, angkup jambe nèm satunggal, sari 5 saga, sêdhah
kêpanggih rosipun 3 lêmbar. Amêndhêta kangge sacêkapipun kemawon. Kapipis
dipunangge sabên sontên.
/561/ Angka 1575 Manawi rêmên ngagêm pilis warni wungu.
Sêkar kêsumba, sêcang, jong rahab sami 5 saga, kêncur 3 iris, jintên cêmêng 5
saga, apu saklungsu, kunir 3 iris. Dipunpipis kaliyan toya lajêng kangge pilis.

Angka 1576 Pilis tiyang rencang rare ing wanci enjing.
Godhong turi brit 3 punggêl, adas 4 saga, pulasari 7 saga, jintên cêmêng 5 saga,
brambang 3 iji. Kapipis kang lêmbat, toyanipun duduh jêram pêcêl tuwin cokak.

Angka 1577 Pilis kangge ing wanci sontên.
Godhong rusêm maron saêpang, brambang 3 iji, jintên cêmêng 5 saga, cêngkèh 3
iji. Kapipis kang lêmbat, toyanipun duduh jêram pêcêl tuwin cokak.

commit to user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
162

Angka 1578 Pilis tiyang gadhah rencang rare.
Jong rahab, jintên cêmêng sami 5 saga, jintên pêthak 4 saga, cêngkèh 3 iji, pala 3
saga, sêprantu 3 dipunbakar, sintok, mêsoyi sami 5 saga, majakan, jaha lawe
sami satunggal, dringo sairis, bêngle, têmu lawak sami 3 iris, ganthi 3 saga,
kajêng sêcang 5 saga, inggu 2 saga, kulit jêram purut sairis, tlutuh pilang
saglintir, kêsumba 5 saga. Kapipis kangge pilis. Punika winastan pilis anton-
anton.
/562/ Angka 1579 Pilis kangge tiyang rencang rare.
Kunir 5 iris, sêprantu satunggal kabakar, sintok 5 saga, cabe satunggal, pala 2
saga. Dipunpipis lajêng kangge pilis.

Angka 1580 Pilisipun tiyang gadhah rencang rare.
Godhong turi brit 3 punggêl, jintên cêmêng 3 saga, brambang 3 iji.
Dipundhêplok, kapêndhêt toyanipun. Dipunwori arak lajêng dipundèkèki kapuk
kangge pilis.

Angka 1581 Pilis tiyang rencang rare kangge wanci sontên.
Sunthi 3 iris, sintok 5 saga, sêprantu satunggal kabakar, jintên cêmêng, mêsoyi,
sarinaga sami 5 saga, manis jangan panjangipun sadariji, cêngkèh 3 iji, pala 3
saga. Dipunpipis toyanipun cokak, kangge nêlês sirah ing wanci enjing, lajêng
amêndhêta brambang 3. Kadhêplok, dipunpêndhêt toyanipun, dipunwor kaliyan
santên sasendhok bêling. Dipunbunbunakên sadalu, enjing kangge pilis.

Angka 1582 Panunggilanipun pilis.
Cêngkèh 7 iji, mêsoyi 5 saga, jintên cêmêng 5 saga, pucuk 3 saga, sunthi, kêncur
sami 3 iris. Dipunpipis, toyanipun cokak.

Angka 1583 Pilis tiyang pileg supados nuntên kênthêl.
/563/ Kajêng widara laut 5 saga, kêmukus 7 iji, jintên cêmêng 7 saga. Dipunpipis,
toyanipun cokak lajêng kangge sirah sarta sawingkingipun kuping.

Angka 1584 Pilis tiyang lêstrung tuwin selakarang.
Jintên cêmêng 3 saga, adas 2 jodho, pulasari 5 saga, manis jangan panjangipun
sadariji, kajêng cakma tuwin cêndhana jênggi, kajêng timur sami 5 saga, kunir 3
iris, kajêng widara pêthak 5 saga, kajêng tinja 3 saga, sêcang 4 saga, brambang
satunggal, godhong mêniran 3 punggêl, godhong sawi salêmbar, selakarang 5
saga. Dipunpipis, kasaring, toyancipoumnmdiitptuonulêsbeêrtakên ing irung.

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
163

Angka 1585 Panunggilanipun jampi lêstrung.

Kunir, dringo sami sairis. Kapipis, dipunsaring lajêng katètèsna irung.

Angka 1586 Panunggilanipun jampi lêstrung.

Godhong tanjung nèm dipunpe 7 lêmbar, dipunrajang kados sajêpan, nuntên

kadamêl rokok, kêbulipun kawêdalakên irung.

Angka 1587 Pilisipun jampi lêstrung.

Godhong pare wana 7 lêmbar, adas 2 jodho, pulasari 3 saga, brambang

satunggal dipunbakar, cêndhana jênggi tuwin kajêng timur sami 5 saga.

Dipunpêrês mawi toya jêram pêcêl /564/lajêng kangge pilis.

Angka 1588 Pilis angêri, yèn mripat pêtêng sirah sakit.

Wiji sawi tuwin kêtumbar sami 5 saga, jintên cêmêng tuwin jintên pêthak sami 3

saga, mêsoyi 7 saga, sêprantu satunggal kabakar, rasuk angin 2 saga, kêmukus 3

iji, jamur brama 5 saga, brambang satunggal, lêmpuyang brit 3 iris. Dipunpipis

lajêng kapilisakên.

Angka 1589 Panunggilanipun.

Oyot bêsaran panjangipun 3 dariji dipuniris, katêdha kaliyan sêdhah 3 lêmbar

utawi punika prayogi kangge tiyang mêntas rencang rare, êrah abrit, êrah pêthak
sami sagêt135 tumurun.

Angka 1590 Tapêl susuban, yèn tiyang botên mêdal angin tuwin

sasukêripun kangge rare inggih prayogi.

Jintên cêmêng 5 saga, jintên pêthak 3 saga, adas sasaga, pulasari panjangipun

sadariji, kêtumbar 5 saga, sintok 6 saga, mêsoyi 5 saga, kêmukus 7 saga, wos

abrit 3 jumput, sêprantu satunggal dipunbakar, trawas 3 lêmbar, wiji sawi 5 saga,

pucuk 3 saga, dringo, têmu lawak, têmu giring, kêncur sami 3 iris, /565/sarêm

sajumput, brambang 7, bawang 3 siyung, rasuk angin 5 saga, jamur impês 3 saga,

lar ayam satunggal, rambut 3 saga sami dipunbakar, kajêng widara pêthak 5

saga. Kapipis kang lêmbat, katapêlakên ing pundi panggènanipun kang abuh,

toyanipun cokak.

Angka 1591 Panunggilanipun santun jampi.

Anggorènga sidawayah, kagêrus mawi prusi sakacang wose mêntahan, nuntên

dipunwur-wurakên rambah kaping 2. Sadintên pangumbahipun naming sapisan.

commit to user

135 *#sagêd

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
164

Angka 1592 Jampi pusêr.

Godhong jêram macan 3 lêmbar, apu saklungsu. Pusus ing asta, kadèkèk ing

pusêr kaliyan ampasipun nuntên katutupana sinjang. Sae kangge tiyang sêpuh

utawi lare-lare.

Angka 1593 Tapêl ratus parêm taun kangge tiyang gadhah rare, yèn

sampun têtêp 40 dintên.

Kêtumbar 5 saga, trawas 3 lêmbar, jong rahab 15 saga, sintok 10 saga, mêsoyi 10

saga, adas 5 saga, cêngkèh 7, pala satugêl, pucuk, klabêt, tuwin jintên cêmêng

sami 10 saga, sidawayah 8 saga, kêmukus 7, sêkar kêsumba 10 saga, kajêng gidi

jawi 15 saga, cêndhana tuwin tingi sabrang 15, kajêng timur 10 saga, jênitri 3

saga, /566/kajêng anyang 3 iji, tlutuh pilang saglintir, saltpètêr 5 saga, mustakim,

sari, kajêng mêntah, tlutuh garu sami 10 saga, kajêng kasturi 10 saga, jaha lawe

satunggal, jaha kêling satunggal, dhèdhès 2 saga, kajêng rasamala 10 saga.

Sadaya kapipis saking sakêdhik, kakintêna anggènipun angangge kaliyan toya

kangge tapêl.

Angka 1594 Jampi lêstrung nama selakarang, Walandi amastani kankêr.

Isi kêcik sawo satunggal, adas 2 jodho, pulasari saros dariji, bawang sêpuh

satunggal, godhong lêng-lêngan sapunggêl. Dipunpipis, toyanipun jêram pêcêl

sairis, dipunlêbêtakên ing kanthong, katètèsakên ing irung. Punika mangke
sagêt136 angêdalakên sadaya, andadosakên mantun.

Angka 1595 Panunggilanipun sakit lêstrung.

Mêndhêta babakan kaliyan kulitipun tanjung panjangipun 3 dariji, brambang 3

kabakar, jintên cêmêng 5 saga. Sadaya kagaringakên, dipundhêplok kasar

kemawon lajêng kalinthing klaras pisang saba. Dipunsês, kêbulipun kawêdalakên

ing irung.

Angka 1596 Panunggilanipun jampi lêstrung.

Godhong jintên 3 lêmbar, godhong kucing sajumput, /567/sarikuning sajumput,

brambang satunggal. Dipunpipis, katètèsakên ing irung enjing sontên.

Angka 1597 Rokok jampi lêstrung.

Klaras pisang saba, cindhe amoh 2 ros dariji pasagi, kêlut sawarni-warninipun 3

kapêndhêt pucukipun, kêlut sêpêt rêgêtipun waton sajumput, rêgêt sangandhap

commit to user

136 *#sagêd

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
165

gêlaran patilêman sapêngapit tangan, mênyan madu 2 kacang wose, godhong
tanjung kang nèm 3 lêmbar. Kalinting kaliyan kalaras wau.

Angka 1598 Jampi tlasih cêmêng kangge tiyang nèm.
Têmu lawak 3 iris, mêsoyi panjangipun sadariji, sidawayah 5 saga, jintên pêthak
7 iji, kêtumbar 7 iji, katampala (sêkar buntal pangantèn sajodho), cêngkèh 5 iji,
majakan kang alit 3, jaha kêling satunggal, sarang kajêng kasturi sajodho,
klêmbak 3 saga, kajêng garu cêmêng 5 saga, lêmpuyang êmprit, kunci jêne, têmu
tis sami 3 iris. Dipunpipis kang lêmbat, manawi badhe ngunjuk dipunkêcêri duduh
jêram pêcêl satunggal, lajêng ngunjuka toya tuwin sarêm 3 wuku kasarêng toya
jêram.

Angka 1599 Sêmburipun.
Jamur grigèh 5 saga, brambang satunggal, sarêm sawuku. Dipunmamah,
kasêmburakên.
/568/ Angka 1600 Pilis singgul kangge tiyang mêntas rencang rare.
Dringo, bêngle, jae, sunthi, kêncur, lêmpuyang prit, lêmpuyang wangi sami 3 iris,
sintok 5 saga, sêprantu satunggal kabakar, jintên cêmêng 3 saga, mêsoyi 6 saga,
manis jangan panjangipun sadariji, jong rahab 10 saga, kêmukus 7, kapulaga 7,
cêngkèh 5, pala 2, klabêt, waron sami 2 saga, adas sasaga, pulasari 3 saga, rasuk
angin, kêsumba sami 3 saga, kajêng tinja, widara pêthak sami 5 saga, sêdhah
kêpanggih rosipun 3 lêmbar, toya jêram wangi 3, unêm 3 dipunbakar, sêkar
kanthil kang kuncup 3 saga kabakar, kunir 3 iris, apu sasaga. Kapipis kangge
pilis.

Angka 1601 Sriawan angêdalakên bêntèr lêbêt tuwin dipununjuk tiyang
kasrêpên.
Labu pêthak kapêrês toyanipun sadariji kemawon, kabumbonan adas sasaga,
pulasari 5 saga, brambang satunggal kabakar, kajêng lêgi. Bumbu wau kapipis
sadaya. Yèn sampun lajêng kawor dados satunggal, lajêng kawor kaliyan labu,
dipundèkèki toya wantah.
Angka 1602 Sriawan salêbêting padharan tuwin yèn cangkêmipun karaos
pêdhês.
Kajêng lêgi panjangipun sadariji, laos 3 iris, /569/pulasari 5 saga, brambang
satunggal. Kagodhog toya jawah csaompimsaint tloajuêsnegrkasaring, kaunjuk.

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
166

Angka 1603 Jampi tiyang sakit sur.
Kulit kaluwih sêpalih dipunbakar sêpalih mêntah, kunir 3, sêkar sêdhah 3, sunthi
3 mripat, gêndhis arèn 2 klungsu. Dipunpipis, kaunjuk sabên enjing.

Angka 1604 Tapêl padharan mulês.
Kunir satunggal, brambang satunggal, kêtumbar 5 saga, mungsi 4 saga, sarêm 3
wuku. Kapipis dados satunggal lajêng katapêlakên.

Angka 1605 Tapêl padharanipun tiyang nèm.
Isi cubung kasiyan 4 saga, adas 2 saga, pulasari 5 saga, têki rêgut panjangipun 3
dariji, cêndhana jênggi pêthak 4 saga, mênyan madu 3 saga, kajêng rasamala 4
saga. Dipunpipis kaliyan toya, kangge tapêl.

Angka 1606 Panunggilanipun tapêl padharan.
Kêtumbar 3 saga, trawas 3 lêmbar, wiji sawi 5 saga, adas 2 saga, kêdhawung 2
iji kabakar, rasuk angin 5 saga, daging 3 saga, cabe satugêl (namung kangge
bongkot pucukipun kemawon), kêncur 3 i-/570/ris, godhong lampês 3 punggêl,
godhong sembukan 3 lêmbar, wos 3 jumput, sarêm 3 wuku. Kapipis mawi toya.

Angka 1607 Tapêl padharan.
Godhong sruni sakolongan tangan, manis jangan panjangipun sadariji, jong
rahab 5 saga, gêlam 7 iji, kêncur 3 iris, bêngle 3 iris, wos sajumput, sarêm 3
wuku, kajêng ulêt tiga dipunbakar, kêdhawung satunggal dipunbakar, jintên
cêmêng 5 saga. Kapipis, toyanipun cokak. Sabên badhe ngangge dipun-ngêt
lajêng katapêlakên.

Angka 1608 Tapêl padharan, paedah ngêdalakên angin.
Bêton nangka blonyo satunggal dipunbakar, kêdhawung 3, sêprantu satunggal
sami dipunbakar, cabe 2, botor pêthak 2, botor cêmêng 2, brambang satunggal,
ganthi 3 saga, murmak 3 saga, daging 4 saga, kêtumbar 5 saga, kêncur 3 saga,
adas sasaga, pulasari panjangipun sadariji, mêsoyi, jintên cêmêng, tuwin jintên
pêthak sami 5 saga, sari 3 saga, kêmukus 2 jodho, sêcang 5 saga, oyot alang-
alang satêkêm, kara jalêr (kara wêdhung) satunggal, oyot kêmuning panjangipun
3 dariji, /Angka 571/godhong pare wana salêmbar. Kapipis dipunangge tapêl.

Angka 1609 Tapêl kangge pangantèn.
Babakan tanjung panjangipun 3 dariji, cêngkèh 3, pala 5, mêsoyi 10 saga, manis
jangan 15 saga, sintok 7 saga, kcaojmênmgitratopêutsekraliyan kunci pêpêt sami 15 saga,

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
167

lêmpuyang prit 3 iris, sari 10 saga, dhèdhès 2 saga, majakan 3 iji, jênitri 5 iris,

jaha kêling 2 iji, cêndhana jênggi 5 saga, têmpaos 7 saga, kajêng rasamala 10

saga, mênyan madu 5 saga, sêkar apyun 5 saga, blêndok rasamala 10 saga,

kajêng mas 5 saga, pucuk 4 saga, alim 10 saga, kêrsani, jamur impês sami 5 saga,

blêndok sêlumpêt 7 saga, pala satugêl, cêngkèh 7, mêsoyi 6 saga, klêmbak 4 saga,

kajêng lêgi 7 saga, sarikuning 10 saga. Punika sadaya kapipis kang lêmbat,
toyanipun tawa dipunwori duduh jêram pêcê 137 utawi mawi cokak lajêng

katapêlakên.

Angka 1610 Panunggilanipun tapêl pangantèn.

Pêntil jêram purut 3, pêntil kênanga 7 iji, têmu kunci 3 iji, kunir saêmpu,

sarikuning, sari naga sami 5 saga, mêsoyi 4 saga, jintên pêthak, jintên cêmêng sa-

/572/mi 3 saga, alim, majamuju sami 5 saga, traos abrit saklungsu. Kapipis mawi

toya, dipuntapêlakên.

Angka 1611 Tapêl kangge tiyang rencang rare.

Godhong ilèr 7 lêmbar, têmu lawak 3 iris. Kapipis, toyanipun cokak lajêng

katapêlakên ing padharan.

Angka 1612 Tapêlipun tiyang sawêg gadhah rare.

Godhong ilèr 7 lêmbar, têmu lawak, bêngle sami 3 iris, sêdhah kêpanggih rosipun

3 lêmbar, jintên cêmêng 10 saga, toyanipun cokak. Manawi êrahipun kirang lêga

lajêng dipunwêwahana laos 3 iris, lajêng dipunpipis. Sabên badhe ngangge

dipun-ngêt ngantos dumugi puputipun.

Angka 1613 Panunggilanipun tapêl tiyang rencang rare.

Manis jangan panjangipun sadariji dipunpanggang, jintên cêmêng 10 saga,

kêmukus 7, bêngle 3 iris. Dipunpipis lajêng katapêlakên ing padharan.

Angka 1614 Panunggilanipun tapêl tiyang rencang rare.

Banon kang abrit wawrat 3 wang dipun-gêrus kang lêmbat, tingi sabrang wawrat

6 wang, mêsoyi 20 saga, manis jangan 30 saga, jong rahab 20 saga, bêngle 3 iris,

asêm kawak sajêmpol, toyanipun cokak. Dipunpipis ngantos kangge 20 dintên.

/573/ Angka 1615 Panunggilanipun tapêl tiyang rencang rare.

Lêmpuyang, kunir sami 3 iris, toyanipun godhong maja 3 lêmbar kaliyan cokak.

Kangge ngantos umur 40 dintên.

commit to user

137 *#pêcêl

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
168

Angka 1616 Panunggilanipun tapêl tiyang rencang rare.
Manis jangan panjangipun sadariji, jintên cêmêng 20 saga, kêmukus 7 iji, bêngle
saêndhas ayam, jong rahab 20 saga. Kapipis lajêng kangge tapêl.

Angka 1617 Panunggilanipun tapêl tiyang rencang rare.
Bêngle, têmu tis sami 3 iris (kang kawastanan têmu tis punika pathi têmu), jong
rahab 10 saga, godhong blimbing satêkêm, lajêng kapipis.

Angka 1618 Tapêlipun tiyang rencang rare.
Kajêng cêndhana, banon kadhêplok, nuntên dipundèkèki cokak, dipun-ngêt
kangge lêngkang ing bathuk pawèstrèn.

Angka 1619 Tapêl manawi tiyang sawêg gadhah rare.
Kajêng cêndhana 10 saga, sari 10 saga, bêngle 3 iris, jong rahab 10 saga,
toyanipun cokak. Manawi tiyang nèm kang ngangge kêdah dipun-ngêt rumiyin.
Lêngkangipun, kêncur 3 iris, dringo, bêngle sami 3 iris, adas sasaga, pulasari 2
saga, brambang satunggal, /574/lakên abrit, momohan kopyah, cindhe amoh,
tuwin momohan waring sami wawrat 5 saga dipunbakar. Sadaya kapipis kangge
tapêl.

Angka 1620 Tapêl dhatêng bayinipun.
Brambang 3, rasuk angin 3 saga, kêtumbar 10 saga, sêcang 5 saga, kêdhawung 3
saga ingkang 2 dipunbakar, dringo, kêncur sami 3 iris, godhong po o 3 punggêl.
Kapipis dipunangge tapêl.

Angka 1621 Tapêlipun tiyang sawêg rencang rare.
Kajêng cêndhana tuwin sarinaga sami 10 saga, bêngle 3 iris. Dipunpipis kang
lêmbat. Manawi badhe ngangge dipun-ngêt.

Angka 1622 Tapêl manawi rarenipun sampun umur 20 dintên.
Sarêm gorèng 3 jumput, asêm kawak sakêpêl dipunbakar, awu pawon 3 jumput,
kêmukus 7, jong rahab 10 saga, manis jangan panjangipun sadariji kabakar,
mêsoyi, sintok, kajêng cakma, kajêng timur, kajêng sêcang, widara pêthak sami
wawrat 5 saga, kajêng tinja, kajêng cêndhana sami 3 saga, kêncur 3 iris,
kapulaga 5 saga, têgari 7 dariji, cêngkèh 7 iji, /575/pala satugêl, godhong pintèn
3 punggêl, tinggi 25 iji, unêm 7 saga dipunbakar. Kapipis kang lêmbat. Tapêl
punika kêdah kaangge laminipun sawulan.

commit to user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
169

Angka 1623 Panunggilanipun malih.

Lêmpuyang êmprit 3 kapêndhêt kulitipun, sintok, mêsoyi sami 7 saga, manis

jangan panjangipun sadariji kabakar, unêm 3 dipunbakar, mênyan madu 7 saga,

kêncur 3, jong rahab 7 saga, kapulaga 7 saga, bêngle satunggal dipunpêndhêt

kulitipun, dringo sadariji kabakar, bawang 3 bungkul dipunpêndhêt kulitipun,

têmu lawak satunggal kapêndhêt kulitipun, kunir saêmpu kapêndhêt kulitipun,

kapur barus tuwin apu sami 5 saga, jintên cêmêng 7 saga, cacing siti kang mawi

kalung satunggal kabakar kang ngantos gosong, sarêm sajumput. Dipunpipis

kang lêmbut kangge ing padharan. Panganggenipun dipunkintên sacêkapipun

kemawon. Dipunwori toya jêram pêcêl tuwin kalêmbak kaliyan mustakim sami 5

saga, kêdhawung 3 kabakar.

Angka 1624 Tapêl tiyang rencang rare kang umur 20 dintên.

Sêkar cêngkèh 7 iji, jintên cêmêng 5 saga, mrica 7, /576/tlutuh kênari 10 saga,

tlutuh rasamala 8 saga. Kapipis, yèn sampun lêmbut kadèkèk ing bathok kang

wontên matanipun lajêng kangge sabên dintên.

Angka 1625 Tapêl yèn sampun umur 40 tuwin 50 dintên.

Jintên cêmêng 10 saga, mêsoyi 2 ros dariji, kêmukus 7, ganthi 2 saga, kajêng

garu 7 saga, klêmbak 3 saga, cêngkèh 7, bluluk kalapa sêpalih dipunbakar,

kajêng têgari 3, kajêng kasturi 5 saga, cung-cung pandhan 2 iji, jênitri 3,

sarikuning 5 saga, angkup sêkar kanthil kalih, kulit ulam gêmi 4 saga, unêm

gangsal dipunbakar, kêrikan rasamala, sarinaga sami 5 saga, karuk sêkar

kênanga, sêkar tanjung sami 10 saga, sêkar kênanga kang sampun wigar 3,
majamuju tuwin kêsani138 sami 5 saga, sêkar lawang 4, jaha kêling, sukun tiga,

sêkar apyun 2 saga, kunci pêpêt 5 saga, sêkar padma 10, klêmbak, rasamala sami

10 saga, blêndok rasamala 10 saga. Sadaya dipunpipis kang lêmbat nuntên

kaukup mênyan kaliyan gêndhis arèn lajêng kaukup kaliyan ratus, lajêng dipunpe.

Yèn badhe ngangge mêndhêta sacêkapipun kemawon. Dipuntoyani duduh jêram

pêcêl.

/577/ Angka 1626 Tapêl kangge yèn sampun 40 dintên.

Sêdhah garing 7 lêmbar, kêmukus 7, klêmbak 7 saga, mêsoyi 7 saga, jaha lawe

satunggal, majakan 3, cêngkèh 3, ganthi 5 saga, jintên cêmêng 5 saga, mrica

commit to user

138 *#kêrsani

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
170

pêthak 4 iji, jênitri 3 iji, woh kênanga 3 saga, pucuk 3 saga, podhi, sari sami 5
saga, murmak 4 saga, daging 3 saga, alim 4 saga, tlutuh pilang saglintir, gêlam 7
iji, têmpaos satugêl, têgari tuwin kajêng rasamala sami 10 saga, sêkar apyun 2
saga, kunci pêpêt, kapulaga sami 5 saga, sêkar padma tuwin balêndok rasamala
sami 10 saga. Sadaya kapipis kang lêmbut, kaukup mênyan kaliyan gêndhis arèn.
Yèn sampun lajêng kaukup ratus. Yèn badhe ngangge sacêkapipun, dipunêwori
duduh jêram pêcêl sarta kape ugi kenging.

Angka 1627 Panunggilanipun tapêl yèn sampun 40 dintên.
Sêdhah garing 7 lêmbar, kêmukus 7, klêmbak 5 saga, mêsoyi 7 saga, jaha lawe 7,
majakan 3, cêngkèh 3, ganthi 5, jintên cêmêng 10 saga, mrica pêthak 4, jênitri
/578/ 3, woh kênanga tuwin pucuk sami 3 saga, podhi, sari sami 5 saga, murmak
4 saga, daging 3 saga, majamuju 7 saga, alim 4 saga, tlutuh pilang saglintir,
gêlam 7, têmpaos sapalih, têgari tuwin kajêng rasamala sami 10 saga. Kapipis
lajêng dipunukup kaliyan mênyan kangge tapêl.

Angka 1628 Tapêl tiyang gadhah rare 40 dintên.
Jintên cêmêng, mêsoyi sami wawrat 5 saga, kêmukus 7, ganthi 3 saga, kajêng
garu 5 saga, klêmbak 4 saga, cêngkèh 3, bluluk klapa 6 saga katugêl kaliyan
kacip, kajêng têgari panjangipun 3 dariji, jênitri 3 dariji, sarikuning 5 saga,
angkup sêkar kanthil satunggal, ulam gêmi 5 saga, unêm 3 dipunbakar, kajêng
rasamala tuwin sarinaga sami wawrat 5 saga, angkup kênanga 7, sêkar tanjung 5
saga, sêkar kênanga kang sampun mêgar satunggal, majamuju 7 saga, kêrsani 3
saga, sêkar lawang 7, jaha kêling, sukun 7, sêkar apyun 3 saga, kunci kuning 3
iris, kunci pêpêt 7, kunir, laos sami 3 iris, bawang 3 siyung. Kapipis kang lêmbat
nuntên kaukup kaliyan mênyan madu kaliyan gêndhis, lajêng kaukup ratus. Sabên
badhe ngangge kaêjuri kaliyan /579/toya jêram pêcêl sacêkapipun.

Angka 1629 Tapêl kangge lêngkang kulit-kulitan utawi sakathahing
êmpon-êmpon tumrap tiyang gadhah rare 40 dintên.
Kulit jêram kingkit sadariji panjangipun, kulit jêram purut sairis, kulit brambang
5 saga kabakar, kulit bawang 5 saga, kêrikan sêcang 4 saga, widara pêthak,
kajêng cêndhana, kajêng tinja, rasuk angin sami 5 saga, kajêng anyang, kajêng
ulêt sami 3 saga kabakar, dringo panjangipun 5 dariji kabakar, bêngle
panjangipun sadariji kapêndhêt kcuolimtimpuitn,tojaumseurr brama, jamur impês, tinja sawêr

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
171

sawa, tuwin mungsi sami 5 saga, trawas salêmbar, adas 2 saga, pulasari

panjangipun sadariji, pantun tuwin wiji sawi sami 5 saga, kêdhawung 2

dipunbakar, sari, kapulaga, botor sami 5 iji, bêton nangka blonyo satunggal, kara

wêdhung satunggal sami dipunbakar, sintok pajangipun sadariji, sêprantu

satunggal dipunbakar, mêsoyi tuwin kajêng timur panjangipun sami sadariji,

babakan dhadhap panjangipun 3 dariji, matan srit (butrawali) panjangipun

sadariji, griya tawon tutur 5 saga, cêngkèh 7, pala satugêl iris, kêsumba (sêkar

pule) 5 saga, unthuk cacing sajumput, asêm kawak sadhèrèkan kabakar, awu pa-

/580/won sajumput, sarêm 3 wuku. Sadaya kagorèng ing sangan kangge bubukan.

Yèn badhe ngangge, kapipis malih kang lêmbat mawi toya jêram pêcêl satunggal,

kasaring kangge tapêl.

Angka 1630 Panunggilanipun tapêl tiyang gadhah rare.

Godhong sruni satêkêm kapêndhêt toyanpun, manis jangan panjangipun sadariji,

jong rahab 10 saga, êmpu kêncur, bêngle 3 iris, jintên cêmêng 10 saga. Kapipis

mawi cokak sarta dipunbêntèri.

Angka 1631 Panunggilanipun tapêl tiyang gadhah rare.

Godhong ilèr 7 lêmbar, têmu lawak 3 iris. Kapipis, toyanipun cokak kangge

padharan.

Angka 1632 Tapêl manawi wadhah rare katêdhun.

Pala satunggal, cêngkèh 7, mrica pêthak 7, kêmukus 7, adas 3 saga, pulasri 5

saga, waron 6 saga, sidawayah 4 saga, jong rahab 10 saga, jintên cêmêng 6 saga,

sêdhah kêpanggih rosipun 3 lêmbar, mêsoyi 5 saga, pucuk 2 saga, manis jangan

10 saga, rasuk angin 5 saga, majakan, sêprantu sami satunggal kabakar, babakan

tuwin talutuh pilang saglintir, sarêm 3 wuku. Dipunpipis, katapêlakên.
/581/ Angka 1633 Tapêl kangge agaringakên 139 wadhah rare supados botên

manak.

Isi cubung kasiyan, jintên cêmêng sami wawrat 5 saga, mêsoyi panjangipun

sadariji, cabe cêmêng satunggal, cabe sulah 3 saga, pulasari panjangipun

sadariji, mrica pêthak 7, sarikuning 4 saga, cêngkèh 3, pala 2 saga, kajêng

anyang 3, kunci kuning 3 iris, mênyan madu 3 saga, rumput lulangan 3 pang,

sarêm 3 wuku, ganthi 2 saga, majakan 3, klabêt 3 saga, majamuju 5 saga, kêrsani

commit to user

139 *#anggaringakên

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
172

4 saga, alim 5 saga, mustakim (mênyan Arab) 5 saga, toyanipun kum-kuman
sêkar kanthil satunggal. Dipundhêplok, kasaring kaunjukakên.

Angka 1634 Tapêl kangge tiyang gadhah rare sampun sawulan supados
botên gadhah rare malih.
Babakan kênanga kuning 3 panjangipun 2 dariji, wiyaripun 2 dariji, kang nêmbe
sêkar sasêkaripun 7, woh pêntilipun sami 7, sarta sêkar kanthil dhèdhès satunggal
saga, kudhup sêkar tanjung 5 saga, sêkar pacar pêthak, sêkar pacar abrit sami 3,
babakan sêmak (tlèdhung), babakan salam, babakan nagasari, babakan
rambutan, babakan kaluwih, sadaya sami 3 dariji, ral (kêtos gajih cêmêng)
sajumpu-/582/t, uncêt karon kang kantun ing kukusan uwosipun, têgari 3 oyot,
jintên cêmêng 7 saga, jintên pêthak 5 saga, mêsoyi sadariji, tinggi 25, godhong
pintèn 3 punggêl, godhong dhadhap srêp 3 punggêl, mustakim, klêmbak, madu,
tlutuh sana sadaya sami 5 saga, kêmukus 7, pucuk sadariji, ganthi 7 saga,
cêngkèh 7, pala satugêl, sêkar padma 10 saga, unthuk cacing siti sarta cacingipun
kalung sami satunggal iji sami dipunbakar kang ngantos gosong, garu ramês 5
saga, blêndok slumpit 5 saga, tlutuh pilang satunggal, cêndhana jênggi, cêndhana
brit 7 saga, kunir 5 saga, kulit dalima pêthak panjangipun 3 dariji, kajêng timur
sadariji, woh dlima pêthak kang nèm kabucal isinipun, teki wangi 7 iji, unêm
kapanggang, cangkok sami 7 iji, sari, jênitri, sukun sami 5 saga, majakan 2,
kajêng kasturi, kajêng rasamala, waron, safran, mênyan madu sami wawrat 5
saga, ambre mêntah 3 saga, kapur barus garing, apu garing sami wawrat 5 saga,
godhong pulutan, godhong sidaguri sami 5 saga, oyot rumput grinting satêkêm,
ari-ari wêrak arèn 10 saga dipunpe kang garing, jêram pêcêl satunggal
dipunoncèki kabucal isinipun, manis jangan kaba-/583/kar, sintok, mêsoyi sami
sadariji, jaha kêling, jaha lawe sami 3, dhèdhès 3 saga, sêkar apyun 5 saga, sêkar
lawang 7, sêkar apèn 5 saga, kunci pêpêt nênêm, kunir pêthak 3 êmpu, têmu pure
3 iris, kulit lêmpuyang prit 3 iji, kunci kuning 3, jadham 2 saga, lingsah sêpuh 2
saga, garu ramês, isi cubung kasiyan (cubung wulung) sami 5 saga, jêram purut
sairis, godhong tlasih, godhong lampês cêmêng sami 3 punggêl, kêrikan bamban
7 saga, tunggakan dami kang garing sauwitipun 7, garu ramês 5 saga, sêkar
kanthil 7 saga, kajêng anyang 7 saga, kajêng ulêt 3 iji kabakar, rasuk angin 5
saga, godhong gondhang kasih 3copmumngitgtêol,ugsoerdhong ilèr 7 lêmbar, sembukan 7

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
173

lêmbar, kêdhawung 3 iji kabakar, bêton satunggal kabakar, kara wêdhung
satunggal kabakar, polong 3 iji, sela pawon (tumang) sadhèrèkan, kajêng
mêgatsih 3 dariji, sêkar awu 3 jumput, suksma diluwih 7 saga, lisah balsam 5
saga, sêdhah kapanggih rosipun 3 lêmbar, dringo 3 iris, bêngle 3 iris, panawar
jambe 10 saga, pupugan lèr wetan 2 jumput, brambang 3, bawang satunggal sami
kabakar, jong rahab 5 saga, woh sawang, alim (mênyan Arab), /584/majamuju,
kêrsani sami wawrat 5 saga, sintok 10 saga, butrawali sadariji, oyot pace 3
dariji, godhong pare wana salêmbar, godhong mêniran, godhong luntas, tuwin
godhong lêgundhi sami satêkêm. Sadaya punika dipun-gorèng, kadhêplok
kadamêl sadhêkan140. Yèn badhe ngangge amêndhêta sacêkapipun lajêng kapipis
malih. Toyanipun kapur barus 15 saga, duduh jêram pêcêl. Yèn sampun lêmbut
tumuntên katemplokna ing sinjang kangge tapêl ing padharan.

Angka 1635 Tapêl godhong pare kangge tiyang rencang rare kang
sampun puput pusêr.
Têmu lawak 3 iris, brambang 3, kajêng tinja tuwin wiji sawi sami 5 saga,
kêdhawung 3. Kagodhog sadaya, kasarêng toyanipun sakriyuk lajêng kaunjuk.
Dangunipun 3 dintên.
Angka 1636 Tapêl tiyang gadhah rencang rare.
Têmu lawak 3 iris, brambang satunggal, kajêng tinja 5 saga, sawi 5 saga,
kêdhawung 3 kabakar, godhong pare 7 lêmbar. Kapipis, toyanipun cokak.
Panganggenipun tapêl punika ngantos 3 dintên.
Angka 1637 Tapêlipun tiyang gadhah rencang rare.
Godhong lêgundhi salêmbar kabêsmi kapêndhêt awunipun, /585/laos 3 iris,
bêngle, kêncur, dringo sami 3 iris, brambang 3, bawang sasiyung, kêdhawung 3
kabakar, manis jangan panjangipun sadariji, pala 5 saga, kêtumbar 10 saga,
mungsi 3, wiji sawi 3 saga, jong rahab 7 saga, asêm cêmêng kabakar sakêmiri.
Dipunpipis mawi toya jawi tuwin sarêm 3 wuku, lajêng kangge tapêl.
Angka 1638 Tapêl ngêdalakên angin kangge rare tuwin tiyang sêpuh.
Adas 5 saga, mungsi 4 saga, rasuk angin 3 saga, kêdhawung 3, wos sajumput,
kêncur 3, sêkar awu sajumput, bawang 3 siyung. Dipunpis katapêlakên padharan.

commit to user

140*# sadhêgan

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
174

Angka 1639 Tapêl samanjang kangge yèn badhe tilêm.

Kajêng anyang 7, jaha kêling 3, jaha lawe satunggal, cêngkèh 7, jong rahab 10

saga, jênitri 3, blêndok lulup, rasamala sami 10 saga. Dipuntoyani toya mawar.

Panganggenipun jampi punika yèn sampun uyub-uyub godhong kêmuning lajêng

kaangge tapêl sêmanjangan sabên badhe tilêm.

Angka 1640 Panunggilanipun tapêl ing nginggil punika.

Kajêng garu ramês 7 saga, sêdhah 7 lêmbar. Kapipis kang lêmbat, toyanipun

wedang utawi sarêm 3 wuku.

/586/ Angka 1641 Jampi wancak tuwin kawastanan wancah.

Jintên cêmêng 5 saga, kang pêthak 5 saga, mêsoyi panjangipun sadariji, kêmukus

7, sunthi, kêncur, dringo, bêngle, têmu lawak, têmu cêmêng, êmpu kunir, jae,

lêmpuyang sami 3 iris, bakaran brambang satunggal, bawang sasiyung, prusi

agêngipun sadhêle, lirang sawos, angkup jambe nèm satunggal, sêdhah

kêpanggih rosipun 3 lêmbar, lajêng kapipis kaliyan wedang, kang sapalih cokak.

Angka 1642 Santun warni kangge urut.

Kajêng ulêt satunggal, têmu lawak, êmpu kunir sami 3 iris, pucukipun cabe 3,

lêmpuyang 3 iris, walirang brit 2 saga. Dipunpipis kang lêmbat lajêng kasaring,

kaunjuka enjing sontên ngantos dumugi samantunipun.

Angka 1643 Jampi trapipun manawi tiyang estri sawêg mêntas gadhah

rencang rare ingkang nêmbe lair.

Sunthi, kêncur, laos sami 7 iris, bawang sasiyung, kêtumbar 5, saga kêmukus 7,

jintên cêmêng 5 saga, mêsoyi 10 saga, cêngkèh 3, pala 5 saga, kêdhawung, cabe

sami 3, mrica pêthak 7, rasuk angin 3 saga, brambang satunggal kabakar kang

gosong, cokak 2 sendhok alit, sêkar kêsumba 2 saga. Dipunpipis mawi sarêm,

pangunjukipun en-/587/jing sontên.
Angka 1644 Jampi tiyang sawê141 rencang rare.

Êmpu kunir, êmpu bêngle, lêmpuyang sami 3 iris, bayêm siti panjangipun 3 dariji,

jong rahab 7 saga, mêsoyi, jintên cêmêng sami 10 saga. Kapipis dipununjuk

dumugi 20 dintên, lajêng dipunwêwahi cêngkèh 3, pala 3 saga. Dipunpipis

kaunjuk dumugi 40 dintên. Dipunwêwahi angunjuka jampi majamuju 10 saga,

kêrsani 5 saga, majakan satunggal, sarikuning, alim, mustakim, jintên pêthak

commit to user

141 *#sawêg

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
175

sami 3 saga, mêsoyi 5 saga, cêngkèh 3, pala 2 saga, mênyan madu 3 saga. Yèn
doyan dipundèkèki kênari sakêdhik, apyun 3 saga, godhong cubung salêmbar.
Sadaya kapipis kang lêmbat mawi toya jêram pêcêl, godhong pace salêmbar,
sarêm 3 wuku, dalima pêthak kang alit satunggal kabucal isinipun, nuntên
dipunlêbêti pipisan jampi wau lajêng kadang. Sabên badhe mapan tilêm, jampi
sadalimanipun kawor lajêng kaunjuk.

Angka 1645 Wêjah panunggilanipun jampi wau.
Godhong wahung, godhong gêndhayakan, godhong gêmpur watu, godhong
cukilan, godhong ilèr, godhong gondhang kasih, godhong wora-wari brit sadaya
sami 3 lêmbar, godhong asêm 1 tekem, gigil panjangipun sadariji, go-/588/dhong
tayuman 3 lêmbar, adas, pulasari sami 2 saga, brambang 3, dringo, bêngle,
lêmpuyang, têmu lawak, kunir sami 3 iris. Dipundhêplok, kagodhog lajêng
kapêrês toyanipun kaunjuk.

Angka 1646 Santun warni wêjah lare yèn sampun umur 3 wulan.
Godhong lampês 7 lêmbar, godhong sembukan 3 lêmbar, godhong saga satêkêm,
godhong ilèr 3 lêmbar, godhong gondhang kasih 3 punggêl, godhong kêji,
godhong wahung sami 3 lêmbar, godhong asêm nèm satêkêm, godhong sarab,
godhong têgalkiyu sami 3 lêmbar, kunir, têmu lawak sami 3 iris, brambang, jêram
pêcêl sami satunggal kapêndhêt toyanipun. Dipunwor kadhêplok kaliyan toya
wantah. Dipunpêrês lajêng kaunjuk.

Angka 1647 Panunggilanipun wêjah.
Godhong kêji 3 lêmbar, sêmanggi gunung satêkêm, godhong gêmpur watu,
godhong srikaya, godhong uwi sami 3 lêmbar, adas sasaga, godhong katumbar,
godhong wora-wari bang, godhong rêmpêlas, godhong urat, godhong pêrcita
sami 3 lêmbar, oyot druju panjangipun sadariji, godhong dêrês 3 punggêl, oyot
bayêm siti panjangipun /589/ 3 dariji, oyot rumput lulangan 3 rumput, oyot
rumput grinting 3, oyot pulasari 5 saga, dringo, bêngle, têmu giring, têmu lawak
sami 3 iris, kajêng lêgi, sêcang, widara pêthak sami 5 saga. Dipun-godhog
kangge toya pangunjukan. Manawi lare sakit malêmbung, kawêwahana godhong
irah-rahan.

commit to user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
176

Angka 1648 Wêjahipun rare manawi rare sampun puput pusêr.
Godhong gagan-gagan 7 lêmbar, godhong tegalkiyu 3 lêmbar, godhong tirêman 7
lêmbar, godhong saga 11 punggêl inggih sawêlas pang, godhong kasih 7 punggêl,
godhong saraban inggih godhong mayana punika godhong ilèr 3 lêmbar,
gokrêmah, godhong kara lawak, godhong patikan, godhong nangka, godhong
lampês, godhong sembung siti, godhong sembukan, godhong têguman, godhong
kêlampeyan sadaya sami 3 punggêl tuwin lêmbar, kunci, kunir, têmu lawak sami 3
iris, bêngle 5 iris, pace pêthak satunggal. Sadaya kadhêplok, dipunpêrês
toyanipun. Kaunjukna tiyang ingkang rencang rare ngantos dumugi 40 dintên.

Angka 1649 Wêjah sadèrèngipun bayi puput.
Godhong blimbing wuluh satêkêm, pupus nanas salêmbar, pupus dêling /590/ 3,
godhong uyah-uyahan, godhong sêrut, godhong kêmarogan sami 3 lêmbar,
godhong dêrês 3 punggêl, godhong lampês 7 lêmbar, sembukan 5 lêmbar,
godhong tapak liman 2 lêmbar, bung glonggong satunggal, dhak wuluh sauwit,
pace pêthak satunggal. Sadaya kadhêplok kaliyan êmpon-êmpon punika: kunir,
têmu lawak, bêngle sami 3 iris. Mawi toya tawa, asêm salêrak agêngipun, sarêm
sajumput, lajêng kapipis, kaunjukna kang nêsêpi.

Angka 1650 Punika gêgogodhong142 kang kangge wêjah.
Godhong dêrês, godhong poksor, godhong têgalkiyu, godhong ilèr, godhong urat,
godhong kurma, godhong lampês, saraban, godhong sembukan siti, godhong
karuklawak, godhong saga, godhong sembukan jawi, godhong tirêman, godhong
tapak liman, godhong luntas, sêmagi143 rêdi, godhong gudhe, bung glonggong,
sarêman wahung, pare, apa-apa, gagan-gagan, klapan, godhong kongko, patikan
jawi, godhong sariawan, godhong bludru, gêdhondhong 144 , pandrêman,
sêmbung, lêgundhi, gondhang kasih, srigadhing.

Angka 1651 Wêjah tiyang gadhah rare sadèrèngipun pu-/591/put.
Rumput dêngkèng wulung satunggal, godhong bêstru 3 lêmbar, godhong gagan-
gagan satêkêm, godhong tayuman 3 lêmbar, oyot sangga langit panjangipun 3
dariji, bonggol pacing panjangipun sadariji, têmu kuning, bêngle, têmu cêmêng,

142 *#gêgodhong commit to user
143 *#sêmanggi
144 *#kêdhondhong

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
177

kunir, têmu lawak sami 3 iris, têmu badhur sairis. Kapipis, dipunsaring lajêng
kaunjuk sapisan sabên dintên wanci enjing laminipun 15 dintên.

Angka 1652 Sakit angsalipun narik pulung manah asring dipunwastani
undhuk. Manawi kanthi ing badan bêntèr.
Têmu lawak 3 iris, pulasari saros dariji utawi sadim, adas 4 iji, kajêng lêgi saros
dariji, rasuk angin satunggal, brambang satunggal kabakar, sarêm 3 wuku.
Kapipis lajêng kaunjuk. Yèn saking ajeng sasakit wau mêndhêta têmu lawak 3
kabakar satunggal, jintên cêmêng, jintên pêthak sami 3 jumput, mêsoyi saros
dariji inggih sadim, kêmukus 7, kêncur 3 mêntah matêng, brambang satunggal
kabakar, jêram pêcêl satunggal dipuniris malumah kandêlipun kasamia arta
sadhuwit, sarêm 3 wuku. Sadaya wau kabakara satêngah matêng.

Angka 1653 Jampi sarikuning kangge tiyang nèm.
/592/ Têgari panjangipun 3 dariji, jaha kêling, jaha lawe sami 2, kajêng ulêt 3
kabakar, mênyan madu 4 saga, kapulaga 5 saga, majakan 3, jintên pêthak,
mungsi, sêkar apèn sami 5 saga, rasuk angin 4 saga, tlutuh pilang saglintir,
cêngkèh 3, klêmbak 3 saga, gintongan (murmak) 5 saga, daging, podhi, sari sami
3 saga, sari 5 saga, pulasari panjangipun sadariji, safran 3 saga, pucuk sasaga,
kêtos cêmêng sajumput, cêngkèh jalêr 3, jênitri 3 saga, jaha kêling 2 kabakar,
kajêng rapêt panjangipun 3 dariji, godhong kêmuning satêkêm, kajêng ulêt 3
kabakar, kajêng lêgi panjangipun sadariji, cêngkèh 5, sêkar pala 5 saga. Sadaya
kadhêplok dipundadosakên sadhêkan145. Yèn badhe jampi amêndhêta sajampèn
kemawon. Dipunpipis malih kang lêmbat mawi sarêm 3 wuku, jêram pêcêl
satunggal dipunpêndhêta duduhipun kaliyan toya mawar, kaunjuk sabên dintên
salêbêtipun 7 dintên.

Angka 1654 Jampinipun tiyang sakit sur.
Amêndhêta kajêng tawa kang nèm satêkêm dipuniris-iris nuntên dipunkumbah
kaliyan sarêm supados ical talutuhipun lajêng angrakita bumbu rujak, dipunwor
kaliyan ka-/593/jêng tawa wau. Dipuntêdha 2 dintên sapisan. Panêdhanipun rujak
punika ngantos rambah kaping 3 botên sakit malih. Tiyang kenging sakit sur
punika yèn botên sumêrêp asring dados pejahipun.

commit to user

145 *#sadhêgan

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
178

Angka 1655 Bokipun yèn tilêm nama jampi colong.
Kunci mêntah, matêng 2, sarêm 3 wuku, pucukipun cabe 3, êmpu kunir mêntah,
matêng 3, kêncur 3 iris, kapulaga 5 saga, apu agêngipun 2 kacang wose.
Dipunpipis kang lêmbat, toyanipun jêram pêcêl lajêng dipun-galindhingi. Yèn
rare sampun tilêm, jampi punika dipununtala sadaya. Laminipun angangge jampi
punika 7 dintên.

Angka 1656 Yèn dèrèng condhong jampi wau.
Godhong bakung kapipis kang lêmbat mawi madu, dipundamêl plèstêr kangge
tapêl sanginggiling tatunipun. Kang kangge agodhog146 toya pêrêsan godhong
asêm. Kang kadamêl ngumbah tatunipun wedang bêntèr sakuwawinipun.

Angka 1657 Yèn dèrèng condhong jampi wau.
Amêndhêta tape kadamêla kados plèstêr, katemplokna ing tatu nuntên katutupan
godhong pisang.

Angka 1658 Jampi tiyang sakit selakarang /594/ing pipi tuwin ing rai
utawi salêbêtipun balung sarta ing cangkêm gandanipun bacin.
Uwos sajumput, bawang sasiyung, sarêm 3 wuku, dringo sakacang wose, kêncur 2
kacang wose. Yèn badhe tilêm kamamah, kaulu toyanipun. Punika
dipunnamakakên parêm ing lêbêt. Yèn wanci bêdhug siyang amêndhêta godhong
trasèn sagêgêm, adas 2 jodho, pulasari 2 ros dariji, brambang satunggal. Kangge
pilis ing bathuk sabên dintên ngantos samantunipun.
Angka 1659 Jampi gudhig ing tangan.
Anaskun (sarung tangan) kacêlupna landha awu, sabên garing kacêlup malih.
Sakedhap-sakedhap kacêlup, mangke sagêt 147 mantun 4 dintên. Sanajan ing
badan, inggih kacêlupna mangkatên148.
Angka 1660 Jampi panu.
Amêndhêta sodhah kaliyan saltpètêr kasamiya wawratipun, dipunwori toya
kanggosok149 sabên dintên, punika mangke mantun.
Angka 1661 Jampi panu.
Sêkar lirang kagêrus kang lêmbat dipunwor kaliyan krèmêtar tumbasa Apotèkêr.

146 *#anggodhog commit to user
147 *#sagêd
148 *#makatên
149 *#kangge gosok

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
179

/595/ Angka 1662 Jampi ambei mêdal rah.
Kulit manggis kang garing tuwin kang têlês 3 iji dipundhêplok ingkang kasar
kemawon, dipunlêbêtakên ing toya 3 gêndul. Sabên kang sakit mêntas bêbucal
lajêng kakumbaha kang rêsik rumiyin nuntên dipunbilasi kaliyan toya dhêplokan
manggis punika utawi kagodhoga, panganggenipun mangêt.

Angka 1663 Jampi sawan kangge lare umur 5 dumugi 7, tuwin 9 wulan.
Jintên cêmêng 3 saga, mêsoyi panjangipun saros dariji, kêmukus 3, dringo sairis,
bêngle 2 iris, brambang 2 kabakar, kajêng lêgi panjangipun saros dariji. Kapipis
kaliyan toya, kaunjuk sabên siyang ngantos 3 dintên rambah kaping 2 sadintên.
Manawi ngangge jampi mutah, kenging tumrap rare tuwin tiyang sêpuh.
Anggosoka kalêmbak kaliyan pala dipunpipis, kasaring lajêng kaunjuk sarta
malih maruta malih jae kaliyan pala. Dipuntemplokakên pulung manahipun
ingkang sakit.
/596/ Angka 1664 Jampi tiyang wawrat kang sawanên ing padharan,

tandhanipun tiyang kang kenging sakit wau botên doyan nêdha tuwin
asring mutah, sirah sakit, badan gumêtêr, sabên ngadêg kêdah dhawah,
sarta kêrêp nguyuh, awis-awis anggènipun wawratan.
Godhong kelor 3 punggêl, adas 2 jodho, pulasari, kajêng lêgi sami saros dariji,
brambang 2 kabakar, nuntên dipunpipis kaliyan toya. Dipunsukani gêndhis arèn
saklungsu. Kaunjuk sagêt150 mantun badanipun.
Angka 1665 Panunggilanipun.
Mêndhêta anaking ulam sêmbilang namanipun ulam langir panjangipun 2 ros
dariji. Kabucal patilipun, kauntal mêntahan kaliyan pisang mas. Ingkang sampun
pawèstri wau lajêng wawrat.
Angka 1666 Panunggilanipun.
Oyot pandhan wangi panjangipun 3 dariji, godhong tuwin pupusipun sami
salêmbar, adas 2 jodho, pulasari 2 ros dariji. Dipunpipis kaliyan toya tawa lajêng
kangge ing badan sadaya.

commit to user

150 *#sagêd

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
180

Angka 1667 Toya pangombènipun.
Mrica pêthak 25 dipunpipis lajêng dipunwadhahingcangkir 151 , dipundèkèki
gêndhis pasir sakintên lêgi nuntên dipunsuri toya wedang kang sampun umêb.
Dipunombèkakên sadèrèngipun sakitipun kasrêpên dhatêng, dipundusi rumiyin,
nuntên ngunjuk wedang angêt punika kaliyan krukup ing-/597/kang rapêt.

Angka 1668 Jampi padharan kang karaos mulês.
Godhong sisik bêtok (godhong brosmaesa) sagêgêm, adas sajumput, pulasari
saros dariji, sêkar klapa ijêm 7, sêkar blimbing wuluh 5, gêndhis batu sajêmpol.
Kagodhog utawi kapipis kaliyan toya. Dipununjuk sabên dintên ngantos kèndêling
sasakit. Ampasipun kauwor lajêng kagosokakên ing padharan. Dipunwori
godhong isêp nanah utawi jampi punika sae kangge jampi wawratan rah umbêl.

Angka 1669 Jampi sakit barah rambat, Walandi mastani lassaris.
Tigan têkèk satunggal, Walandi mastani ekko, tigan cêcak pêthak 3 kalêbêtakên
ing tigan têkèk wau sarta dipunbolong sakêdhik, nuntên damêla kawat mas 2
utawi 3 saga. Kadamêl kang lêmbat nuntên dipunlêkêr kalêbêtna ing tigan têkèk
ugi. Kawangsulna kalamating tigan sarta dipunbungkus sêdhah kang kapanggih
rosipun. Katangsulan bênang ingkang kêkah. Siyang dipunpe 3 dintên, dalunipun
bun-bunakên. Yèn sampun tigan wau kairis kangge jampèni daging kang katingal
pêjah kadumuk-dumuka. Dene kawat jêne ing pundi ingkang a-/598/buh
dipuncablêsna. Kang sampun kalampahan jampi punika sagêt152 mulya.

Angka 1670 Panunggilanipun.
Mêndhêta dêmbagi sagobang yatra lami dipun-gêmblèng kang tipis sakulit
bawang, nuntên dipun-guntinga kang lêmbat-lêmbat. Dipunwadhahana bokor
dêmbagi kang kandêl, nuntên kapêrêsana kang prayogi, nuntên indêlna ing anglo,
ingkang kaangge latoni walirang ngantos sagêt153 ajur guntingan têmbaga wau.
Yèn toyanipun jêram asat kajogana malih. Yèn têmbagi sampun ajur lajêng
kausapna ing tatu tuwin kang abuh. Nanging anggènipun jampèni kêdah wontên
ing latar kang padhang. Sabab gandanipun bacin, satipun sami bêdal 154
andadosakên rêgêt ing griya. Yèn abuhipun sampun garing 14 dintên, lajêng

151 *#dipunwadhahi ing cangkir commit to user
152 *#sagêd
153 *#sagêd
154 *#mêdal

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
181

kenging malêbêt ing griya. Dene têtêdhan ingkang nêdha naming ulam tawar
kemawon, tanpa sarêm tanpa asêm. Botên kenging nêdha punapa-punapa kang
pêdhês utawi ulam sanèsipun, ngêmungakên sêkul ulam tawar.

Angka 1671 Jampi kang kaunjuk.
Kapulaga wawrat ½ dhuwit, walirang brit sadhuwit, madu 1 ½ dhuwit, lingsah
wijèn sadhuwit, lajêng /599/kapipis kang lêmbat. Kauntal ngantos 14 dintên
laminipun.

Angka 1672 Toya padusanipun.
Mêndhêta toya laut ingkang têngah inggih punika toya ingkang biru, kadamêl
adus. Sadintên rambah kaping 2 utawi 3.

Angka 1673 Pangunjukipun.
Godhong pacar jawi sakarukipun sakêbaking kuwali, cêndhana jênggi, widara
pêthak, sêcang, sêkar pulu, rasuk angin sami wawrat 10 saga, jamur impês 5
saga, brambang wawrat 1 ½ dhuwit, lajêng kagodhog kang matêng. Kaunjuk
sabên dintên.

Angka 1674 Udutipun tiyang sakit barah rambat.
Walirang brit kagosok kauwor cindhe amoh kaliyan pucuk kêlut 3 jumput.
Kalinting ing klaras pisang saba.

Angka 1675 Jampi tiyang kapatil ulam, kacakot sawêr, utawi sanèsipun
kang mawa upas.
Godhong angan-angan kagosokakên lajêng mantun. Kangge misaya andhapan,
godhong utawi wohipun, janji nêdha lajêng pêjah. Dene uwitipun marambat,
panggènanipun ing wana Banjarmasin kathah. Asalipun ing ladhang,
godhongipun ugi eca kangge jangan. Dene wohi-/600/pun raosipun lêgi,
êpangipun katanêm pundi-pundi sagêt155 gêsang.
Angka 1676 Manawi badhe damêl sêkar ramping.
Pandhan wangi sakajêngipun kathah sakêdhik karajang kang lêmbat, sêkar
mêlathi dipunsuwiri, sêkar pacar cina, pacar jawi, sêkar tanjung, godhong dlima
dipunrajang kawor kaliyan kojam, dhèdhès, sarta jêram purut kaparut, kêncur,
lêmpuyang prit sami dipunparut, toya sakêdhik, lajêng dipunpêrês kapêndhêt

commit to user

155 *#sagêd

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
182

toyanipun. Dipunwor ing pandhan wau rumiyin lajêng dipunwor ing sanès-
sanèsipun.

Angka 1677 Jampi pawèstri badhe gadhah rare.
Kêpithing cawèl ing pagêr kapêndhêta cawèlipun, inggih punika kêpithing kang
tiganipun kêlèt sajawining wêtêng. Dipuntoyani arak, dipununjuka dhatêng tiyang
ingkang badhe rencang rare sagêlas anggur. Sabên badhe ngunjuk dipun-ngêt,
tirahanipun kenging karimatan ing gêndul kangge lami satêlasipun. Yèn sampun
ngunjuk jampi lajêng angorea rambut, bun-bunanipun kasêbul.

Angka 1678 Sakit bèri-bèri kang katingal mêncèrèt, bangsa Mlayu
mastani bokbakut (suku abuh).
Tamtu dipunparêmi utawi dipunboboki ing sukunipun. Salêbêting buku tamtu
sampun wontên jampi punika.
Angka 1679 Jampi sriawan tuwin sakit ilat kangge tiyang sêpuh ingkang
botên doyan nêdha, wontênipun sa-/601/kit sriawan saking têtêdhan
kêkêcut tuwin pêpêdhês.
Tiyang sakit mangkatên156 punika dipunkathahana panêdhanipun daging supados
mundhak kuwat ing badanipun margi sampun kathah anggènipun wawratan sarta
dipunkathahana sabarang têtêdhan angsal saking galêpung. Sampun ngantos
nêdha kêkêcut sarta pêpêdhês, dados ilat kang malênthung botên mêcah. Tiyang
ingkang kanggènan sakit makatên punika lajêng mêndhêta godhong jambu
kluthuk 500 lêmbar kakumbah kang rêsik. Kang kangge ngumbah wedang
mangêt-mangêt tumuntên kapipis kaliyan wedang bêntèr, pala dipunwor mipis 1
saga, pamipisipun sampun ngantos ajur, runyah-runyah kemawon nuntên
dipunbuntêl sinjang, kapêrês toyanipun sagêlas bêntèr kaunjuk ambal kaping 3,
enjing, siyang, sontên. Sampun ngantos angunjuk minuman sanèsipun, manawi
ngêlak angunjuka wedang kang sampun asrêp, sampun angunjuk toya tawa.
Manawi miturut wêwarah punika mangke salêbêtipun 5 dintên mantun.
Angka 1680 Jampi tiyang sakit mêjên.
Godhong manggis 20 lêmbar ugi kadamêl kados ing ngajêng wau. Botên kenging
ngunjuk toya asrêp, angêmungna nêdha jênang pathi garut kemawon.

commit to user

156 *#makatên

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
183

Angka 1681 Jampi tiyang sukunipun tatu.

/602/ Tumbasa krèmêkar (panggènan Apotèkêr) dipunwori walirang sakêdhik

kaliyan kajêng lêgi panjangipun sadariji. Dipun-godhog lajêng kaunjuk.

Angka 1682 Kangge nutupi tatunipun.

Sabagian walirang, ½ bagean poas. Dipunwori lingsah klêntik kangge ngêpap.

Yèn tatunipun sampun kakumbah rêsik lajêng katutupana jampi punika tumuntên

kabuntêl utawi kablêbêt.

Angka 1683 Jampi kadhasên, Walandi mastani ringporêm.

Bêningan toya apu dipundèkèki saltpètêr kaliyan sêndawa dipunkosokakên ing

tatunipun.

Angka 1684 Jampi sakit encok, Walandi mastani rêmêik.

Lingsah petroliyum kagosokakên kaliyan wacucal maenda ing pundi lêrêsipun
panggènanipun kang karaos sakit sabên dintên. Pagosokin157 sawulan kemawon

mantun.

Angka 1685 Jampi sakit korèngên.

Lingsah petroliyum kaangge gosok utawi kenging kaangge gosok gudhig ugi

mantunakên.

Angka 1686 Jampi tatu ing dariji.

Pathi têmu dipundèkèki asêm agêngipun sajêmpol, sarêm sawuku. Pipis kang

lêmbat nuntên dipunwungkus ing godhong pi-/603/sang. Kangge ambênêm, awu

kang taksih bêntèr nuntên katemplokna ing pundi lêrêsipun driji kang sakit sabên

dintên.

Angka 1687 Panunggilanipun.

Amêndhêta kladhi dipundhêplok, dipunpêrês, kawungkus, dipunbênêm ing awu

bêntèr, nuntên katemplokna ing dariji, kapara bêntèr panganggenipun.

Angka 1688 Bumbunipun adamêl ragi.

Wos sapitrah kaglêpung, kajêng lêgi ¼ kati, bawang kang agêng 7 siyung, cabe

satêngah kati. Kapipis dados satunggal mawi toya jawi, lajêng dipun-galindhingi.

Bilih badhe glindhingi dipunwêwahi cabe 3, kajêng lêgi panjangipun 3 dariji.

Dipunwor kaliyan toya, manawi sampun dipun-galindhingi lajêng kape. Yèn

sampun garing kenging kaangge tape sêkul utawi kêtan. Sêkul wau dipunlèr ing

commit to user

157 *#panggosokipun


Click to View FlipBook Version