The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by yanlabherbalmmb, 2021-08-11 20:53:52

Buk Jampi Jampi Jawi

Buk Jampi Jampi Jawi

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
84

/414/ Angka 1104 Jampi sakit toyan tumrap ing tiyang èstri sêpuh.
Klapa abrit kang sawêg mudhun saking wit satunggal, godhong mêniran pêthak 7
lêmbar, ingkang godhongipun abrit 7 pang, bawang 7 siyung, têmu kunci, pala
sami 7 iris, sadaya bumbu kalêbêtna ing klapa nuntên dipunbun-bunakên. Isarat
kang marasi klapa tiyang jalêr lajêng pangunjukipun sadintên kaping 3.

Angka 1105 Jampi tiyang jalêr sakit toyan.
Amêndhêta karang wululu34 laut 3 tugêl, punika dipunwastani kêrang suwoh.
Ingkang kalih dipunidak ing suku, ingkang satunggal dipunbakar mangêt-mangêt
dipunuyuhana, lajêng kabucal. Ingkang dipunidaki wau lajêng dipunworana iris-
irisan kalapa saros dariji, sêrba satugêl. Kapipis lajêng dipununjuk, dene
tirahanipun kawêwahana toya jawi, kadamêl anapêli padharan.

Angka 1106 Jampi sakit toyan rah kangge tiyang sêpuh.
Manggar klapa 7 kapipis lajêng dipunwor kaliyan puwan lêmbu 2 sendhok bêling.
Kasaring nuntên kaunjuk.

Angka 1107 Panunggilanipun jampi sakit toyan kangge tiyang sêpuh.
Godhong mêniran satêkêm, kunir 5 iris, kêtumbar 20 /415/iji, jintên cêmêng
sacêkothokan. Kagodhog, dipununjuk kados wedang.

Angka 1108 Panunggilanipun jampi toyan.
Godhong undhung 3 lêmbar, adas 3 jodho, pulasari panjangipun sadariji, jong
rahab 5 saga, gêlam 7, rasuk angin 5 saga, kajêng anyang 3 kabakar, klabêt 3
saga, jamur impês 3 saga, jamur brama 5 saga, tinja sawêr sawa 3 saga, sêcang,
widara laut sami 5 saga, timun wuku satunggal, lalêr 3, kajêng tinja 5 saga,
brambang satunggal kabakar, têmu tis 3 iris. Kapipis kangge tapêl.

Angka 1109 Jampi sakit toyan santun warni.

Godhong cakobak 2 lêmbar, godhong gagan-gagan satêkêm, godhong saga,

sêmanggi gunung, godhong landêp, jêpan, rumput grinting sami satêkêm,

babakan tanjung panjangipun 3 dariji, godhong mêniran satêkêm, kajêng timur,

cêndhana jênggi, kajêng padma sami 5 saga, karang abrit 10 saga kabakar, adas

5 saga, pulasari panjangipun sadariji, jong rahab 5 saga, polang 7, rasuk angin 5

commit to user

34 *#wulu

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
85

saga, klabêt 3 saga, sidawayah 4 saga, tinja sawêr sawa tuwin jamur impês sami
3 saga, jamur brama, sêcang sami 5 saga, widara pêthak 6 saga, kajêng tinja 3
saga, kajêng anyang 7, godhong /416/kêji 7 lêmbar. Kagodhog ing kriyuk,
toyanipun dipunkêbaki kakantuna sapalih, kadamêla ngunjuk sabên dintên.

Angka 1110 Jampi tiyang èstri.
Sêdhah têmu rose 7 lêmbar, kêmukus 7. Kapipis kaliyan toya. Patrap
pangunjukipun dipunlêti sabên dintên ing wanci sontên. Dhêploka jae 3 iris
kaliyan sarêm pangaji sigar. Dipunwadhahi ing cangkir nuntên dipunsuri wedang
kang sampun umub. Manawi sampun asrêp dipununjuk ing wanci sontên wau.

Angka 1111 Jampi sakit èstri santun warni.
Godhong luntas satêkêm, godhong andon wau satêkêm, godhong anggêmpur wau
3 lêmbar, grêgês otot satêkêm, bung glonggong, bêthotan nanas, pupus nanas 3,
adas sasaga, pulasari panjangipun sadariji, brambang 3, godhong kêji 3 lêmbar.
Kagodhog, manawi sampun asrêp kaunjuk.

Angka 1112 Jampi sakit èstri santun warni.
Oyot arèn panjangipun 3 dariji, oyot têbu mlangi satêkêm, oyot slèdri 3, godhong
blimbing wuluh 3 lêmbar, rasuk angin 3 saga dipunbakar, kajêng sêcang 5 saga.
Sadaya kagodhog lajêng dipununjuk.
/417/ Angka 1113 Tapêlipun sakit èstri.
Godhong landêp satêkêm, brambang 3. Kapipis, manawi sampun asrêp
katapêlakên.

Angka 1114 Jampi sakit toyan kaunjuk.
Godhong gêmpur tuwin puspanyidra sami 3 lêmbar, adas sasaga, pulasari,
kajêng lêgi panjangipun sami sadariji, jong rahab 5 saga, kajêng anyang 7,
brambang 3, godhong kêji 3 lêmbar. Dipundhêplok mawi toya, kasaring nuntên
dipununjuk. Ampasipun kaparêmna ing padharan.

Angka 1115 Jampi pangunjukanipun tiyang sakit toyan.
Godhong kêpundhung 3 lêmbar, sêcang 5 saga, kajêng anyang 7 kabakar, lajêng
kagodhog kangge toya pangunjukan.

Angka 1116 Tapêlipun tiyang sakit èstri.
Godhong poksèr 3 punggêl, adas sasaga, pulasari panjangipun sadariji,
brambang 3. Kapipis lajêng dipunctoampêmlaitkêton.user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
86

Angka 1117 Jampi selakarang ugi kawastanan lêstrung.
Sêcang 5 saga, kajêng tinja 7 saga, cêndhana jênggi tuwin kajêng padma sami 5
saga, widara pêthak 7 saga, angkup jambe 3 saga, kara loke satugêl, jamur impês
tuwin rasuk angin sami 3 saga, adas sasaga, pulasari 5 saga, brambang 3
kabakar, êmpu kunir satunggal kairis dados 3, dri-/418/ngo 3 iris, sela karang 5
saga. Kapipis kang lêmbat nuntên kasaring lajêng kaunjuk.

Angka 1118 Jampi selakarang yèn ngumbêl.
Godhong turi brit sawungkusan, godhong pisang sadim mubêng, manis jangan
panjangipun 7 dim, pulasari panjangipun 6 dim, lajêng kagodhog kaliyan
godhong turi brit wau. Sabên enjing kaunjuk.

Angka 1119 Jampi selakarang santun warni.
Adas 3 jodho, pulasari 5 saga, kajêng tinja 5 saga, sêcang 4 saga, widara pêthak
tuwin cêndhana jênggi sami 5 saga, kajêng lêgi panjangipun sadariji kabakar,
kajêng padma 5 saga, jintên cêmêng 3 saga, kara loke satugêl, bluluk kalapa 5
saga, pala 3 wos, brambang 3 kabakar, têmu giring, têmu lawak sami 3 iris,
lajêng kapipis, dipunsaring nuntên kaunjuk.

Angka 1120 Jampi selakarang santun warni.
Godhong tanjung nèm 7 lêmbar, sarikuning nèm 7 saga, jintên cêmêng 5 saga.
Kapipis kang lêmbat tanpa toya. Yèn sampun, sinjang pêthak dipundèkèkna
cangkir lajêng dipundèkèki pipisan jampi. Yèn botên mawi jêram, mawi
brambang /419/lajêng dipunkêcêrna ing irung.

Angka 1121 Jampi encok wontên ing sirah.
Jintên cêmêng 10 saga, jintên pêthak 5 saga, mêsoyi panjangipun sadariji, sintok
panjangipun sadariji, sêprantu satunggal dipunbakar, cêngkèh 7, pala satugêl,
cabe 3, podhi 5 saga, sari 7 saga, sêkar apèn 5 saga, têki 3, sêcang 7, inggu
sakacang wose, kêdhawung 3 kabakar, mungsi 7 saga, murmak, tuwin daging
sami 3 saga, dringo, bêngle sami 3 iris, godhong lampês tuwin sembukan sami 3
lêmbar, bawang 3 siyung, lêmpuyang, têmu cêmêng, têmu lawak, têmu giring
sami 3 iris, duduh jêram pêcêl satunggal, laos 3 iris, babakan pule 5 saga, lajêng
kapipis mawi toya nuntên kasaring. Inggunipun manawi badhe ngombe sawêg
dipunjuri mawi sarêm 3 wuku, lajêng kaunjuk.

Angka 1122 Jampi encok icnogmsmiriathtosaunsteurn warni.

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
87

Adas sasaga, pulasari 4 saga, kêmukus 3 jodho, jintên cêmêng, mêsoyi , kêtumbar
sami 5 saga, mungsi 3 saga, sintok 4 saga, sêprantu satunggal dipunbakar, jamur
brama 3 saga, sari naga 5 saga, cabe jawi satugêl, sunthi, kêncur sami 3 iris,
widara pêthak 5 saga, jae, têmu giring sami 3 iris, nuntên kapipis kaliyan toya
mawi asêm saklungsu, sarêm /420/ 3 wuku, lajêng dipununjuk.

Angka 1123 Jampi sêninjong utawi kêmatus.
Laos, kunci, têmu lawak, kunir, lêmpuyang tuwin jae sami 3 iris, kajêng manis
jangan panjangipun sadariji kabakar, brambang satunggal, bawang sasiyung,
sêprantu satunggal dipunbakar, rasuk angin 5 saga, sintok 7 saga, cabe sulah
tuwin sari sami 5 saga, ganthi 3 saga, murmak 2 saga, daging 4 saga, kêtumbar 5
saga, mungsi 3 saga, jintên cêmêng 4 saga, jong rahab 7 saga, kêdhawung 3
kabakar, pulasari panjangipun sadariji kabakar, jênitri 3, majakan 2, kêmukus 7,
lirang saklungsu, prusi sakacang wose, gadhung 10 saga, kajêng mêgatsih
panjangipun 3 dariji, kulit ulam mimi, sêcang, widara pêthak sami 5 saga. Punika
dipunpêndhêt sakdhik-sakdhik, kakintêna cêkap jampi sapisan lajêng dipunpipis,
kauwora kaliyan godhong lampês 7 lêmbar, sembukan 3 lêmbar, godhong
pandêrman 7 lêmbar, godhong tlasih 3 punggêl, bêngle, têmu lawak, lêmpuyang,
kunir, dipunbakar sami 3 iris. Dipun-garingakên, kadhêplok kangge sadhêgan.
Yèn badhe ngangge mêndhêta sajampèn dipuntoyani pêrêsan têmu tuwin
godhongan tuwin pêrêsan jêram pêcêl satunggal, /421/dipunwêwahi malih
godhong ilèr 7 lêmbar, godhong kacang tunggak 7 lêmbar, godhong gundha 3
lêmbar. Kasarêng pamipisipun mawi sarêm 3 wuku, kasaring lajêng dipununjuk.

Angka 1124 Jampi sêmêlak, manawi tiyang wawratan botên kèndêl-
kèndêl. Jampi punika prayogi kangge tiyang mêjên tuwin sakit kolerah.
Sintok 5 saga, sêprantu sadariji dipunbakar, mêsoyi sarta jintên cêmêng sami 5
saga, kêmukus 7, cabe jawi satunggal, podhi, sari sami 5 saga, murmak 4 saga,
daging 3 saga, kêtumbar, mungsi sami 5 saga, kêdhawung satunggal kabakar,
lêmpuyang prit 3 iris kabakar, têmu, kunci sami 3 iris kabakar kang satunggal
mêntah, kulit rambutan satugêl. Kapipis, dipunsaring. Sarêm 3 wuku, toyanipun
wedang panas lalajêng35 kaunjuk.

commit to user

35 *#lajêng

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
88

Angka 1125 Jampi Sênèn Kêmis prayogi tumrap tiyang èstri sêpuh nèm

lêma dhatêng badan.

Cêngkèh 3, gêlam 3 saga, kêmukus 7, jong rahab 10 saga, cabe jawi satunggal,

mrica sulah 4 saga, kêtumbar 10 saga, trawas 3 lêmbar, sêkar kêsumba 5 saga,

sêprantu satunggal kabakar, kêdhawung satunggal dipunbakar, sintok, mêsoyi

sami 5 saga, bawang sasiyung, brambang satunggal, kunir, kêncur sami 3 iris.

Kapipis mawi toya sarta asêm saklungsu, sa-/422/rêm 3 wuku, lajêng kaunjuk.

Angka 1126 Jampi samêlak kangge tiyang wawratan rah umbêl.

Kêtumbar, mungsi sami 5 saga, sintok 7 saga, sêprantu satunggal dipunbakar,

adas sasaga, pulasari panjangipun sadariji, podhi 5 saga, sari 7 saga, sêkar

kêsumba 5 saga, cêngkèh 5, pala saklungsu, mrica 7, cabe satunggal, kêmukus 7,

kapulaga tuwin murmak sami 5 saga, daging 4 saga, klabêt 3 saga, waron 3 saga,

wiji sawi, jong rahab, tuwin kajêng padma sami 5 saga, kajêng timur 5 saga,

manis jangan panjangipun sapalih dariji, brambang satunggal kabakar, têmu

lawak, lêmpuyang, kunci, kêncur sami 3 iris, jêram purut sairis, kulit babakan

maitan 5 saga, godhong salam salêmbar, babakan kêlayu, babakan dhadhap srêp

sami sadariji, kêrikan sêcang, kajêng lêgi, widara pêthak, kajêng tinja, kajêng

timur, cêndhana jênggi sami 5 saga, babakan jambu kluthuk panjangipun

sadariji, dringo, bêngle sami 3 iris. Kapipis kang lêmbat, toyanipun pêrêsan

jêram pêcêl, mawi sarêm 3 wuku. Dipunsaring lajêng kaunjukna dhatêng

sadhengah kang sakit wawratan rah umbêl, jalêr, èstri tuwin rare kang u-

/423/mur 10 utawi 15 taun kenging ngangge jampi punika.
Angka 1127 Jampi sèdhêkan36 kangge tiyang èstri nèm.

Jintên cêmêng 5 saga, mêsoyi 7 saga, sintok 5 saga, sêprantu satunggal kabakar,

kêmukus 7, kapulaga 7 saga, kêncur 2 iris, cêngkèh 5, pala saklungsu, manis

jangan panjangipun sadariji kabakar, podhi, sari, jênitri sami 5 saga, adas

sasaga, pulasari panjangipun sadariji, murmak 5 saga, daging 4 saga, sêkar pule

5 saga, mênyan madu 3 saga, êmpu kunir, têmu lawak, têmu giring, têmu tis,

kunci kuning sami 3 iris, kunci pêpêt satunggal, lêmpuyang prit, jae, sunthi sami 3

iris, alim 5 saga, dringo, bêngle 3 iris, majamuju 5 saga, sarikuning 7 saga,

karsani 6 saga, sêkar lawang 2 jodho, sêkar apèn 5 saga, jamur brama 3 saga,

commit to user

36 *#sadhêgan

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
89

jamur impês 5 saga, jêram pêcêl satunggal, jong rahab sarta kêtumbar sami 7

saga, trawas 3 lêmbar, wiji sawi, wijèn, pandêki, suksma diluwih, mêgatsih sami 5

saga, klabêt 3 saga, cangkok 7, sidawayah 4 saga, kajêng tinja 3 saga, cêndhana

4 saga, widara pêthak 7 saga, kajêng garu 6 saga, waron 6 saga, mrica 5 saga,

cabe satunggal kabakar, godhong dilêm 3 lêmbar, pandhan wangi salêmbar,

sêkar kênanga kang nèm satêkêm, sêkar kanthil satunggal kapêndhêt kulitipun,

sê-/424/kar pacar jawi saêpang, sêkar pacar cina satêkem, sêkar kêmuning

satêkêm, cêndhana jênggi, klêmbak sami 5 saga, pucuk, ganthi sami 3 saga, têgari
panjangipun sadriji. Dipundhêplok kangge sadhêkan 37 . Yèn badhe ngangge

mêndhêt sacêkapipun sajampèn kemawon. Dipunpipis malih mawi toya wedang

kang taksih bêntèr mawi sarêm 3 wuku, lajêng dipununjuk.

Angka 1128 Jampi sêninjong kaunjuk sawulan sapisan.

Adas sasaga, pulasari 10 saga, podhi, sari sami 5 saga, rasuk angin 3 saga, wiji

sawi, wijèn sami 5 saga, sintok 10 saga, sêprantu satunggal kabakar, jintên

cêmêng 5 saga, mêsoyi 10 saga, jintên pêthak tuwin sêkar pala sami 5 saga,

cêngkèh 5, pala saklungsu, ganthi, pucuk, murmak sami 3 saga, daging 5 saga,

cangkok 7, klabêt 3 saga, sidawayah tuwin sêkar apèn sami 5 saga, têgari 7 saga,

waron 5 saga, kajêng anyang 3, kajêng ulêt satunggal, kajêng lêgi tuwin jong

rahab sami 5 saga, manis jangan panjangipun sadriji, jaha kêling satunggal

kabakar, majakan 2, jaha lawe satunggal, unêm 3, kapulaga, kêtumbar sami 5

saga, kêdhawung 3 dipunbakar, klêmbak tuwin ragi sami 3 saga, tape uwos

saglintir, lirang saklungsu, prusi sauwos, mênyan madu sa-/425/klungsu, inggu

sakacang, kajêng sêcang tuwin widara pêthak sami 5 saga, kajêng cêndhana 3

saga, kajêng tinja 5 saga, kêmukus tuwin mrica sami 7, cabe satunggal, dringo,

bêngle, laos, jae, sunthi, lêmpuyang, kunci, kêncur, têmu lawak, têmu cêmêng,

têmu giring, têmu tis, tuwin êmpu kunir sadaya sami 3 iris, brambang satunggal,

bawang sabungkul, kêmiri gêpak satunggal kabakar, botor 3, babakan pule 5

saga kabakar, babakan salam panjangipun sadriji, kulit rambutan satugêl, isi

cubung kasiyan 5 saga, lajêng kagorèng sangan dados satunggal lajêng
kadhêplok dipundamêl sadhêkan38. Yèn tiyang jaler kang badhe jampi namung

mêndhêta sacêkapipun lajêng kapipis malih. Ingkang kadamêl toya cokak mawi

37 *#sadhêgan commit to user
38 *#sadhêgan

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
90

sarêm 3 wuku. Manawi ngunjuk sadalu sapisan. Yèn tiyang jalêr wau botên

gadhah anak lajêng gadhah anak.

Angka 1129 Jampi sêpêt kangge tiyang gadhah rare 40 dintên.

Kapur barus 3 saga, tinggi satunggal, manis jangan panjangipun sadriji, jintên

pêthak 5 saga, mêsoyi, sintok sami 7 saga, sêprantu satunggal kabakar, majakan

3, kunci 3 iris, adas sasaga, pulasari 5 saga, podhi 3 saga, sari 5 saga, mênyan

madu 5 saga, cêngkèh 7, pala satugêl, sarikuning 5 saga, jaha lawe 2 iji, jaha

kêling 2, cabe satunggal, mrica 5 saga, kêmukus 7, kêncur 3 iris, kapulaga 5

saga, mur-/426/mak 4 saga, daging 3 saga, unthuk cacing dipunbakar kang

ngantos abrit, jambe amilih kang bundêr 3 iris, kopi jalêr 3, sidawayah 5 saga,

sêkar pule 10, waron 5 saga, klabêt 4 saga, wiji sawi 5 saga, têki, cangkok sami 7,

sêkar lawang 3, sêkar apèn 5 iji, sêkar padma tuwin sêkar suksma diluwih sami 5

saga, mêgatsih panjangipun 3 dariji, pandêki 7 saga, tlutuh pilang 3 glintir,

pucuk, ganthi, klêmbak, jadham sami 3 saga, sêcang 5 saga, widara pêthak 7

saga, cêndhana 3 saga, kajêng tinja 3 saga, kajêng lêgi 5 saga, kêdhawung 3

kabakar, isi kêcubung wulung 4 saga, isi jêram pêcêl satunggal. Sadaya êmpon-
êmpon kairis-irisiris 39 kang tipis-tipis, kakumbah kaliyan toya apu. Dipunpe
ingkang garing lajêng dipunpipis malih kangge sadhêkan40. Ing ngandhap punika

namanipun sadaya êmpon-êmpon sarta gogodhongan ingkang badhe kangge.

Dringo, bêngle, jae, sunthi, kêncur, laos, lêmpuyang, kunci, kunir, têmu lawak,

têmu cêmêng, têmu giring, têmu tis, têmu glènyèh pêthak sami 7 iris.

Punika gêgodhonganipun: godhong kêmarogan 7 lêmbar, godhong tlasih 3

punggêl, godhong gondhang kasih 3 punggêl, godhong ilèr 7 lêmbar, godhong

lampês 3 punggêl, /427/sembukan 7 lêmbar, dhukut jarêm satêkêm, rumput

grinting satêkêm, oyot rumput lungan 3, tuwin oyot lêmpuyangan satêkêm, oyot

tapak liman 3, tuwin rajasa satêkêm, godhong wali kadhep 3 lêmbar, pupus

godhong garut 7 lêmbar, godhong pakis kawat satêkêm, godhong mêniran

satêkêm, godhong grêgês otot satêkêm, godhong krêmah satêkêm, godhong gêtas

watu 3 lêmbar, godhong gêmpur 3 lêmbar, godhong gêmprit 3 lêmbar, godhong

sangka sêrut 7 lêmbar, godhong ila-ila 7 lêmbar, godhong saga satêkêm, godhong

pulutan 7 lêmbar, godhong sidaguri 3 punggêl, godhong sinom satêkêm, godhong

39 *#kairis-iris commit to user
40 *#sadhêgan

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
91

kara pêthak 7 lêmbar, godhong apa-apa satêkêm, godhong waru 4 punggêl,

pisang suluh saulêr, pisang mêntah 3 ulêr, wuluh 7 ros, godhong cipir 7 lêmbar,

godhong klayu 7 lêmbar, godhong têtêr 7 lêmbar, godhong jambe 3 punggêl,

janur jêne 3 tangkêp, pupus nanas 3, godhong dlima pêthak satêkêm, bung

glonggong saêpang, godhong tundhung 7 lêmbar, godhong orang-aring punggêl,

pucuk sujèn 3, sêpêt klapa ijêm panjangipun sakilan agêngipun 2 driji, pupug-

/428/an lèr wetan 2 jumput, babakan pule 3 jumput, godhong salam 7 lêmbar,
godhong surèn 7 lêmbar, babababakan41 dhuwêt panjangipun 4 driji, godhong

jêram macan, godhong jêram pêcêl, godhong jêram purut sami 7 lêmbar, kulit

manggis sapalih, kulit rambutan satunggal, kulit jêram cina satêkêm, godhong

jambêt bol, godhong jambêt kalampok, godhong jambêt kluthuk sami 7 lêmbar,

godhong dhadhap srêp, godhong gêmpol, godhong pucung sami 3 lêmbar,

godhong wungu 7 lêmbar, babakan kênanga panjangipun 7 driji, babakan kanthil

panjangipun 2 driji, godhong kêmuning, godhong pacar jawi, tuwin pacar cina

sami satêkêm. Sadaya punika kagorèng ing sangan nuntên kapipis kang lêmbat

kadadosakên sadhêgan. Yèn badhe ngangge mêndhêta sajampèn kemawon sarta

naming kaunjuk sapisan. Toyanipun cokak mawi sarêm 3 wuku sabên jampi

makatên.

Angka 1130 Jampi kangge yèn sampun 40 dintên.

Adas 4 saga, pulasari 5 saga, kajêng lêgi 3 saga, manis jangan panjangipun

sadariji, sêprantu satunggal kabakar, kêmukus 7, majamuju 10 saga, sarikuning 7

sa-/429/ga, podhi 7 saga, sari 7 saga, daging 7 saga, majakan 3, jaha lawe 3,

jaha kêling 2, cangkok abrit tuwin sidawayah sami 10 saga, ragi 5 saga, sêkar

padma 7 saga, oyot têgari panjangipun 3 dariji, kajêng garu ramês 7 saga.

Kajêng sadaya kakêrik lajêng dipundhêplok. Kapipis, toyanipun dipunwori jêram

pêcêl sarta sarêm 3 wuku.

Angka 1131 Jampi singgul kadamêl ngêdalakên angin.

Jintên cêmêng, pêthak sami 15 saga, kêmukus 15, mêsoyi, sintok panjangipun

sami sadariji, sêprantu satunggal kabakar, dringo panjangipun sadariji, bêngle,

kêncur sami 5 iris, jêbug 3 iris, angkup jambe nèm satunggal, pêrêsan jêram

pêcêl satunggal, sarêm 3 wuku. Kapipis lajêng kaunjuk.

commit to user

41 *#babakan

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
92

Angka 1132 Jampi kocokan manawi tiyang èstri badhe gadhah lare, atau
kasêsa anyakiti.
Mrica 7, laos, cabe sami 3, bawang sasiyung, sintok, mêsoyi, jintên pêthak sami 5
saga, sêprantu satunggal kabakar, susuh tikus 3 saga, cangkang tigan ayam
angrêm sacuwil, dringo sasaga, bêngle 3 iris, kêtumbar 6 saga, kêncur 3, sunthi
sami 3 iris, angkup waru 3 punggêl, lingsah klêntik enggal sasendhok alit kaliyan
to-/430/ya. Kapipis, dipunsaring lajêng kaunjuk.
Angka 1133 Jampi kocokan kangge tiyang wawrat sêpuh.
Têmu lawak, têmu pêthak, lêmpuyang sami 3 iris, bawang 2 siyung, dringo,
bêngle sami 3 iris, kajêng lêgi, manis jangan panjangipun sami sadariji, sintok 10
saga, sêprantu satunggal kabakar, pala satugêl, cabe satunggal, laos 3 iris, mrica
5 saga, kêmukus 7, jong rahab 10 saga, kêtumbar 10 saga, mungsi 5 saga,
godhong têtêr, godhong girang sami 3 lêmbar karajang kang lêmbat. Jampi
dipunpipis lajêng dipununjuk.
Angka 1134 Panunggilanipun jampi kocokan.
Cêngkèh 5, pala satunggal, mrica 15, cabe kang agêng satunggal kabakar,
sêprantu satunggal sami kabakar, kajêng anyang tuwin kêdhawung sami
satunggal, ganthi 3 saga, sintok sami 3 saga, mêsoyi 5 saga, manis jangan
panjangipun sadariji, kajêng lêgi 5 saga kabakar, kêtumbar 5 saga, trawas
salêmbar, jintên pêthak 3 saga, cabe satunggal, cabe sulah 3 saga, jong rahab 5
saga, sêkar apèn 3 saga, susuh tikus 5 saga, sungut urang satunggal, dringo,
bêngle, têmu lawak, têmu cêmêng, laos sami 3 iris, kêncur /431/sairis, kunir 7 iris,
bawang jalêr kang alit satunggal, godhong waru 3 punggêl, gagang sêdhah 7 ros.
Kapipis kaliyan toya, kasaring lajêng kaunjuk.
Angka 1135 Panunggilanipun jampi kocokan.
Sabên dalu padharanipun dipun-gosok ing lingsah cacil ingkang waradin.

Angka 1136 Jampi kocokan kangge tiyang badhe gadhah rare.
Dringo, bêngle, lêmpuyang sami 3 iris, sintok 5 saga, pucukipun cabe 3, sêprantu
satunggal dipunbakar, kêtumbar, mungsi sami 5 saga, jong rahab 10 saga, gêlam
7, jintên cêmêng 5 saga, mêsoyi, kêmukus sami 7 saga, bawang sasiyung. Kapipis
kaliyan toya lajêng kaunjuk. commit to user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
93

Angka 1137 Jampi kocokan malih.
Cabe 3, lêmpuyang, dringo, bêngle sami 3 iris, sintok 5 saga, sêprantu satunggal
dipunbakar, kêtumbar, jong rahab, gêlam, tuwin jintên cêmêng sami 5 saga,
kêmukus 7, bawang sabungkul kabakar. Kapipis, toyanipun cokak, kasaring,
sarêm 3 wuku, lajêng kaunjuk.

Angka 1138 Jampi kocokan kangge tiyang sakit kasrêpên ingkang katingal
agêng padharanipun.
/432/ Mrica sacêkothokan, laos 7 iris, cabe 3, bawang jalêr 1, sintok, mêsoyi,
jintên pêthak sami 5 saga, sêprantu satunggal kabakar, wiji sawi 5 saga, susuh
tikus 3 saga, kulit tigan ayam angrêm satunggal kabakar, dringo panjangipin
sadariji, lingsah klêntik enggal sasendhok bêling, lajêng kapipis kaliyan toya,
dipununjuk.
Angka 1139 Jampi kocakan kangge tiyang badhe gadhah lare, kawastanan
jampi papêthak.
Cabe satunggal, lêmpuyang 3 iris, sintok saros dariji, sêprantu satunggal
dipunbakar, kêtumbar, mungsi, jong rahab, gêlam, jintên cêmêng sami 3 saga,
mêsoyi panjangipun sadariji, kêmukus 7, bawang sasiyung, laos 3 iris, sêdhah
têmu rose 3 lêmbar, lingsah klêntik enggal sasendhok. Sadaya kapipis kang
lêmbat, toyanipun cokak. Pangunjukipun ugi kaliyan cokak kang sampun kaêngêt
bêntèr mawi sarêm 3 wuku sarta ing dalêm manah anyuwuna pitulung ing Gusti
Allah, sagêdipun lairing jabang bayi sarta wilujêng botên kêkirangan satunggal
punapa.
Angka 1140 Jampi sur.
Kulit isi kluwih 3 kabakar, mripat kunir 7, mripat kunci mêntah, matêng 3, mripat
sunthi mêntah 2, matêng satunggal, sêkar sêdhah sawatawis, toyanipun cokak
kang kêcut sase-/433/ndhok agêng, lajêng dipunpipis, kaunjuk sabên enjing.

Angka 1141 Panunggilanipun jampi sur.
Bawang 3 siyung, jae 3 iris, kêmukus 7, cabe satunggal, sarêm 3 wuku, uwos
sajumput, pupus godhong lau-lau 3 punggêl, walungsungan sawêr panjangipun
sadariji. Kapipis kaliyan wedang panas, kaunjuk sabên enjing.

Angka 1142 Jampi yèn sonctoêmn mtuijtutowaunsegri, nami jampi colong.

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
94

Mungsi, jintên cêmêng sami 5 saga, manis jangan panjangipun sadariji, cêngkèh

5, pala satugêl, kêtumbar 10 saga, mungsi, wiji sawi sami 5 saga, sêprantu

satunggal kabakar, kêmukus tuwin jêmaki sami 7, kêdhawung 3 kabakar, cabe

satunggal, dringo, bêngle sami 3 iris, brambang 3, bawang 3 siyung. Toyanipun

pipisan godhong sangka, godhong rêmpêlas, godhong lêgundhi, godhong sêdhah

têmu rose sami 3 lêmbar. Pamipisipun mawi sarêm 3 wuku, nuntên dipun-

galindhingi. Sabên rare sampun tilêm dipununtal, lare wau dados saras,

panêdhanipun eca.

Angka 1143 Jampi têmu kunci kangge tiyang èstri nèm.

Sintok 5 saga, sêprantu satunggal kabakar, jintên cêmêng tuwin mêsoyi sami 5

saga, kêncur 3 iris, kêmukus 7, /434/manis jangan panjangipun sadariji, cabe 3,

pala 2 saga, rumput sapran 5 saga, podhi 3 saga, sari 5 saga, murmak 5 saga,

daging 3 saga, majakan 3, jênitri, cangkok sami 7, majamuju, kêrsani sami 3

saga, tlutuh pilang saglintir, sarikuning 3 saga, kunci kuning 3 iris, lajêng

kadhêplok tuwin kapipipis, dipunpêrês kaunjuk.

Angka 1144 Panunggilanipun jampi têmu kunci ugi kangge tiyang èstri

nèm.

Têmu kunci kang kuning 5, êmpu majakan ingkang alit satunggal. Kapipis kang

lêmbut mawi jêram pêcêl sarta sarêm 3 wuku utawi toya lajêng kaunjuk.

Angka 1145 Jampi tuju laos tumrap tiyang kakathahên kuwayanipun.

Cêngkèh 2 sèn, kêdhawung 20, sêkar pala ½ sèn, jintên pêthak 2 sèn, adas sasèn,

mrica sulah 3 sèn, laos garing sasèn, mungsi sasèn, jintên cêmêng 2 saga,

bawang 10 sèn, bêngle 3 saga, pala 5 sèn, manis jangan 2 sèn, jae garing 5 sèn,

kêncur garing, mêsoyi, sintok sami 2 sèn, kajêng lêgi, kêmandèn, sarta ganthi

sami 2 sèn, mungsi 2 sèn, jong rahab sasèn, kêmukus 1 ½ sèn. Racikan sadaya

punika kakumbah /435/dipunpe. Yèn sampun garing lajêng kagorèng ing sangan
nuntên kadhêplok dipundadosakên sadhêkan42. Karimatana ing gêndul. Sabên

badhe jampi dipunpipis malih mawi toya asêm lami utawi cokak.

Angka 1146 Jampi tuju laos jampi sur kangge ngêdalakên kuwaya.

Sintok panjangipun sadariji, sêprantu satunggal dipunbakar, jae 3, jintên pêthak

10 saga, mêsoyi, jong rahab sami 10 saga, kêmukus 7, mrica sulah 10 saga,

commit to user

42 *#sadhêgan

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
95

cêngkèh 7, pala ½, bawang jalêr 3, sunthi, kêncur, laos sami 3 iris, toyanipun
dhêplokan pace satunggal, cokak sawatawis, sarêm sajumput. Dipunpipis lajêng
kasekaa bakaran krèwèng kang ngantos katingal abrit. Pangunjukipun 2 kenjing.

Angka 1147 Yèn sampun jampi laos wau lajêng kaunjukana jampi punika:
Brambang satunggal, manis jangan panjangipun sadariji, kêncur 3 iris sami
dipunbakar, sêcang 5 saga, jong rahab 5 saga. Dipunpipis, kaunjuk. Gènipun
jampi rambah kaping 2.

Angka 1148 Panunggilanipun jampi tuju laos kangge tiyang mêntas
gadhah rare, kaunjuk ing wanci enjing /436/rambah kaping 2.
Kêtumbar, mungsi sami 3 saga, cabe satunggal kabakar, mrica 7, jintên pêthak 3
saga, kajêng lêgi saros dariji, kêdhawung satunggal kabakar, mêsoyi 3 saga, laos
3 iris, kajêng anyang 2 kabakar, bawang sasiyung, inggu sauwos. Sadaya kapipis
kang lêmbut, dipuntoyani cokak kaliyan lingsah kalapa enggal sasendhok bêling,
sarêm 3 wuku, lajêng kaunjuk.
Angka 1149 Jampi tuju sontên pangunjukipun inggih wanci sontên.
Jintên cêmêng 5 saga, mêsoyi, manis jangan panjangipun sami sadariji, kajêng
lêgi 5 saga, kêtumbar 10 saga, mungsi 7 saga, kêdhawung 3, jêmaka satunggal,
cabe satunggal, brambang satunggal, bawang 3 siyung, kêncur 3 iris, kajêng
anyang 3, daging 3 saga, pala 2 saga, wêwah kajêng rasuk angin. Kapipis,
toyanipun jawi lajêng kaunjuk.
Angka 1150 Jampi tuju sontên mawi godhong mêniran.
Jintên pêthak 5 saga, mêsoyi 10 saga, kajêng lêgi panjangipun sadariji, manis
jangan 5 saga, kêtumbar 10 saga, mungsi 3 saga, wiji sawi 3 saga, kêmukus 7,
sêprantu satunggal dipunbakar, kadhawung 3, jong rahab 7 saga, jêma-/437/ka 3,
cabe satunggal, dringo, bêngle, kêncur sami 3 iris, brambang satunggal, bawang
sasiyung kabakar ing latu mêrang, lajêng kapipis. Pangunjukipun sabên sontên
laminipun pitung dintên.
Angka 1151 Jampi tuju sunthi panunggilanipun jampi sur.
Jintên cêmêng, jintên pêthak, wiji sawi, jong rahab sami 5 saga, sêprantu
satunggal dipunbakar, mêsoyi 10 saga, mrica sulah 7, pucukipun cabe 3, kêmukus
7, pala saklungsu, cêngkèh 5, bawang 3 siyung, sunthi, kêncur sami 3 iris,

commit to user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
96

kêtumbar 10 saga, mungsi 5 saga. Kapipis lajêng dipunsaring. Kawêwahana
asêm saklungsu, sarêm 3 wuku, lajêng kaunjuk.

Angka 1152 Jampi rare sawanên kalêbêt.
Jintên cêmêng, mêsoyi sami 2 saga, bêngle sairis, bawang sasiyung, godhong
inggu 2 pang. Kapipis kang lêmbat nuntên kaseka paku, kabêsmi kang ngantos
abrit lajêng kaunjuk.

Angka 1153 Jampi cicalan kangge tiyang sakit pulung manah,
dipunwastani jampi sorok.
Kêtumbar 5 saga, cêngkèh 5, pala sapalih, klêmbak, jintên cêmêng, jintên pêthak
sami 5 saga, mêsoyi panjangipun sadari-/438/ji, cabe satunggal, mrica cêmêng 5
saga, kêmukus 7, sêkar kêsumba 5 saga, trawas salêmbar, mungsi 5 saga, manis
jangan panjangipun sadariji, kajêng lêgi 4 saga, kêdhawung 3 kabakar, sunthi,
kêncur, jae, laos, dringo, kunci, bêngle, têmu lawak sami 3 iris, jêram purut
sairis, kêmiri satunggal dipunbakar, inggu sauwos, brambang satunggal, bawang
3 siyung. Kagorèng sangan, dipundhêplok kadamêl sadhêkan 43 . Yèn badhe
ngangge amêndhêta sacêkapipun jampi sapisan, kapipis malih kang lêmbat.
Dipunwêwahi jêram pêcêl satunggal, sarêm 3 wuku, lajêng kaunjuk.
Angka 1154 Jampi udal-udal kuwaya.
Laos sasirah ayam, jae sadariji panuduh, kêncur 3, kajêng ulêt 3 kabakar,
kêdhawung 3, pala, bawang jalêr sami satunggal, cêngkèh 7, manis jangan
panjangipun sadariji, dringo satunggal ros dariji, cabe 3 kabakar, jintên pêthak,
kêtumbar sami 7 saga. Sadaya kapipis kang lêmbat, yèn sampun lajêng kasekaa
obong-obongan wingka kang mêngangah, toyanipun cokak lajêng kaunjuk.

Angka 1155 Jampi tiyang èstri kang wanci satêngah sêpuh.
Cabe 3, cêngkèh, têmu, kunci sami 3 iji, lêmpuyang 3 /439/iris, jintên cêmêng 3
jumput. Dipunpipis kasukanana cokak sarta sarêm, tanpa toya sanèsipun.

Angka 1156 Jampi kangge tiyang jalêr nèm.

commit to user

43 *#sadhêgan

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
97

Cabe 3, lêmpuyang 3 iris, godhong jêram pêcêl 3 lêmbar, cêngkèh, arêng sujèn,
arêng sapu sami 3 iji, wit bêngkowang sadariji pasagi. Kapipis kang lêmbat,
toyanipun cokak sarta sarêm 3 wuku.

Angka 1157 Jampi wancak kangge tiyang kang sakit cacarên tuwin
gabagên manawi sampun 40 dintên.
Jintên pêthak 5 saga, mêsoyi panjangipun sadariji, pucuking cabe 3, manis
jangan panjangipun sadariji kabakar, kêncur 3 iris, angkup jambe nèm satunggal,
sêdhah 3 lêmbar, brambang satunggal kabakar, lajêng kapipis, dipunsaring mawi
sarêm 3 wuku, nuntên kaunjuk.
Angka 1158 Panunggilanipun jampi cacarên tumrap tiyang sêpuh tuwin
rare ingkang sampun kasapih inggih prayogi.
Jintên cêmêng 4 saga, mêsoyi 5 saga, dringo, bêngle sami 3 iris, angkup jambe
nèm satunggal, sêdhah têmu rose 2 lêmbar, brambang satunggal kabakar.
Kapipis, dipununjuk sapisan mawi sarêm 3 wuku.
Angka 1159 Jampi yèn karaos ususi-/440/pun kêmambang.
Podhi, sari sami 4 saga, murmak sami 3 saga, kêtumbar 5 saga, trawas 3 lêmbar,
gêlam 4 saga, adas 2 saga, pulasari panjangipun 2 ros dariji, widara pêthak 3
saga, sêcang 3 saga, pucuking cabe 3, toya jêram pêcêl sarta sarêm 3 wuku,
lajêng kaunjuk ing sadèrèngipun kalêbêtan punapa-punapa.
Angka 1160 Jampi kadhas todhi korèpên.
Kadhas tuwin korèp wau kakumbah kang rêsik nuntên bakara bolipun jambu bol
mete, lingsahipun dipun-gosokna ing sasakit wau. Ingkang sampun kalampahan
lajêng mantun.
Angka 1161 Jampi parêm suku abuh.
Laos 3 iris, cabe 5 iji, jamur impês 3 saga, uwos 2 jumput, sarêm sajumput.
Kapipis kangge toya amarêmakên wau arak kaliyan cokak.

Angka 1162 Panunggilanipun jampi abuh.

Laos 3 iris, babakan pule 5 saga, sintok 4 saga, pala 2 saga, mêsoyi panjangipun

sadariji. Kapipis dipuntoyani cokak. Sabên badhe ngangge dipun-ngêt kang

ngantos panas. commit to user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
98

/441/ Angka 1163 Jampi suku abuh.

Kajêng sawêr dipun-gosok ing cokak lajêng kaparêmna ing suku ingkang abuh

wau.

Angka 1164 Jampi panu sêkar.

Amêndhêta layoning sêkar pangantèn tuwin sêkaripun tiyang ingkang ngangkat

birahi sami kagosokna ing panu. Sarta amêndhêta laos 3 iris, têmu lawak sairis.

Dipunpipis kaliyan uwos sajumput. Kadamêla anglulur, toyanipun cokak.

Angka 1165 Jampi bêlak utawi bêrak.

Tracak menda dipunbasmi, awunipun dipunpipis kang lêmbat lajêng kakècèk

kaliyan gajihipun tuwin gajih lêmbu, gajih babi, sarta lingsah kalêntik lajêng

kaosèr-osèrna sarana wulu ayam ing wanci enjing tuwin sontên.

Angka 1166 Jampi suku sakit kang raos pêjah, dipunwastani dhêngên.

Kenging kangge tiyang sêpuh tuwin rare alit.

Godhong lêgundhi satêkêm, godhong sêre sakilan, kajêng gêsang sagêgêm.

Kagodhog kaliyan toya sagantên utawi arak lajêng kadamêla ngêkum suku. Yèn

sêpên toya laut kalintua sarêm kemawon sabathok.
/442/ Angka 1167 Jampi suku yèn karaos botên sagêt44 lumampah.

Kulit warak kabasmi, arêngipun kapipis kaliyan kajêng rasa mala, toyanipun arak

utawi cokak kang sampun dipun-godhog nuntên kapopokakên ing suku,

katutupana panggangan godhong senthe cêmêng.

Angka 1168 Jampi sakit suku kang tanpa tatu tuwin abuh nanging lumpuh.

Punika kawastanan katêdha dhêngên.

Cucak warak 5 saga kagosok kaliyan kajêng rasa mala, toyanipun ciyu. Sabên

badhe ngangge dipunbêntèrakên malih lajêng kawêdhakakên utawi anganggeya

borèh sambêtan êpang senthe panjangipun sadariji, godhong landêp 3 punggêl,
dipunbuboni45 sambêtan kados ing ngandhap punika:

Dringo 3 iris, bawang sasiyung, kunir 3 iris, toyanipun sapalih cokak. Yèn

ngangge kapara kang panas angêt. Kaborèhakên ing ros-rosan suku nuntên

amangganga godhong senthe ambuntêl suku ingkang sampun kaparêman

sambêtan wau.

Angka 1169 Jampi sakit tatu ing kuku.

44 *#sagêd commit to user
45 *#dipunbumboni

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
99

Kukunipun kumbaha kang rêsik ing pundi kuku ingkang katingal biru, kagunting.
Amêndhêta sêtansêhgrun saklungsu, tawas 10 /443/saga kabakara ing krèwèng
kang ngantos gosong, nuntên kapipis garingan, kadamêl bubukan. Kauwur-
uwurna kuku kang tatuh 46 wau lajêng dipunbalêbêt ing sinjang kang rapêt.
Sampun ngantos kenging awu sarta wêdhi utawi sampun ngantos kenging toya.
Dene sabên badhe ngumbah dipunkilènana sarana wulu ayam. Yèn sampun rêsik
lajêng kajampènana malih. Sadintên kakumbah sarta jampi kaping 2 enjing
sontên.

Angka 1170 Panunggilanipun jampi tatu ing kuku.
Pupus dhadhap 3, prusi sakacang, sêkul saklungsu. Kapipis dipundamêla plèstêr
lajêng kaangge ing kuku kang sakit wau.

Angka 1171 Jampi kowak.
Godhong sangko punika gosrut 7 lêmbar dipunêpe ingkang garing nuntên
dipunpanggang tuwin angobonga suwèkan sinjang wulung panjangipun sadariji,
nuntên sami kapipisa kang lêmbat kadadosakên bubukan, kawur-wurna.
Sasampunipun tatu wau dipunkumbah ing wedang. Godhogan godhongan kang
kenging kadamêl wêjah tuwin godhogan êmpon-êmpon kang kenging kadamêl
wêjah mawi kapipis lajêng dipun-godhog.

Angka 1172 Panunggilanipun jampi tatu ing kuku.
Prusi 2 bagean, tawas sabagean kabakar ing krèwèng kang ngantos garing,
lajêng dipunwur-wurakên ing tatu, sasampu-/444/nipun kapipis lêmbat.
Panganggenipun enjing sontên lajêng kablêbêt ing sinjang, sampun ngantos
kenging toya tuwin awu punapa malih siti. Ing sabên enjing kakumbah ing
wedang nuntên dipunkilèni ing wulu ayam.

Angka 1173 Jampi suku kowak.

Amundhuta godhong grafita kapusus, dipuntutupakên ing tatu namung salêmbar

sadintên santun kaping 3. Dene yèn angumbah suku, wedang panas sarta

dipunworana tawas saklungsu. Godhong grafita punika yèn ngupados ing pundi

panggènan tamtu ana.

commit to user

46 *#tatu

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
100

Angka 1174 Parêm suku.
Bêngle, kêncur, laos, ati kunir, lêmpuyang êmprit sadaya sami 3 iris, cêngkèh 7,
pala 2 saga, mêsoyi 5 saga, mrica sulah 7 saga, cabe jawi satunggal, oyot sêre 7
saga, mungsi 3 saga, cabe sulah 4 saga, cêndhana 5 saga, kajêng tai 3 saga,
widara pêthak, garu ramês, kulit jêram purut sami 5 saga, uwos sajumput, manis
jangan panjangipun sadariji, sêcang 5 saga. Kapipis, toyanipun ciyu tuwin cokak.

Angka 1175 Panunggilanipun parêm suku.
/445/ Cabe satunggal, sunthi, kêncur sami 3 iris, sintok 5 saga, sêprantu
satunggal, manis jangan panjangipun sadariji sami dipunbakar, mrica pêthak 5
saga, mrica cêmêng 4 saga, kêmukus 7, adas somah, pulasari 5 saga, mêsoyi 4
saga, grêgês otot 5 saga. Dipunpipis toyanipun arak kaliyan cokak.

Angka 1176 Parêm rapuh kangge bobok suku santun warni. Manawi kang
sakit sampun langkung 40 dintên, panganggènipun jampi punika ngantos
sawulan.
Adas 5 saga, pulasari 10 saga, waron 7 saga, jintên cêmêng, sari naga, jong
rahab sami 10 saga, klabêt 5 saga, cabe satunggal, kêmukus 7, têgari 10 saga,
pucuk 8 saga, pala 5 saga, jêram purut sairis, godhong dilêm 7 lêmbar, sêcang 10
saga, widara laut 8 saga, kajêng tinja 5 saga, kajêng rasamala 10 saga, kajêng
garu cina naminipun kajêng kilam 5 saga, manis jangan, sintok, mêsoyi, kajêng
mêgatsih, slingsot sami 10 saga, bêngle, têmu lawak, têmu giring, kunir, kêncur,
lêmpuyang, laos sami 3 iris, bonggol sêdhah 3 punggêl, kajêng timur 15 saga,
babakan turi brit panjangipun 3 dariji, asêm a-/446/brit 2 ros dariji pasagi,
waron 5 saga, kêmukus 7, pucuk 5 saga, unêm 5 kabakar, klêmbak 5 saga, sarêm
sajumput, sintok 10 saga. Sadaya dipundhêplok lajêng kapipis. Sabên badhe
ngangge kagodhog kaliyan ciyu tuwin cokak. Racikan punika wau manawi tiyang
gadhah lare langkung saking 40 dintên.

Angka 1177 Parêm suku kangge tiyang èstri mêntas rencang rare.
Pala satunggal, mêsoyi panjangipun sadariji, kajêng lêgi saros dariji, sintok 2 ros
dariji, kajêng timur 2 saga, cabe 7, jong rahab 5 saga, adas sajumput, kêmukus,
mungsi sami 5 saga, bêngle, kêncur sami 3 iris, jintên cêmêng 5 saga, godhong
turi brit 3 punggêl, lajêng kapipis,cotomymanitiptuonucseiyru kaliyan cokak.

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
101

Angka 1178 Panunggilanipun parêm suku kangge tiyang èstri ingkang
rencang rare.
Cabe, sunthi, kêncur sami 3 iji, sintok, sêprantu sami saros dariji, manis jangan
panjangipun sadariji, mrica pêthak, cêmêng, tuwin kêmukus sami 7 iji, adas 5
saga, mêsoyi saros dariji, grêgês otot 5 saga, lêmpuyang, bêngle sami 3 iris, oyot
sêdhah 10 saga, /447/sêkar tanjung 5 saga, sêkar kênanga 3. Dipunpipis lajêng
kaukup dipunborèhakên ing suku.
Angka 1179 Jampi saraban ing suku kangge pawèstri ingkang sawêg
rencang rare.
Sintok 5 saga, sêprantu satunggal dipunbakar, jintên cêmêng 5 saga, jintên
pêthak 3 saga, mêsoyi 5 saga, jong rahab 7 saga, kêmukus 3, cêngkèh 2, pala 2
saga, klêmbak 5 saga, kajêng tinja 4 saga, cêndhana 5 saga, widara pêthak 5
saga, kajêng sêcang 3 saga, dringo, bêngle, lêmpuyang, kêncur sami 3 iris,
bêsole, brambang sami satunggal, bawang sasiyung, kêdhawung satunggal
kabakar, waron tuwin wiji sawi sami 3 saga, manis jangan panjangipun sadariji,
jae, sunthi sami 3 iris, klabêt, ganthi, pucuk sami 3 saga, têgari 5 saga, sêre
sairis, babakan pule, kulit rajungan, tuwin kêpithing sami 2 saga, kulit mimi 5,
kopyah lami, cindhe amoh, sakêlat abrit sami 3 saga sarta sami kabêsmi, jamur
brama, jamur impês sami 3 saga, tinja sawêr sawa 2 saga, têmu lawak tuwin
kunir sami 3 iris, jêram purut sairis, jêram pêcêl satunggal, kaliyan kulit tuwin
pêntilipun, jêram macan 3 saga, godhong lêgundhi 3 punggêl, godhong sêmbung
/448/salêmbar, godhong jarak brit salêmbar. Kapipis kaliyan toya. Bêninganipun
dipunombèkakên, dene kang kasar lajêng dipunparêmna ing sukunipun.
Angka 1180 Jampi encok ing suku.
Cabe 3, sunthi, kêncur sami 3 iris, sintok panjangipun sadarji, sêprantu 3
kabakar, manis jangan panjangipun sadariji, mrica pêthak 15, mrica cêmêng 10,
kêmukus 7, sari naga 5 saga, adas 3 saga, pulasari panjangipun sadariji, mêsoyi
panjangipun sadariji, grêgês otot satêkêm. Dipunpipis, toyanipun cokak sarta
sarêm 3 jumput. Kagodhog mangêt-mangêt, dipunborèhakên.
Angka 1181 Jampi sakit suku abuh.

commit to user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
102

Uwit kalici kang alit kapêndhêta oyotipun panjangipun kalih dariji. Kadhêploka

kaliyan singgang pantun. Dipunpêrês kapêndhêt toyanipun. Punika wontên jae

abrit manawi kalawak satêkêm. Dipun-godhog lajêng kagosokna kang abuh.

Angka 1182 Panunggilanipun jampi suku sakit.

Laos 3 iris, bawang 3 siyung, mêsoyi panjangipun sadariji, pala satugêl, ganthi 3

saga, mrica 7, /449/godhong blimbing wuluh 3 punggêl. Kapipis kaliyan toya

tawa lajêng kaborèhakên ing suku.
Angka 1183 Jampi suku kang karaos bêgêl47 tuwin linu, lare, tiyang sêpuh

kenging ngangge.

Babakan pule 15 saga, sintok panjangipun sadariji, sêprantu satunggal kabakar,

jintên pêthak 7 saga, mêsoyi, manis jangan panjangipun sami sadariji kabakar,

mrica 25, têki wangi, cabe sami 5 iji, kêmukus 15 iji, waron 7 saga, sunthi, kêncur

sami 3, laos 7 iris, lêmpuyang 3 dim, jae panjangipun sadariji, têmu lawak,

bêngle, têmu giring sami 3 iris, sêre panjangipun sakilan, jêram purut sairis,

pandhan wangi 3 lêmbar, rumput rajatawa 7 lêmbar, kucai satêkêm, uwoh jarak

cina 3 iji, woh jarak brit 3. Kapipis lajêng dipunkukusakên dang. Sabên badhe

ngangge, toyanipun ciyu dipun-ngêt.

Angka 1184 Jampi suku ngêthok.

Jintên cêmêng sagêgêm dipunpipis, kauworna cokak kang tulèn lajêng dipun-ngêt

mangêt-mangêt, kaborèhna ing suku.

Angka 1185 Jampi sakit mripat kalilipên.

Mripat wau dipuntutupana srêbèt, lêrês ing mripat dipuncêpêngi /450/dangunipun
sajam lajêng mantun. Yèn botên mangkatên48, mripatipun karambanga ing toya

sarangan inggih lajêng amulyakakên.

Angka 1186 Jampi susu kamisandhanên kang nuju nêsêpi.

Godhong slèdri 3 punggêl, oyotipun sadriji pasagi, adas 3 somah, pulasari

panjangipun sadariji, nuntên kapipis kang lêmbat lajêng kakukus dang, toyanipun

cokak. Manawi badhe kangge kangêt mangêt-mangêt, kaborèhakên.

Angka 1187 Jampi sakaloran ing sirah.

Godhong cubung 2 lêmbar kapusus kaliyan apu, kagosokna ing cêngêl

mangandhap dumugi ula-ula. Sadintên kagosoka kaping 2 dumugi samantunipun.

47 *#pêgêl commit to user
48 *#makatên

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
103

Angka 1188 Jampi bêngang ing lêbêt pawèstrèn.
Klungsu 7, cabe jawi satunggal sami dipunbakar kang ngantos dados arêng,
nuntên kapipis garingan ingkang lêmbat lajêng dipunwur-wurakên.

Angka 1189 Pilis sakaloran.
Oyot sêkar wora-wari pêthak tuwin oyot sêkar mlathi susun sami 3 dariji, jintên 5
saga, mêsoyi, sintok sami sadariji, manis jangan sadariji dipunbakar, cêngkèh 5,
pala satugêl, jae, kêncur sami 3 iris, bawang sasiyung. Dipunpipis kaliyan toya
jêram pêcêl, lajêng kangge pilis.
/451/ Angka 1190 Panunggilanipun pilis sakaloran.
Oyot mangkokan, oyot kelor kang alit, oyot mandhakaki sami 3 dariji, jae, kêncur
sami 3 iris, wiji sawi 5 saga, kaliyan toya jêram pêcêl kangge mipis ingkang
lêmbat lajêng dipunpilisakên.

Angka 1191 Panunggilanipun jampi sakaloran.
Kêncur kairis kang tipis-tipis nuntên dipunkum ing cokak lajêng katemplokna ing
pilingan tuwin ing sirah. Sabên dintên kablêbêta ing sêrbèt.

Angka 1192 Jampi ngêlu ing sirah salêbêting utêg49.
Godhong jêram pêcêl 3 lêmbar dipunpanggang ngantos garing, cêngkèh jalêr 3,
mêsoyi 3 ros dariji, jintên cêmêng, jintên pêthak sami 5 saga. Dipunpipis kabuntêl
ing godhong lajêng dipunkukusakên ing dang lajêng kajampèkna ing sirah.

Angka 1193 Panunggilanipun jampi sirah.
Têmu lawak saêndhas ayam kaparut, jêram purut satunggal dipunbakar, inggu
saklungsu dipunwor kaliyan lêri bungkak. Nuntên dipunrêmêt sadaya. Yèn
sampun awor nuntên dipunbun-bunakên, enjingipun kauyêgakên ing sirah.

Angka 1194 Jampi sakit sirah kang karaos dumugi ing taling 50 sarta
ngantos anyudakakên pamirêng.
/452/ Godhong senthe ijêm salêmbar dipunkukusakên dang, ganthi 5 saga, mêsoyi
7 saga, kunir 3 iris. Kapipis dipunangge jampi ing sirah dumugi ing kuping.

Angka 1195 Panunggilanipun jampi ngêlu.

Jintên cêmêng 5 saga, godhong kêmarogan 3 lêmbar, mrica pêthak 7, kêncur 3

iris, lakên abrit 3 saga dipunbakar. Sadaya dipunpipis kangge ing sirah.

49 *#utêk commit to user
50 *#talingan

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
104

Angka 1196 Pilis sirah ngêlu.
Jintên cêmêng 5 saga, mêsoyi 7 saga, mrica pêthak 7, kêncur 3 iris, lakên abrit 5
saga, lajêng kabakar. Sadaya kapipis kangge pilis.

Angka 1197 Jampi ngêlu.
Sunthi 3 iris lajêng kapipis toyanipun ciyu utawi jênèwêr lajêng kangge pilis.

Angka 1198 Jampi ngêlu.
Jintên cêmêng 7 saga, ganthi 3 saga, mêsoyi 5 saga, kêmukus 7, kêncur 3 iris,
uwos sajumput. Dipunpipis kangge pilis.

Angka 1199 Pilis sakit ngêlu kangge tiyang mêntas rencang rare enggal.
Godhong tanjung 3 lêmbar, kajêng lêstrung 3 saga, kajêng cêndhana, /453/jintên
cêmêng, kajêng lapis, wit kunir, kajêng cakma, cêndhana jênggi, kajêng tinja,
sêcang, tuwin sêkar kêsumba sadaya sami 3 saga, sêkar kanthil satunggal.
Kapipis, toyanipun jêram pêcêl lajêng kapilisakên.

Angka 1200 Pilis sirah ngêlu tuwin mripat pêtêng.
Pupus katès saêpangipun 3 punggêl, sintok panjangipun sadariji, sêprantu
satunggal dipunbakar, ganthi 5 saga, mêsoyi panjangipun sadariji, inggu
sakacang wose, babakan jêram pêcêl panjangipun sadariji, godhong gagan-
gagan kang garing 3 lêmbar, godhong kelor ingkang mangkurêp 3 lêmbar, lajêng
kapipis, dipunpilisakên.

Angka 1201 Jampi sakit sirah, pawèstri ingkang mêntas rencang rare
minggah ing rah dhatêng maripat.
Jintên cêmêng 5 saga, kêmukus 3, kêncur 3 iris, toyanipun cokak, brambang
satunggal, lajêng kapipis kangge pilis ingkang sakit wau.
Angka 1202 Pilisipun tiyang sakit bêntèr tis ingkang mawi sirah karaos
sakit.
Godhong kalalaan (kalilika) 7 lêmbar, adas sasaga, brambang kang sêpuh 3.
Kapipis kang lêmbat lajêng kapilisakên.

/454/ Angka 1203 Jampi tiyang sakit sirah pambêktaning bêntèr.
Godhong turi brit 3 punggêl kapipis kang lêmbat, dipunangge pilis ing pundi
ingkang karaos sakit. Sarta amcuonmdhmuittatoduêbseorg pisang kêpok kaliyan bonggol

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
105

pisang saba. Dipunrajang kang lêmbat wontêna sagêgêm, lajêng kaêkum ing toya
pinggan. Dipunbun-bunakên kangge ênêlês 51 sirah sabên dintên laminipun 15
dintên.

Angka 1204 Jampi sakit ngêlu kang ngantos abuh mripatipun.
Godhong jêpanah kapipis dipunangge pilis utawi kagodhog dipunangge wedang.

Angka 1205 Panunggilanipun jampi sakit sirah, ing têmbung Walandi
dipunwastani sêelêupin kapialu.
Sêkar argulo mawar kang abrit sagêgêm mangang dipunwor kaliyan galêpung
sagu utawi cokak kang tulèn sapintên cêkapipun nuntên dipun-godhoga kang
ngantos kênthêl, kaplèstêrna ing sirah.

Angka 1206 Jampi sakit sirah, saki 52 utêg 53 garing utawi ababipun
mambêt.
Bubukan godhong salamaki (sêbuga) wawrat 3, dhuwêt. Dipunwor kaliyan
mêrtega kang dèrèng kaworan sarêm. Kamamaha ing wanci enjing.
/…/ /456/ Angka 1207 Jampi sakit sirah saking utêkipun garing.
Bubukan godhong salamaki dipunwor kaliyan gajih lêmbu, kaunjuka ing wanci
enjing 3 kenjing.

Angka 1208 Pilisipun sakit sirah.
Jintên cêmêng 7 saga, sintok panjangipun sadariji, sêprantu satunggal
dipunbakar, kêmukus 7, pucuk 3 saga, cêngkèh 3, rasuk angin tuwin cêndhana
sami 5 saga, sari 4 saga, kajêng tinja 3 saga, bawang 3 siyung. Dipunpipis,
kapilisakên.

Angka 1209 Pilis sakit sirah.
Sintok panjangipun sadariji, kêncur 3 iris. Kapipis lajêng kapilisakên.

Angka 1210 Pilisipun sakit sirah sarta cangkêmipun karaos pait, punika
tamtu bêntèr tis.
Êpang senthe cêmêng satunggal kabênêm sakêdhap sarta gêgêripun dipundèkèki
awu nuntên katèmplèkana inggu sakacang wose, bêngle 3 iris, bawang 3 siyung,

51 *#anêlês commit to user
52 *#sakit
53 *#utêk

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
106

angkup jambe nèm satunggal. Sadaya kamamah, kaidokna awu wau lajêng

kagosok pang senthe.

Angka 1211 Pilis sakit sirah saking angin tuwin sumukên.

/457/ Jae 3 iris, jintên pêthak sajumput. Dipunpipis lajêng kangge pilis.

Angka 1212 Jampi sakit sirah.

Godhong dhadhap srêp 3 punggêl, adas sajumput, pulasari panjangipun sadariji,

brambang satunggal, dringo, bêngle sami 3 iris. Dipunpipis, lajêng kapilisakên.

Angka 1213 Pilis sakit sirah.

Godhong turi brit 3 punggêl, godhong adas 3 lêmbar, pulasari 5 saga, brambang

3 ing satunggal kabakar, ati kêncur 3, mêsoyi 5 saga, jintên cêmêng 3 saga,

dringo, bêngle sami 3 iris. Kapipis kaliyan toya lajêng kangge pilis.
Angka 1214 Pilis tuwin jam54 sirah.

Godhong rangutan utawi cêmêng salêmbar, brambang 3 kabakar, adas sasaga,

pulasari 3 saga. Dipunpipis lajêng kangge pilis.

Angka 1215 Panunggilanipun pilis.

Kajêng cêndhana 5 saga, brambang satunggal, kapipis, toyanipun cokak. Kangge

pilis, sabên sat lajêng nganggeya malih.

Angka 1216 Panunggilanipun pilis malih.

Cêngkèh 7, sêkar kêsumba 5 saga. Kapipis, toyanipun odhêkolonyê.

Angka 1217 Pilis sakit sirah bumbu tuju.

/458/ Jintên cêmêng 5 saga, mêsoyi panjangipun sadariji, kêtumbar 5 saga,

mungsi 3 saga, pucuk jambe satunggal, sunthi, kêncur, dringo, bêngle sami 3 iris,
bawang sasiyung, godhong turi brit 3 punggêl, agodhoga55 sêdhah 7 lêmbar.

Inggih punika ingkang kawastanan bumbu tuju.

Angka 1218 Panunggilanipun pilis sirah.

Godhong urêg-urêg polo 10 lêmbar, adas sasaga, pulasari panjangipun sadariji,

brambang satunggal, têmu lawak 3 iris. Kapipis kaliyan toya, kangge pilis.

Angka 1219 Jampi sakit sirah mawi anton-anton.

Jong rahab 5 saga, jaha kêling satunggal, trawas salêmbar, jintên cêmêng tuwin

mêsoyi sami 5 saga, kêmukus 7, kajêng rapêt panjangipun sadariji, kajêng anyang

3, pulasari panjangipun sadariji, sintok 5 saga, kêdhawung 3 dipunbakar,

54 *#jampi commit to user
55 *#anggodhoga

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
107

sêprantu satunggal kabakar, sêkar apèn 5 saga, murmak 5 saga, daging 3 saga,
kêtumbar 5 saga, cabe satunggal, mungsi 5 saga, jênitri 7, sari 5 saga, manis
jangan panjangipun sadariji kabakar, kunir 3 iris. Kapipis mawi sarêm 3 wuku,
toyanipun cokak lajêng kaunjuk.

Angka 1220 Jampi sirah.
/459/ Têmu tuwin kunci sami 3, kêmukus 11, pucuk 3 saga. Dipunpipis,
kapilisakên.

Angka 1221 Panunggilanipun jampi sakit sirah.
Brênduwin sasendhok agêng, toya sagêlas, brambang 3 kagêcak, lajêng
kaworakên branduwin tuwin toya wau. Kaangge nêlês sirah.

Angka 1222 Pilis sakit sirah sakaloran.
Bung kelor 5 punggêl, inggu sauwos, dringo satêngah dim, brambang sêpuh 3.
Dipunpipis kang lêmbat mawi toya lajêng dipundèkèk ing kapuk. Kaangge pilis
rambah kaping 3 sadintên.

Angka 1223 Panunggilanipun pilis sakit sirah.
Godhong mandhakaki 3 punggêl, jae, kêncur 3 iris, wiji sawi 3 saga, dringo,
bêngle sami 3 iris, unêm 3 dipunbakar, sintok 5 saga, mêsoyi tuwin manis jangan
panjangipun sami sadariji kabakar, pucuk tuwin ganthi sami 5 saga, cêngkèh 5,
pala sapalih, sêdhah têmu rose 3 lêmbar, sêkar kanthil satunggal, brambang
satunggal, bawang sasiyung, jêram purut sairis, toyanipun rêndhêman sêkar
mlathi, kênanga, kanthil. Yèn wontên kaworan konyoh inggih kenging, sêpênipun
konyoh kum-kuman sêkar punika sampun nyêkapi.

Angka 1224 Pilis sakit sirah bumbu tuju.
/460/ Jintên cêmêng 3 saga, mêsoyi tuwin sintok sami 5 saga, cabe satunggal,
sunthi, kêncur, jae, dringo, bêngle sami 3 iris, bawang 3 siyung, waron 5 saga,
cêngkèh 5, pala satugêl, unêm 3 dipunbakar, ganthi 5 saga, pucuk 4 saga,
pulasari sadariji, podhi, sari, tuwin cêndhana sami 5 saga, sêdhah têmu rose 3
lêmbar, godhong turi brit 3 punggêl. Dipunpipis kaliyan toya jawi nuntên
dipunpilisakên.

Angka 1225 Jampi sakit sirah ingkang lami botên mantun.

commit to user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
108

Godhong jêmpanah dipunpipis kangge pilis, utawi dipun-godhog kangge wedang.
Adad56 samangsa 8 dintên mantun.

Angka 1226 Jampi sakit ing sirah.
Godhong mangkokan 7 lêmbar dipunpipis kang lêmbat kangge pilis sarta mawi
kawungkus, dipunkukusakên. Ingkang kangge ngukus godhong pisang.

Angka 1227 Jampi sakit sirah ngêlu.
Sêkar pulutan 7 iji, inggu agêngipun sakacang wose, jintên cêmêng 5 saga,
brambang satunggal, lajêng kapipis kang lêmbut nuntên kangge nemploki sirah.

Angka 1228 Panunggilanipun jampi sakit sirah sarta anyêmêngakên rema
ingkang sampun pêthak.
/…/ /462/ Godhong pariya inggih punika godhong pare wana satêkêm, rumput
cèlèngan satêkêm, têmu uwos sajumput, mripat kunir 3. Kapipis, toyanipun wayu.
Yèn sampun lêmbut katèmplèkna ing sirah.

Angka 1229 Panunggilanipun jampi sakit sirah.
Godhong pare wana satêkêm, jintên cêmêng 3 jumput, lajêng kapipis,
katemplokakên sirah 3 dintên utawi 7 dintên. Rambut ingkang sampun pêthak
dados cêmêng malih sarta kathah.

Angka 1230 Panunggilanipun sakit sirah salêbêting utêg57.
Brambang 3, kuningipun tigam 58 ayam cêmêng satunggal, gêndhis batu
saklungsu, lingsah wijèn sasendhok alit. Dipunubak kang ngantos waradin sarta
awor lajêng dipunkècèk mangêt-mangêt lajêng katêdha.

Angka 1231 Jampi sakit sirah.
Jintên cêmêng sajumput, brambang jalêr 3 bungkul. Kapipis kang lêmbat,
dipunpêrêsi duduh jêram pêcêl satunggal. Sirah dipunbalêbêta ing kacu supados
toya botên dalèwèr, jampi lajêng kangge ing sirah.

Angka 1232 Jampi sakit sirah yèn botên sagêt59 tangi.

56 *#adat commit to user
57 *#utêk
58 *#tigan
59 *#sagêd

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
109

Rumput cèlèngan 7 lêmbar, mripat kunir 21 saga, wo-/463/s kang wêtah 49 las.

Kapipis mawi toya sakêdhik, dipunpilisakên ing pilingan.

Angka 1233 Jampi sakit sênêp tuwin kêmbung.
Pisang kluthuk kang nèm saulêr, kaparês60 dipunpêndhêt toyanipun, awu tumang

3 jumput, pupugan lèr, wetan 2 jumput, arêng jati 4 ros dariji. Kapipis kang

lêmbut mawi toya jawi lajêng dipunparêmna ing padharanipun tiyang ingkang

sakit wau.

Angka 1234 Tapêl sêkar kênanga kangge tiyang èstri nèm kang sampun

botên sumêdya apêputra.

Sêkar kênanga ingkang taksih mingkup 7, babakan wit kênanga kang dèrèng

sêkar panjangipun 3 kilan, sêkar padma 15 saga, kunci kuning 3, mêsoyi

panjangipun sadariji, sidawayah 5 saga, sarikuning tuwin mênyan abrit sami 10

saga, bêngle 3 iris. Dipunpipis nuntên katumpangakên sanginggiling godhong

pisang lajêng dipuntumpangakên ing awu pawon kang taksih panas. Sabên badhe

ngangge dipunwêwahi jêram pêcêl lajêng katapêlakên kang waradin.

Angka 1235 Tapêl kênanga kangge tiyang mêntas rencang rare, sae

dhatêng padharan tuwin singsêt dhatêng sarira.

Sêkar kênanga sêpuh satêkêm, wohipun 3, babakanipun 3 dariji, wiyaripun

sadariji, mêsoyi saki-/464/lan, unêm 3 kabakar, kêmukus 5 saga, rasamala 10

saga, pucuk 5 saga, mustakim 10 saga, jênitri 3, kajêng kasturi, kajêng kalêmbak

sami 10 saga, manis jangan sakilan, tinggi 7, dhèdhès sasaga, cêngkèh 10 saga,

pala satunggal, cacing kalung satunggal dipunbakar kang gosong, sarêm

sajumput, asêm sakêmiri kabakar, sarêm malih 3 jumput. Kagorèng, dipunpipis
kang lêmbat kadamêl sadhêkan61. Manawi badhe ngangge mêndhêta sacêkapipun

mawi toya jêram pêcêl sacêkapipun.

Angka 1236 Jampi pusêr padharan sakit mulês sanadyan sampun

wawratan taksih raos kêmbung.

Bung kelor 3 punggêl, klèlèt agêngipun sakacang, nuntên kapipis lajêng

katemplokna ing pusêr.

Angka 1237 Panunggilanipun sakit ing pusêr sarta ing padharan karaos

mulês.

60 *#kapêrês commit to user
61 *#sadhêgan

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
110

Bung kelor 3 punggêl kaliyan sêkar awu 3 jumput, kêdhawung mêntah satunggal,
kang matêng 2, rasuk angin 5 saga, brambang 3. Dipunpipis, katemplokna ing
pusêr.

Angka 1238 Panunggilanipun jampi pusêr.
Lêmpuyang êmprit panjangipun sadariji kamamah nuntên dipunwor kaliyan sêkar
awu sajumput, katemplokna ing pu-/465/sêr lajêng dipuntutupana sêdhah kang
nèm.

Angka 1239 Panunggilanipun jampi pusêr.
Sêkar kêsumba 7 saga tuwin inggu saklungsu, brambang satunggal. Dipunrêmêta
kang ngantos mêdal toyanipun lajêng katemplokna ing pusêr kaliyan sêdhah
salêmbar dipunpanggang.

Angka 1240 Panunggilanipun jampi pusêr.
Godhong po o 3 punggêl, godhong loncang 3 lêmbar, jae panjangipun sadariji.
Kadhêplok lajêng dipunwungkus ing godhong, kakukus dang lajêng sèlèh
pusêring rare.

Angka 1241 Panunggilanipun jampi pusêr kangge lare umur 1 ½ taun
tuwin 2 taun.
Adas sajumput, rasuk angin 5 saga, kêdhawung 3 kabakar, brambang mêntah 3,
sarêm 3 jumput. Kapipis dipuntapêlakên.
Angka 1242 Jampi tiyang sakit padharan kêmbung.
Dringo panjangipun sadariji, bêngle 3 iris, kêmukus 7, jintên pêthak 10 saga,
mêsoyi 7 saga, ganthi 5 saga, cêngkèh 7, pala sairis, babakan kajêng kêndhêl
panjangipun 3 dariji, laos saêndhas ayam. Dipunpipis mawi toya.
Angka 1243 Jampi kamandèn62 dipunwastani sakit su-/466/dukên tumrap
dhatêng tiyang sêpuh.
Kamandèn63 kaliyan mungsi sami 5 saga, adas tuwin rasuk angin sami 3 saga,
kajêng ulêt kaliyan kajêng lêgi sami 3 iji kabakar, pala saklungsu, godhong po o 3
punggêl. Kapipis, dipunsaring lajêng dipununjuk.
Angka 1244 Tapêlipun lare tuwin tiyang sêpuh ingkang sakit kados ing
nginggil wau.

62 *#kêmandèn commit to user
63*# kêmandèn

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
111

Tape uwos 3 glindhing, rasuk angin 5 saga, sata 10 saga, sunthi 3 iris, bawang 3
siyung, kêmukus 7, mrica 15, kêmandèn 5, mungsi 10 saga. Dipunpipis,
katapêlakên.

Angka 1245 Panunggilanipun jampi kamandèn64.
Sintok tuwin mêsoyi sami 5 saga, cêngkèh 5, pala saklungsu, jintên cêmêng 5
saga, mrica 15 saga, sunthi 3 iris, jae 5 iris, godhong landêp kaliyan godhong
terong ngor sami 3 lêmbar, kajêng garu 5 saga, jong rahab 10 saga. Kapipis,
kasaring lajêng dipununjuk.

Angka 1246 Tapêlipun.
Kunci, kêncur sami 3, apu sajumput. Kapipis kang lêmbat lajêng katapêlakên.

Angka 1247 Sêmburipun tiyang sakit kêmandèn.
/467/ Godhong gandarusa 3 punggêl, kêmiri saisinipun ½, jintên cêmêng 5 saga,
jintên pêthak 3 saga, mungsi 5 saga, mêsoyi saros dariji, brambang satunggal,
mrica pêthak 7, dringo, bêngle sami 3 iris. Kapipis kang lêmbat,
dipunsêmburakên ing badan sadaya.

Angka 1248 Jampi kamandèn 65 kangge ing padharan prayogi tumrap
tiyang jalêr-èstri.
Godhong landêp 3 punggêl, kulit jêram purut sairis, bawang sasiyung, sunthi 3
iris, mungsi 5 saga, jintên cêmêng tuwin jong rahab sami 5 saga, pucukipun cabe,
arêngipun pucuking sujèn sate sami 3 iji. Kapipis kaliyan toya sarêm 3 wuku,
lajêng kasaring dipununjuk.
Angka 1249 Panunggilanipun jampi kamandèn66.
Godhong kamandèn67 sèwu satêkêm, kêmandèn jawi sagablog, têmu lawak 3 iris,
jêram pêcêl 3 kabucal isinipun, sarêm 3 wuku. Sadaya dipundhêplok, dipun-
godhog lajêng kaunjuk kados wedang. Pangunjukipun sabên dintên. Kadamêl
jampi sakit napas ugi prayogi.
Angka 1250 Jampi tiyang watuk rah.
Godhong ilèr satêkêm kakumbah kang rêsik lajêng kadhêplok, dipunpêrês
kapêndhêt toyanipun. Dipunwor kaliyan pê-/468/rêsan kalapa pangaji sigar

64 *#kêmandèn commit to user
65 *#kêmandèn
66 *#kêmandèn
67 *#kêmandèn

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
112

nuntên dipunseka tosan brit, paku kang sampun lami. Dipunsaring lajêng

kaunjuk.

Angka 1251 Panunggilanipun jampi tiyang watuk rah.

Godhong ilèr 3 têkêm dipun-godhog, toyanipun 2 siwur. Yèn sampun umêb

rambah kaping 5, godhong kawucal dipunsantuni kulit manggis sapalih dariji,

tingi sabrang panjangipun sadariji, adas 2 jodho, pulasari panjangipun sadariji,

kajêng lêgi panjangipun ugi sadariji. Dipun-godhog tilas godhogan godhong ilèr

wau kang ngantos umêb, katutupana kang rapêt. Sabên enjing toya wau

dipununjuka. Dene godhong ilèr kang mêntas godhog lajêng dipuntêdha karujak.

Bumbunipun sarêm, asêm, traos, lombok, pêtis. Katêdha sanalika ngantos 3

dintên. Dipunraosna badanipun kang sakit. Manawi wontên sakecanipun, damêl

jampi pangluntur kados kang sampun kasêbut ing ngajêng wau nuntên

dipuntêtaha jampi punika: godhong patikan jawi satêkêm dipunrajanga kang

lêmbat, têlênanipun banon lajêng kakumbaha ing toya sarêm lajêng karujaka

kados godhong ilèr, bumbunipun ugi sami.

Angka 1252 Jampi sakit jalêran abuh.

/469/ Godhong alang-alang, kêmangi sadariji, godhong kleca 3 lêmbar, godhong

pace 3 lêmbar, godhong pantun 3, sarêm 3 wuku, kunir 3 iris, klapa kang sampun

kêring 4 dariji pasagi dipunparut, lajêng kapipis. Manawi sampun, dipundèkèki

suwèkan sinjang lajêng katemplokna ing pundi kang abuh wau.

Angka 1253 Jampi tiyang sêpuh toyan rah.

Godhong krêmah satêkêm, adas 2 saga, pulasari 5 saga, brambang 3, rasuk

angin, sêcang, tuwin kajêng widara pêthak sami 5 saga. Dipunpipis, kaunjuk.

Ampasipun kapipis malih kadamêl tapêl.
Angka 1254 Jampi tiyang sêpuh botên sagêt68 toyan.

Godhong gagan-gagan satêkêm, rasuk angin 10 saga, manis jangan panjangipun

sadariji, jintên cêmêng 50 saga, kêpuh jangkang sasigar. Sami dipun-godhog,

kaunjuk kados wedang.

Angka 1255 Jampi rare sakit toyan.

Godhong gêtas watu satêkêm, godhong gêmpur 3 lêmbar, grêgês otot satêkêm,

bonggol gêlonggong satunggal, godhong nanas 3 punggêl, adas sasaga, pulasari

commit to user

68 *#sagêd

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
113

panjangipun sadariji, brambang sagêgêm. /470/Sadaya dipun-godhog lajêng

kadamêla ngunjuk sabên dintên.

Angka 1256 Panunggilanipun sakit jalêr.

Godhong timun sagêgêm, adas sasaga, pulasari sakilan, brambang 3 iji.

Dipundhêplok, kasaring lajêng dipununjuk.

Angka 1257 Jampi tiyang kontholipun abuh.

Ilat baya saêpang dipunrajang nuntên kakumbah kang rêsik, dipunwori gêndhis

batu 3 jêmpol, lajêng dipunbunakên. Enjingipun dipununjuk sabên kenjing.

Angka 1258 Manawi sampun ngunjuk ilat baya. Punika unjuk-unjukan

kang kêdah kaunjuk.

Sêkar kêsumba sagêgêm, kajêng sêcang 10 saga, adas 3 saga, pulasari, kajêng

lêgi sami 5 saga, têmu tis 3 iris, brambang 3. Dipununjuk sabên enjing kaliyan

toya jawi.

Angka 1259 Tapêl kangge rare sakit toyan.

Godhong pusêr (godhong buntu silit) adas sasaga, pulasari panjangipun sadariji.

Dipunpipis mawi toya sakêdhik.

Angka 1260 Jampi rare sakit toyan.

Godhong puspanyidra 3 lêmbar, adas sajodho, pula-/471/sari panjangipun

sadariji, kajêng lêgi 5 saga, jong rahab 7 saga, kajêng anyang 5, brambang 3.

Dipundhêplok kapêrês toyanipun, kaunjuk. Ampasipun katapêlakên ing padharan.

Angka 1261 Jampi rare sakit toyan.

Godhong kêlira (inggih godhong tela) 3 punggêl, adas sasaga, pulasari

panjangipun sadariji, brambang satunggal. Kapipis mawi toya jawi, dipunsaring,

kaunjukna. Ampasipun katapêlakên ing padharan.
Angka 1262 Jampi tiyang sêpuh botên sagêt69 toyan.

Godhong kluwih kang sêpuh taksih ijêm ingkang dhawah kajêngipun piyambak 2
utawi 3 lêmbar, kagodhog dipundipundamêl70 ngunjuk sabên dintên.

Angka 1263 Jampi rare sakit toyan utawi kêrminên.

Bubukan godhong salamaki kaliyan uyuh sapi kaunjukna 2 kenjing dangunipun.

Angka 1264 Jampi tiyang sakit toyan rah kang sampun umur 20 taun

sapanginggil.

69 *#sagêd commit to user
70 *#dipundamêl

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
114

Godhong turi brit 7 lêmbar kapipis kang lêmbat dipunpêrês, kapêndhêt toyanipun,

landha awu sacangkir wedang, /472/kêpuh jangkang sasigar, kajêng anyang 7,

godhong mêniran 7 punggêl, godhong poksor 7 lêmbar, godhong garut tuwin

godhong padêrman sami 7 lêmbar, jong rahab 15 saga, pulasari panjangipun

sadariji, adas 3 saga, podhi 7 saga, sari 8 saga, godhong saga satêkêm, kajêng

lêgi panjangipun sadariji, kajêng ulêt 5 kabakar. Kapipis kang lêmbat, dipun-

godhog kangge wedang. Kaunjuk sabên dintên. Saupami kirang damêla malih.

Angka 1265 Panunggilanipun jampi toyan rah.

Oyot jambe 4 dariji pasagi, oyot poksor panjangipun sadariji, têmu wuku

satunggal, oyot sêmangka panjangipun 2 dariji, oyot labu pêthak panjangipun 3

dariji, oyot sruni pêthak panjangipun 3 dariji, oyot dêrês 5, oyot gêmpur watu

tuwin oyot gêtas watu panjangipun sami 3 dariji, oyot druju satêkêm, klothokan

kêpuh jangkang satunggal dipunbakar, kajêng anyang 7, kajêng lêgi panjangipun

sadariji, adas 2 saga, pulasari panjangipun sadariji, podhi 5 saga, sari 7 saga.

Dipundhêploka utawi dipunpipis kang lêmbat lajêng dipun-godhog, kaunjuk

sabên dintên.

/473/ Angka 1266 Panunggilanipun jampi toyan rah.

Jintên cêmêng sagêgêm dipunkum kaliyan gêndhis pasir sami kathahipun lajêng

dipununjukakên. Laminipun jampi makatên punika ngantos 7 dintên.
Angka 1267 Jampi tiyang botên sagêt71 toyan margi kabunton.

Godhong kluwih 3 lêmbar ingkang sampun sêpuh dipun-godhog ingkang ngantos

matêng. Toyanipun dipununjuk kados angunjuk wedang.

Angka 1268 Panunggilanipun sakit toyan.

Sêkar kluwih 3 dipunpe, yèn sampun garing kagodhog kaliyan adas 2 jodho,

pulasari saros dariji, kajêng lêgi saros dariji, brambang sêpuh 3, gêndhis arèn

pangaos sadhuwit, nuntên dipun-godhog. Manawi sampun matêng kaunjuk sabên

dintên.

Angka 1269 Panunggilanipun sakit toyan.

Godhong mêniran satêkêm, godhong urat tuwin godhong srigadhing sami

nyatêkêm kajêng anyang 7, jong rahab 10 saga, pulasari 5 saga, brambang 3.

Dipun-godhog, kaunjuk sabên dintên.

commit to user

71 *#sagêd

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
115

Angka 1270 Jampi rare sakit toyan kang sawêg u-/474/mur 3 utawi 4 taun.
Godhong pundhung sagêgêm, sêkar sruni pêthak 7, godhongipun ½ gêgêm,
kajêng sêcang 10 saga, kajêng anyang 3 dipunbakar, rasuk angin 5 saga, kajêng
lêgi panjangipun sadariji dipunbakar. Kapipis kang lêmbat nuntên kabênêm
lajêng dipununjukakên mawi toya wedang sarta gêndhis batu saklungsu.

Angka 1271 Tapêlipun rare sakit toyan.
Godhong poksor satêkêm, adas sajumput, pulasari panjangipun sadariji, têmu,
brambang sami 3, sarêm sajumput. Kapipis kang lêmbat, dipuntapêlakên.

Angka 1272 Jampi kara pacar tumrap dhatêng tiyang èstri kang botên
ajêng manak sarta gadhah sakit lêbêt.
Kêtumbar, mungsi, podhi, sari sami 5 saga, pucuk panjangipun sadariji, safran 5
saga, jintên cêmêng 10 saga, jintên pêthak 10 saga, kêmukus 7, bêngle 3 iris,
tlutuh gambir satunggal, jong rahab 5 saga, godhong lampês tuwin kasêmbukan
sami 7 lêmbar, godhong gondhang kasih satêkêm, adas sasaga, pulasari
panjangipun sadariji, têmu kunci mêntah, matêng sami 3 iris, sarêm 3 wuku,
pucukipun cabe 3. Dipunpipis mawi toya jêram pêcêl 1, kasaring lajêng kaunjuk.
/475/ Angka 1273 Panunggilanipun jampi tiyang sakit toyan.
Godhong mêniran sagêgêm, sêdhah têmu rose 7 lêmbar, tlutuh gambir sapalih.
Dipundhêplok kang lêmbat, dipunpêndhêt toyanipun kaunjuk. Ampasipun
katemplokna ing pusêr laminipun 3 dintên.
Angka 1274 Jampi tiyang sakit toyan nanah.
Landha mêrang kêtan cêmêng 5, oyot jêram purut sakilan. Dipunkêrik, kawor
kaliyan landha awu nuntên kasaring, dipun-godhog, manawi sampun sêpuh
mangêt-mangêt dipununjuk.
Angka 1275 Panunggilanipun jampi toyan nanah.
Godhong gandarosa sagêgêm, sarta pucuk uwos 3 jumput, mripat kunir 3, toya
wayu nuntên kapipis kang lêmbat, kapêndhêt, dipunwor pathinipun kunir saruwas
têlunjuk, mangartosipun ½ dariji panuduh lajêng kaunjuk ing wanci enjing.
Angka 1276 Panunggilanipun jampi sakit toyan.
Mrica pêthak 7, majamuju sajumput, wiji sawi 2 jumput. Kapipis kang lêmbat
lajêng kaborèhna ing dakar.
Angka 1277 Panunggilanipcoumn mjaimt tpoi utosyearn nanah.

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
116

Woh pace nèm 3 dipundhêplok, dipunwori santên kanil parudanipun kalapa kalih
ros dariji pasagi. Dipununjuk rambah 3 /476/kenjing, adad72 lajêng mantun.

Angka 1278 Panunggilanipun jampi sakit toyan manawi kirang dêrês
utawis awis toyan.
Kuning tigan ayam 3, blimbing 3, pijêr wawrat ½ rupiyah, lajêng dipununjuk ing
wanci enjing.
Angka 1279 Panunggilanipun jampi awis toyan, wêdaling toya tansah
tètès.
Jêram pêcêl kapêrês kaping 3 kasèlèhakên ing cangkir lajêng ambakara wêsi
ngantos abrit. Kacêlupakên ing lêbêting toya jêram wau, dipunbun-bunakên.
Pangunjukipun 3 kenjing.
Angka 1280 Jampi sakit toyan mangkêl.
Pace nèm 2 tuwin 3 kadhêplok kapêrês toyanipun lajêng kaunjuk sabên ing wanci
enjing.
Angka 1281 Panunggilanipun jampi tiyang sakit toyan.
Lobak satunggal, kathah-kathahipun 3 dipunpêrês kapêndhêt toyanipun, punwori
pucuk kaliyan ganthi dipunkum ing cokak. Ampasipun dipuntapêlakên ing pusêr.
Sêpang wawrat satail 12 ½ dhuwit, brambang sami wawrat satail, pijêr
saklungsu. Dipun-godhog, kadamêl toya pangunjukan, sampun ngunjuk
sanèsipun. Yèn godhog kauwor kuwah /477/pitu.
Angka 1282 Jampi sakit toyan kang ngêdalakên watu salêbêting dakar.
Bubukan godhong salamaki wawrat 3 dhuwit dipunwori toya klapa, dipun-godhog
lajêng katêdha 3 kenjing.
Angka 1283 Santun warni jampi endrak.
Bubukan kajêng tai kabakar ing angkup jambe nèm sakêbakipun, angkupipun
dipunkatutakên, kajêng lêgi panjangipun saros dariji, adas sajodho, pulasari
saros dariji, dringo sakacang, bawang kalih kacang. Dipunpipis, toyanipun
lingsah kalêntik enggal sasendhok teh kaudhêg sarê 73 . Yèn sampun awor
dipunuyêgna pênthiling bokipun sintên ingkang nêsêpi.

72 *#adat commit to user
73 *#sarêng

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
117

Angka 1284 Panunggilanipun jampi endrak rare kang sawêk74 umur 5
tuwin 7 wulan.
Êpang waru kabêsèt yiyitipun ing lêbêt kulitipun dipunkêrik, brambang satunggal
dipunbakar, adas 2 jodho, pulasari saros dariji. Dipunpipis, kagosokakên ing ilat
mawi toya satunggal utawi 2 tètès.
Angka 1285 Jampi sakit kuning kang taksih enggal.
Êtir sasendhok dhahar dipuncuri wedang umêb sacangkir uta-/478/wi langkung,
kaunjuk sabên dintên.
Angka 1286 Panunggilanipun jampi sakit kuning.
Uwos sagêgêm, pulasari tuwin manis jangan panjangipun sami sadariji, adas 2
jodho, brambang satunggal, kajêng ulêt 2 dariji, rasuk angin 3 saga. Kagodhog
ing kuwali, toyanipun kêbak. Yèn sampun kantun satêngah, kaêntas
dipunasrêpakên lajêng kaunjuk sabên dintên, laminipun 7 dintên.
Angka 1287 Jampi sakit sirah saking encok.
Godhong golang-galing satêkêm, lêli75 pususan kaping kalih sapinggan, jêram
purut satunggal kabakar, karêmêt kaliyan godhong golang-galing wau, pukul
wolu sontên dipunbun-bunakên, enjingipun kagosokakên ing sirah. Sabên dintên
damêl malih. Panganggenipun jampi punika ngantos samantunipun, 4 utawi 5
dintên.
Angka 1288 Jampi sakit kuping.
Tumo kauwor kaliyan jampi sawanan kapipis lajêng kaunjuk.
Angka 1289 Jampi talingan suda pamirêng.
Godhong kapas taun 3 lêmbar dipunpipis mawi adas 2 jodho, lajêng
dipunlêbêtakên salêbêting jambe mêntah, /479/têgêsipun jambe satêngah sêpuh
sakulitipun utawi kulitipun dipunkêrêt-kêrêt pucuk kaliyan dipunpanggang
sakintên bêntèr lajêng dipuntètèsakên ing bolongan talingan adat ingkang
sampun 3 dintên mantun.

Angka 1290 Jampi sakit talingan tuwin kang suda pamirêng.

74 *#sawêg commit to user
75 *#lêri

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
118

Godhong sudhi-sudhi 7 lêmbar dipunpanggang, nuntên kapêrês toyanipun,

dipunlêbêtna ing kuping. Yèn wanci enjing toya wau kaworana lingsah klêntik

kangge ngurut sawingkingipun ing godhoh talingan.

Angka 1291 Panunggilanipun jampi talingan kraos cêkot-cêkot, tumrap

tiyang sêpuh kawastanan ngêlu.

Brambang satunggal karêmêt ing cangkir, toyanipun cokak kaengêt rumiyin,

lajêng kabuntêl ing sinjang, dipunpêrês, kakêcêrakên salêbêtipun talingan

langkung saking 3 jam dipunpêrêsa malih ngantos mantun sakitipun. Sabên badhe

ngangge dipun-ngêt rumiyin mangêt-mangêt kemawon, sampun ngantos

kasangêtên bêntèripun, sanajan asring ngrisakakên pamirêng. Manawi dèrèng
jodho santuna bawang sabungkul, patrap bubunipun76 inggih kados ing nginggil

punika.

Angka 1292 Panunggilanipun jampi talingan.

Êpang senthe cêmêng satunggal dipunpanggang kang ngantos mêdal kukusi-

/480/pun lajêng dipundamonana supados kukus wau lumêbêt ing talingan.

Angka 1293 Panunggilanipun jampi sakit kuping.

Godhong kucai 3 punggêl dipun-godhog, toyanipun arak. Mangêt-mangêt

dipuntètèsakên salêbêting talingan.

Angka 1294 Panunggilanipun jampi sakit talingan.

Mathi warak dipun-gêbêg kadèkèk ing cangkir naming sacêkapipun lajêng

dipuncuri arak lajêng dipunpithêsana sêmut cêmêng 3 iji nanging sampun

karêmêt lajêng dipuncurna ing sinjang, kakêcêrakên ing talingan kaping 2 tuwin

kaping 3 tètèsan sadintên rambah kaping 3.

Angka 1295 Panunggilanipun jampi talingan.

Godhong kacang lanjaran 3 punggêl dipunkukus ing dang lajêng kapêrês kaliyan

toya susu, katètèsna salêbêting talingan.

Angka 1296 Panunggilanipun jampi talingan.

Woh kapas taun kang nèm satunggal, brambang satunggal, kêncur 3 iris. Kapipis

kang lêmbat nuntên dipunbuntêl ing godhong pisang, dipunbênêm ing awu bêntèr.

Yèn sampun matêng nuntên dipunbuntêl ing sinjang, kakêcêrakên salêbêting

talingan.

commit to user

76 *#bumbunipun

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
119

Angka 1297 Panunggilanipun jampi talingan.
Jae sairis kaliyan dhèdhès wawrat sadhuwit dipunwo-/481/ri toya lajêng kaulêt
sadaya, katètèsakên ing talingan.

Angka 1298 Panunggilanipun jampi talingan.
Kêcap dipunkêcêrakên ing talingan.

Angka 1299 Panunggilanipun jampi talingan.
Kajêng angkrik dipunoncèki kulitipun, adas sasaga, pulasari 3 saga, brambang
satunggal, nuntên kapipis lajêng dipunwungkus ing godhong pisang. Kabênêm ing
awu kang taksih bêntèr lajêng kapêrêsa ing lêbêtipun talingan. Ampasipun
dipunpipis malih, kadamêl borèh ing jawi.

Angka 1300 Panunggilanipun jampi talingan mawi suda pamirêng.
Godhong mangkokan 3 lêmbar kapusus nuntên dipuntutupna bolonganipun
talingan dangunipun 2 jam. Dipunsantuni malih godhong mangkokan punika
sangêt77 padududing dhatêng pamirênging talingan.

Angka 1301 Panunggilanipun jampi salêbêting talingan.
Godhong inggu dipunpipis sarta kapêrês kapêndhêt toyanipun, katètèsakên ing
talingan.

Angka 1302 Panunggilanipun jampi talingan suda pamirêng.
Godhong kuping sima 3 lêmbar kang asring nanêm tiyang Cina dipunpang-
/482/gang nuntên kapusus, katètèsakên salêbêting kuping mangêt-mangêt. Sabên
dintên rambah kaping 3 sadintên.

Angka 1303 Panunggilanipun jampi kuping.
Pêrêsan lêbu mangêt-mangêt dipunlêbêtna ing talingan, kasendhoka ing sendhok
alit, lajêng dipunsokna ing talingan. Sabên sampun asrêp dipunbucal, santun
ingkang mangêt malih. Ingkang sampun kalampahan asring lajêng mantun.

Angka 1304 Panunggilanipun jampi talingan.

Sêkul ingkang sawêg kaêntas sajêmpol, kalêbêtna ing conthong godhong pisang,
nuntên dipunsêbulna lêrês bolongan talingan supados kukusipun sagêt78 lumêbêt
salêbêting lingan79.

77 *#sagêd commit to user
78 *#sagêd
79 *#talingan(lakuna suku kata )

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
120

Angka 1305 Panunggilanipun jampi talingan.
Bawang ingkang agêng sasiyung kabucal maripatipun nuntên kasumpêlakên
bolonganing talingan. Sadintên dipunsantuni kaping 3.

Angka 1306 Panunggilanipun jampi talingan.
Êpang jarak brit kapanggang nuntên dipuntugêl kiwa têngên. Mangêt-mangêt ing
pucuk dipunsêbulna salêbêting talingan. Sabên dintên rambah kaping 5 utawi
kaping 6 sadintên.

Angka 1307 Panunggilanipun jampi talingan.
/483/ Lingsah klêntik enggal katètèsakên sarana sendhok alit, katètèsakên ing
bolongan talingan sabên sampun satêngah jam kabucal, santun kang enggal
malih ngantos sarasipun.

Angka 1308 Panunggilanipun jampi talingan suda pamirêng.
Jaha lawe satunggal, prusi agêngipun sakacang ruji. Dipunkum sadintên lajêng
dipuncurna ing talingan. Yèn karaos suda sakitipun, talinganipun dipunkorèk
punapa kawontênanipun.

Angka 1309 Jampi sawan kang sampun kalêbêt ing padharan.
Angupadosa larahan kang taksih kèli ing lèpèn, sanajan warni godhong tuwin
kajêng, tuwin mêndhêta siti ndhut sagantên kang tumèmplèk ing jangkang nami
siti lêrês sambang, dringo saros dariji pasagi, kulit têbêlan satunggal, kulit
kêpithing, kulit pe, kulit mimi sami saros dariji pasagi dipunbakar, rasuk angin,
kêtumbar sami 3 saga, trawas salêmbar, jong rahab, sarta sêkar apèn sami 2
saga, kajêng ungêt satunggal dipunbakar, murmak 3 saga, daging sasaga, têmu
guroh 3 iris dipunbakar, jintên cêmêng 7, lajêng kapipis kaliyan toya jawi,
kabênêm mawi sarêm 3 wu-/484/ku nuntên kaunjuk. Ampasipun dipunpupukakên
ing sirah.

Angka 1310 Nuntên angunjuka panunggilanipun jampi malih.
Mêsoyi saros dariji, kajêng sêcang tuwin widara pêthak sami 3 saga,
dipunbumboni kados ing ngajêng sarta kapipis, kajêng tinja 2 saga, cêndhana
jênggi tuwin kêtumbar sami 3 saga, trawas 2 lêmbar, kunir 2 iris, adas 3 jodho,
pulasari saros dariji, pala saklungsu, cêngkèh satunggal, sêkar apèn 3 saga, uwos
7 las. Sadaya kapipis lajêng dipununjuka ingkang nêsêpi, manawi sampun
kasapih inggih kaunjukna dhatêngcormarmènitiptounukseermawon. Tirahanipun kaborèhna.

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
121

Angka 1311 Panunggilanipun jampi sawan.

Amêndhêta siti ingkang tumèmplèk ing jangkar 2 klungsu, yèn sêpên mêndhêta

ampo 2 suwêng, kulit mimi saros dariji pasagi, kulit pe 2 ros dariji pasagi,

gêlaran lami 3 dariji pasagi, kulit kêpithing 3 ros dariji pasagi, tumbu amoh

sadariji pasagi, lakên abrit 3 dariji pasagi, wit bêngkowang sadariji pasagi.

Sadaya kabakar, kapêndhêt awunipun, angêrika widara pêthak, sêcang, cê-

/485/ndhana jênggi, kajêng tinja, rasuk angin, sadaya sami wawrat 3 saga, kajêng

ulêt satunggal kabakar, adas 3 jodho, pulasari panjangipun saros dariji,

lêmpuyang, bêngle, kunci sami 3 iris dipunbakar, bawang 3 siyung dipunbakar.

Dipunpipis kang lêmbat mawi wos kêsit 3 iji kang kawastanan wos kêsit punika

karon kang kêlèt ing kukusan sajumput. Kapipis nuntên dipunkukusakên tiyang

ngliwêt kanthi sarêm 3 wuku. Yèn sampun matêng saha sampun asrêp lajêng

kapêrês toyanipun, kaunjukna dhatêng kang nêsêpi. Ampasipun dipunpipis malih,

kaborèhakên ing rarènipun.

Angka 1312 Jampi korèp.

Godhong kupang nèm (godhong bêrasan) inggih kawastanan godhong karuk

nangsi satêkêm, bawang 3, sarêm 3 wuku, tawas saklungsu, nuntên kadhêplok

kang lêmbat nuntên kapipis ugi kang lêmbat, dipunlèlètakên mawi wulu ayam.

Dipunbuntêl ing godhong pisang, toyanipun toya jawi, panganggenipun mawi

kablêbêt ing sinjang.

Angka 1313 Panunggilanipun jampi korèp.

Woh terong ngor satunggal, lirang saklungsu, brambang satunggal dipunbakar,

kunci, kêncur, têmu cêmêng sami 3 iris. /486/Kapipis kang lêmbat nuntên kakècèk

kaliyan santên kalapa ijêm 4 nyari pasagi, yèn sampun kênthêl sarta sampun

dados lingsah lajêng kaborèhna.

Angka 1314 Panunggilanipun jampi korèp mawi kruma.
Pupus mulwa 3 punggêl, babanipun80 panjang wiyaripun sadariji. Kapipis kang

lêmbat kangge borèh. Dene patrapipun sasakit dipunrêsiki kakumbah toya lajêng

dipunsat katutula sinjang nuntên dipunjampèni borèh wau sarta kabuntêla ing

pupus pisang, katumpangna, kablêbêt ing sinjang laminipun 3 dintên, kabikaka.

Adat lajêng saras botên ngantos 3 dintên.

commit to user

80 *#babakanipun

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
122

Angka 1315 Jampi kukul.
Dipunraupi toya karon kangge sabên dintên nuntên kukulipun dipundumuki
mêrang, kukul satunggal, mêrang satunggal, pucuking mêrang lajêng
dipunprotholi lajêng kagorèng sarta dipundamoni. Ing manah wicanten makaten
“Aku ora gorèng mêrang, gorèng kuku ling wajan dadi awu.”

Angka 1316 Jampi anguwatakên rambut.
Bubukan godhong salamaki dipunwor kaliyan ilat baya kapêndhêt toyanipun.
Kaunjuk sabên badhe tilêm.
/487/ Angka 1317 Jampi korèng.
Bawang sabungkul, mrica pêthak sakutuk tangan têgêsipun sacêkothokan dariji,
dipundhêplok, kagêcak kapêndhêt toyanipun nuntên dipunwora kaliyan lingsah
klêntik 2 sendhok. Sabên ngangge, kakècèk supados bêntèr.

Angka 1318 Panunggilanipun jampi korèng.
Lirang kagêrus dipunwor kaliyan gajih babi, kagosokakên sanginggile
korèngipun.

Angka 1319 Panunggilanipun jampi korèng.
Godhong sêdhah 7 lêmbar, bêngle 3 iris, dringo panjangipun sapalih dariji
kabakar. Dipunpipis kang lêmbat lajêng dipunborèhakên, kang kadamêl usar-
usar wulu uyam81.

Angka 1320 Panunggilanipun jampi korèng.
Jêbug satunggal kabakar kapipis mawi sarêm sajumput kaliyan toya jêram pêcêl
satunggal, lingsah klêntik 3 sendhok bêling. Dipunborèhakên, ingkang kangge
usar-usar wulu ayam.

Angka 1321 Jampi sêgawon korèngen.
Godhong jêmpanah dipun-godhog, toyanipun kangge angguyang tuwin
kaombèkakên, adat lajêng mantun.

Angka 1322 Jampi kruma tumrap lare sarta tiyang /488/sêpuh.

Isi pêlok pakèl satunggal dipuniris-iris dipun wor kaliyan sarêm gorèng, kunci 3

iji, kêmukus 7, kangge anyêmburi.

commit to user

81 *#ayam

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
123

Angka 1323 Ingkang dados awisanipu tiyang wawrat tuwin tiyang nêsêpi,
yèn tiyang wawrat sawulan dumugi 4 wulan asring kluron.
Woh nanas gêlung, kuwèni, timun wuku, ktan cêmêng najan tape, kluwih juruh
(kawis), maja, durèn, sampun purun-purun nêdha.
Angka 1324 Ulam-ulam ingkang botên kenging nêdha.
Ulam sêmbilang, urang windhu, urang congah tuwin êndhas-êndhasing ulam
utawi ilat-ilating ulam, amargi punika sadaya dadosakên sawan. Manawi nêdha
ulam sêmbilang sarta laut asring lajêng sirna wawratanipun.
Angka 1325 Panunggilanipun ulam sirikanipun tiyang nêsêpi.
Ulam dodok, ulam pipir, dhorang, sêmbilang, lele, sêpat, bêthik, badhèr êri,
jongot, bandêng lami /489/sarta sawarninipun ulam ingkang dipunpès, ulam
glagas, têngiri, êndhas, tuwin lidhah lêmbu, maesa, menda, tuwin kewan
sanèsipun, ulam pèlus, pindhang banyar, baluntak, mimi, kêpithing, têbalan
(trumpah), karang kukur, karang glathik, karang wêdhung, simping, tripang, ulam
pe, sêkul dipun-ngi tuwin punar. Sadaya punika tiyang nêsêpi botên nêdha,
andadosakên sawan.
Angka 1326 Laranganipun lare ingkang taksih nêsêpi.
Sampun ngantos dipunjak ningali pangantèn, tiyang ajal, pandung kabêsta, tiyang
kagantung wontên ngandhapipun, tuwin dhatêng têngah pêkên, mêndhung-
mêndhung kabêkta mêdal saking griya. Punika andadosakên rare wau kenging
sawan.
Angka 1327 Punika lêngkangipun pawèstri kang mêntas arèncang rare,
kaunjuk sarta kangge cawik.
Bêngle 7 iris, sêdhah kapanggih rosipun 7 lêmbar, manis jangan panjangipun
sadariji kabakar, jong rahab sagêgêm, sarêm 3 gêgêm, asêm ¼ kati, bawang
sabungkul, lajêng kagodhog, yèn sampun umêb dipundèkèk ing cowèk nuntên
dipunlêbêtna awu pawon 3 jumput cêkothokan. Dipunênêba-/490/kên,
bêninganipun kaunjuk sabên enjing, kênthêlanipun kangge wijikan wanci jam 5
enjing. Sabên badhe ngangge dipun-ngêt. Ngantos puput pusêring rare.
Angka 1328 Lêngkangipun ingkang dipununjuk.

commit to user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
124

Kapur barus 5 saga, cêngkèh 7, jaha lawe 3, ganthi 5 saga, jênitri 3, pucuk 5
saga, têmpaos satugêl, kajêng rasamala 10 saga. Kapipis, sabên badhe ngombe
dipunkêcêri duduh jêram pêcêl.

Angka 1329 Panunggilanipun.
Bêngle 3 iris, sêdhah kapanggih rosipun 7 lêmbar, kêmukus 7, manis jangan
panjangipun sadariji, jong rahab 10 saga, sarêm 3 jumput, asêm sajêmpol. Sabên
badhe kangge kaêngêt, kangge ing bathuk pawèstrèn.

Angka 1330 Panunggilanipun lêngkang.
Majakan, cêngkèh sami 3 iji, tlutuh kajêng rasamala 10 saga. Kapipis, toyanipun
jêram pêcêl.

Angka 1331 Panunggilanipun jampi lêngkang.
Terong pêthak 3, godhong latêng 3 punggêl, uyah-uyahan 3 punggêl, kapur barus
3 saga, sêkar kênanga 3, gêndhis kalapa 2 klungsu, madu 2 se-/491/ndhok bêling.
Kapipis kang lêmbat lajêng dipunangge.

Angka 1332 Jampi sakit manah.
Lobak satunggal kagodhog kaliyan jae 3 iris, gêndhis batu kang ngantos karaos
lêginipun. Kaunjuk sabên dintên. Yèn mêntas ngunjuk, dhahara wijèn.

Angka 1333 Plèstêr kangge ing pundi ingkang sakit.
Godhong mangkokan 7 lêmbar dipunpusus sanginggiling godhong, dipundèkèki
apu 3 klungsu, lajêng kaplèstêrna ing pundi ingkang sakit.

Angka 1334 Manawi sakit kowah82 enggal.
Godhong cakobak 3 lêmbar dipunpipis kangge amlistêr83 sanginggilipun kang
kowak wau.

Angka 1335 Panunggilanipun jampi kowak.
Tinja menda dipunbakar dinworna 84 prusi kagêrus ingkang lêmbat nuntên
dipunwur-wurakên ing tatu, nanging sampun ngantos kenging toya.

Angka 1336 Panunggilanipun jampi kowak.
Kênthang dipunpipis kang lêmbat mawi madu kadamêl plèstêr katemplokakên
lêrês tatunipun. Sabên ngumbah tatu wau kaliyan wedang kang angêt, yèn godhog
wedang kangge ngumbah mawi godhong asêm. Yèn dèrèng jodho

82 *#kowak commit to user
83 *#amlèstêr
84 *#diworna

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
125

dipunjampènana tape kangge plèstêr, katemplokna ing kowak la-/492/jêng
dipuntutupi pupus pisang.

Angka 1337 Jampi tatu kenging sênjata.
Singat maesa utawi lêmbu dipunkêrik, kauwur-uwurakên ing tatunipun.

Angka 1338 Jampi tatu saking kapêrang.
Brambang 3 dipunpipis kang lêmbat kaworana gêndhis pasir lajêng katemplokna
sanginggiling tatu wau.

Angka 1339 Panunggilanipun jampi tatu.
Uwit pisang kapêndhêta tlutuhipun sarana ktutul kaliyan kapuk, upami dèrèng
sagêt 85 anêlêsi kapuk, inggih nêgara malih. Yèn sampun waradin kapuk wau
lajêng dipuntutupna tatu wau. Yèn ngumbah tatu punika kaliyan landha awu
kadêbog utawi landha awunipun kajêng kang sêpêt-sêpêt. Adat rah lajêng kèndêl
sarta tatunipun mawi kablêbêt ing pupus kaliyan sinjang, punika lajêng garing.

Angka 1340 Yèn tatu angêdalakên rah kathah.
Godhong trate salêmbar, têmbung Walandi (plompên badhen) kapipis kang
lêmbat nuntên dipunplèstêrakên ing tatu wau.

Angka 1341 Panunggilanipun jampi tatu.
Godhong potroseli 14 lêmbar dipunpipis kang lêmbat nuntên dipuntemplokna ing
tatu.
/493/ Angka 1342 Jampi mripat tatu.
Jintên pêthak 3 jodho dipunwori toya susu tiyang ingkang nêsêpi enggal nuntên
dipundhêplok jintên wau, kabuntêl ing sinjang, dipuntètèsakên ing maripat.

Angka 1343 Panunggilanipun jampi maripat tatu.
Kunir 3 iris, uwos 7 las, singat bule dipunkikir, nuntên dipunkum ing toya wayu
lajêng katètèsna salêbêting maripat kang sakit sawontênipun jampi wau.

Angka 1344 Panunggilanipun jampi maripat tatu.
Mi agêngipun saklungsu, sarêm 3 wuku, nuntên kalêbêtakên ing salêbêting asêm
lajêng kabakar, êmpu kunir 3 iris, majakan satunggal, jaha kêling, brambang
sêpuh satunggal, jaha lawe ½, bawang sasiyung, dringo sakacang wose, sadaya
kabakar, sêdhah kapanggih rosipun satunggal lêmbar, lajêng dipunpipis kang

commit to user

85 *#sagêd

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
126

lêmbat kangge pilis. Dene ingkang kasar kabuntêla ing sinjang pêthak lajêng
kasipatna ing maripat tuwin pasuluwan supados jampi wau lumêbêt ing maripat.

Angka 1345 Jampi tatu.
Sidawayah 2 sendhok kagorèng kang ngantos gosong, prusi saklungsu.
Dipunpipis sampun mawi toya lajêng dipunwur-wurakên ing pundi ingkang tatu.
/494/ Angka 1346 Jampi tatu ing dariji suku.
Pupus dhadhap 3 punggêl, prusi 2 wos, sêkul 7 upa. Dipunkumbah lajêng kapipis
kang lêmbat lajêng kapipis kang lêmbat 86 nuntên dipuntapêlakên ing suku
ingkang tatu wau. Sadintên santun sapisan, salêbêtipun 10 dintên mantun.

Angka 1347 Tatu saking ngidak paku.
Sasampunipun tatu dipunpocot nuntên mipisa godhong jêmpanah. Yèn sampun
lêmbut lajêng katemplokna ing tatu, sanalika lajêng mantun.

Angka 1348 Jampi tiyang sakit jalêran nêdha ulam kang mawa racun
ngantos nuntak utawi wawratan.
Godhong jêmpanah 10 utawi 12 lêmbar dipun-godhog kang ngantos umêb, nun87
kaunjuk kados wedang, punika lajêng mantun sarta nyirnakakên sasakit.
Angka 1349 Jampi tiyang anêdha ulam racun kang tulèn, asring lajêng
botên èngêt.
Godhong jêmpanah 30 lêmbar dipunpipis kang lêmbat, kapêrês, toyanipun kawor
kaliyan anggur lajêng dipununjuk saèstu 2 dintên lajêng saras.
Angka 1350 Panunggilanipun tiyang nêdha ulam racun.
Godhong jêmpanah 24 lêmbar, sakêdhikipun 6 lêmbar /495/dipun-godhog,
toyanipun sagêndul. Yèn sampun matêng dipunombe. Ingkang sampun
kalampahan mantun.
Angka 1351 Tiyang sakit kalêbêtan sabarang racun ngantos luntak
wawratan.
Godhong jêmpanah dipun-godhog kaombe sacangkir tuwin kalih cangkir.
Ingkang sampun kalampahan mantun.
Angka 1352a Yèn sagawon nêdha racun.
Godhong jampanah kapipis ingkang lêmbat toyanipun kaombèkakên.

86 *#lajêng kapipis kang lêmbat commit to user
87 *#nuntên

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
127

Angka 1352b Jampi tiyang nêdha racun.
Godhong salamaki wawrat 3 dhuwit dipunbubuk, dipunwor kaliyan pêrêsan
lêmbu. Katêdha ing wanci enjing, 3 kenjing mantun.

Angka 1353 Yèn badhe ayêntosakên88 damêl jampi makjun, mupangatipun
bêntèr tuwin anglangkungi prayogi.
Majamuju, jae, pala, sêkar pala, cêngkèh, sêkar lawang, kunci kuning, jintên
cêmêng, dringo, bêngle, adas lêgi, adas pêdhês, kêtumbar, kajêng garu kêlêm,
sadaya mawi wawrat 2 reyal (18) dhuwit, bawang, jae têlês sami wawrat 5 reyal
(45) dhuwit, mêsoyi wawrat 3 reyal (27) dhuwit, nuntên sami kadhêplok kang
lêmbat, dipunayaki lajêng kada-/496/mêl makjun. Dipun-galindhingi saisi lêrak.
Panêdhanipun sabên enjing 7 iji. Têmbung reyal punika timbangan mas. Makjun
punika pil utawi glintiran.
Angka 1354 Yèn badhe misaya sima utawi andhapan.
Woh kalak ambing tuwin oyotipun dipunkêrik utawi katugêl-tugêl wontêna
wawrat suku, dipunpe. Yèn sampun garing dipunwor kaliyan 20 galintir, kêmukus
sacêkothokan munjung dipunwori warangan sacakir89 dipunlêmbutakên. Manawi
sampun dipunwor dados satunggal. Yèn kadamêl misaya andhapan katumrapna
ing pantun tuwin ing rosan. Bilih naming masangi andhapan kemawon botên
susah mawi warangan. Kalak ambing punika kadhêplok lajêng dipunkum kaliyan
pantun utawi rosan, dipunpasangna ing pundi panggènan margi pasabanipun
andhapan. Yèn kalampahan nêdha adadosakên90 pêjahipun.
Angka 1355 Panunggilanipun misaya andhapan.
Oyot kalak ambing dipunkêrik, oyot crême, oyot sungsang, oyot bonang sami
dipunrajang, kape kang garing nuntên dipundhêplok kang ngantos ajur kados
dhêdhak, di-/497/punwur-wurna ing pantun kang mêntas dipunkum lajêng
pinasangna ing pundi ingkang wontên andhapanipun tuwin kang asring kadamêl
lumampah. Adamêla luwangan, pinggiripun dipunsêbari pantun, ing nginggil
dipunurugana damèn utawi mêrang. Yèn andhapan nêdha pantun kacêmplungna
ing luwêng.

88 *#ayêktosakên commit to user
89 *#sacangkir

90 *#andadosakên

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
128

Angka 1356 Jampi mayo, pawèstri mangku lare kraos padharanipun
mulês, punika nalika sawêg gadhah lare gènipun kenging sasakit, sabên mangku
bayi badanipun karaos linu sadaya.
Uwi dara (uwi cêmêng) dipun-godhog lajêng katêdha, ingkang sampun
kalampahan lajêng mantun.

Angka 1357 Panunggilanipun jampi mayonên.
Uwoh kêpuh jangkang satunggal kabakar, nuntên dipunkum, landhanipun
kaunjuk.

Angka 1358 Panunggilanipun jampi mayo.
Woh tela gantung ingkang satêngah matêng (kêmbang kapas) dipunkukus dang,
kadèkèkna têngah sêkul lajêng katêdhaa kaliyan lisah mayo sarta sarêm gorèng 3
jumput.

Angka 1359 Panunggilanipun jampi mayo.
Kêpithing sakajêngipun gènipun godhog, dipuntêdha kaliyan lingsah mayo sarta
sarêm gorèng 3 jumput. Punika sa-/498/e sangêt.

Angka 1360 Jampi sakit maripat.
Kunir panjangipun sadariji dipunoncèki, kagosok ing pipisan nuntên dipun-ngêt
ing latu, kauwor kaliyan apyun sakêdhik dipunkintêna sakacang wose, nuntên
kapipis kang lêmbat lajêng kagosokna pinggiring maripat. Kasaring rumiyin,
sabên badhe ngangge dipun-ngêt.

Angka 1361 Yèn karaos badhe sakit maripat supados botên kalajêng.
Sêdhah 3 lêmbar, dringo agêngipun sakacang ijêm, brambang satunggal.
Dipunpipis, kasaring ing sinjang lajêng dipuntètèsakên ing maripat rambah
kaping 3 utawi kaping 4 sadintên.

Angka 1362 Panunggilanipun jampi maripat.
Godhong nyamplung kang taksih têlês 20 lêmbar dipun-godhog kaliyan toya kang
bêning. Dalu dipunbun-bunakên, enjing kangge ngrambang mripat salêbêting
toya punika.

Angka 1363 Panunggilanipun jampi maripat.
Sêdhah 20 lêmbar kados sêkar karajang-rajang nuntên karêmêt kaliyan tawas
agêngipun sauwos, dipunwor kaliyan toya kang bêning sacêkapipun salêbêting

commit to user

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
129

mangkok pasuryan. Dalu dipunbun-bunakên, enjingipun kadamêl ngrambang ing
tingal.
/499/ Angka 1364 Panunggilanipun jampi maripat kang sangêt.
Tawas satugêl wos, jambe nèm tuwin dlima pêthak sami satunggal. Dipunpipis
utawi kadhêplok, dipunpêrês kalambaran sinjang nuntên katètèsakên ing
pasuluwan mripat supados sagêt 91 lumêbêt. Kangge sabên enjing ngantos
samantunipun utawi angatos-atos sapanêdhanipun. Sampun anêdha ingkang
panas-panas tuwin sawarnining pêpêdhês, angêmungna nêdha sêkul tuwin bubur
kaliyan ulam garingan kemawon ngantos samantunipun.

Angka 1365 Manik manawi kados kajêglug utawi kêtumbuk sasaminipun
ingkang ngantos ngêdalakên rah.
Godhong ranti 3 lêmbar dipunrêmêt tanpa toya, gêndhis jawi sauwos, lajêng
dipunpêrês, kalêbêtna ing maripat. Sapisan kemawon mantun.
Angka 1366 Jampi maripat kacolok.
Jambe nèm kasigar, toyanipun kalêbêtna ing maripat. Upami maripat wau tatu,
mêndhêta godhong dhadhap srêp 3 punggêl. Kapipis kang lêmbat, toyanipun
dipunpêrês ing maripat, adat lajêng mantun.
Angka 1367 Panunggilanipun jampi sakit mari-/500/pat.
Godhong urat 3 lêmbar kapipis kang lêmbat, dipunsaring kapêndhêt toyanipun,
katètèsakên ing maripat.
Angka 1368 Jampi mripat tatu sarta blawur.
Kapur barus kakumbah rambah kaping 3, kapêndhêta ênêp-ênêpanipun kemawon,
dipunwadhahi ing pinggan pêthak katutupan kapuk. Dalu dipunbun-bunakên,
enjingipun dipuntètèsakên ing mripat kaliyan kapuk. Punika lajêng sagêt 92
anglunturaken rarêgêt kang wontên ing maripat.
Angka 1369 Jampi maripat pêtêng.
Mêndhêta jêrang 3 saga kapipis kang lêmbat sarta mêndhêta wulu ayam cêmêng
kang taksih bung. Dipunbun-bunakên ing sadèrèngipun ayam tumurun utawi
sadèrèngipun malêthèking surya. Bung wulu ayam lajêng kapêrêsa dipunlèlètakên
ing maripat. Sarat ambêdhèlipun wulu ayam botên ambêgan93 sarta ambisu.

91 *#sagêd commit to user
92 *#sagêd
93 *#ambêkan

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
130

Angka 1370 Panunggilanipun jampi maripat pêtêng.
Bawang nèm sapalih siyung, jambe nèm 2 iji kapêndhêt toyanipun, tawas sauwos,
nuntên kapipis kang lêmbat, dipunbuntêl ing sinjang pêthak, kapêrês ing sinjang.

Angka 1371 Panunggilanipun maripat bawur sarta pê-/501/têng.
Amêndhêt woh kapas nèm kaliyan toya susunipun tiyang manak enggal lajêng
katètèsna mripat kang sakit wau.

Angka 1372 Panunggilanipun jampi ingkang bêrsêlut.
Mênyan pêthak 3 saga dipunwor kaliyan toya susunipun tiyang manak enggal
sasendhok alit, lajêng kangge cêlak sarta kalerongakên ing salaminipun.
Salêbêtipun jampi sampun dhahar ulam tuwin sarêm.

Angka 1373 Jampi yèn tiyang lênggah dangu, samangsa ngadêg lajêng
badhe dhawah sarta mripatipun pêtêng.
Pucuk 2 ros dariji, asêm lami saklungsu, pucuk wos 7, mripat kunir 3, lajêng
dipun-godhog, ananging sampun kathah-kathah toyanipun nuntên dipunbun-
bunakên. Enjingipun dipununjuka sadaya.
Angka 1374 Punika kangge ngrambang manawi maripat kathah rêgêtipun.
Pucuk sêdhah 7 lêmbar, pêntil jêram pêcêl satunggal dipunsigar-sigar, karêmêta
kaliyan pucuk sêdhah wau wontên ing pinggan pêthak mawi toya rumiyin lajêng
ka-/502/saringa ing srêbèt kang rêsik. Yèn sampun kadamêla ngrambang tingal.
Panganggenipun toya punika ngantos 3 dintên. Sabên-sabên damêl ugi kados
ingkang sampun wau.
Angka 1375 Yèn mripat rêgêt sarta bawur.
Bubukan godhong salamaki wawrat 3 dhuwit dipunwor kaliyan pêrêsan woh
anggur lajêng dipununjuk sabên enjing rambah kaping 3.
Angka 1376 Jampi sakit tingal pêtêng.
Godhong salamaki ingkang sampun kabubuk wawrat 3 dhuwit dipunwori toya.
Dalu dipunbun-bunakên, enjingipun kaunjuk rambah kaping 3 kenjing.
Angka 1377 Jampi mripat rêmêng-rêmêng tuwin jèmbès.
Godhong tlasih tuwin sêkaripun sami 3 gêgêm, bawang kang glembosi ¼ kati.
Dipun-godhog ing kuwali enggal, toyanipun kang kêbak. Manawi toyanipun
kantun sakêdhik lajêng dipunêntas, dipunsaring ing sinjang pêthak. Dalu
dipunbun-bunakên, enjingipun kancogmgemyait ntogruasmerbang tingal utawi kasikat ing wulu

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
131

gagak kang nèm. Yèn botên angsal wulu gagak mêndhêta bung kelor kang nèm
dipunpanggang, manawi kulitipun sampun a-/503/lum dipunsipatakên ing tingal.

Angka 1378 Jampi sakit mripat bawur.
Bayêm ri dipunpe kang garing nuntên dipunbasmi, awunipun kadamêl landha
tuwin dipunworana sarêm, raosipun kang ngantos asin lajêng kasaring,
dipunênêpakên kang ngantos bêning. Bêninganipun dipunbun-bunakên sadalu,
enjingipun kangge ngrambang tingal rambah kaping 6 kenjing. Punika
dipunpriksanana, yèn wontên sudanipun lajêngna samantunipun.

Angka 1379 Jampi pitêm. Yèn tiyang lênggah dangu samangsa ngadêg
paningalipun pêtêng.
Bubukan godhong salamaki wawrat 3 dhuwit kaliyan cabe jawi satunggal.
Dipunpipis lajêng kaunjuk 3 kenjing.
Angka 1380a Panunggilanipun jampi maripat.
Godhong tlasih sagêgêm kagodhoga ing kuwali enggal. Yèn sampun umêb
rambah kaping 4 lajêng kailinga ing pinggan pasuryan. Yèn sampun asrêp
kanggeya angrambang tingal sarta nalika kagodhog kaworana brambang
sagêgêm. Patrapipun angrambang enjing rambah kaping 4, sontên rambah
kaping 4 tuwin mêndhêta bung kelor, kapanggang satêngah matêng nuntên
dipunoncèki kuliti-/504/pun. Ing pucuk dipun-gêcak supados lêmês nuntên
dipunsipatakên ing tingal.
Angka 1380b Jampi sriawan kangge tiyang sakit mêjên.
Pisang kluthuk kang matêng saulêr dipunbakar, pisang kluthuk mêntah 2 ulêr
dipunparut. Bumbunipun adas, pulasari sami 5 saga, brambang satunggal
kabakar, kajêng lêgi 5 saga, kêtumbar sajumput, trawas salêmbar, êmpu kunir
sairis, lajêng dipunrêmêt sarta kasaring lajêng dipunpêrês kaliyan pisang mêntah.
Toya sriawan lajêng kaunjuk.
Angka 1381 Jampi mêjên.
Lobak dipunparut, dipunbuntêl ing srêbèt, kapêndhêt toyanipun sapratigan gêlas
toya, dipunwori madu saprapat gêlas toya. Dipununjuk sabên enjing. Yèn dèrèng
mantun, salêbêtipun 4 dintên nganggeya jampi toya susu.

Angka 1382 Panunggilanipcoumn mjaimt tpoi umsêejrên.

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
132

Tumbasa semariba rêgi sarupiyah lajêng dipun-godhog toyanipun 2 gêndul,

dipunkantunakên sapalih. Kaunjuk kaping 2 sadintên. Yèn tumrap rare kang umur

6 utawi 7 taun inggih naming sapalih-/505/ipun tiyang sêpuh.

Angka 1383 Jampi mêjên mawi wawratan rah.

Babakan kajêng sa (kasêbut wawu) 4 dariji pasagi dipun-godhog kang prayogi,

dipununjuka sabên jam sasendhok bêling dumugi sasarasipun.

Angka 1384 Tapêlipun tiyang mêjên.

Pucukipun godhong sana 7 punggêl, kajêng ulêt 3 iji dipunbakar, rasuk angin 5

saga, bawang jalêr abrit satunggal, dipunrêmêt, katapêlna.

Angka 1385 Toya pacawikanipun tiyang sakit mêjên.

Godhong sana 3 têkêm dipun-godhog kang prayogi ngantos umêb lajêng kadamêl

cawik.
Angka 1386 Jampi rare mêjên kang sawêk94 umur 1 utawi 2 taun.

Godhong dhadhap srêp 3 punggêl, podhi 3 saga, sari, murmak, daging sami 3

saga, trawas salêmbar. Dipunpipis kang lêmbat, toyanipun wedang nuntên

kasaring, dipununjuka wanci enjing, yèn dèrèng jodho.

Angka 1387 Jampi mêjên.

Godhong kara pêthak 3 lêmbar. Bumbunipun kados ing /506/nginggil wau.

Angka 1388 Tapêlipun.

Êmpu kunir satugêl dipunwori apu saklungsu. Kang kasêbut jampi punika sae

tumrap lare tuwin tiyang sêpuh. Sampun kangge ing bangsa Malajêng utawi

bangsa Sabrang sarta tiyang Arab.

Angka 1389 Tapêlipun tiyang mêjên malih.

Yèn botên angsal lombok kangge tapêl, prayogi nganggeya godhong kapas taun

tuwin anganggeya godhong kara pêthak punapa malih godhong mêrak ngigêl.

Angka 1390 Jampi tiyang mutah malaya-laya.

Ampas apyun sakacang wose, jintên cêmêng 5 saga, bawang 7 siyung, sêdhah

kang sêpuh 7 lêmbar. Sadaya katimbanga, yèn sampun lêrês wawratanipun

tumuntên kapipis kang lêmbat lajêng kauntala sawontênipun 3 kenjing.

Angka 1391 Bab ingkang sampun kalampahan, jampi punika asal saking

kitab sarta angsal supangatipun Sèh kang nganggit, anambahi mani

commit to user

94 *#sawêg

perpustakaan.uns.ac.id digilib.uns.ac.id
133

wêwahing mani wau amurugakên kuwatipun dakaripun sarta sae dhatêng
badan, punapa malih jampi punika pancèn kathah paedahipun.
/507/Jae panjangipun 2 ros dariji dipunoncèki, brambang 3, madu sasendhok alit,
tigan ayam kapêndhêt kuningipun, santên kanil kalapa tumbasan sasèn, lingsah
sapi sasendhok alit. Kaubêg rumiyin kang ngantos wor lajêng kaunjuk. Jampia
mangkatên95 rambah kaping 3 kenjing. Anuruta punapa wontênipun.
Angka 1392 Jampi sae dhatêng mani.
Jae abrit, kacang ijêm, kunir garing sami wawrat 2 reyal tuwin 18 dhuwit. Sadaya
punika kaolah kados dene tiyang ngliwêt, toyanipun santên kanil kalapa satugêl.
Jampi mangkatên 96 punika ngantos 3 kenjing. Kêdah miturut timbangipun.
Sareyal punika 9 dhuwit arta lami.
Angka 1393 Jampi amêwahi mani.
Madu katakêr ing tigan satugêl, lingsah sapi, santên kanil kalapa ijêm sami
satakêring, kulit tigan, brambang. Kapipis kang lêmbat satakêr, nuntên
dipundèkèki kajêng lêgi wawrat satangsul tuwin 5 dhuwit, jae garing wawrat suku
tuwin 10 dhuwit, kunir garing wawrat 2 suku tuwin 20 dhuwit, majamuju, mrica
pêthak sami wawrat sasuku 10 dhuwit. Sadaya punika kadhêplok kang lêmbat
lajêng ka-/508/lêbêtna salêbêting jampi wau dipunmasêrakên. Kajamokaken
kadamêl pil, 7 dintên mituruta timbangipun. Ing ngajêng wontên ingkang damêl
jampi punika nama Gaid Mustapa, griya Selta (Palembang). Ingkang majamokên
angsal supangatipun Bagendha punika Tuwan Sabad Ali Mahgribi. Wontên
tiyang sampun pêjah dakaripun, ingkang sampun kalampahan salaminipun nêdha
jampi punika sampun awor tiyang èstri tuwin katurutna ing padharanipun.
Angka 1394 Jampi amêwahi mani.
Jae panjangipun 7 dariji, kunir 3 êmpu sami kadhêplok, dipunpêndhêt toyanipun,
dipunwor kaliyan santên kanil kalapa satugêl, madu 2 sendhok bêling, nuntên
dipununjuk 3 kenjing, katurut punapa kawontênanipun.

Angka 1395 Jampi amêwahi mani.

95 *#makatên commit to user
96 *#makatên


Click to View FlipBook Version