i
Sunar Aruna
Antologi Cerkak, XI IPA 1, SMA Negeri 3 Yogyakarta, 2021.
Panyerat:
Siswa- siswi kelas XI IPA 1, SMA Negeri 3 Yogyakarta.
Panyunting:
Aulia Fatimah Azzahra (07)
Hana Nasyifa (20)
Neysa Zulfa Alzena (30)
Pencetak:
Muhammad Fikri Iedfi Darmawan (28)
Cithakan Kapisan:
Juni 2021
ii
Atur Prawacana
Puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang
Maha Agung satemah siswa-siswi XI IPA 1 saged damel
antologi cerkak punika kanthi sae. Antologi cerkak punika
minangka wujud saking jejibahan pasinaon basa Jawa kelas
XI SMA Negeri 3 Yogyakarta. Panyusun ngaturaken
agunging pangaksami dhumateng :
1. Ibu Warih Sri Martani, S.Pd. sapajeng guru piwucal
basa Jawa kelas XI IPA 1.
2. Bapak R. Heru Adi Prasetyanta, S.Pd. sapajeng wali
kelas XI IPA 1.
3. Siswa-siswi XI IPA 1 ingkang sampun damel cerkak
piyambak-piyambak kanthi sae.
Mekaten antologi cerkak punika kita sedaya damel
kanthi sasae-saenipun. Panyusun ugi ngaturaken nyuwun
pangapunten menawi wonten kaluputan wonten ing
panyeratan, tata basa, lan sanesipun. Mugi-mugi antologi
cerkak punika saged paring mumpangat dhumateng panyerat
ugi pamaos sedaya. Matur nuwun lan sugeng maos.
Sleman, 29 Mei 2021
Tim Panyusun
iii
Daftar Isi
Game Online.................................................................... 1
Ngunduh Wohing Pakarti................................................. 3
Gara-Gara Pempek........................................................... 11
Sekolah Anyar.................................................................. 15
Sendal Pak Somat............................................................. 17
SMA Anyar...................................................................... 31
Utang................................................................................ 33
Kanca Online.................................................................... 40
Mbolos Pramuka.............................................................. 42
Ealah Kakang Adi Padha Wae!........................................ 48
Nonton Konser................................................................. 55
Turu Esuk......................................................................... 61
Menyang Pasar................................................................. 65
Panyinaon Nalika Pandemi.............................................. 67
Bungkus Rokok................................................................ 70
Nyemplung ing Kolam Renang........................................ 76
Deri Bocah Gambar.......................................................... 81
Mampir nang Indroapril Wae!......................................... 88
Ah Wareg......................................................................... 94
WELADALAH................................................................ 98
Tukang Kebon.................................................................. 104
iv
Gajah lan Boyo Serakah................................................... 110
Maling Warnet................................................................. 113
Nyobo-Nyobo Malah Tenan............................................ 125
Ketiban Rambutan............................................................ 133
Piknik............................................................................... 138
PERAK 2019.................................................................... 143
Mumet.............................................................................. 146
Game Lara Wetheng........................................................ 150
Telung Sasi....................................................................... 154
Panggawe Becik............................................................... 161
Riy lan Plancongan.......................................................... 164
Simfoni Musim Semi....................................................... 166
Jalaran Kemul Gumantung............................................... 171
Kepleset............................................................................ 178
Wicara Seka Wicara......................................................... 182
v
Game online
Abyan Ahmad Musyafa (01)
Irfan lan Lintang wes koyo kakang adi, ning ndi ono
Irfan ning kono ono lintang, bocah loro iki kekancan e apik
banget wes koyo seduluran. Irfan seneng dolan game online,
nanging lintang ora seneng blas, lintang luwih seneng
berkegiatan sosial lan sinau. Wes 2 taun kekancane lintang
ngeroso soyo suwe Irfan wes fokus banget ning game. Lintang
sing ngeroso kesepian melu-melu download game ben iso
dolan bareng ro Irfan. “aku tak download game ngko ajari yo
fan.” Omong lintang ning Irfan. Irfan sing krungu kui
langsung sumringah, konco cerak e wes ngerteni dheweke
sing dolan e game online terus. “iyo tang, ngko tak ajari
gampang” jawab Irfan sumringah.
Mbengine lintang karo Irfan langsung dolan bareng
ning omahe lintang. Mergo Lintang gek ajar ro game e, dolane
lintang kurang apik banjur marai game e kalah. Irfan sing wes
dolan game suwi lan wes duwur tingkate nesu-nesu. “pye to
koe ki iso dolan ra e?!” Irfan takon ning lintang nganggo nada
dhuwur.” lha koe jare meh ngajari, yo aku cen urung iso
dolane.” Jawab lintang karo rupane melas. “ash ra jedag dolan
rasah dolan wae marai peringkatku medun reti ra.” Irfan
malah soyo nesu ning lintang. Lintang sing sabare wes entek
1
banjur melu nesu “lha aku ki download game ki nggo ngerteni
koe ben iso dolan bareng, koe malah ra menghargai usahaku
ngene, yowes lah lungo koe saiki seko omahku!!” Wiwit
wektu kui Irfan lan lintang musuhan. Ning sekolah bocah loro
kui wes ra saling nyalami, wes ratau ngobrol mung mergo
game online.
Wes 2 minggu sakibg kejadian kui, Irfan sing ngeroso
bersalah banjur wani ngomong ning lintang lan minta maaf.
“tang sorry yo mbien kae aku nesu-nesu mergo egoisku dewe”
omong Irfan ro rupo melas. “wes rapopo aku yo sorry nek
dolanku elek” jawab lintang. Akhire kekancane wes apik
meneh, malah luwih apii mergo saling introspeksi salahe
dhewe-dhewe.
2
Ngunduh Wohing Pakarti
Alvina Humaira Cahyadewi (02)
Jenengku Linda,aku saiki kelas 2 SMA. Aku duwe 3
kanca cedhak yaiku Rina,Tina lan Fella. Aku kekancan karo
wong 3 mau wiwit aku isih SMP. Seminggu pisan saben dina
setu aku mesti kumpul-kumpul. Dina iki dina Setu dadi
jadwale kumpul-kumpul. Kumpul-kumpul dina iki ing cafe
koyo biasane. Sak tengahe ngobrol-ngobrol Fella usul ngajak
plesiran.
“Gais ayo sesuk ning Solo,mlaku-mlaku sisan
kulineran” ajak Fella.
“Yok, ing Solo kan panganane enak tur nurah regane.
Cocok yen kanggo kantonge awake dhewe” Rina nerusake
usule Fella.
“Wah aku yo pengen melu, wis suwe banget aku ora
dolan neng Solo” jare Tina.
“Aku yo pengen,nanging aku kudu matur karo bapak
ibuku ndisik, dadi aku ora janji lho ya” jareku.
“Yo,rapopo santai wae mengko bengi di omongke
meneh neng WA” jawab Fella.
“Yen sido mangkate numpak sepur opo pie?” takonku.
“Hoo numpak prameks wae, mangkat jam 10” jawab
Fella.
3
“Yo wis mengko sak wise tekan omah aku matur ibu,
mugo-mugo diparangke” jawabku.
“Hoo deh aku ugo arep matur marang bapak ibu”
jawab Tina karo Rina barengan.
Aku lan kanca-kancaku banjur nerusake obrolan
nganti sore. Ora krasa wis bedug maghrib banjur aku sak
kanca mulih ing omahe dewe-dewe.
Tekan omah aku wis ora sranta mlayu mlebu omah
ngolekki ibuku.
“Buu,Ibuu,Bukk….” Suaraku mbrebeki sak ngomah.
“Ana apa to nduk,bali dolan kok langsung bengok-
bengok ora salam Assalamualaikum ndisik” ngendikane Ibu
nanggapi.
“Assalamualaikum ibuku sing paling ayu dewe”
Jawabku kanthi mesam-mesem.
“Ana apa iki kok kadingaren ngalem ibune, mesti arep
nduweni penjalukan” Ngendikane ibuku sing ketokke wes
paham karo sikapku.
“Hehehe, njih bu …kula badhe nyuwun ijin badhe
dolan wonten Solo mbenjang Setu menika”
“Lho kok ndadak banget nduk, yen sesuk ibu ora
ngijinke amargo ndadak banget,kowe yo perlu istirahat wes
kakean kegiatan to seminggu iki neng sekolahan. Yen arep
4
dolan sesuk pareng tapi sing cedhak-cedhak wae, nek arep
ning Solo ora pareng sik yo nduk”
“Walah buu….,pareng njihh sepindah menika
kemawon, mbenjang mboten malih, kulo njih mboten kesel
kok bu, malah betah hiburan kados mlampah mlampah
wonten Solo menika bu” aku tetep ngeyel pengen mangkat.
“Wolha bocah siji iki kok wes iso njawab ibune
yo,yen ora pareng yo ora pareng,wes wes pokokke ora pareng
nek sesuk”
“Njih bu” jawabku amarga raiso nglawan meneh
mengko malah tambah ra entuk metu-metu.
Aku langsung mlebu kamar, ning kamar aku mikir pie
carane tetep mangkat nanging ora kaweruhan ibu. Mikir-mikir
suwi njuk kelingan ngendikane ibu mau.
“Weh... ibu mau ngendiko sesuk nek arep dolan tetep
oleh nanging sing cedhak wae,yowes lah sesuk aku ngomong
arep dolan sing cedhak-cedhak wae”
Ujug-ujug Fella takon ning grup WA.
“Lin,Rin,Tin,pie sidane sesuk sido ora?” takon Fella
ning grup.
“Aku iso,sido wae nek sing liyane iso” jawabku.
“Aku yo iso sesuk” Rina nimpali.
“Hoo,aku yo iso” Jawab Tina.
5
“Oke, sesuk kumpul ning stasiun tugu jam setengah
10 yo,sepur e jam 10 soale” jare Fella.
“Yo”
Esukke jam 9 aku wis siap-siap lan arep sarapan. Pas sarapan
aku ijin arep dolan karo ibuku.
“Bu kula pamit badhe dolan kaliyan rencang-rencang”
“Lho, ibu rak ora ngijinke yen arep neng Solo to,kok
tetep ngeyel”
“Mboten dateng Solo bu,naming wonten cafe ingkang
biasanipun” jawabku ngapusi.
“Yowes rapopo, ning ojo sore-sore ya nduk baline,
sakdurunge maghrib wis kudu ning ngomah kaya biasane”
“Njih bu, mangke pukul sekawan sampun mantuk, o
njih bu nyuwun arta bade kangge sangu”
Ibuku banjur maringi duit satus.
“Maturnuwun bu, Linda pamit rumiyin”
“Ya nduk,ngati-ati ya”
Aku banjur mangkat menyang stasiun tugu sawise
pamit. Tekan kono kanca-kancaku ternyata wes tekan. Kok do
cepet banget tekanne,batinku. Pas aku ndelok jam nyatane wis
jam 10 kurang 15. Aku banjur mlayu nyedaki kanca-kanca ku.
“Hee, seko ngendi to kowe kok suwi banget wes arep
telat ki lho durung tuku tiket barang,sepure 15 menit meneh
mangkat lho” Tina mbengok seko adoh.
6
“Hoo,suwe banget to kowe ki,wes tak enteni suwe lho
arep tak tinggal iki mau yen 5 menit meneh ora njedul” jare
Fella.
“Hess jan bocah-bocah iki kok malah do padu wae
to,wes ngerti telat malah do padu, ayo gek ning loket wae yo
tuku tiket, selak telat ki lho” Rina nengahi Fella karo Tina
sing ngamuk-ngamuk.
Aku lan kanca-kanca ku banjur mlaku ning loket tiket
karo mlayu-mlayu sitik amarga wedi ora entuk tiket sing jam
10. Sawise tekan loket..
“Mbak, tiket sepur prameks sing jam 10, tasih
mboten?” takonku karo mbak-mbak ning loket tiket.
“Isih dek,arep tuku pirang tiket?” takon mbake balik
“Tumbas papat tiket nggih mbak, pinten regine?
“Patang puluh ewu dek”
“Menika artane ya mbak”jawabku sambi ngekei duite
Sawise entuk tikete aku langsung mlebu. Sawise 5
menit sepure wis tekan. Aku lan kanca-kancaku langsung
mlebu sepur nggoleki panggonan sing kosong. Nunggu 10
menit, sepure njuk mangkat. Ing perjalanan aku ngobrol-
ngobrol njuk ra krasa wis tekan Solo. Sawise metu sepur aku
langsung nggolek taksi. Ora let suwe aku wes entuk taksine.
“Pak,wonten Pasar Gedhe njih”
7
Taksine langsung mangkat ning Pasar Gedhe. 15
menit ning ndalan ngerti-ngerti wes tekan pasar wae,cedhak
banget. Ora ngganggo suwe aku karo kancaku langsung
nggoleki kuliner-kuliner sing ono ning kono. Aneko warno
panganan sing ditawakke. Aku lan kanca-kanca nyoba
panganan khas Solo, koyoto timlo, selat solo, sego liwet,
ngombe dawet, lan sak panunggalane. Aku mangan akeh
banget. Saking serune kulineran ra krasa wis jam setengah 3
sore. Nanging pas arep menyang stasiun si Fella kelalen tuku
titipane ibune.
“Waduh aku lali tuku srabi notosuman titipne ibuku,
pie yo”
“Yowes saiki menyang notosuman sek banjur
langsung stasiun, cukup to wektune ? kan sepure jam 4,pie
sing liyane?” jawab Rini
Sawise sing liyane setuju aku langsung nggolek taksi
kanggo ning notosuman. Tekan kono Fella langsung mlebu
ning tokone lan tuku srabine. Aku sing pancen seneng karo
srabi melu-melu tuku ra mikir duit anggo numpak sepur isih
opo ora. Wes rampung tuku srabi,langsung mangkat meneh
ning stasiun. Tekan kono jebul sepure wis mangkat. Aku lan
konco-konco ketinggalan sepur telat 5 menit. Sepur bar
prameks ono ne sing larang, regane seket ewu sak tiket. Pas
ngecek duit ning dompet jebule duitku kurang,neng rekening
8
yo ora ono duit, tak tekoni sing liyane duite yo pas kabeh ora
ono sing iso nomboki aku.
“Waduh,pie iki, ora ono sing iso mbayari aku sek
yo?”
“Hoo e raono,duitku pas banget ora ono turahan”
jawab Tina.
“Matur ibumu wae Lin, nyuwun di transfer duit,kui
kan ono ATM iso njupuk duit sek” usul Rina
“Waduh piye yo aku sakjane mau ngapusi ibuku,
amargo ibu ora ngizinke yen arep plesiran Solo, iki aku mau
ijinne arep ning cafe,wedi aku yen nyuwun ibuku”
“Wo lha piye to, takkira wis diparengke ibumu, yo
wes saiki matur sak benere wae, dijajal sopo ngerti diparingi
ibumu. mbangane raiso bali to”
Takpikir-pikir yo bener sih omongane Fella. Aku
langsung WA ibu.
“Assalamualaikum, bu nyuwun ngapunten kulo
nyuwun transfer arta wonten ing rekeningipun Linda”
“Waalaikum salam nduk, lho duite sing mau opo ora
cukup nduk, kan mung ngafe to?
“Nyuwun pangapunten bu, Linda estunipun bidal
dateng Solo, sakmenika ketinggalan sepur tiket ingkang mirah
sampun telas kantun ingkang awis. Menawi tumbas ingkang
awis artanipun Linda mboten cekap”
9
“Wolha bocah mbeling, ngapusi to marang
ibune,langsung entuk piwales to kowe ,mulo ojo sok nglawan
lan ngapusi marang wong tua”
“Njih bu, nyuwun pangapunten bu, kulo sampun
kapok lan janji mboten badhe mangsuli malih. Amargi
ngapusi kulo ingkang ngunduh piwalesipun”.
“Sakbanjure mergo seko welas asihe ibu marang
putrane, aku ditransfer 100.000. Sakbanjure aku iso mulih
kanthi slamet tekan ngomah.
“Matur nuwun Ibu”
Seko kadadean kuwi Linda entuk pelajaran sing
penting banget. Marang sopo wae ojo seneng tumindak ora
jujur. Mesti nemoni piwales seko tumindake dewe.
10
Gara-Gara Pempek
Amelia Desti W. (03)
Jenenge Novi, putrine Bapak Tarno lan Ibu Vita. Novi
siswi kelas sewelas SMAN 1 Sleman. Padha kaya kanca-
kanca saumurane, Novi lagi seneng dandan, macak awak,
Novi uga bocah sing seneng ngadi salira, ngadi busana.
“Noviii, ayo sarapan bareng-bareng!” Ibu mbengok
seru banget saka meja makan. Novi banjur tangi lan nyauri
“Yoo Bu, tak adus sikik.”
Ing meja makan wis tumata sega, sop, tempe, susu,
lan uga buah-buahan kayata gedhang lan apel. Ibu karo Bapak
lagi padha dhahar. Novi sing lagi wae saka kamar mandi
banjur lungguh lan njupuk gedhang. Bapak banjur ngendika
marang Novi, “Lho Nov, kok kowe gur njupuk gedhang ta?
Ora mangan sega meneh po?” Novi mangsuli “Ora pak,
mengko wae.”
Pancen lagehane Novi saiki ora sarapan nganggo sega.
Dheweke gur mangan roti utawa gedhang saben esuk. Novi
kepingin njaga awake ben tetep langsing singset. Wes bola
bali diomongi karo Ibu yen misal nambah sekilo rong kilo ki
wajar. Nanging Novi wedi banget menawa bobote nambah.
Padahal sarapan kuwi penting banget.
11
Sawise sarapan, Bapak, Ibu, lan Novi banjur
tumungkul marang urusane dhewe-dhewe. Novi menyang
sekolah nalika Bapak lan Ibu nyambut gawe.
Ing sekolah, Novi ora lali mangan. Dheweke biasa
mangan ing kantin karo kanca-kancane nalika jam istirahat
sholat dhuhur. Nanging panganan sing biasa dipangan Novi
kuwi panganan instan utawa panganan sing kurang sehat, kaya
mie, ayam kentaki, nasi goreng, gorengan, lan liya-liyane. Iku
mau adat sabene sing dilakoni Novi.
Ing sawijining dina, udakara dina Minggu, Bulike
Novi dadi manten. Ing adicara mantenan kuwi, salah
sawijining suguhane pempek sing dadi karemane Novi.
Ndelok pempek mau, Novi kemecer banget. Novi banjur
ngomong, “Wih, seger banget kuwi pempeke! Ketoke enak
bangeeetttt…”
Novi banjur nyedhaki gubugan pempek. “Pak,
nyuwun pempeke tiga, nggih? Ngangge duduh pedhese sing
kathah,” tembung Novi marang bapak sing jaga gubug
pempek. Bapake banjur mangsuli “Nyoh Nduk, ndang
dimaem, nanging iki pedes banget lhooo!!” Novi nampani
mangkok karo semaur “Nggih Pak, matur nuwun.”
Novi mlaku menyang kursi abang ing pojokan. Tanpa
basa-basi Novi langsung nyruput duduhe. “Ih, pedes banget
12
kih, ning suegeerr ee!” Novi banjur ngemplok pempeke
mbaka siji. Ora krasa, mangkoke Novi wis resik tanpa sisa.
Gandheng seger lan enak banget, Novi pingin nambah
pempek meneh. Novi menyang gubug pempek meneh. “Pak
nyuwun pempeke setunggal malih,” penjaluke Novi.
“Lho nduk, kok kowe njaluk pempek meneh? Apa
urung wareg?” pitakone Ibu mring Novi.
“Dereng e Bu, kula tasih pingin malih,” jawab Novi.
Ibu ngendika, “Aja akeh-akeh lho Nduk, mbok liyane
wae, aja pempek terus. Mundak wetengmu lara lhoo. Kuwi
kan pedes.”
“Ah, mboten napa-napa Bu. Kula sampun kulina
mangan pedes,” wangsulane Novi.
Novi mangan pempeke meneh kanthi kewaregen.
Ing wektu sakjam, Novi ngrasakake weteng kang
sebah lan kembung. Sansaya suwi, sansaya lara. Sabanjure,
Novi pengin ning wc. Nalika tekan wc, Novi malah mutah-
mutah. Pempeke metu kabeh.
Ibu nututi Novi ning wc. Ibu ngendika, “Rasakno
dhewe, dikandani Ibu kok ra nggugu.”
Saka sore tekaning wayah wengi, wetenge Novi
rasane rakaruan. Dheweke uga isih mutah-mutah. Novi
ngolesi wetenge nganggo balsem supaya anget lan suda larane.
13
Banjur Novi bisa turu. Sesuke, wetenge Novi isih lara. Raine
Novi katon pucet lan lemes awake.
“Kok wetengku malah sansaya lara ya bu?” “Mau
mbengi wis rada mari to ketoke,” gunem Ibu saka kadohan.
Banjur Ibu menyang kamare Novi. Sakwise ndelok kondisine
Novi, Ibu kaget banget lan banjur ngomong “Lha raimu kok
pucet banget Nduk?? Wes saiki tak terke ning rumah sakit
wae.”
Ibu banjur nggawa Novi menyang Rumah Sakit
Sakinah Idaman. Ing rumah sakit Novi dirumat karo Bu
Dokter. Novi disuntik obat sing nyuda rasa perih ing wetenge.
Ora lali nalika bali saka rumah sakit uga digawani obat.
Saiki yen kelingan kadadean iku, Novi mung iso
mesem kecut. Amarga pempek gawe lara sakawak. Bola-bali
yen srakah mangan pempek ora nganggo tatanan. Ohhh
pempek ohhh pempek….
14
Sekolah Anyar
Andhika Reza (04)
Sak uwise lulusan sekolah lan preian saiki
wes wayahe kagiyatan bali kaya biyen maneh, yaiku
sekolah golek ilmu kanggo sangu mbesuk. Atiku gugup lan
deg-degan, amerga tahun ingkang anyar iki aku wes
lingguh ing bangku SMP. Alhamdulillah aku ditrimo ning
sekolahan favorit seng wes aku karepne kawit SD biyen,
senajan bijine hasil ujian national pas-pasan. Yaiku sekolah
SMP negeri ing kuthoku.
Tahun ajaran baru iki aku ngroso luwih deg degan
amerga aku uwis resmi dadi siswa SMP. Seng mestine
sekolahe anyar, panggone adoh saka umah, kanca anyar,
bapak lan ibu guru anyar. Ket dino minggu Bapak lan
Ibukku wes pada ngandani supoyo aku nyiapake kebutuhan
kanggo sekolah, kaya sepatu, tas, seragam, ugo kabeh alat
tulis supoyo dino pertamaku melbu sekolah SMP lancer
ora keteteran.
Pertama melbu yaiku dino senin, aku seneng lan
semangat. Aku gumun amerga sekolah SMP gedhe lan
amba tinimbang SD, uga murid-muride akeh banget.
Kagiyatan pertama diwiwiti upacara bendera seng dipandu
marang Bapak Ibu guru uga kakang kelas 8 lan 9.
15
Barisan upacara seng rapi gawe bungahe atiku.
Sakwise upacara banjur diadhepake karo kagiyatan sing
jenenge MOS utawa (Masa Orientasi Siswa). Kagiyatan iki
apik lan gawe aku karo murid-murid liyane ngenal
lingkungan sekolah lan kabeh kagiyatan sekolah seng
bakal tak lakoni sak suwene 3 tahun. AkuAku seneng lan
tenanan meloni kagiyatan MOS. Aku lan murid-murid
nindakake kabeh sing diprintah saka kakang-kakang kelas.
Kakang kelas seng tak kira galak, tibane luwih
becik. Ing dina akhir, kabeh dikongkon milih
ekstrakurikuler sing uwes disediake saka sekolahan. Mugo-
mugo aku iso sekolah seng tenanan, seng sregep ben iso
nyenengne Bapak Ibukku mbesuke. Amin.
16
Sendal Pak Somat
Arimbi Berliana Manoppo (05)
Jenenge Pak Somat. Dheweke kui jarene sing
paling sugih ing Kampung Mlinjo. Omahe apik dhewe,
dipageri wesi, omahe tingkat loro, lan pekarangane jembar.
Beda banget karo omah liyane sing mung tingkat siji lan
biasanya pager pring. Dino iku, dino kang nyenengi banget
amargi sawise siyam sewulan, akhire bisa maem kang enak
marang kaluwarga, yo kalebu kaluwargane Pak Somat.
Anak-anake kang kerjo ing luar kota lan luar pulau, bali lan
kumpul ing omahe Pak Somat. Saben taun, anak-anake Pak
Somat mesti nukoni klambi anyar kanggo Pak Somat lan
bojone, kalebu sendal. Saben bada, mesti sendale Pak
Somat owah terus. Ya kuwi, mergo saben taun ditukoni
anak-anake, apa-apa anyar kabeh. Lan nalika klambi an
sendale anyar, mesti dipameri karo tonggone.
“Heh, iki sendalku anyar lho! Bar ditukoke karo
anakku. Tuku ing njaba kota. Apik banget. Uga ana
merekke.”
“Chennal merekke. Nyo… Ana lambange to. Merek
apik kuwi. Kowe-kowe mesti yo ra nduwe”
“Yo mesti ra nduwe lah, amarga larang. Kowe ra
iso tuku iki. Paling yo mung isone tuku sendal swallow sing
17
werno solle mung putih karet,”
Sesasi sawise bada, pada kaya biasane Pak Somat
mesti solat Jemaah ing masjid. Wektu iku, uwis wektune
Solat Magrib, akeh Jemaah sing lanang mlebu ing masjid
kanggo Solat Magrib, kelebu Pak Somat. Sakjane, uwis
seminggu Pak Somat kuatir karo sendale. Dheweke kuatir
yen sendale ilang dicolong uwong, jalaran uwis akeh
bapak-bapak sing bali soko masjid ora nganggo sandal
amarga sendale dicolong. Iku wae sendal biasa utawa ora
ono merekke, opo meneh sendale Pak Somat sing apik
dhewe lan ono merekke. Mesti akeh sing arep nyolong.
Pak Somat nyoba ora mikirke kuwi lan mlebu masjid
kanggo Solat Magrib.
Jam 18.20 jemaah masjid metu seko masjid
kanggo bali ke omahe masing-masing. Ono sawetara
jemaah kang salaman, ono sing pamitan sikik arep
madhang, ono sing lenggah-lenggah ing emperan masjid
cekikikan.
“ASTAGFIRULLAH YAALLAH GUSTI….”
Krungu swarane Pak Somat banter banget. Bapak-
bapak sing lenggah-lenggah ing emperan masjid sing ora
adoh seko Pak Somat langsung tekoni dheweke grundelan.
“Ana apa, Pak Somat? Kok bengok sero banget,”
Jare Pak Amir sing baru wae teko karo bapak-bapak sing
18
liyane.
“Ya Allah piye iki? Gusti kepriye?” Bukane
ngewangsul pitakone Pak Amir, Pak Somat malah tetep
panik banget karo koyo nggoleki mbuh rareti.
“Sing tenang Pak Somat. Njenengan golek opo?
Opo sing ilang?” Pak Budi sing nyadar gelagate Pak Somat
sing nggolek barang akhire melu takon.
“Iki lho, sendalku sing apik, sing merekke chennal ora
ono. Ilang. Astagfirullahalazim,” Pak Somat akhire njawab
pitakone. Krungu nek mung sendal ilang, bapak-bapak sing
wiwitane nekoni dadi lego amarga sing marakke kuwatir
Pak Somat kuwi ora patio marakke kuwatir banget.
“YaAllah, mbok kiro opo…” Jare Pak Amir ngrasa
lego.
“Mbok kiro opo mbok kiro opo, larang kuwi,
merekke apik lan kondhang.”
“Yo kuwi mung sendal pak, bandha donya. Yen
pancen ilang, ikhlaske wae, Pak Somat. InsyaAllah Allah
bakal menehi kang luwih apik lan becik,” Jare Pak Budi
nenangke Pak Somat sing isih panik.
“Iki pak, ben Pak Somat baline ora nyeker,
nganggo sendalku sikik, pak. Ncen, sendalku ora apik koyo
nggonane Pak Somat, nanging sing penting iso nglindhungi
sikil seko watu ing dalan, ben ora lara. Omah awak dhewe
19
uga cerak seko omahe sampeyan,” Jare Pak Budi nawarke
sendale kanggo Pak Somat karo ngeculke sendale lan
menehi Pak Somat.
“Yo ncen beda banget sendalku karo sendale Pak
Budi. Sendale Pak Budi raono merekke lan gampang
banget digolek ing warung-warung. Beda karo nggonanku
sing mung ono ing mal gedhe. Kene-kene ndi sendale
njenengan. Aku selak arep maem iki,” Jare Pak Somat sing
isin-isin nagnggo sendale Pak Budi lan langsung bali seko
masjid karo mripate mbesengut. Ning mburine, bapak-
bapak sing mau nekoni Pak Somat ngelus dada ndelok
tumindake Pak Somat.
“Sing sabar yo, Pak Budi,” Jare Pak Amir
nenangke Pak Budi sing mung dibales karo meseme Pak
Budi.
*****
Pak Somat mikirke terus sendal larange sing ilang.
Endi ilange. Opo ilang dicolong mergo regane larang,
merekke apik, lan rupane kang bedo karo sing liyane.
Sendale wong liya luwih elek saka nggonane dheweke sing
dicolong. Trus sendale Pak Somat uga apik banget kuwi.
Meh seminggu Pak Somat nggoleki sendale. Saben
nglewati kampunge, dheweke mesti ndelok-ndelok sendal
kang sing dikanggo marang wong liya, sopo reti ono
20
sendale.
Ing sawijining dina, Pak Somat karo bojone bar
lunga saka pasar ing Kampung Kates. Dheweke bali
nglewati akeh toko-toko mergo isih ora adoh seko pasar.
Siji toko sing didheleni terus karo Pak Somat, yaiku toko
sendal ln sepatu nggonane Pak Udin. Mbuh opo sing
dipikirke Pak Somat, dheke ujug-ujug mlebu toko kuwi.
Opo mungkin Pak Somat mikir nek sendal larange sing
mbiyen dicolong banjur didodol meneh? Ora mungkin toko
koyo kuwi dodol sendal tilas sing mesti ketok banget
bedonya kareo sendal lan sepatu sing isih anyar. Bu Somat
bingung karo tumindak bojone, kepekso ngikut bojone
mlebu. Nalika mlebu ing toko sendal lan sepatu, Pak
Somat disambut karo Pak Udin. Nanging, opo sing
dilakoake Pak Udin, ra dibales karo Pak Somat. Pak Somat
ujug-ujug mlebu njero ing toko lan lunga ing rak sing isine
sendal lanangan. Ketok akeh banget sendal sing arep
didodol, modele yo akeh. Rodo suwi Pak Somat nggoleki
lan ndelok- ndelok dodolane Pak Udin. Ujug-ujug ono siji
sendal sing diematke teros karo Pak Somat.
“NAHH, IKI SENDALKU! Bu, sendalku ana neng kene,”
Jare Pak Somat seneng banget banjur nyeluk-nyeluk bojone
ngengkon teko ke Pak Somat lan ndelok opo sing marakke
dheweke seneng banget. Bu Somat kaget banget ora
21
percoyo. Ora percoyo nek kuwi sendale Pak Somat sing
dicolong mergo Pak Udin ora mungkin nyolong kuwi lan
didodol meneh.
“Ngapunten, Pak Somat. Maksud njenengan opo,
nggih?” Krungu ngendikane Pak Somat sing sendale sing
dicolong ono ning tokone, Pak Udin bingung banget.
“Heh, Pak Udin! Kok iso sendalku ono ing
tokomu,” Wangsulane Pak Somat rodo kenceng. Dheweke
ora trimo yen sendale dicolong lan mbuh piye carane iso
ono ing tokone Pak Udin. Mbuh Pak Udin tuku seko sing
nyolong sendal, opo malah Pak Udin sing nyolong lan
didodol meneh.
“Ngaputen, Pak Somat. Sendal iki aku tuku
langsung seko pabrike, pak. Pabrike ono ing Bandung lan
aku isih ono bukti yen au tukul an ono jumlahe yen Pak
Somat arep ndelok. Neng bukti tukune ono rego lan
jumlahe, pak. Lan sing teko ing tokoku ncen julahe podo
karo ning buktine. Nek Pak Somat ora percoyo, monggo
diitung siji siji, pak. Yen jumlahe luwih, brati iso wae
sendale Pak Somat ono ning kene. Nanging, nek dicocog
karo catetan jumlah sing tuku, jumlahe podo, pak. Jadi
tidak mungkin saya mencuri sendal Pak Somat,” Pak Udin
sing krungu nek dheweke difitnah nyolong sendale Pak
Somat, njelaske rinci banget ben ora ono salah tangkep
22
dheweke marang Pak Somat. Pak Somat sing krungu Pak
Udin dowo banget, ora iso ngendika opo-opo. Ora reti opo
meneh sing kudu dheweke ngendika ben ora ketok kalah.
“Lha kok iki sendale mirip banget karo nggonanku. Mung
lambang chennale ora ono. Mesti kowe copot lambange
trus didodol meneh to. Mbok ngaku kowe, Pak!” Pak
Somat sing ora gelem kalah lan tetep ngakoni yen sendale
kuwi nggonane dheweke sing mbiyen dicolong.
“Astagfirullah, Pak Somat. Mau wis tak jelaske
nek ora ono salah itung jumlah sendal lan sepatu. Nek ora
percoyo, monggo aku tak ndelengi bukti tukune seko
pabrike lan bukti sopo wae sing tuku ning tokoku ben Pak
Somat percoyo.”
“Halah, alesan terus kowe, Pak. Mbok yo ngaku
wae ben masalahe rampung. Bisa wae datane kui
dimanipulasi ben ketok raono salah jumlah.”
“Pak, mbok uwis pak. Ora ono pak. Bedo banget
rupane. Uwis pak,” Bu Somat nyoba ngarih-arih bojone
ben gek lunga supaya ora nggawe masalah neng tokone
Pak Udin.
“Ora, bu. Pokoke sendal iki nggonanku. Kowe
mesti ngowah bentuke ben ketok bedo to. Njuk didodol,”
Pak Somat isih mantep nek sendale kuwi sendale dheweke
sing mbiyen ilang.
23
“Astagfirullah Pak Somat. Ngene wae, pak. Ben
masalahe rampung, iki monggo nggowo wae sendale. Aku
wis ikhlas, pak. Iki nggih sendale, njenengan nggowo wae
rapopo. InsyaAllah aku ikhlas,” Pak Udin akhire ngalah lan
gek mbungkus sendale sing digelem Pak Somat. Sendal
kuwi diwenehi gratis seko Pak Udin ben masalahe gek
rampung.
“Nah, mbok ngono ket mau. Nek ngene kan yo
masalahe rampung. Mbok ngaku ket mau ki lho, angel
banget,” Pak Somat nrimo bungkusan sing isine
sendalkuwi seko Pak Udin.
“Nggih, pak. Karepe Pak Somat arep ngomong
opo, nanging aku pokoke ra nyolong sendale Pak Somat
trus didodol meneh, ora. Aku tuku langsung seko pabrike.”
“Mbuh karepmu, pokoke saiki sendal larangku
sing ilang saiki wis mbalik. Oke aku tak bali.
Assalamualaikum…..,” Pak Somat sing seneng banget
amarga sendale sing jarene ilang akhire balik meneh
langsung metu seko tokone Pak Udin sing dinututi bojone.
“Ngapunten, Pak Udin. Ngapunten sanget. Iki, aku
tuku wae sendal sing mau, pak. Pinten nggeh regane?” Bu
Somat isih neng tokone kuwi lan nawarke arep tuku sendal
mau, nanging Pak Udin malah ra gelem.
“Ojo, bu. Rapopo, ojo dituku. Ben Allah wae sing
24
menehi balasane, bu. Tumindake Pak Somat uwis tak
ngapura, bu. Ojo kuwatir. Matur nuwun nggih, Bu Somat,”
Pak Udin nolak tawarane Bu Somat. Bu Somat nyerah
mergo tawarane ditolak terus karo Pak Udin. Akhire Bu
Somat lunga lan ngapura meneh karo Pak Udin.
*****
Pak Somat seneng banget amarga sendal larange sing
mbiyen ilang, saiki wis ono meneh. Sakjane Pak Somat
ngrasa bedo marang sendale saiki. Rasane udu koyo
sendale mbiyen, nanging Pak Somat ra urus karo kuwi.
Pirang-pirang dina Pak Somat mesti nganggo sendal kuwi.
Kaya biasane, Pak Somat mesti jemaah ing masjid
kampung. Nalika Adzan Ashar krungu lan sithik-sithik
jemaah mlebu masjid. Kaya biasane, sawise rampung sholat,
ono jemaah kang langsung bali, ono sing lenggah-lenggah
ing emperan masjid. Pak Somat langsung bali sawise
sholat mau. Dalan kang seko masjid nuju omahe ngliwati
alas kang biasane dingo bocah-bocah dolanan.
Nalika Pak Somat arep ngliwati alas kuwi,
“PLAK!!!” Siji sendal mbalang keno wetenge sero
banget. “Aduh, Gusti! Loronee…” Pak Somat sambat loro
banget karo ngelus wetenge mau. Bocah-bocah sing mau
ono ning alas, langsung nekoni Pak Somat kanggo ndelok
asil tumindake.
25
“Ngapunten, Pak Somat. Kita mboten sengojo
sawatipun sendal kenging Pak Somat, nyuwun
pangapunten, pak,” Rendy, salah siji bocah sing mau melu
dolanan balang sendal ing alas lan Rend yuga pelakune
nyuwun ngapura amarga tumindake
“Kowe ki mbok nek dolanan ki ndelok sekitare to.
Ono uwong po ora. Nek ngene kan marai cilaka wong
liya!” Pak Somat sing isih lara nyeneni Rendy lan kanca-
kancane. Ora suwe, Pak Somat nyadar. Ono sing aneh
marang sendal sing mbalang dheweke.
“Lho?! Iki kan sendalku yang dulu ilang. Iki bener
to?! YaAllah Alhamdulillah sendal larangku akhire ketemu.
Matur nuwun Gusti,” Pak Somat sing mau nesu, langsung
seneng banget amarga sendal sing mbalang dheweke mau,
sendal larange sing mbiyen ilang. Ndelok kuwi, bocah-
bocah bingung marang Pak Somat.
“Heh, sendalku kok iso ono neng kowe? Ngaku
kowe, kowe mesti nyolong sendalku to? Amarga sendalku
apik ngono. Ngaku wae we!” Pak Somat ujug-ujug
nyalahke Rendy lan kanca-kancane mergo sendale kuwi.
Bocah-bocah ora trimo.
“Eh mboten, Pak Somat. Kula boten ngertos
menawi sandhal niku gadhahipun Pak Somat. Kula
manggih sendal niki wonten ngandhap undhakan masjid.
26
Kula kinten niku sandhal mboten kekengge. Mila
dipunsuka wonten ngandhap undhakan. Amargi kala wau
sawekdal kita lajeng dolanan balang sandhal, sandhalipun
kirang, kula pendhet mawon sandhal ingkang wonten
ngandhap tangga kala wau kangge dolanan,” Jare Rendy
sing marai Pak Somat bingung lan gumun.
“Hah?! Bawah tangga masjid?!” Takon Pak Somat
siji meneh kanggo mestekake nek kuwi ora salah krungu.
Pak Somat inget nek dheweke pancen nglakoni kuwi.
Flashback on
Pak Somat kuwatir karo sendale. Dheweke kuwatir
yen sendale ilang dicolong uwong, jalaran uwis akeh bapak-
bapak sing bali soko masjid ora nganggo sandal amarga
sendale dicolong. Iku wae sendal biasa utawa ora ono
merekke, opo meneh sendale Pak Somat sing apik dhewe lan
ono merekke. Mesti akeh sing arep nyolong. Akhire Pak
Somat nduwe ide. Cerak lawing masjid ono undhakansing
nuju lantai loro. Pak Somat ndelok ing ngisor undhakan
masjid rada aman yen ndhelikake barang neng kono lan ora
ono uwong sing mikir bakal ono barang apik sing
didhelikake neng kono. Akhire Pak Somat ndhelikake sendal
27
larange neng ngisor undhakan masjid ben sendale orang
dicolong uwong lan dheweke ora kuwatir sendale bakal ilang.
Nalika uwis rampung solat lan Pak Somat arep bali ing
omahe kanggo maem, dheweke lali nek ndelikake sendale
dhewe ning ngisor undhakan masjid lan mikir nek sendale
uwis dicolong. Amarga uwis kebacut panik lan ora iso
mikir anteng, Pak Somat mung mikir nek sendale mesti
uwis dicolong. Ora mikir nek ndhelikake ing ngisor
undhakan masjid.
Flashback off
Akhire Pak Somat reti kebeneranne. Dheke
langsung inget karo Pak Udin amarga Pak Somat sempet
fitnah Pak Udin sing uwis nyolong sendale lan njaluk sendal
dodolane sing artine Pak Somat uwis nyolong seko
dodolane Pak Udin. Pak Somat ngrasa salah banget mergo
tumindake dhewe.
“Rendy, aku ngapura yo. Aku wis nuduh kowe
sing ora-ora. Kowe bocah jujur. Nah iki sendalku, aku
jupuk yo. Maturnuwun uwis nemu sendalku sing tak pikir
wis dicolong,” Kanggo mbales keluputane, sing kaping siji
yaiku Pak Somat kudu ngapura karo Rendy lan kanca-
kancane. Pak Somat uga ora sengaja fitnah Rendy, sanajan
28
Rendy lan kanca-kancane ora retia pa-apa malah difitnah
karo dheweke. Dheweke nyadar nek tumindake salah
banget.
Sawise ngapura karo Rendy, Pak Somat langsung
bali ing omahe. Pak Somat kudu tanggung jawab karo
tumindake. Pak Somat nyuci sendal sing dijupuk seko
tokone Pak Udin lan dileboni plastic koyo wektu dheweke
njupuk seko tokone kuwi. Sawise iku, Pak Somat langsung
lunga nuju toko sendal lan sepatu Pak Udin.
“Assalamualaikum... Pak Udin, aku ngapura banget
karo kowe. Aku tau fitnah kowe nyolong sendalku lan aku
njupuk sendal seko tokone, ora mbayar. Aku ngapura
banget mergo tumindak alaku, Pak Udin. Aku ngrasa salah
banget,”
Sawise tekan toko sendal lan sepatu Pak Udin, Pak
Somat ngaku tumindak alane lan nyuwun ngapura. Ndelok
ujug-ujug Pak Somat teko lan ngapura, Pak Udin kaget
banget lan rada ora percoyo karo tumindak Pak Somat saiki
sing bedo banget karo wingi fitnah dheweke nyolong
sendale.
“Wa-waalaikumsalam Pak Somat. Eh ngopo, Pak?
Rapopo Pak Somat. Aku uwis ekhlas kok pak. Ora opo-
opo”
“Aku ngapunten sanget pak. YaAllah wingi aku
29
ala banget uwis nuduh kowe sanajan kowa ra tau opo-opo.
Ngapura banget Pak Udin,” Pak Somat ngapura meneh,
isih ngrasa salah.
“Nggih nggih rapopo Pak Somat. Aku uwis ekhlas
dan ngapura Pak Somat. Uwis rapopo pak. Iku uwis wingi.
Saya uwis lali, pak.”
“Iki pak, sendal sing mbiyen tak jupuk seko
tokomu. Iki mungkin uwis ora anyar meneh nanging uwis
aku kumbha lan bungkus, pak,” Pak Somat wenehi sendal
sing mau uwis dikumbah sadurunge nuju toko Pak Udin.
“Eh, opo iki, Pak? Uwis pak, ora usah dibalekake.
Aku bener- bener ekhlas. Anggep wae kuwi hadiah seko
aku, pak. Ya sanajan ora piro-piro, nanging iso digunakake
minangka alas sikil,”
Pak Somat lan Pak Udin akhire guyup rukun lan
salaman. Ngluputake masalah sing wingi-wingi lan dadi
kanca cerak.
30
SMA Anyar
Athaillah Dwi Bagus Panuluh (06)
Sak wise lulusan sekolah lan preian sakniki sampun
wayahe kegiatan bali kaya mbiyen meneh, yaiku sekolah
pados ilmu kangge sesuk. Atiku gugup lan deg-degan, amargo
tahun anyar iki aku sampun lenggah ing bangku SMA.
Alhamdulillah aku diterimo ing sekolahan favorit
kang wis aku karepne kawit SMP mbiyen. Senajan bijine
ujian nasionalku pas-pasan. Yaiku sekolah Negeri ing
Kotabaru. Tahun ajaran baru iki aku ngeroso luwih deg-degan
amarga aku wes resmi dadi siswa SMP. Kang mestine
sekolahane anyar, panggenan adoh saking omah, bapak lan
ibu guru anyar lan konco anyar.
Ket dino sakdurunge mlebu awal sekolah Bapak lan
Ibu ku wis ngandani supoyo aku nyiapke kebutuhan kanggo
sekolah, kaya tas, seragam, sepatu, buku lan alat tulis, supoyo
dina pertamaku mlebu sekolah lancar ora keteteran.
Dina pertama mlebu sekolah yaiku dina Senin, aku
seneng lan semangat, amarga sekolah ning SMA favorit iki
luwih gede panggone timbang SMP. Kegiatan pertama
diwiwiti upacara bendera kang dipandu marang Bapak lan Ibu
guru ugo kakang kelas 11 lan 12. Sakwise upacara banjur
31
awakdewe dikon mlebu lungguh ning aula kanggo diadepake
kalih kegiatan sing jenenge MOS “Masa Orientasi Siswa”.
Aku seneng lan tenanan tumut kegiatan MOS, amargi
aku lan kanca2 nindakake keiatan iki supoyo nambah kenal
siji karo liyane lan men nambah kuat barang tali
persaudaraane. Mugo-mugo aku bisa sekolah kang temenan,
sing sregep men bisa nyenengke Bapak lan Ibuku. Sawise
kabeh kegiatan dino pertama ning sekolah aku banjur bali
istirahat ing omah kanggo nyepakke opo wae sing sesuk kudu
disiapke ning sekolah.
32
Utang
Aulia Fatimah Azzahra (07)
“Ya wis, muga-muga kita sakeluwarga tansah
diparingi kekuwatan lan rezeki sing akeh supaya isa ngelunasi
utang-utang ya. Kuliah sing bener lho nduk, aja sembrono urip
ing kuthane uwong,” pesen bapake Romlah saka telepon.
“Nggih Pak, Insya Allah kula rewangi. Titip salam
kangge Ibu lan adhi-adhi ya, Pak. Assalamu’alaikum,” ujare
Romlah lirih.
“Ya, nduk. Wa’alaikumussalam warahmatullah
wabarakaatuh,”
Tut tut. Tut tut. Tut tut...
Telepon wis keputus. Romlah, mahasiswi 19 tahun
iku ndhodok ing sudut kamar kosan ukuran 3x7. Saiki
dheweke lagi ngumbara ing salah siji universitas sebelah
kuthane. Perkara iki dheweke lakoni amarga bapake ngendika
bab dheweke kudu ngenyam sekolah kanthi dhuwur supaya
isa ngangkat derajat keluwarga.
Romlah ngadeg sambil ngusap air matane sing wis
ngalir deres mbingkai dagu lan pipine. Wis ana 7 wulan,
keluwargane ngutang marang bos sawit sing medeni ing
kampunge kanggo nyambung uripe sakeluwarga. Ditambah
33
meneh, adhine Romlah sing mbarep kudu njalani perawatan
alternatif amarga tiba saka montor.
“Pokoke aku kudu ngrewangi Bapak lan Ibu nglunasi
utang-utang. Apa wae carane,” batine Romlah banjur
ngelanjutke beres-beres kamar.
*****
Kukuuruyuuuuk...
Esuk iku Romlah tangi luwih cepet ketimbang biasane.
Sirahe mumet amarga nangis wiwit sore wingi.
“Ya Allah sirahku kaya arep pecah!” sambate Romlah.
Dheweke banjur adus lan siap-siap mangkat kuliah.
Sawise adus Romlah nelpon kanca cerake, Siti,
supaya isa mangkat bareng. Maklum, tanggal tuwa.
“SITI MY BESTIEE!” bengoke Romlah.
“Woi, ngapa Rom? Bengak-bengok wae bocah iki.
Arep mbonceng aku meneh po piye?”
“Hehehehe... Hoo, mbok aku diboncengi meneh ya?
Plis plis...”
“Ya, gampang mengko. Tapi bayarin bensinnya ya!
Canda bayarin bensin...” kandha Siti sinambi ngguyu
kemekelen.
“Lah, hahahaha. Yo wis, tak tunggu ing ngarepan
gang biasane ya! Suwun!” Romlah nutup telpon. Dheweke
34
banjur mlaku tekan ngarepan gang. Let 15 menitan, Siti lan
montor Varione mejeng tepi dalan.
“Eh Sit, tak kandani. Aku arep banget nyambut gawe,
e. Kowe nduwe lowongan pekerjaan ora, Sit?” takon Romlah
sedawane dalan menyang kampus.
“Ha? Aku ora krungu Rom. Piye?” kandha Siti.
“Kowe nduwe lowongan pekerjaan ora? Nek nduwe
aku arep!” wektu iki sinambi mbengok.
“Owalah, ora, e. Apa mengko coba tak takon omku
dhisik, ya. Ketoke minggu wingi dheweke butuh karyawan
ing minimarkete,”
“YEEEEYY. Suwun ya, Sit! I love You!” kandha
Romlah kegirangan.
“Yes, langkah kapisan wis rampung. Pokoke aku kudu
kerja sing giat. Ora sabar gajian Ya Gusti...” batin Romlah.
*****
“Romlah! Sorry tenan ya, Rom, mulai pekan sesuk
KOWE ISA KERJA KARO OMKU!” bengoke Siti saka
telepon.
“Weh, Ya Allah, alhamdulillah! Matur nuwun ya Sit!
Tak kira kowe ngapa to nelpon aku nganggo swara lirih-lirih
ki...”
35
“HAHAHAHAHA! Yo wis, aku arep madhang ning
njaba dhisik, mengko tak kabari meneh ya, Rom!
Assalamu’alaikum”
“Wa’alaikumussalam... Tut”
“WAH ALHAMDULILLAH YA ALLAH! Gajian!
Gajian! Yeyy!” Romlah seneng banget. Atine rasane kaya ana
kembang-kembange. Bengi iku dheweke liwati karo perasaan
seneng lan syukur, nganti digawa tekan mimpine. Romlah...
Romlah...
*****
Pungkasan crita, Romlah wis kerja karo ome Siti, Om
Bahrul jenenge. Romlah seneng banget, soale Om Bahrul
kuwi apikan tenan. Plus, kanca-kanca utawa rekan-rekan
kerjane ya padha suportif menyang dheweke. Wah, ya piye
ora betah nek ngono!
Oiya, Romlah uga nduweni kanca cerak ing
panggonan kerjane iki, jenenge Fitri. Fitri sewelas-rolas, lah,
karo Romlah. Dheweke sing anak bungsu kudu dadi tulang
punggung keluwargane amarga mbak lan mase ngutang rana-
rene banjur kabur. Nanging, ana siji bedane Romlah karo Fitri
kuwi. Fitri iki senajan critane melas, dheweke isa tuku barang-
barang branded utawa high-end. Skincare e, MasyaAllah,
1001 step skincare Korea! Usut punya usut, Romlah ya rada
kepengen isa urip kaya Fitri. Romlah sempet mikir, apa
36
dheweke takon Fitri wae ya, bab kerja ning endi supaya gajine
isa netepi prestise. Wong nek dilogika, gaji ning minimarkete
Om Bahrul ya ora sepira. Kejaba iku, bapake Romlah ya
tambah sering ‘nagih’ gajine Romlah nganggo nglunasi utang
keluwargane. Ya jenenge Romlah, ora ba-bi-bu meneh
langsung takon menyang Fitri.
“Eh, Fit. Kowe kerja ning endi, e? Kowe ngerti dhewe
to, nek aku karo kowe sewelas-rolas, hehehehe... Mbok aku
diajari Fit supaya isa entuk dhuwit akeh kaya kowe!” takon
Romlah.
Fitri kejlungup saka kursine, banjur ngguyu.
“AHAHAHAHA Romlah... Romlah... Kowe tenanan
arep kaya aku? Bocah lugu kaya kowe Rom? Yakin?” takon
Fitri rada ngece.
“Wolah, ya hoo to ya Fit...”
Fitri ngguyu meneh. Saiki awake Fitri wis nggeletak
ning kasur kosane Romlah sing apek kuwi.
“Aku mung njilih dhuwit saka pinjaman online
‘XXX’ kuwi Rom, lumayan enak og, Rom. Bunga awale
sithik, paling kowe kerja 2 minggu ning minimarket wis
ketutup. Isa dicicil meneh,” jare Fitri.
“Owala, tak kira kowe kerja ning endi. Ya wis, aku
mbok diajari carane njilih dhuwit Fit, hehehe...” bales Romlah.
Fitri nggrundel.
37
“Ya, gampang. Kene hapemu!” jaluk Fitri.
“Yey, suwun lho Fit!”
*****
Tenan wae, bar kuwi keuangane Romlah mundhak
lancar. Kabeh biaya kuliahe, transportasine, tekan cicilan
utang keluwargane. Skincare utawa barang-barang branded?
Romlah tuku. Ana tren fashion apa? Romlah melu. Ana café
hits? Romlah tekani. Kabeh sing didikte ‘kanca-kancane’,
Romlah turuti. Pancen lugu Romlah iki. Ora nglegewa karo
apa-apa sing uwis dilakokake.
*****
Nganti tekan titimangsane. Srengenge rasane landhep
nusuk kulit. Awan iku Romlah bali saka shopping klambi.
Dheweke saiki uwis arang mangkat kerja ing minimarkete Om
Bahrul. Pengasilane saiki murni saka ngutang pinjaman online.
Dumadakan pas ing ngarep kosan, ana bapak-bapak lan
mbakyu kosane. Bapak-bapake iku cacahe ana telu.
Prawakane padha kabeh, kulit jet ireng, awak gedhe dhuwur,
ototan. Romlah kaget. Dheweke kelingan nek durung mbayar
tagihan pinjaman online 5 wulan. Sayup-sayup, Romlah
krungu percakapan bapak-bapak karo mbakyu kosane iku.
“WOI ROMLAH! METU KOWE!” bengoke bapak
sing rada lemu.
38
“Hah! Wis dobrak wae! Paling ya ana ning njero!”
bapak sing rada sipit nyaut.
“Ya Allah Pak, aja Pak! Romlah ora ana, paling bali
sedhela meneh. Tolong aja nggawe bubrah kosan boss kula
Pak!” mbakyu kosan ngemis ampun.
Kriiettt...
Romlah ora sengaja midak ranting garing.
“Woh, sapa kuwi!” bapak sing botak nyeru.
“Wah, kae sing jenengane Romlah! Oyak saiki!” saut
bapak sing lemu kuwi.
“Wah, Ya Allah... Apa iki pungkasane nasibku?”
batin Romlah pasrah.
Tenan wae, ora let suwe Romlah dioyak tekan
terminal cerak kos. Pas arep nerusake kabur, dheweke dicekel
karo salah siji bapak kuwi. Ya iku, seneng ora seneng
dheweke kudu nanggung kabeh apa-apa sing uwis dilakokake
sebab saben tumindak iku duwe ganjarane dhewe-dhewe.
Romlah... Romlah...
39
Kanca Online
Aulia Nafi Bayu P. (08)
Kala mbengi kuwi suasane adem, perumahanku sepi
nyenyet, mung ono suara jangkrik sing rapati nyaring tapi
marai ati tenang. Wong tuwaku wis podo turu kabeh, aku gek
nyeruput kopi susu instan anget sing marai awakku anget.
Suasana kala kuwi nyaman banget, tapi aku isih rung ngerasa
ngantuk.
Aku ngerasa bosen, dadine sakwise aku ombe kopi
aku dolanan game online sing jenenge ‘Rainbow Six Siege’.
Aku dolanan tekan larut wengi, game kuwi seru banget tekan
nggawe aku lali wektu.
Neng game kuwi aku ketemu akeh wong saka
panggon sing adoh. Ana sing saka Hong Kong, Malaysia,
tekan Cina. Neng game kuwi aku uga ngomong-omong padha
dekne kabeh, kadang kanggo ngomongi babagan game kuwi
utawa babagan kaanan enggon dekne kabeh tinggal.
Saka game kuwi aku dadi ngerti yen neng pakistan
angel nggo ngentukake internet, dadi wong sing dolanan game
kuwi akeh sing dolan neng warnet utawa enggon liyane sing
nduwe akses internet sing apik. Aku uga dadi ngerti yen biaya
urip neng Hong Kong dhuwur banget, gawe tuku barang
40
murah neng kene iso wae larang banget neng kana. Nanging
kuwi merga opah minimum rakyat sing ana dhuwur.
Saka game kuwi aku ora mung entuk kadhemenan
dolanan wae, nanging uga entuk kadhemenan merga isa
omong-omong karo wong saka kabeh penjuru donya.
41
Mbolos Pramuka
Belvia Adelaida Maia Tianty (09)
Dina jumat sakwise pelajaran olahraga, Bella, Hana,
lan dita lagi ngenteni giliran ganti klambi ,uwis 30 menit
nunggoneni kanca-kancane durung rampung. Siang kuwi
hawane panas banget ,sinambi nunggu Bella ngajak Hana lan
Dita ngadem ing ruang perpustakaan.Wektu mlaku dheweke
pa-pasan karo Sinta,ketua kelase.
“Jadwal Pramuka dimajukke sak jam dadi 13.30 gek
pada cepet ganti ,sing telat bakal didenda“ jare Sinta karo lari
nggawa baju ganti .
“Ya Gusti ,piye iki ora cukup mesti ganti klambi 15
menit” grandulane Hana karo lari bareng kanca-kancane.
“Nek ora ganti wae pie nangging bajuku klebes
kringet kabeh iki.” jare Dita.
“Ah ,wegah aku nek ora ganti klambi!“ wangsulane
Bella .
Saktibane ing ruang ganti klambi deweke kabeh cepet
cepet ganti klambi.Sakwise ganti klambi pramuka
Bella,Hana ,lan Dita mlayu tumuju Aula nanging, saktibane
ing Aula Pramuka wis diwiwiti.
“Waduh …piye iki upacarane wis diwiwiti”jare Bella
karo celingak celinguk saka jendela.
42
“Ho o piye iki aku wegah nek dikongkon nyanyi
kaya bayu kui apameneh didenda “ ujare Hana sambal
grundel.Dita meneng wae sinambi mbukak Hpne.
“Heh..Hehh ,liaten iki trisna ,bila ,adi,lan kanca kelase
pada lunga menyang Raisin “ujare Dita karo nunjuke
instastories e Trisna.
“Weh kok iso yo,bukane gerbange digembok kabeh
karo Pak Budi?” wangsulane Bella.
“Bel,Dit kowe gelem ra nek rasah melu pramuka wae?
aku wis takon karo Bila jarene isa metu saka pintu koperasi
nanging kudu ati-ati soale Pak Budi mesti muter nek
ngawasi “ takone Hana marang Bela lan Dita .
“aku sih gelem-gelem wae “ wangsulane Bela.
“Yawes ayo “ jare Dita.Bela,Hana ,lan Dita banjur mlayu
menyang koperasi.
Saktekane ing koperasi Dita banjur ngecek menapa
ana Bu koperasi opo ora lan nyatane Bu koperasi lagi turu
dadi isa metu pelan-pelan .Sakwise metu saka koperasi
dheweke kabeh banjur mlaku banter adoh saka sekolah ben
ora ketangkep Pak Budi.
“Arep menyang endi iki?” “kayake wis adoh saka
sekolah aman wis saka Pak budi” ujare Dita karo ndelok
mburi.
43
“Gramedia wae pie ?adem banget mesti neng kono
aku uga arep tuku buku “ takone Bela karo kanca-kancane
“yawis rapopo Gramedia neng kono uga ana
chatime ,aku arep tuku ombe ngelak tenan….” wangsulane
Hana karo ngetung dhuwite .
Saktekane ing Gramedia Bela langsung munggah
nggoleki buku.Dita lan Hana tuku ombean ing chatime karo
ngobrol. Sinambi nunggu Hana nyoba ngechat Adit, kanca
kelase nek pramuka wis arep rampung opo ora soale sakwise
pramuka kabeh murid kelas 10 bakal lunga bebarengan
menyang gor UNY kanggo suporteran .
“Dit ,jare Adit pramuka wis arep rampung ,arep balik
saiki wae po?”pitakone Hana marang Dita sing lagi
sibukdolanan Hp.
“Hah..yoo..nanging Bela isih ing dhuwur coba tak
telpon sek” jare Dita.Sakdurunge Dita nelfon Bela wis
medhun nanging deweke kaya panik banget .Hana sing ndelok
kancane kaya ana masalah nyoba takon ana opo.
“Bel kowe ngapa e?” pitakone hana marang Bela.”Ho
o Bel,ana apa e? dita uga melu takon.
“Ibukku wes ngenteni ing ngarep sekolah aku kudu
balik saiiki,nek ibukku ngerti aku mbolos pramuka lan lunga
menyang kene mesti aku isa diamuk .”wangsulane Bela karo
nangis amargi wedi karo ibuke.
44