The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by neysa19, 2021-05-30 14:46:26

ANTOLOGI CERKAK XI IPA 1 2021

ANTOLOGI CERKAK

karo dadang sing kalem lan serius gawane. yap dekne kabeh
pancen suadara kembar ora seiras sing karo sifat dekne kabeh
masing masing padha menutupi kaluwihan masing masing,
ehe guyon dangdung. "weladah kok wetengku to seng mbok
demok" tembung dadang, awakdewe banjur geguyu tekan
panjaga perpus ngelingna kita.

Ora krasa uwis 45 menit kita guyon eh nyambut gawe, lan
uwis 45 menit uga aku ora krasa kunciku ilang, aku merogoh
rogoh sandhanganku lan tasku,musik unravel playing neng
endhasku. "dang dung, do ndelok kunciku rak neng ndi ndi
raono kieh'' takonku. " neng ndi terakhir kuncine ilang" jawab
dudung, "bujang, nek doni reti de e rabakal takon kowe,
nambahi gawean wae takon ro kowe ki" saut dadang " uh my
heart , ayo don tak kancani mubeng mubeng perpus golek
kunci, palingan gor neng montormu ... rampungke sek yo
dang gawat darurat ki " tembung dadang, " tumben .. palingan
gor ra pengen kerjo" saut dadang.uwis peng telu awakdewe
mondar mandir, durung uga kuncinya ketemu. wektu kuwi
uwis arep pukul 11, wektu kuwi aku keling durung salat
dhuha saka mau esuk sisan pengen leren, sopo reti bar salat
langsung ajaib neng ngarepku kuncine.aku banjur njaluk si
dudung kanggo dhisikan ngewangi si dadang. aku langsung
mangkat menyang mushola perpus kanggo leren karo salat
dhuha sedhela, sakwise salam aku kaget ndelok si dadang

95

bolane ngetutke aku nganti aku bubar salat ." ngapain we
dung neng kene", pintaku," wes ngeleh tenan aku ki ,ayoh
goleki eneh ben gek mangan", jawab dudung,yoh mbok
menawa iki kesempatan arang kanggo si dudung kanggo
ketok ngewangi walau ora nglakoke apa apa.

Awakdewe cah loro banjur nggoleki neh ngliwati
panggonan sing padha, soale mung neng kono kono wae
dalanku menuju lokasi sadurunge." dek, nyari kunci?",
tembung suara lanang neng buriku, "ah iya pak kunci montor
kula ilang",tembungku karo nengok, aku kaget ndelok satpam
nyekel kunciku lan menehekne menyang aku," iki kuncine,
mau durung tok jabut saka montor.. liya dina ati ati
ya",tembung pak satpam."nggih pakk, matursuwon katah
pak",sahutku.

Awakdewe banjur cepet cepet menyang panggonan
dadang kanggo menehi ngerti kebar becik iki sisan ndelok
proses kerjan dadang eh kerjan kelompok kita." mesti
ketemune neng montor", tembung dadang wektu ndelok kunci
mbalik,"ehe, kok reti dang wes koyo paralayang wae eh
paranormal", sahutku." hmm biyasaa.. wes gek ewangi aku
neh, tinggal finishing ki",sahut dadang meneh, aku pun kesem
karo bersyukur nduwe kanca kaya dekne kabeh .awakdewe
banjur nyambut gawe eneh karo nyeritain kedadean iki neng
dadang, pas pukul 12 kerjan awakdewe rampung. Banjur

96

awakdewe salat dhuhur dhisik lan langsung mangkat menyang
bakso sing di usulke dudung. ah waregg.

97

WELADALAH

Hana Nasyifa (20)

Sumarsih. Neng ngendi wae, wong nyeluk aku kaya
ngana kuwi. Tur nek kedawan kowe isa nyeluk aku, Asih.
Neng aja Marsih, ra seneng aku, mengko aku ketok le ndeso.
Yen penasaran karo rupaku, ciri-cirine aku ki ayu. Sanajan
aku ki wong Jawa tulen, kulitku ki putih kaya artis-artis Korea
sing sok njedul neng TV. Nek umurku ki pitulas taun. Aku
sekolah neng salah siji SMA neng Kutha Ngayogyakarta.
Penakke sekolahanku ki neng ngendi wae cedhik. Saka café,
toko buku, toko klambi, perpustakaan, mesjid, pokoke
sembarang ana. Ana akeh pengalaman sing ora isa daklalekne
ing masa SMA iki. Salah sijine sing arep tak critakke marang
kowe kabeh iki.

***
Oiyo, sanajan pasinaon neng sekolahanku isih daring-
amargi kahanan sing isih durung memungkinkan, aku sok
tetep menyang neng sekolahan sak wayah-wayah. Mergane ki
yo werna-werna, kadang aku menyang sekolah saperlu ngurus
event kayata nyembelih wedhus kanggo acara Idul Adha,
reresik mesjid sekolah, lan liya-liyane. Kabeh kuwi tak lakoni
merga aku pancen aktif neng kepengurusan ROHIS neng
sekolahanku.

98

***
Ing sawijining dina, aku kudu nemoni Guru neng
sekolah kanggo ngrembug babagan proposal penelitian lan
pengajian sing arep dianakne pas Bulan Ramadhan. Nanging
aku ora dhewean, aku teka karo kancaku cerakku jenengane
Darmi. Aku karo dheweke ki wis kaya sutil karo wajan-saling
nglengkapi lan mesti bareng. Menyang kantin, perpustakaan,
nganti WC mesti barengan. Ning yo ora tekan jero, gur tekan
panggon ngaca neng ngarep kae, hehehe.

***
Sakwise nemoni Pak Guru, ndilalah Darmi pamit
dhisitan merga ana rapat neng enggon liya. Biasane, yen bar
ana keperluan neng sekolahan, aku karo dheweke plesir
panganan dhisit kanggo tamba ngelih. Neng jebul Darmi ora
isa, padahal pas kae ki aku wis mbayangke mangan mi ayam
saking ngelihe. “Yowislah tak mangan dhewean, sing penting
wareg,” kandhaku sajroning ati.

***
Banjur aku menyang warung bakmi neng cerak
sekolahan. Ndilalah warunge rame banget, kebak wong sing
lagi mangan. Untung wae antreane ora akeh, dadi aku isa gek
pesen, lungguh, lan mangan nganti wareg. Oiyo, bakmi neng
cerak sekolahanku iki pedes, ana level-level ngana kaya mi
sing hits jaman saiki. Jenengane yo aneh-aneh. Ana mi setan,

99

mi iblis, karo mi angel. Aku pesen mi iblis sing level 1. Aja
ngece aku dhisit, biasane aku ki pesen level 2 sing pedese
luwih mantep, tur neng masa pandemi kaya ngene ki, awak
dhewe kudu njaga kesehatan alias aja nganti mules, hehehe.

***
Sanajan aku wis nggawa banyu putih, aku kepengen
pesen wedang sing manis-manis. Banjur aku ndeloki papan
menu neng dhuwur kasir, ndilalah jenenge ki ya kaya bakmine
mau. Ana es tuyul, es genderuwo, es pocong, es kuntilanak,
nganti es sundel bolong ki ya ana, lak medeni to?
“Mbak, es genderuwo ki sing kaya apa yo?”
pitakonku.
“Kuwi ana buah-buahane ngono mbak, rasane manis,”
wangsulane mbake.
“Nek es tuyul kaya ngapa, Mbak?” aku dadi
penasaran.
“Kuwi kaya es genderuwo nangis luwih cilik mbak
ukurane.”
“Wah nek ngana pas, aku kan nggawa banyu putih,
dadi tukune es tuyul wae sing cilik, ben ra kembung kakehan
ngombe,” batinku.

***
Sakwise kuwi, aku nggolek palungguhan sing penak
nggo mangan dhewean. Pas dak sawang, ana kursi kosong

100

sing mepet tembok. Aku banjur nyedhaki kursi kae. Pas wis
cerak banget, aku lagi sadar nek persis neng sebelahe kursi
kuwi ana wong loro sakpantaranku lagi pacaran alias mbojo
ngono kae lah. Aku sing ora pacaran, teka dhewean, pesen
dhewean, lan mangan dhewean iki jelas ora penak lungguh
neng kana. Untung wae ana panggon kosong liya sing cerak
tembok-aku banjur pindah neng panggon kuwi.

***
Ora let suwe aku lungguh, es tuyul sing dak enteni
teka. Jebul es tuyul iki kaya es buah sing diwuwuhi ager-ager.
Wernane pink lan ketok seger. Es tuyul kuwi mau banjur dak
ombe nganti wis meh entek sadurung bakmine teka-saking
ngelake.
Nalika ngenteni mi teka, aku ngrasa kebelet nguyuh.
Usum udan iki aku pancen dadi kerep menyang neng WC
merga kadhemen.
“Walaah piye iki, kan aku dhewean? Nek tasku tak
tinggal, mengko isa ilang. Nanging nek tak gawa, panggonku
isa dijupuk karo wong liya,” batinku.
Akhire aku menyang neng WC karo nggawa tasku-es
tuyule kepeksa tak tinggal neng meja.

***
Akhire legaaaaaaaa. Sakwise menyang neng WC,
banjur aku mlaku nyedhaki panggonku mau. Alhamdulillaah,

101

saka kadohen aku delok ora ana sing ngenggoni panggonku
mau.

“WELADALAAAAAAHHHHH!!!!!!!” Aku kaget
ora karuwan, hoo sih panggonku ora dijupuk karo wong liya.
Nanging es tuyulku sing dijupuk karo ladene warung bakmi
alias mejaku wis diresiki. “Waduh piye iki, bakmine we
durung teka, tapi mejaku wis diresiki,” batinku karo ngampet
isin neng sangarepe wong neng sekitarku.

Tur, isin tok ora dadi solusi. Jare Bu Tejo, “Dadi
wong ki mbok sing solutipp.” Aku banjur nyedhaki kasir neng
ngarep lan nyritakne kedadean sing rada konyol mau kanthi
ngampet ngguyu-nggeguyu awakku dhewe . Nanging jebul
kasire lagi rubed, banjur aku ditekani mas-mas sing liya. Aku
mbaleni crita mau.

“Struk-ipun taksih wonten, Mbak?” pitakon masse
kanggo bukti yen aku ki tenanan wis pesen. Untunge aku isih
nyimpen struk mau. Sakwise maca struk iku, aku dikon masse
lungguh lan ngenteni pesenanku meneh. Samar-samar aku
krungu yen es tuyulku ki arep digawe meneh. “Waduh aku
dadi ra kepenak karo mas lan mbakke. Nek kakehan ngombe
es aku isa tambah kebelet nguyuh terus. Iki banyu putihku yo
isih akeh,” batinku. Pas masse nyedhaki, aku ethok-ethok ora
ndelok-wedine aku mung Gedhe Rasa (GR).

102

“Waduh mas repot-repot, wau es tuyule sampun kula
ombe lho, Mas.”

“Mboten napa-napa, Mbak. Nyuwun ngapunten nggih
wau malah sampun diresiki.”

“Ooh nggih, mboten napa-napa. Matur nuwun nggih,
Mas.”

Rasane kaya campur sari, watara begja entuk es gratis
lan aku ora isa le ngentekke es tuyule. Bakmine durung entek
we aku wis rada wareg ngombe es tuyul mau. Akhire aku
ngenteni bakmi teka dhisit ben ora kewaregen dhisit.

***
Akhire, bakmi sing dak enteni teka. Aku mangan karo
lahap lan kepedesen. Sakwise entek lan wareg, alon-alon aku
nyoba ngentekke es tuyul sing ke loro. Sing utama, aku
mangan buah-buahan lan ager-ager alias isiane dhisit. Sakwise
entek, aku ngrasa wis ra kuwat meneh.
“Nyuwun ngapunten nggih, Mas. Iki isiane wis dak
entekke, nanging wetengku wis ora amot meneh. Matur
nuwun sanget lho, Mas,” batinku.
Kudune pancen saka awal aku wis kandha masse yen
es tuyulku ora usah diijol. Hadehhh, salam KEWAREGEN!

103

Tukang Kebon

Imanuela Dewina Prasetya (21)

Dina Minggu iki aku arep menyang ning Mall Plaza
Ambarrukmo kanggo refreshing sakdurunge taun ajaran baru
dina Senin sesuk karo tumbas tas amarga tasku wes jebol
banget. Aku menyang mall numpak pit motor dhewe ora karo
sapa-sapa, sakjane aku durung dhuwe SIM tapi rapopo jare
bapakku teges wae.

Saktekane aku ning basement, aku banjur mlaku ning
lift. Aku mencet lantai 3 mbuh ngapa pengen ning lantai 3.
Saktekane ning lantai 3 aku banjur mlaku-mlaku tapi aku kok
bosen, njuk aku langsung tumbas tas wae ben ora bali mbengi.

Sawise aku tumbas tas aku tumbas es krim, amarga
grusa-grusu arep tumbas es krim aku ora ndhelok yen
ngarepku ana bapak-bapak, bapakke yo pada ora ndhelok aku
merga lagi telponan. Njuk mak gedebuk aku nubruk bapak-
bapak iku mau, aku tibo nggeblak bapake yo tibo. Aku wedi
merga bapakke iku mau nganggo klambi jas rapi kaya wong
sugih banget, nek aku nabrak pejabat lak ora lucu blas.

“ Waduh Gusti! Pak, kula nyuwun pangapunten
sanget.”

“ Oh rapopo dhik rapopo, pakdhe ya ngapunten
telponan ora ndhelok-ndhelok.”

104

Bapak iku mau banjur lunga, nanging aku krungu bapake

telponan, sakjane aku ora niat nguping tapi ora sengaja krungu.

“ Kebon sawit 5 hektar sampun tanda tangan atas

nami kula nggih? Sesuk kula menyang Kalimantan badhe

kula urus ben siap kangge produksi.”

Batinku,

“ Woh bapake sugih banget dhuwe kebon sawit 5

hektar barang ki, moga-moga bar nubruk bapake

rejekine banjur nular, Amin”

Bubare tumbas es krim aku banjur bali ndak selak diseneni

bapak ibuk.

Dina Senin esuk dina kepisan sekolah, aku lungguh

ning bangku ngarep. Njuk bar iku ana bocah ayu banget.

Bocahe kuwi banjur arep lungguh karo aku, aku ya iya-iya

wae. Awak dewe banjur kenalan karo ngobrol-ngobrol sedilit,

bocahe mau jenenge Icha. Nanging pas aku lagi ngomong-

ngomong karo Icha aku krungu ana kanca liyane sing

ngomongke Icha, jarene Icha iku siswa KMS alias kirang

mampu. Aku ora masalah dadi kancane Icha merga aku bisa

lan oleh kekancan karo sapa wae. Amarga awak dewe wis

ngerasa cedhak aku banjur takon.

“ Cha, nek oleh reti wong tuwomu kerjane apa?”

“ Oo, bapakku kerjane tukang kebon nek ibukku ya

gur ning omah wae”

105

Aku ya banjur mesakke karo Icha, bapakke kerjane tukang
kebon kanggo nguripi ibu kaliyan Icha.

Tenggg--bel bali sekolah, aku karo Icha banjur beres-
beres arep bali. Nanging Icha arep ngejak aku mampir ning
omahe.

“ He mengko selo ra jam telu? Ayo dolan ning
omahku”

“ Oh aku selo kok, mengko shareloc wae omahmu aja
mepet-mepet ya ben aku bisa ngapalke dalane”

“ Hoo hoo, mengko jam setengah telu tak shareloc,
wis ya ati-ati le bali”

“ Hoo kowe ya ati-ati”
Satekane aku ning omah aku banjur mangan njuk
adus ben ora ngisin-ngisini pas dolan. Isih jam 2 aku tak turu
sedilit ben karo nunggu shareloc omahe Icha. Pas jam
setengah 3 uwis entuk shareloc, aku banjur pamit ibukku arep
dolan ning omahe kancaku.
Pas tekan omahe Icha aku bingung kok omahe gede
lan apik banget, iki aku salah alamat apa ora. Tapi rapopo tak
coba nyeluk Icha.
“ Ichaaa”
Icha banjur metu saka omahe kuwi, aku ya dadi luwih kaget.
Aku banjur markir motorku ning cedhak garasine Icha. Icha
banjur ngajak aku mlebu omahe.

106

“ Arep ngombe apa? Jus apa es kopi?”
“ Banyu putih wae aku lagi diet hehe”
Sakjane aku ora diet tapi yo ben ora ngerepoti Icha.
“ Mbaak tulung kula kaliyan kanca kula digawakke
banyu putih karo jus jambu mbak”
“ Nggih mbak” timpale ibu-ibu sing umure paling yo
40an
Aku kaget sak kaget-kagete. Kok yo tegel Icha ngakon ibune
kaya ngono, ombenane ya kaya wong-wong sugih ning
sinetron. Icha ngajak aku lungguh ning ruang tamune sing
gedhe lan mewah banget, awak dewe banjur ngomong-
ngomong.
“ Mangga mbak-mbak, niki unjukanipun, niku ning
meja makan ana croissant kaliyan pizza senengane mbak
Icha”
“ Oh nggih mbak,ayo ngancani aku mangan”
“ Weh ora ora, ndak ngerepoti aku”
“ Ora ngerepoti blas ayo rapopo ora perlu diet sik”
Aku banjur mbatin, bocah KMS kok panganane kaya wong
sugih banget yo. Iki lagi ngapusi po ora Icha iki.
Awak dewe banjur mlaku ning ruang makane Icha
sing pada gedhe lan mewahe. Awak dewe banjur mangan
bubar kuwi ngomong-ngomong. Pas lagi ngomong-ngomong
aku ndhelok foto kaya foto keluarga ana Icha. Nanging pas

107

ndhelok fotone aku banjur kelingan, aku ketoke wis tau
ketemu bapak-bapak ning foto kuwi, o iyo! Aku wis tau
nubruk bapake iku mau ning mall. Kuwi lak bapake sing sugih
banget kae, aku ya banjur takon Icha.

“ Cha, iki foto keluargamu?”
“ O hoo kuwi, iku bapak kaliyan ibukku”
Woh aku kaget banget kaya bar kesamber bledhek. Jebul Icha
iki cah KMS ngapusi, dudu siswa pemegang Kartu Menuju
Sejahtera nanging siswa Keluarga Memang Sugih. Mbak-
mbake mau ya dudu ibune Icha nanging rewang ning omahe
Icha, ibune Icha sing ning foto ayu banget kaya Icha. Aku ya
dicritani nek Icha karo ibune kerep perawatan ning klinik
kecantikan sing terkenal larang banget. Foto-foto liburane
Icha sakeluargane ya akeh, ana sing ning Eropa, Amerika, lan
saliyane. Aku yo banjur crita ning Icha sing kebon 5 hektar
kuwi, jarene Icha bapake malah dhuwe kebon sawit luwih
saka 5 hektar sing 5 hektar mau kanggo nambahi wae.
Ya sakjane bener sih sing diomongke Icha pas ning
sekolah yen bapake kerjane tukang kebon nanging kebone
kebon sawit. Dongaku pas ning mall kae jebul dadi tenanan,
rejekine nular tenanan. Ya beja banget aku saiki aku dadi
kancane konglomerat anake bos kebon sawit ning Kalimantan.
Nanging aku ya kekancan karo Icha ora njaluk apa-apa, aku
ikhlas dadi kancane Icha pancen saka awal aku ya ora ngarep

108

apa-apa, nek jebule Icha anake wong sugih yo pancen rejekiku
hehe.

109

Gajah lan Boyo Serakah

Irfan Lazuardi P(22)

Ing sapinggire kali, ana baya sing lagi kaluwen. Wis
telung dina ora mangan apa-apa. Saiki wetenge luwe banget
lan yen ora mangan, dheweke bakal mati.

Banjur dheweke mlebu kali lan nglangi golek
panganan.

Pungkasane, baya weruh bebek lagi nglangi. Nalika
bebek ngerti yen baya lagi target, akhire dheweke mundur.

Deleng bebek sing arep dimangsa, baya akhire
ngoyak lan akibate bebek mau dicekel. Nalika nangis wedi
bebek mau ujar, "Ampun baya, ayo dakbukak. Dagingku
mung sithik. Napa sampeyan mung njaluk rebusan wedhus
ing alas ”.

Nalika nampilake taring sing tajem, baya kasebut ujar,
"Ya mengko, nggawa aku menyang papan ndhelik wedhus ing
alas saiki".

Banjur ora adoh saka papan kasebut, ana lapangan ijo
sing akeh wedhus golek suket kanggo dipangan. "Kana kana,
aku mung bakal mangan wedhus".

Pungkasane bebek kasebut seneng banget lan mlayu
kanthi cepet. Pungkasane, baya nemokake bocah wedhus sing

110

bisa dicekel sawise sawetara wektu. Amarga wedi banget,
bocah kasebut ujar, “Ampun dipangan kula.

Aku isih enom nganti ora duwe daging. Napa
sampeyan mung mangan gajah sing duwe daging luwih akeh
tinimbang aku. Aku bakal nggawa sampeyan mrana ”.

"Oke, nggawa aku mrana saiki!" Gajah
Pinta. Pungkasane, baya diundang menyang pinggir tlaga
sing jembar dening bocah kasebut. Lan wis mesthi, wis ana
pedhet gedhe.

Pungkasane, baya langsung ngoyak banjur nyakot
sikile pedhet. Nanging, kulit gajah kenthel banget nganti ora
bisa natoni.

Gajah bayi kasebut njerit lan njaluk tulung marang
ibu. Kangge, baya terus nyoba nggulingake gajah.

Nanging sayangé ora bisa. Krungu jeritane bocah
kasebut, klompok gajah pungkasane teka lan nincak buaya
supaya dheweke ora bisa ambegan.

Pungkasane, baya isih ora bisa gelut amarga ukurane
gajah ibu sing gedhe banget. Durung dingerteni manawa
dheweke lagi ing kahanan sing ringkih amarga durung
mangan. Sawise iku, baya mati amarga kesel banget.

Pesen moral lan piwulang sing bisa dijupuk saka crita
cekak ing dhuwur yaiku yen kita nampa apa wae sanajan

111

sithik utawa malah sithik, kudu matur nuwun lan matur
nuwun marang apa sing wis dipikolehi.

112

Maling Warnet

Karina Yasmine S. (23)

“Ding dong ding dong” bel pratanda mungkasi
adicara ujian akhir semester kui uwis muni. Iki pertanda
murid-murid ing SMA 5 Ngemplak ngawiwiti prei akhir
semester. Kabeh para siswa sesorakan ing saben dalan tumuju
gerbang. Ana sing crita bakal lunga ing luar kota, ana sing
uwis duwe rencana bakal nobar karo koncone pas liburan iki.
Lan sak panunggalane. Adi sing pas kuwi agi wae metu saka
ruang ujiane langsung ngolet-ngolet ora cetha. Ngeluruske
awak sing patingslenthut amarga ket mau esuk mung lungguh
wae nggarap soal.

“Yesssssss … tenanan wes rampung nek iki. Prei
semester iki jan suwe tenan iso tutug aku le dolan. Dina iki
aku dolan nang ndi sek yo? Hmm,” Adi nggremeng nyawang-
nyawang opo sing bakal dilakoke dina iki.

“He dab! ngopo kowe ki mlonga mlongo ora cetho
ngono, rupamu wes koyo mas bagong wong edan pojok pasar
kae,” Radit ujug-ujug wae teka mbuh seko endi. Adi sing ket
mau isih nyawang dadi kaget mak jenggirat.

“Kowe ki nek teka mbok yo assalamualikum sek ora
ngeget-geti ngono kuwi, jantungen aku suwe-suwe kekancan
karo kowe ki,” protes Adi marang Radit.

113

“Halah kowe ki koyo simbahku suwe-suwe, ngono
wae kaget. Tak celuk mbah Adi po piye?” godane si Radit
marang Adi.

“Sakarepmu lah Dit,” Adi wes kesel karo godane
Radit, “Pie kowe mrene ki meh ngopo? Ana berita penting?
Apa meh takon opo?”

“Ora sih bro, aku meng arep takon kowe sore iki selo
opo ora? Nek selo mbok ayo melu aku lan kanca-kanca
futsalan,” Radit ngajak Adi.

“Wah aku ki sakjane ki yo isih bingung je arep ngopo
sik. Aku kepengen futsalan, tur kok aku yo pingin lunga
menyang warnet yo,” ujare Adi sing isih bingung.

“ Yowes rapopo tok pikirno sek wae ora sah kesusu.
Mengko nek sido melu futsalan kabari liwat SMS wae yo,”
Radit nengahi prakara sinambi nepok geger e Adi lan mlaku
tumuju parkiran.
Adi sing sirahe isih mikir jeru mlaku sinambi kukur-kukur
sirah. Dheweke nunggu angkot mergo dina iki motore disilih
kakangne sing wis kuliah.

“Alah jyan, males aku nek dikon numpak angkot ki.
Le nunggu suwe selak pengen dolan. Mas Tio ki yo ndadak
motore rusak barang kan aku sing dadi korbane nek ngeneki
hes,” sambate Adi mergo motore disilih kakangne.

114

“Yooo Pasar Klithikan yoooo sing ameh Pasar
Klithikan po Ngabeyan yooooo,” Adi langsung mlayu nalika
krungu kenek angkot mbengok. Pancen omahe Adi kui ing
sak mburine Pasar Klithikan, ora patio adoh seko sekolah.
Banjur Adi langsung mlumpat karo ndungkluk merga pintu
angkot cilik tur Adi perawakane gede. Awan kui panas e ora
karuan. Iki mung marakke Adi tepas-tepas nganggo kertas
ujiane karo nggremeng atine nggersula.

“Ah ketimbang aku bete ngeneki mending aku buka
facebook sopo reti mba Juwita sing ayune ra ilok-ilok kae
update status,” banjur Adi gahgeh-gahgeh ndemoki sak
sragam e nggranggeh hape. Langsung dheweke mbuka
facebook,

“Lha lak tenan to… pancen iki wong ayu siji iki, aku
kepanasen ing njero angkot ngeneki wae bar delok rupane
rasane wes koyo kesenthor kipas,” Adi mung mesam-mesem
menthelengi hape ne.

“Sing Pasar Klithikan medhun yo medhun lanjut
Terminal Sadeyan yooo sing Terminal Sadeyan,” kenek
angkot mbengok, Adi mak jenggirat kaget. Kabeh pikirane
mung ning Mba Juwita. Banjur Adi ngulungke dhuwit marang
kenek

115

“Nuwun kang,” sinambi Adi mbladus mlaku tumuju
dalan gang omahe. Saktekane ning omah jebulane Ibune Adi
lagi reresik teras.

“Le… wes mulih to… pie ujiane mau? Lancar to le
nggarap? Opo lancar le ngepek?” ibune Adi takon sinambi
mawasi teras sinambi nyapu, ora ngematke Adi. Adi sinambi
nyopot sepatu kets e malah ora njawab, pikirane malah
bingung meneh mikir babagan dee arep lunga nangndi kanggo
refreshing.

“Heh lha ditakoni kok malah meneng wae lho bocah
iki,” Ibune banjur mengo delokke Adi.

“Pripun bu, nyuwun ngapunten mboten mireng,”
jawabe Adi cengengesan. Ibune meng gedheg-gedheg
nyawang anak e sing pikirane lagi ora temata.

“Alah mboh, Di. Wes ke leg. Wes kowe gek reresik
wae kono, ambune kui lho ora ilok,” banjur Ibune Adi
sinambi neruske nyapu teras.

“Nggih bu, siyap laksanaken!” Adi njawab ibune
semangat sinambi hormat banjur mlayu ning kamare. Sak
tekane ing kamare, dheweke ambruk ing sisih pinggir kasur.
Adi ngrogoh sak sragam e nggoleki hape ne mau. Ora
langsung adus malah dheweke dolanan hp. Ora let suwe mak
jenggirat, Adi kaget campur seneng kelingan nek dina iki Mas

116

Yuslan salah sawijining gamer sing disubyo-subyo dening
Adi nganakake dolan bareng onlen alias ‘mabar’.

“Wah wesss nek ngeneki aku jelas ning warnet wae
iki. Kapan meneh iso dolan bareng Mas Yuslan,” koyo entuk
hidayah, Adi banjur nyamber anduk lan njranthal tumuju ing
kamar mandi kanggo reresik awake. Ning njero kamar mandi
dheweke nyanyi ora cetha. Atine bungah banget kesusu selak
pengen dolan bareng Mas Yuslan. Sak rampunge adus,
dheweke kelingan kudu SMS ngabari Radit nek dheweke
rasido melu futsalan.

“Wah aku kudu ngabari Radit iki, ne ora dee iso
perang madhangkara karo aku sesuk ning sekolah,” isih
andukan lan hurung sempat nganggo klambi dheweke
langsung nggoleki hapene lan ngabari Radit.

“Dit, aku rasido melu futsalan yo, mergane Mas
Yuslan ono acara ‘Mabar’ iki jam 4. Ngapura yo bro, nek
sesuk bar dina iki insyaallah aku iso melu. Nuwun,” Tulise
adit ning SMS. Bar rampung dheweke nguncalke hape ing
kasur banjur nganggo klambi. Ora let suwe Radit mbales

“Hoo orapopo bos, dina iki ana Hendri sing ngganteni
kowe,” Adi maca sinambi mlaku nyamber sandal. Jebulane
Ibu isih ning teras.

“Bu kula pamit nggih badhe teng warnet, kula
wangsul saderengipun maghrib,” ature Adi marang Ibune.

117

“Yoh le… ojo mbengi-mbengi lho ya, maghrib kudu
wis bali. Ngati ati ning dalan,” Ibune Adi ngewanti-wanti.

“Nggih bu… Assalamualiakum,” Adi atur salam
“Waalaikumussalam,” Ibune banjur mlebu omah lan
ngunci pintu.
Adi banjur mlaku ing sisih pinggir. Dalanan dina kui sepi
banget. Adi mlaku sinambi nggremengke lagune Fiersa Besari,
penyanyi sing dheweke seneng banget.
“He le, ameh lungo nang endi? Kok siyang-siyang
ngeneki wes metu-metu. Ora sekolah opo mbolos hayo?” Mak
jenggirat Adi kaget, ora disangka malah ketemu Pak Amin,
Pak RT kampung, ning dalan.
“Wah sugeng siyang Pak Amin, mboten pak, kula
mboten mbolos. Dina menika pungkasaning ujian akhir, mula
bidhal gasik,” Adi njawab Pak RT. Adi sakkeluarga iku
pancen wis duweni hubungan cerak karo keluarga Pak Amin.
Amarga mbiyen sakdurunge dadi RT Pak Amin iku kanca
cerak bapake Adi. Mula ora gumun nek Adi wes nganggep
Pak Amin koyo Lik e dewe.
“Walah ngono kui tho… Njuk iki kowe ameh dolan?”
pitakone Pak Amin.
“Nggih Pak, badhe teng warnet hehe… itung-itung
refreshing bibar ujian,” wangsulane Adi.

118

“Woalah yowes gek dolan ben ora edan! Ngati-ati lan
ojo mulih bengi-bengi lho, mengko kowe digolekki mbokmu,”
Pak Amin ngguyu banjur mlaku maneh.

“Siap Pak, kula pamit nggih Pak,” Adi mangsuli
banjur melu mlaku. Ora let suwe, Adi wes tekan ing ngarep
tulisan ‘Pro Net’. Dheweke langsung mlebu.

“Yak! Gamer ngguanteng idaman e teko rek! Woe
bro piye kabarmu, wes suwe ra nge-net nang kene, sibuk
ngurusi wadon po piye,” agi wae Adi mbuka pintu warnet wes
disambut karo Mas Jabrek karyawan sing njaga warnet.
Pancene wes tepung banget nek karo Adi, nganti duwe
julukan ‘Gamer ngguanteng idaman’ khusus dinggo Adi.

“Alah Ya Allah Mas Jabrek ki ngegetgeti wae lho
senengane. Aku tak 2 jam mas,” Banjur Adi mlaku ing kulkas
sing isine maneka warna ombenan. Saka Teh Pucuk tekan
Okky Jelly Drink kabeh ono. Adi langsung nggoleki ombenan
kesenengane yaiku extrajoss gingseng. Ora lali Adi uga
njupuk gorengan kanggo ngancani dheweke mabar mengko.

“Awak cilik ning omben sangar ki yo ming kowe kui,
Di,” Mas Jabrek omong sinambi ngitung rega kabeh sing
dijupuk Adi.

“Piro mas?” takone Adi sinambi ngguyu ngrungokke
omongane Mas Jabrek.

119

“Wes rega spesyal nek nggo kowe, 15.000 wae tur
anti ngutang lho dina iki,” Mas Jabrek wis ngewanti-wanti
supaya Adi ora utang.

“Hoalah Mas, sing seneng utang ki Badrek kae lho,
udu aku yo,” Adi nimpali, “aku kan tertib peraturan
timbangno tok depak raoleh dolan kene to.” Adi banjur
ngulungke duwit e marang Mas Jabrek.

“Sip bos, pas duwite, nuwun,” Mas Jabrek nerina
ulungan duwit saka Adi.

“Akeh sing kosong to mas?” takone Adi.
“Aman bos, ming ono Mas Gatot kae seko kampung
tangga,” wangsulane Mas Jabrek. Banjur Adi langsung mlaku
tumuju ing bilik sing isih kosong ora ono wong e. Pas tekan
bilik nomer pitulas, dheweke mandheg dilit.
“Owalah kui toh sing jenenge Mas Gatot,” batine Adi,
“Lha kok malah keturon Mas Gatot ki, gek hape karo dompete
wae ming ning meja ngono kui opo yo mripat uwong ora ijo,
kepengen njupuk.” Tur Adi wes ora mikir meneh amarga
mabar e wis ameh kawiwitan. Banjur dheweke langsung gage
tumuju bilik nomer 23 lan langsung mbuka website sing
dinggo mabar karo Mas Yuslan.
“Alhamdulillah ora telat mantap tenan iki Mas Yuslan
wes join,” Adi cengangas-cengenges seneng. Ora suwe ujug-
ujug ono wong sing nyeraki bilik e Mas Gatot.

120

“Walah sopo kui, palingo kancane Mas Gatot yo,”
batine Adi iseh mikir apik. Merga game e isih loading, Adi
celingukan nunggu. Lha kok ujug-ujug uwong sing mau
nyeraki bilik e Mas Gatot mlayu njranthal nggowo hape lan
dompet e Mas Gatot.

“Huadoh jebul kuwi ki maling toh!” Adi njerit kaget.
Banjur langsung ninggal game e, mlayu metu. Mas Jabrek
melu kaget banjur melu mlayu metu.

“Maling maling! Kuwi maling!” Mas Jabrek melu
mbengok marakke para warga melu mlayu tumuju maling
kuwi. Pas ing prempatan, syukur ono Mas Sidik sing lagi
gawa montor langsung nggadang dalan. Si maling wes
kentekan akal meneh raiso mlayu nang endi-endi. Ming iso
mlumpat-mlumpat kaya tikus mlebu krangkeng. Para warga
langsung pada nggujengi maling e lan Pak Lurah metu
nggawa polisi. Jebul ket mau Pak Lurah wes telpon Polisi
daerah kampung. Karo menggeh-menggeh Pak Lurah lan
polisi langsung nyeraki maling kuwi. Pak polisi mborgol
tangan e maling.

“Walah mas jaman saiki kok isih model maling to,
wes gek digowo nang kantor wae,” ujare Pak Polisi karo
ngranggeh dompet e Mas Gatot sing ameh dimaling banjur
ngulungke ing ngasta ne Pak Lurah.

121

“Matur nuwun sanget nggih pak, sampun
dipuntulungi mugi mas maling iki iso kapok dening opo sing
ditumindakake,” Pak Lurah banjur nyalami Pak Polisi.

“Siap Pak, menawi wonten kasus maneh, kula lan tim
saged dipun telpun mawon, mekaten kula pamit,
Assalamualaikum,” ujare Pak Polisi.

“Waalaikumussalam, nyangoni slamet nggih pak,”
Pak Lurah banjur mlaku tumuju Mas Gatot, Mas Jabrek, lan
Adi sing isih ngadeg nggejejer ing ngisor wit talok.

“Nyoh iki mau dompete Mas Gatot tho? Sesuk meneh
nek nang warnet iku ojo ditinggal turu yo, barang-barange
diawasi supoyo ora kedadeyan ngene meneh. Untung ono Adi
sing delok malinge,” Pak Amin ngandani Mas Lurah.

“Nggih Pak nyuwun pangapunten, wau dalu kula
kurang turu amarga kui kala wau kula keturon ing warnet e
Mas Jabrek,” Mas Gatot nimpali, “nuwun banget yo, di, nek
kowe mau ora delok malinge mesti aku wes kelangan dompet
lan sakisine.”

“Sami-sami Mas, mau yo ming pas delok wae, lha
kok jebul maling tho, kaget sak kal aku hehe,” Adi nimpali
karo cengengesan. Sak rampunge perkara maling ing warnet e
Mas Jabrek kabeh langsung pada bubaran bali meneh ing
kegiatane dewe-dewe. Adi mulih nggawa rasa bungah.

122

Sanajan dheweke ora sido mabar karo Mas Yuslan, idolane,
ananging dheweke seneng iso tetulung marang wong liya.

Seminggu sakwise kadadeyan kuwi Adi diajak Radit
futsalan. Amarga Adi ora duwe kegiatan mula dheweke melu.
Sakwise futsalan Adi pengen tuku omben amarga dina kuwi
panas banget lan ngelak bibar futsalan. Dheweke mlaku
tumuju minimart ing panggonan futsalan kui. Pas ameh
mbayar Adi kaget, lha kok jebul sing tunggu minimart kui
Mas Gatot.

“Wee Adi, piye kabarmu cah,” Mas Gatot malah
ngaruhke ndhisik.

“Alhamdulillah mas apik, panjenengan pripun?”
wangsulane Adi

“Alhamdulillah lancar sakabehane, lha kowe iki ameh
futsalan opo bar futsalan? Apa ming nunggu kanca?” pitakone
Mas Gatot.

“Hoo mas iki aku bar futsalan kok rasane ngelak
banget pengen tuku omben jebul malah Mas Gatot sing jaga
kene hehe. Menika pinten mas regane?” Adi ngranggeh
dompet lan ngulungke duwit sepuluh ewon marang Mas Gatot.

“Halah uwes, di, digawa wae kui ombene. Itung-itung
pratanda nuwunku nalika seminggu kepungkur kowe nulungi
aku nang warnet e Mas Jabrek kae,” Mas Gatot ngomong
sinambi balik ngulungke duwit e Adi.

123

“Weh ojo ngono yo mas,” Adi mekso ngulungke
duwite.

“Wes santai wae, di. Kae kowe wis ditunggu kanca-
kancamu lho, gek ndang,” Mas Gatot omong amarga Radit lan
sakanca wis pada nunggoni Adi ing njaba minimart.

“Yowes nek ngono kui. Pisan meneh matur nuwun yo,
Mas Gatot,” Adi pamit banjur metu minimart lan mlaku
bubaran bareng kanca-kancane tumuju omah e dewe-dewe.

124

Nyobo-Nyobo Malah Tenan

Lintang Ammar Sulistyo (24)

Jenengku Atang, aku kelas 11 SMA. Saiki aku lagi
seneng karo kanca angkatanku, tapi aku bedo kelas karo dee.
Cah wedok sing tak senengi jenenge Nia. Sanajan aku bedo
kelas karo dee, aku seorganisasi karo dee wiwit kelas 10. Tapi,
sanajan aku seorganisasi ro dee, aku ora sing cerak banget
karo Nia. Raketang aku nyapa ro guyon tok ro wonge.

Ing kelas 11 iki, aku diamanahi dadi wakil ketua
organisasi sing tak melu. Jujur deg-degan dadi wakil ketua
organisasi iki. Oiyo organisasi sing tak meli iki jenenge MPK.
Bar iku aku lan ketuaku mbahas sopo sing bakal didadekke
pengurus harian. Pas aku mbahas ro ketuaku aku ndelok daftar
kancaku le lanjut organisasi seko kelas 10.

“Tang, ngaranmu iki le apik dadi sekretaris sopo yo?”
ketuaku, Hakan takon ning aku.

“Nek aku ndelok seko jeneng-jeneng iki ngaranku Nia
cocok bro.”

“Hoo, aku yo sekelas ro Nia barang. Wonge rajin
banget,” tambahi wakil ketua sijine, Risa.

“Emm.. Nek ngaranmu kabeh apik, Nia wae le dadi
sekretaris.”

125

“Karo nek aranku le cocok dadi bendahara kui Surya,”
tambahku ning diskusi iki.

“Setuju aku, Tang. Mantap wes dadi iki pengurus harian
e. Awakdewe tinggal ngontak wonge.”

Langsung dibagi sopo sing ngontak Nia lan Surya. Aku
ra entuk jatah ngontak sopo sopo. Nia lan Surya nerimo
jabatan kui, aku, Hakan, lan Risa seneng banget akhire wes
dadi pengurus harian MPK iki. Iki dadi awal mula aku cerak
karo Nia.

Sawise MPK berjalan 1 wulan awakdewe entuk anggota
anyar seko kelas 10. 2 wulan berjalan, MPK mulai mlaku
proker nggolek ketua OSIS. Sawise entuk ketua OSIS, MPK
lan OSIS dilantik utowo serah terima jabatan seko kelas 12
sing wes purna. Banjur ono diklat seko sekolah, kui aku
tambah cerak karo Nia sering guyon tur koyo biasa wae soale
aku guyon karo kabeh.

Ing sawijining dino, dino kemis. Aku rampung dolan
karo kanca sekolahku. Banjur aku ning omahe kancaku sd
nggo les fisika bareng kancaku. Kancaku sd iki jenenge Raza.
Ing awal awal mulai les aku isih iso fokus. Banjur ing akhir
aku kelingan nek jam 8 mbengi ngko ono zoom karo anggota
MPK. Aku kaget banget soale kui pas rampung les. Aku kudu
melu zoom ing omahe Raza.

126

“Za, aku ngko nunut zoom ning omahmu yo, aku lali
banget nek dino iki ono kumpul,” omongku ning Raza ing
akhir les.

“Yo sante wae, omahku kosong og, tekan mbengi santai,”
jawabe Raza.

“Mantap, aku sisan nyilih earphone yo, lali ra nggowo e
hehehe.”

“Okeee, sek tak jupuke,” Raza njawab sisan ngadek
njukuk earphone.

Rampung les, aku lan Raza pamit karo guru lesku. Banjur
aku langsung mbuka hapeku lan mbuka zoom. Ngisi link, join,
aman. Alhamdulillah ternyata rung telat. Ing zoom mbengi iki
sakjane bahasan e ra terlalu penting, tur kumpul iki nggo
ngeraketke antar anggota MPK. Ing njero zoom aku sok
nggodani Nia, kanggo mecah suasana barang. Kadang tur
sering ing zoom iki aku nggombali Nia barang.

“Ni, koe gelem ra karo aku?” guyonku ning Nia le
nggawe kabeh wong ing zoom rame banget.

“Wohhh, ono le meh jadian kii”
“Gas Tang!”
“Sek sek kabeh meneng sek, ben Atang mbaleni le
nembak Nia,” jare salah siji anggota MPK.
“Hoo hoo, meneng kabeh sek.”

127

Banjur kabeh wong sing melu zoom iki meneng alias
offmic kabeh. Aku bingung karo kaget, kok malah koyo
tenanan. Tur aku mikir lanjut wae misale tenanan
Alhamdulillah, nek ora yo rapopo.

“Za, iki aku iseng nembak kancaku Za hahaha,” aku
ngomong ning Raza.

“Ahahaha, gas wae tang tak ndeloke tenan po ora.”
Suasana zoom tenan anteng ngenteni aku ngomong ning
Nia.
“Halo, iki tenan po ahaha,” aku nyobo ngomong tur tetep
anteng suasanane.
“Nia, koe gelem ra karo aku?”
“Gelem ra yo ges?” jawabe Nia.
“Gelem ra yo, kok do meneng sih”
Suasana tetep anteng banget tekan Nia menehi jawaban le
pasti.
“Gelem gelem, aku gelem,” jawabane Nia.
“Wooooowww, di tompo brooo….” jawabku karo
mbengok lan ngguyu.
“Wuaaaa ono le jadian ki”
“Alhamdulillah akhire ra jomblo tang ahahaha”
“Mantap banget iki cah,” jawabane para anggota MPK.
“Pie Tang? Ditompo?” takone Raza marang aku.
“Ahahah ditompo Za, mantep banget”

128

“Ha tapi kui tenanan po ra, gek gek mung guyon,”
tambah Raza.

“Embuh Za, nek misale tenan yo Alhamdulillah. Nek ora
yowes rapopo.”

Banjur rame banget ing njero zoom iki. Ono le ngomong
iri, ono le seneng, lan juga ono le tetep meneng. Ternyata ono
le ngerekam aku ngomong ngono mau. Tapi aku ora masalah,
santai wae. Sawise rampung zoom, aku kelingan meneh nek
sesuke aku ono rapat mbahas keuangan. Pas banget aku yo
ketemu Nia.

“Za, sesuk aku ketemu wonge mau lek. Cobo sesuk tak
takon tenanan po ora,” omongku ning Raza.

“Woh hoo, pas banget kui, takon wae Tang”
“Ahaha mantap lah. Yowes Za suwun ya, aku tak mulih
sek, wes mbengi iki, suwun baran iki earphone e. Tak mulih
sek,” aku pamit ning Raza soale wes mbengi.
“Oke, podo podo Tang, santai wae, sesuk rene neh
dolan”
“Gampang, sek yo Za, Assalamualaikum”
“Waalaikumsalam.”
Aku metu omah numpak motor langsung mulih. Untung
wae omahku cerak karo Raza, dadine tenang. Tekan omah aku
langsung turu soale sesuk isih ono rapat.

129

Sesuke sawise sekolah aku langsung kumpul karo
pengurus harian MPK. Bar kumpul awakdewe banjur
langsung ning ruang rapat kanggo mbahas keuangan karo
guru. Bejone aku jejeran karo Nia.

“Ni, sing mau mbengi tenanan ra?” aku iseng takon ning
Nia.

“Ahaha ora Tang guyon kui,” jawabe Nia.
Aku santai wae untunge ket mau mbengi. Dadi ora loro
ati. Sawise rapat awakdewe kumpul meneh nggo istirahat.
Aku ngobrol ngobrol ro kabeh. Banjur ono le mbahas tugas
batik. Aku sombong ning kabeh yen aku wes nggarap. Banjur
do ngomong nek males. Aku nggodani kabeh nek dilit neh
dikumpul. Bar kui malah podo janjian nggarap batik bareng.
Mbengine tiba tiba aku dichat karo Nia nganggo pesan suara.
“Tang, koe wes nggarap batik? Kui carane pie yo aku
bingung e,” pitakone Nia lewat pesan suara.
Aku kaget tiba tiba kok Nia ngirim pesan suara.
“Oi, halo. Hoo aku wes nggarap Ni, dadi carane ngene,”
jawabku nggo pesan suara barang njelaske cara nggawe batik
e.
“Oalah ngono, suwun yo Tang, sesuk meh nggarap aku
soale,” jawabane Nia sawise tak jelaske.

130

Banjur aku modus sitik takon ning Nia dee lagi ngopo.
Ternyata dee lagi sinau. Banjur aku yo kelingan nek dee rajin
lan dilit meneh arep ujian tengah semester.

“Gelem tak kancani ora?” nyobo aku takon ning Nia.
“Tenan? Gelem ngancani aku sinau?”
“Iyo tenan, gelem aku ngancani”
“Oke, sing ngancani kepie?” pitakone Nia.
“Telpon po?” nyobo aku takon sisan modus sitik.
“Hah rapopo po telpon?” pitakon e Nia.
“Yo rapopo nek aku.”
“Oke, meh sopo le nelpon? Wes tak telpon e wae,”
omonge Nia banjur nelpon aku.
Aku ngancani Nia sinau tekan mbengi banget. Akire
podo podo ngantuk banjur pamit turu. Sejak kui aku dadi
cerak banget karo Nia. Aku chattingan mbendino, ngancani
sinau, nggarap tugas, telponan, lan sinau bareng. Sekitar
sebulan aku cerak karo Nia tiba tiba pas telponan nyobo
nyobo dolanan Truth or Dare utawa jujur opo tantangan. Dadi
saben uwong dikon milih antara loro kui, banjur ditakoni nek
misale jujur kudu njawab jujur, nek tantangan kudu ngelakoni
tantangan kui. Awakdewe banjur dolanan kui. Sue banget
dolanan kui malah merujuk koyo takon satu sama lain
perasaane pie.
“Sakjane to Ni, aku seneng karo koe,” omongku tiba tiba.

131

“Ahahaha, aku barang Tang, sakjane wes ceto ra sih
awakdewe ket mau takone tentang iki”

“Hoo sakjane ahaha, brarti koe yo seneng aku?”
“Iyo Tang”
“Ha opo?” takonku ben luweh jelas.
“Iyo Atang, aku seneng koe.”
“Yeeyy,” jawabanku seneng.
Banjur awakdewe lanjut cerito cerito tekan mbengi
banget hampir subuh. Kui posisine awakdewe lagi telponan.
Yen ditotal iso 3 jam luwih awakdewe telponan. Tapi mbengi
kui dadi dino paling marai aku seneng. Walaupun pas lagi
dolanan mau aku deg-degan soale kon jujur jujuran, tekan
raono le milih tantangan. Pokoke tekan mbangi banget
awakdewe le cerito cerito. Banjur ngeroso wes mbengi banget
awak dewe pamit banjur turu. Aku rodo raiso turu ra percoyo
mau kadadean le tenanan. Tak peksake turu yo rodo angel tapi
Bismillah turu. Akhire aku mikir cobo aku ra nyobo nyobo
nembak dee ning zoom mungkin ra bakal ngene juga. Tapi
rapopo aku seneng banget. Aku ndonga turu lan akhire iso
turu nyenyak. Akhire aku dadi iso karo Nia. Mantap.

132

Ketiban Rambutan

Lisa Natalia (25)

“Kringgg kringgg,” bel mulih sekolah sampun
keprungu. Ujian tengah semester akhire rampung, kabeh
murid SMA Tunggal Jaya metu saka kelas karo pada rame-
rame sliweran ing koridor.

“Yon, Bon, jam papat sida dolan sepak bola ning
lapangan ngarep Masjid ta?” pitakone Jimbon marang Yono
lan Boni.

“Hoo kuy gas ngeng lunga saiki numpak pit wae,”
saute Yono.

Banjur kuwi, Boni lan Jimbon langsung njupuk pit
ana ing parkiran. Yono njupuk bola sepak sing ana ing lokere.
Nanging nalika mbukak loker, Yono malah nemu duwit
limalas ewu saka kantong seragame wingi. “Wah lumayan isa
njajani Boni karo Jimbon,” batin Yono. Banjur kuwi Yono
langsung nyusul Boni lan Jimbon.

“Ayo gas ngeng mangkat saiki,” celuk Jimbon sing
paling semangat.

“Ayo!” saut Boni karo Yono.
Nalika arep nyabrang saka sekolahan, Yono, Boni, lan
Jimbon malah ndelok bocah-bocah cilik pada nggawani
rambutan akeh tenan. Jebul pada entuk saka Pak Bondan.

133

“Dek, kowe entuk rambutane saka endi kui? Akeh
tenan lan ketok seger-seger banget,” pitakone Jimbon marang
salah siji bocah cilike.

“Oh, aku entuk saka Pak Bondan mas, sing lagi panen
akeh tenan nganti sepuluh karung luwih,” jawabe bocah.

“Weh akeh tenan! Oke nuwun ya dek, ati-ati ya nek
nyabrang,” jawabe Jimbon.

*****
Nalika uwis mbelok saka prapatan dalan, Boni malah
oleng lan nylungsup ing comberan amarga ndeloki wong
dodolan es cendol sing ketok seger banget ana ing pinggir
dalan.
“Gubrakkk, aduh yung pantatku,” bengok Boni sing
kelaran amarga pantate kepentok. Yono lan Jimbon sing kaget
langsung nulungi Boni karo ngguyu ndelok sragame Boni
teles karo mambu comberan.
“Kowe ki ya isa-isane ora fokus karo dalane malah
fokus karo karo es cendol,” celuk Jimbon.
“Yawes ayo saiki tuku es cendol kuwi karo tak bayari,
ketoke seger tenan nek saiki ngombe es cendol,” saute Yono
sing semangat tuku cendol.
Karo nunggoni pesenan es cendol, Yono, Boni, lan
Jimbon lingguh ning klasa ngisor wit rambutan amarga luwih
silir lan isa ndelok pemandangan Yogyakarta.

134

“Wah, silir tenan lingguh ning kene lan isa ndelok
pemandangan saka ndhuwur,” celuk Yono.

“Hoo lan pas banget karo ngombe cendol awan-awan
ngene, mesti kerasa seger tenan,” jawabe Jimbon.

“Setuju aku. Yawes Yon, Mbon, tak lunga toilet ya
aku meh ganti kaosan timbang mambu comberan,” saute Boni.

“Ya mbok hoo, ket mau ambune uwis teng-tengan ki
lho bro,” jawabe Jimbon.

*****
Jimbon sing lagi kepenak lingguh senderan ujug-ujug
mbengok amarga kaget.
“Aduhhh, ketiban apa iki sliraku? ngageti wong wae
lho,” bengok Jimbon sing bar wae ketibanan wit rambutane
Pak Bondan. Jimbon lan Yono kaget amarga nyadar wit
rambutan sing disenderi awake lagi panen rambutan.
“Yon, rambutane akeh tenan, gelem aku njupuk siji
meneh,” saut Jimbon. “Weh aja, kowe kudu njaluk ijin karo
Pak Bondan nek meh njupuki.”
“Ya nek njupuk siji meneh kudune rapapa ra sih? Pak
Bondane ya ora ketok, uwis ngono rambutane isih akeh tenan
lho,” celuk Jimbon.
“Weh ngeyel e kowe ki Mbon, yawes nek meh tetep
njupuk, sing penting aku wes ngandani kowe ya, aku meh
njupuk pesenane sek,” jawabe Yono.

135

Banjur kuwi Yono lunga njupuk pesenan es cendole,
Jimbon tetep ngeyel meneki wit rambutane Pak Bondan.

“Gedubrakkk, aduhhh lara tenan nek iki,” bengok
Jimbon. Boni sing bar wae saka toilet banjur kaget ndelok
Jimbon ngglundung amarga tanahe miring. Yono sing ndelok
langsung nulungi Boni sing meh ngangkat Jimbon.

Sawise tangi, sragam lan rupane Jimbon malah dadi
ireng-ireng amarga pas ngglundung kena serbuk areng.

“Ngeyel ta, wis ngerti tanahe miring, kowe ya malah
meneki wit rambutane,” saut Yono.

Krungu ana sing tiba, Pak Bondan banjur metu saka
omahe. “Ana apa iki, kok rupane karo sragame Jimbon ireng-
ireng ngana ta?” takone Pak Jimbon.

“Pak Bondan, kula nyuwun pangapunten nggih pak,
kula ngeyel meneki wit rambutane Bapak amargi rambutane
ketok seger-seger,” jawabe Jimbon sing uwis kapok.

Ngerti polahe Jimbon, Pak Bondan banjur ngguyu
ndeloki polah lan awake sing ireng-ireng.

“Yawes rapapa, sing penting aja dibaleni, tapi kowe
kabeh nek gelem rambutane ya ngomong wae, aku manen
akeh rambutan akeh banget ana ning omah,” jawabe Pak
Bondan karo ngguyu.

“Matur nuwun nggih Pak Bondan,” jawabe Boni,
Jimbon, lan Yono.

136

Sawise kuwi lan ngombe es cendol, Boni, Jimbon, lan
Yono tetep lunga menyang lapangan ngarep Masjid, dudu
arep dolan sepak bola, tapi lungguh-lungguh nunggoni
maghrib karo merenung sadurunge bali menyang omah dewe-
dewe.

“Yawes rapapa, dina iki dadi pelajaran wae supaya
ora dibaleni ya,” celuk Yono.

“Bener, yawes ayo mulih lan aja lali ngumbahi
klambimu ya Mbon,” jawabe Boni.

“Hoo, kowe barang Mbon. Kuy gas ngeng bali saiki,”
celuk Jimbon sing uwis balik semangat.

137

Piknik

Maritza Nur Khansa (26)

Rikala sasi April taun 2019 sak wise rampung ujian
nasional sekolah nganakake liburan menyang Hongkong. Niki
salah sijine pengalamanku sing ora bakal tak lalekke. Aku lan
kanca-kanca seangkatan bidhal tanggal 30 April bengi lan
mulih tanggal 3 Mei. Aku sak kanca bidhal liwat bandara
internasional soekarno-hatta nganggo pesawat Garuda
Indonesia.

Tekan Hongkong kira-kira sakwise subuh, aku lan
kanca-kanca shalat subuh ning pesawat. Sak wise kuwi njupuk
koper, terus sarapan sinambi nunggu bus kanga arep ngeterke
neng hotel. Aku, kanca-kanca lan guru-guru dibagi 3 bus.
Tekan hotel reresik awak sakdurunge wisata.

Kang kawitan, aku lan kanca-kanca mlaku-mlaku
ning Victoria peak. Neng kana pada foto-foto dewe, sak kelas
lan sak angkatan. Sak wise kuwi aku sak rombongan nuju
Madame Tussaude Hongkong, neng kana isine ana patung-
patung tokoh dunia lan artis-artis. Neng kana uga diolehke
foto-foto bareng patung kasebut. Sak wise kuwi aku sak
rombongan nuju Masjid kota Hong kong kanggo
ngelaksanakke shalat jamak dzuhur lan ashar.

138

Sak wise shalat aku lan kanca-kanca numpak bus ning
Causeway Bay. Neng kana ana panggonan kangge belanja
cinderamata, oleh-oleh lan barang-barang bermerek. Papan
kuwi jembar banget nganti ana kancaku cah 2 seng kesasar
ora isa mbalik neng bus. Kadadean kuwi marake kabeh uwong
bingung lan panik. Sak wise ditelpon lan disusul guide seng
wong asli Hong kong akhire isa ditemuke. Kabeh pada seneng,
amergi kedadean kuwi kita kabeh dadi luwih hati-hati lan
waspada.

Sak wise kuwi kabeh sak rombongan nuju Kampoeng
resto kanggo maem. Amergi pada kesel kabeh panganan
kerasane enak dadi aku lan kanca-kanca pada entek akeh
anggane maem. Bar kuwi numpak bus nuju hotel kanggo
istirahat.

Esuk dinane, aku tangi njuk sarapan neng hotel. Sak
bar e aku sak rombongan numpak bus nuju neng Disneyland
Hong kong. Panggonan iki sing tak impek-impeke aku lan
kanca-kanca ku. Amergi wis suwe kepengen ndene bareng
kanca-kanca ku dadi kabeh pada seneng banget. Arep mlebu
Disney land kudu antre, kabeh wis nyekel tiket dewe-dewe.
Ndilalah ana salah sawijining kanca ku sing tikete ilang.
Kabeh wong kawatir lan melu nggoleki tikete, ananging ora
isa ketemu. Akhire kanca ku kepeksa tuku tiket meneh,
amergi tiket e larang kancaku ngrasa sedih.

139

Sak wise kasil mlebu Disneyland kanca ku wis ora
sedih meneh amergi seneng ndelok akeh wahana lan tempate
apik kanggo foto-foto. Aku lan kanca-kanca tuku bando
kembaran ben isa kanggo kenang- kenangan. Seka esuk
tekang mbengi aku sak rombongan dibebaske dolanan ning
Disneyland. Aku lan kancaku antri arep numpak roller coaster.

Aku takon karo kancaku sek jenenge Danish “Nish
kowe wani ora numpak roller coaster kuwi?”

Danish njawab “Aku ra wani, aku tak ra melu wae”
Nanging kanca ku sek jenenge Naya mekso ben
Danish gelem melu “Rapopo nish, ayo dicoba wae mumpung
kancane akeh. Mengko nek kowe ora melu, ndakne gelo loo.
Kapan meneh awakedewe arep ndene bareng-bareng?”
Akhire senajan isih wedi Danish nyetujoni melu
numpak roller coaster. Pas ngantre arep numpak roller coaster,
Danish isih wedi arep mbalik wae rasido numpak. Nanging
aku lan kanca-kanca nguwatke atine Danish ben wani numpak
kuwi. Sak wise numpak Danish isih gemeteran.
Kanca ku sek jenenge Lulu nakoni karo ngguyu
“Akhire wani numpak, piye rasane? Kapok ora?“

“Aku isih gemeteran nanging aku seneng lan ora
kapok” Danish njawab.

140

Sak wise dolan kabeh ngrasa luwe, dadi arep nggolek
maem. Ning njero Disneyland jebulane angel nggolek
panganan sek halal. Mung ana 2 restauran. Akhire aku lan
kanca-kanca kudu antre dowo kanggo oleh maem. Sak wise
wareg arep neruske dolan meneh nanging aku lan kanca-
kanca mutuske arep shalat disik. Jebulane neng njero
Disneyland hongkong sing mayoritas agamane non-muslim
ana mushollane sing apik lan modern banget. Aku lan kanca-
kanca pada gumun.

Bar pada shalat neruske anggone dolan meneh. Aku
lan kanca-kanca numpak akeh wahana, ora kerasa jebulane
wis wengi. Ning Disneyland saben wengi ana parade sing
ngetokake kabeh tokoh-tokoh Disney. Ana Donald duck,
daisy duck, mickey mouse, minnie mouse, ana uga princess
Belle, aurora, woody lan buzz lightyear toy story. Wektu aku
lan kanca ndelok parade rasane seneng banget amergi iso
ndelok tokoh-tokoh kartun sing diuripke.

Sak wise rampung parade, aku sak kanca pada kesel
banget lan wayahe wis mulih ning hotel. Tekan hotel aku sak
kanca pada istirahat ngumpulke tenaga kanggo dina sesuke.

Esuk iki dina pungkasan ning Hong kong, mengko
bengi wis mbalik mulih ning Indonesia. Sak durunge mulih,
aku sak rombongan mampir ning Tung Chung City Gate.

141

Tung Chung kuwi salah sakwijine mall sing gede ning Hong
kong iso kanggo belanja, mlaku-mlaku lan maem.

Sak wise tutuk ning Tung Chung, aku sak rombongan
nuju Hong kong International Airport (HKIA). Tekan bandara
aku lan kanca-kanca check-in pesawat, bar kuwi nunggu
wektu mangkat. Sinambi nunggu wektu mangkat aku lan
kanca-kanca pada ngerasa sedih amergi arep pisah lan wis
rampung liburane. Nanging nek ngelingi liburan pas ning
Hong kong iki dadi seneng lan puas.

Aku lan kanca-kanca uga mlaku-mlaku ndelok
souvenir ning bandar, nganti lali wektu. Dadi pas diundang
kon mlebu pesawat aku lan kanca-kanca isih adoh karo gate
seng menuju pesawat. Aku sak kanca nganti mlayu-mlayu ben
ora ketinggal mlebu pesawat.

Aku wis pada ayem sebab ora ketinggalan anggone
mlebu pesawat. Neng njeru pesawat, aku lan kanca ora leren
anggone pada cerita saking senenge. Malah nganti lali ora
pada turu. Ngerti-ngerti wis tekan Jakarta, jebulane wis tengah
malem. Aku sak rombongan langsung njupuk bagasi. Sak
wise pada pisah dipethuk wong tuane dewe-dewe.

Kuwi kabeh pengalamanku wektu perpisahan kelas 3
SMP Al-Azhar Bekasi. Ning kono kasebute perpisahan
mandiri. Pengalaman kuwi ora bakal isa tak lalekke sak
jroning uripku. Iso dadi salah sijining kenangan manis uripku.

142

PERAK 2019

Moreno Bintang M (27)

Jenengku Moreno, konco konco biasane nyeluk aku
Bintang mbuh ngopo. Aku pengin nyeritakakke keseruan
Event Perak sing tak lakoni pas kelas 10 mbien. Seru banget
kieh sumpah.

Pas kelas 10 mbien. Aku lan beberapa konco cerakku
pancen dikenal aktif ngurus event. Mergane koyo kabeh event
sing ono neng Padmanaba mesti aku lan konco ku do melu
ngurusi. Pas kelas 10 kui ono event le paling berkesan dinggo
aku, yaiku Perak.

Perak kui merupakan salah satu event teater
Padmanaba. Pemeran di Teater Perak biasane cah cah kelas 10.
Tapi kelsas 11 e tetep melu ngurusi di balik layar Perak.

Ning event iki sakjane aku lan koncoku bedo divisi.
Ammar, Irfan, lan Atha mlebu divisi Lighting utawa divisi
seng ngurusi bagian lampu lampu dinggo pentas. Aku lan
Ahmad mlebu divisi Publikasi.

Divisi Publikasi kui divisi sing paling seruuuuu
menurutku. Mergane aku lan konco iso mancal nyebar
undangan pas wayahe sekolah. Lan neng publikasi kui, yen
divisi lain meh melu dinggo nyebar undangan, kui oleh lan

143

dientukke, dadine aku lan konco koncoku iso mancal
bebarengan.

Pas hari pertama mancal undangan isih do nurut
sesuai urutan sing ono ning jadwal sek dibagikke ketua Perak.
Nanging, sawise beberapa minggu, akeh sek nakal melu
mancal sakpenake, termasuk aku lan konco koncoku

Nah pas kui, aku lan konco koncoku mancal ber 3
Aku, Irfan, lan Ahmad. Atha lan Ammar lagi ra kepingin melu
mancal mergane lagi mager jarene.

Pas mancal kui, awakdewe cah 3 nyebar undangan
ning 3 sekolah berbeda. Sakwise nyebar undangan aku lan
koncoku ora langsung balik sekolah, tur aku lan koncoku tuku
boba ning cerak daerah kui, banjur aku lan koncoku lagi balik
sekolah hehe.

H-7 Perak wes mulai sibuk banget, kabeh divisi saling
bantu divisi sing tugas e rung rampung, Publikasi isih duwe
tugas tapi kui dilaksanakke h-1 sakdurunge Perak.

Menuju H-1 tugas trakhir Publi Perak, sakwise
bubaran sekolah aku lan konco koncoku kumpul bahas dinggo
ngko mbengi. Ammar ngomong, “he ayo ngko do nginep
sekolah, bantoni lighting karo melu sebar malam.” Konco
kelasku sek liyo dadi penasaran, “Sebar malem opoe?!” Njuk
Ahmad njelaske neng konco konco.

144


Click to View FlipBook Version