The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by neysa19, 2021-05-30 14:46:26

ANTOLOGI CERKAK XI IPA 1 2021

ANTOLOGI CERKAK

“ Sek Bel aja nangis sek ,jare Adit pramuka wis arep
rampung og nek balik saiiki kayake gerbang wis
dibuka.”ujare Dita karo nenangi Bela.

Sakwise mbuwang sampah Bela, Hana, lan Dita
banjur mlayu menyang sekolah. ing dalan rada cerak saka
sekolahe dheweke kabeh ndelok ing cerak gerbang lor trisna
lan kanca-kancane sing uga mbolos pramuka lagi mlayu nuju
dheweke .Trisna seng mlayu paling ngarep ndelok
bela ,hana ,lan Dita banjur bengok .

“Mlayu….gek cepet mlayu…”ujare Tristan karo
mbengok .Bela,hana ,lan Dita seng ora krungu tetep mlaku
marani Tristan .Tristan seng ora isa mbengok meneh amarga
kesel banjur mlayu luwih banter lan langsung ngampiri Bela
lan kanca-kancane.

“Gek cepet mlayu saiki! Pak Budi ana ing mburi lan
gerbang lor dijaga karo satpam liyane nek kowe gelem mlebu
sekolah,mlebu saka gerbang sing kidul saiki .Gek cepeto
mlayu …aja mbengong heh!” ujare Tristan karo dheweke
kabeh lan banjur mlayu banter adoh saka
sekolah .Bela ,Dita ,lan Hana Banjur mlayu banter muter
menyang gerbang kidul.

Saktekane ing gerbang kidul bocah telu kui banjur
mlaku alon-alon nglewati gerbang karo nutup raine.Wis dilit
meneh mlebu lawang ana swara banter banget “Bocah telu

45

neng ngarep lawang mandeg saiiki !” “Heh aja mlayu!”
bocah telu kui akhire mandheg lan mbalik badan karo
ndhulungkluk, raine wis pucet kabeh.
“Kene kene … aja nutupke rai wae ,Bapak wis ngerti sopo
koe”

Pas didelok ,jebul kui swarane Pak Budi ,Bocah telu
banjur tambah wedi lan gemeteran amarga Pak Budi katon
nesu.Dita ,Hana,lan Bela banjur mlaku nyeraki Pak
Budi ,nalika uwis neng cerake Pak Budi Dita nyadar nek ana
ibune Bela ing mburine Pak Budi sing katon nesu .

“Bel ,kui ana ibumu neng mburine Pak Budi
“ kandhane Dita marang Bela karo bisik bisik.Bela seng
ndelok ibune neng mburine Pak Budi banjur gemeteran
sinambi nahan nangis amraga ibuke ketok banget nek lagi
nesu.

“Ayu-ayu kok kelakuane kaya ngene to” ucape Pak
Budi karo nggeleng-nggelengaken sirah.

“Nyuwun pangapunten ,Pak.”
“Yo….saiiki kowe kabeh ngreseki kamar mandi wae
lan ora usah melu suporteran neng gor UNY”
Dita ,Hana ,lan Bela mung isa meneng lan manut karo
opo sing disuruh Pak Budi.Bella seng ndelok ibune isih
ngematke de e ,banjur ijin karo Bak Budi kangge ngomong
karo Ibune.

46

“Bu ,kula nyumun panganpunten amargi sampun dora
lan ndamel ibu ngentosi lami” jarene Bela karo ndungkluk

“Dadike iki pelajaran yo nduk,ibuk marah banget
nanging ibuk ngerti nek kowe uga nyesel”
Bella banjur salim lan mlaku menyang kamar mandi karo Dita
lan Hana kangge ngeresiki .

47

Ealah Kakang Adi Pada Wae!

Cindy Rizqita Putri (10)

Ing dina Minggu aku kangsenan karo kanca-kanca
SMP ku arep dolan ning cafe sing lokasine cerak Malioboro.
Aku karo kanca-kancaku kangsenan jam 3 sore. Wiwitane aku
njaluk ijin karo ibukku dhisik, banjur ibuku kandha yen oleh
aku lunga menyang cafe ananging baline aja kewengen. Seka
jam 1 siang aku wes siap-siap adus lan ganti klambi supaya
pas tekan cafe ora telat. Banjur nalika jam 2.30 aku pamitan
karo ibukku.

“Bu, aku mangkat menyang cafe saiki yaa , wedi
yen teka kana telat” ujarku

“Yaa, koe ning cafe kangsenan karo sapa wae nduk?”
pitakone ibu

“Aku kangsenan bareng Putri, Via, Yanti, Alif, Vatar,
lan Wikan Bu …”

“Oh yowes nduk sing ngati-ati yoo nduk, ora usah
ngebut, alon-alon wae rapopo asal selamat ing tujuan…”

“Nggih Bu…”

Tekan cafe, jebule mung Putri, Via, lan Yanti sing wis
teka. Alif, Vatar, lan Wikan durung teka.

48

“Ealah iki ki bocah-bocah lanang padha ning ngendi
kok wes jam sakmene durung padha teka to yooo.” Yanti
nggrundel amarga bocah lanang kui pasti padha tekane telat

“Hoo iki pesti bocah-bocahe malah pada dolanan PS
ndisik makane telat, wes jan ncen ratau tepat wektu” Via
mangsuli

“Yowes meh piye meneh saiki awakdhewe ngenteni
wae rasah dipikirke…”Putri yo melu njawab amarga krungu
kancane pada nggrundel wae.

Sawise ngenteni udakara 30 menit, akhire Vatar, Alif,
lan Wikan teka bareng. Wong telu mau cerita yen dalane
macet mula dheweke telat teka ing cafe. Nanging aku lan
kanca uga ora patio percaya karo apa sing diandharake cah
telu mau amarga bisa wae mung akal-akalan ben ora diseneni
karo aku lan kanca-kanca. Lagi wae lungguh 20 menit, ujug-
ujug Wikan malah repot nggali-nggali kanthong klambine lan
ubyek dhewe.

“Weh kok kunci motorku ora ana yaa, padahal mau
sak kelinganku tak lebokke ning saku kathok ”, ujare Wikan

“Sing tenan Wik? Kunci motormu rakyo sak paket
karo dompete sing isine STNK karo BPKB too, gek digoleki
aja nganti ilang.” wangsulane Alif

“Ealah wikk koe ki yo ana-ana wae to mbok yo nek
ndeleh kunci ki sing pener” ujare Vatar

49

Awakdhewe cah 7 ubyek nggoleki kunci motore
Wikan sing ilang. Wes nggoleki ning meja, lantai, lan wes
mubeng-mubeng ning cafe tetep wae ora ketemu. Banjur Alif
karo Wikan nggoleki ning tempat parkir sapa ngerti tiba seka
saku kathok e Wikan. Aku lan kanca-kanca liyane ngenteni
ning njero cafe lan nyambi goleki meneh sapa ngerti
ketlingsut. Sawise ngenteni sawetara menit, Wikan lan Alif
teka.

“Walah kok ora ana ning ngendi-ngendi piye iki, aku
ya wes nggoleki ning parkiran yo ora ana, duh mengko aku
mulihe piye yaa.” ujare Wikan

“Nek masalah mulih i gampang, mengko kan bareng
aku ya isa, tur masalahe kan kui ana surat-surat berhargane
barang, nek ilang le ngurusi ya dadi repot to yoo”, wangsulane
Alif.

“Yowes wik ora usah panik mending saiki koe takon
wae karo pak satpam sapa ngerti nek tiba disimpenke dhisik.”
jawabku marang Wikan.

“Oiyo, yawes aku tak ning nggone pak satpam sek
yaa, muga-muga disimpenke satpam” wangsulane Wikan.

*****

50

Sawise takon karo pak satpam, Wikan, Alif, lan Vatar
bali maneh menyang njero cafe.

“Alhamdulillah ana, jebul mau ki tiba ning njero cafe
banjur disimpenke karo pak satpam e”, ujare Wikan

“Lho tenan to sing tak omongi makane aja panik
dhisik, dipikir kanthi sirah sing adem” jawabku marang
Wikan

“Untung wae ora dijupuk wong, bisa-bisa motormu
dingol mlayu HAHAHA”, ujare Via sambil ngguyu

“Makane koe ki dadi wong aja sembrono, wong
barang penting ki le ndeleh sing tenanan to yo mbok
dilebokke tas wae timbang dicangking-cangking” nasihate
Yanti

“Yawes nuwun yoo wes nulungi aku goleki kunci
motorku, wes saiki imbalane koe-koe pesen apa wae tak
traktir”, ujare Wikan

“Yeeeee Asikkk suwun wik” wangsulane Putri lan
Vatar.

*****
Dina sesuke aku ngrencanakake menyang omah
Wikan jam 1 sore sawise mulih saka sekolah kanggo
ngerjakke tugas basa Indonesia, yaiku tugas nggawe video
drama. Kebeneran, anggotane kelompokku isine padha kaya

51

wingi pas menyang cafe, yaiku aku, Via, Yanti, Putri, Alif,
Wikan, lan Vatar. Bali sekolah kabeh mangkat bareng-bareng
menyang omahe Wikan sing ora patio adoh seka sekolah.

Tekan omahe Wikan awakdhewe istirahat 30 menit
disambi mangan jajan sing disediakke karo ibune Wikan.
Sawise rampung istirahat awakdhewe banjur ngerjakke tugas
bahasa Indonesia. Wiwitane awakdhewe nggawe naskah e
dhisik lagi nggawe videone. Pas lagi rembugan nggawe
naskah drama. Dumadhakan adine Wikan sing jenenge Rafi
mlayu ing lantai dhuwur gemrudak-gemruduk ketok kaya
wong panik. Wikan sing bingung langsung takon marang
adine.

“Weh koe ngapa Fi kok mlayu-mlayu kaya wong
panik” takone Wikan

“Pitku ilang ketoke dijupuk wong mas” wangsulane
adine Wikan

“Walah lha kok iso ki piyee, mau mok deleh ngendi
je?” Wikan takon meneh marang adine

“Mau ki tak parkir ning garasi banjur pas arep tak
nggo pit-pitan karo kancaku tak goleki ning ngendi-ngendi ora
ana je mas” wangsulane adine Wikan sing isih ketok panik

“Yowes saiki dicek ning CCTV wae sapa ben ngerti
sapa sing jupuk.” ujare Wikan

52

“Iyo mas iki aku yo arep ngecek ning CCTV”
wangsulane adine Wikan

*****
Aku karo kanca-kancaku ya melu nggoleki pit adine
Wikan ning sekitar omahe tapi yo tetep raono. Nalika Wikan
ndeleng CCTV dee bingung kok adine mau metu saka omah
nganggo pit nanging pas bali malah mlaku lan ora digawa pit
e, dee banjur takon karo adine.
“Weh fi iki kok koe metu saka omah gawa pit tur pas
bali malah mlaku ki koe bar saka ngendi je?” takone Wikan
“Wehh kok hoo ya mas, mau aku bar seka dolan PS
ning cedak omah kae.” jawab adikke Wikan
“Walah aja-aja malah pit e lali mok gawa bali fii,
kana coba deleng ning PSan ana pitmu po ora” ujare Wikan
“Oo ya sek mas tak delokke.”
Rafi banjur lunga ning nggone dee dolanan PS mau
sing ora patio adoh saka omahe. Jebul bener pit e keri ning PS
an ora digawa bali. Aku karo kanca liyane nggumun lan
ngguyu kok bisa-bisane pit e ditinggal ning PSan.
“Ealahh fiii bisa-bisane pitmu mok tinggal ki piyee to
yoo” ujarku sambil ngguyu
“Walahh hoo je mbak aku lali ee mau rampung PS an
banjur mulih ora kelingan gawa pit.” wangsulane Rafi

53

“Ealahh fiii fiii koe ki ya ana-ana wae kok”
wangsulane Wikan

“Kakang karo adi pada wae! Kok ya pada sembrono
wingi kunci motor e Wikan ilang jebul tiba, saiki adikke pit e
ilang jebul lali digawa malah ditinggal ning PSan ealahhh”
ujare Via.

“Wes sesuk meneh dadi wong ki aja sembrana, nek
nduwe barang ki yo dirumat apik-apik ya aja waton ndeleh, iki
ra mung kanggo Wikan lan Rafi wae tur kanggo awakdhewe
kabeh” ujare Yanti

“Hoo mbakk nuwun ya kabeh wes nulungi golekki
pitku mau” wangsulane adikke Wikan

“Iya wes ora papa fii” wangsulane Putri.
Akhire aku lan kanca-kancaku banjur ngelanjutke
ngerjakke tugas Basa Indonesi

54

Nonton Konser

D. D. Hafidz Wibowo (11)

Iki ceritaku pas nonton konser sing kepisan. Wektu
kuwi ora ana sing jenenge pandemi, 2019 yaiku taun sing
nyenengke banget. Aku ket biyen seneng banget ngrungokake
musik, nanging durung suwi iki musik sing genrenya
‘electronic’ nggeret gatekku. Salah siji musisi sing aku
dhemeni nduwe jeneng Madeon, dheweke gek entes wae rilis
album sing nduwe jeneng ‘Good Faith’.

Madeon isoh wae disebut idolaku, yen saben wong
ngidolaken wong-wong pinter, wong-wong sing terkenal,
musisi saka Prancis iki yaiku wong sing aku sebut nomer siji
nek ana sing nakonke aku sapa sing paling menginspirasi
sacara kreatif. Musike keren sak keren-keren e keren, saka
masa-masa ‘Icarus’ tekan album pisane ‘Adventure’, nuli
menyang ‘Shelter’ lan saiki ‘Good Faith’. hampir saben dina
aku krungokake musiknya karo njoget-njoget dewe.

Wektu aku ngerti saka salah siji komunitas fan
Madeon menawa dheweke arep ngenekake konser keliling
Asia kanggo ndukung perilisan album anyare ‘Good Faith’,
aku langsung kesusu nggoleki apa ana neng Jakarta utawa ora,
amarga biyasane konser saka jaba negeri mung njedul neng
Jakarta. Jebulane bener, ‘Good Faith Live’ arep dianakne

55

benere neng JIExpo Kemayoran, Jakarta. Wektu kuwi uga aku
langsung mecahke tabunganku ning bank karo pesen tiket
online sadurunge keentekan. Bejo banget konser e pas wektu
liburan semester ganjil, wektu kuwi aku lagi menyang Jakarta
kanggo ngunjungi sanak sedulur.

Dina sing tak tunggu-tunggu akhire tekan. Tiket sing
aku pesen uwis dakjagakne ing bentuk e-ticket neng hpku.
Aku mangkat saka omah dulurku jam 7 wengi, dhewen. Aku
uwis ngerencanakake kanggo nemoni karo wong-wong saka
komunitas fan Madeon sing tak sebutke mau, dadine aku
tenang-tenang wae. Aku wes cukup kenal wong-wongane
soale yo tau ngobrol-ngobrol bareng. Aku mangkat nganggo
ojek online satekane dikana jam 8, lan wis cukup ramai mbasi
isih dimulai jam 9. Tekan kana aku ngobrol-ngobrol karo
kanca-kanca komunitas sing daktemoni lan berfoto-foto
bareng. Wong-wongane apikan banget lan seru kabeh. Tekan
akhire gerbang dibukak jam setengah 9, awak dhewe langsung
cepet-cepet balapan ben entuk barisan ngarep. Bejone wae aku
entuk rada ngarep bagian kanan, aku langsung siap-siap
rekaman lan siap-siap mental.

Awak dhewe sing nonton antusias banget nunggu
nganthi dimulai introne. Tenan wae, wektu intronya dimulai
kabeh wong pada sumringah lan ribut banget. Intro dimulai
karo Madeon nyanyi lagu pertama ‘All My Friends’ lan

56

sakwise kuwi dheweke ngekei salam kanggo awak dhewe
kabeh (“Selamat malam, Jakarta!”). Konser e saktenane
mantep sakmantep mantep e mantep. Madeon nyanyi diiringi
karo instrumental sing klop, lan mburine ana layar LED gedhe
nggo nampilke visual sing edan banget saestu. Aku karo
penonton kabeh geger ndelokke Madeon nge-DJ lan nyanyi.
Rasane ora nyata banget idolaku gek tampil ning ngarepku.

Kabeh penonton melu nyanyi lan njoget-njoget party,
opo meneh pas bagian ‘Shelter’. Akeh banget sing nangis
mergane lagune emosional banget. Aku yo melu nangis soale
kabeh yo nangis. Bar nangis awakdewe joget-joget meneh,
saktenane kui konser sing apik banget. Aku seneng banget pas
bagian ‘Menthol’, kui salah sijine lagu Madeon sing eksklusif
nggo ‘Good Faith Live’ lan rabakal dirilis. Ono meneh sing
apik pas bagian ‘Beings’ digabungke/dimashup karo lagu
anyare sing jenenge ‘Love You Back’. Pas awak dhewe nyanyi
‘Beings’ bareng aku saktenane terharu lan emosional. Kui
lagu sing paling tak senengi seko Madeon. Tapi sing paling
edan sih pas ‘Imperium’. Kabeh lampu dadi wernane abang
lan kelap-kelip. Awak dhewe kabeh kaget pas drop, saktenane
visual seko Good Faith Live iki apik banget. Akhire pas meh
rampung, Madeon nyanyi gabungan lagune ‘All My Friends’
karo ‘Shelter’. Sejam kui rasane kaya mimpi, ra nyata banget
Madeon isoh ning ngarepku nampilke Good Faith Live.

57

Akhire bar Madeon ngucapke salam matur suwun
(“Terima kasih Jakarta!”) awak dewe ngantri metu. Aku ora
langsung bali, nanging aku lan kanca-kanca komunitasku
tetep ngobrol ning cerak backstage/mburi panggung. Awak
dewe ngobrol-ngobrol soal konser mau karo nunggu Madeon,
amarga dheweke biasane bar konser bubar arep nyapa lan
ngobrol karo awak dewe sebagai penonton. Bener wae,
dheweke teko karo rai sing ketok rada kesel amarga bar
konser mau.

Awak dewe sing mung cah 9 ngobrol-ngobrol
nganggo basa Inggris karo dheweke soal musik, konser mau,
lan sakliyane.

Aku ngejak ngobrol soal music production soale yo
ana kancaku ning bareng karo aku pada-pada seneng music
production, jenenge Atha. Aku karo Atha ngobrol-ngobrol
karo Madeon, utowo sing nduwe jeneng asli Hugo. Awak
dewe ngobrolke equipment, FL Studio, synthesizer, pokok e
akeh banget soal musik.

Mas Hugo kui wong e bener-bener humble lan ora
sombong. Dheweke terkenal lan sugih, tapi pas awak dhewe
ngobrol karo dheweke ibarate awak dhewe ngobrol karo
kanca dewe. Rasane seneng banget isoh ngobrol karo idolaku
ket biyen. Dheweke ngekei aku karo Atha tips nggawe musik,
pokoke salah sijine yaiku aja digawa mumet. Dheweke

58

ngomong nek gawe musik ki proses e kudu sante lan ojo
kesusu, nanging ojo terlalu perfeksionis. Makane, dheweke
ngekei tips digawa sante wae. Musik kui kancane awakdhewe,
aja didadekke beban pikiran. Aku karo Atha sumringah banjur
awak dewe foto bareng.

Sing liyane yo podo-podo ngobrol karo mas Hugo,
ana sing jenenge Jessica njajal ngobrol basa Prancis karo mas
Hugo, awak dhewe mung nonton karo ngakak nek Jessica
salah/ora ceto ngomonge. Ana meneh sing gawa
vinyl/piringan hitam lan kaos Good Faith kanggo
ditandatangani mas Hugo. Mas Hugo seneng banget lan
dheweke yo nandatangani barang-barang kui. Awak dewe
ngobrol rodo sui karo foto bareng, tekan mas Hugo dicelukke
manajere kudu balik. Dheweke ngucapke matur suwun kabeh
nggo awak dhewe banjur balik. Awak dhewe kabeh seneng
banget lan sumringah.

Aku bali tekan omah sedulurku rada bengi nganggo
ojek online. Rasane seneng banget isoh ndelok Good Faith
Live ing Indonesia lan isoh ketemu mas Hugo/Madeon, tekan
ngobrol-ngobrol bareng. Kanca-kanca komunitasku apikan
kabeh lan keren-keren banget, awak dhewe ngekei foto-foto
mau kanggo dokumentasi. Tekan saiki rasane ora nyata banget
nek aku tau nonton Good Faith Live, soale merga pandemi iki

59

kabeh konser raentuk dianakke. Kui pengalamanku nonton
konser Good Faith Live.

60

Turu Esuk

Dhiya Noor Laila (12)

Sawijining sore ing dina Minggu, aku lungguh ing
ngarep laptop sing nayangke video youtube babagan
Matematika Peminatan. Kepingin banget rasane aku kumpul
karo adhi-adhiku sing pada asyik dolanan ing ngarep omah.
Nanging sesuk aku isih ana PTS dina terakhir. Jadwale tinggal
Matematika Peminatan. Saka wingi, saka dina sepisan PTS
aku biyasa sinau mbengi-mbengi sekitaran jam 10 lan isa
nganti jam 2 esuk. Aku tau ora turu mbengine dinggo sinau
amargi pas awan aku wis turu lan ora sinau. Sore iki aku
ngerasa ora fokus lan lumuh banget kanggo sinau. Akhire, aku
dolanan hp mbukak sosial mediaku nganti lali wektu.
Dumadakan, aku kaget nalika Aya, kancaku, nelpon aku.

“Halo Suf, lagi selo ra yo?”
“Weh Aya, ana apa kok dumadakan nelpon aku? Lagi
selo kok.”
“Huaaa Jusuff, aku sedih tenan, aku getun tenan karo
pacarku,” omonge Aya karo radha nangis.
“Lohh ngapa? Si Aji kuwi to pacarmu? Dheweke
kenapa?”
“Mau aku lunga bareng Tiara arep golek hadiah ulang
tahune Aji sesuk Selasa ing Mall, eh malah ketemu bocahe

61

gandingan karo wedokan liya. Huaaa Suff aku kudu piye
huhuhu?”

“Hah?! Sek, sing tenang dhisik coba.. Lha Aji
ngomong karo kowe ora arep lunga dina iki?”

“Mau esuk dheweke ngomong arep turu ing omah
wae amarga wadule kesel sakwise wingi sparing basket nganti
bengi.”

“Lha kowe wis takon Aji langsung durung kuwi
tenanan dheweke apa dudu?”

“Durung, aku wedi nek kuwi tenanan dheweke aku
tambah getun.”

“Wahhh ya aja kaya mangkono, kudu wani takon ben
jelas. Nek tenan kuwi dheweke ya berarti Aji ora pantes karo
kowe Ya.”

“Yoweslah mengko tak coba mesthekake lan njaluk
penjelasane Aji.”

“Nah mangkono kan mantap. Aja galau-galau Ya, ra
apik hahahaha.”

“Iyo Suf, wis panik banget aku mau. Suwun ya Suf
wis gelem ngerungokake sambatanku.”

“Iyo santai, karo sapa wae hahaha, oiya kowe wis
rampung sinau materine Matematika Peminatan kanggo sesuk
PTS durung?”

62

“Oh kuwi aku tinggal sithik meneh, KD sing terakhir.
Paling mengko bengi tak lanjutne.”
“Walah yowes.. aku ki arep sinau ra ana mood e tenan, ra
fokus terus eh.”

Akhire aku telponan karo Aya nganti jam 9 bengi.
Keasyiken cerita nganti lali wektu. Lali nek durung rampung
sinau padahal materine akeh lan angel.

“Aduh piye ya iki aku radong blas materine,”
muringku pas nyoba latian soal.

“Apa aku lek-lekan wae yo nganti esuk, tak kebut
tenan materine bengi iki. Yoweslah mangkono wae.”

Banjur aku sinau saka video-video ing youtube tak
bolan-baleni nganti aku dong. Aku uga nyoba ngerjake soal
PTS taun sadurunge. Aku sinau karo mbrambangi amarga aku
wis kesel lan ora isa-isa garap soale.

Jam wis nunjukake angka 4.
“Ya Allah tak leren sedilit dhisik,” pikirku.
Aku ngerasa bodo banget. Kudune aku sinau saka
wingi-wingi supaya kabeh materine isa tak sinauni. Saiki aku
nyesel sok nunda-nunda wektu lan gampang keganggu karo
macem-macem perkara.
Wektu leren aku dolanan hp mbukaki twitter banjur
ngelanjutke garap latian soal. Pas jam 5 aku mikir supaya aku
turu sedilit dhisik, amarga aku wis kesel lan ngantuk banget.

63

Banjur aku masang alarm, sejam sadurunge jam PTS dimulai
kudune aku wis tangi lan siap.

“Kringggg kringgggg” alarmku muni tapi aku ora
langsung tangi eh malah turu meneh.

“Lho Suf wis rampung to PTS e?” Mbakku mlebu
kamarku banjur takon nganggo swara rada dhuwur.

Krungu kuwi aku langsung jenggirat tangi lan ndelok
jam. Ing jadwal PTS mulaine jam 7.30 esuk. Aku ndelok jam
jebulna wis jam 8, aku panik banget lan kaya wis arep nangis.

Wektu kuwi aku panik lan bingung kudu ngapa dhisik.
Akhire mbakku sing nenangke aku.

“Sing tenang dhisik, coba ngehubungi wali kelasmu
dhisik Suf. Takon yen jam semene isih isa melu ujiane ora apa
kudu melu susulan sesuk, kan iki online to ujiane.”

“Iyo mbak, iki guruku malih ngetik balesane. Aku tak
siap-siap dhisik wae.”

Aku banjur nyiapke laptopku kanggo melu google
meet lan login web cbt laman ujiane. Pas kabeh wis siap,
barengan karo wali kelasku bales chatku ngandani nek aku
isih oleh melu ujiane.

Sajrone aku garap soal aku nyesel turu esuk. Nyesel
ora sinau saka wingi nyicil materine. Kudune aku isa luwih
siap kanggo PTS dina terakhir iki.

64

Menyang Pasar

Diandra Alisha (13)

Ing sawijinig dina aku ngancani blanja ibuku
menyang pasar. Wektu iku ngepasi dina minggu, dadi aku prei.
Aku karo ibu menyang pasar numpak sepedah motor. Kira-
kira limalas menit wis tekan ngarep pasar, ibu lan aku banjur
mudhun teka sepedah. Dina iki ibu blanja akeh banget amarga
sesuk arep kepanggonan arisan Muslimah. Rencanane tamu
arep disuguhi rawon. Sepisanan sing dijujug yaiku panggonan
dodolan daging sapi. Sawise oleh daging sapi, banjur goleki
panggonan sing dodol bumbon. "Ora lali uga tuku jeruk
kanggo buahe. "Ora lali pisan aku ngilingake Ibu tuku krupuk.
Ing dalan, aku mbatin Wah jebule menyang pasar iku
nyenegake bisa ngerti meneka wernane dagangan lan uga
ngerti carane bakul-bakul kang nawakake dagangane. Barang-
barang ing pasar mau regane uga murah-murah.

Sawise tekan pasar, aku lan ibu mulih. Ing dalan Ibu
ngilingake ojo lali tuku aqua kardus ing toko perempatan
cedhak polsek jarake ora adoh tekan omah ku. Pirang-pirang
menit, akhire tekan ngarep toko, aku banjur mudhun lan
ngangkati Aqua kardus. Sawijining aku ngangkati, Ibu
mbayari. Alhamdulillah, sawise blanja karo tuku Aqua kardus..
Akhire masak setengah dina karo Ibu, Mae lan Mbah ing

65

omah. Aku nulungi ngulek bumbu, nggoreng krupuk, nyiapke
piring lan sendok, lan liya-liyane.

Kira-kira jam arisan wis sampun mari, Aku karo Mae
banjur golek tampa gawe adhae piring sing isine sego lan
daging sapi. Sawise rampung kabeh, ibu-ibu arisan wis
mangan Aku lan Mbah banjur wenehi aqua siji-siji. Nalika
acara sampun cekak aku banjur ngomong matur nuwun ing
ibu.

66

Panyinaon Nalika Pandemi

Fadil Tariq Asadel (14)

Tono, Budi, lan Tomi, murid saka sekolah SMA N 54
Jakarta. Bocah telu kuwi wis kekancan ket isih SD. Dekne
kabeh dikenal minangka bocah sing sregep. Biji sing
dientukke uga kepetung dhuwur.

Ing sasi Maret, pendemi corona tumiba ing jagad iki,
klebu Indonesia. Kabeh sekolah kepaksa nglangsungna
panyinaon secara online. Ora kajaba sekolah SMA N 54
Jakarta. Guru lan murid nggunakake gadget dhewe-dhewe
supaya tetep bisa adhep-adhepan lan sinau kaya sadurunge
corona. Kabeh-kabehane wis kudu nyesuekke karo kahanan
saiki, panyinaon online tetep kudu digatekke supaya ora
ketinggalan materi.

Tono lan Budi bisa nyesuekke karo kahanan saiki,
ananging beda karo Tomi. Dheweke malah dadi bocah sing
males-malesan lan ora tau mlebu kelas online. Opo maneh
ngerjakke tugas, dekne ora tau blas.

Ing sawijining dina, ono kelas basa Jawa. Tono lan
Budi ono ning kelas kuwi, nanging Tomi ora. Gurune banjur
takon marang Tono lan Budi, amarga bocah loro iki kancane
Tomi. Tono lan Budi banjur mangsuli gurune, yen Tomi
pancen dadi males-malesan wiwit saka ono pandemi lan kelas

67

online iki. Gurune nyaranke bocah loro kui nakonke kabar si
Tomi, lan diajak mlebu kelas nalika ono kelas online.

Sesukke, ing dina Kemis, Tono lan Budi lagi mlaku-
mlaku mubeng deso. Ndilalah nalika ngliwati lapangan, ono si
Tomi lagi dolanan bal-balan. Banjur bocah loro kui nyeluk
Tomi. Tomi krungu suarane kancane kui, lan nyedakki Tono
lan Budi.

“Tom, koe ngopo kok kelas online ora tau mlebu?”
muni Tono.

“Alah ora penting sekolah online ki, mending aku
dolanan bal-balan karo bocah-bacah kampung.” bales Tomi.

“Kowe kudu tetep sekolah to Mi, nek ora kowe bisa
wae ora munggah kelas.” Budi nyauri.

“Wis lah ora peduli, tak bal-balan sik.” bales Tomi,
mlayu mbalek nang lapangan.

Tono lan Budi banjur lanjut mlaku-mlaku lan
ninggalke Tomi.

Sewulan sadurunge ujian, Tomi lan wong tuwane
diceluk BK. Tomi lan wong tuwane mangkat nang sekolah lan
ketemu guru BK. Guru BK nyritakke yen Tomi ora tau mlebu
kelas online. Banjur wong tuwane kaget, amarga saben
ditakoni ono kelas utawa tugas, Tomi mangsuli wis rampung
lan wis ngerjakke.

68

Wong tuwane Tomi uga guru BK akhire matur
marang Tomi yen dhekke kudu tetep mlebu sekolah online lan
ngerjakke kabeh tugase, amarga kui uga syarat munggah kelas.

Tomi sadar lan mbalik dadi bocah sing sregep sinau.
Ngerjakke kabeh tugase lan mlebu kelas-kelas online. Wayahe
ujian wis tekan, Tomi ngerjakke kabeh soal kanthi pener.
Minggu ngarepe, hasil ujian diumumke. Tomi seneng banget
amarga entuk biji paling dhuwur nang kelas. Pancen nalika
ana niat saka awakdewe kanggo berubah, mesti ana dalane.

69

Bungkus Rokok

Fathin Azzahra Lituhayu D. (15)

Danu mlaku aras-arasen karo mbuka lawang
kontrakan, nglajokke sikile neng kursi teras. Neng kana
dheweke wiwit mbukaki bungkus rokok sing isine garek
sak batang. Dheweke ngarahke rokok ing pucuk lambene
lan wiwit mbakar rokok kui kanggo diisep. Ora let suwi,
Dipta, kanca sak kontrakane teko lan nggeret kursi,
nyelaraske lungguh neng jejere Danu karo nggrundel.

“Seko ngendi, Dip?” Danu sing ketok santai
nganggo kaos oblong lan sak batang rokok neng sela-sela
drijine nyoba ngewiwiti obrolan awan kui.

“Seko warung ngarepan,” jawabe singkat karo
ndelokke bungkus rokok sing isine entek neng meja teras.
“Cih, rokok,” jarene karo malingke rupa.

Danu sing ngrasa kesindir mengo lan nanggepi
Dipta karo ngguyu, “Hahaha, mumet aku Dip, ket wingi
masalahku ora ana enteke.”

Jawaban seko Danu mung ditanggepi Dipta karo
esem. Tangane njupuk koran neng jejere bungkus rokok.
Mripat e maca judul warta paling anyar ing halaman siji

70

koran kui. “Tidak Masuk Penjara, Diduga Punya Kaki
Tangan di Kepolisian,” Dipta maca cepet judul kui,
nduwe maksud supaya Danu melu ngrungokke.

“Hah? Piye Dip aku ora krungu?”
“Kok lucu yo, wong jahat, wong ala saiki akeh
sing nglidungi,” Dipta mbalekke koran neng ndhuwur
meja. Danu sing peka banjur maca judul saka koran iku
lan diwaca alon-alon isine.
“Wong ala kui ibarat uwong ngrokok, Nu,” Dipta
ngetokke apa sing ana neng njero akale.
“Maksudmu aku?” Danu rada kaget karo
omongane Dipta. Padahal dheweke sing ora dong opo
sing dimaksud.
“Ck, Udu. Maksudku, uwong sing nglakokke
kriminal iku isa dimisalke karo wong sing ngrokok,
Danu,” jelase Dipta sing wes rada mangkel karo Danu
sing ora dong. “Coba tak takoni. Fungsine bungkus
rokok kui apa?” Dipta nglanjutke pernyataane karo
pitakonan.
“Aja nambahi pikiranku, Dip. Aku wes ora isa
connect. Sinyal diluar jangkauan,” jawabe Danu karo
guyon nanging bener anane.

71

Dipta ora peduli lan njawabi pitakonane dewe,
“Bungkus rokok kui nglindungi rokok. Padahal neng
sampule kui jelas ana elingane.” Dipta njelaske karo
nunjuk tulisan Merokok Membunuhmu ing ngarep
bungkuse Danu.

“Banjur? Hubungane karo kriminal apa, Dip?”
takon Danu sing mulai bingung lan pengen ngerti
lanjutane.

“Ngene lho Nu, kowe bayangno rokok-rokok kui
kejahatan, tindakan ala. Nanging bungkus rokok kui
kepolisian.” Danu sing wes wiwit nyimak gur
nganggukke sirah ping loro.

“Nah, tindakan ala isih ana sing dilindungi utawa
ditutupi karo polisi, padahal wes cetha tugas polisi kui
negakke hukum lan ngelingke. Podo karo rokok sing
bahaya nanging isih dibungkusi, ketok cetha neng kono
ana tulisane peringatan,” jawabe Dipta semangat banget.

“Nanging kan ya ora kabeh polisi kaya ngono,
Dip. Ana kok sing apikan,” Danu rada ora setuju.

“Pancen ana, Nu. Akeh sing apikan. Nanging kan
ora nutup kemungkinan isa kejadian. Contoh nyatane ya
kaya sing neng koran mau.” Dipta sethithik nggeret

72

napas, banjur nglanjutke omongane, “saben elingan neng
bungkus rokok kui ibarate aparat pengkhianat, njabane
wae ngelingna, padahal dheweke ngarep-arep udude
dituku uga ben entuk untunge dhewe. Omong thok”

“Banjur, ben tindak ala ne ilang kudu diapakke,
Dip?”

“Rokok karo bungkuse diguwang yen wes entek.
Tindakan ala lan pengkhianat diguwang yen wes kalah,
dadi kudune dipenjara kabeh tha?” tutur Dipta.

“Menawa wes entek kan bisa tuku neh.”
“Pancen. Saradene kuwi tindakan ala pancen ora
ana entekke. Amarga manungsa sing serakah, nggragas.
Sing salah udu rokok e, uga udu bungkuse. Sing salah
udu kasus tindak alane, uga udu hukume kuwi.
Manungsa ne, Nu, Wes di elingke tetep wae dilanggar.
Wes reti salah, tetep wae dilakokke. Mulane kui aja
ngerokok , Nu. Marakke lara.”
“Banjur gunane kowe ngomong iki apa?” takone
Danu sing isih durung entuk guna saka obrolan iki.
“Ya ora ono. Omong thok. Mung ngelurke akalku
wae,” jawabe Dipta kepenak. “Nanging tuturku mau

73

bener tha, Nu? Intine elingan neng ngarep bungkus
rokok kui omong thok.”

“Mboh wes, Dip. Soyo ngelu sirahku. Endi ki,
rokokku wes enthek.”

Danu nggresulo mangkel merga masalahe urung
rampung nanging kancane ora ngewangi. Danu nglempar
korek arupa ijo neng cerak asbak. Dipta sing ndelokke
nggeguyu karo ngrogoh saku neng kathoke lan ngetokke
sak bungkus rokok anyar sing agek wae dituku saka
warung. Dheweke mbuka bungkuse ora weruh apa
maneh maca elingan neng ngarepe. Njupuk sak batang
banjur diurupke tanpa pangrasa kleru.

“Kih, njaluk ora?” Dipta nawakne rokok e
marang Danu.

“Lah, mau jaremu ora oleh ngerokok, Dip!” Danu
sing kudune seneng malah ora entek pikir karo Dipta.
Dipta ceramah dawa nanging dheweke uga isih
nglanggar omongane dewe.

“Ora sah kaget ngono. Kan aku wes ngomong,
Nu. Omong thok, hehe.” Dipta ngelempar bungkus rokok
e neng tangane Danu. “Aku yo nduwe akeh masalah,
Nu.”

74

“Ealah, jebul kowe podo wae karo aku, Dip. Dadi
uwong kok koyo bungkus rokok.” Dipta ngguyu banter
merga omongane Danu. Jawaban sing diwenehi Danu
mau nutup saben guneman utawa obrolan awan nganti
sore dina kuwi. Neng ngarep teras kontrakan, dheweke
kabeh larut ing njero pikirane dewe-dewe karo rokok.

75

Nyemplung ing Kolam Renang

Fayza Aura R (16)

Dina Minggu aku lan keluargaku arep lungo renang
bareng-bareng, banjur bapakku ngajak budhe lan pakdheku
menyang renang bareng-bareng, akhire kabeh sak keluargane
pakdhe budheku melu kabeh. Aku lan keluargaku menyang
numpak mobil sing disetiri pakdheku. Jaman kae aku isih cilik
kira-kira isih umur enem tahun lan wis mlebu sekolah utawa
aku wis mlebu TK.

“Wah ra sabar aku pengen nyebur kolam renang,
bakal seger banget iki. Njut bar renang mengko iso tuku
popmie lan dimaem neng pinggire kolam renang, wahhh
mbayangkene aku wes pengen cepet-cepet tekan panggone”,
batinku ing njero mobil sinambi ndelok dalanan kang rame lan
panas banget amargi dina minggu akeh uwong pada lungo.

Padahal umur semono kuwi aku durung bisa renang
lan aku mung iso dolanan banyu kecipak-kecipik neng kolam
renang, nanging awakku iki uwis ora sabar pengen dolanan
banyu karo dolanan prosotan ing kolam renang nganggo
pelampung seko ban karo nganggo kacamata renang. Ing njero
mobil bapakku karo ibuku omong-omongan karo budhe lan
pakdheku, amarga aku cah cilik dewe karo adikku sing isih

76

umur tiga tahun akhire aku ing mobil mung turu wae tekan
panggone renang.

“Nduk, tangi tangi… iki wes meh tekan ing kolam
renang. Ayo kowe wes ra sabar pengen renang tahh. Gek tangi
yoo nduk aja turu meneh bar kuwi mengko melu bapakmu
antri tuku tiket kanggo mlebu ing kolam renange…”, suarane
ibukku marakke aku tangi.

“Wahh ra keroso wes meh tekan nggone”, aku
langsung semangat sawise tangi turu.

Sawise tuku tiket aku lan keluargaku kabeh bareng-
bareng mlebu ing kolam renange ing kono ana prosotan,
ember gedhe ing dhuwure prosotan, lan akeh cah cilik dolanan
banyu ing kono. Kanggo wong dewasa, ana kolam renang sing
jeru banget ana ing sebelah e kolam renang sing kanggo bocah
cilik, lan uga ana kolam renang sing cethek sing iso dinggo
cah cilik renang.

“Wasti, niki anakku tulung dijagani sek yo, aku ameh
ganti klambi ing kamar mandi sedilit. Aja lali sakdurunge
nyemplung kolam renang anakku dikei susu sing uwis tak
gawakke”, jare ibukku marang budheku.

“Nduk, kowe ojo ngerepoti budhemu yo dadi anak
sing becik lan nurut. Ojo nyebur ning banyu ndisik. Tunggu
nganti ibukmu iki rampung ganti klambi banjur kowe iso
dolanan banyu. Nalika ameh nyemplung ing kolam renang di

77

delok-delok ndisik ben reti kuwi kolam renange cethek opo
ora yo nduk”, ucap ibu kangge kula.

Aku akhire ngombe susu sing uwis digawakke ibukku
lan lungguh ing pendopo jejer karo adiku lan budhe Wasti.
Nanging amarga wis ora sabar aku akhire mlayu ngibrit ameh
nyebur ing kolam renang. Aku uwis lali marang omonganne
ibukku yen aku ora oleh nyebur kolam renang ndisik nganti
ibukku rampung ganti klambi. Aku pancen ora ngrungoake
pitutur saking ibukku. Aku wes ora sabar banget pengen
dolanan banyu. Pikirku kolam renang sing tak tekani kuwi
mau kolam renang sing cethek utawa ora jeru lan iso dinggo
renang kanggo cah cilik.

“Byurrr”
Awakku kaget nalika sawise nyebur kolam kok
sikilku ora ndemek jogan, bar kuwi aku wes ora isa ambegan
meneh amarga jebule kolam sing tak ceburi mau jebul kolam
sing jeru utawa kolam sing biasane dinggo renang wong tua.
Budheku sing diparingi amanah karo ibukku kanggo njagani
aku lan adiku kaget amarga aku kok wis ilang wae. Padahal
ketokke ket mau ngombe susu ana ing jejere.
“Waduh cilaka iki neng endi bocah e ya Allah”,
budheku nggoleki aku kanthi kuwatir wedi nek diseneni
ibukku.

78

Nalika aku nyebur ing kolam renang, ibukku weruh
aku pas aku lagi nyebur ing kolam renang kuwi. Ibuku kaget
amarga kuwi kolam renang sing jeru banget. Akhire ibuku
langsung mlayu lan nyekel klambiku banjur langsung digeret
metu seko kolam renange. Aku sing wis kelelep mau akhire
digawa ing pendopo ben iso istirahat disek. Aku ora nyangka
nek aku bakal kelelep lan aku getun mboten mirengaken
pituture saking ibukku, untung aku isih iso diselametaken lan
alhamdulillah ora ngapa-ngapa.

“Walah ya allah kok yo iso kelelep iki piye to, wasti
wes tak paringi amanah njagani anakku kok malah mlayu
ngibrit nyebur kolam ora diawasi iki piye”, ibuku muring-
muring marang budheku.

“Ampun mba aku ora weruh amarga aku lagi ngganti
klambi adine, nyuwun pangapunten mba”, budheku akhire
njaluk ngapura marang ibuku sing lagi wae muring-muring.

Aku sing rumangsa luput akhire mung meneng wae.
Sawise kadadean kuwi, aku lanjut dolanan prosotan nganggo
pelampung ban karo kacamata renang lan tetep diawasi ibu
karo bapakku. Aku seneng bisa dolanan banyu kecipak-
kecipik ing kolam renang. Awan wis dadi sore. Ora keroso
aku lan keluargaku uwis persiapan kanggo bali ning omah.
Sawise adus karo ganti klambi aku langsung mlebu ing mobil.

79

Tekan omah aku langsung turu amarga awakku kesel kabeh
lan aku uga uwis ngantuk.

Sawise kedadeyan kelelep ing kolam renang akhire
aku mesthi ngrungokake pituture ibukku supaya ora ana
kedadeyan sing ala. Lan sawise kadadeyan kasebut aku
langsung njaluk ngapura marang ibukku lan janji ora bakal
tumindak sembrana maneh.

80

Deri Bocah Gambar

Gita Poetri Dewi Siregar (17)

Deri yaiku setunggaling siswa SMA kelas XI. Deri

ora pinter ing bidang akademik lan bijine biyasa-biyasa wae.

Deri uga dudu wong sing gampang berbaur karo kanca-

kancane, mulane dheweke ora nduweni akeh kanca cerak.

Perkara iki nggawe Deri diremehake karo kanca sakelas lan

guru-gurune neng sekolah. Sanajan Deri pinter nggambar.

Deri seneng nggambar saking alit, nanging dheweke wiwit

ngembangake wanci mlebet SMA. Kanca-kanca lan guru-

gurune ora meruhi bab iki, kajaba guru lukise yaiku Bu Kinan.

Ing sawijining dina, Deri meruhi yen ana kompetisi

ndamel komik ingkang dipunwontenaken dening

setunggaling perusahaan swasta. Deri nggih ndaftar lan

dheweke ndamel komik mau kanthi tekun supaya kasilipun

maksimal. Amarga iku, Deri seneng turu telat lan kadang ora

duwe wektu kanggo nindakake tugas sekolah.

Ing sawijing awan, nalika piwulang basa Jawa, Deri

ora nggarap PR basa jawa sing wis diwenehake Bu Sinta

minggu kepungkur.

“Minggu kepungkur Ibu menehi tugas Aksara Jawa to,

bocah-bocah?” tekon Bu Sinta marang bocah-bocah kelas XI

IPA 1.

81

“NGGIHHH BUUU,” wangsule bocah-bocah kelas
XI IPA 1.

“Oke saiki ketua kelas tulung kumpulake tugase kuwi
yo banjur dideleh neng mejane ibu,” ujare Bu Sinta marang
ketua kelas.

“Nggih, bu” ujare Mita, ketua kelas XI IPA 1.
Nalika tekan mejane Deri, Mita weruh yen Deri lagi
turu. Banjur dheweke gugah Deri.
"Der, tangi der, PR aksara jawamu neng ngendi? kene
kumpulna, aku wis dikon Bu Sinta ki lhooo...." ujare Mita
karo nggerake awake Deri supaya dheweke tangi.
"Apa to Mit, ganggu aku turu wae kowe ki," ujare
Deri marang Mita.
“Kuwi lho Der, neng ngendi tugas basa jawamu?
Kene gek dikumpul.”
“HA? Basa jawa? Emange ana tugas po?”
“Ana Derrrr, kowe mesti rung ngerjake to?”
“Kepiye meh ngerjake, eling wae ora.”
“Astagfirullah, kowe ki kok kesed banget to, mangkel
aku.”
Mita jengkel lan langsung lunga menyang mejane Bu
Sinta banjur ngandhani menawa Deri ora ngerjake tugas
aksara jawa. Bu Sinta mung geleng-geleng banjur matur

82

marang Mita supaya Mita ngongkon Deri menyang ruang
guru nalika pelajaran basa Jawa rampung.

"Bu, Deri mboten ngerjakaken tugas aksara jawa bu."
"Wah, Deri maneh, yowes Mit, kowe kandhani Deri
supaya dheweke menyang ruang guru nalika pelajaran iki
rampung."
"Nggeh bu, mangke badhe kula aturaken dhateng
Deri."
Mita bali menyang mejane Deri lan ngandhani
menawa Deri kudu menyang ruang guru nalika pelajaran basa
Jawa rampung.
Teng Teng Teng
Piwulang basa Jawa rampung bareng karo jam
istirahat. Deri enggal menyang ruang guru kanggo nemoni Bu
Sinta. Nalika ing ruang guru, Bu Sinta menehi saran marang
Deri supaya sregep sinau lan ora turu sajrone jam pelajaran.
Udakara seminggu sawise kedadeyan kasebut, esuk-
esuk ana wara-wara yen bakal dianakake lomba seni. Lomba
seni kasebut kalebu lomba nari tradhisional, lomba nyanyi, lan
lomba nggambar. Saben kelas kudu milih paling ora siji wakil
kanggo melu lomba kasebut.
Nalika pelajaran dina kuwi rampung, kelas X IPA 1
rembugan kanggo nemtukake sapa sing bakal melu lomba
kasebut. Mita mimpin rembugan iki.

83

"Kowe kabeh mesti wis reti yen ana lomba seni to?
saiki sapa sing kepengin melu telung lomba kasebut? ben aku
isa langsung menehi daftare menyang panitia," ujare Mita
menyang kanca-kancane.

"Mit, aku lan Nuri pengin melu lomba nari
tradhisional," ujare Ajeng marang Mita.

“Okee, sipp. Saiki sing pengin melu lomba nyanyi lan
nggambar sapa? " pitakone Mita marang siswa kelas XI IPA 1.

"Kowe kana War sing melu lomba nyanyi, kowe kan
duwe swara sing apik," ujare Beni marang Mawar.

"Wah, aku ana acara e ing tanggal iku dadi ora isa,"
ujare Mawar.

"Lha terus sapa ki sing melu? Kepiye yen kowe Geb
sing melu? " takone Mita menyang Geby.

"Mmmm aku isa sih tanggal kuwi, Mit."
"Sip sip, tegese kowe yo Geb sing melu lomba
nyanyi."
"Oke, Mit."
"Ora ana wong liya sing kepengin melu lomba nyanyi
to iki?"
"Kayane ora ana maneh Mit," ujare Geby.
"Sing terakhir lomba nggambar ki, sapa sing gelem
melu?"

84

Ora disangka-sangka, Deri dadi sukarela ing lomba
nggambar kuwi. Wiwitane, kanca-kancane ora percaya yen
Deri bakal dadi sukarelawan amarga Deri arang melu
kegiyatan kaya ngono. Kanca-kancane uga wiwitane nolak,
nanging amarga ora ana siswa sing pengin dadi sukarela ing
lomba nggambar, pungkasane Deri dadi perwakilan kanggo
kelas X IPA 1.

Amarga ndeleng reaksi saka kanca-kancane nalika
ujar manawa dheweke bakal melu lomba nggambar, Deri dadi
luwih semangat mbuktekake marang kanca-kancane. Saliyane
latihan nggambar kanthi tekun lan nggarap komik, Deri uga
sinau pelajaran akademik. Amarga iku, Deri oleh biji sing
apik ing akeh ujian.

Dina lomba teka. Deri sing wis siyap udakara sewulan,
enggal nggambar kanthi telaten. Nalika rampung nggambar,
dheweke ndeleng gambar kasebut lan dheweke marem banget.
Telung dina sawise lomba, Deri uga nglumpukake komik sing
wis digawe ing perusahaan sing biyen nganakake kompetisi
nggawe komik.

Ing sawijining dina Senen, sajrone upacara bendera
tepate sajrone sesi pengumuman. Kepala sekolah ngumumake
juara lomba seni.

"Juara siji kanggo lomba nggambar yaiku ...." ujare
Pak Toni minangka kepala sekolah.

85

"Sing pasti dudu kelas kita, " ujare Jeri, salah
sawijining siswa kelas XI IPA 1.

"Deri Haryadi saka kelas XI IPA 1," ujare Pak Toni.
Bocah-bocah kelas XI IPA 1 kaget sanget. Dekne
kabeh ora percaya yen Deri bakal menang, apa maneh entuk
posisi 1. Deri langsung maju kanggo nampa hadiah kasebut.
Nalika bali menyang barisan, Deri disambut karo ucapan
selamat saka kanca-kancane.
Pak Toni uga tetep ngumumake pemenang kanggo
lomba seni.
"Kajaba ngumumake pemenang kanggo lomba seni,
kula uga bakal ngumumake pemenang Comic Competition
sing dianakake PT. Harum Sejahtera, yaiku Deri Haryadi saka
kelas XI IPA 1."
Deri maju kaping pindho uga kanca sakelas padha
kaget kaping pindho. Pranyata sawetara dina sadurunge, Deri
wis nampa asile saka PT. Harum Sejahtera manawa dheweke
menang ing kompetisi komik, nanging Deri sengaja ora
ngandhani kanca-kancane.
Sawise rampung upacara lan bali menyang kelas, Deri
langsung ditakoni karo kanca-kancane.
"Der, kenapa kowe ora ngandhani yen kowe trampil
nggambar?"

86

"Iya Der, kowe kok yo ora ngandhani yen melu
Comic Competition e..."

Deri meneng banjur ujar yen kabisane dudu prekara
sing kudu dikandhani marang wong liya nanging kudu
dibuktekake.

"Apik banget kowe der, pancen bocah gambar kowe
ki"

Wiwit kuwi ora ana sing bisa ngremehake Deri.
Kanca-kancane wiwit ngobrol karo Deri lan njaluk Deri
mulang cara nggambar lan Deri seneng nindakake. Gurune
uga seneng karo kemajuane Deri ing akademi amarga Deri
sansaya rajin ngerjakake tugas lan duwe nilai dhuwur. Deri
uga saiki entuk julukan Bocah Gambar.

87

Mampir nang Indoapril Wae!

Gladys Patricia Paza (18)

Dina Minggu esuk, aku mruput menyang sekolah.
Tepate jam 5 esuk aku mangkat numpak motor. Ibu arep
ngeterke nanging aku ora gelem. Sakjane aku isih ngantuk
banget amarga bengine aku begadang tekan jam setengah 2.
Nanging gelem ora gelem kudu mangkat esuk supaya ora telat
amarga omahku adoh saka sekolahan, kira-kira jarake 20 km.

“Lhoh sakjane ana apa ta ndhuk kok Minggu-Minggu
menyang sekolah?” Ibu nyuwun pirsa marang aku.

“Ana event sekolah Bu” wangsulanku.
Aku panitia event lomba kang dianakake sekolah. Ibu
ndawuhi aku supaya sarapan dhisik. Nanging amarga kesusu,
aku namung maem setitik. Aku banjur pamitan marang Ibu,
nyuwun sangu, lan ngomong yen aku bakal bali sore.
“Ngati-ati ya ndhuk, alon-alon wae, mending telat
ketimbang ana apa-apa.”
“Nggih Bu siap.”
Pas ning dalan, hawane adhem tur seger. Dalanan isih
sepi nyenyet, namung ono siji loro mobil lan motor. Lehku
ngegas saya banter.

***

88

Tekan sekolahan, aku langsung kumpul karo kanca-
kanca panitia liyane. Aku kebagian jatah ngurus administrasi
daftar ulang. Amarga pesertane akeh, dadi lumayan menguras
tenaga. Banjur kabeh peserta uwis daftar ulang, aku ngawasi
salah siji kelas kang dinggo lomba science. Para peserta kudu
nggarap soal sing uwis diwenehi panitia. Sakrampunge le
pada nggarap, aku ngumpulake wangsulane lan ngaso ing
ruang panitia. Sakwise ngaso, aku banjur ngewangi kanca
panitia liyane. Misal ngoreksi wangsulan peserta lan ngeterke
peserta kang lolos babak penyisihan menuju pos-pos semifinal.
Ing salah siji pos lomba, tepate ing lab biologi, ana kancaku
akrab sik jenenge Kentir.

“Wah kok kepenak Tir ana AC-ne. Adheemm”
tuturku sinambi nggolek lungguhan.

“Haiyoo, neng kene wae ngancani aku sisan ngadhem
lur!” wangsulane Kentir.

“Siap bos hahaha.”
Aku lungguh ing ngisor AC persis sinambi ngawasi
peserta pada nggarap soal. Ora krasa pirang-pirang jam aku
ngewangi lan lungguh ing lab biologi kuwi. Ujug-ujug sirahku
abot. Aku lali yen terakhir maem kuwi jam 10 pas ngaso ing
ruang panitia. Kuwi pun namung maem 5 sendhok sega
kucing.

89

“Waduh, isih hurung rampung iki ya?” pitakonku
marang Kentir.

“Hurung ki, sek sek dilit meneh,” wangsulane Kentir
sinambi ngumpulake wangsulane para peserta.

“Waduh gawat ki kok isih puyeng ya, tak ngombe
waelah sik akeh,” batinku amarga isih ngrasakake puyeng.

Amarga uwis pada rampung, aku lan Kentir ngresiki
meja lan kursi lab biologi. Grand final ditindakake minggu
ngarepe, dadi dina iki uwis rampung kabeh. Nanging
sakdurunge bali, panitia rapat lan evaluasi ndhisik. Jam 4 sore
aku lagi bali. Ora krasa aku uwis ngliwati separo jumlah
bangjo. Awakku rasane remuk lan sakjane isih mumet. Ora
krasa aku ongap-angop terus.

“Woaahhh, waduh kok ngantuk ya. Isih mumet meneh.
Ayo semangat dilit meneh tekan. Mengko yen wes tekan
langsung maem karo njaluk kerok ibu ah,” batinku nguwatke
nyetir motor. Uwis telu perempat dalan tak lewati. Ujug-ujug..
gebyakkkk.....

“Aduuhhhhh..” aku bengok, bar kui aku ora isa
ndelok apa-apa alias peteng!

***
“Gustiiii, lara tenan aduh Gustii,” aku nangis.
Mripatku isih ora wani tak buka.

90

“Sing tenang nggih mbak, sekedhik malih sampun
rampung,” ngendikane mas-mas.

“Mas niki kula ten pundi? Kula diapake?” Takonku
marang mas-mas kuwi.

Mas-mas wau mangsuli yen aku ana ing UGD rumah
sakit lan alisku dijait. Oh mas iki perawat, batinku. Banjur ana
mbak-mbak nyedaki aku lan takon.

“Mbak, apal nomor HPne ibuke apa bapake jenengan
mboten?”

Aku mikir sedela. Bar kelingan, aku langsung
mangsuli mbake kui mau. Saiki aku uwis sadar yen aku tiba
saka motor, nanging aku ora kelingan kedadeane. Aku
ndredeg lan wedi yen misal aku nabrak wong liya lan
marakake wong liya kuwi cilaka. Muga-muga ora lah, batinku.
Aku nangis meneh. Rasane mumet lan mual. Tangan lan
sikilku perih. Amarga ora kuwat, aku merem lan pingsan
meneh.

Aku tangi amarga krungu swara ibukku nyeluk
sinambi nangis.

“Pie ndhuk, isih lara?” Ibuku nangis sesenggukan.
Amarga ndelok ibu nangis, aku melu nangis.

“Huaa Bukk..”
Klek.. swara lawang kebuka. Dokter mlebet lan
ngendika yen aku oleh bali. Tekan omah, aku dibopong ning

91

kamar lan langsung turu. Rasane lemes banget lan awakku
lara kabeh. Nanging ibu meksa aku maem dhisik ben
wetengku ora kosong. Bar kuwi aku lanjut turu tekan esuk.

***
Esuk-esuk aku tangi. Ibu uwis ndamel sarapan lan
nyuap aku.
“Pie ndhuk, apa sing dirasake?”
“Mumet Bu, iki mergo alisku sing dijait ketoke,”
“Sing sabar ya ndhuk, Ibu sedhih ndelok malaikate
Ibu lara kaya ngeneki,”
“Iya Bu, aku njaluk ngapura ya Bu..” ora krasa aku
mrebes mili.
Aku takon karo ibu apa ana wong liya sing tak tabrak.
Nanging untunge ora ana. Aku tiba dewe. Bar kuwi ibu
nyuwun pirsa kedadeanne kepiye. Aku ngeling-eling.
“Sakkelinganku, aku ngantuk lan mumet Bu. Mumet
amarga kesel lan telat maem. Rasane kaya mimpi. Autopilot
ketoke Bu hehehe,”
“Walah ndhuk, nek ngantuk ya aja dipeksa ta.
Mampir nang indoapril kan ya isa, tuku wedang. Yen uwis ora
ngantuk meneh banjur lanjut nyetir,”
“Nanggung e Bu wingi ki,” aku cengengesan.
“Ya ora ana nanggung-nanggung ndhuk, mbangane
dadi kaya ngene! Ibu kan dadi khawatir ndhuk..”

92

“Nggih Bu, nyuwun ngapunten,” wangsulanku karo
nunduk. Sesuk meneh aku wis ora arep nyepelekake kuwi sing
marakake aku cilaka. Muga-muga ora kedadean meneh,
dongaku ing jero ati.

***
Srengege uwis ning dhuwur sirah. Amarga isih lemes
lan ora isa apa-apa, aku ora mlebu sekolah. Sorene, para
mudha-mudhi desaku niliki aku. Aku crita kedadeanne
marang kanca-kanca.
“Walah, sesuk meneh ngati-ati ya lur!” Omonge
kancaku sik jenenge Tika.
“Siap, nuwun banget ya gais uwis ditiliki. Kowe
kabeh barang kui ya ngati-ati. Yen ngantuk aja lali mampir
indoapril ya, ngaso dhisik hahaha” wangsulanku karo ngguyu.
Kabeh ya melu ngguyu.

93

Ah Wareg

Habib Al Hafiizh Ramadhan (19)

Jenengku doni, aku arep crita menyang kowe kabeh
babagan kisahku , dudu kisah superhero arepa kisah cinta
bertepuk sebelah tangan, iki yaiku kisah biyasa sing saithik
dieter bumbu micin, nikmat ning berbahaya kaya hubungan
dekne kabeh, ehe. kisah sawong pelajar sma kelas 1 sing
nggoleki siji kunci, dudu kunci gerbang banda qorun arepa
kunci gudang elmu perpustakaan baghdad. yap, iki yaiku siji
kunci montor. wektu kuwi guruku pkwu menehi tugas kanggo
nggawe miniatur festival kirab. ing dina sabtu kuwi aku
bareng 2 kanca wangunku celuk wae dudung lan dadang uwis
janjian kanggo ngerjake tugas PKWU neng perpustakaan
kutha jam 10 esuk. aku sing ana extra silat esuk ngenteni
dekne kabeh neng sekolah karo latian.

Aku cepet cepet menyang neng perpustakaan kutha
nganggo montorku ,wektu jam uwis nunjukake pukul10 esuk.
amarga aku arang menyang perpustakan kutha , aku nelpon
kancaku bola bali kanggo mastikke panggonan ketemu, aku
langsung mlayu lan tak delok dekne kabeh uwis nunggu aku
karo rupa nesu, " cepett ndene don.. gek rampung gek madang,
ngeleh kiehh" tembung dudung karo nepuk nepuk weteng si
dadang,dudung pancen wong sing ceria, lan lucu . beda adoh

94


Click to View FlipBook Version