Bengi H-1 kui, jam 10 mbengi aku mangkat seko
omah, pamit lan jaluk doa saka wongtuwo. Jam 11 tekan
sekolah langsung siap siap ngangkat ngangkat. Bar kui jam 12
lagi mulai sebar malam karo konco konco lan dikancani kakel
76.
Sakwise nyebar kui, kabeh do mangan bareng.
Angkatan 75 ono sing teko gawakke panganan dinggo panitia
seng ngurusi iki. Aku lan koncoku bablas turu neng masjid
bagian ngisor hehehehe.
Esuke, aku langsung bali omah lan adus dll. Jam set 7
aku mangkat seko omah nggo nonton Perak. Akeh tenan
penonton sing teko nggo delok i teater iki. Aku dateng nonton
udu sebagai panitia hehe. Aku nonton bareng konco bedo
sekolahku. Lan akhire Pentas Rakyat 2019 selesai.ye
145
Mumet
Muhammad Fikri I. D (28)
Woii koe telat meneh bik! omong atang neng biki.
Biki teko karo ngos ngosan, “sori tang, aku keno macet mau
dadi telat tekane”. Awan kui bakal ono rapat pleno neng
sekolah, kabeh anggota osis lan mpk wes cepak cepak ket mau.
Bahasan pas pleno dino iki bakal bahas evaluasi selama 1
bulan terakhir.
Oiyo kenalke, bocah iki jenenge Biki, dee wonge
tledor ananging patrap karo wong tuo, jujur, pinter, lan
sembodo.
Rampung pleno kui sekitaran jam 5, kebetulan saiki
lagi bulan ramdhan lan saiki uwes mepet buka puasa, banjur
aku ngajaki atang buka bareng neng ramen cerak sekolah.
Aku, atang, lan konco konco osis mpk banjur buka bareng
neng ramen kui. Karo ngenteni adzan maghrib teko, aku karo
konco konco bahas tentang akeh hal. Contone atang, dee
nyritani nek dee lagi kasmaran karo wedhok kelas sebelah,
jarene ayu banget pengen nembak dadi pacare. Lagi seru
serune crito, Bayu sek lagi wae ngenteke ramen e tiba tiba
nyletuk, “Weh, wes do nggarap tugas basa jawa sing nggawe
cerkak rung?, bates pengumpulan e sesok mbengi lho, aku lali
rung nggarap”, awakdewe sek lagi madang ramen kabeh kaget,
146
soale do urung nggarap barang. Awakdewe banjur
ngelanjutke le madang banjur bali. Sakwise bali, biki cepet
cepet reresik awak banjur terawihan amarga jam setengah
wolu bakal ono pleno event psw lan biki sek njelaske neng
pleno ne kui. Biki banjur mangkat neng masjid, bar kui shalat
koyo biasa. Tapi pas tarawih imame sui banget, Biki selak
kesusu ora nyandak waktune dinggo pleno banjur mletas ora
witir bali neng omah. Tekan omah Biki cepet cepet nyepake
dinggo pleno, ganti klambi, nyiapke materi lan hp dinggo
google meet. Pas wayahe teko pleno lancar lan memenuhi
target bahasane. Bar kui Biki lagi arep leyeh leyeh sedilit sak
durunge arep nggarap tugas basa jawa, nanging tiba tiba bayu
ngetelpon arepp mbahas tentang event pls. Hadehh mumet
mumett….
Sakwise telponan mbahas waktune nggarap tugas
cerkak basa jawa, Biki nyiapakake laptop dinggo ngetik, tapi
posisi Biki ngetik neng nduwur kasur lan pas kui kahanane
awake lagi kesel banget akhire keturon lan rasido nggarap
tugase.
Isuk e Biki ketangen nggo sahur, kaget mergo rasadar
nek keturon, biki nyesel soale ra ndue waktu meneh lan epet
banget soale tenggat pengumpulane mengko bengi padahal
dino iki padet jadwale Biki.
147
Biki banjur tangi nggo sahur, cuci muka banjur adus
siap siap arep neng sekolah kanggo event pengajian ramadhan.
Adzan subuh wes kumandang, Biki banjur shalat subuh bar
kui dilanjut tadarusan nganti jam setengah 6. Biki banjur bali
neng omah nyepake barang barang seng arep digowo mengko
neng sekolah.
Jam 6 teng Biki langsung mangat neng sekolah, tekan
sekolah jebul Biki sing pertama teko. Biki banjur nyicil
reresik panggon sing mengko dinggo pengajian. let dilit
beberapa panitia teko marani Biki njuk ngewangi Biki.
Sakwise rampung reresik Biki lungguh nggo leren dilit, lagi
leyeh-leyeh tiba tiba ono uwong sing ra dikenal njejeri Biki
ngejak ngobrol, sui kae ngobrol bareng, njuk wong e pamit
arep nerusakake pakerjaan e Biki barang arep nerusakake le
cepak cepak nggo pangajian. Jam nunjukakke angka 9 esuk,
pengajian dimulai. Biki penasaran sopo lan kepiye ustad e
sing bakal ngisi pengajian iki, jebul e ustad e kui mau sek
ngajak ngobrol neng ngarepan sui mau kae. Jenenge ustad
dzaky, pawongane apik lan ramah. Pembawaan materine uga
apik lan runtut, gaya ngomonge gaul. Sakwise pengajian tibo
sesi pemotretan bareng bareng. Wes rampung kabeh, Biki lan
panitia banjur diajaki shalat dzuhur bareng karo ustad e.
Rampung kabeh Biki banjur langsungan bali, mergane dee
durung nggawe tugas cerkak basa jawa padahal bates
148
pangumpulane mengko bengi. Tekan omah reresik langsung
nyekel laptop dinggo nggarap. Pisan meneh, Biki keturon
meneh pas lagi nggarap. Panen kebo tenan Biki iki. Tangi
tangi wes mepet buka poso, kaget Biki. Sakwise tangi Biki
langsnung ngetik dinggo nggarap tugase, nanging dee ra ndue
ide. Mikir sui banget, akhire Biki entuk pencerahan ide, ngopo
ra nuliskake kejadian utawa kegiatan sek wingi wingi nggo
digawe cerkak. Biki mulai ngetik, tapi let dilit suara adzan
maghrib wes krungu Biki kudu buka sek. Biki cepet-cepet
buka lan lanjut nggarap. Saking asik e nggarap Biki nganti lali
madang barang.
Jam e wes arep nunjukake jam 11, Biki kudu
ngumpulke tugase, mergane batese jam 12 bengi. Ketikan e
mau di save banjur dikumpulkake neg link pengumpulane.
Sakwise nggarap, Biki lego banget, soale waktune tetep
kecandak. Sakwise kui Biki teturon leyeh leyeh banjur turu.
Isuk e Biki ketangi mergane wes imsak, padahal
durung sahur. Mergo turune kewengen Biki dadi telat sahur
isuk iki, Biki tangi njuk ceppet cepet madang mumpung
durung sahur Mergo awake kaget, sirahe Biki dadi mumet
banget. Sakdino kui Biki dadi kudu leren sek neng omah lan
ora entuk kegiatan sek. Hadehh mumettt mumet.
149
Game Lara Wetheng
Muhammad Ghifary N. (29)
Dino Jumat wingi aku ana kegiatan event PSW saka
jam 9 isuk ngasi ameh buka puasa, selama kegiatan kui aku
kesel banget ngasi kemringet sak badan opo meneh dina kui
panas banget marai tenggorokanku garing, tapi aku kudu tetap
sabar merga puasa. Sak wis e rampung kegiatan iku aku
langsung ngebut bali ning omah amargi uwis ra sabar ameh
dolan game PUBG Mobile karo koncoku jenenge dhafin,
bengi iku dhafin wis ngechat aku ping bola-bali kanggo
ngejakki dolan game PUBG. Sak wis e tekan omah pas banget
adzan magrib dadi aku langsung ngombe kanggo mbatal
puasa lan langsung mbukak HP kanggo nilikki chat.
"Gipp, ayo dolan gek ndang, wis ra sabar entuk
chiken aku."
"Iyo iki lagi wae tekan omah otw login ki aku yo uwis
ra sabar dolan."
“Lha koe ra buka puasa sik gip? Nek ameh buka sik
yo tak enteni raopo.”
“Rasah, aku bukane mengko wae, selak pingin dolan
ki, hakok malah aku saiki sik rasabar hahaha.”
“Tenan ra ki? Koe opo ora ngelih puasa puasa bar
kegiatan PSW ra langsung buka?”
150
“Mau jane ngelih si, tapi mbuh ngopo saiki rasane wis
wareg padahal aku hurung madhang opo opo.”
“Ha mbok madhang sik gip wedi aku nek koe kenapa-
napa, PUBG isih iso ngenteni og.”
“Halah masalah sepele madhang ki, iso mengko nek
aku ngerasa ngelih lagi madhang, ayo gek login wae saiki
dolan sik.”
“Yowis ayok gass!!!”
Lanjut bar iku aku ro dhafin langsung mulai dolan
PUBG. Lagi wae mulai dolanan andang-andang mbokku
mlebu kamar lan takon marang aku,
“Le, uwis buka puasa hurung?”
“Dereng buk, niki nembe dolan game online bareng
kancaku.”
“Lha kok hurung maem ki pie e? Wingi wae lagi mari,
ameh lara meneh?.”
“Mboten bu hehehe, sekedap malih kula maem.”
“Yo, ojo ngasi kembengen.”
“Nggih bukk.”
Tanpa kerasa akdewe wis dolan 6 jam suwine, bengi
iku suasanane wis sunyi kabeh keluargaku sak omah uwis turu,
mung aku sing isih melek lan aku lagi sadar ket mau dolanan
aku ki berisik banget kanthi kancaku sing omahe samping
omahku ngechat aku,
151
“Gip koe lagi ngopo kok seru tenan suaramu?”
“Woah suaraku banter banget po? kok koe iso
krungu.”
“Hoo, banter tenan ngasi aku tangi turu. Lha emange
koe lagi ngopo?”
“Wah ra keras ayo suaraku banter tenan mergo aku
nganggo headset dadine ra kerasa banter, iki aku lagi dolan
PUBG Mobile, btw sorry yo nek aku nganggu.”
“Owalah lagi dolan PUBG to, yowis nek ngono gek
ndang turu we wis bengi, sesuk ojo tangi kawanen nggo
sahur.”
Jam 00.00 kui aku lan dhafin rampungan dolan PUBG
mergo wis kesel lan bosen,
“Wes yo gip kesel tenan aku.”
“Okee, aku yo wes kemeng e, karo wis ngelih ingin
madang.”
“Woh edan we hurung madhang i lho, yowis gek
ndang selak sahur!”
“Hahaha okedehh otw kii.”
Sak rampunge dolanan PUBG Mobile aku ngerasa
wethengku rada anget, aku mikire mesti iki mung ngelih wae
merga hurung buka, dadi aku langsung cepet cepet menyang
pawon nggo nilikki panganan, merga wis bengi dadi
panganane gari lauk tok raono nasi, dadi aku langsung masak
152
indomie nggo nggantikke nasi, andang-andang aku ngerasa
wetengku lara tenan mak cenat-cenut aku langsung cepet
cepet ngentekke pangananku, saya suwe wetengku saya lara
kanthi aku ra kuat ngadeg lan mung iso teturon ning kasur,
aku langsung matur karo mbokku,
“Buu, niki wetheng kula gerah banget.”
“Lho kok iso? Iki mesti koe telat maem to, kan wis
ibuk kandani ta ojo ngasi telat.”
“Nggih bu ngapunten, kula kesupen bu amargi
dolanan game.”
“Yowis iki ngombe obat wae, dina iki koe rasah puasa
sik, makane nek dikandani ki manut ojo ngeyel lan ojo seneng
nunda nunda gawean.”
“Nggih bu, ngapunten mboten kula wangsuli malih.”
Akhire dina kae aku isih lara wetheng, akibate ning
dina kui barang aku raiso melu kegiatan sekolah lan ora puasa
sik kanthi wethengku sehat meneh, aku nyesel nunda-nunda
madhang karo ora manut yen di andani wong tuaku, akibate
aku kelaran kaya ngene.
153
Telung Sasi
Neysa Zulfa A. (30)
Saka SMP, Lando tansah ana ing peringkat siji ing
kelase. Dheweke duwe mimpi sing dhuwur kanggo
mbanggakake wong tuwane sing uripe cukupan banget.
Kapintarane wis ora perlu diragukake maneh. Rajin sinau wis
dadi rutinitase. Ora jarang dheweke sinau tekan tengah wengi.
Wong tuwane tansah ndukung Lando apa wae kedadeane.
Kuwi gawe dheweke tambah semangat kanggo mbanggakake
wong tuwane.
Telung sasi wis liwat, akhire Lando ketampa ing
SMA Gandarisma sing kalebu SMA favorit paling apik ing
kuthane. Dheweke bangga amarga isa sekolah ing kana.
Nanging ing sisi liya, dheweke uga wedi menawa kalah saing
karo kanca-kancane lan dadi ngecewakake wong tuwane.
Sedina sakwise mlebu SMA, dheweke ketemu karo
murid sing ayu banget ning kelase. Jenenge Lauren. Lauren
kuwi anakke kepala sekolah SMA Gandarisma. Dheweke wis
dikenal karo kabeh wong ing sekolahe. Senadyan mengkana,
dheweke tetep ramah karo kanca – kancane. Ora mbutuhake
wektu sing suwe, Lando lan Lauren wis dadi kanca akrab.
Lando seneng kekancan karo Lauren sing isa ndadikake luwih
tenang lan ora wedi karo persaingan ning sekolahe.
154
Sakwise ujian tengah semester siji, Lando ana ing
peringkat siji ing kelase maneh. Kuwi nggawe dheweke
tambah semangat sinau. Beda karo Lando, Lauren malah
mung ana ing peringkat kelima saka ngisor.
“Hahahahah, kowe mung menang ayu thok, Ren.
Nanging entuk peringkat lima saka ngisor, hahahahah,” kanca
– kancane ngece dheweke.
“Wis rapapa, Ren. Rasah dilebokake ning ati,” Lando
usaha kanggo nenangake Lauren.
Sakwise kedadean kuwi, akhire ujian akhir semester
siji wis teka maneh. Kaya biasane, Lando sinau kanthi rekasa
lan nyoba mangerteni materi – materi sing wis diwenehi saka
sekolah. Nanging Lauren malah katon luwih santai ketimbang
sing liya. Ndelok kuwi mau, Lando langsung ngajak Lauren
sinau bareng.
“Ren, ayo sinau bareng ben isa mbuktikake nek kowe
kuwi isa entuk sing luwih apik saka tes wingi.”
“Mmm… santai wae, Lan. Aku wis sinau kok wingi,”
Lauren mbales kanthi santai lan rada mesem.
Seminggu sakwise, kasil ujiane wis metu. Kabeh
kaget amarga Lauren ana ing peringkat siji kelas ngalahake
Lando. Dene Lando mudhun ning peringkat loro. Rasa sedhih
mesthi ana. Nanging ya pancen saingane abot ora kaya SMP
155
lan Lando ya mbedek nek Lauren sinau tenanan sakwise ujian
tengah semester biyen.
Saya suwe Lauren dudu nambah semangate malah
dheweke saya santai karo sekolahe. Nanging pas ujian tengah
semester 2 tekan ujian kenaikan kelas, Lauren tetep ana ing
peringkat siji kelas. Ndelok kaya mengkono, Lando wis mulai
duwe prasangka elek karo Lauren. Kepriye ora ana prasangka,
Lando wae ndelok Lauren sing isih nyantai, dolanan
handphone, dolan karo kanca-kancane ning kana kene tanpa
katon mikirake sekolahe nanging tetep bisa ngalahake Lando
sing wis sinau tenanan.
Lando uga ngerasa nek Lauren tambah ngadoh saka
dheweke ora kaya pisanan ning kelas 10. Ing kelas 11 iki,
Lando arep nyelidiki apa wae sing dilakokake Lauren tekan
saiki. Kaya dene sakdurunge, Lauren isih lunga kana kene lan
dolan karo kanca- kancane. Lando ngerasa kecewa ndelok
Lauren sing wis beda kaya mengkono.
“Ah, palingan dheweke njuk sinau sakwise dolan,”
pikire Lando sing nyoba tetep positip.
Dina senen wektu ujian tengah semester siji wis mulai.
Dina kuwi, Lando merhatikake gerak- gerike Lauren sing rada
wagu wektu mlebu ing ruang ujian. Ngerasa curiga, Lando
langsung ngamati gerak gerike Lauren. Tenan wae, Lando wis
ndelok Lauren ngetokake kertas cilik saka lacine. Meski
156
mengkono, Lando tetep nahan rasa curigane kuwi tekan
rampung ujian.
Lando langsung nggeret Lauren ning cedak Gudang
sekolah sing sepi ben ora ana wong liya sing ndelok. Dheweke
langsung takon apa sing wis Lauren lakoni mau.
“Ren, ndang jujur, mau kuwi kowe nyontek ta?”
Lando nakoni Lauren nganggo nada sing rada dhuwur saka
biasane.
Lauren kaget amarga Lando jebule wis ndelok
kelakuan dheweke. Nanging dheweke tetep nyangkal ben ora
konangan.
“Ana buktine ora?! Ngomong wae nek Kowe kuwi iri
lan wedhi nek Aku entuk peringkat ing dhuwurmu!” Dudu
ngrasa salah, Lauren malah mbales nganggo nada dhuwur uga.
“Halah rasah ngeles! Gek ndang ceritakake wae kabeh!
Nek kowe ora gelem nyeritani kuwi, Aku bakal ngelaporake
nang guru nek perlu malah langsung nang kepala sekolah.”
“IYA! IYA! IYA! Aku pancen nyontek, ngapa?!”
“Woh pancen ya, Aku kecewa karo Kowe, Ren. Aku
wis sinau tenanan nganti mbengi ben isa nggarap ujiane, eh
Kowe malah sak penake dewe dolan ngalor ngidul wis isa
entuk rangking siji. Wis lah tak laporke nang kepala sekolah
wae ben Kowe cepet tobat.”
157
“Huuaa, tulung aja ngomong karo bapak, Lan. Kowe
entuk sengit karo aku ya rapopo. Nanging aja ngomong karo
bapakku, Lan.” Lauren langsung nangis lan saya suwe malah
saya sora. Tentune Lando bingung lan nyoba njaluk Lauren
ben nyeritakake kabeh kadadeane sing jelas.
Kaya dene sing wis dingerteni kabeh wong, Lauren
kuwi anake kepala sekolah SMA Gandarisma. Wong sekitare
ngira menawa Lauren uripe kabeh kepenak. Sugih, disayang
wong tuwane, kepinginane tansah dituruti, lan
sakpanunggalane. Nanging kasunyatane kuwi kabeh salah.
Ing omahe, dheweke justru diteken karo bapake
supaya bisa mlebu ing universitas sing paling apik. Lauren
mesthi dibentak wektu dheweke nglakoni kesalahan ning
sekolahe. Apa maneh dheweke mlebu ing SMA Gandarisma
sing kepala sekolahe bapake dewe. Prakara kuwi tambah gawe
bapake kanggo ngekang Lauren supaya bisa entuk biji sing
apik supaya ora ngisin-ngisini bapake sing dadi kepala sekola
ning kana.
Pas wektu ujian tengah semester 1 kelas 10 biyen,
sing endi kuwi ujian kapisane Lauren ing SMA Gandarisma,
dheweke malah entuk biji sing adoh saka pangajab bapake.
Lauren ngrasa keweden menawa bapake nesu. Dheweke
namung isa pasrah karo hukuman sing bakal diwenehi.
158
Ngerteni prakara kuwi, bapakne langsung nyeneni
entek- entekan lan nganti ngekon anake supaya les intensif
tekan jam sewelas wengi. Prakara kuwi nggawe Lauren sedhih
lan ngelakoni bab salah. Dheweke mbayar sing nggawe soal
supaya menehi kunci jawaban ujiane. Sakjane dheweke ora
gelem ngelakoni kuwi, nanging ya piye maneh, dheweke
wedhi nek ujian saklanjute bakal entuk biji sing elek.
Hukuman apa maneh sing bakal bapakne wenehi.
Ngrungokake crita saka Lauren kuwi, Lando mulai
ngerteni apa sing dialami karo Lauren. Dheweke ngurungake
niat lapor karo pihak sekolah prakara kecurangane kuwi.
Dheweke nyoba nenangake Lauren sing isih nangis wektu
nyeritakake kedadean kasebut.
“Nanging apa sing wis mbok lakoni kuwi tetep salah
ya, Ren. Aja dilakoni maneh.”
“Iya, Aku ya ngerti, Lan. Nanging masalahe piye
misale ujian semester iki bijiku tambah elek? Bapakku mesthi
bakal nesu ora ketulung.”
“Oke isih ana wektu telung sasi tumuju ujian semester
iki. Awakedhewe isa sinau bareng saka saiki. Aku bakal
nulungi kowe sak isane. Aku yakin nek kowe kuwi mesthi isa.
Piye, kowe setuju apa ora nek Awakwdhewe sinau bareng?”
Lando menehi saran kanggo Lauren kanthi tenang lan Lauren
langsung setuju.
159
Sakwise ginemanan kuwi, Lando lan Lauren sinau
bareng tenanan. Saka esuk tekan sore. Lando lan Lauren ora
lali ndonga supaya sesuk pas ujian isa entuk biji sing apik.
Lauren kudu ngebuktikake karo Lando lan bapakne nek
dheweke bisa entuk kasil sing maksimal kanthi jujur.
Akhire ujian semester 1 kelas 11 wis mulai. Lauren
sempet deg-degan nanging Lando nyemangati lan ngeyakinke
nek Lauren mesthi bisa entuk biji sing apik sakwise usahane
telung sasi kuwi. Sapa sangka, kasil ujian Lauren kuwi mau
jebulane entuk peringkat ke 5. Sawentawis kuwi, Lando dadi
peringkat siji maneh. Lando melu bombong karo Lauren sing
bisa ana ing peringkat 5 amarga usahane dhewe. Lauren uga
ngucapake maturnuwun karo Lando sing wis ngewangi telung
sasi biyen.
160
Panggawe Becik
Rafif Zaidan A (31)
Ing Siji desa,uripa sawong anak sing nduwe jeneng
ahmad,dheweke urip saka keluarga sing kurang mampu,
ahmad isih jagong dikelas 7, ahmad yaiku anak sing sregep
lan pinter nanging kanggo membiayai sekolahnya dheweke
pun ora mampu,dheweke pengen dadi wong sukses kanggo
membahagiakan wong tuwane.
Kanggo membiayai sadina dina ahmad kudu
ngewangi wong tuwa nya dolan kerupuk ing mubarang dina
ahmad rumangsa ngelih,lan kabeh dagangan nya durung payu
dheweke bener-bener kengelihan nanging ora darbe dhuwit
kanggo nukoni madhangan, nanging dheweke ngongkonke
kanggo adol barang dagangan nya luwih-luwih mbiyen,
demene ora ana sing arep nukoni dagange lan akhinya ahmad
ngongkonke kanggo njaluk madhangan neng warung-warung,
nanging ora ana sijia sing pengen menehi lan dheweke
mbanjurke mlakon nya kanggo nggoleki madhangan sakwise
dheweke lumaku ngono doh ana siji warung sing mengasih
madhangan gawe ahmad,panduwe warung kuwi yaiku wedok
enom.
161
Warung kuwi ngewehake madhangan lan
wedang,karo rumangsa pekewuh ahmad pitakon "pirang akeh
aku utang?", panduwe mung kesem lan tutur "simbokku wis
mengajarikubaik marang wong liya",lan dheke ora tau
mengharapkan imbalan apa wae,setalah kuwi ahmad ninggal
warung kuwi karo weteng wareg lan ati sing seneng nuli
dheke mbacutake pamulangan lan terus tandhang gawe atos
adol kabeh dagangan nya ning saben jangkahe dheke terus
kelingkaro wedok enom iku.
Beberapa taun banjur ahmad surup kuliah lan njupuk
jarusan kedokteran, sekolah dikedokteran ngrupakne kleru siji
impi ahmad, 4 taun banjur ahmad lulus lan nyambut gawe
dadi dokter,dheweke nyambut gawe neng omah lara sing
kenal banget neng indonesia.ing mubarang dina,ahmad
nangani pasien wedok sing dadi korban kecelakaan ,lan
ahmad mikir,kaya tau ndeloke,nanging dheweke lali dingendi
dheweke tau ketemu karo pasien iku,lan sakwise dheweke
eling-eling ulih dheweke anyar eling menawa wedok iku
dheweke panduwe warung sing tau nulung ahmad,saknalika
ahmad sedhih, ndelok wedok sabecik kuwi terbaring lemah
ora berdaya,nuli karo cepet ahmad langsung nambani wedok
iku
Dheweke terus menemani wedok iku lan mubarang
dina,wedok kuwi akhire eling ing wektu kuwi ahmad lagi ana
162
disamping wedok iku,ahmad terharu amarga wedok sing
dheweke kangenke sajrone iki melek saka komanya,amarga
faktor ekonomi wedok kuwi lagi ora becik lan akhire ahmad
sing nanggung kabeh biayanya,amarga wedok kuwi tau
menehi madhangan tumeka ahmad lan saiki ahmad uga igin
menyebarkan kebecikan tumeka wong liya.
Saka crita didhuwur entuk disimpulkan menawa
saben panggawe becik lan ikhlas tumeka wong liya mesti arep
mbisakne balesan sing becik uga.
163
Riy lan Plancongan
Sabina Malva A (32)
Sabtu jam wolu esuk, Riy lan keluarga lunga
berlibur menyang pantai Swaska. Sadurung menuju
menyang pantai Swaska, Riy nyiapake madhangan lan
wedang lan jagan kanggo dinikmati. Sementara
keluarga nyiapake mobil sing arep digunakne. Sakwise
kabeh siyap, dekne kabeh langsung menyang pantai
Swaska.
Sajrone dalan, Riy nggumun banget karo
kaendahan alame. Dalane berkelok - kelok kaya
gelombang, sawah - sawahe selaras banget lan kahanan
panggunungan apik banget. Riy eling awake dhewe
kabeh wis diwenehna anugerah gedhe saka tuhan.
Satekane neng pantai, Riy lan keluarga endang
nggoleki panggonan sing teduh. Dadi kebetulan dina
iku cuacane cukup panas, dadi dekne kabeh kudu
nggoleki panggonan sing kepenak kanggo ngaso.
Sakwise dekne kabeh tekan neng panggonan sing
cocok, Riy lan sepupune sigra kesusu menyang pantai.
Dekne kabeh nglangi nalika ombak nyedhaki awak.
Wektu menikmati kahanan pantai, tiba - tiba riy
krungu ana seseorang sing njaluk bantuan. “Tulung
164
tulung…!” jebulna swara kuwi yaiku swara sepupune.
Riy kaget ndeloke kegawa ombak neng pantai. Riy
lan wong - wong neng sekitare gage ngewangi. Banjur
Riy ndelok menawa rai sepupune wis pucet lan awake
gemeteran.
Sakwise kedadean iki, wong tuwa Riy njaluk
dekne kabeh mandheg nglangi lan cepet ngresiki awak
sing kebak wedi, lan bau amis. Merga dekne kabeh ora
pengen perkara - perkara sing ora dipengenke kedadean
lagi. Tentu wae, Riy lan sepupune manut karo panjaluk
iku.
Sadurung mulih menyang omah, dekne kabeh
menikmati madhangan lan wedang sing wis digawa
saka omah. Sakwise kabeh wareg, dekne kabeh
mutusake arep endang mulih.
Liburan iki menehi kesan apik banget neng
pikirane Riy sanajan ana kedadeyan sing ngagetke.
Perkara iku isa dadi piwulang kanggo Riy lan
sepupune supaya aja lali keslametan lan tetep waspada
sanajan ana ing plancongan.
165
Simfoni Musim Semi
Sekar Ajiningsih (33)
Angin sumilir gumrissik ing talinganku, nglantareke
simfominu.
Kanthi alon aku lumaku nurut dalan kang sepingire
kebak tetanduran kembang maneka rupa, mekar asri endah ing
warna. Saben mahkota kang tumiba ngelengake aku ing
wektu-wektu kang wis kepungkur.
Hm…kepiye awitane awake dhewe ketemu?
Yen ora kleru, wektu kuwi udan deres, deres pathes
nganti aku ngurungake iatku kanggo terus mbablas, senajan
aku nggowo paying. Ebo emane buku-bukuku yen nganti
kudanan, aku ora lilo yen nganti ana banyu udas setetes wae
kkang ngenani bukuku.
Sliramu kang enggah ana ing sangarepe mejaku
kanthi alon tindak nuli nyedhaki mejaku, mirsani buku kang
lagi tak waca kebak ing kawigaten.
“Anu…apa panjenengan seneng penulis iki?”
Aku mung manthuk. Biasane aku ora pati seneng yen
ana pawongan kang nyelo-nyelo nalika aku lagi maca buku,
ananging aku ora ngerti kenapa wektu iku aku kepingin
sliramu tetep ono ing kono.
166
“Wis sawetara aku nggatekake buku-buku kang
kanjenengan waos.” Rikala kuwi praupnmu katonn semburat
jambon. “Aku nyuwun pangaura, ora ateges aku kepingin
ngerti.”
“Ora masalah.” Mengkono aturku. Ana rasa isin ing
sajroning atiku, yen aku kudu ngakoni menawa aku sejatinr
ugo nggatekak dheweke. Wewadi iku tak simpen ing jroning
atiku lan bakal tak aturake sliramu, mbuh kapan yen tekan
wancine.
Wiwit itu aku lan sliramu saya raket angone kekancan.
Sedina-dina tak ngengen, tak enteni, tak kangeni wektu-wektu
diskusi sore, babaganing urip. Tak enteni sliamu, mlebu kafe
mesen segelas cokelat anget kesenenganmu.
Aku pancen pawongan lugu, kurang luwes. Butuh
wektu kanggo ngerteni apa sing kelakon, kaya-kaya ana
atusan kupukupu kang ngitik-itik, dheg-dhegan atiku,
praupanku abang kaya dene tomat mateng. Aku ora kepingin
sliramu pirsa bab iki.
Aku kang sakjeke uripku ora tau duwe kepinginan
hubungan romantis, saiki ngrasakake nandang tresno. Aku
tresno marang sliramu, yo mung sliramu…dudu wong liyo.
Rasa tresno kang ngebaki dadda iki ndadekake aku
gugup, ananging kebak ing kabagyan. Sesak dadaku nganti
kewetu saka lisanku, yen aku tresno marang sliramu.
167
Iya…ing bangku taman sisih kono, yo ing papan iku,
sliramu manthuk, mesem paring wangsulan mertandani yen
sliramu tunggal rasa karo aku. Eboo senenng rasaning atiku,
ing rasa aku dadi wong sing paling bahagia ing jagat raya,
wektu tanganmu tak gegem, mpripatmu kang endaah mirsani
aku.
Aku isih kepingin tansah sesandingan karo sliramu.
Aku kepingin ngumbara nglanglang jagat bareng
sliramu. Aku kepingin weruh kaendahan donya liwat sinaring
mripatmu. Aku kepingin nglaras mmusikmu maneh, kang
lembut nuntun aku ing bumi adoh kang during kajamah regete
tangan-tangan manungso.
Ah…ebo cublukku.
Kabagyan kang dak rasakake nyirnake panduluku, ora
bisa nyawang panandang kang mbok rasake. Kabagyan mu
nimbali tresnaku nggaw sliramu lunga adoh saka awakku. Ing
wayah ratri wektu sliramu mabur ing angkasa, aku kaya dene
kaca kang diantem palu kasunyatan, ajur umur sewalang-
walang.
Wiwit dina iku, atiku kebak ing pitakonan perkara
donya iki lan sliramu. Sliramu kang ngambah alam donya iki,
kanthi nggawa wangine musim semi, wis sirna.
168
Wektu iki, aku lumaku nglewati dalan keba krikil lan
watu, alon…alon…. Sajroning atiku…akeh pitakonan
babagan urip kang tak lakoni, uga kasangsaran kang mbok
adepi.
Bumi kang ngubengi srengenge selawase sliramu
lunga, ngemu crita kang endah. Nganti aku ora ngerti crita
endi sing bakal dak critake marang sliramu.
Aku munggah gumuk kang kebak suketan, kang tak
tuju papan panggonan pesareanmu. Aku kami tenggengen.
Oh, muga sliramu paring pangapura amarga aku ora
nglegewa wiwit sepisanan. Oh…sing gedhe pangapuramu
awit aku ora bisa kanggo papan sliramu bali. Mangweu-ewu
panyuwunan pangapura, ananging mung kandheg ana ing
jonggo.
“…Aku kepingin ketemu sliramu….”
Setetes waspa tetes nelesi bumi, tetes kapindo, ping
telu…lan kang kaping satus limolas terus tumetes.
Tak gawakke kembang Lili kesenenganmu, mugo-
mugo ana rasa seneng ing atimu.
Sikilku lumaku lemes tanpa dayaa, turut dalam kebak
krikil lan watu. Ah…atiku tetep mikirke sliramu. Mugo-mugo
wektu kepungkur, senadyan bebasan mung sakedheping netra
aku bebarengan karo sliramu, bisa mahaniki rasa kabagyan
ana ing sajroning atimu.
169
Angin musim semi smilir, nglantarake melodimu,
lembut…. Agawe kangene atiku, kangen omah.
Atiku kesengsem sliramu.
170
Jalaran Kemul Gumantung
Suci Asriningrum Miyanto (34)
Dina iki, sekolah e Bima, Bagus, Edo, Joko, Udin, lan
Beni ngadakke ujian perkemahan telung dina. Papan kang
dingo kemah kuwi ana ing pinggir alas. Rampung upacara
pembukaan ing sekolah peserta ujian perkemahan lan para
kakak-kakak panitia numpak bis sing bakal ngeterke ing bumi
perkemahan.
“Wah, akhir e akdewe isa kemah!” Jare Joko.
“Iya, aku nganti ra isa turu mau bengi.” Wangsulane
Bima.
“Wah, nek kowe ra turu mengko malah tura turu neng
tenda sapa sek bakal masak? Neng sanggane akdewe kan sek
paling pinter masak kowe” Edo ngomentari wangsulane Bima.
“Lha ya piye meneh to, mau bengi wis tak coba
merem ning tetep ra isa.” Jare Bima.
“Yo nek ngono mending kowe saiki turu wae,
mumpung panggone nggo kemah isih adoh.” Jare Bagus.
“Yow is, tak turu sikik, mengko nek wis tekan aku
ditangekke yo.” Jalukke Bima.
“Siap!” Wangsulane Bagus, Edo, lan Joko.
Sakwise tekan ing bumi perkemahan, para peserta
ujian perkemahan pada kumpul ing sanggane dewe-dewe
171
kanggo mbangun tenda. Bima, Bagus, Edo, Joko, Udin, dan
Beni entuk panggonan kanggo mbangun tenda ing pojokan,
cerak karo alas. Bagus selaku ketua sangga banjur mbagi
tugas dingo anggota, anggotane. Bagus lan Joko entuk tugas
mbangun tenda, Bima lan Edo entuk tugas nata barang-barang
kang bakal ana ing njero tenda, pinangka Udin lan Beni entuk
tugas kanggo mbangun bagian pawon.
“Neng kene sing paling rapi Bima karo Edo, dadi
Bima isa nata bagian njero tenda, pinangka Edo bagian pawon,
aku lan Joko bakal mbangun tenda lan pager, Udin lan Beni
bakal mbangun bagian pawon.” Jare Bagus.
“Siap, aku karo Edo tak njikuk barang-barange neng
truk sikik ya.” Wangsulane Bima.
“Nggawane sak isane wae, aja langsung digawa kabeh
ndak malah tibo.” Piweling e Bagus.
“Siap!” wangsulane Edo.
Bocah-bocah kuwi banjur pada nglakokke tugas e
dewe-dewe. Udin lan Beni kang wis rampung mbangun
bagian pawon ngewangi Edo nata pawon, nanging bocah loro
kuwi pada kerja karo guyon dadi Udin ora weruh minangka
ana tali tenda kang nglewer banjur kesrimpet. Banyu ing
ember kang digawa Udin wutah lan marakke kemul kang
didelehke Bima ing pinggir tenda teles.
“Waduh, kemule teles, Ben, piye iki?” kandane Udin.
172
“Lha kowe kok, mlaku kok ra ngematke dalan.”
Wangsulane Beni.
“Lha kowe mau ndadak ngelawak barang kok,
marakke aku ngguyu njuk ora fokus karo dalan.” Sambat e
Udin ra trimo.
“Yo wis, saiki mending kemule dipepe sikik ben
garing mumpung isih panas.” Beni ngalah.
“Iki mending dipepe neng ngendi?” Jare Udin.
“Dipepe nang wit kuwi sikik wae, ning sek rada
mburi supaya Bima ra weruh nek kemule teles, ndak awake
dewe diamuk mengko.” Usule Beni.
“Iya neng kana wae, mengko aja lali dijipuk meneh
ya.” Wangsulanne Udin.
“Iya.” Jare Beni.
Rampung mbangun tenda, peserta lan panitia ishoma,
sing Islam Sholat ing Masjid, sing Kristen lan Katolik
persekutuan doa ing sekretariat, uga sing Hindu lan Buddha
uga persembahyangan ing sekretariat. Rampung pada
sembayang banjur masa king tendane dewe-dewe. Ing
sanggane Bagus masak jangan kangkung, Edo entuk tugas
ngeliwet sega, Bima masak jangan kangkung e, Bagus
nggoreng tempe, Joko ngulek sambel, Beni lan Udin asah-
asah.
173
Sakwise ishoma, para peserta ujian perkemahan
banjur nglaksanakake kegiatan ingkang sampun karantam ing
susunan acara ujian perkemahan, yaiku nggawe kerajinan
tangan. Para peserta ujian perkemahan pada nggawe kerajinan
tangan saka plastik. Sanggane Bagus pada nggawe kembang.
Kegiatan nggawe kerajinan tangan pungkasan tabuh 16.00,
para peserta ujian perkemahan banjur pada adus lan masak
kanggo makan malam. Sakwise rampung masak, para peserta
ujian perkemahan banjur ngadakake sembahyangan. Tabuh
19.30 para peserta ujian perkemahan kempal ing lapangan
kanggo maem sesarengan.
Tabuh 21.00 para peserta ujian perkemahan banjur
pada turu ing tendane dewe-dewe. Nalika tabuh 23.00 para
peserta ujian perkemahan pada ditangekke kanggo jurit malam.
Sak durunge mangkat, para peserta ujian perkemahan pada
kempal ing lapangan kanggo mirengake arahan saking
pembina. Sakwise diparingi arahan saking kakak pembina,
para peserta ujian perkemahan banjur pada mangkat.
Para peserta mlaku mlebu alas, ing tengah dalan, para
peserta kang mangkat jurit malam ing urutan dhisik diweruhi
putih-putih kang gumantung ana ing wit kan gedhe banget.
Para peserta kuwi banjur mlayu ana jero alas amarga keweden.
Sanggane Bagus uga weruh putih-putih ingkang gumantung
ing wit kang gedhe banget.
174
“Astagfirullah, apa kuwi?” jare Bima.
“P-pocong, kuwi pocong ta, aku ora kleru weruh ta?”
jare Edo.
“Wes, wes sing tenang, setan kuwi jane wedi karo
manungsa, mulakno ayo saiki pada Ndonga wae.” Jare Bagus
nenangake kanca-kancane.
“ K-kok ora ilang pocong e, piye iki wes ana dongane
lima agama kok isih ada setan e?” jare Edo keweden.
“Yo, wis, nek pocong e ra ilang-ilang, saiki akdewe
wae sik ngilang. Siji…..loro….MLAYUUUU!!!” jare udin.
Bocah-bocah ing sanggane Bagus pada mlayu mlebu
ing jero alas. Amarga ora nggatekke dalan, bocah-bocah kuwi
pada misah. Pembina lan panitia ingkang ana ing bumi
perkemahan pada bingung amarga para peserta ujian
perkemahan durung ana sing tekan ing bumi perkemahan.
Amarga wis lewat sakjam saka rundown, para panitia
banjur nyusul para peserta kang jurit malam mau. Pas
ditelusur ing jalur kang sampun ditentokake, bocah-bocah
mau ora ketemu, malah panitia kuwi weruh putih-putih
ingkang gumantung ing wit kang gedhe.
“Astagfirullah!” kakak pembina 1 kaget
“Apa kuwi? Ayo diceraki wae” jare kakak pembina 2.
175
“Walah, iki ki kemul, aja-aja para peserta ujian
perkemahan pada mlayu mlebu alas amarga ngira kain iki
setan.” Jare kakak pembina 1.
“Iya, saiki mending ngomong karo pembina lan
kanca-kanca panitia liyane supaya bisa nggoleki peserta ujian
perkemahan bareng.” Jare kakak pembina 2.
Para panitia lan kakak pembina banjur nggoleki para
peserta ujian perkemahan kang mlayu ana jero alas amarga
wedi karo kemul kang gumantung mau. Sakwise para peserta
ujian perkemahan ketemu lan dikumpulakke ing lapangan,
kakak panitia banjur ngomong menawa putih-putih kang ana
ini wit mau dudu setan nanging kemul.
“Kok aku kaya kenal karo kemul kuwi ya?” jare Bima.
“Kuwi mau kemulmu to Bim, akum au weruh kowe
ndelehke kemul ing pinggir tenda.” Jare edo.
“Weh iya, kuwi kemulku, kok isa ana ing wit mau.”
Jare Bima.
“Bim, aku njaluk ngapura, kuwi mau aku karo Beni
ngutahke banyu ing nduwur kemulmu, akdewe wedi kowe
nesu banjur ora ngomong lan mepe kemulmu ing uwit kang
ana ing jero alas supaya kowe ora bisa weruh.” Jare Udin.
“Iya, Bim. Aku ya njaluk ngapura, aku mau lali
ngentas kemulmu, Kanca-kanca uga pada kesasar amarga
akdewe lali ngentas kemulmu.” Jare Beni.
176
“Iya, ora apa-apa.” Jare Bima.
“Woalah, sesuk meneh nek salah kuwi ngomong wae,
nek mung meneng-menengan bisa-bisa masalah e tambah
gedhe.sik penting kuwi wani ngakoni uga wani njaluk ngapura.
Saiki mending kowe wong loro ngomong karo kakak panitia
perkawis kemul iki banjur njaluk ngapura karo kanca-kanca.”
Jare Bagus.
Udin lan Beni banjur matur karo kakak panitia lan
kakak pembina perkawis kemul kang gumantung ana ing wit
gedhe mau deweke uga njaluk ngapura karo para peserta ujian
perkemahan kang kesasar mau. Sakwise njaluk ngapura, para
peserta banjur turu lan nglaksanakake kegiatan-kegiatan
perkemahan kang sampun karantam.
177
Kepleset
Szakhi Aditya Nugraha (35)
Jenengku Adit. Saiki aku kelas 11 sma ing kutha
Yogya. Aku nduweni pengalaman sing angel daklalekake.
Aku ket cilik tuwuh dadi bocah sing ora isa meneng guruku
biyen kandha yen aku pecicilane ora main. Nalika paud wae
contone meh ben dina ngusili kancaku. Pas tk aku tau nyurung
sirah kancaku menyang wit jenenge Agung. Mulane aku
dolanan penekan karo kancaku ujug2 dee teka lan nuthuk
sirahku nganggo stik drum, lha ya bocah tk iki dadi
panggonan nggo gelut. Nalika sd kelas 1 aku meh ditempeli
lem ning kursi karo guruku mergane pas pelajaran
kemuhammadiyahan aku mlaku mlaku ning kelas. Uga pas
kuwi aku tau nggawe mripate e kancaku getihan. Kuwi yo ra
kadadean nek ra ono awale. Ibukku nganti mumet ndelok
pecicilan ku biyen pas cilik hehe.
Ananging dibalik kuwi kabeh aku gedhe dadi bocah
kampung podo umume. Sapu lidi wes nunggu nek aku ora
ngaji bubaran Maghrib nek ora aku telat le salat lan ora gelem
sinau. Nalika kelas 2 sd contone aku karo kancaku jenenge
Damar,Dewa,Razan bubar sahur mlaku mlaku tekan kesel.
“Dit, ayo ngombe aku ngelak banget iki mlakune
kadohan mau.” Kancaku Damar ngejak batal poso.
178
“Aku yo ngelak lah mar opo meneh perutku sing
buncit iki lagi sedilit mlaku wae wes keroncongan, ning saiki
kan iseh poso” aku njawab
“ Wes, piye nek awak dewe ngombe banyu kran wae
ben ra ketauan bar ngombe ojo lali dilap yo” celetuke Razan
karo Dewa manggut2.
Bar kuwi aku lan kanca2ku mantuk ning omah nggo
turu lan ibukku iseh turu pas kuwi. Esuke aku karo kanca2ku
JJP maneh (jalan-jalan pagi).Nanging saiki agenda ne nggo
nyumet long/mercon aku nyumet mercon sing suarane paling
buanter,mercon disko jenenge aku klalen deleh e ning ngarep
omahe pak Dani sing ono ning pinggir sawah nanging tetep
sak kampung karo omahku. Bar kuwi pak Dani nesu lan
wenehi reti ibukku yen aku lan kanca2ku nyumet mercon hess
nangis2 aku bar iki sabetan sapu lidi wes nunggoni.
Seminggu keri bulan Ramadan aku lan kancaku
nduwe rencana meneh nanging saiki sing senyap lan adoh ben
ra ketauan. Aku lan kanca2ku ningan saiki ono kanca
wedokku jenenge Risna.Awak dewe ameh adus ning kali lan
mangkate ngepit2 bareng-bareng ben ora kesel.
“Ris ngko kowe ra diseneni wong tuwamu po nek
ketauan meh melu aku adus kali” aku takon
“Meneng2 wae makane,emange meh podo adus neng
endi e?”
179
“Ning kali Opak,Ris.” Damar nyauti
Banjur aku lan kanca2ku menyang kali Opak nggo
adus bareng. Nanging nalika ning dalan, ujug2 rantai pitku los
“Sek cah rantai pitku los, ngopo to yo ono2 wae.” aku
omong
“Tanda2 elek po yo mulih wae yo awak dewe wis
sepisanan batal poso soale ngko nek adus keombe batal neh.”
Dewa ngandhani
“Rapopo rantai ku wes ra los ayo mangkat neh.”aku
njawab
Tekan ning kali aku langsung “byur…”
“Dit,klambimu rung diculke teles ngko kowe ketauan
ibukmu” Damar ngelingke
“ Woiyo lali Mar walah yowes lah rapopo.” banjur
kanca2ku melu adus.
Nanging pas lagi penak-penak e adus, aku mlayu
ameh mlumpat aku ora ndeleng nek ning kono ono lumut asile
aku kepleset lan sirahku nabrak watu sing ono ning kali.
Getihe nyiram deres mudhun ngebaki awakku. Kanca-
kancaku podo bingung lan nyuwun tetulung marang wong
sing omahe cedak blumbang. Banjur aku digawa ning rumah
sakit lan dijahit 7 ning sirah sebelah kiwa aku isih eling rasane.
Bapakku pas kuwi isih mulang teng kampus lan aku dicritani
ibukku pisan nalika krungu aku digawa teng rumah sakit.
180
Saktekane ibukku teng rumah sakit,aku isih ora isa
ndeleng mergane mumet getihe akeh banget sing metu.Pas
wes sadar aku nyuwun pangapura marang ibukku yen gawe
susah ibukku lan janji ora bakal pecicilan maneh lan luwih
nurut opo-opo sing dikarepake lan diomongi ibukku. Kuwi
pengalaman sing ora bakal daklalekake lan cekap ngowahi
watak ku sing ket cilik pecicilan dadi luwih kalem.
181
Wicara Seka Wicara
Tirza Kinaya (36)
Mubarang ping ana sawong pangupadi sing nduwe
jeneng Pak Tabu manggon neng siji dhukuh sing edoh saka
kutha, lan cerak karo alas. Pak Tabu iki nduweni upadi ingon-
ingon pitik, ana macem-macem jenis pitik sing dheweke
upadekne yaiku pitik alas, pitik desa, lan ayama pedaging. Pak
Tabu iki yaiku wong sing sukses banget ning desane kabeh
wong ngabektine banget uga segan banget karo dheweke.
Karo kekedadeyanan upadine saka taun menyang taun nggae
dheweke dadi wong jeneng lan terpandang ning dhukuhe
bahkan uga dheweke dadi terkenal ning macem-macem desa
sing ana ning sekitar dhukuh dekne kabeh.
Saben dina upadi pitike sambiyen ana sing tuku lan
uga ana sing memesan tekan 100 ekor. Tentu wae perkara iki
agawe Pak Tabu dadi wong sing sugih banget neng dhukuhe
bahkan uga ketenaran kesugihan dirungu tekan menyang
kutha.
Saben dina dheweke sambiyen nggatekake lan
ngerawat kabeh pitik sing diupadekne, sakwise upadine
tambah ningkat saka taun menyang taun, banjur dheweke
berencana arep mempekerjakan karwayan kanggo ngewangi
ngurus pitik-pitik sing diupadekne. Sakwise dheweke
182
mempekerjakan karyawan, Pak Tabu banjur mengurus
kanggonan manejemen upadine lan sisan dadi bos.
Mubarang wektu kabeh karyawannya diwenehi
kesempatan kanggo menikmati dina libur lan sacara otomatis
kabeh kemempengan urusan keresikan kadang samubarang
macam dijupuk alih karo pak tabu.
Pas mubarang wektu dheweke pengen ngresiki
kandang pitik lan beberapa ekor pitik, tiba-tiba wae ana
sekelompok anak cilik teka dolanan menyang panggonan
kandang pitik duwene.
Sementara dheweke ngumbah kandang lan kabeh
pitik-pitike disimpen ning siji kadang lantai isor, tanpa
dheweke eling, siji ekor pitik alase metu saka kadange, untung
wae sawong anak cilik sing lagi dolanan ning sekitar kandang
duwe Pak Tabu nangkep pitik alas kuwi lan puji tuhan pitike
kedadeyan ditangkep karo anak cilik kuwi, sementara Pak
Tabu ora tahu yen pitike metu kandang lan sing nangkepe
yaiku sawong anak cilik.
Banjur si anak cilik iki mengembalikan pitik kuwi
marang pak tabu, sontak wae tembung pak tabu, “Heh kowe
kapakake pitik kuwi?”.
Anak cilik iki rumangsa heran jarene “Kula namung
mengembalikan ayam niki , mergi ayam niki wau
lolos medal kandang”
183
Tembung pak tabu sakwise krungu panggamblangan
anak cilik kuwi “Halah alasan wae kowe! Tok Apakake pitik
kuwi?” anak cilik mau mung isa geleng-geleng sirah.
Kepati-pati Pak Tabu wanti-wanti anak cilik kuwi
“Gek cepet, kowe kapakake pitikku mau? Yen mau
kowe nyabuti wuluhe, ya aku bakal nglakoke perkara
sing padha, tak cabuti lho wulumu”. Tiba-tiba wae anak cilik
kuwi tutur “kula jujur kamawon nggih pak , wau kula
saleresipun purun ngambung bokong ayam niki. Siyos
pripun Pak ? Bapak badhe numindakake menapa, Pak ?”
lan dadine si pak tabu iki pun tercengang lan mung isa
menggaruk sirah uga memukul endhase dhewe. anak cilik
kuwi pun geguyu bahak-bahak lan lompat karo bungah.
184
185