The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by tyradhia, 2022-02-10 21:00:38

Modul 5 Wirausaha Budaya Jawa PPG

Modul 5 Wirausaha Budaya Jawa PPG

Para rawuh ingkang satuhu luhuring budi, mawantu-wantu panyuwunipun
Bp/Ibu Somo Dikromo gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken
anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning
pahargyan ing siang/dalu menika.
Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging
atur lan sampun kumawani tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur
keparenga diagung ing pangaksami. Billahittaufiq walhidayah,
wassalamu'alaikum wr.wb.

Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi cara milih salah siji wangsulan kang
panjenengan anggep paling trep!

1. Sesorah ing dhuwur kalebu sesorah kang ancase…
a. ajak-ajak
b. atur panglipur
c. atur pangertosan
d. atur parentah
e. atur - atur

2. Miturut pilihan tembung lan reroncening ukara, sesorah ing dhuwur
paling trep nggunakake metode….
a. impromptu (dadakan)
b. naskah
c. cathetan (ekstemporer)
d. apalan.
e. campuran

3. Salam pambuka sesorah ing dhuwur ana ing ukara…
a. Assalamualaikum Waroh matullohi Wabarakhatuh
b. Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para
sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning
kautamen.Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating

47

praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih
ingkang satuhu pantes sinudarsana.
c. Puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang
Maha Agung, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun
kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga
wonten ing wekdal menika kula panjenengan saged makempal
wonten papan menika kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih
alangan setunggal menapa.
d. Sagung para rawuh ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung
miwah putri.saha para pangreh praja ingkang dhahat kinurmatan.
e. Nuwun matur nuwun
4. Wusana sesorah katulis ana ing ukara…
a. Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur

lan sampun kumawani tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur
keparenga diagung ing pangaksami.
b. Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
c. Para rawuh ingkang satuhu luhuring budi , mawantu-wantu
panyuwunipun Bp/Ibu Somo Dikromo gotrah kulawarga, keparenga
andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi
titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika.
d. Para rawuh ingkang satuhu luhuring budi,
e. Matur nuwun
5. Wigatine sesorah ing dhuwur yaiku…
a. ngaturaken sugeng rawuh, nyuwun pangapunten marang para rawuh
amarga kang kagungan kersa ora isa ngaturi dhaharan lan lenggahan
kang becik
b. ngaturake panuwun amarga wus diparingi pangestu saha
pambiyantu arupa sumbangsih
c. ngaturi pawarto bilih akad nikah wus katindakake

48

d. nyuwun pangapunten marang para rawuh amarga kang kagungan kersa
ora isa ngaturi dhaharan lan lenggahan kang becik lan Ngaturake
panuwun amarga wus diparingi pangestu saha pambiyantu arupa
sumbangsih

e. nyuwun donga
6. Pamedhar sabda nyuwun pangapunten marang para tamu amarga….

a. para tamu kudu paring sumbang sih
b. k a n g kagungan gati rumangsa ora bisa ngaturi palenggahan lan

dhaharan kang pantes
c. kang kagungan gati ngaturi para tamu ora kondur nganti adicara rampung
d. kang kagungan gati ora bisa matur langsung
e. kang kagungan kersa ora bisa rawuh.
7. Kang kagungan gati miturut sesorah ing dhuwur yaiku…
a. Bapak/Ibu Somo Dikromo
b. Bapak/Ibu Harjo Dikromo
c. Bapak/Ibu Ninik Sulastri
d. Bapak/Ibu Nono Haryono
e. Bapak Sukarmin
8. Tembung “purwaka” duwe teges..
a. kapisan
b. kapindho
c. katelu
d. kapapat
e. pungkasan
9. Kang diarani variasi swara ana sesorah yaiku….

a. suara kang banter
b. suara kang lirih
c. mandeg orane suara
d. cendhek dhuwur , wirama, lan kendele swara
e. bener salahe pocapan

49

10. Trapsila utawa tata krama , ana ing sesorah kalebu solah bawa. Nalika
sesorah solah bawa , cara matur, aja digawe – gawe. Nalika sesorah ora
prayoga kakehan obah. Becike anteng, manteb ananging ora kaku. Bab
kang katulis ing dhuwur diarani….
a. suba sita
b. busana
c. olah swara
d. sikap
e. susastra

11. Bab kang kudu digatekake nalika praktik sesorah
a. polatan aja mbesengut
b. ngadi sarira
c. naskah
d. metode
e. cengkorongan

12. “Basa kang digunakake kudu dironce dadi ukara kang trep karo
pamiyarsa kang ana. Pilihan tembung kang luwes, becik, supaya
kepenak dimirengake lan jumbuh karo swasana lan ancasing sesorah.
Ragam basa (ngoko, ngoko alus, karma, utawa karma inggil) kang
dipilih kudu jumbuh karo swasana.” Kalebu bab….
a. busana
b. basa lan sastra
c. sikap
d. swara
e. solah bawa

13. [ // ] ana ing sesorah tegese
a. koma
b. titik
c. swara munggah
d. swara mudhun
e. mandheg

50

14. [ / ] ana ing sesorah tegese
a. koma
b. titik
c. swara munggah
d. swara mudhun
e. leren sedhela.

15. Munggah saha mudhune swara ing sesorah kasebut…
a. jeda
b. intonasi
c. koma
d. erem
e. volume

16. Bab kang kudu digatekake ana ing sesorah yaiku..
a. Ilustrasi
b. busana kang pantes
c. naskah
d. abstrak orane konsep
e. tema sesorah

17. Nggunakake tuladha lan ilustrasi kang trep supaya para pamiyarsa
luwih gampang memahami konsep kang diaturake. Konsep kang asipat
abstrak kadhang angel dipahami dening pamiyarsa mula kudu diwenehi
tuladha lan ilustrasi supaya jelas. Bab kang katulis ing dhuwur kalebu
a. Teknik
b. Ancas
c. bab kang kudu disingkiri
d. bab kang kudu digatekake
e. bab kang kudu disiapake

18. Nggunakake solah bawa (gesture) kang trep kanggo mbangun
komunikasi kang luwih becik karo pamiyarsa. Nggunakake solah bawa
kalebu
a. Teknik

51

b. bab kang kudu disingkiri
c. bab kang kudu digatekake
d. bab kang kudu disiapake
e. bab kang kudu dilakoni
19. Sangu pokok pranatacara yaiku…
a. olah suara
b. olah raga
c. olah jiwa
d. matanggap
e. maraga
20. Metode apalan ing pranatacara kasebut uga…
a. Impromptu
b. Naskah
c. Manuskrip
d. Memoriter
e. Dadakan

52

KEGIATAN BELAJAR 3

BUSANA JAWA

1 wiwitan tekan pungkasan.

PENDAHULUAN

A. DESKRIPSI SINGKAT

Asil budaya Jawa iku ana maneka warna wujude, kayata gagasan, artefak,

sistem sosial, lan sapiturute. Asil budaya iku mau sejatine duwe teges filosofis lan

bisa digunakake kanggo wirausaha kayata asil budaya Jawa kanthi wujud busana.

Modul iki arep mbabar babagan busana Jawa kang duwe teges filosofi lan bisa

digunakake kanggo wirausaha. Sinau busana Jawa bisa digunakake menawa arep

ngedegake panggonan sewa busana tradisional Jawa.

Materi kang karonce ana ing modul iki duwe paedah kanggo mahasiswa

amarga pasinaon iki ngemot bab-bab kang ana gayutane karo busana Jawa.

Nganggo busana Jawa iku ora kena mung sasake dhewe amarga sejatine ana

paugeran sing gumathok. Bab-bab sing baku ana ing busana Jawa dibabar ana ing

modul iki. Materi ana ing modul iki karonce kanthi nggatekake kagunan ana ing

masarakat. Bab kang pingin digayuh ana ing pasinaon PPG yaiku.

Capaian Pembelajaran Sub-Capaian Pembelajaran

1. Menganalisis prinsip 1.1 Para siswa kaajab bisa njentrehake tegese

materi budaya Jawa dan busana Jawa.

aplikasinya dalam 1.2 Para siswa bisa njentrehake tegese busana

pembelajaran bahasa tradisional Jawa.

Jawa. 1.3 Para siswa bisa nyebutake bedane busana

Jawa dhaerah Yogyakarta lan Solo.

1.4 Para siswa bisa nyebutake filosofi busana

Jawa.

B. PETUNJUK BELAJAR
Modul sing digawe iki bisa digunakake minangka rujukan kanggo sinau

budaya Jawa ana ing PPG Basa Jawa. Materi kang katulis ana ing modul iki
diwenehi tuladha supaya anggone sinau luwih cetha. Saben pasinaon uga dikompliti
tugas lan soal ujian ana ing saben pasinaon. Soal ujian saben pasinaon wujude
pilihan. Tugas lan soal kasebut digawe kanthi ancas kanggo ngukur tekan ngendi

53

materi pasinaon uwis ditampa dening mahasiswa. Dosen minangka fasilitator
maringi materi, tugas, lan soal ujian kanggo mahasiswa supaya ilmu kang ditampa
dening mahasiswa ora ana sing kecer.

Sanajan saben pasinaon wus ana tugas lan soal ujian, modul iki uga
nyepakake tugas lan ujian kang ngemot kabeh materi ing modul. Tugas lan soal
ujian kasebut wujude bisa digunakake kanggo ujian sing nemtokake lulus orane
mahasiswa. Cara pambiji soal kang wus disiapake yaiku:

Rentang biji:
90% - 100% = apik banget
80% - 89% = apik
70% - 79% = cukup
0 - 69% = kurang

Mahasiswa bisa lulus menawa biji ujiane luwih saka 80%. Menawa bijine kurang
saka iku, mahasiswa kasebut kudu mbaleni bab kang durung dikuwasani.

54

INTI
A. CAPAIAN PEMBELAJARAN
Mampu menganalisis prinsip materi budaya Jawa dan aplikasinya dalam pembelajaran bahasa
Jawa.

B. POKOK-POKOK MATERI

BUSANA HAKIKAT BUSANA
JAWA BUSANA JAWA TRADISIONAL
SURAKARTA
BUSANA
TRADISIONAL BUSANA
TRADISIONAL
JAWA YOGYAKARTA

Gambar 1: Pokok-pokok materi Busana Jawa

C. URAIAN MATERI
1. Hakikat Busana Jawa

Asil budaya Jawa iku cacahe okeh banget, kayata sistem sosial, gagasan, arsitektur, lan
sapiturute. Busana Jawa minangka salah sawijining bukti sugihing pamikiran wong Jawa.
Wong Jawa anggone nganggo busana ora mung saksake thok. Ana paugeran kang kudu
dimangerteni. Paugeran-paugeran kang gumathok ana ing panganggoning busana Jawa uga
duwe teges filosofi. Kabeh kang dinggo masarakat Jawa iku duwe teges utawa maksud kang
ana gandheng cenenge karo uripe manungsa. Bab iki ora uwal saka pamikirane masarakat Jawa
yaiku “manunggaling kawula Gusti”.

Busana yaiku klambi kang dinggo nutupi awak. Kanthi luwih cetha Noerhadi (2012: 9)
ngandharakre “menawa manungsa iku nganggo busana bisa ditampa kanthi wiyar, sanajan apa
kang sinebut busana iku akeh banget variasine, nutupi kabeh awak utawa ana sing mung
tambahan kanggo riasan awak”. Saka andharan iku bisa dipethil menawa busana ora amung
kain kang nutupi awak, ananing kabeh kang digunakake ana ing awak sanajan ancase kanggo
hiasan kayata blangkon lan keris. Sanajan blangkon lan keris ora digunakake kanthi ancas
nutupi awak, ananging bisa kalebu ana ing busana kang anggone nggunakake wis sepaket karo

55

barang-barang liyane.

2. Busana Tradisional Jawa
Masarakat Jawa duwe busana tradisional kang dadi titikane wong Jawa. Busana

tradisional iku wis ana wiwit saka jaman biyen. Bab iki ngandharake menawa wong Jawa iku
lantip ing pikir. Saka bab busana wae dipikirake kanthi tenanan. Ora amung nyawang saka
paedahe nutupi awak, busana tradisional Jawa digawe kanthi nggatekake unsur estetika lan
nilai filosofis busana kang digunakake. Tuladha gampangane yaiku cacahe benik ana ing surjan
mapan ing dhadha kiwa lan tengen kang bisa nuduhake ukara syahadat. Busana saben dhaerah
iku duwe titikan dhewe-dhewe. Ananging, modul iki amung arep fokus mbabar busana Jawa
kang digunakake ana ing wilayah Surakarta lan Yogyakarta. Budaya kang diwulangake ana ing
sekolah biasane njupuk kiblat ana ing pusat kabudayan. Ing tlatah Jawa, pusat kabudayan kang
digunakake kiblat yaiku keraton Surakarta lan Yogyakarta. Mula anggone sinau diwatesi ana
ing loro iku mau.

Sanajan kraton Surakarta lan Yogyakarta iku panggonane cerak, ananging busana kang
digunakake duwe titikane dhewe-dhewe. Supaya luwih cetha modul iki bakal mbabar bedane
busana Jawa khas Surakarta lan Yogyakarta.
a. Busana Tradisional Yogyakarta
1) Blangkon

Blangkon iku perangane busana Jawa kang mapan ana ing sirah. Kanthi luwih jangkep
Cisara (2018: 164) ngandharake menawa blangkon iku tutup sirah sing digawe saka batik lan
dinggo dening wong lanang minangka jangkepe busana trasisional Jawa. Carane nganggo
blangkon kayanede nganggo topi. Blangkon iku busana kang digunakake dening wong lanang.
Supaya luwih cetha coba pirsanana gambar blangkon yogyakarta ana ing gambar 2. Blangkon
Yogyakarta iku mburine ana plenthukan sing rada gedhe, adate diceluk mondhol. Anane
mondhol ing sisih buri amarga wong lanang Yogyakarta jaman semana duwe rambut sing dawa
saengga butuh papan kanggo nyimpen rambut kasebut. Mondol iku digawe kanthi ancas
nyimpen rambut kang dawa iku mau. Sanajan saiki rambute wong lanang Yogyakarta akeh
sing cepak, ananging mondol ana ing blangkon kudu tetep ana. Ana ing sisih buri blangkon
Yogyakarta uga ana sliwiran sing rada gedhe kaya swiwi. Sliwiran iku mau adate diarani
jebehan. Menawa ing sisih ngarep blangkon Yogyakarta, ana lipitan kanthi cacah pitulas. Bab
iki minangka pralambang cacahe sholat fardlu ing sadina. Bab iki kanggo ngelingake masarakat
marang kwajibane marang Gusti, yaiku nindakake sholat.

56

Gambar 2: Blangkon Gaya Yogyakarta
(http://anggichin.blogspot.com/ dan https://www.kompasiana.com/)
2) Surjan
Surjan minangka busana adat kanggo wong lanang ing tlatah Yogyakarta. Busana
surjan mula bukane didamel dening Sunan Kalijaga nalika jaman Mataram. Tembung surjan
iku sejatine karakit saka tembung garba suraksa lan janma. Tembung suraksa duwe teges
“ngreksa/njaga” banjur tembung janma duwe teges “manungsa” saengga menawa digandheng
tembung surjan iku sejatine duwe teges kang njaga manungsa. Sunan Kalijaga minangka
panyebar agama islam damel busana kanthi teges filosofis kang ana gandheng cenenge karo
agama islam. Busana surjan digawe kanthi nggatekake cacahe benik lan wujude busana. Ana
ing sisih ngarep busana surjan katon ana benik cacahe loro. Benik iki nuduhake loro kalimat
syahadat ana ing agama islam kang unine Asyhadu an-laa ilaaha illallaah (‫)ا شهد أن لا إله إلا الله‬
lan Wa asyhadu anna Muhammadan rasuulullaah (‫)و اشهد أن محمد ر سو ل الله‬. Kalimat syahadat
kang kapisan tegese “aku nyekseni menawa ora ana Gusti kajaba Gusti Allah”, banjur teges
kang kapindo “aku nyekseni menawa Nabi Muhammad minangka utusanning Gusti Allah”.
Benik ing sisih ngarep uga ana sing mapan ing gulu cacahe telung pasang (enam wiji)
kang nggambarake rukun iman, yaiku iman marang Gusti Allah, iman marang malaikat, iman
marang kitab-kitab, iman marang rasul-rasul, iman marang dina akhir, iman marang Qada lan
Qadhar. Bab iki nuduhake menawa wong Jawa kudu percaya marang Gusti Allah lan tansah
kelingan marang dhawuhe Gusti. Ing busana surjan uga ana benik cacahe telu sing mapan ana
ing jero dadi ora ketok saka jaba, mapan ana ing dhadha cerake weteng. Benik sing ora katon
iku mau nuduhake telung hawa napsu manungsa kang kudu dilawan lan didhelikake, yaiku
nafsu bahimah (hewani), lawwamah (nafsu makan dan minum), lan syaitoniah (nafsu setan).
Amarga busana surjan iku duwe teges filosofis kang kaya mangkana, mula busana surjan uga
bisa diceluk busana taqwa, yaiku busana kang ngelingake sing nganggo supaya manut
dhawuhe Gusti Allah.

57

Gambar 3: Surjan antakusuma (https://www.instazu.com/)

Gambar 4: Surjan lurik (http://www.tjokrosuharto.com/)
Busana surjan iku jenise ana loro, yaiku surjan antakusuma lan lurik. Surjan-surjan
kuwi mau ijik ngrembaka ana ing masarakat, sanajan ora kabeh uwong nganggo surjan kanggo
busana saben dina. Bedane surjan antakusuma karo lurik iku mapan ana ing bahan lan motif
kang digunakake. Motif kang digunakake ana ing surjan antakusuma iku kembang, bab iki
trep karo tegese tembung antrakusuma yaiku “kembang mawarna-warna”. Tembung lurik
58

duwe teges corak lirik-lirik, mula wujude surjan lurik uga garis-garis. Supaya luwih cetha
pirsanana gambar 3 lan 4.

Surjan anatakusuma minangka busana penggedhene Mataram, mula kain kang
digunakake dudu kain sing padatane dinggo masarakat. Kain kanggo gawe busana surjan
antakusuma yaiku kain sutra sing kepenak digunakake. Surjan kang digunakake prawira karo
prajurit mesthi wae beda karo sing digunakake para penggede. Surjan kang digunakake yaiku
surjan lurik. Prajurit lan prawira ana ing keraton iku cacache akeh banget, surjan lurik sing
digunakake iso nuduhake status sosial abdi dalem ana ing kraton. Status sosial iku bisa
disawang saka gedhe cilike garis ana ing lurik. Surjan lurik kang garise gedhe nuduhake
golongan sosial kang luwih dhuwur tinimbang sing garise cilik.
3) Keris

Keris yaiku salah sawijining gaman kang digunakake ana ing Jawa, minangka tosan
aji sing penting ana ing jaman biyen lan bisa nuduhake kawibawan panganggone. Bab iki
jumbuh karo andharane Endrawati (2015: 138) menawa keris sering dijumbuhake minangka
pralambang, wiwit saka pralambang kawibawan, kawicaksanan, nganti kauripan. “Pangeran
Hadiwidjojo, panggedhe ana ing Keraton Surakarta, ngandharake menawa tembung “keris”
asale saka basa Jawa kuno sing dijlentrehake saka tembung ‘kris’, sing neng basa Sanskrit
tegese “nuncepake” (Siswanto, 2012: 75). Keris Surakarta wujude luwih gedhe tinimbang
keris Yogyakarta. Wujude keris ana loro, keris sing lurus lan keris sing ana luke. Supaya luwih
cetha pirsanana gambar 5.

Gambar 5: Keris Surakarta
Jenis keris loro iku mau duwe teges filosofis kang luhur. Keris sing lurus duwe teges menawa
manungsaa iku kudu teteg. Wong Jawa ora kena mencla-mencle apa kang wus duwe karep
kudu dilakoni kanthi karepe iku mau bisa kasembadan. Bab iki rada beda karo teges filosofis
saka keris sing ana luke, yaiku nuduhake kawicaksanan. Wong Jawa nalika nemoni perkara
kudu dipikir kathi permati lan ngati-ati. Kawicaksanan lan teteging karep iku mau kudu mlaku

59

bebaregan tumuju marang Gusti kang Murbeng Dumadi. Bab iki mau ginambar ana ing
pucuke keris kang lincip.

Mbabar babagan keris mesthi wae ora jangkep menawa ora ngomongke warangkane.
Warangka bisa dibedakake dadi loro, yaiku ladrang lan gayaman. Ladrang iku rangka keris
sing wujude kaya godhong lan lancip. Rangka keris jenis iki kena dinggo sapa wae, adate
dinggo masarakat lan para abdi dalem. Warangka gayaman rada beda karo warangka sijine,
warangka iki wujude bujel. Warangka gayaman adate digunakake dening para pangeran,
sentana dalem, bupati, lan para panggedhe. Supaya luwih cetha pirsanana gambar 6 lan 7.

Gambar 6: Warangka Ladrang (https://kerisku.id/)

Gambar 7: Warangka Gayaman (https://kerisku.id/)
Carane nganggo keris bisa kathi cara kang maneka warna. Adate masarakat Jawa ngnggo
keris ana ing sisih buri, diselipke ana ing lontong supaya ora tiba. Ananging sejatine keris bisa
dinggo ana ing buri, samping, bisa uga ana ing ngarep. Keris sing diselehake ana ing sisih buri
iso dinggo kanthih cara klabang pinipit, ngewal, satriya keplayu lele sinundukan, lan munyuk
ngilo. Panganggone keris kanthi cara klabang pinipit yaiku nyelipake keris ana ing jero
lontong sisih buri, anggone nyelehke keris rada miring, gandar ana ing sisih kiwa, banjur
wrangkane ndemok lontong. Cara nganggo keris klabang pinipit iki adate dinggo ana ing
Yogyakarta. Menawa ing Surakarta cara nganggo keris kang kaya mengkene diarani ngogleng.
60

Cara ngenggo keris kanthi ngewal arep padha karo klabang pinipit, bedane anggo keris
model iki keris e rada munggah sithik saengga wrangkane ora ndemok lontong. Cara nganggo
keris satriya keplayu yaiku keris diselehake jejeg ana ing tengah-tengah sisih buri.
Panganggone keris sing ora dimiringke kaya mangkono supaya anggone obah luwih kepenak,
adate cara iki digunakake nalika sing nganggo akeh gawean. Cara nganggo keris model
munyuk ngilo meh padha karo ngewal, bedane yaiku ana ing madhepe keris. Keris sing dinggo
kanthi cara iki gandare ana ing sisih tengen.

Cara nganggo keris nganggar yaiku nyelehake keris ana ilat-ilatan wadhah keris sing
ditrap ing bangkean. Cara kang kaya mangkene adate dinggo nalika lelungan lan menawa arep
gawa keris luwih saka siji. Cara ngganggo keris nyothe yaiku nggawa keris kanthi nylesepake
ana lontong ing bangkean ngiringan (nyothe A). Ananging nyothe uga bisa kanthi cara nggawa
keris ana ing sisih ngarep (nyothe B). Supaya luwih cetha pirsananan gambar 8.

Gambar 8: Cara nganggo keris (http://sang-edipeni.blogspot.com/)

4) Kebaya
Busana tradisional kanggo wong wedok Jawa yaiku kebaya. Yogyakarta digawe

nganggo kain brokat. Kain brokat iku minangka kain sulaman kang ana motife, nanging
amarga sulamane sing rada arang-arang kain iki semrawang menawa dinggo mula sadurunge
nganggo kebaya kudu nganggo kemben dhisik. Kebaya Yogyakarta bisa dinggo kanthi
polosan ngono wae, ananging uga bisa ditambahi payet lan bordiran supaya katon luwih
endah. Supaya luwih cetha, coba pirsanana gambar 9.

61

Gambar 9: Kebaya Yogyakarta (https://www.pinterest.cl/)
5) Jarit

Jarit yaiku kain batik kang dawa. Menawa batik iku minangka kain tradisional Jawa
kang digambari nganggo malam, yaiku salah sawijining jinis lilin kang mligi kanggo mbatik.
Corak batik iku maneka warna. Panganggone corak batik iku mau duwe pathokan kang kudu
diugemi. Warna kang dadi dhasare batik Yogyakarta adate putih, ananging ana uga sing
nganggo coklat karo ireng sanajan ora akeh. Motif batik Yogyakarta ana maneka warna kayata
naga, manuk, ilat geni, lan sapiturute.

Gambar 10: Panganggone jarit Yogyakarta (http://tasyarismiyanto.blogspot.com/)
Jarit ing jaman biyen digunakake minangka busana ngisor. Panganggone batik ing

jaman saiki luwih fleksibel, kena digawe busana dhuwuran barang. Ananging, panganggone
jarit kanggo busana ngisoran isih sering digunakake nganti saiki, mligine ana ing kraton-
62

kraton lan ing acara-acara tertamtu. Nganggo jarit iku ana paugeran kang kudu dinut.
Sadurunge dinggo, jarit iku kudune diwiru dhisik. Wiru yaiku tekukan-tekuan ing pucukane
jarit kang cacahe kudu ganjil. Gedhene wiron iku ya ana aturane. Wiru kanggo wong wedok
gedhene rong driji, kanggo wong lanang gedhene telung driji. Menawa ing Yogyakarta garis
putih ing pucuke jarit kudu diketokake, mapan ana ing tengah utawa pinggir lipitan. Carane
nnganggo jarit ing Yogyakarta diukel miring saka kiwa dhuwur marang tengen ngisor. Supaya
luwih cetha coba pirsanana gambar 10.

Cara nganggo batik antarane wong lanang lan wong wedok iku dibedakake ana ing
arahe. Menawa wong lanang jarik dinggo saka tengen muter maring kiwa, ananing menawa
wedok sawalike. Supaya kenceng jarik sing wis dinggo diblebet nganggo stagen ana ing
bangkean. Sawise distageni, ditutup nganggo lontong, banjur pungkasan diwenehi kamus sing
wujude meh kaya setut. Supaya luwih cetha kepiye carane nganggo jarit, coba panjengenan
pirsani video tutorial kang wis dicepakke ana ing web ppg basa Jawa.

b. Busana Tradisional Surakarta
1) Blangkon

Blangkon Surakarta lan Yogyakarta iku menawa disawang kaya-kaya wujude padha,
ananging sejatine ana bedane. Supaya luwih cetha coba gatekna gambar blangkon ana ing
gambar 11.

Gambar 11: Blangkon Gaya Surakarta (https://photo.trubus.id/)
Bedane blangkon Surakarta karo Yogyakarta sing paling ketok iku ana ing sisih buri.
Blangkon Surakarta iku burine trepes ora kaya blangkon Yogyakarta. Bab iku bisa kadadean
amarga wong lanang Surakarta jaman semana ora duwe rambut sing dawa saengga ora butuh
papan kanggo nyimpen rambut. Masarakat Surakarta jaman biyen wis kena pengaruh Landa
saengga gaya rambute okeh sing cepak. Wujude blangkon ana ing buri yaiku kataline pucuk
tengen lan kiwa, bab iki minangka pralambang ketemune jagad alit lan jagad ageng. Sanajan
mangkono, kataline pucuk tengen lan kiwa iku uga bisa nggambarake loro kalimat sahadat ing

63

agama islam yaiku Asyhadu an-laa ilaaha illallaah (‫ )ا شهد أن لا إله إلا الله‬lan Wa asyhadu anna
Muhammadan rasuulullaah (‫)و اشهد أن محمد ر سو ل الله‬.

Nganggo blangkon iku ana aturane, ora kaya nganggo topi biasa. Nganggo blangkon
iku carane pucuk ngarep diselehke bathuk banjur ditarik memburi. Cara nganggo kang kaya
mengkene duweni ancas supaya rambut sing nganggo blangkon bisa disilakke saengga katon
tumata lan kepenak disaawang. Menawa nganggo blangkon mung diselehke ngono wae saka
ndhuwur, rambut sing nganggo blangkon bisa wae ora tumata, dadi semrawut lan kurang
tumata.
2) Ageman Kakung

Busana ana ing Surakarta lan Yogyakarta ana sing beda sanajan biyen-biyene saka
sumber budaya sing padha yaiku budaya Mataram. Bab iki diwiwiti saka anane prajanjen
Giyanti nalika taun 1755. Isi prajanjen iku mau yaiku Pakubuwana III lan kompeni kang
ngakoni menawa Pangeran Mangkubumi duwe hak marang separo kekuasaane Sunan
Pakubuwana III (Hendro, 2017: 44). Kuwasa kang dibagi loro iku mau ora mung babagan
wilayah, ananging uga asil budaya kayata busana. Kasunanan Surakarta sing rumangsa sedulur
tuwa menehake kabeh busana adate kanggo Kasultanan Yogyakarta banjur gawe meneh
busana sing anyar.

Busana anyar kang digawe Kasunanan Surakarta ana maneka warna, mligine busana
kanggo wong lanang. Ing Surakarta busana kanggo wong lanang cacahe ana lima, yaiku
beskap, atela, sikepan, langenharjan, lan takwa. Busana beskap iku modele minangka
campuran antarane budaya Jawa lan Landa. Busana beskap di desain lan dijenengi dening
wong Landa. Tembung beskap dhewe minangka tembung kang kajupuk saka tembung
‘beschaaf’ (Landa) kang tegese “berkebudayaan”. Beskap iku ana rong macem, yaiku beskap
cekak lan landung. Beskap cekak iku mburine krowak, nganggo keris, ananging beskap
landung iku anggone nganggo tanpa keris amarga mburine buntet utawa tanpa krowak.

Atela meh padha karo beskap, sing marai beda amung mapane benik. Benik kang ana ing
beskap mapan ana ing tengen kiwa. Ananging, menawa atela, benik mapan ana ing tengah
wiwit saka gulu tekan ngisor. Busana sikepan iku kaya atela, ananging benike dibuka, njerone
nganggo rompi lan busana benikan (kemeja). Supaya luwih cetha gatekna gambar 12-14.

64

Gambar 12: Beskap lan Atel (https://graphixto.com/)

Gambar 13: Busana Sikepan (https://www.tradisikita.my.id/)

Gambar 14: Pakaian Tradisional Belanda
(http://arinditakartikanugraha151996.blogspot.com/ & http://www.zimbio.com/)
Busana langenharjan iku wujude kaya campuran antarane beskap lan jas saka Eropa. Busana

65

iki sing damel Mangkunegara IV nalika kondur saka Landa banjur diutus sowan ana ing
Pasanggrahan Langenharjo. Adate menawa sowan ing Pasanggrahan Langenharjo kudu
nganggo jarik, keris, lan sapiturute. Amarga lagi wae kondur saka Eropa, Mangkunegara IV
banjur nggabung busana Eropa karo busana Surakarta. Busana Langenharjan iku kaya jas
Eropa nanging krowak mburine, nganggo dasi kaya kupu, lan nganggo busana benikan
(kemeja). Menawa busana takwa wujude kaya surjan, burine krowak. Supaya luwih cetha coba
pirsanana gambar 14.

Gambar 14: Busana Langenharjan (https://fitinline.com/) lan busana takwa
3) Keris

Gambar 15: Bedane keris Surakarta lan Yogyakarta
(https://bergodo-dadapserep.blogspot.com/)

Keris Yogyakarta karo Surakarta wujude meh padha, mung bedane keris Surakarta
luwih gedhe tinimbang keris Yogyakarta. Ukiran ana ing keris Surakarta adate luwih alus
saengga menawa disawang ketok luwih mewah. Keris Yogyakarta menawa disawang katon
luwih prasaja lan klasik tinimbang keris Surakarta. Amarga ukurane sing luwih gedhe,
66

godhongan ana ing keris Surakarta bisa nganti rada mlungker ing pucuke lan rada munggah
ing pucuk sijine. Supaya luwih cetha pirsanana gambar 15.
4) Kebaya

Kebaya ana ing Surakarta padha karo Yogyakarta yaiku kanthi bahan kain brokat.
Ananging kebaya liya sing ngrembaka ana ing Surakarta, yaiku kebaya kang digawe saka
bludru utawa blenggen. Supaya luwih apik adate diwenehi bordir kanthi warna emas,
ditambahi bef utawa kutu baru. Menawa ditandhingake karo kebaya Yogyakarta, kebaya
Surakarta katon luwih tinutup lan prasaja. Supaya luwih cetha pirsanana gambar 16.

Gambar 16: Gambar kebaya Surakarta (https://id.pinterest.com/)
5) Jarik

Batik Surakarta adate ngaggo kain kanthi warna sogan yaiku campuran antarane
warna coklat enom, coklat tua, coklat semu kuning, coklat semu ireng, lan coklat semu abang.
Corak batik duwe teges filosofis dhewe-dhewe, mula ngaggo batik ora kena sasake, ana
paugeran kang kudu diugemi. Sarmini (2009: 675) ngandharake menawa batik minangka
ngemu gambaran sing isine pralambang sing ana gandheng cenenge karo bab filosofis sing
jumbuh karo cara urip (way of life). Batik iku minangka asil budaya kang bisa nuduhake status
ing masarakat Jawa. Ana batik kang bisa digunakake kabeh masarakat Jawa lan ana batik kang
mung bisa digunakake panggedhe kraton. Motif batik kang mung oleh digunakake kanggo
kaluarga kraton kayata motif parang. Batik motif karang iku ana maneka warna jenise. Batik
parang kang kerep digunakake ana ing keraton yaiku batik motif barong, glendreh, lan klitik.

Corak parang iku duwe teges filosofis kudu teteg anggone ngupaya. Tembung parang
dijupuk saka tembung pereng utawa lereng lan nggambarake ombak ana ing segara, mula
motif ana ing batik parang wujude kaya ombak kang digambar miring mengisor. Supaya luwih

67

cetha batik motif parang ombak kuwi kaya ngapa, coba pirsanana gambar 17.

Gambar 17: Gambar motif parang rusak (http://indonesianbatik.id/)
Batik parang barong adate dinggo minangka “pengageman dalem”. Motif parang barong
nuduhake menawa raja kudu ngati-ati nalika nglampahi kwajibane. Motif parang barong iku
luwih gedhe tinimbang gendreh lan klitik. Gedhe cilike motif mau bisa nuduhake posisine sing
nganggo. Parang gendreh adate minangka ageman permaisuri/garwanipun raja wujude luwih
cilik mbangane motif parang barong, ananging luwih gedhe tinimbang parang klitik. Saka telu
motif parang iku mau pancen parang klitik sing paling cilik, amarga parang klitik mligi dinggo
putra putri raja.
D. FORUM DISKUSI
1. Saiki coba gawea kelompok banjur ngrembug babagan bedane busana tradisional ana ing

Surakarta lan Yogyakarta!
2. Rembugen karo kanca sakelompok babagan wirausaha apa kang ana gandheng cenenge

karo materi busana Jawa banjur rembugna garapan kelompok panjenengan karo kelompok
liyane!

68

PENUTUP
A. RANGKUMAN
1. Busana yaiku busana kang dinggo nutupi awak lan kabeh kang digunakake ana ing awak

kayata blangkon lan keris.
2. Blangkon Yogyakarta iku mburine ana plenthukan sing rada gedhe, adate diceluk

mondhol. Anane mondhol ing sisih buri duwe ancas nyimpen rambut.
3. Surjan minangka busana adat kanggo wong lanang ing tlatah Yogyakarta kang didamel

dening Sunan Kalijaga.
4. Tembung surjan iku saka tembung garba suraksa lan janma yaiku kang njaga manungsa.
5. Ana ing sisih ngarep busana surjan ana benik cacahe loro kang nuduhake loro kalimat

syahadat.
6. Sisih ngarep uga ana benik sing mapan ing gulu cacahe telung pasang (enam wiji) kang

nggambarake rukun iman.
7. Busana surjan iku jenise ana loro, yaiku surjan antakusuma lan lurik.
8. Keris yaiku salah sawijining gaman kang digunakake ana ing Jawa, minangka tosan aji

sing penting ana ing jaman biyen lan bisa nuduhake kawibawan panganggone.
9. Wujude keris ana loro, keris sing lurus lan keris sing ana luke.
10. Warangka bisa dibedakake dadi loro, yaiku ladrang lan gayaman.
11. Sadurunge dinggo, jarit iku kudune diwiru yaiku digawe tekukan-tekuan ing pucukane

jarit kang cacahe kudu ganjil.
12. Blangkon Surakarta iku burine trepes ora kaya blangkon Yogyakarta.
13. Ing Surakarta busana kanggo wong lanang cacahe ana lima, yaiku beskap, atela, sikepan,

langenharjan, lan takwa.
14. Keris Yogyakarta karo Surakarta wujude meh padha, mung bedane keris Surakarta luwih

gedhe tinimbang keris Yogyakarta.
15. Batik Surakarta adate ngaggo kain kanthi warna sogan yaiku campuran antarane warna

coklat enom, coklat tua, coklat semu kuning, coklat semu ireng, lan coklat semu abang.

B. TES FORMATIF
1. Klambi lan saperangan piranti kanggo nutupi awak diarani ...

A. Busana
B. Antakusuma
C. Atela

69

D. Surjan
E. Langenharjan

Gambar 17: Busana Jawa

a

b
c

d

2. Gambar 17 nuduhake busana tradisional ana ing dhaerah...
A. Yogyakarta
B. Surakarta
C. Surabaya
D. Semarang
E. Madiun

3. Gambar 17a iku minangka piranti ageman kang jenenge...
A. blangkon
B. beskap
C. surjan
D. jarit
E. keris

4. Gambar 17b minangka ageman kang jenenge...
A. blangkon
B. beskap
C. surjan
D. jarit
E. keris

5. Gambar 17c minangka ageman kang jenenge...

70

A. blangkon
B. beskap
C. surjan
D. jarit
E. keris
6. Gambar 17d minangka ageman kang jenenge...
A. blangkon
B. beskap
C. surjan
D. jarit
E. keris
7. Mondhol ana ing blangkon Yogyakarta biyen-biyene digawe kanthi ancas ...
A. nyimpen rambut
B. lambang teteging ati
C. lambang kalimat syahadat
D. hiasan ana ing blangkon
E. lambang kawicaksanan
8. Sisih ngarep blangkon Yogyakarta ana lipitan cacahe .... sing nggambarake cacahe rokaat
sholat sadina.
A. lima
B. pitulas
C. enem
D. loro
E. sewelas
9. Surjan iku minangka busana tradisional saka...
A. Surakarta
B. Surabaya
C. Yogyakarta
D. Semarang
E. Madiun
10. Benik cacahe telung pasang ana ing gulu (sisih kiwa lan tengan) busana surjan iku
nggambarake...
A. hawa nepsu wong Jawa

71

B. cacahe sholat sadina
C. kalimat syahadat
D. rukun iman
E. rukun islam
11. Surjan kang duwe motif kembang-kembang jenenge surjan...
A. lurik
B. atela
C. antakusuma
D. langenharjan
E. sikepan
12. Busana Jawa kang isih bisa nuduhake busana Mataraman yaiku busana saka dhaerah...
A. Surakarta
B. Yogyakarta
C. Surabaya
D. Semarang
E. Madiun
13. Warangka kang digunakake dening panggedhe keraton diarani...
A. ladrang
B. jebehan
C. langenharjan
D. klithik
E. gayaman
14. Keris kang lurus tanpa luk iku duwe teges...
A. teteging ati
B. kalimat syahadat
C. rukun iman
D. kawicaksanan
E. hawa nepsu wong Jawa
15. Jarit Yogyakarta adate werna...
A. coklat enom
B. coklat tua
C. coklat semu kuning
D. putih

72

E. coklat semu ireng
Gambar 18: busana Jawa

16. Busana Jawa ing gambar 18 diarani...
A. beskap
B. atela
C. takwa
D. langenharjan
E. sikepan

Gambar 19: Busana Jawa

17. Busana Jawa ing gambar 19 diarani...
A. beskap
B. atela
C. takwa
D. langenharjan
E. sikepan

73

Gambar 20: Busana Jawa

18. Busana Jawa ing gambar 20 diarani...
A. beskap
B. atela
C. takwa
D. langenharjan
E. sikepan

19. Tembung beskap kajupuk saka basa Landa ‘beschaaf’ kang tegese...
A. kaendahan
B. prasaja
C. mbudaya
D. mewah
E. ngrembaka

20. Sing kalebu keris Yogyakarta yaiku...
A. Gambar 21: Keris (http://nughmedia.blogspot.com/)

B. Gambar 22: Keris (http://luk.tsipil.ugm.ac.id/)
74

C. Gambar 23: Keris (http://old.blades.free.fr/)
D. Gambar 24: Keris (https://kerisku.id/)
E. Gambar 25: Keris (https://www.romadecade.org/)

75

76

KEGIATAN BELAJAR 4
GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI

PENDAHULUAN

A. DESKRIPSI SINGKAT

Salah sawijine tujuwan utawa ancasing piwulang basa Jawa yaiku
ngrembakakake kawasisan, kaprigelan ing seni tradhisi gendhing Jawa lan
campursari. Ing piwulang ya pasinaon kawasisan seni tradhisi gendhing Jawa lan
campursari, bisa kaperang dadi 4 (papat); yaiku ngerti teori lan mumpuni praktek
nabuh gamelan lan nembang campursari, kanthi sangu: (a) ngerti lan paham laras
(Slendro apa Pelog), (b) wasis lan paham titilaras (nada) kanthi bener ora blero; (c)
bisa nglagokake kanthi bener, becik, lan nyenengake; (4) prigel lan trampil nganggit
nabuh gamelan gendhing-gendhing Jawa, lan nembang lagu campursari kanthi tema
kang maneka warna, ditulis lan dicakake kanthi bener, becik, lan nyenengake kang
padha ngrungokake. Gendhing Jawa lan nembang lagu campursari kalebu kawasisan/
kaprigelan ing babagan “kagunan seni” kang rinamu gamelan, basa lan sastra;
kalebu kawasisan nabuh gamelan (karawitan) lan wicara (praktek nembang lagu
campursari).

Gendhing Jawa lan campursari mujudake salah sawijine kawasisan olahing
rasa, swara (seni); kanthi piranti musik gamelan lan basa kang kapacak ing
kurikulum lan kudu diwulangake ana ing SMP, MTs lan SMA/ SMK. Kawasisan
gendhing Jawa lan campursari mujudake salah sawiijine indikator kasil/ sukses lan
orane para putra siswa anggone sinau; amarga siswa kang wasis, trampil praktek
nabuh gamelan lan nembangake/ nglagokake tembang campursari, lumrahe alus
bebudene, nduweni wawasan lan ide kang akeh lan kawasisan milah lan milih lagu-
lagu Jawa kang becik, lan bisa nabuh gamelan utawa karawitan sarta bisa lagokake/
mraktekake lagu campursari kanthi bener, becik, lan nyenengake kang padha
ngrungokake. Modul gendhing Jawa lan campursari iki karakit kanggo para dwija
basa Jawa kang bakal mulangake materi gendhing Jawa lan campursari kanggo para
putra siswa.

77

Modul gendhing Jawa lan campursari kaperang dadi 2 (loro) yaiku materi
teori lan praktek utawa gladhen. Babagan materi teori gendhing Jawa lan campursari
ngrembug perkara: pangertening gendhing Jawa lan campursari, laras, pathet, irama,
jinising gendhing Jawa lan campursari, carane nabuh saben wilahan gamelan lan
campursari, para paraga seniman lan pangripta gendhing Jawa lan campursari,
tuladha gendhing-gendhing Jawa lan campusari, kang ana titilarase lan supaya
dipraktekake. Mula para dwija kudu tansah gladhen nabuh gamelan gendhing-
gendhing Jawa lan campursari, kang wusanane para siswa dadi tresna sarta gandrung,
lan wasis nabuh gamelan Jawa lan nembang lagu-lagu campursari.

B. PETUNJUK BELAJAR

1. Modul iki isine ngemot materi teori lan materi praktek/ gladhen.
2. Wacanen materi kang ana ing modul kanthi teliti lan premati!
3. Gawea cathetan / ringkesan bab-bab kang kok-anggep wigati/ penting!
4. Golekana sesambungan antarane materi kang ana ing modul karo

pengalamanmu ing kelas utawa ing bebrayan agung utawa masyarakat!
5. Wangsulana gladhen/ latihan soal-soal kang ana ing modul kanthi temen!
6. Kunci jawaban kang ana modul iki semak lan wacanen kanggo nyocokake

wangsulan kang ana tuladha ing gladhen.
7. Para dwija maringana biji kanthi rumus JB/JS X 100 !
8. Menawa bijimu 80, banjur lagi bisa nerusake maca kegiatan belajar 2;

ananging menawa bijimu kurang saka 80, kudu maca materi modul maneh
kanthi premati lan teliti!
9. Rembugen karo kanca dwija menawa ana materi kang kok-anggep angel/ ora
ngerti.
10. Pada dwija basa Jawa wajib tansah gladhen nabuh gamelan gendhing-
gendhing karawitan Jawa lan campursari kang wis kapacak ing modul iki,
pamrihe supaya tambah wasis lan mumpuni menawa praktek nabuh gamelan
gendhing Jawa lan nglagokake lagu campursari.

78

INTI

A. Capaian Pembelajaran:
Menganalisis prinsip materi budaya Jawa dan aplikasinya dalam

pembelajaran bahasa Jawa.

B. Pokok-Pokok Materi
1. Tegese gendhing Jawa
2 Gendhing –gendhing kangge Nabuhi Wayang Purwa
3. Gendhing-gendhing Laras Slendro lan Pelog
4. Wataking Gendhing
5. Guna lan Paedahe Gendhing-gendhing Jawa
6. Gendhing Adhedhasar Akehing Tabuhan
7. Istilah-istilah Sajroning Gendhing
8. Carane Nabuh Gamelan Gendhing Lancaran
9. Tuladha Gendhing Lancaran
10. Tuladha Gendhing-gendhing Lagu Dolanan
11. Tegese Campursari
12. Mula Bukane Campursari
13. Wujude Campursari
14. Pangripta Lagu Campursari
15. Alat Musik Campursari
16. Kelompok Campursari
17. Para Seniman Campursari
18. Tuladha Lagu Campursari

C. Uraian Materi

A. Tegese Gendhing Jawa

79

Gendhing iku nduweni 2 (rong) teges, yaiku: (a) juru utawa tukang gawe
gamelan. (b) Lagu utawa lelagon kang tuwuh/ metu saka suwaraning gamelan,
tuladhane gendhing karawitan Jawa. Wondene lagu utawa lelagon kang tuwuh utawa
metu saka suwarane manungsa diarani “gendheng”, contone tembang (gedhe,
macapat, tengahan, dolanan, lan liya-liyane). Mula ana tetembungan “ahli, mumpuni
utawa wasis gendhing-gendhing”, tegese wong kang pinter utawa mumpuni babagan
lagu-lagu karawitan, kanthi nggunakake suwaraning gamelan, lan uga wasis ing
babagan edi endahing suwara menawa pinuju nembang utawa nggerong).

Gendhing Jawa iku tuwuh utawa dumadi saka suwaraning gamelan kang
ditabuh, kanthi nggunakaken “laras” lan panabuhe nganggo “irama” lan “pathet”
kang gumathok (Padmosoekotjo, 1960: 47). Wondene cacah utawa jumlahe ricikan/
wilahane gamelan kang komplit itu cacahe ana 20 (rong puluh), yaiku.

1. Rebab 11. Kenong
2. Kendang 12. Kempul
3. Gender Barung 13. Ketuk dan kempyang
4. Gender Penerus 14. Clempung
5. Bonang Barung 15. Siter
6. Bonang Penerus 16. Siter Penerus
7. Demung 17. Gambang
8. Saron Barung 18. Suling
9. Saron Penerus 19. Gong
10. Slentem 20. Bedug

1. Laras

Laras yaiku suwara kang tumata lan gumathok. Gumathok tegese rikat
utawa cepet kedhering suwara sajroning wektu kang tinamtu, utawa gumathok iku
dhuwuring suwara. Sajroning gendhing-gendhing Jawa iku lumrahe ana 2 (rong)
laras, yaiku Laras Slendro lan Laras Pelog. Mula kanggo nggampangake sinau nabuh
gamelan utawi gendhing Jawa, nembang; perangan utawa peprincene laras siji lan
sijine ditengeri utawa ditandhani nganggo “angka” kang diarani/ kawastanan
“titilaras”. Wondene titilaras kang digunakake kanggo sinau nabuh gamelan ana
pamulangan utawa sekolah-sekolah, sanggar-sanggar seni utawa kursus-kursus;
gendhing-gendhing Jawa iku lumrahe nganggo “titilaras Kepatihan”, kang yasa RT.
Wreksodiningrat, saka Kepatihan ing Surakarta Hadiningrat. Titilaras utawa
titinadane adhedhasar urutan walahan utawa balungane gamelan, yaiku:

80

Gamelan Slendro: 1 2 3 5 6

Gamelan Pelog: 123 4567

a. Titilaras Gamelan Laras Slendro b. Titilaras Gamelan Laras
Pelog
1 = barang 1 = panunggul (bem)
2 = gulu 2 = gulu
3 = dhadha 3 = dhadha
5 = lima 4 = pelog
6 = nem 5 = lima
6 = nem
7 = barang

Larase gendhing-gendhing Jawa kang ditabuh lumantar suwaraning gamelan
iku bisa kaperang dadi 3 (telung) golongan, yaiku laras:

1) Cilik, yaiku laras kang suwarane cilik, methit utawa dhuwur; wiwit saka
“laras gulu gender penerus” ing perangan tengah mandhuwur. Prekara iki
larase padha “saron barung”.

2) Madya (tengah utawa sedheng), yaiku laras kang suwarane madya,
sedheng utawa tengahan; wiwit saka “laras nem gender penerus” ing
perangan tengah sapangisor . Bab iki larase padha larase “saron demung”.

3) Gedhe, yaiku laras utawa suwaraning gamelan kang gedhe utawa cendhek;
wiwit saka “laras nem gender barung/ gedhe” ing perangan tengah
sapangisor. Bab iki larase padha larase “slenthem” (Padmosoekotjo, 1960:

47).

2. Irama

Irama yaiku ukuran “lamban cepete” utawa “rindhik rikate” panabuhing
gamelan lan bola-baline dhong-dhing. “Dhong” tegese suwara kang antep, lan
“dhing” tegese suwara kang ampang.

Iramane gendhing-gendhing Jawa kang nggunakake panabuhing gamelan
iku bisa kaperang dadi 2 (loro), yaiku, irama:

81

(a) Lamba (irama 1/ 1 utawa siji/ siji, irama lancaran),
(b) Rangkep (irama tamban, irama wilet).

3. Pathet

Yaiku endhek dhuwuring gendhing utawa lagu. Pathet iku kang nemtokake
mapane gendhing lan matesi munggah mudhune panabuhing gamelan.
Panabuhing gamelan Slendro saha Pelog, antaraning siji lan sijine ana 3 (telu),
yaitu:

a. Gamelan Laras Slendro
1) Pathet 6 (Enem), kanthi dhasaring suwara laras 2 (loro, gulu);
2) Pathet 9 (Sanga), kanthi dhasaring suwara laras 5 (lima);
3) Pathet Manyura, kanthi dhasaring suwara laras 6 (nem).

b. Gamelan Laras Pelog
1) Pathet 5 (Lima), kanthi dhasaring suwara laras 1 (panunggul utawa
bem),
2) Pathet 6 (Nem), kanthi dhasaring suwara laras 5 (lima),
3) Pathet Barang, kanthi dhasaringsuwara laras 2 (loro, gulu).

B. Gendhing kanggo Nabuhi Wayang Purwa

Ing jaman dhisik gendhing-gendhing Jawa kang larase Slendro, lumrahe
kanggo ngiringi pentas utawa tontonan wayang purwa utawa wayang kulit, wondene
gendhing-gendhing Jawa kang larase Pelog, lumrahe kanggo ngiringi utawa nabuhi
wayang Gedhog. Ananging ing jaman saiki, sajroning nggelar pentas wayang
purwa utawa kulit nggunakake gendhing-gendhing Jawa laras Slendro lan Pelog mau
kanthi gentenan, kang mahanani suwasanane dadi becik lan kepenak dirungokake
lan ditonton. Wondene kang mbedakake yaiku wektune, kang kaprinci kaya ngisor
iki.

a. Pathet 6 (Nem) Laras Slendro lan Pelog; kanggo ngiringi utawa nabuhi
wayang purwa jam 21.00 – 24.00 WIB, wiwit jejer tekan perang prampogan utawa
perang gagal.

82

b. Pathet 9 (sanga) Laras Slendro lan Pathet 5 (lima) laras Pelog; kanggo
nabuhi utawa ngiringi wayang jam 24.00-03.00 WIB, wiwit jejer pandhita lan
metune bambangan utawa satriya utawa adegan gara-gara (panakawan: metune
paraga Semar, Gareng, Petruk, Bagong) tekan perang kembang utawa Cakilan.

c. Pathet Manyura Laras Slendro lan Pathet Barang Laras Pelog; kanggo
nabuhi utawa ngiringi wayang jam 03.00 – 06.00 WIB, wiwit sabubare perang
kembang (Cakilan) tekan rampung utawa paripurna yaiku tancep kayon (gunungan).
Diarani “manyura” ateges merak utawa nyedhak, maksude ing wektu iku wis prak-
esuk, wis cedhak esuk, pagelaran utawa tontonane wayang wis rampung.

C. Gendhing-gendhing Laras Slendro lan Pelog

1. Gendhing- gendhing kang Larase Slendro

a. Pathet 6 (Nem), tuladhane gendhing: Marasanja, Kadatonbentar, Prihatin,
Semukirang, Kadukmanis, Raranangis, Peksibayan, Meyanseta, Puspawedhar,
Lobaningrat, Pareanom, Lokananta, Udansore, Majemuk, lan liya-liyane.

b. Pathet 9 (Sanga), tuladhane gendhing: Bawaraga, Mawur, Lunthangkasmaran,
Danaraja, Kalunta, Daradasih, Genjonggoling, Gegersore, Menyankobar,
Madukocak, Onang-onang, Eling-eling Kasmaran, lan liya-liyane.

c. Pathet Manjura, tuladhane gendhing: Lambangsari, Gandrungmangu,
Dhalangkerinan, Damarkeli, Montrokendho, Jakolala, Randhanunut,
Prekututmanggung, Bangbangwetan, lan liya-liyane.

2. Gendhing-gendhing Laras Pelog

a. Pathet 5 (Lima), tuladhane gendhing: Kombangmara, Raranjala,
Sawunggaling, Mayangmengkar, lan liya-liyane.

b. Pathet 6 (Nem utawa Bem), tuladhane gendhing: Gonjanganom,
Sarayuda, Kadukmanis, Megamendhung, Randhukentir, Rujaksentul, lan
liya-liyane.

c. Pathet Barang, tuladhane gendhing: Maraseba, Muncar, Larasmaya,
Sriwidada, Kuwung-kuwung, Boyong, lan liya-liyane.

D. Wataking Gendhing

Saben gendhing iku nduweni watak kang maneka warna, gendhing siji lan
sijine ora padha kaya dene wataking manungsa. Gendhing ana kang awatak:

83

1. Sigrak utawa semangat, kayata gendhing Ladrang: Diradameta,
Kagokmadura, lan liya-liyane.

2. Lanyap (grapyak nanging alus), kayata gendhing Ladrang: Sriwibawa,
Tirtakancaana, lan liya-liyane.

3. Anteng (ruruh lan alus), tuladhane gendhing Ladrang: Gonjang-ganjing,
Kembangtanjung, lan liya-liyane.

4. Trenjuh (welas, memelas, terharu), tuladhane gendhing Ladrang:
Tlutur, Eling-eling Kasmaran, lan liya-liyane.

5. Gecul (lucu, Ngguyokake), tuladhane gendhing Ladrang: Mandraguna,
Gegot, lan liya-liyane.

6. Lega lan Gembira, tuladhane gendhing Ladrang: Pangkur (kang
dikibarake digarab kanthi sigrak ), Asmaradana (kang dikebarake), lan
liya-liyane.

E. Guna lan Panganggone Gendhing-gendhing

Watake saben gendhing iku ora padha, mula panganggone uga beda-beda.
Malah ana gendhing sing panganggone wis tartamtu utawa gumathok/ maton, kayata:

1. Gendhing-gendhing Patalon

Yaiku gendhing-gendhing kang dianggo “Talu” utawa pagelaran wayang
purwa utawa wayang kulit wis arep diwiwiti, yaiku gendhing:

1) Cucurbawuk
2) Pareanom
3) Ladrang Srikaton
4) Ketawang Sukmailang
5) Ayak-ayakan Manjura
6) Srepegan Manjura
7) Sampak Manjura

2. Gendhing-gendhing kanggo Jejeran utawa Adegan Kapisan

Sajroning pagelaran wayang purwa utawa kulit saben adegan utawa jejer
sepisanan gendhinge wis ditemtokake kanthi gumathok. Wondene gendhing-
gendhing ingkang kanggo ngiringi jejeran, yaitu menawa jejer utawa adegane:

1) Bathara Guru ing Kayangan Suralaya, gendhinge Kawit
2) Negara utawa Nata Amarta, gendhinge Kawit (gendhing-gender)
3) Negara utawa Nata Astina, gendhinge Kabor
4) Negara Dwarawati lan Nata liya-liyane, gendhinge Karawitan.

3. Gendhing-gendhing kanggo Ngurmati Tamu

84

Sajroning jejer utawa adegan sepisanan, menawa ana tamu kang teka diiringi
gendhing kang uwis tinamtu ditentokake; kayata jen tamune:

1) Nata Amarta sakadange, nganggo gendhing Ladrang Mangu.
2) Nakula dhewe (Sadewa dhewe), diiringi utawa ditabuhi gendhing

Ladrang Kembangpepe.
3) Baladewa, diiringi utawa ditabuhi gendhing Ladrang Diradameta

utawa Ladrang Sobrang.
4) Djanaka, ditabuhi utawa diiringi gendhing Ladrang Srikaton.
5) Lan liya-liyane.

4. Gendhing-gendhing Tartamtu lan Lija-lijane
1) Gendhing Kodhok-ngorek, kanggo ngiringi utawa nabuhi temune
panganten.
2) Gendhing Bojong, kanggo nabuhi jogede panganten lanang (ing
tajub).
3) Gendhing Gangsaran, suwuk dadi Ketawang Pisang-bali, kanggo
nabuhi gladhen perang utawa Beksan Wireng.

F. Gendhing adhedhasar Akehing Tabuhan utawa Thuthukan

Golongane gendhing adhedhasar akehing tabuhan utawa thuthukan iku
menawa kaperang ana warna 5 (lima), yaiku:

1) Gendhing Gedhe, yaiku tabuhane: kethuk 4 kerep, sakenongan 32
thuthukan, kenong 3 (telu), lan (papate bareng karo gong).

2) Gendhing Tengahan, yaiku kang tabuhane: kethuk 2 kerep, sakenongan
16 thuthukan, kenong 3 (papate bareng karo gong).

3) Gendhing Ladrangan, yaiku kang cacah tabuhane: kethuk 2,
sakenongan 8 thuthukan, kenong 3 (papate bareng karo gong).

4) Gendhing Ketawangan, yaiku kang tabuhane: kethuk 2, sakenongan 8
thuthukan, kenong 1 (lorone bareng karo gong). Wondene “Ketawangan
cilik” nganggo kempul, lan “Ketawangan gedhe” tanpa kempul.

5) Gendhing Lancaran, jaiku sakabehe gendhing sing panabuhe rikat
(seseg), kajata gendhing: Manyarsewu, Singanebah, Ricik-ricik,
Kebogiro, Bendrong, lan liya-liyane. Sajroning gendhing lancaran iku,
ana lancaran nibani (rada arang panabuhe), lan lancaran mlaku (panabuhe
seseg utawa rikat).

G. Istilah-istilah Sajroning Gendhing

1. Merong

85

Merong yaiku lelagoning gendhing kang durung munggah utawa durung
mundhak kethukane. Upamane gendhing: Gambirsawit, manawa durung munggah
panabuhing kethuk kaping 2 (loro, pindho), nanging yen wis munggah panabuhing
kethuk kaping 4 (papat). Gendhing yen lagi Merong iku uga kena ditembangi.

2. Buka

Manawa ora dibawani nganggo tembang, gendhing iku lumrahe diwiwiti
utawa dipurwakani nganggo buka. Sing dianggo murwakani (mbukani) gendhing,
sing lumrah utawa adhakan dhewe, yaiku rebab.

Tabuhe rebab arane kosok, mula ana bebasan “ora angon kosok” tegese
lugu: ora nggatekake tabuh rebab. Maksude: ora nggatekake unine rebab sing
dianggo mbukani gendhing, ndjalari kliruning panabuhe gamelan. Upamane: rebab
muni pathet sanga, salah-sidjine nijaga ana sing nabuh pathet manjura. Hla kliru,
marga ora nggatekake unine rebab sing dianggo mbukani. Surasane bebasan iku
diarani: ora ngelingi wektu.

3. Umpak-umpak

Umpak-umpak yaiku lelagoning tetabuhan ing sabubare utawa salebare
buka. Umpak-umpak iku lumrah ditembangi, nganggo cakepan parikan utawa
wangsalan.

4. Gerong

Gerong yaiku lelagoning tembang kang binarung utawa diiringi/ dibarengi
ing gendhing. Gendhing iku murih muyek lan gayeng, kudu digerongi lan
disenggaki. Bakuning gerong iku ing salebare umpak-umpak; dene senggakan iku
unen-unen sakecap utawa luwih kang sumela ing tengah-tengahe cakepaning gerong.

Sing adhakan dianggo nggerongi gendhing iku cakepane utawa syaire
tembang Kinanthi utawa Kinanthi Jugag. Ya ana gendhing kang digerongi
nganggo cakepan tembang salijane Kinanthi utawa Kinanthi Jugag, kayata nganggo
cakepane Sinom.

5. Gerong Luwih saka Sawarna

Sawenehe gendhing kena digerongi nganggo cakepane tembang luwih saka
sawarna; kayata gendhing Puspawarna kena digerongi nganggo cakepan Kinanthi,
bebarengan karo cakepan Kinanthi Jugag. Mung bae wiwite cakepan Kinanthi kudu
luwih dhisik, sebab isine cakepan iku luwih akeh (dawa) tinimbang cakepan
Kinanthi Jugag.

6. Sindhenan

86

Sindhenan yaiku lelagoning pasindhen (waranggana, seniwati) kang binarung
utawa dibarengi swarane gamelan lan pradangga (penggerong), supaya mundhak
muyek lan gajenge, kajaba digerongi lan disenggaki, gendhing iku nganggo
disindheni. Mung gendhing sing dianggo manembrana, ora lumrah disindheni lan
disenggaki. Geneja?

Sing nggerong iku lumrahe para nijaga (wiraswara), sing nyindheni
waranggana. Pasindhen (waranggana) wiwite tembang luwih kari tinimbang
niyaga, nanging tumekane andhegan, swarane pasindhen lan swarane niyaga bisa
mak-sreg bebarengan mandheg. Pepindhane, pasindhen karo nijaga iku kaja oyak-
oyakan. Nijaga mangkat dhisik, pasindhen nusul (nututi). Tekane ing panggonan
kang ditudju (gong) nunggal wektu, mak-sreg bebarengan mandheg.

7. Gendhing mawa Pedhotan

Gendhing iku ana sing sok dipedhot utawa leren sedhela, prelu diselani
tembang sing saemper bawa. Sarampunge tembang sing dianggo nyelani, bandjur
wiwit gendhing iku maneh. Tuladhane gendhing: Kutut Manggung,
Brondongmentul.

H. Carane Nabuh Gamelan Gendhing Lancaran

1. Gendhing Lancaran “ SINGANEBAH”, Laras Pelog Pathet Barang

Lancaran: wujud utawa bentuke lagu/ gendhing Jawa,
Singanebah: jenenge lagu / gendhing,
Laras: yaiku urutane nada saka sing cendhek dhewe tekan sing dhuwur
dhewe utawa sewalike.
Pelog: jenenge larasing gamelan utawa gendhing,
Pathet: wates suwarane gendhing utawa gamelan,
Barang: jenenge pathet ana ing laras pelog.
Gendhing Lancaran adhedhasar wujud balungane, bisa kaperang ana 2 (rong) jinis,
yaitu :

a. Lancara balungan Nibani
b. Lancaran balungan Mlaku
a. Wujud utawa bentuk “lancaran balungan nibani” nada utawa balungane kaya
ing ngisor iki:

87

. 3 . 5 . 6 . 5 . 6 . 5 . 7 . (6)

Tuladhane gendhing lancaran: Ricik-ricik, Manyarsewu, Bendrong, Singanebah,
lan liya-liyane.

b. Wujud utawa bentuk “lancaran balungan mlaku” nada utawa balungane kaya
ing ngisor iki:

3 1 3 2 3 1 3 2 5 6 1 2 1 6 4 (5)
1 2 1 6 1 2 1 6 5 6 1 2 1 6 4 (5)

Tuladhane gendhing lancaran: Tropong Bang, Purwaka, Kandhang Bubrah, lan
liya-liyane.

2. Miwiti Nabuh Gamelan utawa Gendhing

Menawa para niyaga utawa sing nabuh gamelan wis padha siyaga lan samapta
arep nabuh gendhing, kudu:

a. Tertib lan rapi ana sangarepe wilahan gamelan sing arep ditabuh.

b. Nggatekake suwaraning kendhang kang ajak-ajak arep miwiti nabuh gamelan
utawa gendhing bebarengan. Lumrahe diwiwiti kanthi “Ketukan kendhang” kang
unine: “Tek, tek, tek” ; kabeh niyaga utawa penabuh wis padha siyaga nyekel
tabuh gamelan lan ngrungokake aba-aba utawa pangajake kendhang.

c. Gembyangan Bonang Barung.
Sadurunge bonang barung miwiti utawa buka, luwih dhisik diwiwiti kanthi

buka “nggembyang” bonang barung, nabuh bonang kanthi swara utawa nada:

6 5 5 2 5 Atau 2 3 5. 3 6 5 3 2 6 5 5 2 / 5
Nem ma ma ro ma Utawa Ro lu ma lu nem ma lu ro nem ma ma
ro ma

Menawa suwara bonang wis muni “nggembyang”, mratandhani kabeh
niyaga utawa penabuh wis siyaga bakal miwiti nabuh bebarengan. Sabanjure niyaga
kang nabuh bonang barung wiwit buka utawa miwiti nabuh bonang barung tandha
gendhinge wis diwiwiti.

88

d. Buka “Bonang Barung” Lancaran Balungan Nibani

Sadurunge tekan gong buka gendhing, bonange milah; yen kurang 1 (siji)
gatra tumibaning gong buka, bonang wis wiwit nggembyang.

1) Milah : yaiku nabuh siji-siji kang padha karo nada utawa

notasi / titilarase.

2) Nggembyang : yaiku nabuh tangan loro bareng-bareng, kanthi

nadane sing ditabuh padha suwarane/ nadane.

Conto :

Buka : . 5 3 2. 5 3 2 . . 5 . (3)

. 5 3 2 . 5 3 2 . 3/3 . 3/3 .

Nggembyang sajroning gendhing lancaran dhasare nadha “dhong gedhe”.

Carane nabuh bonang sabanjure uga nggembyang kaya ing pambuka nadha kang
pungkasan, yaiku adhedhasar nadha (wilahan) “dhong gedhe”.

Conto :

. 5 . 3 . 5 . 3 . 5 . 3 . 6 . (7)
3/3 . 3/3 . 3/3 . 3/3 . 3/3 . 3/3 . 7/7 . 7/7 (.)

. 6 . 7 . 6 . 7 . 6 . 7 . 3 . (2)
7/7 . 7/7 . 7/7 . 7/7 . 7/7 . 7/7 . 2/2 . 2/2 .

Bisa dicoba dhewe kanthi tekun, tlaten, temen-temen lan kanthi gembiraning ati.

3. Carane Nabuh Bonang Penerus :

Nabuh sepisanan pas tumibaning gong pam buka, sabanjure nggembyang

saben gongan (gatra) kaping 5 (lima).

Conto:

.5.3 . 5 . 3 . 5 . 3 . 6 . (7)

3/3 . 3/3 3/3 . 3/3 . 3/3 3/3 3/3 3/3 3/3 7/7. 7/7 7/7

a bc a b c a b c a bc

a = ngembyang kapisan pas dhing cilik

89

b = nggembyang kapindho pas dhing gedhe
c = nggembyang katelu ing dhong gedhe
Sabanjure bisa dicoba kanthi gladhen lan dilatih dhewe kanthi tekun lan senenging
ati, conto balungan ing ngisor iki.

. 6 . 7 . 6 . 7 . 6 . 7 . 3 . (2)
. 3 . 2 . 3 . 2 . 3 . 2 . 5 . (3)
4. Carane Nabuh Balungan :
Kang diarani balungan yaiku ricikan (wilahan, instrument) : Demung,
Saron Barung lan Penerus, Slentem. Ricikan mau disebut balungan amarga carane
nabuh pas utawa padha angka utawa balunganing gendhing.
Conto:
. 3 . 2 . 3 . 2 . 3 . 2 . 5 . (3)

32323253

5. Carane Nabuh Saron Penerus :
. 6 . 7 . 6 . 7 . 6 . 7 . 3 . (2)
6 6 7 7 6 6 7 7 6 6 7 7 3 3 2 (2)

6. Carane Nabuh Kethuk/ Kempyang :
Gendhing irama lancaran, kempyang ora ditabuh.
Kethuk ditabuh saben “ dhing” (wilahan utawa tabuhan etungan ganep), lan
saben sagongan ditabuh kaping 8 (wolung).
Conto : + 3 + 6 + 5 + 6 + 3 + 6 + 3 + (2)
+ 5 + 3 + 2 + 1 + 3 + 2 + 1 + (6)
+ = tandha kethuk

7. Carane Nabuh Kempul :

90

Saben 1(siji) utawa sagongan “kempul” ditabuh kaping 3 (telu) tabuhan,
yaiku saben “dhong cilik”, gatra kapindho, katelu lan gatra kaping papat; wondene
gatra kapisan kempul ora ditabuh.

Conto:

. 1 . 6 . p1 . 6 . p1 . 6 . p5 . g3

V = tanda kempul

8. Carane Nabuh Gong :
Gong ditabuh pas akir buka yaiku sabubare bonang wiwit menggembyang,
lan seteruse saben-saben pungkasaning utawa akir lagu utawa pas kenong
kaping 4 (papat).
Conto :

Buka : . .532 .532 3/3.3/3g1 gong

...n. ...n. ...n. ...ng1 gong

9. Carane Nabuh Kendhang :
Kendhang sawise katabuh kanthi kaketek utawa diketek sadurunge buka,

kendhang wiwit ditabuh 2 (rong) gatra/ baris sadurunge tumibane gong ing
pambuka, yaiku kang unine: “tak – tak tung dhah tong tung – tong tung”,
kanthi lambang notasi utawa nadane kendhang, yaiku: “(ttpb .p.p)”.

Kanggo nabuh “Gendhing Lancarar”, kendhang kang ditabuh lumrahe
cacahe ana 2 (loro), yaiku kendhang ketipung (cilik) lan kendhang gedhe (bem,
ageng). Kendhang ketipung suwarane: tak (t) lan thung (p); wondene suwara “
tak” bisa ditabuh ing kendhang sisih kiwa, nganggo epek-epek tangan kiwa, lan
tangane tengen kanggo nekan ing sisih tengen. Suwara “tung (p)” bisa ditabuh ing
perangan utawa raine kendhang ketipung sisih tengen. Wondene kendhang gedhe
(bem, ageng) nduweni tugas utawa jejibahan kanggo suwara “dhah (b)”, kang
ditabuh kanthi dikebuk ing perangane kendhang kang sisih tengen.

91

1) Lambang (Tandha Notasi) Kendhangan Gendhing Lancaran:

Buka: t t p b . p . (p)

A. . p . p . p . p . p . p . p . (p)
1X

B. p p p p p b p p p b p p p b p (p)
ber X

C. b p p b p p b p p b p p p b p (p)
Salahan

D. p . p . p b p . b . p b . p p (.)
Suwuk

Katrangan :

t = tak p = tung b = dhah . = tong

A, B, C, D: kendhangan saben 1 (siji) cengkok sagongan.

A. Kendhangan ing wiwitane lagu lancaran (ing cengkok 1), ditabuh sepisan
wae.
B. Kendhangan kang ditabuh “makaping-kaping utawa dibolan-baleni”,
miturut kabutuhane sawise cengkok 1.
C. Kendhangan “salahan” kanggo ngendhangi ing saben cengkok
pungkasan ing gendhing lancaran.
D. Kendhangan “suwuk” kanggo ngendhegake gendhing lancaran; ditabuh
mung sepisan yen arep mandheg utawa rampung.

I. Tuladha Gendhing-gendhing Lancaran

1. Lancaran “Manyarsewu”, Laras Pelog Patet Barang.

Buka : . . 7 . 6 . 7 . 6 . 5 . (3)

t t pb . p . p

. 5 . 3 . 5 . 3 . 5 . 3 . 6 . (5)  cengkok I

92

.p.p.p.p.p.p.p. .

. 6 . 5 . 6 . 5 . 6 . 5 . 3 . (2)  cenkok II
pppppppppppppppp

. 3 . 2 . 3 . 2 . 3 . 2 . 7 . (6)  cengkok III
pppppppppppppppp

. 7 . 6 . 7 . 6 . 7 . 6 . 5 . (3)  cengkok IV
bppbppbppppppbpp
Salahan
p . p . p b p . b . p b p p p (.)  kd suwuk.

2. Lancaran Ricik-ricik; Laras Pelog, Pathet Barang
Buka : . 6 . . 3 5 6 . 5 3 2 . 7 . (6)
// . 3 . 5 . 6 . 5 . 6 . 5 . 7 . (6)
. 3 . 5 . 6 . 5 . 6 . 5 . 7 . (6)
. 3 . 2 . 3 . 2 . 3 . 2 . 7 . (6)
. 3 . 2 . 3 . 2 . 3 . 2 . 7 . (6) //

3. Lancaran “Gugur Gunung”, Laras Pelog, Pathet Barang
Buka : . 3 2 5 . 6 . 5 . 7 . 6 . 5 . (2)
// . 6 . 7 . 6 . 7 . 3 . 5 . 7 . (6)
. 2 . 7 . 2 . 7 . 6 . 5 . 2 . (3)
. 5 . 6 . 5 . 6 . 2 . 3 . 6 . (5)
. 2 . 3 . 2 . 3 . 6 . 5 . 3 . (2) //

4. Lancaran “Kebogiro”, Laras Pelog, Pathet Barang

Buka : 5 6 7 2 7 3 7 2 7 6 7 (5)

// . 6 . 5 . 3 . 2 . 3 . 2 . 6 . (5)

. 6 . 5 . 6 . 7 . 6 . 7 . 6 . (5)

. 6 . 5 . 6 . 7 . 6 . 7 . 6 . (5)

93

. 7 . 6 . 3 . 2 . 3 . 2 . 6 . (5) //

5. Lancaran “Rena-rena” , Laras Slendro, Pathet Manyura.

Buka : . 2 3 5 . 3 6 5 . 3 . (2)

// . 3 . 2 . 3 . 5 . 6 . 5 . 3 . (2)

. 3 . 2 . 3 . 5 . 2 . 3 . 5 . (6)

. 1 . 6 . 3 . 2 . 3 . 2 . 1 . (6)

. 1 . 6 . 3 . 2 . 3 . 2 . 1 . (6)

. 2 . 3 . 2 . 1 . 6 . 5 . 3 . (2)

6. Lancaran “Suwe ora Jamu”, Laras Pelog, Pathet Nem

Buka : ..1312323565 . 4 . 2 . 1 . (6)

// . 1 . 3 . 1 . 3 . 1 . 2 . 1 . (2)

. 3 . 5 . 6 . 5 . 4 . 2 . 1 . (6) //

7. Lancaran “Serayu”, Laras Pelog, Pelog Nem
Buka : . 6 . 5 . 6 . 3 . 6 . 5 . 2 . (1)
// . 5 . 6 . 5 . 3 . 5 . 3 . 2 . (1)
. 5 . 6 . 5 . 3 . 5 . 3 . 2 . (1)
. 2 . 1 . 2 . 1 . 6 . 5 . 4 . (5)
. 6 . 4 . 6 . 5 . 6 . 3 . 2 . (1) //

8. Lancaran “Bubaran Nyutra”, Laras Slendro , Laras Sanga

Buka : . 3 . 2 . 3 . 2 . 6 . (5)

// . 2 . 1 . 2 . 1 . 2 . 1 . 6 . (5)

. 2 . 1 . 2 . 1 . 2 . 1 . 6 . (5)

. 2 . 3 . 5 . 3 . 5 . 2 . 5 . (5)

. 2 . 3 . 5 . 3 . 5 . 2 . 3 . (5)

. 3 . 2 . 3 . 2 . 3 . 2 . 6 . (5)

94

. 3 . 2 . 3 . 2 . 3 . 2 . 6 . (5) //

9. Lancaran “Bendrong”, Laras Slendro, Pathet Manyura

Buka : . 5 . 2 . 5 . 2 . 5 . (3)

A // . 5 . 3 . 5 . 2 . 5 . 2 . 5 . (3) // 2x

Ngelik . 5 . (6)

// . 1 . 6 . 1 . 5 . 1 . 5 . 1 . (6)

. 1 . 6 . 1 . 5 . 1 . 5 . 1 . (6)

. 2 . 3 . 2 . 1 . 6 . 5 . 2 . (3) // kembali A

J. Tuladha Gendhing-gendhing Lagu Dolanan Jawa
1. Lagu “Witing Klapa”, Laras Slendro, Pathet Sanga

|....|5!52|5253|5216|
Wit- ing klapa dha-sar ki-ta i-sih mu-dha

|....|ty12|.3.5|.!65|
Mumpung waras lan san - to - sa

|..23|5t..|6666|5256|
Den si- ya-ga den sregep a - nambut karya

|..5!|.5.2|.5.3|.2.1+
di-men ce – pak san-dhang te - dha

2. Lagu “Ilir-ilir”, Laras Slendro, Pathet Sanga

| . . . . | . 5 5 6z x x x|x !c 5 5 2 | 3 5 3 3 |
I –lir i- lir tan-dur- e wus su-mi-lir

|2222|5553|1132|1615|
Tak i - jo ro - yo ro- yo tak sengguhteman- ten a- nyar

| . . . . | 5 5 5 6z x x|x x 1c 5 5 2 | 3 5 2 # |
Bo-cah a-ngon penekna blimbing ku-wi

|2222|5553|1132|1615|
Lunyu- lunyu pe-nek-na kanggo ma-suh do-dot- i- ra

|....|556!|5552|3533|
Dodot- i- ra ku-mi-tir be - dhah ing pinggir

95

|.222|5553|1132|qy1t|
do-ma-na jlu-ma-ta-na kanggo se-ba mengko so-re

|1y12|1615|1y12|1y1t|
Mumpung gedhe rembu-lan-e mumpung jembar ka-langan-e

| . . . . |Ay5o s5u-r2ak z3x x|x .x x c5 1su-z2xrax|kx 3c z5ix -c5 y5o +

3. Lagu “Kupu Kuwi”, Laras Pelog Pathet Nem

|.5.3|.5.6|.!.6|.!.@|

Ku – pu ku – wi tak en – cup - e

| . # . @ | #z x c! z@x c6 | . z@x #c z!x x|x c@ !z x c6 5 |

mung a – bur - e nge – wuh a - ke

|..##|..!@|..!6|5356|

Nga – lor ngi – dul nge – tan ba-li ngu -lon

|..@@|..#!|.@65|5365|

mra–na mre–ne mung sapa – ran pa-ran

|..23|.5.6|.6.5|6235|
Men-cok cle – grek ma- bur kle- per

|..23|.5.6|2165|3212+
Men–tas men – cok cle–grekbanjur ma-burkleper

4. Lagu “Gugur Gunung”, Pelog Barang.

|@7@7|@7@7|3567|#@76|
Kanca kan-ca kanca kan-ca nga-yah-i kar- ya-ningpraja

|@#@#|@#@#|6765|7653|
Ke-ne ke-ne ke-ne ke-ne gu-gur gunung tandang gawe

|..56|6666|2356|5&^%|
Sa-yuk sa-yuk ru-kun be-bareng-an ro kanca-ne

|..23|3333|5675|6532|
Ri- la lan le-ga-wa kanggomul-ya- ningne-ga-ra

|@7@7|27@7|3567|#@76|
Si- ji lo-ro te-lu pa-pat ma-ju pa-pat pa- pat

96


Click to View FlipBook Version