The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by tyradhia, 2022-02-10 21:00:38

Modul 5 Wirausaha Budaya Jawa PPG

Modul 5 Wirausaha Budaya Jawa PPG

|.#67|@#@#|6765|6253|
di –u-lang u-lang a-ku su-pa-ya eng- galrampunge

|.666|6666|.555|5555|
Ho-lo-pis kun-tulba-ris ho-lo-pis kun-tul ba-ris

|.333|3333|5675|6532+
Ho-lo-pis kun-tulba-ris ho-lo- pis kun-tul ba-ris

5. Lagu “Lumbung Desa”, Laras Slendro, Pathet Sanga

|....|6!65|@!52|5321|
Lumbung de-sa pra ta-ni padha ma-kar-ya

|56!.|@6!@|6651|5356|
a- yo ca nju-puk pa-ri na-ta le-sung nyandhak a-lu

|@!6.|2356|6!53|2612|
a- yo yu da- lu ma-ku yen wisrampung nu- li a-dang

|6!@.|@!65|2356|@!65|
a-yo kang dha tu-man-dang nyandak a- lu na-ta lumpang

K. Tegese Campursari

Campursari mujudake salah sawijining wujud kesenian musik kang tuwuh lan
ngrembaka ing laladan Jawa, mligine: Jawa Tengah, Daerah Istimewa Yogyakarta,
lan JawaTimur. Wujud musikke campuran antarane “musik irama pentatonik
(tradisional Indonesia) karo irama nada
diatonik (musik Barat). Kanthi nyampur utawa nggabungake musik kang beda jinise
mau, mula banjur ngasilake jinising musik kang anyar, kang diarani “Campursari”.
Mula bukane lelagon campursari iku amarga budidayane lan jasane Ki Nartosabdo
lumantar pagelaran wayang purwa. Kasile isih model lama, yaiku kanthi nyampur
utawa nggabungake gamelan asli karo keroncong.

Campursari yaiku salah sawijining jinising lelagon Jawa, campusari tegese
lelagon Jawa kang ngemot pirang-pirang aspek seni; jalaran kang kanggo nabuhi lan
ngiringi maneka warna, kayata: ana gamelan (kendhang, demung utawa saron barung
, kempul utawa gong), gitar, orgen . Lagu kang kerep dianggo campursari bisa

97

wujud: lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhe, gendhing sekar, sekar
gendhing, bawa; lan liya-liyane.

Campursari dumadi saka tembung “campur” lan “sari”; campur tegese
campure instrument utawa tetabuhan alat musik tradhisi lan modern; wondene sari
tegese eksperimen utawa nyoba-nyoba kang bisa ngasilake jinising iramaning
suwara kang beda karo biasane/ lumrahe. Para seniman padha nggathukake lan
njumbuhake 2 (loro) jinis unsur musik kang beda, yaiku instrumen musik etnik/
tradhisi kang wujude gamelan karo instrumen musik modern kang wujude: gitar
elektrik, bass, drum lan keyboard. Mula ana kang ngarani menawa campursari iku
seni musik, kasil saka campurane seni musik barat lan seni tradisional/ lokal.

Katilik saka kaendahan, campursari kalebu seni musik kang lumrah wae,
nanging menawa dirungokake kanthi premati, bisa gawe senening ati; jalaran yen
dirungokake krasa enak lan kepenak banget suwarane. Campursari diolah kanthi
kreasi, kebak anggitane para seniman, mulane bisa ngasilake jenis seni musik Jawa
modern, cakepan lagu-lagune (lirik-lirik lagunya) isih njupuk saka cakepane
gendhing Jawa tradhisional, sanajan ora kabeh kanthi njumbuhaken kahanan utawa
ombyaking jaman.

L. Mula Buka utawa Sujarahe
Campursari mujudake jinising seni musik (genre musik) kang dumadi saka
campurane pirang-pirang jinising musik kontemporer ing Indonesia, mligine ing
Jawa Tengah. Istilah campursari dikenal ing wiwitaning taun 1970-an, kang ing
wektu iku RRI Stasiun Surabaya ngenalake acara anyar, yaiku lelagon utawa lagu-
lagu kang diiringi musik campuran, antarane alat musik nada pentatonis
(tradisional Indonesia) kang ditabuh bebarengan karo musik nada diatonis (Barat).
Nanging uga ana panemu, menawa campursari gagrag lawas (kuna) iku kang
ngenalake lan mopulerake kang sepisanan yaiku Ki Nartosabdo ing taun 1945.
Campursari kang sumebar lan kasusra ing jaman saiki iki, diarani
“campursari modern” kang dikenalake lan dipopulerake Manthous di taun 1988
Masehi; kanthi cara iringan utawa musikke digabung antarane “musik tradisional/
lawas karo musik modern”. Manthous nyoba tabuhan utawa iringane campursari
nganggo seperangkat gamelan, kayata : kendhang, demung utawa saron barung,

98

gong, lan gender; ditabuh bebarengan utawa dicampur karo alat musik keroncong,
kayata: gitar elektrik, biola, cak- cuk, seruling, keyboard, bass. Kanthi cara
mangkono mau pranyata bisa ndadekake Campursari kang luwih becik, lagune
luwih enak lan kepenak dirungokake.

Tokoh utawa seniman kang uga nyipta utawa gawe, ngenalake lan
ngondhangake (mempopulerkan) musik utawa seni campursari modern, yaiku Didi
Kempot saka kutha Sala. Wondene lagune, kayata: Hanacaraka, Sekonyong-
konyong Kodher, Stasiun Balapan, Sewu Kutha, Layang Kangen, Prawan
Kalimantan, Jambu Alas, lan liya-liyane. Semono uga seniman Cak Diqin uga
nyipta lagu-lagu campursari, antarane: Mendem Wedokan, Tali Kotang, Randha
Kempling, Mbah Dhukun, lan liya-liyane.

Udakara pungkasane taun 1980, seni campursari iku sepisanan dikenalake lan
dipopulerake Manthous kanthi ditambah tabuhan utawa nganggo iringan tabuhan
keyboard bareng-bareng ditabuh karo musik gamelan , lumantar paguyuban
karawitan utawa gamelan "Maju Lancar". Malah ing wektu iku , seni campursari
bisa maju banget lan disenengi masarakat wiwit para mudha tekan kaum manula
padha gandrung lan kesengsem marang seni campursari, jalaran lagu-lagu komplit,
kayata: langgam Jawa, keroncong, lan uga ana dhangdhute. Ing taun 2000-an wis
dikenal, ngrembaka lan kasusra seni campursari gamelan lan keroncong (tuladhane
lagu Kena Goda, kang ditembangake Nurhana); campuran gamelan lan dhangdhut,
lan campuran tabuhan keroncong karo dhangdhut (congdhut). Sanajan akeh kang
nyaruwe marang seni campursari dianggep ngrusak lan nyimpang saka pranatan seni
tradhisi. Mula para seniman padha sarujuk lan manunggalake tekad menawa seni
campursari iku pancen seni gadho-gadho utawa campuran, kanggo nyedhakake
masyarakat mligine para mudha, supaya padha cedhak, kulina kang wusanane padha
tresna marang lagu-lagu campursari ing jaman mileneal saiki iki, lan tambah
ngrembaka sanuswantara.

Musik campursari wiwit onja lan disenengi masarakat, rikala ditembangake
Waldjinah lan Manthous, yaiku pemimpin, musisi lan penyanyi kang mumpuni
kanthi penabuhe saka CSGK ( Campursari Gunung Kidul ), kanthi lagu “Kutut
Manggung”. Sawise Manthous suda kasarase lan populere, tuwuh/ muncul musisi
seni campursari liyane, yaiku: Didi Kempot, Sonny Joss, Cak Diqin, kalebu penyanyi

99

campursari anyar yaiku Soimah, kang ndadekake seni campursari bisa populer ing
tingkat nasional lan negara manca.

Musik campursari iku bisa urip lan ngrembaka banget iku ana ing laladan
Jawa, mligine ing Jawa Tengah, Ngayogyakarta, lan Jawa Timur. Buktine kerep
ditayangake lumantar tivi, lan menawa masarakat pada duwe gawe mantu, supitan,
tirakatan malem pitulasan Agustus (Agustusan), padha nanggap campursari. Amarga
jenis musik campursari iki wis diakoni pancen cocok lan jumbuh karo kupinge
masarakat Jawa; tabuhan/ iringane campuran antarane lagu-lagu keroncong,
langgam, pop, barat dan dhangdhut. Mula ora aneh wiwitane musik campursari
sumebar ana masarakat, Campursari antuk panyaruwe (kritikan) saka para seniman
musik seni tradisional, amarga dianggep ngrusak lan ngilangake nilai musik
gamelan, minangka musik karaton kang agung, wibawa, kang kebak pitutur utama.

Miturut seniwati/ penyanyi campursari kang wis onja utawa kasusra, yaiku
Waljinah; mratelakake menawa kang nglagokake lagu-lagu campursari kang njalari
bisa kasil iku racake kawiwitan para waranggana utawa sindhen. Ibu Waljinah,
superstar lagu keroncong asli Sala ini, ngandharake menawa nembang utawa nyanyi
lagu campursari kang iringane suwara instrumen gamelan, penyanyine kudu duwe
nadha suwara kang dhuwur utawa methit. Jalaran suwara gamelan instrumen mati,
ora bisa distel utawa di-stem, penyanyine kudu ngetutaken utawa melu endhek
dhuwure suwarane gamelan; nanging yen instrumen musik Barat, nadhane bisa
distel diunggah udhukake miturut suwarane penyanyine (waranggana, pesindhen).

Campursari uga ngrembaka kanggo tambahan ngiringi yen pinuju pentas
wayang kulit, lan katambah dhagelan; kang bisa gawe tambah gayeng lan regenge
pagelaran wayang purwa. Musik campursari tambah ngrembaka ana masarakat,
jalaran prabeyane luwih ngirit utawa murah, apamaneh yen mung cukup nyetel
VCD; katimbang prabeya nanggap pagelaran wayang kulit.

Tokoh campursari kang kondhang yaiku Manthous saka Gunung Kidul,
ngandharake: “ katitik saka instrumen sing dinggo ngiringi, wujud gamelan
tradisional Jawa instrumen musik nasional. Lelorone dianggo bebarengan kanthi trep,
nganti kepenak dirungokake. Gabungan instrumen kasebut diangkah supaya tinemu
harmoni seni campursari. Instrumen campursari sing kerep kanggo kayata: kendhang,
demung, gong, rebab, piano, gitar, orgen.

100

Paraga kang nglagokake campursari diarani wiraswara utawa swarawati.
Anggone nglagokake ngetutake irama utawa unine gendhing. Yen sing nglagokake
bebas (merdika), rong larik mandheg, banjur diselingi omong-omong ora apa-apa.
Biasane campursari asring kanggo nglelipur ing pahargyan apa wae, kayata: malam
tirakatan pengetan 17 Agustus, supitan, tasyakuran, mantenan, uga asring dinggo
lelagon para pelawak, gara-gara ing wayang kulit, wayang uwong, limbukan wayang
kulit, dhagelan (guyonan), kethoprak.

M. Wujude Campursari
Wujude campursari iku maneka warna, ana kang awujud: langgam, lelagon
dolanan, lelagon campursari, macapat campursari, tembang gendhing campursari, lan
liya-liyane.
1. Langgam Campursari:
Kang kalebu langgam Campursari, yaiku lelagon: Nyidhamsari, Anting-
anting, Aja Sembrana, Lingsirwengi, Bengawan Solo, Setyatuhu, Aja Lamis, Jenang
Gula, Kusumaning Ati, Lela-lela Ledhung.
2. Lelagon Dolanan Campursari:
Kang kalebu wujude campursari lelagon dolanan, yaiku lelagon: Kuda
Lumping, Ilir-ilir, Buta Galak, Jamu-jamu, Nginang Karo Ngilo, Dhayohe Teka.
Tuladha. Buta-buta Galak

Buta-buta galak polahmu lunjak-lunjak,
Ngadeg cikrak-cikrak,
Nyandhak kunca nuli tanjak,
Ayo bali maneh
Rupamu ting celoneh,
Kuwi buron apa tak sengguh buron kang aneh,
La wong kowe-we sing marahi,
Gawemu sok ngono hi-hi,
Aku wedi ayo kanca padha bali.

3. Lelagon Campursari:

101

Kang kalebu lelagon Campursari, yaiku lagu: Sewu Kutha, Sekonyong-
konyong Kodher, Senthir Lenga Patra, Nonong, Randha Kempling, Stasiun Balapan,
Tamba Ati, Taman Jurug, lan liya-liyane.
Tuladha: Lagu Sewu Kutha

“Sewu kutha uwis tak liwati,
Sewu ati tak takoni,
Nanging kabeh padha rangerteni,
Lungamu neng ngendi,
……………………………. “.
4. Macapat Campursari:
Wujude lelagon campursari kang awujud macapat campursari, yaiku lagu:
Asmaradana kanthi cakepane “Anjasmara Ari Mami”; Dhandhanggula Sida Asih;
Dhandhanggula Turulare;
Mijil Kethoprak kanthi cakepane “Dedalane, Pocung, Semar Iku”.
a. Tuladha: Sekar macapat Asmaradana
Anjasmara ari mami,
Masmirah kulaka warta,
Dasihmu tan wurung layon,
Aneng Kutha Prabalingga,
Prang tandhing Urubisma,
Karia mukti wong ayu,
Pun kakang pamit palastra.
b. Dhandhanggula Sida Asih
Pamintaku nimas sida sasih,
Atut runtut tansah reruntungan,
Ing sarina sawengine,
Datan ginggang serambut,
Lamun adoh caketing ati,
Yen cedhak tansah mulat,
Sida asih tuhu,
Pindha mimi amintuna,
Ayo bareng nimas anetepi wajib,

102

Sida asih bebrayan.
5. Sekar Gendhing Campursari:

Kang kelebu sekar gendhing campursari, yaiku lagu: Wahyu, Ayak-ayakan
Pamungkas, Rangu-rangu, Puspagiwang, Gandamastuti, Umbul Donga.
Tuladha Lagu Campursari “Aja Dipleroki”

Mas-mas Mas aja dipleroki,
Mas-mas Mas aja dipoyoki,
Karepku njaluk diesemi,
Tingkah lakumu kudu ngerti cara,
Aja ditinggal kapribaden katimuran,
Mengko gek keri ing jaman,
Mbokya sing eling eling bab apa,
Iku budaya pancene bener kandhamu

N. Pangripta Lagu Campursari lan Komposer
Para seniman kang gedhe lelabuhane tumrap tuwuh lan ngrembakake seni
campursari, yaiku:

1. Manthous

Manthous lair di Desa Playen, Gunung Kidul taun 1950. Nalika umur 16
taun, Manthous kanthi tekad kang kuwat lunga utawa tindak menyang Jakarta.
Wondene ancas lan tujuwane yaiku kepengin nyambut gawe kanggo ndandani uripe,
kanthi cara ngamen utawa mbarang kanggo mbuktekake bakate, wondene bakate
kang pinunjul yaiku yen nabuh bas..

Ing taun 1969 Manthous nggabung utawa manunggal karo “orkes keroncong
Bintang Jakarta” pimpinan Budiman BJ. Banjur ing taun 1976 tekan taun 1980,
Manthous nggabung karo grup band “Bieb Blues” kang cirine funky rock karo
Bieb anake Benyamin S,. Sabanjure Manthous nggabung utawa bebarengan karo
Idris Sardi, ing “grup Gambang Kromong Benyamin S”. Saliyane iku, Manthous
uga tau ngiringi Bing Slamet rikala dadi pelawak ing “grup Kwartet Jaya”.
Adhedhasar pengalamane iku, ingkang njalari laan ndadekake Manthous dadi pinter
lan mumpuni babagan garap seni utawa aliran seni musik apa wae, kayata:

103

dhangdhut, keroncong, langgam, lan liya-liyane. Malah kawasisan babagan nabuh
bas, Manthous dadi tuladha utawa panutan para seniman, babagan nabuh ” bas” ing
seni dhangdhut ngaanti saiki.

Ing taun 1993, Manthous gawe lan ngedegake “Grup Musik Campursari
Maju Lancar Gunung Kidul”. Wondene lagu-lagune kang digawe kanthi nggarap
lan nggelar utawa mentasake jinise seni campursari “Langgam-langgam Jawa kang
wis ana”, saperlu ditabuh maneh kanthi ditambbahi kreasi, supaya katon tambah edi
lan nyenengake ati. Pramila lagunipun wonten ingkang awarni “rock, reggae,
gambang kromong,” lan liya-liyane. Ana maneh tembang Jawa macapat
“Dhandhanggula, Kutut Manggung, utawa Bawa Asmaradana”, kanthi ditabuhi
utawa diiringi gamelan dicampur keyboard lan gitar bas. Anggotane “Group
Campursari Maju Lancar” mau para sedulure lan kanca-kancane ing dhaerah
Playen, Gunungkidul, Yogyakarta ing laladan keairane.

Manthous anggone kiprah lan pentas/ nggelar seni campursari pranyata
nuwuhake kasil kang banget nyenengake, buktine bisa ngasilake rekaman ana
Semarang. Saben rekaman kasile nganti bisa dodol 50.000 kaset, kalebu prestasi
kaang dhuwur dhewe yen katandhing karo kaset langgam utawa keroncong.
Manthous anggone rekaman kanthi suwarane dhewe, uga tau ngajak bebarengan karo
penyanyi saka Sragen, yaiku Sulasmi, Minul saka Gunungkidul, lan Sunyahni saka
Karanganyar. Wondene lagu kang kaanggit lan bisa onja utawa kasusra, yaiku lagu: “
Anting-anting, Nyidhamsari, Gandrung, Gethuk, lan Kutut Manggung. Lagu kang
banget disenengi masarakat Indonesia yaiku “Lagu Gethuk” kang sepisanan
dilagokake lan dipopulerake karo penyanyi Nurafni Octavia. Lagu-lagune Manthous
pranyata dadi paugeran utawa panutan para seniman (komponis) anggone padha
gawe lagu-lagu langgam Jawa lan campursari.

2. Didi Kempot

Jeneng asline yaiku Didi Prasetyo, lan ana masyarakat luwih dikenal lan
kondhang kanthi sebutan Didi Kempot, yaiku campursari sawise utawa pasca-
Manthous. Lair ing kutha Sala, 31 Desember 1966, jebolan utawa weton saka kelas
II SMA. Anake Ranto Eddy Gudel, pelawak kondhang saka kutha Solo. Wiwit

104

enom (SD, SMP lan SMA) wis seneng ngamen. Mula saka pengalamane “dunia
jalanan" iku, bisa gawe lagu-lagu kang apik, up to date kang njalari bisa kasusra
utawa terkenal banget, yaiku lagu: Stasiun Balapan, Terminal Tirtonadi, Tulung,
Cucak Rowo, Wen-Cen-Yu, Yang Penting Hepi, dan Moblong- moblong.

Jenenge Didi Kempot ing wektu iku kasusra banget, lan tansah digayutake
karo lagu-lagu langgam Jawa dan Campursari. Didi Kempot ora mung terkenal
utawa kasusra ana Negara Indonesia, nanging uga onja ana Suriname lan Welanda.
Masyarakat Jawa utawa keturunane wong Jawa, Didi dianggep minangka
“superstar” babagan lagu-lagu campursari. Malah rikala Presiden Suriname,
Weyden Bosch teka (rawuh) lan sanja marang Indonesia ing taun 1998;
panjenengane presiden ngundang Didi Kempot kanthi pribadi. Jalaran saka
pengabdian lan lelabuhane ing babagan seni musik lan lagu langgam Jawa; mula para
warga utawa masarakat Jawa kang mapan ana Negara Walanda, Didi Kempot antuk
nugraha pakurmatan utawa gelar “ Penyanyi Jawa Teladan”.

Ing taun 1999 Masehi, Albume kang sepisanan ana irah-irahane lagu “Cidra
lan Stasiun Balapan”. Sakawit para dagang kaset ora padha katarik, amarga warna
musike kang beda, lan gayane edan, menawa katandingake karo lagu-lagune
Manthous dan Anjar Any kang nedheng-nedhenge populer ing taun 1990-an. Ora
kanyana-nyana album lagu-lagu kang sepisanan iki pranyata laris banget. Wiwit iku,
jenenge Didi Kempot dadi kasusra lan dheweke rumangsa percaya lan yakin menawa
lagu-lagune Jawa lan campursari bakal disenengi masarakat lan laris ana pasar.
Pranyata budidayane Didi Kempot disengkuyung adhine, yaiku pelawak Mamiek
Prakosa, kang njalari salah sawijining “ ikon saka campursari”. Wiwit wektu iku,
pesenan gawe album lagu-lagu campursari laris banget; buktine sajroning setaun
dipesen lan supaya gawe 12 (rolas) album.

O. Alat Musik Campursari

Alat-alat musik kang digunakake seni campursari iku prasaja banget, kang
lumrahe ana 8 (wolu), yaiku:

1. Kendhang (ciblon, jaipong, ketipung),

105

2. Demung,
3. Saron Barung,
4. Gong
5. Gender
6. Gitar Cak (gitar berdawai 3, gitar bas, gitar melodi)
7. Drum
8. Keyboard

P. Kelompok utawa Group Musik Campursari

Kelompok-kelompok campursari kang wis kasusra ana bebrayan utawa
masarakat yaiku:

1. Siji Dhewe saka laladan Bayalali
2. Tirta Arum saka talatah Jatim
3. Orlandho saka laladan Sala
4. Bajang Koplak saka Wonogiri

Q. Para Penyanyi utawa Seniman Campursari

Para seniman utawa penyanyi kang wis kasusra ing jagading seni campursari,
yaiku:

1. Manthous
2. Didi Kempot
3. Nurhana
4. Anik Sunyahni
5. Sulasmi
6. Koko Thole
7. Cak Diqin
8. Sonny Josz
9. Dhimas Tedjo
10. Soimah Pancawati
11. Joshua Surherman

106

12. Nur Bayan
R. Tuladha Campursari

Langgam Caping Gunung, Laras Slendro Pathet Sanga, dening: Gesang saka kutha
Sala

Langgam diwiwiti kanthi “Bawa Macapat Pangkur.
6 ! ! ! 6 6!5 232 1.6
Sa- ben be- ngi nya- wang ko- nang
5 6 6 6 6 6 6 .6 65 6 !6
Yen me- ma- jang mung ngang- go ja- nur ku- ning
! @ 6 ! 6 65 5.6! !
Kem- bang wa- e we- ton gu- nung
6 ! @ ! 6!52 1251 y
Pacitan sarwi jenang
!@b !65 21 t 2 2 1 t 2 2 1
Panas udan endhek lemu dhuwur lemu
(3 3 3 3 2 3 1 2 A
Wong sak omah lemu kabeh
2 3 5 5 5 5 5 5 5 32 2.35 5
Panas udan aling-aling caping gunung

107

@6!5@6!
Misoa caping gunung)
! @ ! 6! 5 2 232 1.6
Nadyan wadon sarta lanang
@ 2 1 1 y 2 y 2 y1y t
Inumane banyu bening
Umpak:

/!@16 3235) .321 2365)
Balungan Nembang:
!@!6 3235) .321 232(1)

!@!6 3w35) .321 3t6(5)

.235 6!65) .56! 6!5(6)

!@!6 3235) .321 236(5)
Nembang:

108

. . . j.! j@! @ j5!6 . j.3 j53 2 j.6 !j.6 5
Dhek jaman berjuang njur kelingan anak lanang

. . .j.6! j.53j.21 . j.tj12 2 j.y1j.y 1
Biyen tak o-peni ning saiki ana ngendi

. . . j.! j@! @ j5!6 . j.3 j53 2 j.6 !j.6 5
Ja- rene wis menang keturutan sing digadhang

. . .j.6! j.53j.21 . j.tj12 2 .j3 3 j25 5
Biyen nate janji ning saiki apa lali

. . . . . 2j.3 5 .j.6j!61 j.5 j3 j.6! 5
Neng nggunung tak cadhongi sega jagung

. . . . . 5j.6 ! .j.6j!61 j.6 j5! j.5 6
Yen mendhung tak silihi caping gunung

. . . j.! j@! @ j5! 6 .j.3 j53 2 j6 ! j.6 5
Sukur bisa nyawang nggunung desa dadi reja

. . .j6 1 j.5 3 j.2 1 . j.5 j12 2 j.2 3 j25 5
Dene ora ilang nggone padha lara lapa

109

D. FORUM DISKUSI
Para dwija lan siswa sawise nampa piwulang “gendhing Jawa lan campursari”,
bisa ngecakake utawa praktek nabuh gemalan gendhing-gendhing Jawa lan
nglagokake lagu-lagu campursari kanthi becik lan bener; gendhing-gendhing
lancaran, ketawang, ladrangan, lagu-lagu dolanan gendhing Jawa lan campursari.

110

PENUTUP
A. RINGKASAN

Gendhing Jawa iku dumadi saka swaraning gamelan kang ditabuh, kanthi
nggunakake “laras, irama lan pathet”, kang gumathok. Wondene swaraning gamelan iku ana
kang : dikebuk (kendhang), disebul (suling), digesek (rebab), lan dithuthuk (demung,
kenong, kempul, lan liya-liyane).

Laras ing gendhing-gendhing Jawa lumrahe laras slendro lan pelog; wondene larase
gendhing-gendhing Jawa ana 3 (telu), yaiku : cilik, madya, lan gedhe. Iramane gendhing ana
2 (loro), yaiku lamba lan rangkep. Pathet gamelan slendro, ana 3 (telu) yaiku laras slendro
pathet 6 (nem), 9 (sanga), lan pathet manyura. Wondene gamelan pelog,pathete uga ana 3
(telu); yaiku pelog pathet 6 (nem), 5 (lima), pathet barang.

Gendhing iku duweni watak; sigrak, lanyap, anteng, trenyuh, gecul, lan lega
gembira. Gunane gendhing yaiku bisa kanggo ngiringi : wayangan, mantenan, kethoprak, lan
liya-liyane. Gendhing adhedhasar akehing thuthukan utawa tabuhan bisa kaperang ana 5
(lima), yaiku gendhing : gedhe, tengahan, ladrangan, ketawang, lan lancaran.

Carane nabuh gamelan yaiku ana kang nggembyang, mipil, mbalung, nacah.
Wondene gendhinglancaran ana kang nibani lan mlaku.

Seni campursari iku wiwit dimangerteni lan dikenal masarakat Jawa (Tengah,
Timur) ing wiwitaning taun 1970-an, kang ing wektu iku RRI Stasiun Surabaya nganakake
lan ngenalake acara anyar, yaiku lelagon utawa lagu-lagu kang diiringi musik campuran,
antarane alat musik nada pentatonis karo nada diatonis kang ditabuh bebarengan.

Musik utawa seni campursari iku mujudake campuran antarane seni musik
tradhisi (Jawa) karo seni manca (barat), mula alat-alat tabuhane nggunakake:
kendhang, saron barung , demung, gong, gender; gitar, keyboard, lan drum. Mula
seni campursari iku minangka anggitan yasan anyar kang kebak kaendahan lan
nyenengake, amarga cakepan lagune prasaja lan gampang dimangerteni isine. Irah-
irahane lumrah babagan katresnan.

Seni campusari bisa amakili masarakat Jawa kanthi gagrak anyar, sanajan ana
sing sarujuk lan cengkah, jalaran kaanggep ngrusak adiluhung utawa edi endahing
seni tradhisi. Ananging bukti lan nyatane masarakat padha seneng marang

111

campursari, lan kaanggep bisa ngrembakakake maneh seni tradho-isi kang meh mati
ditinggalake bebrayan agung, mligine para mudha.

B. Tes Formatif

Pitakonan ing ngisor iki pilihen sing bener kanthi menehi tandha ping siji wae.

1. Gendhing kanggo ngeringi penganten putri arep lungguh ana sasana pinajang,
yaiku gendhing ….

a. Pareanom

b. Udang mas d. Sekar Teja

c. Manyarsewu e. Kodhok Ngorek

2. Gendhing kanggo ngeringi temuning penganten yaiku gendhing ….

a. Pareanom d. Sekar Teja

b. Udang mas e. Kodhok Ngorek

c. Manyarsewu
3. Gendhing kanggo ngeringi tekane besan, yaiku gendhing ….

a. Pareanom d. Sekar Teja

b. Udang mas e. Kodhok Ngorek

c. Manyarsewu

4. Gendhing kanggo ngeringi budhaling wadya rikala jaranan ing pagelaran
wayang, yaiku gendhing ….

a. Pareanom d. Sekar Teja

b. Udang mas e. Kodhok Ngorek

c. Manyarsewu

5. Gendhing patalon ing wayang kulit iku cacahe ana 7 (pitu), salah sawijining
gendhinge yaiku gendhing ….

a. Pareanom d. Sekar Teja

b. Udang mas e. Kodhok Ngorek

c. Manyarsewu
6. Ing ngisor iki gamelan kang kalebu balungan, kajaba ….

a. Demung d. Kenong

b. Saron Barung e. Saron Penerus

c. Slenthem
7. Gamelan kang panabuhe kanthi cara dirangkep, yaiku ….

a. Demung d. Kenong

b. Saron Barung e. Saron Penerus

c. Slenthem
8. Gamelan kang panabuhe kanthi cara dikebuk, yaiku ….

a. suling d. Kendhang

b. Gambang e. Rebab

c. Bonang barung
9. Gamelan kang panabuhe kanthi cara digesek, yaiku ….

112

a. suling d. Kendhang

b. Gambang e. Rebab

c. Bonang barung
10. Gamelan kang panabuhe kanthi cara disebul, yaikut ….

a. suling d. Kendhang

b. Gambang e. Rebab

c. Bonang barung
11. Gamelan kang panabuhe kanthi cara nggembyang, yaiku ….

a. suling d. Kendhang

b. Gambang e. Rebab

c. Bonang barung
12. Gendhing kang wujud “lancaran” iku, kempule sagongan ana ….

a. Siji d. Papat

b. Loro e. Lima

c. Telu
13. Gendhing kang wujud “lancaran” iku, kenonge sagongan ana ….

a. Siji d. Papat

b. Loro e. Lima

c. Telu
14. Ing ngisor kang kalebu gendhing lancaran, kejaba ….

a. Manyar sewu d. Gambir sawit

b. Ricik-ricik e. Singanebah

c. Bendrong

15. Titilaras gamelan kang digunakake kanggo sinau nabuh gamelan gendhing-
gendhing Jawa, yaiku titilaras ….

a. Sariswara d. Keraton

b. Dhaminatila e. Carabalen

c. Kepatihan
16. Titilaras kepatihan iku kang yasa ….

a. R. Ng. Ranggawarsita d. RT. Wreksodiningrat

b. R. Ng. Yasadipura e. RT. Sastranagara

c. Ki Hajar Dewantara

17. Lelagoning Gendhing kang durung munggah utawa durung mundhak kethokane,

diarani

a. Buka d. Gerong

b. Umpak-umpak e. Suwuk

c. Merong

18. Lelagoning tetabuhan ing sabubare buka, kang lumrahe ditembangi nganggo
cakepan parikan utawa wangsalan, diarani ….

a. Buka d. Gerong

b. Umpak-umpak e. Suwuk

c. Merong

113

19. Lambang utawa tandha kendhangan “salahan” ing gendhing lancaran, yaiku ….

a. ttpb .p.p .p.b .p.b d. bppb ppbp pbpp pbpp

b. .p.p .p.p .p.p .p.p e. p.p. pbp. bp.b .p..

c. pppp pbpp pbpp pbpp

20. ing pagelaran wayang kulit, menawa prajurit budhal wadya utawa jaranan

lumrahe diiringi nganggo gendhing lancaran kang wis gumathok. Gendhing
lancaran kang nganggo sasmita budhaling wadya pindha “manyar sasra bareng
neba”, yaiku gendhing ….

a. Udan mas d. Manyar sewu

b. Wilujeng e. Gambir sawit

c. Boyong basuki
21. Ing taun 1945 masehi campursari wis dikenalake dalang kondhang, yaiku ….

a. Ki Nartosabda d. Manthous

b. Ki Mantep Sudarsono e. Didi Kempot

c. Ki Anom Sur oto
22. Ing taun 1988 masehi campursari uga dipopulerake maneh deneng ….

a. Ki Nartosabda d. Manthous

b. Ki Mantep Sudarsono e. Didi Kempot

c. Ki Anom Suroto

23. Ing taun 1970-an masehi, wiwit dikenal masarakat lumantar radhio kang

nggiyarake acara kang anyar, yaiku musik campuran antarane pentatonis (tradhisi)
lan diatonis (barat/modern). Radhio kang nggiyarake yaiku RRI ….

a. Surakarta d. Jakarta

b. Semarang e. Ngayogyakarta

c. Surabaya
24. Tokoh kang jasane gedhe banget tumrap ing campursari, yaiku ….

a. Waljinah

b. Nurhana

c. Candralukita

d. Manthous

e. Basiya

114

25. Tokoh utawa seniman campursari, kang gawe lagu Stasiun Balapan, Sewu Kutha,
Sekonyong-konyong Kodher, yaiku ….

a. Manthous
b. Cak Diqin
c. Didi kempot
d. Waljinah
e. Nurhana
26. Tokoh Utawa seniman campursari kang gawe lagu : Gethuk, Gandrung,
Nyidhamsari yaiku
a. Manthous
b. Cak Diqin
c. Didi kempot
d. Waljinah
e. Nurhana
27. Sing kalebu lelagon dolanan campursari yaiku….
a. Kuda lumping, buta galak, nyidham sari
b. Jamu-jamu, jenang gula, nginang karo ngilo
c. Aja sembrana, buta galak, dhayohe teka
d. Aja lamis, nyidham sari, jamu-jamu
e. ilir-ilir, Buta Galak, Jamu-jamu
28. Grup Musik Campursari Maju Lancar Gunung Kidul, dipandhegani dening….
a. Waldjinah
b. Didi kempot
c. Cak dikin
d. Nurhana
e. Manthous
29. Jenang gula kowe aja lali
Marang aku iki cah ayu
Cakepan ing dhuwur mujudake sawijining….
a. paribasan

115

b. bebasan
c. saloka
d. wangsalan
e. isbat
30. Nabuh tangan loro bareng-bareng, kanthi nadane sing ditabuh padha suwarane/
nadane diarani….
a. nibani
b. nggembyang
c. milah
d. mithet
e. nggandhul

C. Tes Sumatif
Wenehana tandha ping (x) ing aksara A, B, C, D, lan E kang dadi wangsulane
pitakon!
1. Selametan minangka wujud rasa sokur tumrap Gusti kang paring rejeki tuladhane

mundhak pangkat kalebu ritual….
A. ritual negari
B. ritual pribadi
C. ritual daur hidup
D. ritual khusus
E. ritual umum
2. Upacara procotan lumrahe dilakoni wektu kandhutan umur pirang sasi?
A. siji
B. telu
C. lima
D. pitu
E. sanga
3. Kang kalebu adicara lamaran yaiku….

116

A. nontoni, siraman, midodareni
B. nontoni, plangkahan, sade dhawet
C. nontoni, nglamar, paningset
D. nontoni, paningset, siraman
E. nontoni, srah-srahan, paningset
4. Upacara kang ngemu teges mindhahake alam donya menyang alam akherat,
lumrahe dilakoni ing wayah sore sabubare mayit dikubur yaiku….
A. ngesur geblag
B. brobosan
C. ngrukti laya
D. surtanah
E. bedhah bumi
5. Upacara selametan kang dilakoni sabanjure nyewu kasebut….
A. nyatus
B. mendhak pisan
C. mendhak pindho
D. kol-kolan
E. nyadran
6. Supaya sesorah lancar lan becik, ana teknik kang kudu ditrepake dening pamedhar
sabda yaiku … .
a. nggunakake basa kang gampang dimangerteni dening piyayi kang sesorah.
b. nggunakake tuladha lan ilustrasi kang trep
c. materi sesorah dianggit kanthi teliti
d. nggunakake tembung rinengga
e. tembung kang dipilih kanggo sesorah becike asipat konotatif.
7. Underan sesorah kang becik kudu …
a. jumbuh karo sapa kang arep sesorah;
b. durung tau kawedhar
c. ana bahan kanggo ndhukung pengembangane
d. denotative

117

e. konotative
8. “Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan

sampun kumawani tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur keparenga diagung
ing pangaksami”. Ukara ing dhuwur tuladha … sesorah.
a. salam pambuka
b. pambuka
c. salam panutup
d. panutup
e. dudutan
9. “Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang
tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Panjenenganipun para
pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom
pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana.
Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para
sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka
rahayu”.
Tuladha ing dhuwur minangka …
a. atur pakurmatan
b. surasa basa
c. wasana basa
d. atur puji sukur
e. atur panuwun
10. Sangu pranata cara yaiku …
a. nagatra : patrap wajar boten dipundamel-damel
b. malaksa : luwes, boten ingah-ingih
c. mastha : jejeg, boten kendho/dhoyong
d. miraga : boten rongeh/edheg/gumeter, mantep
e. malagawa : enthengan, trengginas

118

11. Batik iku minangka busana Jawa kang bisa nuduhake status sosial panganggo ana
ing masarakat. Jaman biyen, ana motif batik kang mligi digunakake kanggo
kaluarga kraton yaiku batik kanthi motif … .
A. wahyu tumurun
B. sida mukti
C. parang
D. trunum
E. sida asih

Gambar 1: cara panganggone keris

12. Cara panganggone keris ana ing gambar 1A diarani … .
A. nyothe
B. ngewal
C. satriya keplayu
D. nganggar
E. klabang pinipit

13. Cara panganggone keris ana ing gambar 1G diarani … .
A. nyothe
B. ngewal
C. satriya keplayu
D. nganggar

119

E. klabang pinipit
14. Cara panganggone keris ana ing gambar 1B diarani … .

A. nyothe
B. ngewal
C. satriya keplayu
D. nganggar
E. klabang pinipit
15. Cara panganggone keris ana ing gambar 1E diarani … .
A. nyothe
B. ngewal
C. satriya keplayu
D. nganggar
E. klabang pinipit
16. Ing laladan Jawa tengan istilah campursari wiwit dikenal ing taun …
A. 1970-an
B. 1980-an
C. 1790-an
D. 1960-an
E. 1780-an
17. Sapa sing ngrembakakake campursari kanthi cara nggabungake musik tradisional
lan modern ing taun 1933…
A. Mantep Sudarsono
B. Manthous
C. Ki Narto Sabda
D. Cak Dikin
E. Didi Kempot
18. Waranggana kudu duwe swara sing dhuwur lan methit nalika nyanyi campursari
jalaran….
A. ngresepake nalika dirungokake
B. waranggana kudu sae suwarane

120

C. swara gamelan minangka instrumen mati ora bisa di stem
D. instrumen musik bisa ddiunggah mudhunke
E. bisa nyuwara kanthi sora
19. Nyidham sari, aja sembrana, aja lamis, jenang gula kalebu ing…
A. lelagon dolanan campursari
B. macapat campursari
C. tembang gendhing campursari
D. langgam campursari
E. campursari
20. Sing kalebu lelagon dolanan campursari yaiku….
A. kuda lumping, buta galak, nyidham sari
B. jamu-jamu, jenang gula, nginang karo ngilo
C. aja sembrana, buta galak, dhayohe teka
D. aja lamis, nyidham sari, jamu-jamu
E. ilir-ilir, Buta Galak, Jamu-jamu

D. Tugas Terstruktur
Gawea naskah sesorah sing isine babagan upacara adat, busana jawa utawa tembang
campur sari (pilihen salah siji) banjur dipraktikake lan direkam nganggo video.
Sakwise kuwi, naskah lan video dikumpulke.

121

122

DAFTAR PUSTAKA

Absolute. Gamal. 2006. Siasat Sukses Pidato Plus Wawancara Media
Massa secara Menakjubkan. Yogyakarta. Smile-books.

Anjar Any. 1996. Kumpulan lagu keroncong & langgam jawa. Sukoharjo.
Atmasandjaja, Soetardja. 2007. Tuntunan Sesorah Saha Panata Titi. Yogyakarta.
Bambang Yudoyono. 1984. Gamelan Jawa. Kebayoran baru : PT Karya Unipres
Bratawidjaja, TW. 2000. Upacara Tradisional Masyarakat Jawa. Jakarta: Pustaka

Sinar Harapan.
Campursari dan musik jawa, http://belajarjawa.com/campursari-dan-musik-jawa/
(diakses pada 24 Oktober 2012)

Campursari itu musik apa, http://hurek.blogspot.com/2009/10/campursari-itu-
musik-apa.html (diakses pada 18 Oktober 2012)

Campursari http://nuniratqanamani.blogspot.com/2010_01_01_archive.html?zx=e
cba0b9f62957f60

Cisara, Anugrah. 2018. “Blangkon dan Kaum Pria Jawa”. GELAR: Jurnal Seni
Budaya. vol. 16 (2). hlm. 164.

Dwiraharjo, dkk. 2006. Kamus Istilah Perkawinan Adat Jawa Gaya Surakarta.
Surakarta: Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa Universitas
Sebelas Maret.

Endraswara, Suwardi. Cetakan ketiga 2009.Mutiara Wicara Jawa . Pandom
Pranatacara lan Pamedharsabda. Yogyakarta: UGM Press

Endrawati, Endah. 2015. “Posisi Keris Pada Masyarakat Jogja Modern”. Jurnal
Komunikasi. vol. 7 (2). hlm. 138.

Hadinegoro, Luqman. 2009. Teknik Seni Berpidato Mutakhir (dalam Teori
dan Praktik). Yogyakarta: Absolut.

Hendro, Eko Punto. 2017. “Strategi Kebudayaan Perjuangan Pahlawan Nasional
Pangeran Sambernyowo”. Endogami: Jurnal Ilmiah Kajian Antropologi.
vol. 1 (1). hlm. 44.

Ismanto dan Bhas Waluyo. 2007. Aneka Lagu Langgam dan Keroncong:
Sukoharjo: CV. Cendrawasih.

Ki nartosabdo. tt. Gendhing-gendhing Jawi Modern. Ketikan.

123

Murwantoro, Sri Hono. 2007. SESORAH: Pranata, saha Pamedhar Sabda.
Yoyakarta:Absolut.

Negoro, SS. 2001. Upacara Tradisional dan Ritual Jawa. Surakarta: CV. Buana
Raya.

Noerhadi, Inda Citradinata. 2012. Busana Jawa Kuna. Jakarta: Komunitass
Bambu.

Padmosoekotjo. 1960. Ngengrengan Kasusastran Jawi Jawa Jilid II. Bab
Gamelan. Yogyakarta : Hien Hoo Sing

Pringgawidagda, Suwarna. 2011. Gita Wicara Jawi. Yogyakarta: Kanisius.
Pringgowidagda, Suwarna. 2009.PRANATACARA “Makalah dalam Cecala”.

Jogjakarta: Departemen Pendidikan Nasional Pusat Bahasa Balai Bahasa
Yogyakarta
Purwadi. 2004. Pamedhar Sabda. Yogyakarta:Pustaka Pelajar.
Rakhmat, Jalaluddin.2008.Retorika Modern Pendekatan Praktis.Bandung:PT
Remaja
Rosdakarya.. Wiyanto, Asul.2001.Terampil Pidato.Jakarta:PT Grasi
Sarmini. 2009. “Pakaian Batik: Kulturisasi Negara dan Politik Identitas”. Jantra:
Jurnal Sejarah dan Budaya. vol. 6 (8). hlm. 675.

Siswanto, Nurhadi. 2012. “Metafisika Simbol Keris Jawa”. Jurnal Filsafat. vol.
22 (1). hlm. 75.

Suharjendra. 2008. Atur Kula “Sesorah Basa Jawi Jangkep lan Migunani”.
Yogyakarta: Amanah Media Pustaka.

Sulanjari, Yuni. 2010. RETORIKA “Seni Berbicara untuk Semua” Sukses
Berpidato,berargumentasi, Negosiasi, Ngobrol, dll. Yogyakarta: Siasat
Pustaka.

Sumarsam. 2003. Gamelan Yogyakarta: Pustaka Pelajar Offset.
Tim Balai Bahasa. 2011. Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa). Yogyakarta:

Kanisius.
Warpani, SP. 2015. Makna Tata Cara dan Perlengkapan Pengantin Adat Jawa.

Yogyakarta: Kepel Press.
Wiyanto, Asul.2001.Terampil Pidato.Jakarta:PT Grasi

124

KUNCI JAWABAN TES FORMATIF KB 1

1. E 6. B 11. E 16. E
17. B
2. A 7. D 12. B 18. A
19. D
3. E 8. C 13. D 20. B

4. A 9. D 14. C

5. E 10. A 15. A

KUNCI JAWABAN SESORAH

1. A 11. B
2. C 12. B
3. B 13. A
4. A 14. B
5. A 15. B
6. B 16. B
7. C 17. A
8. A 18. A
9. D 19. D
10 A 20. D

KUNCI JAWABAN FORMATIF KB 3

1. A 11. C
2. B 12. B
3. A 13. E
4. B 14. A
5. E 15. D
6. D 16. C
7. A 17. D

125

8. B 18. E
9. C 19. C
10. D 20. E

KUNCI JAWABAN FORMATIF KB 4

1. D 16. D
2. E 17. C
3. B 18. B
4. C 19. D
5. A 20. D
6. D 21. A
7. E 22. D
8. D 23. C
9. E 24. D
10. A 25. C
11. C 26. A
12. C 27. E
13. D 28. E
14. D 29. D
15. C
30. B

KUNCI JAWABAN TES SUMATIF

1. B 6. B 11. C 16. A
2. E 7. C 12. E 17. B
3. C 8. D 13. A 18. C
4. A 9. A 14. B 19. D
5. D 10. E 15. D 20. E

126

127


Click to View FlipBook Version