The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Andhika Utama, 2024-02-25 19:36:32

novel sumingkir

novel-jawa-sumingkir

1


2 ~1~ Udan grimis nelesi tlatah dhusun Sidomukti, sawijining dhusun sing mapan neng ngisor gunung Kendhil. Warsidi katon kesusu nuntun pit onthel tuwa sing katon kebak sayur barang dagangane, tumuju neng gubug sakpucuking dalan desa iku. Priya sing wis rada tuwa umure kang durung nate ngrasakake endahing rabi iku arep ngeyupake awake uga barang dagangane saka tumetesing banyu saka langit rikala subuh iku. “Alhamdulillah… maturnuwun Gusti, sampun kersa paring rejeki enjing punika. Mugya jawah punika


3 ndadosaken barokah kangge kula nyambut damel mangkih, amiin”, pocape kanthi optimis sinambi ngiyup saka udan kairing atise hawa pagunungan sing nujes nganti jroning balung. Mbok menawa ora ana sing nyana. Priya sing dedeg piadege kaya dene werkudara, praupane tansah sumunar, bagus kaya janaka uga sopan tindak-tanduke iku kudu ngupaya semono rekasane, kanggo uripe dheweke, uripe adhi-adhi lan ibune sing wis sepuh. Awake Warsidi kang katutup dening jaket ireng lusuh iku nuli disendhekake ing pojokan gubug. Dheweke slonjor kanthi nyawang pit


4 tuwa kagungan almarhum bapake sing wis suwi banget katimbalan dening Gusti Allah. Pit iku ngibarat wis dadi seksi lika-likuning urip kang dilakoni Warsidi sak kulawarga. Urip dadi wong susah paribasan mrana-mrene ora kajen. Sanadyan mengkono, priya iku ora prenah rumangsa cilik atine. “Mas Warsidi ten pundi ta Bu?, kok mboten ketingal? punapa sampun tindak?”, pitakone Maya marang mak Onah, ibune. “Iya ndhuk, masmu mau isuk-isuk wis mangkat”, wangsulane mak Onah. Maya iku adhine Warsidi sing paling tuwa. Bocah wadon sing manis rupane iku wis sekolah kelas 2 SMA. Dheweke banjur lunga menyang kamare adhine sing isih turu. Jenenge


5 Saipul. Bocah sing lagi sekolah kelas loro iku banjur digugah kanthi alus. “Dhik… ayo tangi yoooo, pakpung terus salat?”, gugahe Maya kanthi swara alus marang adhine. “Mengko dhisit mbaaaaak… sih atis ki..”, saure Ipul. “Ayo tangi ta dhik Ipul…Wis awan lo, mengko mundak telat sekolahe lan didukani bu guru”. Bocah lanang iku banjur tangi, lan nuruti apa kandhane mbakyune. Maya banjur ngadusi adhine ning kamar mandi. Sawetara Maya ngadusi adhine, mak Onah masak sega sak lawuhe apa anane ning dhapur kanggo sarapan putra-putrane.


6 Tumetesing banyu langit kang ngendhegake lakune Warsidi wis entek. “Wah… wis terang iki kayane, tak mlaku maneh lah, selak kawanen. Bismillah hirrahmaan nirrahiim…”. Priya iku nuli nggenjot pit onthele tumuju papan kang biyasa kanggo nawakake dagangan sayure, dhusun Lumintu. “Yurrrr…sayuuuurrr! Sayur Bu… Sayuuurr..”, anggone tawa-tawa. Ora wetara suwe ibu-ibu warga dhusun Lumintu padha metu lan blanja. “Mangga Bu, badhe ngersakaken punapa?”, Warsidi ngaturi bu Yayuk, garwane lurah dhusun Lumintu. “Aku tuku sop-sopan, ayam setengah kilo karo lombok telung ewu wae Di…”. “Oh


7 inggih Bu… sekedhap kula pendhetaken”, wangsulane Sidi karo gagenan njupukake apa sing arep ditumbas bu Yayuk. “Mangga Bu… punika ingkang Ibu kersakaken kalawau”. “Oh iyaaa… pira kabehe Di?”, ngendikane bu Yayuk kanthi ngetokake duwit ning dhompete. “selakung ewu kemawon Bu…”. “Oh iyaaa…iki duwite. Eh Di… sesuk Minggu sore kowe bisa mara myang omah apa ora?, mau bapak pesen arep nyuwun tulung kanggo mbenekake gendheng omah. Bapak kan wis sepuh, wis ora wani munggah-munggah”, pitakone bu Yayuk. “Inggih Bu… insyaallah kula saged, benjing sonten kula tak sowan bapak kaliyan ibu


8 wonten dalem”. “Yawis… maturnuwun yaa Di, mangga sedaya… wassalamualaikum”, bu Yayuk pamit marang kabeh wong sing blanja ana ing kono. Srengenge wis jumeneng nata. Sayur dagangane Warsidi sing maune kebak wis kari sithik. Dheweke seneng banget, amarga dagangane dina iki laris. Tawaran nyambut gawe srabutan kanggo mbenekake gendheng daleme pak lurah dhusun Lumintu uga nambah bungahing atine. Bocah iku banjur bali menyang omah kaya biyasane. *** “Assalamualaikum Bu…”. “E…. walaikumsalam Leee. Piye daganganmu? laris ta?”, pitakone mak


9 Onah marang Sidi. “Alhamdulillah Bu…pangestunipun. Dagangan kula dinten punika telas, malah kalawau kula didhawuhi kaliyan bu Yayuk, garwanipun pak lurah dhusun Lumintu”, wangsulane priya kuwi kanthi nada swara sing bungah banget. “Alhamdulillah…. didhawuhi apa ta Le?”. “Punika lo Bu… ndandosi gendheng dalemipun pak lurah dhusun. Panjenenganipun sampun sepuh, mila kula kadhawuhan ndandosi. Lumayan Bu, saged kangge tambah-tambah arta kangge sekolah adhik-adhik”. “Husss... aja ngono, niate ngrewangi kuwi ora kena ngarepake piwales kaya mengkono. Yawis…kana gek ndang adus”. Warsidi nindakake apa sing


10 didhawuhake biyunge lan enggal-enggal ning kali saprelu ngresiki awake. Dina ngancik awan. Maya lan Ipul wis bali sekolah. Adhi-adhine Warsidi padha bali kanthi gawa kabar sing rada nggegirisi jroning ati. Bocah loro kuwi mau wis dijaluk mbayar SPP ning sekolahe dhewe-dhewe. Bungah atine Warsidi dina iku dumadakan katutup dening mega mendhung saka kabar iku. Uripe Warsidi sakulawarga pancen susah banget. Kanggo mangan saben dina wae kluwarga iku wis kangelan. Mak Onah sing wis sepuh mung dadi buruh umbah-umbah sing bayarane ora sepira. Warsidi uga mangkono. Sanadyan dheweke durung tuwa banget, ananging dheweke ora


11 tamat SMP. Priya sing bagus rupane iku wis ora mikir sekolah, nanging mikir kepriye carane supaya adhi-adhine bisa sekolah. Nadyan kaya mengkono nnging Sidi ora tau ngangkluh, dheweke tetep sabar lan usaha kanthi nyambut gawe apa wae sing penting halal. “Bu… kula badhe pamit kesah rumiyin, badhe sowan pak lurah dhusun Lumintu”. “Iya Le… ati-ati ya? Nek wis rampung ndang bali”, welinge mak Onah. “Inggih Bu… Assalamualaikum”. Warsidi metu saka omahe kanthi numpak pit onthel. Dheweke lunga kanthi dedunga, supaya bisa antuk gaweyan liya sakrampunge iku, sing bisa nambahi duwit kanggo mbayar sekolah adhi-adhine.


12 “kulanuwun… Assalamualaikum Pak, Bu..”. Warsidi ndhodhog daleme pak kepala dhusum Lumintu. “Walaikumsalam… eeeee, Warsidi, kene mlebu kene… kae bapak ning njero”, bu Yayuk nyumanggakake Sidi kanthi semanak. Sidi banjur guneman sedhela karo pak lurah dhusun Lumintu. Sakwise rampung guneman dheweke banjur gagenan nglakoni apa sing dadi tugase dina iku. Sidi kanthi sabar lan ngati-ati ndandani gendeng-gendeng iku. “Pak, Bu… gandheng punika sampun purna, kula badhe nyuwun pamit. Sampun dipuntengga ibu ten dalem”, ature marang Bu Yayuk sakulawarga. “Oh iya wis…


13 maturnuwun ya Di? Iki ana rejeki sithik minangka tandha panuwune Bapak lan Ibu kanggo Kowe”. Bu Yayuk maringi sidi amplop putih sing isine dhuwit. “Walah Bu… maturnuwun sanget, nggihpun kula pamit rumiyin, Wassalamualaikum”. Sore iku Warsidi bali menyang omahe ning dhusun Sidomukti sing adohe udakara limang kilometer saka dhusun Lumintu. Sadalan-dalan dheweke tansah mikir babagan dhuwit kanggo bayaran sekolah adhi-adhine wulan iki sing cacahe sakyuta. Lakune dumadakan mandheg amarga dheweke penasaran karo isine amplop putih sing diparingi bu Yayuk mau. Amplop putih sing ora sepira kandhele iku jebule isine


14 100 ewu. Warsidi mung mesem. “Alhamdulillah… aku kudu golek tambahan dhuwit 900 ewu maneh kanggo mbayar sekolahe adhi-adhiku”. Sanadyan dheweke mesem, nanging kahanan atine tansah sumelang. Sidi ora kepengin adhi-adhine medhot sekolah. Dhusun Sidomukti, papan ana ngendi Warsidi lair, gedhe lan entuk maneka warna pengalaman urip wis ora adoh maneh. Lakune pit onthel tuwa iku mandheg sanalika. Ora sengaja Sidi weruh ana dhompet ireng ning pinggir ratan tumuju desane. Dhompet ireng sing rada kandel iku nuli dibukak. Mripate Sidi dumadakan dadi melek tan kedhep nadyan mung sepisan, weruh ing dhompet iku isine dhuwit satus ewunan


15 sing cacahe rong puluh alias rongyuta akehe. Kakung kang bagus iku mamang atine. Apa sing dadi mamange Sidi kacaritakake ning mak Onah. Dhompet sing wis katemokake mau dibukaki isine. Jebul ning njero dhompet iku ana KTP-ne sing nduwe dhompet, Arif Wicaksono jenenge. KTP iku nyebutake menawa sing nduwe iku daleme ana ing dhusun Parangrusak, tangga dhusun Sidomukti. “Bu… dhompet punika isinipun arta kalih yuta, kagunganipun mas Arif Wicaksono ingkang dalemipun wonten dhusun Parangrusak mrika”, ature marang ibune. “Dhuwite akeh ya Le?”, mak Onah sumaur kanthi swara polos.


16 Wanita tamatan SD iku durung nate weruh dhuwit sing akehe rong yuta mau. “Apa dhuwite iki disilih sik kanggo mbayar sekolahe adhi-adhimu ya Le?”, ngendikane mak Onah marang putrane. Krungu wangsulan iku, jantunge Warsidi kaya-kaya mandheg greg. Dheweke pancen butuh dhuwit kanggo mbayar sekolah adhi-adhine, ananging priya iku sadar yen dhuwit sing ana ing dompet iku dudu duweke lan ora sakmesthine dheweke nguthik-uthik nadyan mung serupiyah. “Nuwun sewu Bu, nyuwun pangapunten. Prayoginipun dhompet punika mbenjing langsung kemawon dipunwangsulaken dhateng alamat ingkang kaserat wonten KTP kalawau, awit dhompet punika rak nggih


17 sanes gadhahanipun kita. Dospundi Bu?”, pitakone Sidi. Mak Onah tan kumocap sawetara. Wanita kang wis tuwa iku nuli ngunjal ambegan lan mesem. “Yawis Le, cah bagus. Yen iku dadi keputusanmu aku manut wae. Kowe wis gedhe putraku, wis ngerti ndi sing becik lan ndi sing ala”. Jebule mak Onah sarujuk dening apa sing dadi keputusane Sidi. Mega kang sinandhing rembulan wis gumanthi dening padhang sumunaring surya. Adhi-adhine Warsidi wis padha mangkat sekolah. Dheweke mangkat dodol rada awan, merga arep dodol ning desa Parangrusak, sekaliyan arep nggoleki alamat lan mbalekake


18 dhompet ireng sing ditemokake ning dalan wingi. Jam tansaya ngancik rada awan, Warsidi wis rampung anggone tata-tata. Dina iku dheweke nganggo rasukan sing rada apik, amarga sakrampunge dodol arep nglakoni apa sing dadi wajibe marang apa sing ditemokake. Sidi nggoleki ibune, mak Onah saprelu pamit lan nyuwun pangestu. Nanging, isuk kang padhang njingglang lan isih seger dumadakan malih dadi peteng ndhedhet, sumpeg. Mak Onah katemokake semaput dening Warsidi ning pawon kanthi getih sing ana ning tlapak tangan lan tutuke. Warsidi enggal-enggal nggawa ibune menyang puskesmas. Rencana arep mbalikake dhuwit sing


19 katemokake ning dalan mau durung sida dilakokake. Dheweke banjur nggawa mak Onah menyang puskesmas. *** Dokter puskesmas wis rampung anggone mriksa mak Onah. “Dospundi kawontenanipun ibu kula, Dok?”, pitakone kanthi mingseg-mingseg. “Ibune sampean gerah TBC Mas. Iki tak wenehi resep, mangga ndang dijupuk ning loket, supaya obate bisa ndang dinjuk ibune sampean, lan bisa ndang dhangan saka gerahe”. Wangsulane dokter puskesmas iku gawe Warsidi tansaya sumelang atine. Nadyan ragane katon rosa, nanging atine Sidi susah. Kahanan iku ndadekake dheweke kudu golek dhuwit


20 maneh kanggo mbrobatake biyunge. “Mbak... kula badhe nebus obate Ibu kula”. “Oh nggih Mas... total sedaya ingkang kedah dibayar setunggal yuta”. Ngerti yen obate biyunge nganti rega semono, Warsidi ora sida nebus obat kanggo ibune. Dhuwit rong yuta sing dicekel dheweke disawang-sawang. Sidi kepepet banget, dumadakan mbutuhake bea sing ora sithik. Dhuwit sing ditemokake kuwi kena kanggo mbayar sekolah adhi-adhine, uga kanggo mbayari ibune sing lagi gerah ning puskesmas. Ananging atine tetep ing karep awale, yaiku mbalekake dhuwit iku marang sing nduwe.


21 “Mas, dospundi kawontenanipun ibu Mas?”, Maya teka ning puskesmas kanthi ngajak Ipul. “Ibu orapapa dhik, mau wis dipriksa karo pak dhokter kok. Awakmu karo dhik Ipul wis maem durung?”, pitakone Sidi sinambi ngresiki luhe. “Alhamdulillah adhik sampun Mas, kalawau. Menawi kula mangkih gampil”. “Yawis…sing penting aja nganti ora maem ya Dhik?, iki tak gawani dhuwit sithik kanggo cekelan. Mas arep mbalekake dhuwit sing Mas temokake winginane nalika bali dodol. Ibu dijaga ya? Mas tak lunga sik..Assalamualaikum”, omonge Sidi marang Maya sing isih nganggo seragam sekolah. “Inggih Mas, Walaikumsalam..”


22 Pit onthel tuwane Sidi miwiti lakune ngukur dalan tumuju desa Parangrusak. Manah sing kebak dening swaraning setan kalah dening tekade sing kuwat kanggo mbalekake dhuwit rong yuta sing lagi digembol priya iku. “Assalamualaikum Bu… nuwun sewu, badhe nyuwun pirsa. Ibu mangertos alamat punika punapa mboten nggih?”, Warsidi takon marang salah sawijinining ibu-ibu kang ana ing dalan desa Parangrusak. “Oh… kuwi Mas, sing omahe paling gedhe kuwi lo Mas”. “Cat pethak punika Bu?”, “Iya..iyaa, bener Mas”. “Nggihpun.. maturnuwun nggih Bu? Wassalamualaikum”. Lajuning onthele Sidi saiki wis cetha. Tunggangane iku


23 nuli diarahake marang omah gedhong sing dituduhake ibu-ibu mau. Tekane priya gagah ing omah gedhong iku dipapag dening pitakone satpam sing ora kalah gagahe. Dheweke banjur ngandharake apa prelune. Jebule dompet sing ditemokake Sidi iku duweke bose si satpam gagah sing mapag sidi ana ngarepan gapura omah mau. Sidi gumun nalika wis mlebu gapura omah iku. “Omah kok apike kaya ngene ta ya Allah… kapan isa duwe omah apik kaya ngene..”, batine. “Nuwun Sewu Bapak… punika wonten mas-mas saking dhusun Sidomukti badhe kepanggih Bapak, sanjangipun badhe nyaosaken dompetipun Bapak ingkang


24 dipuntemokaken ten radosan”, ature satpam marang bose, Arif Wicaksono. “Oh iyaaa…wingi pas aku bali ngojek merga mobilku mogok kae dompetku sempet ilang mbuh ning ndi Jo, yawis kon mrene wae iku masmase!”. “Assalamualaikum Bapak…”, anggone Sidi miwiti mertamune kanthi mundhuk-mundhuk. “Walaikumsalam… mangga pinarak mriki Mas, mangga mangga…”. Priya loro kuwi banjur ngomong-ngomong kanthi swasana sing grapyak semanak. Ora krasa anggone Sidi mertamu wus sakjam suwene. Priya iku banjur nyuwun pamit karo sing duwe omah. Arif ujug-ujug ngetokake dhuwit teka njero dompete. Dhuwit sing cacahe


25 sakyuta saka dompet iku arep diparingake marang Sidi. Priya kang lagi sumelang atine iku wiwitane sajak isin-isin arep nampa, ananging merga kahanan dheweke banjur nampa apa sing diparingake Arif. “Wis Di… anggep wae iki tandha panuwunku marang awakmu. Muga-muga tali paseduluran iki bisa tetep mlaku nganthi sakteruse ya, maturnuwun lho…”. “Amin mas Arif, maturnuwun sanget…kula nyuwun pamit rumiyin, pareng-pareng, Wassalamualaikum…”. Pit onthel tuwa iku metu saka omah gedhong duweke Arif. Warsidi atine ayem sawetara amarga bali gawa dhuwit cacahe sakyuta sing diwenehi Arif mau. Dhuwit


26 kuwi kena kanggo mbayar sekolah adhiadhine. “Alhamdulillah ya Allah, maturnuwun. Panjenengan sampun kersa paring dalan kangge kula. Brarti aku kari usaha golek dhuwit kanggo bea berobate ibuk, Alhamdulillah…”, batine. Mbok menawa pancen bener kandhane ustadz-ustadz sing kulina ceramah kae. Wong sing jujur, sing kanthi ikhlas lila legawa manembah marang Gusti Pangeran, bakal digampangake kabeh perkara uripe. Kanyatane, Sidi kasil entuk dhuwit kanggo nebus obate mak Onah nadyan karo rekasa nyambut gawe sembarang ndengah. Pungkasane wong sing wis ngalirake dheweke iku bisa mari saka larane.


27 ~2~ Tika pamit marang bapak lan ibune saprelu mangkat sekolah. Wanodya kang ayu kinyis-kinyis iku nyepedha kaya biasane tumuju ing SMA Giri Bangun. Praupane katon semangat banget kanggo ngangsu kawruh lan seserapan ana kana. Pak lan Bu Karman, wong tuwane Tika klebu kluwarga sing nduweni drajad ing dhusun. Mula ora gumun yen Tika bisa sekolah ing SMA Giri Bangun, sekolah sing bisa dikandha minangka sekolah favorit ing dhusun Brajamukti. Ora saben bocah bisa


28 sekolah ing SMA Giri Bangun kejaba yen anake wong sing nduwe. Tika wis tekan sekolah. Piwulangan dina iku kawiwitan kanthi ulangan matematika. Tika sing klebu bocah pinter sajak ora gugup blas nalika soal ulangan lan lembar jawabe dibagi dening bu Frida, guru matematikane. Joni, bocah lanang sing paling mbeling sak sekolahan dumadakan mlebu kelas. “Joni!!! Saka ngendi wae kowe kok jam semene nembe teka???”, pitakone bu Frida marang bocah lanang sing bagus, gedhe dhuwur, putih nanging ora duwe tata lan mbelinge naudzubillah. “Aku mau nongkrong sik Bu… ngopi-ngopi sik ning warunge mak Yem! Sorry yen mlebu kelase


29 telat”, sumaure kanthi entheng. “Kowe bisa sopan sithik ora karo wong tuwa? Wis tekane telat! Ngomong ora duwe tata! Tobat tenan! Wis kana lungguh!”. Joni lungguh ana neng mburine Tika. Guru-guru ing SMA Giri Bangun wis ora kaget karo kelakuane Joni sing sakpenake dhewe. Guru-guru ora ana sing wani maringi ukuman marang dheweke, amarga Joni iku putrane Pak Sakti, priyayi sing kagungan yayasan Giri Bangun. Guruguru uga padha wedi yen arep maringi biji elek marang Joni, kamangka bocah iku bijine mung do-re-mi-fa-sol. “Tik! Tika!! Aku nyilih garapanmu!!”, anggone Joni bisik-bisik ngomong karo Tika sing lungguh ana


30 ngarepe. Tika sing wis ngerti kaya apa pakulinane Joni mung meneng wae. Celuke Joni mau kaanggep kaya dene angin kang liwat. “Tik!! Tika!! Kowe wani karo aku???”, swarane Joni nyeluki Tika kanthi nada swara kang rada dhuwur. Kursine Tika nganti ditendhangi saka mburi, nanging dheweke tetep meneng ora noleh. Joni sing pancen brandhalan dadi serik atine. Dheweke rumangsa diremehake dening bocah wadon siji kuwi. “Titeni kowe Tik! Tak Garap kowe!”, omonge sajroning batin kanthi niat kang ala. Ragane Joni sing wis kelebon pil setan lan miras gawe emosi kang ana ing atine tansaya angel dikendhalikake.


31 Tumeka ing wancine mulih sekolah, Joni metu ndhisikan saka kelas. Bocah kuwi banjur umpetan ana ing samping kelas karo ngenteni Tika liwat. Dheweke arep ngetutake Tika mulih kanggo gawe rencana ala kanggo males apa sing ditindakake bocah wadon iku nalika ulangan matematika mau. Bocah wadon ayu kang dienteni Joni wus metu saka kelas lan enggalenggal mara ning papan kanggo parkir pit ing SMA Giri Bangun. Joni saka adoh isih ngawasi mobah-mosiking bocah wadon ayu iku. Tika katututan dening Joni awit saka sekolah nganti tekan omahe. “Kena kowe cah ayu! Enteni wae tanggal maine! Ancur kowe!”, batine karo gumuyu kanthi


32 sinis. Joni banjur mulih lan ngomong karo kanca-kanca brandhalane sing klebu preman-preman. Dheweke ngajak kanca-kancane kanggo nindakake rencana alane marang Tika. *** Telung dina sakwise ulangan matematika sing gawe atine Joni kalap iku ana kagiyatan ing SMA Giri Bangun. Tika sing klebu salah sawijining pengurus OSIS neng kana melu nyengkuyung. Kagiyatan iku ndadekake Tika kudu bali rada sore amarga ngrewangi kanca-kancane resikresik sakwise acara rampung. Joni sing wis ngerti kahanan iku enggal metu saka sekolah seprelu siapsiap kanggo nglakoni rencana sing wis


33 kasusun karo kanca-kanca premane. “Yun…Sof, aku tak mulih ndhisik ya? wis meh surup ki…”, pamite marang kanca-kanca rakete, Yuyun lan Sofi. “Heem Tik… yawis kana ndang bali wae, mesakke nek balimu bengi-bengi, tapi wani ta?”, sumaure Yuyun. “Apa tak terke aku?”, Sofi nyaut omongan. “Wani kok Yun… ora usah Sof, aku tak bali dhewe wae, maturnuwun..hehe, aku bali sik ya? Assalamualaikum..”. Tika banjur metu saka sekolahe. “Ndes…ayo padha siap-siap ning tugase dhewe-dhewe, ki bocahe wis mulai ngepit mrene”, Joni ngabani kanca-kanca premane. Ora wetara suwe Tika wis katon saka kadohan. Joni lan kanca-kancane arep nindakake rencana


34 alane iku ning dalan sadengahing kebon tebu sing saben dina diliwati Tika. “Mbak…tulung Mbak, kula nembe ditabrak tiyang ngangge sepedha motor, tulung Mbak”, dumadakan Tika weruh ana wong lanang ning pinggiran dalan njaluk tulung kanthi tatu-tatu ning awake. Nalika dheweke arep nulungi, kanca premane Joni nutup tutuke Tika saka mburi, lan sing loro liyane nggoceki tangane Tikal banjur diseret marang tengah-tengah kebon tebu. Tika jerit-jerit karo nangis. Joni sing dadi dhalang saka tumindak kang ala iku banjur metu saka wit-witan tebu karo ngekek-ngekek. “Halo cah ayu… ngapa? kaget ya? kowe wis wani karo aku, saiki rasakna! Entek kowe!”.


35 “Bajingan kowe Jon! Karo wong wedok wae maine kroyokan ngene! Cuuuhhh!!!!!”, Tika ngidoni raine Joni. “Setan alas! Menenga!”. Joni ngeplak pipine Tika sing alus iku karo mbentak dheweke. Pipi sing putih iku dadi abang merga tangane Joni. Tika sing ora bisa obah ora mandheg anggone mbengak-mbengok njaluk pitulungan. Kanca-kanca premane Joni banjur nguculi seragam sekolahe Tika. Tangise Tika tansaya kejer ngerteni kadadeyan iku. “Mas… ampun Mas, ampuuun…”. “Ayo cah ayu…menenga ta, wis ta… enak kok! Kowe ora usah wedi, ya ya ya?”, sauté salah siji kanca premane Joni karo cengengesan. Seragam putih kang mau


36 nutupi awake Tika saiki wis ganti dening miniset putih. Awake sing memel kaya dene model banjur kasawang dening para bajingan kancane Joni. Pambayun montoge bocah wadon ayu sing apik bebudene kuwi katon mencungul saka mburi minisete, agawe kanca-kanca premane Joni tansaya nepsu arep ngrudapeksa Tika. “Ampun Maaasss…ampuuuun, aku ora tau urusan karo sampeansampean, ampun Massss..ampuuuun”, panjaluke Tika kanthi melas marang prema-preman iku. Joni mung ngakakngakak ndelok kahanan iku. “Rasakna kowe! Ben dirudapeksa dening bajingan-bajingan kuwi!”, omonge sajroning batin karo ngguyu cekakan.


37 Tika sing wis kalucutan klambi seragame ora mandheg anggone bengakbengok. Kahanan ning kana yen surup pancen sepi, jarang ana wong lewat. Nanging Gusti Allah iku mesthi bakal paring pangayoman dening sapa wae kang sregep ngibadah lan apik bebudene marang sasama. “Kok kaya ana swara wong wadon njaluk tulung kae sapa ya? ning ndi kae? Lha iki ana pit ning pinggir dalan ngene”, Warsidi sing bali saka dodol sayur ngendhegake pit onthele. Dheweke banjur nututi tipak sing ngarah sajroning kebon tebu. Sidi kaget nyawang ana bocah wadon sing arep dirudapeksa.


38 “Woy!! Bejad banget lakune sampean-sampean iki!! Yen wani aja karo wong wedok!! Bajingan tengik!!!”, pambengoke Sidi sajak gethem atine. “Kowe sapa? Meh dadi pahlawan ning kene?”, sauté Joni. Kanca-kanca premane Joni banjur melu panas lan ngeculake Tika. Adu kaprigelan gelut ora bisa kasingkirake maneh. Warsidi dikeroyok dening Joni lan premanpreman kang nyatane nggawa gaman landhep. Nadyan mengkono ora dadi masalah kanggo Sidi sing mbiyen tau sinau pencak silat. Joni sak wadya balane kawon. “Mbak…mangga kula dherekaken kondur”, Sidi nawani ngeterke bali marang Tika.


39 “maturnuwun Mas…maturnuwun”, ature Tika kanthi nangis sesenggukan. “Nggih Mbak, sami-sami…mangga kula dherekaken, nuwun sewu rasukanipun dipunagem rumiyin”. Wong loro iku banjur mlaku kanthi nuntun pit bebarengan tumuju desa Brajamukti, omahe Tika. “Namine sinten Dhik?”, pitakone Sidi marang Tika kanggo ngedhemake swasana. “Kula Tika Mas”. “Emmmm…sak iki wis kelas pira dhik?”, “Kelas 3 Mas…”. Tika sajak tatu atine amarga kadadeyan mau, saengga apa sing dadi pitakone Sidi mung diwangsuli kanthi cekak aos. “Assalamualaikum…”, “Walaikumsalam… ya Allah ndhuk,


40 kenangapa kowe? Kok bali-bali kaya ngene?”, pitakone bu Karman marang anak wedoke. “Tika badhe dirudapeksa Bu…”, luhe Tika mbrebes mili deres maneh ning pangkone Ibune. “Sapa sing arep ngrudapeksa kowe anakku?!!!”, Pak Karman metu kanthi ngamukngamuk gawa clurit. “Joni kaliyan kanca-kancanipun Bapak…”. “Sabar Pak, sabar… prayoginipun Bapak enggal-enggal lapor polisi kemawon”, Sidi menggak. “Sapa kowe?”, “Mas-mas punika kalawau ingkang nulungi kula Pak, Bu…”. “Aku ora trima anakku diperlakokake kaya ngene!! durung ngerti sapa aku kae bocah!!”. “Sabar Pak..sabar, luwih becik mengko dhewe bareng-bareng ning kantor polisi wae”,


41 kandhane bu Karman nglerem atine bojone. Tika sakluwarga lan Sidi barengbareng menyang kantor polisi. Joni lan kanca-kancane jebul wis dadi target sing diincer dening polisi amarga dheweke lan kanca-kancane uga dilaporake mbegal, dodol pil setan lan miras ing dhusun sebelah. “Maturnuwun ya Lik…wis kersa nulungi Tika, iki ana tandha panuwun sithik”, kandhane bu Karman karo ngulungake duwit atus ewonan cacah lima. “Mboten Bu…mboten, maturnuwun. Saestu, kula ikhas kok, maturnuwun”. “Sapa jenengmu cah bagus? omahmu ana ngendi?”, pitakone bu Karman kanthi mesem manis. “Kula Warsidi Bu…


42 griya kula ten dhusun Sidomukti”. Ora wetara suwe pak Karman sing lagi emosi ngajak bali. Tembung “maturnuwun” nganti ora kumocap saka lambene pak Karman. Bu Karman lan Tika mung banjur manut apa kandhane pak Karman. Sidi sing wis katon kesel banget banjur bali ning dhusun Sidomukti kekancan pit onthel tuwane. “Assalamualaikum Bu… nyuwun pangapunten radi telat dugi griya”. “Walaikumsalam…iya Le, orapapa, saka ngendi ta? Kok yahmene nembe tekan omah?, mak Onah katon penasaran. Warsidi sing gobyos kringet banjur nyritakake kanthi nrithik apa sing njalari dheweke mulih telat sinambi ngaso.


43 Wenih katresnan ora sengaja sumebar ning atine Sidi. Kadadeyan mau gawe mripate priya iku ora bisa merem nadyan awake kesel banget. Sidi kelingan wajah ayune Tika. Dheweke rada gela amarga ora bisa tepungan akeh karo wanodya kang ayu iku. *** “Bu… pamit rumiyin, badhe bidhal sadeyan”. “Iya Le…ati-ati ya??, mengko mulih jam pira?”, pitakone mak Onah marang putrane. “Mangkih kados biyasanipun kok Bu, dospundi?”, “Orapapa, mengko Ibu arep rewang ning daleme bu Tarjo, mengko adhi-adhimu diurusi sik ya Le?”. Sidi nyaguhi dhawuhe mak Onah banjur mangkat dodol sayur.


44 Dina iku dina Minggu, Warsidi sing wis suwe ora bisa turu angler amarga lam-lamen Tika sengaja dodol ning dhusun Brajamukti. Ora kanyana, Sidi kepethuk maneh karo Tika. “Mas Sidi!!!”, “Eh…Dhik Tika ta jebule, tak kira sapa, Assalamualaikum??”, sauté Sidi mangsuli pambengoke cah ayu sing nate ditulungi iku. “hehe…Walaikumsalam, sehat Mas?”, Tika sajak bungah banget ketemu maneh karo Warsidi. “Alhamdulillah Dhik…Sehat, hehehe… Dhik Tika sehat? Minggu-Minggu kok ora dolan?” pitakone Sidi. “Alhamdulillah Mas, kula inggih mekaten. Mboten Mas…badhe ngrewangi Ibu masak kok, hehehe…


45 niki kula diutus Ibu tumbas bahan, eh malah kepanggih sampean Mas, nggihpun kula tak sekaliyan tumbas ten penjenengan mawon”. Bocah loro kuwi banjur guneman ngalor ngidul ngetan ngulon. Mbok menawa pancen wis rejekine Sidi, dagangane ning desa Brajamukti entek ludhes. Sidi banjur mulih kanthi ati sing bungah banget. Bungah merga dagangane laris lan bisa ketemu maneh karo sing gawe dheweke ora bisa turu pirang-pirang dina. *** Sidi lungguh-lungguh ing teras omahe, ora wetara suwe mak Onah nyusul ngancani. Mak Onah nyawang putrane ngguya-ngguyu dhewe kayakaya wong kang nandhang kasmaran.


46 “Le… ana apa ta? Kok sajake kaya lagi kasmaran ngono?”. “Eh Ibu…mboten kok Bu, punika lo kemutan dhagelan ketoprak ingkang kula tingali kalawingi”. “Dhagelan apa dhagelan?”, Mak Onah mbeda. Ibune sing wis tuwa iku sajak wis ngerti yen apa sing dikandhakake putrane iku mung apusapusan, nanging mak Onah mung mesem tok. *** Ora krasa yen Sidi karo Tika wis sesambungan nganti pirang-pirang taun. Tresna ing antarane priya lan wanita iku thukul ijo royo-royo. Sidi lan Tika dadi luwih asring ketemu, dolan lan guyon bebarengan. Lumrahe wong sing lagi kasmaran, donya rasane kaya duweke


47 wong loro. Dina-dinane Sidi sing kudu dilakoni kanthi rekasa dodol sayur kanggo uripe dheweke, ibu lan adhiadhine dadi ora krasa rekasane merga kairing tresnane marang Tika. Menengmeneng Warsidi nyelengi dhuwit kanggo ngrabi wanodya sing dadi pepujaning atine iku. Tresnaning bocah loro sing wis kaya dene mimi lan mintuna iku durung kangerten dening pak Karman lan bu Karman. Mak Onah uga durung ngerti yen putrane sing dadi sakaning kluwarga iku kaiket dening tali tresna marang anake juragan mbako dhusun Brajamukti. “Dhik…kepriye ya yen bapak ibumu pirsa marang sesambungane


48 dhewe iki?, apa ya bakal dipangestuni?, aku kan mung…”, “Ssssssttt….cukup Mas, aja dibacutake. Aku ora mandhang sampean iku nyambut gawene apa lan kepriye status sosiale, sing penting rak ya iku gaweyan kang halal?. Sing penting sampean tresna karo aku lan saguh dadi imamku donya akherat. Aku lila urip susah utawa seneng, sing penting bareng-bareng karo sampean Mas…” ature Tika kanthi manteb marang pepujaning atine, Warsidi. Atine Sidi trenyuh sakwise krungu apa sing dikandhakake bocah wadon sing lagi sesandhingan karo awake iku. Tangane bocah loro iku banjur padha gegocekan kanthi raket banget, tandha yen oyot


49 tresna kang thukul tansaya tumuncep jeru ing ati. Sidi mulih kanthi kebak mamang ing atine. Priya iku tresna banget marang putrane juragan mbako saka dhusun Brajamukti, sing mbiyen tau ditulungi nalika arep dirudapeksa, ananging dheweke uga ora bisa selak yen kahanan kluwargane karo kluwarga pepujaning atine iku kaya dene bumi langit, adoh!. Lajuning pit onthel tuwa sing kanggo riwa-riwi dadi seksi sesambungan atine Sidi lan Tika sing dilakoni kanthi sesidheman. ` “Assalamualaikum Bu…”, dheweke mlebu omah, praupane katon rada lesu. “Walaikumsalam Le… teka


50 ngendi ta? Kok nembe bali?”, pitakone mak Onah. Sidi dumadakan trataban atine. Priya iku kepengin banget matur karo ibune menawa dheweke kepengin ngrabi Tika, putrane Pak Karman, juragan mbako dhusun Brajamukti. Ndelalah, dhuwit kanggo ngrabi sing diklumpukake suwe kanggo rabi wis cukup yen mung kanggo syukuran cilikcilikan. Nanging Sidi rumangsa yen durung wancine kanggo mak Onah pirsa babagan iku. Wusanane, dheweke mung banjur ngempet ature. *** Ngancik sawijining dina nalika atine Sidi wis ora bisa ngempet apa kang dadi kodrate minangka priya normal. Mak Onah sing lagi nglempiti


Click to View FlipBook Version