The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Andhika Utama, 2024-02-25 19:36:32

novel sumingkir

novel-jawa-sumingkir

101 sing ana wetenge bakal tambah gedhe, lan mesthi wae bakal ketok mata. Mung iku sing dadi pikire wiwit arep mulih nganti tekan omah. *** “Nduuuk, Maya... wis salat subuh durung?”, mak Onah nggugahi putrane kanggo salat subuh. “nggih Bu... sekedhap” Maya mangsuli saka njero kamar. Bocah iku banjur metu lan menyang njupuk wudlu saprelu nindakake salat subuh. Warsidi sing saiki wis entuk gaweyan sing rada lumayan katon wis siap mangkat. Dheweke wis nganggo klambi dhinese minangka cleaneng service neng rumah sakit neng kutha. Nadyan mung cleaneng service, dheweke nglakoni


102 gaweyan iku kanthi tulus lan ora tau ngeluh. Kabeh ditampa kanthi seneng atine. Nyawang kahanan iku atine Maya seneng ananging nggrantes. Dheweke mung mbatin “La ya... Kangmasku sing baguse kaya ngono kok mung dadi cleaneng service ya? Aku bisa tamat sekolah ya jalaran saka jungkir walike mas Sidi nalika semana”. Sajroneng batin dheweke rumangsa luput banget, apa maneh yen mengko ibu lan kangmase ngerti bab jabang bayi sing lagi kaandhut jalaran saka tumindak bejade Arif. Mesthi wae atine ibu lan kangmase bakal luwih ajur mumur. “Bu.... Kula bidhal rumiyin nggih?” Warsidi pamit marang mak Onah, “Iya Le... sing ngati-ati ya? Kerja


103 sing jujur, ora usah neka-neka. Rejeki kuwi wis ana sing ngatur, dhewe kari ngupaya kanthi cara sing mbener”. “nggih Bu...pangestunipun nggih Bu?. Ayo Dhik... Mas tak budhal sik ya?”. “Nggih Mas...mangga ndherekaken”, Maya mangsuli Warsidi banjur salaman lan ngambung tangane kangmase iku. Kaya pakulinane ndhisik, sakwise Warsidi mangkat nyambut gawe, dheweke ngrewangi mak Onah resik-resik omah. Omah sing maune ora ana prabot apa-apane saiki wis malih. Prabotan-prabotan sing rada lumayan katon ngebaki omah iku. Gaweyane mak Onah sing maune ditindakake dheweke nalika Maya nyambut gawe neng Jakarta saiki wis ana sing ngrewangi.


104 Bocah iku kanthi cak-cek nindakake apa wae gaweyan sing bisa ditindakake. Pakulinane nyambut gawe neng Jakarta isih dadi settingane bocah iku. *** Wulan wis ganti wulan. Wetenge Maya sing maune durung ketok ngandhut saiki wis rada gedhe. Warsidi sing nggatekake adhi-adhine wiwit ngrasa ana sing ora beres karo Maya. Dheweke nyawang adhine saya suwe wetenge saya gedhe. Pambayune Maya uga katon saya gedhe, kaya dene wong sing lagi ngandhut sing sacara ilmiah bakal ana owah-owahan neng bagiyan iku amarga ngasilake ASI kanggo jabang bayine. Warsidi mung meneng,


105 karo tetep nggatekake kanthi kebak pitakon. Nuju ing sawijineng dina, Maya lagi leyeh-leyeh ana ing teras omah. Warsidi nyedhaki adhine saprelu mancing adhine supaya pitakonanpitakonan sing ana ing utege bisa enggal dadi tentreming ati. “Dhik... lagi apa?” pitakone kanggo miwiti guneman karo adhine. “Niki lo mas, nembe maos majalah, hehehe”. “Oalah... majalah apa?, kok sajake serius nemen?”. “Majalah niki lo Mas”, karo nuduhake majalah apa sing diwaca. “Dhik... kowe sakwise bali saka Jakarta katon tambah makmur ya? Hahaha”. “Alah... Mosok ta Mas? Mboten ahh...”. “Iya wis... temenan, aku ora ngapusi”. Maya mung


106 gumuyu krungu kangmase ngomong mengkono. “Dhik... saktemene kowe kok ujug-ujug tanpa ana kabar bali menyang omah kenapa?”, Warsidi wiwit menehi pitakonan sing rada jeru. Maya sing ditakoni bab iku kaya-kaya jantunge mandheg. Dheweke langsung mandheg anggone maca. Maya nyoba piye carane supaya dheweke tetep tenang. “Lo... nek kula dumadakan kangen kaliyan panjenengan, kaliyan ibu kaliyan dhik Ipul napa mboten pareng ta Mas?”. “Ya ora mengkono maksudku Dhik”. Swasana dadi malih rada kenceng. “Kula kan mpun matur ta Mas, kersane surprise”. Maya malah ngajak guyon Warsidi. Dheweke banjur mlebu omah


107 kanthi alesan arep neng kamar mandi. Warsidi dadi tansaya sumelang atine. “Mas Warsidi wis sajak ngerti iki. Nanging aku kudu tetep nutupi iki!”, Mengkono batine Maya. Dheweke nyoba tetep kuwat kanggo nutupi perkarane iku, sanadyan mengko ing tembe mburi ya mesthi bakal konangan. *** Sore iku langit netesake luhe. Hawa adhem sing nujes nganti sajroneng balung gawe sapa wae ngrasa kadhemen. Maya ora luput ngrasa kadhemen uga. Hawa adhem iku gawe dheweke bola-bali turas neng paturasan. Kahanan iku uga disababake gawan saka jabang bayine sing wus gedhe.


108 Maya sing wis ping 4 menyang paturasan krasa arep turas maneh. Dheweke banjur kanthi rikat menyang paturasan. Jalaran saka ora ati-ati, Maya banjur kepleset ana paturasan. Dheweke banjur semaput lan getih mbrebes mili nelesi wentise sing putih. “Ibu...Mas... kula ten pundi niki?” Maya sing nembe sadhar saka semapute sajak ngrasa bingung. “Kowe ana neng puskesmas Ndhuk, untung jabang bayi lan awakku dhewe orapapa”. Mripate mak Onah mbrebes mili netesake eluhe. Warsidi sing wiwit mula ngrasa ana sing ora beres mung meneng wae. Pasuryane sajak duka amarga ngerti yen Maya ngandhut. “Bu... Mas... kula nyuwun pangapunten.


109 Kula sampun damel duka penggalih Ibu kaliyan Mas Sidi. Nyuwun pangapunten....” Ruwangan puskesmas papan kanggo ngrumat Maya dadi banjir luh. Sidi uga ora bisa ngempet luhe, nadyan anggon luhe mbrebes mili ora padha derese karo ibu lan adhine. “Saestu Bu... kula mboten nglampahi tumindak ingkang awon, kula kepeksa”. “Wis...wis, Ibu precaya kok ndhuk, sing penting saiki kowe ndang maria ya? Mesakke jabang bayi sing ana neng wetengmu”. Mak Onah nyoba kanggo nglipur atine Maya. *** “Maya... saiki ngomonga, sapa sing dadi bapak saka jabang bayi sing ana ing njero wetengmu iku?!”, Warsidi


110 nakoni Maya sing dilungguhake ing ruwang tengah. Mak Onah uga melu lungguh neng kana, kejaba Ipul. Dheweke isih durung pantes ngerteni bab kuwi, banjur sakdurunge nyidang Maya, Ipul didhawuhi dolan karo Sidi kanthi diwenehi dhuwit kanggo jajan. “Juragan kula Mas ingkang nindakaken sedaya punika. Kula dirudapeksa nalika kula tilem. Kadadeyan punika lajeng dipunbacutaken ngantos kula ngandhut. Saestu Mas, kula mboten neka-neka”. Maya njlentrehake apa sing dialami nalika nyambut gawe neng kana. “Pokoke gelem ora gelem wong iku kudu tanggung jawab!”. “Sampun Mas, sampun... sampun ngantos


111 ngginakaken emosi. Dikepripun kemawon, piyambakipun tetep bapak saking jabang bayi ingkang kula andhut”. “Wis! Cukup! Kowe meneng wae. Prekara iki kudu daktataki. Kowe kuwi adhiku, meh piye piye kowe tetep tanggung jawabku! Ngerti?!”. Maya mung nangis. Mak Onah sing ana ning sandhinge nyikep anak wedoke iku. “Wis Di... Wis, istigfar... Aja kaya wong kesetanen ngono. Mesakke adhimu iki lo”. Mak Onah nyoba ngeleremake atine Sidi sing lagi kobongan gedhe. “Mpun Bu... pokokipun perkawis punika kula kedah cawe-cawe!”. Warsidi banjur metu saka ngomah ninggalake ibu lan adhine wedok sing lagi tangisan ning


112 ruwang tengah. Warsidi durung tau ngamuk nganti kaya mengkono. *****


113 ~5~ Sidi dadi malih sipate wiwit dheweke ngerti yen adhine wedok sing digadhang-gadhang kudu nandhang nasib kaya mengkono. Sidi dadi luwih meneng karo ibu lan adhi-adhine. Sak umur-umur uripe, kadadeyan iku minangka kadadeyan sing kapindo sing banget nglarani atine. “Di... wis maem apa durung?”, mak Onah nakoni Sidi sing lagi wae bali dodol. “sampun Bu...”. Mung iku sing diucapake banjur bablas mlebu kamare. Mak Onah mung ngelus dada. Dheweke ora maido yen Sidi nganti kuciwa kaya mengkono jalaran Sidi uga wis melu ngupakara adhi-adhine. Nalika semana,


114 Sidi lila medhot sekolahe lan banjur dodol mung supaya pawone bisa tetep ngebul lan adhi-adhine bisa tetep sekolah. Nanging kanyatane, sakwise urip kluwargane bisa rada mulya, kadadeyan iku malah teka lan ngrusak kabehane. “Bu...” ujug-ujug Maya teka karo dleweran luhe. Dheweke ngerti tingkah polahe Sidi sing kaya mengkono mau. Mak Onah banjur ngrengkuh Maya lan uga melu nangis. “Sing sabar ya ndhuk... iki kabeh mesthi ana dalane...”. “Inggih Bu, mung kula rumaos lepat. Kula sampun damel cuwaning penggalih mas Sidi. Nalika semanten kula nekat kesah nyambut damel”. Maya kanthi getun ning atine nyritakake kadadeyan


115 mbiyen nalika dheweke arep mangkat ning Jakarta. “Wis ndhuk... wis, sing wis kelakon ya wis, raksah dipikir. Apa sing kadadeyan saiki wae sing kudu dipikir kanthi sabar lan digoleki carane ngrampungi. Wis...wis..ora usah nangis, mesakke jabang bayi sing ana ning wetengmu”. “Aku kudu menyang Jakarta, aku kepengin ngerti kaya apa ta rupane wong sing wani misuda adhiku! Kakeane tenan!”, batine Warsidi. Dina esuke dheweke banjur mangkat menyang Jakarta tanpa pamit karo ibu lan adhi-adhine. *** Warsidi sing atine kebak emosi wis tekan ing Jakarta. Dheweke nelpun


116 mbak Surti, tanggane sing mbiyen nggawa adhine nyambut gawe ning omah sing kanyatane ngrusak uripe adhi lan kluwargane. “Halo… Dhik Surti?”, “Nggih..sinten nggih?”, Surti mangsuli sajak bingung amarga nomere sing kanggo nelpun during tau disimpen. “Iki aku Dhik, Warsidi”, “Oalaaah…mas Warsidi ta, dospundi Mas?”. “Ngene Dhik, iki aku ana prelu karo juraganmu, aku wis ning Jakarta. Nah… aku meh takon alamat daleme juraganmu ning ndi ya?”. Guneman liwat telpon iku ing tembe kasil menehi Warsidi alamat omahe Arif. Alamat omah sing diwenehi dening mbak Surti marang dheweke banjur enggal digoleki dununge.


117 Dheweke takon mrana-mrene nganti omah iku kasil katemokake. “Ooohh… dadi iki ta omahe bajingan tengik sing wis gawe ajur uripe adhiku lan ngrusak kluwargaku. Entenana…bakl tak obrak-abrik kluwargamu!”, Warsidi mbatin kaya mengkono. Tangane nggegem rapet merga gregeten banget atine. Wengi iku dheweke nyepakake strategi kanggo sesidheman mlebu ana njero omahe Arif. Warsidi ngrancang kabehane kanthi remit, amarga dheweke uga sadhar yen omah iku dijaga karo satpam-satpam. Omah iku uga dikupengi dening tembok kang pucuke diwenehi pecahan beling.


118 Rancangan strategi kanggo mlebu omahe Arif wis dimantebake. Warsidi enggal cepak-cepak saprelu mlebu omah iku kanthi sesidheman. Wengi tansaya wengi, hawa adhem gawe satpam-satpam sing jaga wiwit ngantuk, nganti ora sengaja satpam-satpam iku akhire padha turu. Warsidi sing wis ana ngarep omah mung mesem. “Hahaha… satpam kok padha gemblung-gemblung. Ngene iki dadi gampang banget ta nggonku mlebu”. Satpam-satpam sing keturon iku banjur dikepruk dening Warsidi saengga kekarone saiki ora mung turu, nanging semaput ana njero pos. Ora wetara suwe Warsidi wis kasil mlebu ana ngomah kanthi gancar.


119 Dheweke banjur kanthi alon-alon goleki ana ngendi wong sing wis gawe atine muntab iku turu. Warsidi kasil nemokake kamare Arif. Nalika mlebu kamar iku dheweke kaget. Warsidi kaget amarga weruh wanita sing dadi gulinge pawongan sing wis ngrudapeksa adhine iku jebule Tika, wong ayu sing mbiyen dadi pepujaning atine. Atine Warsidi tansaya ajur mumur, merga tekan seprene dheweke isih tresna marang Tika. Mbok menawa setan-setan sing maune wis akeh dadi tansaya akeh ngebaki utege Sidi. Warsidi dadi kalap. Arif sing lagi enak-enak turu kelon karo Tika banjur ditarik saka kasur banjur digitik nganggo gebugan sing wis


120 dicepakake dheweke. Arif banjur sempoyongan. Tika sing dadi gulinge Arif njenggirat lan banjur bengok-bengok njaluk tulung. Bengoke Tika iku ora keprungu dening mbak Surti sing lagi turu, apa maneh dening satpam-satpam sing lagi semaput, jalaran saka gedhene omahe Sidi lan uga kamar iku rada kedhap swara. Tika sing kesel bengak-bengok wusanane mung meneng karo nangis. “Mas Sidi! Kenangapa kowe tega nglakoni iki?!!!”. Warsidi mung meneng karo mbanda tangan lan sikile Arif. Lambene Arif uga ditutup nganggo lakban.


121 “Ngertia ya Tik! Bojomu iki wis ngrudapeksa adhiku!. Dheweke uga wis gawe remuk atiku. Uripku ajur gara-gara dheweke iku ana ing donya iki!”. Tika kaget krungu kandhane Sidi. “Hah?! Aja mung waton ngomong kowe Mas!”. “Kowe ngerti kenangapa Maya dumadakan mandheg nyambut gawe ana kene?! Ha?! Ngerti ora?! Ya kuwi merga dheweke meteng! Meteng anake bajingan siji iki!”. Warsidi ngomong kaya mengkono kanthi ndundingnduding Arif. Lakban sing nutupi lambene Arif banjur dibukak. “Heh bajingan! Ngomonga marang bojomu iki! Critakna kadadeyan sing saktenane! Cepet!”, Warsidi meksa Arif kanggo crita kanthi ngeplaki pipi


122 kiwa tengene. “Dhik Tika, aku nyuwun ngapura. Apa sing dikandhakake Warsidi bener. Aku wis ngrudapeksa Maya. Ning perkara dheweke banjur meteng aku ora ngerti! Sumpah! Mula aku nyuwun ngapuramu ya Dhik, uga karo sampean Mas Sidi. Aku nyuwun ngapura, aku khilaf”. “Persetan! Wis telat anggonmu njaluk ngapura marang aku! Saiki seksenana!”. Warsidi banjur cucul-cucul klambi lan kanthoke nganti wusanane Sidi mung wuda blejit. Sidi sing wis wuda blejit iku banjur mlumpat ana ndhuwur kasur. Tika sing ana ndhuwur kasur banjur dikekep, dheweke bengak-bengok njaluk tulung, nanging ora ana sing nulungi kaya mbiyen rikala


123 dheweke arep dirudapeksa dening preman-preman kancane Joni. Klambi turune Tika banjur padha diloroti dening Warsidi nganti kahanane Tika wis ora ana bedane karo kahanane Sidi sing kaya wong kesetanen. Awake Tika sing lagi ngandhut gawe Sidi tansaya semangat ngrudapeksa Tika. Wengi iku Warsidi wis ora ana bedane karo Joni lan kanca-kanca premane mbiyen. Kepara Warsidi malah luwih parah nglakoni tumindak nistha iku tinimbang Joni lan kanca-kancane mbiyen. Kringete Sidi lan Tika nyawiji ing ndhuwur kasur iku lan ana ngarepe Arif. Arif mung nangis nyawang kahanan iku. Tika uga melu nangis,


124 nanging dheweke uga ora bisa nyelaki kepenake nglakoni tumindak iku. Sakwise rampung anggone ngrudapeksa Tika, Warsidi mudhun saka ndhuwur kasur. Klambine sing mau dicopoti banjur dienggo. Tika isih keweden. Dheweke mung lungguh njigruk neng pojokan kasur kanthi nangis sesenggukan lan nutupi awake nganggo kemul sing maune kanggo kemulan dheweke lan Arif nalika turu mau. “hahaha… piye rasane atimu Rif ndelok bojomu tak rudapeksa? Ngertia ya, bojomu nadyan wis tau koktumpaki nyatane ya isih penak ya? Manteb! Hahaha”. Lakban sing nutupi lambene Arif dibukak meneh dening Sidi. “cuhhh!!! Keparat!!! Banci kowe!!!”,


125 Arif ngidoni raine Sidi. Apa sing ditindakake Arif gawe emosine Sidi tansaya ndadi. Warsidi banjur njupuk peso sing uga wis dicepakake ana kanthonge, “Mati kowe!!!”. Tika ora bisa kedhep mripate ndelok kadadeyan iku. Dhadha kiwane Arif ditujes nganggo peso dening Warsidi. Arif sing wis gubras getih mati sanalika uga amarga sing ditujes pas kena jantunge. “Mas Ariiiiiiffff!!!” bengoke Tika banter banget. Dheweke banjur mudhun saka kasur ngekep jisime Arif sing gubras getih. “Tega ya kowe Mas! Aku ora nyana yen kowe jebule wengise kaya ngene! Bajingan!” Tika nyedhaki Warsidi lan nggebuki


126 priya iku. Sidi mung meneng, nglilakake awake digebugi Tika. Satpam-satpam lan mbak Surti sing maune semaput lan lagi turu banjur padha teka. Wong-wong kuwi uga padha kaget ngerti kahanan iku. Satpamsatpam omahe Arif banjur enggal nyekel Warsidi lan nggawa priya iku ning kantor pulisi. Warsidi mung manut wae. “Tika… sakdurunge aku lunga, aku arep ngomong. Satemene aku isih tresna banget karo sliramu. Tresnaku ora suda nadyan mung sethithik”. “Wis…ayo, raksah kakean omong! Bajingan!”, satpam-satpam iku banjur nggawa Warsidi menyang kantor pulisi. ***


127 “Assalamualaikum… Buuu, Yaaa Mayaaa…”, mbak Surti teka lan mlebu omah kanthi gupuh. “Walaikumsalam… ana apa ta Mbak?”, pitakone Maya. “Anu May… Mas Sidi”. “Mas Sidi? Mas Sidi kenapa Mbak?”, pitakone Maya sing sajak kuwatir. “Anu… Mas Sidi ditahan ning kantor pulisi, ning Jakarta kana”. “Loh? Kok isa Mbak?”, “Ana apa ta iki?”, Mak Onah dumadakan teka. “Mas Sidi Bu… Mas Sidi dicepeng pulisi”. “Ya Allah Lee… kok isa?”, “Anu Bu… prayoginipun enggal tindak mrika kemawon, mangkih kersane pulisi ingkang ngaturi pirsa kadadosanipun”. Mak Onah lan Maya banjur mangkat


128 ning Jakarta lan nemoni Sidi ning kantor pulisi. Wong loro iku kaget sakwise krungu kandhane pulisi bab kadadeyan sing gawe Sidi dikunjara. Maya lan Mak Onah lemes. Kekarone tangis-tangisan merga ora precaya yen Sidi nglakoni tumindak kang wengis kaya mengkono. “Pak… apa kami bisa bertemu dengan Kakak saya?”, mengkono ature Maya marang pulisi sing nemoni dheweke lan ibune. “Oh bisa… mari saya antar”. Maya lan Mak Onah banjur mlaku ngliwati lorong-lorong kunjara diterke dening pak pulisi. Kunjarane Warsidi ana ing paling mburi, lan


129 ndelalah dheweke mung ning kana dhewekan. “Astagfirullah haladzim…”, pak pulisi kaget amarga ning kana Warsidi wis ilang nyawane kanthi nggantung ing jero kunjara. Mak Onah semaput weruh kahanan iku, Maya sing uga kaget lan lemes weruh kahanan iku uga arep melu semaput, nanging nalika ngerti ibune semaput ndhisikan dheweke ora sida semapur lan banjur nulungi Ibune kanthi dleweran luh lan swasana ati sing susah merga wanita sing lagi ngandhut iku kelangan kangmase. *****


Click to View FlipBook Version