The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Andhika Utama, 2024-02-25 19:36:32

novel sumingkir

novel-jawa-sumingkir

51 klambine adhi-adhine banjur dicedhaki saprelu diajak rembugan. Sidi arep matur apa sing dadi karepe. Ya…. ngrabi Tika, putrane Pak Karman, juragan mbako dhusun Brajamukti. “Bu… kula badhe matur”. “Arep matur apa ta Le?”, pitakone mak Onah karo mesem. “emmmm…menawi kula badhe rabi kepareng punapa mboten?”. Mak Onah kaget sakwise krungu pitakone putrane. Tangane sing mau sibuk nglempiti kumbahan dindhegake. “Ya pareng wae ta cah bagus. Memange arep rabi karo sapa?”. “Ibu taksih kemutan rikala kula nulungi tiyang estri ingkang badhe dirudapeksa?”. “Ya…njur?”, wangsulane mak Onah. Jantunge Sidi dheg-dhegan arep mbacutake ature.


52 “Kula badhe ngrabi piyambakipun Bu. Naminipun Tika, larenipun ayu sanget, pinter ugi sae tindak tanduk bebudenipun”. “Wah…apik ta Le?”. “La nggih Bu… mila punika kula kepengin sanget rabi kaliyan piyambakipun. Ananging…”, Sidi mandheg le matur banjur tumungkul. “Ananging apa Le? Kok ana nanginge barang ta?”. Mak Onah sajak bingung, lan ngerti yen ana masalah ing sesambungan putrane lan cah wedok sing kacritakake mau. Sidi sing tumungkul ngunjal ambegan banjur mbacutake ature. Dheweke matur karo mak Onah yen Tika iku putrane juragan mbako sing sugih banda donya. Mak Onah ngandani perkara gayute tresna lan banda donya.


53 Ibune Sidi iku pancen pangerten banget. Niyat apike Sidi kanggo merjuwangake tresnane wis dipangestuni. Ngerti yen mak Onah mangestuni apa sing dadi karepe gawe luhe bocah lanang iku tumetes. Atine lega banget lan tansaya semangat kanggo nemoni pak Karman lan bu Karman ing desa Brajamukti saprelu nyuwun pangestu arep ngrabi Tika. *** Rembuge Sidi lan mak Onah wingi langsung dibacutake kanthi tumindak kaya dene apa sing diwelingake dening para ustadz ustadzah, yen niyatan apik iku kudu enggal-enggal dilakoni. Sidi prei anggone dodol sayur lan dandan


54 nganggo klambi sing paling apik. Mak Onah ibune ora gelem ketinggalan. Dheweke uga dandan ayu ora kaya biasane yen arep nyambut gawe. “Sampun siap kepanggih calon mantu Bu?”, pitakone Sidi karo nggoda ibune. “Ya wis ta Le… ora weruh pa piye wis dandan ayune kaya ngene?”, wangsulane karo gegojegan. Wong loro iku banjur boncengan tumuju omahe Tika ing dhusun Brajamukti numpak pit onthel sing biyasa kanggo dodol sayur. Menawa pancen dudu rejekine Sidi. Isuk iku Tika disidang dening pak Karman. Jebule dheweke didhawuhi dening pak Karman supaya rabi karo pengusaha mebel sing sugih tur isih nom. “Pak! Kula mboten purun rabi


55 kaliyan tiyang kakung punika Pak!. Sampun wonten tiyang kakung sanes ingkang kula tresnani Pak”, Tika matur karo pak Karman karo mata sing wiwit ngecembeng dening luh. “Sapa he? Sapa?”. “Mas Warsidi!”, wangsulane kanthi cekak aos nanging manteb. Luhe bocah wadon iku mbrebes mili nelesi swasana isuk sing dumadakan dadi mendhung. “Apa? Kowe meh rabi karo bakul sayur kuwi? Wis tuwa, kere sisan! E jabang bayiiii… kowe rak mikir apa piye ta ndhuk?!!!”. Pak Karman sajak emosi krungu apa sing diaturake Tika. “Mbok ngajeni bapakmu iki sithik ta! Bapakmu iki juragan! Mosok juragan duwe mantu bakul sayur ecek-ecek ngono?!!! Tuwa sisan! Isin aku!! Isin!!


56 Ngerti kowe?!!”. “Tapi Pak??”,bu Karman arep matur karo bojone nanging dipenggak. “Wis!!! Cukup Bu… menenga!!! Ora usah melu-melu!! Pokoke kowe Tika, kowe kudu rabi karo wong lanang piliyanku mau!!!”. Tika lan ibune tangis-tangisan. Swara rembuge pak Karman, bu Karman lan Tika mau jebulr keprungu nganti njaba omah. Kamangka, Sidi karo ibune wis ana ngarepan nalika ana rembug mau. Warsidi sing krungu bab iku dadi campur aduk rasaning atine. Dheweke rumangsa diremehake minangka wong lanang, nanging dheweke uga sadhar yen kluwargane iku pancen ora nduwe. “Lik…terus piye? Ayo nek emang arep mertamu ya gek


57 ndang mlebu wae. Sing mau ethokethoke wae dhewe ora krungu”, ngendikane mak Onah nglipur lan nyemangati atine Sidi sing wis remuk. “Mboten sah mawon Bu, kula mboten lila menawi mangkih Ibu nggih dipunasoraken kaliyan pak Karman. Mpun cekap kula mawon. Nadyan kula dereng matur, ning kula sampun ngertos punapa wangsulanipun kok menawi kula matur. Mangga Bu, kula dherekaken wangsul kemawon”. Mak Onah ngerti yen atine Sidi ajur mumur awit saka omongane pak Karman iku. Sakdalan-dalan mulih saka dhusun Brajamukti, pandhenge Sidi kosong. Semangat sing maune makantar-kantar dumadakan sirna


58 sanalika. Wiwit kadadeyan iku dinadinane Sidi tansah katutup mega mendhung. Dheweke dadi luwih asring lungguh ijen, ngambara ing awangawang nyawang impene sing wis mabur mbuh nengndi. Wiwit saka kadadeyan iku uga Sidi lan Tika bajur ora tau ketemu maneh. Sidi sing bebasan wis ora duwe daya nuli nggawe layang kanggo pepujaning atine. Lumantar layang iku dheweke mijilake isen-isening atine. Assalamualaikum Dhik, piye kabarmu? Muga-muga kabarmu tansah bergas waras, amiin. Ngapurane ya dhik?, aku pirang-pirang dina iki ora bisa dolan nemoni awakmu.


59 Winginane aku karo ibuku wis arep mlebu ning daleme bapakmu, arep sowan bapak lan ibumu. Nanging, pranyata ana sawijining barang kang ora dakgawa sowan, amarga aku ora duwe apa sing dadi sejatine barang iku. Dhik, aku tresna banget marang sliramu. Ning yen pancen Gusti ora maringi jodho sliramu marang awakku, aku lila dhik. Mbok menawa aku sing wong ora nduwe iki pancen ora mathuk yen dadi mantune wong gedhongan kaya sliramu. Dhik, sepisan maneh aku nyuwun ngapuramu. Aku tresna marang sliramu, aku lila diasorake dening wong tuwamu, nanging aku ora lila yen wong tuwaku uga diasorake.


60 Muga rahmat saha pangayomaning Gusti tansah pinaringan kanggo sliramu ya Dhik, wassalamualaikum. Sing tansah tresna sliramu Warsidi Mengkono isine layang kang digawe Sidi kanggo Tika. Luhe Sidi nelesi kertas kanggo nulis layang iku. Semono uga Tika. Dheweke maca layang iku kanthi mbrebes mili sesenggukan. Tangise ora kalah derese karo Sidi. Tika lan Sidi mung bisa


61 pasrah nampa kahanan sing abot banget kaya mengkono. Tika sing gelem ora gelem kepeksa kudu nurut bapake kaya dene wayang. Pengusaha mebel sing isih nom tur sugih saka Jakarta iku ngentukake ragane bocah wadon ayu sing atine wus ambyar merga tresnane ora bisa kelakon. *****


62 ~3~ Maya lan Ipul wis ngancik diwasa. Maya sing saiki wis lulus SMA wis duwe pamikiran sing rada lumayan. Dheweke nduweni kekarepan ngrewangi mikul ekonomi kluwargane. Bocah iku melas nyawang ibu lan kangmase sing mbiyen kanthi rekasa nyekolahake dheweke lan adhine. Ibune tansaya sepuh, tansaya lara-laranen awake. Maya ora tegel nyawang kahanan ibune kang kaya mengkono. “Bu... Mas, kula badhe matur..” celathune nalika padha kumpul neng teras. “Arep matur apa ta nok, cah ayu. Kok kayane penting banget?”, mak


63 Onah mangsuli kanthi mesem manis. “Kula kalawingi kepanggih kaliyan mbak Surti Bu. Mbak Surti nawari kula nyambut damel ten Jakarta, dados rewang Bu.” Swasana sing maune grapyak dumadakan owah dadi sepi sawetara wektu. “La karepmu kepriye Dhik?”, Sidi sing genti mangsuli. “Kajeng kula nggih kula ndherek mbak Surti Mas, nanging punika nggih menawi Ibu kaliyan Mas Sidi ngeparengaken, menawi mboten nggih mboten punapa.” Mak Onah nyawang anak wedoke sing saiki wis gedhe. “Kenangapa ta Nok, kok kowe kepengin nyambut gawe?”. “Kula kepengin mbiyantu Ibu kaliyan mas Sidi, damel dhapur kluwarga kita ngebul Bu. Ibu


64 kan sampun sepuh, badanipun nggih sampun mboten rosa kados rumiyin nalika taksih timur. Pepenginan kula punika namung minangka tandha bekti kula Bu.” Pandhenge Maya marang ibune Jeru, kebak pangarep-arep. “Nduk... yen pancen kuwi wis dadi keputusanmu, lan atimu wis manteb, Ibu mung bisa mangestoni lan ndongakake.”, “Tapi Bu?!! Maya punika rak nggih taksih alit ta Bu? Wong nembe kemawon lulus SMA.”, Sidi nyaut ngendikane Ibune. Swasana dadi rada kenceng. Apa sing dadi karepe Maya dipangestoni dening biyunge, nanging ora dening Warsidi, kangmase. Kembang kang nembe mekrok iku sida budhal menyang Jakarta.


65 Dheweke melu mbak Surti nadyan kangmas saktemene ora lila. Nanging gandheng atine wis manteb, lan ibune wis mangestoni, bocah iku njangkahake sikile saprelu golek kamukten kang dikarapake. “Bu... kula badhe nyuwun pamit kesah dhateng Jakarta, nyuwun pangestunipun nggih Bu?”, pamite marang Ibune. “Iya nduk, mugya rahayu, kalis rubeda lancar sakabehe, dongane Ibu ora bakal kendhat”. Kekarone padha tangisan, mung Sidi sing ora nangis nadyan batine ora lila ngeculake adhi wedok siji-sijine kang banget ditresnani. “Mas... aku nyuwun pamit”, Maya salaman karo kangmase. Ora ana tetembungan kang kumocap saka lambene Sidi.


66 “Ayo nok, ndang gage mangkat, selak ketinggalan bis!”, pangajake mbak Surti. “Inggih... .” Mak Onah lan Sidi mung bisa nyawang lungane Maya. Luhe mak Onah isih mbrebes mili nelesi pipine kang wus kriputen. Sidi sing ora ngomong apa-apa nggrantes atine nyawang kahanan iku, dheweke meneng-meneng melu dedunga sajroning batin kanggo rahayune Maya ning Jakarta kana. *** Azan subuh wis keprungu ning kuping. Wong-wong kang ngrasuk agama Islam wis padha nglempiti kemule. Semono uga Maya lan mbak Surti. Bis sing nggawa Maya lan mbak Surti wis tekan Jakarta. Kekarone banjur


67 subuhan ana ing langgar terminal nggon bise mandheg. Maya lan mbak Surti nerusake lakune tumuju ing sawijining omah gedhe duweke priyayi sing jenenge Arif Wicaksono. Ya... Arif Wicaksono, wong kang dompete nate dibalekake dening Sidi pirang-pirang taun kepungkur nalika dheweke isih manggon ing dhusun Parangrusak. “Nuwun sewu Bapak, Ibu... punika lare ingkang badhe rewangrewang ten mriki.” Mbak Surti banjur nepungake Maya marang ndarane. Maya sing isih lugu katon gumun nyawang omahe ndarane sing gedhe tur apik banget. Dheweke rumangsa kaya ngimpi bisa mlebu ning njero omah sing biasane


68 mung bisa kasawang ning tipi sajroning film-film. “Ayo nok... barang-barangmu diselehna ning kamar sik.”, mbak Surti ngajak Maya menyang kamar pembantu sing ana ing mburi cedhak pawon. Maya miwiti tugase dadi rewang. Sore sakwise tangi turu, dheweke nyapu lan ngepel omahe ndarane sing amba. Mbak Surti sing bagiyan umbah-umbah, nyetrika lan masak. “Mbak... mengko yen wis bar nyapu lan ngepel jogan, tandurane disirami ya?”, dhawuh garwane pak Arif. Maya sing isih isin-isin karo ndarane mung mesem karo manthuk, tandha yen dheweke bakal nindakake dhawuh.


69 Tanduran kang ana ing taman katon endah banget. Maya nyirami tanduran-tanduran iku kanthi bungah atine merga nyawang kaedahan iku. Dheweke nyirami tanduran sinambi gumrengeng nembang. *** Tan krasa anggone Maya nyambut gawe aneng daleme juragan Arif wis setaun suwene. Saben wulan dheweke mesthi ora lali ngirim dhuwit ning mak Onah lan kangmase ing desa kana. “Lik... iki ana kiriman maneh saka adhimu ning Jakarta kana, iki ana layange uga.” Mak Onah lan Warsidi nuli maca layang iku bebarengan. Layang iku nuduhake kahanane Maya ning Jakarta sehat, ora kurang sandhang


70 lan pangan. Ati lan batine wong loro iku krasa ayem sakwise maca layang iku. Mangka Maya mung anak wedok sijisijine. Sekolahe bocah iku ya ora dhuwur, mung tamat SMA. Kekarone wedi yen Maya mung dadi sasaran apusapusan wong liya ning kana. Warsidi sing wiwit mula ora lila yen adhine lunga nyambut gawe ning Jakarta tansah sumelang atine nadyan wis ana warta sing katampa. Warsidi tansah wedi yen wengise kutha Jakarta nguntal adhi wedoke. Nanging dheweke ora gelem gawe duka penggalihe mak Onah sing wis katon bungah. Pancen, ekonomi kluwargane mak Onah saiki wis rada apik wiwit Maya kerja ning kana. Omahe sing mbiyen bebasan ora kena


71 kanggo kandhang wedhus saiki sithik mbaka sithik wis didandani dadi tansaya pantes diarani omah. Maya sing mbiyen langsing, wiwit nyambut gawe ning daleme juragan Arif malih dadi weweg lan tambah ayu kinyis-kinyis. Nadyan mung babu ning kana, nanging dheweke kondhang minangka babu paling ayu ning tlatah kana, kang gawe sapa wae wong lanang sing nyawang bakal kesengsem. Malah ana sing ngarani menawa garwane juragan Arif dhewe kalah ayu dening Maya sing saiki wis ngerti piye carane nata awake supaya katon seger. Urip ning kutha pancen bisa gawe wong nduweni adat kang rada beda karo wong sing urip ning ndesa.


72 “Jon... ana iwak gurameh ora?”, pitakone marang Jono, bakul blanjan langganane. “Wah... ya ora ana ta, iwak gurameh rak ya larang? Mengko yen aku nggawa iwak gurameh njur ora payu, rak ya malah aku sing rugi?”, sumaure. “hahaha... ya mbok menawa ana, yawis aku pesen iwak gurameh sekilo, sesuk gawa ya?, ndaraku ngersakake iku soale.” Celathune Maya sinambi milih-milih sayur dagangane Jono. “Oh siap beb!”, Maya mandheg milihi sayur krungu saurane Jono. “Bab..Beb..Bab..Beb, Bebek?” karo nyabetake sawi sak iket ning raine Jono. Jono mung guya guyu. “May... kowe ki kok ayu-ayu gelem dadi rewang ngono ta?”. Maya mung mesem. “Joooon...Jon,


73 kowe ki ya lucu. Aku nyambut gawe iki rak ya supaya aku bisa urip, supaya kluwargaku ning ndesa kana bisa kacukupan. Perkara aku ayu apa ora, ya kuwi wis peparinge Gusti. Rak ya ngono?” Maya mangsuli kanthi wicaksana. “Iya... bener kandhamu May, nanging yen kowe gelem ki kowe bisa lho dadi mulya tanpa kudu dadi rewang.” Maya dadi bingung lan kebak pitakon bab apa sing dikarepake Jono. “he? maksudmu piye Jon?”, “kowe kuwi rak ya ayu ta May. Aku wani totohan, ora ana wong lanang sing bisa selak menawa kowe gelem mbukak atimu sithik wae.” Maya malah gantian gumuyu krungu omongane Jono iku. “Ahh.. kowe ki Jon, kuwi rak ya


74 gombalmu? Wis wis... pira iki kabehe? Ndang gage diitung, selak didukani ndaraku. Mengko dikira aku ngrumpi karo kowe.” Maya bali kanthi guyaguyu dhewe merga isih geli dhewe karo omongane Jono. Sakwise tekan omah, Maya masak apa sing dituku mau. Setaun nyambut gawe ning kana Maya saiki wis bisa sembarang ndengah. Dheweke wis diajari macem-macem kaprigelan nyambut gawe karo mbak Surti, dadi saiki gaweyane bisa gentenan. Apa sing durung dilakoni mbak Surti ya ditandhangi dheweke. Dina iku kebeneran Maya lagi kepengin masak kanggo dhahar juragan Arif lan garwane mengko bengi. ***


75 Ora krasa wis ngancik dina liya. Srengenge sajak wis anguk-anguk arep njedhul. Subuh iku Maya ora lali subuhan lan resik-resik omahe juragan Arif. Nalika resik-resik iku dheweke krungu yen garwane juragan Arif arep ana acara karo ibu-ibu arisan piknik ning Bali seminggu. Maya sing durung nate lunga menyang Bali dadi kelingan susah uripe mbiyen. Nalika SMA dheweke ora bisa melu study tour menyang Bali merga kahanan kulawargane sing nalika semana bebasan kanggo tuku beras wae angel. Nanging crita jaman mbiyen iku enggal bisa dilalekake dening bocah iku. Maya nerusake gaweyane.


76 “Ndhuk... tandurane wis mbok sirami durung?” mbak Surti ndangu Maya sing lagi resik-resik. “Dereng Mbak...”, “Oh yawis, mbak tak umbahumbah lan masak ning dhapur ya.” mbak Surti ngandhani dheweke sinambi mlaku menyang mburi. “Inggih Mbak, mangkih saksampunipun resik-resik kula tak ngupakara tandurane.” Garwane juragan Arif tindak ning Bali sore iki. Maya sing nembe rampung nyirami tanduran didhawuhi ngewangi nyepakake ageman kang bakal diasta ndarane. Wis rong dina garwane juragan Arif tindak menyang Bali. Omah sing gedhe kaya kraton iku dadi suwung. Mbak Surti sing mau ning njaba


77 dumadakan mlebu kanthi rupa kang sumelang lan kaya meh nangis. “Mbak, panjenengan kenapa?” pitakone Maya. “Iki May, aku nembe wae nampa layang yen bapakku gerah ning rumah sakit, saiki kahanane isih kritis. Aku kudu mulih.” dumadakan luhe Surti mbrebes mili nelesi pipine. “Ya Allah Gusti... yawis mbak, enggal matur wae ning ndara Arif, matur yen penjenengan nyuwun ijin pirang-pirang dina kanggo ngancani bapak. Mengko gaweyane tak rantasi aku orapapa”, “Iya May... matur nuwun ya? Aku tak matur ning pak Arif ndhisik.” mbak Surti banjur enggalenggal menyang ngarep saprelu nyuwun ijin arep bali ning ndesa.


78 Omah iku tansaya suwung. Mung ana juragan Arif karo Maya. Juragan Arif lan garwane wis pirangpirang taun rabi, ananging nganti seprene durung diparingi putra karo Gusti kang Maha Agung. Ditinggal garwane pirang-pirang dina gawe juragan Arif ngrasa sepi. Biyasane turu wong loro nanging pirang-pirang dina iki mung ijen. Sore iku sakwise tangi turu juragan Arif anguk-anguk ana ing teras kamare ning ndhuwur. Katon ana Maya ning ngisor kang lagi nyirami tanduran. Pikirane juragan Arif sing lagi suwung merga ditinggal garwane menyang Bali dumadakan dadi reged. Dheweke nyawang Maya sing weweg, putih, ayu lan isih kinyis-kinyis saka


79 ndhuwur. Pikire Arif tekan ngendingendi, nganti ora sadhar kathok cekake tansaya cekak. Maya sing lagi enakenak nyirami tanduran mlinguk mendhuwur. Dheweke ora ngerti yen awit mau juragane ning kana. Maya mung manthuk karo mesem banjur mlebu omah merga gaweyane nyirami tanduran wis rampung. Arif sing uga isih kepenak ngambara ning pikiran regede sajak gela. Priya iku banjur melu mlebu ning kamar. Rina wis ngancik wengi, wus wancine mangan. “Maya...arep menyang ngendi? Yen aku dikancani maem piye?” panjaluke Arif marang bocah sing nembe wae rampung nyaosake dhaharan ning meja. “Inggih


80 Pak...” sumaure Maya cekak. “Ayo dimaem bareng-bareng, aja ngundang pak ngono ah. Kayane kok aku wis tuwa banget?” omongane Arif wiwit rada mbeling. Maya sing isih polos mung biasa wae karo mesem manis. Dheweke ora paham yen juragane nduweni pikiran kang reged. Adicara mangan bengi bebarengan iku gawe Arif tansaya reged pikire. Kosok balene kanggo Maya sing isih mambu kencur. Sakwise mangan bebarengan dheweke pamit menyang dhapur saprelu ngresiki piring, gelas lan liya-liyane. Bocah sing kesel merga nyambut gawe dhewe sedina iku banjur turu. Saking kesele dheweke nganti lali ora ngunci kamare saka njero. Mangka dheweke mung nganggo


81 rasukan sing mesthi bakal gawe priya ngendi wae ora kedhep yen nyawang. Arif sing wiwit mau sajak dikuwasani dening nepsu setan merga pirang-pirang dina ditinggal bojone ora bisa turu. Jroning pikir mung tansah lam-lamen endah ragane bocah wadon kang mau ngancani dheweke mangan. Arif banjur menyat saka kasure, lan kanthi alon-alon menyang kamare Maya. “dhik...dhik Maya...”, Arif wis ana ngarep lawang kamare Maya, lan ngundang karo ndhodhog lawang kamare kanthi lirih. “dhik... (tok tok tok)”. Maya sing lagi turu merga kekeselen ora krungu yen lawang kamare digedhog-gedhog ndarane, mula lawang kamare ora dibukakake.


82 Arif sing wis kalimputan dening nepsu setan mau banjur alon-alon nyoba mbukak lawang kamare Maya. Dheweke wis ora mikir sapa dheweke lan sapa Maya iku. Pikirane priya iku mung kepriye carane dheweke bisa nglampiasake rasa suwunge. Lawang sing maune katutup rapet saiki wis kabukak. Arif mung mlongo, ngowoh amarga nyawang kaendahan kang ana ing ngarep mripate. Kathok cekake dadi tansaya cekak kaya ndhek mau nalika dheweke ning ndhuwur teras kamare. Awake Maya kang weweg tur putih dadi suguhan kang luwih sedhep timbang panganan sing mau bengi dipangan Arif bebarengan. Kanthi alon priya iku


83 nyedhaki bocah wadon kang lagi turu iku. Setan-setan tansaya akeh sing nggondheli Arif. Kadadeyan iku banjur ora bisa diselaki. Maya dirudapeksa dening ndarane. Kringete Maya lan Arif ambyur dadi siji ning paturon. Maya mung nangis karo ngrukupi awake kang wus tanpa busana nganggo urung kasure. Bocah kang lagi enak-enak turu iku kedarung nandang cidra ing ati lan ragane merga saka tumindak bejat priya. “Pak... tegane sampean nglakoni iki marang aku! Bajingan sampean! Bajingan!” pamisuhe Maya marang ndarane kanthi dleweran luh. “sssttt... wis ta, wiss... mengko gajimu tak undhakake, kowe aja kuwatir cah ayu”, celathune Arif


84 karo guyon sinambi nganggo busanane. “Awas sampean! dak laporake pulisi! Bajingan!”. “Plakk!” swara tlapak tangane Arif gawe tatu pipi kiwane Maya kang putih mulus. “Titenana! Yen perkara iki nganti kengerten bojoku, apa maneh kok pulisi, dak pesthekake kowe lan kluwargamu bakal sengsara! Aja wani-wani kowe!”. Krungu ukara iku Maya tansaya sesenggukan nangis. Dheweke bingung kudu kepriye. Yen dheweke matur bab perkara iku marang bojone Arif, dheweke mesthi bakal kelangan gaweyan. Mangka, dheweke isih butuh dhuwit kanggo uripe lan kluwargane ning desa kana. Nanging yen ora matur sapa-sapa, dheweke


85 rumangsa abot yen kudu mikul kadadeyan iku dhewe. Setengah wengi iku diliwati kanthi mikir, mikir lan mikir bab apa sing kudu ditindakake uga apa kang bakal kadadeyan sakbanjure. Luhe tan kendhat nelesi pipine bocah wadon iku. Dheweke kaya wong kang linglung. Sedina, rong dina, telung dina dheweke mung meneng wae. Maya, bocah wingi sore kang wus dadi kurban wengise kutha Jakarta banjur milih yen dheweke kudu tatag, njaga apa sing dadi aibe iku dhewe. Kanyantane, Arif netepi apa kang dadi janjine nalika semana sakwise dheweke ngrudapeksa, yaiku arep ngundhakake gajine Maya. Perkara


86 dhuwit pancen ora angel kanggo pengusaha mebel iku. Perkara gajine sing diundhakake ora dingerteni dening bojone. Nanging, kanyatane uga pait kanggo Maya. Saben bojone Arif lunga, Maya sing kudu dadi sasaran kanggo nglampiasake nepsu bejade Arif. Iya... Maya sing mbiyen ngajeni marang juragane saiki babar pisan ora. Wong siji iku paribasan wis kaanggep iblis kang wengis. Maya rumangsa dadi gembrik. Rumangsa kaya dene gombal amoh. Maya ora bisa nyelaki nasibe sanadyan mung kepeksa nuruti nepsu bejad ndarane kanggo uripe lan kluwargane. *****


87 ~4~ Mak Onah bungah banget amarga wis pirang-pirang wulan iki dheweke nampa kiriman dhuwit saka anak wedoke sing cacahe rada akeh. Dheweke rumangsa yen anak wedok sing nyambut gawe ing Jakarta iku wis wiwit sukses. Layang sing ngiringi uga isine ngandhakake yen kahanane Maya apik-apik wae. Nanging ora mengkono kanggo Warsidi. Atine Warsidi kaya ngrasa ana sawijineng bab sing ora beres. “Nang... iki aku nampa kiriman layang lan dhuwit saka adhimu, Maya. Waaah...sajak wis wiwit sukses


88 dheweke neng kana, alhamdulillah.” Mak Onah katon sumringah. “Inggih Bu... mbok menawi nggih ngaten, alhamdulillah.. .” Warsidi ora tegel arep matur marang Ibune babagan atine dheweke sing ngrasa sumelang. Wis wolung sasi kliwat sakwuse tragedi iku kadadeyan. Maya sing kalakala isih kepeksa dadi gembrik kanggo Arif nalika bojone ora neng omah pranyata ngandhut. Dheweke wis telat rong sasi. Dina iku Maya mual-mual, muntah lan mriang kaya lumrahe wong kang lagi ngandhut. “Mbak, sampean kenapa? lara?” pitakone bu Arif. “Mboten kok Bu, mbok menawi namung masuk angin. Kalawau dalu kula kesupen dereng nedha”, sumaure


89 Maya kanggo nutupi apa sing dadi sejatine. Maya wis krasa yen dheweke ngandhut. “Yawis kana Mbak kanggo ngaso wae, ora sah nyambut gawe sik, wis kareben ditandhangi mbak Surti ”, “Inggih Bu... maturnuwun.” Bocah wadon iku sumelang atine. Dheweke keweden amarga wetenge bakal tansaya gedhe. Gelem ora gelem mesthi bakal konangan yen dheweke wis ngandhut. “Menawa bu Arif nganti ngerti yen aku ngandhut, aku mesthi bakal ditakoni, kepriye larahlarahae kok aku bisa ngandhut?. Dhuh Gusti... pacoban punapa malih ingkang panjenengan paringaken kula.” Maya nangis sesenggukan. Kelingan wolung


90 sasi kepungkur nalika dheweke dirudapeksa ndarane dhewe. Mbuh pancen wis dadi rejekine. Omahe pak lan bu Arif bakal rame deneng tangise jabang bayi. Bu Arif uga ngalami kahanan sing padha kaya dene Maya. Dheweke uga ngandhut. “Pak... Pak...”, bu Arif sajak gupuh lan bungah marani Arif. “Ana apa ta Bu? Kok kaya wong kemalingan wae!”. “Kemalingan piye ta Pak?, coba iki dipirsani.” Pak Arif sing lagi lungguh santai neng ruang tengah nyelehake ariwarti kang lagi diwaca. “Sliramu positif ngandhut Bu?”, “Iya Pak... .” Kekarone banjur sikepan kanthi keket raket saking bungahe. Pak Arif durung ngerti yen Maya uga ngandhut wenihe dheweke sing wis


91 katandur wolung sasi kepungkur. Maya sing kahanan awake wis rada lumayan ngerti bab iku. Dheweke ajur atine. “Banjur nasib jabang bayi sing ana ing jero wetengku iki piye?”, batine. Awake lemes, ora duwe daya sawise krungu kabar iku. “Neng dikepriyea wae jabang bayi iki ora bakal mulya, aku dudu garwane Arif. Aku bisa apa?.” Maya netepake yen dheweke arep mandheg nyambut gawe, lan dheweke bakal bali menyang desane kanthi nanggung apa sing wis dadi aibe. Atine wis manteb. Apa sing bakal dadi omongan warga desane mengko merga kahanane dheweke sing bakal ngalairake jabang bayi tanpa bojo wis siap ditampa kanthi legawa lan sareh.


92 *** “Pak.. Bu.. kula badhe matur.” Maya nyedhaki ndarane sing dina iku lagi sesrawungan ana ing ruang tengah. “Arep matur apa Mbak?” pitakone bu Arif. Pak Arif sing wis nglakoni tumindak nistha marang Maya mung mandhengi bocah wadon iku kanthi sinis. “Kula badhe wangsul dhateng kampung, mbok menawi mboten badhe mriki malih.” Bu Arif kaget krungu apa sing diaturake Maya. “Lo lo lo... kenapa Mbak? Gaji sing Bapak Ibu paringake kurang apa?, Bapak lan Ibu bakal kagungan putra Lo. Mbok ya wis neng kene wae, mengko kareben mbak Surti ora kangelan ngrumat omah lan putrane Bapak Ibu.” Maya sing manteb tekade


93 mung ndhingkluk wae, ora wani nyawang mripate ndarane. “Maturnuwun Bu sakderengipun, nanging nyuwun pangapunten, kula mboten sagah. Kalawingi kula kadhawuhan supados wangsul lan mboten dipunkeparengaken malih nyambut damel, nyuwun pangapunten nggih Bu, Pak?”, Maya dadi ngapusi ndarane. Arif sing wis krasa ana sawijineng bab sing ora beres mung ngentha-entha. Dheweke ora mikiri apa sing dadi perkarane Maya. *** Maya nenggalake omahe Arif lan mulih menyang desane. Sakdurunge sikile dijangkahake luwih adoh, dheweke mandhengi omah gedhe


94 magrong-magrong kadya sawijineng kraton. Luhe tumetes, amarga ing omah iku dadi seksi bisune kadadeyan nalika iku. Maya sajak wis katog anggone nyawang omah iku banjur nerusake jumangkahing sikile kanthi numpak angkot tumuju ing terminal. Maya tansah lam-lamen tumidake Arif. Nganti seprene atine isih campur bawur rasane. Dheweke kudu ngamuk, kudu mbengok, kudu nangis lan liya-liyane. Kabeh rasa nelangsa iku nyawiji agawe bocah sing isih mambu kencur iku dadi kosong pandhengane. Mata kang kosong pandhenge iku banjur diparingi ngaso deneng Gusti. Maya turu ing bis sing ditumpaki tumuju ing desane kanthi kebak cidra ing atine.


95 “Mbak... Mbak... Tangi Mbak, wis tekan, bise arep tak resiki” gugahe kenek bis sing ditumpaki Maya. Dheweke sing pirang-pirang jam kepungkur turu kanthi kepenak banjur njenggirat melek. Maya kaget amarga bise wis tekan terminal kamandaka. “Oh nggih Mas... maturnuwun”. Sanalika iku thukul rasa bungah neng atine, amarga rasa kangene marang desane. Nanging iku mung sawetara, dheweke banjur kelingan maneh karo apa kang njalari dheweke kudu mulih. “Assalamualaikum, Bu... ” Maya ngucapake salam sinambi mlebu omahe kanthi pasuryan sing katon kesel banget. “Walaikumsalam... Ya Allah, jebule kowe ta ndhuuuk. Kangen aku...” mak


96 Onak grapyak banjur nyikep anak wadone sing mulih tanpa ngabari iku. “Kowe bali kok ora ngabari ndhisik ta Dhik?” pitakone Warsidi sing metu saka njero omah. “Anu Mas... supados surprise kok, hehehe”, wangsulane kanthi santai. “Apa kuwi surprise? Aku kok ora mudheng basamu? Basa Jakartanan pa?”. “waaah... mboten Maaaas, niku bahasa Inggris, artine niku kejutan”. “Oalaaah... hahaha, ya maklum ta Dhik, masmu iki kan wong bodho, hehehe”. Swasana omah sing maune sepi dadi rame, amarga guyonan iku. “Mbak Mayaaaa...” Saipul dumadakan mlebu ngomah, dheweke nembe rampung dolanan bal-balan karo kanca-kancane. “Eeeehh..Adhikku wis


97 gedhene semene, kene kene tak sun sik. Mbak kangene rak karuan...”. “Mbak oleh-oleh kangge adhik pundi? Heeee...”. Maya mung mesem karo ngetokake barang saka tase. Adhine digawakake dolanan anyar sing dituku neng Jakarta sakdurunge dheweke mulih. “Ya wis... kana ndang adus sik Ndhuk, terus maem. Kae Ibu ndelalah masak lawuh senenganmu”. “Waaah... maturnuwun Bu, nggihpun kula tak resik-resik rumiyin nggih Bu, mpun kecut sedaya niki”. Maya banjur mlebu neng kamare saprelu nyelehake barang-barange. Sawise nyelehake barang-barange dheweke nindakake apa sing didhawuhake mak Onah, yaiku adus lan


98 turu. Sakdurunge Maya turu, dheweke mikir, kepriye carane mangsuli yen mengko ibu lan kangmase takon kenangapa kok dheweke dumadakan mulih. Dheweke uga mikir piye carane ndhelikake jabang bayi sing ana ing njero wetenge. “Dhuh... aku kudu matur piye ya? Apa aku kudu matur apa anane bab kadadeyan apa sing wis dakalami? Ya Allah... paringana sabar, paringana dalan ya Allah”. *** Wis teka wancine mangan bengi. Mak Onah, Warsidi lan Saipul wis kumpul ana ing ruwang tengah. Iya, ruwang tengah sing mbiyen ciyut, jogane mung lemah, saiki wis amba, wis dadi apik amarga dhuwit asil saka


99 kerjane maya neng Jakarta sing asring dikirimake marang mak Onah. “Pul... La Mbakmu nengndi? Kok durung ketok dhewe?”, “Sekdhap Bu, kula purugi mrika nggih”. Bocah kang wis rada gedhe iku banjur menyang kamare Maya. “Mbaaaak...Mbak Maaayaaa, ayo mbak dhahar bareng-bareng”. “Iya Dhik.. sik sedhela, mengko Mbak nyusul.” Maya banjur metu lan mangan bebarengan karo kluwargane. “Wah Bu... kula kangen kalih masakane Ibu.” Maya ngandhakake rasa kangene marang mak Onah. “Lha iya kudune kangen ta, nek ora kangen mengko Ibu ya susah, ateges anake Ibu sing ayu dhewe wis lali karo Ibu.” Mak Onah mbeda putrane. “Nggih mboten ta


100 Bu... kula mboten badhe lali kalih tiyang ingkang sampun nglairaken kula, sampun ngrumat kula ngantos saged kados sakniki”. Mak Onah lan liyane padha gumuyu krungu wangsulane Maya. Swasana grapyak neng ruang makan beda banget karo swasana atine Maya sing tansah sumelang merga dheg-dhegan. Dheweke kuwatir yen ibu utawa kangmase takon bab kenangapa dheweke mulih. Nanging kanyatane, swasana grapyak iku tetep ngrungkepi nganti wong-wong iku padha bali menyang paturone dhewe-dhewe. Maya sawetara rada lega atine. Wengi iku rasa sumelang isih ora gelem sirna saka atine. Apa maneh bakale si jabang bayi


Click to View FlipBook Version