UNGGAH-UNGGUH JAWA WULANGAN
1
Unggah-ungguh basa lan tatakrama kuwi wigati kanggo pasrawungan ing bebrayan. Unggah-
ungguh bisa ndadekake wong siji lan sijine padha ngajeni, ngurmati lan tepa selira. Saliyane iku
unggah-ungguh uga magepokan karo tindak tanduk, tumindak lan pangucaping tiyang ing
pasrawungan. Unggah-ungguh kang ditindakake bisa mupangati kanggo wong liya, antarane:
1) bisa nggawe kabecikan
2) bisa nggawe katentreman
3) bisa nggawe karaharjan lan kabagyan
4) bisa disenengi utawa diajeni dening wong liya
5) bisa diurmati dening wong liya lan wong liya ora sapenake dhewe
6) bisa ora gawe seriking liyan
Nindakake unggah-ungguh uga kudu nggunakake rasa kang tulus ikhlas, legawa lan kanthi
rasa kang seneng, ora merga kepeksa. Nindakake unggah-ungguh uga ora amarga kepengin
dialem utawa diurmati dening wong liya. Unggah-ungguh uga katindakake ing sadhengah papan,
kapan wae lan kanggo sapa wae.
Mula unggah-ungguh basa bisa ditegesi tata krama, aturan, sopan santun utawa paugeran
kang disetujoni dening masarakat. Miturut Bausastra Jawa, unggah-ungguh basa yaiku tata
pranataning basa miturut lungguhe tatakrama. Tata krama iku kadadeyan saka tembung tata kang
tegese becik pangetrape. Tembung krama ateges pratingkah utawa patrap. Dadi tembung unggah-
ungguh utawa tata krama yaiku pangetraping patrap utawa pratingkah kang becik, kang cak-
cakane dikantheni basa kang becik.
A. UNGGAH-UNGGUH BASA
Ing basa Jawa unggah-ungguh basa kaperang dadi loro yaiku basa ngoko lan basa krama
1) Basa ngoko
Basa ngoko kaperang dadi loro yaiku ngoko lugu lan ngoko alus.
a. Ngoko lugu
Basa ngoko lugu yaiku basa kang digunakake kanggo guneman utawa omongan kang
wujude basane ngoko kabeh.
Basa ngoko lugu digunakake kanggo:
Omongan marang sapadha-padha (sababag) kang wis kulina. Upamane siswa karo
kancane.
Omongan wong tuwa marang wong kang luwih enom (wong tuwa marang anake,
mbakyu/kakang marang adhine, guru marang siswae)
Pinuju ngudarasa
Bendara marang rewange
Crita kang dhapur andharan upamane ing crita cekak
Tuladha:
1. Aku mengko nyilih buku cathetanmu ya!
2. Tan, ibu tukokna uyah neng nggone Lik Widi!
3. Saeba senenge, menawa biji ulanganku bisa oleh satus.
4. Yu Nah, mengko sore tulung dicepakake wedang kanggo rapat RT!
5. Bu Yani mlaku tumuju ing ruangan Pak Kepala sekolah. Ing atine, dhag dhig dhug ora
karuan, apa aku ana salah kok aku dumadakan diundang dening Pak kepala (batine Bu Yani
ing njero atine). Nanging bu Yani tetep kudu ngadhep Pak Kepala sekolah.
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 65
b. Ngoko alus
Basa ngoko alus yaiku basa kang digunakake kanggo guneman utawa kanggo gawe
tulisan kang tetembungane ngoko campur karo krama alus utawa krama inggil. Biasane
tembung kang nganggo krama yaiku tembung kriya (kata kerja) wae lan tembung kowe
dadi panjenengan.
Basa ngoko alus digunakake kanggo:
Guneman ing pasrawungane wong diwasa utawa wong tuwa kang wis kulina banget
Wong tuwa marang wong kang luwih enom kang luwih dhuwur pangkate, kang tujuane
kanggo ngurmati jabatane
Tuladha:
1. Panjenegan mau bengi ronda tekan jam pira Mas?
2. Mbak yen mengko tindak PKK aku diampiri ya!
3. Mas Fatur, mengko nek kondur arep nitih apa?
2. Basa krama
Basa krama kaperang dadi loro yaiku krama lugu lan krama alus.
a. Krama lugu
Basa krama lugu utawa krama lumrah yaiku basa kanggo guneman kang wujud ukarane
nganggo tetembungan andhap kabeh, ater-ater lan panambang krama (di-, tak-, -e, -i lsp).
Basa krama lugu digunakake dening :
Bocah marang wong tuwa
Siswa marang guru
Sapadha-padha kang durung kulina utawa durung kenal
Marang kanca kang wis kulina, padha drajade lan ngajeni
Garwane priyayi marang sing kakung
Tuladha:
1. Sampeyan wau saking pundi kok dalu nembe griya?
2. Bu, menapa kula kepareng nyuwun idin dateng Wiwingking?
3. Antri nomer pinten mas sampeyan?
4. Pak, badhe ngunjuk teh napa kopi?
b. Krama alus
Basa krama alus yaiku basa kang digunakake kanggo guneman utawa ing basa tulis kang
wujude tetembungane nganggo basa krama alus/ utawa basa krama inggil, ater-ater lan
panambang nganggo krama (dipun-, -aken, lsp).
Basa krama alus digunakake kanggo:
Guneman wong enom marang wong tuwa
Wong tuwa kang durung akrab
Andhahan marang pimpinane
Batur marang bendarane
Priyayi kang duwe pangkat utawa jabatan luwih dhuwur
Kanggo sesorah lan pranatacara
Tuladha:
1. Menapa bapak kala wau enjing madosi kaca tingal?
2. Pak nuwun sewu, badhe nyuwun pirsa dalemipun Pak Bardi menika ingkang pundi
nggih?
3. Pak, menika padamelan ingkang bapak kersakaken kala Wiwingi.
4. Para rawuh ingkang dhahat kinabekten, ...... lsp.
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 66
GLADHEN 1
Kanggo mangerteni materi jenise unggah-ungguh basa ing dhuwur, ukara ing kolom ngisor iki
gantinen miturut dhawuhe!
1. Ing ngisor iki basa apa kang digunakake lan sapa sing guneman
No Ukara Jenis basa Sing guneman
Mbah, kala Wiwingi kula sowan dateng Krama alus Putu marang
dalemipun simbah. simbahe
1 Don, aku mengko neng ngomahmu nyilih
buku ya!
2 Lik, apa jenengan Wiwingi sido nanem
pari?
3 Mangga lenggah ngriki boten napa-napa!
4 Tekan nggone aku mung lingak-linguk,
kok ora ana uwong kang teka. Jebul aku
lagi kelingan yen dina kuwi dina Minggu.
5 Wah dangu nggih boten kepanggih,
kemutan rumiyin jaman sekolah.
6 Buk, kala wau kula kaliyan kanca-kanca
sami mlampah.
7 Pak Hendi, niki ingkang dikerjakke kaca
pinten?
8 Panjengan mengko ngasta ing kelas piro
Bu Maya?
9 Pak menika kaca tingalipun ingkang
kantun.
10 Pak Lurah menapa benjing nyambut
damelipun ngginakaken rasukan Jawi?
2. Gantinen ukara ing ngisor iki !
No Soal Wangsulan
1 Iki Bu, spidole neng ngisor meja! Ukara krama lugu:
2 Mengko apa sida maos geguritan neng Ukara krama alus:
panggung Mas? Ukara ngoko lugu:
3 Dik, mangkeh obate diunjuk nggih
Ukara ngoko alus :
supados enggal mantun.
4 Gas, mengko nek kowe tuku ballpoint, Ukara krama alus :
aku bareng ya! Ukara krama lugu:
5 Pak niki unjukane kula sukakke ten
Ukara ngoko lugu:
ngriki.
6 Mas, menika bukunipun sampun kula Ukara ngoko alus :
selahaken rak. 67
7 Sin, Wiwingi sido ngampil buku ing
perpustakaan ora?
8 Radit, kowe mau tuku kacamata neng
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil
No Soal Wangsulan
ngendi?
9 Pak Hendi, mejane sampun kula Ukara krama alus : .
dugekake ten griya.
10 Git, mau esuk kowe blanja ing pasar ta? Ukara ngoko alus :
B. UNGGAH-UNGGUH TETEPUNGAN
Tetepungan kuwi duweni teges kenalan dening wong kang durung padha ngerti utawa durung
tau ketemu sadurunge. Tetepungan kuwi bisa kadaden ana ing ngendi wae lan kapan wae.
Umpamane ing sekolah anyar, ing njero angkutan umum, ing papan pagaweyan anyar, dadi warga
anyar ing salah sijine dhusun, lan sapanunggalane. Mula apa bab-bab kang perlu digatekakke nalika
tetepungan. Bab kang perlu digatekake nalika tetepungan yaiku:
1. Sapa sing tetepungan
antarane bocah karo bocah, wong enom karo wong kang luwih tuwa, lan wong tuwa marang
bocah utawa marang wong kang luwih enom
2. Basa kang digunakake
Menawa bocah karo bocah lumrahe cukup nggunakake ngoko lugu, wong enom marang
wong tuwa lumrahe nggunakake basa krama, wong tuwa marang wong kang luwih enom
nggunakake basa ngoko alus.
3. Patrap nalika tetepungan kang sopan lan ngurmati wong sing diajak kenalan
Tembung-tembung kang biasane digunakake nalika tetepungan yaiku:
No. Basa ngoko Basa krama
1. aku kula
2. kowe sampeyan, jenengan, panjenengan
3. jeneng nama, asma
4. omah griya, dalem
5. kenal tepung, wanuh
6. anak anak, putra
7. nyambut gawe nyambut damel, ngasta
8. ibu ibu
9. bapak Bapak
10 ngendi pundi
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 68
GLADHEN 2
1. Tuladha wacana pacelathon kang isi tetepungan iki, paragakna ing ngarep kelas!
Tetepungan
Dina kuwi Della nunggu bis ing halte kang ora biyasane. Biyasane Della nunggu bis karo
kanca-kanca SD-ne, nanging saiki wis padha mlebu SMP banjur padha pisah-pisah anggone
sekolah. Awan kuwi Della nunggu bis ing halte cedhak sekolah anyare yaiku SMP. Ing kono Della
ndeloke ana bocah anyar kang uga nunggu bis. Della ngerti yen siswa kuwi anyar amarga klambine
isih kempling. Lan uga ana Bu Guru kang lagi nunggu bis. Della nyedhakke siswa kuwi mau kanthi
ulat sumeh lan ngajak salaman.
Della : “Ditepungake, aku Della, siswa anyar ing SMP Jaya Bangsa, aku
Clara siswa anyar kelas 7B, jenengmu sapa?”
Della : “Ohh aku Clara, aku uga siswa anyar ing SMP Jaya Bangsa, aku
Clara
Della uga kelas 7B, Wah yen ngono awake dhewe sakelas ya, mau pas
Clara
Della tetepungan rak mung diundang Bu Guru dadi aku durung ngerti siji
Clara lan sijine”.
Della : “Iya mau nalika kenalan, aku yo durung bisa apal kanca siji lan
sijine, ngomong-ngomong kowe saka SD ngendi?”
Della : “Aku saka SD Karangrejo, yen kowe saka SD ngendi Del?”
Bu Hesti : “Aku saka SD Karangmulya Cla, sing jejere karo balai dusun
Della Karangmulya.”
Bu Hesti : “Wah yen ngono awake sakkota ya Del, terus omahmu ana ing
ngendi Del?”
: “Omahku ing dusun Karangmulya RT 02/ RW 01, kota Yogyakarta,
lha yen kowe omahmu ngendi Cla?”
: “Aku yo sak kota karo kowe jebulna, aku ing Gondoarum RT 08/ RW
10”
: “Walah jebul ora adoh ya omahe awak dhewe”
(lagi asyik bocah loro kuwi mau ngobrol ana bu Guru kang uga arep
nunggu bis, Bu Hesti asmane. Tekan halte Bu Hesti ngadeg amarga
lungguhan kang ana ing halte wis kebak karo calon penumpang
liyane. Della lan Clara banjur tanggap ing sasmita, bocah loro kuwi
mau ngadeg lan manggakake Bu Hesti lungguh.)
: “Nuwun sewu Bu, mangga lenggah wonten mriki Bu!”
: “Ooh iya mbak, matur nuwun, ngomong-ngomong sapa jenengmu
mbak? Siswa anyar yo?”
: “Sami-sami Bu, oo nggih ndherek nepangaken nama kula Della Bu,
siswa enggal wonten ing SMP Jaya Bangsa.”
: “lha yen mbak sijine iki jenenge sapa?”
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 69
Clara : “Kula Clara Bu, siswa enggal ing SMP Jaya Bangsa ugi. Menawi ibu
Bu Hesti asmanipun sinten? Menapa ngasta wonten ing SMP Jaya Bangsa?”
Della
Bu Hesti : “oo Ibu asmane Hesti Widyasari, nanging para siswa biyasane
Della & Clara nimbali Ibu Hesti.Ibu ngasta ing SMP Jaya Bangsa.”
Della & Clara : “Nuwun sewu Bu Hesti, dalemipun pundi ? Ibu ngasta pelajaran
Bu Hesti punapa ?”
Della & Clara
: “Ibu Hesti pidalem ana ing Samirika mbak, Ibu ngasta Basa Jawa,
Mba Della karo Mba Clara bocah pinter lan sopan.”
: “Matur nuwun Bu”
Ora let suwe bis kang ditunggu Della lan Clara teka, amarga beda
jurusan Dela lan Clara pamit dhisiki Bu Hesti.
: “Bu Hesti nuwun sewu, menika bis sampun dugi, kula ngrumiyini
nggih Bu!”
: “iya mbak ngati-ngati”
: “Inggih Bu, matur nuwun.”
2. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki adhedhasar wacan ing dhuwur kasebut!
1) Sapa wae paraga kang ana ing pacelathon kasebut?
Wangsulan : ..............................................................................................................
2) Ing ngendi papan pacelathone ?
Wangsulan : ..............................................................................................................
3) Kepriye basane kang dienggo Della lan Clara nalika tetepungan?
Wangsulan : ..............................................................................................................
4) Kepriye basane kang dienggo Della lan Clara nalika matur marang Bu Hesti?
Wangsulan : ..............................................................................................................
5) Ing ngendi omahe Della?
Wangsulan : ..............................................................................................................
6) Kepriye patrape Della dan Clara nalika weruh Bu Hesti ora oleh lungguhan?
Wangsulan : ..............................................................................................................
7) Sapa sing numpak bis luwih dhisik?
Wangsulan : ..............................................................................................................
8) Apa wae sing diomongke Della lan Clara saliyane alamat omah?
Wangsulan : ..............................................................................................................
9) Kepriye anggone Della ngerteni menawa Clara kuwi siswa anyar?
Wangsulan : ..............................................................................................................
10) Bab apa kang ditakokake Della marang Bu Hesti?
Wangsulan : ..............................................................................................................
3. Tembung-tembung wigati ing ngisor iki golekana tegese ing sisih tengen!
1. tanggap ing sasmita a. dikenalke
2. lenggah b. omahe
3. nepangaken c. lungguh
4. enggal d. mengerteni kahanan
5. pidalem e. anyar
4. ukara-ukara kanggo tetepungan ing ngisor iki salinana nganggo basa kang trep!
No Ukara ngoko Ukara kang trep
1. Dikenalke jenengku Rendi Saputra.
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 70
2. Omahku ana ing Perumahan Puri Asri,
Gondowangi, Kutha Yogyakarta.
3. Aku siswa anyar ing SMP Bela Nusa.
4. Aku mangkat sekolah saben dina
mlaku karo Iksan.
5. Kancaku sakelas ana telu likur.
C. UNGGAH-UNGGUH PAMITAN
Pamitan kuwi wigati banget, supaya nemu karaharjan ing dalan nalika sekolah, nyambut
gawe utawa lelungan. Pakulinan pamitan marang wong ngomah kuwi becik ana mupangate ing
antarane ana donga supaya diparingi lancar anggone nggolek ngelmu, diparingi lancar anggone
nyambut gawe, lan diparingi lancar anggone tindakake urusan, lan nemu keslametan ing dalan.
Nalika pamitan uga kudu nggatekake patrap lan unggah-ungguh basa kang digunakake.
Matur nggunakake basa krama, nyuwun donga pangestu. Nalika bapak utawa ibu kang arep lunga
pamit marang wong ngomah (anak-anake) lumrahe nganggo basa ngoko.
Bab kang kudu digatekake nalika para putra/ siswa pamitan marang wong tuwa utawa bapak/ibu
guru:
1. Matur kanthi sopan, ora kesusu
2. Ngadeg jejeg lan sirah ndhingkluk
3. Praenan sumringah, ora mbesengut
4. Nalika salaman luwih apik kanthi diaras astane
5. Ora karo sembrana utawa cengengesan
GLADHEN 3
1. Tuladha wacana pacelathon kang isi pamitan iki paragakna ing ngarep kelas!
Pamitan marang Ibu
Saploke Zeren mlebu SMP. Zeren wis ketok tambah mandhiri. Keperluane sing dibutuhake
saiki dicepakake dhewe. Seragam, sepatu, tas, jadwal pelajaran, lan kebutuhan liyane wis
dicepakake dhewe. Sore kuwi Zeren ana latihan nari kanggo persiapan lomba ing dinas. Sore kuwi
dilalah Bapakne wis kondur anggone nyambut gawe. Zeren nggoleki ibune kang lagi nyapu ing
pawon.
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 71
Zeren : “Bu ….ibu….ibu wonten pundi?”
Ibu : “Iya ndhuk ibu ana ing pawon, piye ana apa?”
Zeren
(Zeren mlaku tumuju ing pawon marani ibune kang lagi nyapu)
Ibu : “Ibu, Zeren badhe nyuwun pamit, badhe bidhal dhateng sekolah, saperlu
Zeren
Ibu gladhi nari kangge persiapan lomba benjing wonten dinas” (Zeren
Bapak
Ibu salaman marang ibune sinambi diaras astane ibune)
Bapak : “Iya ndhuk, muga latihane lancar lan bisa kasil anggone latihan nari,
diterke Bapak ta ndhuk?”
: “Inggih Bu, dipunteraken Bapak, menika Bapak sampun nengga wonten
njawi.”
: “Iya ndhuk ngati-ati ing dalan”
(Zeren lan Ibune mlaku tumuju ngarepan)
: “Wis ya Bu, bapak budhal dhisik ngeterke gendhuk neng sekolahan”
(bapak pamitan marang garwane sinambi nyetarter sepedha montore)
: “Iya Pak, ngatos-ngatos wonte dalan”
: “Ya bu”
2. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki adhedhasar wacan ing dhuwur kasebut!
1) Sapa wae paraga kang ana ing pacelathon kasebut?
Wangsulan ………………………………………………………………………
....................................................................................................
2) Zeren arep ana kegiyatan apa pamitan marang ibune?
Wangsulan Kepiye anggone Zeren matur marang ibune?
Wangsulan ………………………………………………………………………
....................................................................................................
3) Kena apa/ geneya Zeren kudu pamitan marang ibune?
Wangsulan ………………………………………………………………………
4) Ibune matur marang Bapakne Zeren nganggo basa apa?
Wangsulan ……………………………………………………………………....
....................................................................................................
3. Tembung-tembung wigati ing ngisor iki golekana tegese ing sisih tengen!
1. diaras a. diterke
2. nengga b. bojo
3. dipunteraken c. ana hasile
4. kasil d. diambung
5. garwa e. nunggu
4. Gawea ukara pamitan kang trep karo andharan ing sisih kiwa!
No Ukara pitakon Ukara kang trep
1. Dimas arep pamit
mulih marang Arya,
amarga anggone
nggarap tugas wis
rampung.
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 72
2. Syifa pamit marang
Bu Guru arep nyilih
buku ing
perpustakaan
3. Muklis pamit marang
ibu lan Bapakne arep
turu neng nggone
simbah.
4. Radit pamit marang
adhine arep tuku
ballpoint, amarga ora
ana uwong ing
ngomah
5. Anisa sowan bulik
nyaosake dhaharan
saka ibune, sawise
rampung banjur
pamitan
D. TATA KRAMA WONG MLAKU
Mlaku kuwi kegiyatan utawa pagaweyan kang gampang. Ananging menawa mlaku kuwi
ditegesi ing tata krama, bisa dadi pagaweyan kang mbutuhake unggah-ungguh. Mlaku kuwi bisa
ateges mlaku nganggo sikil, lan uga bisa ditegesi mlaku nganggo kendharaan. Ing jaman tansaya
maju akeh kulawarga kang padha duwe kendharaan dhewe-dhewe, enom tuwa wis padha bisa
numpak kendharaan.
Bab kang kudu digatekake nalika mlaku ing dalan yaiku:
1. Nalika mlaku ing turut pinggir lan ing sisih kiwa
2. Menawa mlaku ora luwih saka loro, becike jejer loro-loro ngarep mburi
3. Mlaku ora kena sinambi mangan utawa ngombe.
4. Ora kena sinambi gojegan, luwih-luwih ana ing dalan gedhe.
5. Mlaku ora kena bengak-bengok.
6. Mlaku ora kena sinambi dandan (bisa karo ngaca), tolah-toleh lan dolanan HP
7. Kudu tansah ngati-ati, ngawasake ngarep lan ngerti kahanan kiwa lan tengen.
8. Yen mlaku bareng wong tuwa becike ana mburine.
9. Mlaku ora kena nyeret utawa ngentebake sikil.
10. Manawa mlaku lanang wadon, becike sing wadon ana ing kiwane lanang.
11. Manawa nyabrang ing zebra cross, sing putri dialing-alingi saka arahe kendaraan.
12. Umpama ndhisiki tindake wong tuwa becike uluk salam “nuwun sewu kula ngrumiyini, “
Nyuwun pangapunten kula ngrumiyini”.
13. Manawa liwat ing sangarepe wong kang lagi lenggahan becike uluk salm ”Nuwun sewu
ndherek langkung”.
Bab kang kudu digatekake nalika mlaku numpak kendharaan ing dalan yaiku:
1. Bagas waras awak lan rohani
2. Becik montore navigasi, lampu, sign kabeh bisa diurupake, klakson bisa muni, knalpot uga
sing unine biasa
3. Nggawa SIM lan STNK (layang kendharaan)
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 73
4. Nganggo helm SNI menawa nganggo kendharaan roda loro
5. Nganggo sabuk pengaman tumrap kendharaan rodha papat
6. Yen boncengan ora oleh luwih saka loro (menawa bocah gedhe kabeh, menawa anake isih
balita boncengan telu kena)
7. Yen nyabrang dalan ndeleng tandha-tandha lalu lintas
8. Ing jeron kutha bantere ora kena luwih saka 60 km
9. Ing dalan ora kena numpak kanthi zig-zag
10. Barang sing digawa ora kena kakehan utawa ngluwihi aturan amarga bisa nganggu liyane
11. Numpak motor ora kena ing trotoar
12. Aja nggunakake handphone (HP) nalika numpak montor
13. Nganggo dalan/ lajur sisih kiwa
14. Ora kena jejer karo kancane, apa meneh karo ngobrol lan bengak-bengok menawa numpak
sepedha montor
15. Nggatekake pratandhaning lalu lintas
16. Dedonga (berdoa) sadurunge lan sawise lunga
GLADHEN 4
1. Wacanen wacan ing ngisor iki, kanca liyane nyemak!
Dina ini para siswa bali rada gasik, amarga kanggo persiapan ulangan tengah
semester. Mula Gita, Adel, Rafli lan Surya padha bareng-bareng mulih mlaku, amarga jarak
omah lan pawiyatan ora patiyo adoh. Bocah papat padha metu saka regol, banjur diterusake
padha mlaku kanthi nggatekake unggah-ungguh utawa tata kramaning wong mlaku. Rafli lan
Dimas mlaku jejer ing ngarep, banjur ing mburine Gita lan Adel.
Bocah papat padha mlaku lan guneman, ora karo bengak-bengok apa meneh karo
gojegan. Ing dalan padha guneman bab isine wulangan mau. Bocah-bocah anggone mlaku
gliyak-gliyak ora kesusu lan padha ngati-ngati turut pinggir dalan lan ing sisih kiwa.
Sadurunge mlebu gang dhusune Rafli, bocah papat mau mangerteni menawa ing cedhak
gang ana bocah-bocah uga padha mlaku, nanging karo gojegan ndadekake wong kang
numpak montor saka arah mburi kaged, lan meh wae nabrak bocah loro kang isih sekolah
SD. Bocah papat banjur age-age marani bocah loro kuwi mau lan nyuwunke pangapura
marang bapake kang numpak montor.
“dhik sesuk meneh yen mlaku sing ngati-ati, ora kena karo gojegan ngono kuwi ya,
mbebayani tumprap wong kang liwat ing ngarep lan mburimu, guneme Rafli ngandhani
bocah loro mau”
“Iya dhik sing ngati-ati anggone mlaku, Gita nambahi”
“Nggih Mas, nggih Mbak, bocah loro mau mangsuli”
“Wis ayo saiki mlaku bareng awake dhewe, ajake Surya”
“Nggih Mas” wangsulane bocah loro
Bocah-bocah banjur padha nerusake lakune, ora krasa wis tekan dhusune Gita lan Adel,
mlebu ing dhusun ngliwati daleme Pak Dhukuh, kebeneran Pak Dhukuh lagi ana ing
ngarepan, lagi dandan-dandan pager omahe. Bocah-bocah banjur aruh-aruh kanthi matur..
“Nuwun sewu Pak, kepareng ndherek langkung”, kanthi awak rada mbungkuk sirahe
manthuk lan polatan kang sumeh.
“Mangga-mangga mas mbak?” wangsulane Pak Dhukuh
Bocah-bocah banjur padha nerusake lakune. Ora let sedhela Gita lan Adel wis tekan omahe,
banjur padha pamit karo kancane. Bocah loro SD mau jebul omahe yo ora adoh saka Gita
lan Adel. Keri dhewe Rafli karo Dimas padha tekan omah.
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 74
2. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi bener!
1) Sapa wae kang padha mlaku mulih sekolah ?
Wangsulan
…………………………………………………………………………….....................................
.........................................................................................................................................
2) Geneya bocah-bocah mulih sekolah padha mlaku?
Wangsulan
…………………………………………………………………………….....................................
.........................................................................................................................................
3) Sebutna telu wae tatakrama mlaku kang ditindakake bocah-bocah!
Wangsulan
…………………………………………………………………………….....................................
.........................................................................................................................................
4) Prastawa apa kang dumadi ing cedhak gang dhusun?
Wangsulan
…………………………………………………………………………….....................................
...............................................
5) Kepriye anggone aruh-aruh bocah-bocah nalika ngliwati daleme Pak dhukuh?
Wangsulan
…………………………………………………………………………….....................................
.........................................................................................................................................
3. Tembung-tembung wigati ing ngisor iki golekana tegese ing sisih tengen!
1. pawiyatan a. rai, prainan
2. gliyak-gliyak b. ngobrol
3. guneman c. sekolahan
4. ndherek langkung d. mlaku alon-alon
5. polatan e. kanggo aruh-aruh ngliwati wong
4. Gawea ukara pamitan kang trep karo andharan ing sisih kiwa!
No Ukara pitakon Ukara kang trep
1. Kepriye patrapmu menawa ....................................................
kowe mlaku ing sangarepe ................................................
simbah kang lagi lenggah? ..................................................
....................................................
2. Menawa kowe numpak bis, ................................................
ing sandhingmu ana wong ..................................................
tuwa kang jumeneng, ..................................................
patrapmu kepriye?
....................................................
3. Kowe mangkat rapat, kursi ................................................
kang kosong ana ing ngarep, ..................................................
kepriye anggonmu matur .................................................
ngliwati sing wis rawuh?
....................................................
4. Kowe arep nglancangi wong ....................................................
tuwa, kepriye anggonmu ..............................................
matur?
....................................................
5. Kowe nglancangi kancamu ....................................................
ing dalan, kepriye anggonmu
75
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil
uluk-uluk ..............................................
D. UNGGAH-UNGGUH ARUH-ARUH
Urip ing bebrayan iku mbutuhake wong liya, pancen kodrate yen manungsa iku dadi makluk
sosial kang tegese ora bisa urip dhewe. Akeh prastawa kang mbutuhake wong liya, mula iku awake
dhewe kudu sapa aruh kanthi migunakake basa kang trep, patrape sopan, polatan sumringah lan
ora nyela guneme wong kang lagi omong.
Sapa aruh bisa marang sapa wae, bisa marang wong kang luwih enom, sapantaran
(kancane), wong kang luwih diwasa, lan wong kang luwih tuwa, utawa tiyang sepuh. Kabeh kudu
diurmati nalika awake dhewe sapa aruh. Sapa aruh uga bisa ditindakake nalika rapat, ketemu nalika
liwat, gotong royong, sambatan lan kagiyatan apa wae.
Ukara-ukara kang lumrahe kanggo sapa aruh:
1. Nalika ketemu ing wayah esuk kanthi ukara “sugeng enjing” (Bu, Pak, Lik, Pakdhe, budhe, Mas,
Mbak, Mbah lan sapanunggalane)
2. Nalika ketemu ing wayah awan kanthi ukara “sugeng siyang”
3. Nalika ketemu ing wayah sore kanthi ukara “sugeng sonten”
4. Nalika ketemu ing wayah bengi kanthi ukara “sugeng dalu”
5. Menawa ketemu karo tangga, bapak, ibu guru utawa liyane kanthi ukara “Badhe tindak pundi
Pak, Bu, Lik, .....”
6. Menawa ketemu ing warung kanthi ukara “Badhe mundhut menapa Pak, Bu, ....”
7. Menawa ana tamu ing ngomah nakokake bapak utawa ibu kanthi ukara “ Nuwun sewu, badhe
pinanggih sinten nggih, Bu, Pak,...”
8. Nalika ketemu tangga kang lagi nggawa pacul, utawa piranti tani liyane, kanthi ukara “Badhe
tindak sabin Mbah?”
GLADHEN 5
1. Wacanen wacan ing ngisor iki, kanca liyane nyemak!
Jam wis nuduhake angka sanga punjul telung puluh menit, bel lagu kebangsaan sorak-sorak
gumbira wis muni, iku pratandha wektu ngaso wis entek. Irgi lan Fendi wektu kuwi keri dhewe
saka kantin, amarga mau nalika ngaso kantine kebak uyel-uyelan, Irgi lan Fendi ngantri keri
dhewe. Irgi lan Fendi kelingan menawa bubar ngaso kapisan, ana wulangan basa Jawa mula
bocah loro banjur cepet-cepet anggone mlebu kelas.
Nalika mlaku tumuju menyang kelas saka kadohan Irgi lan Fendi weruh Bu Yani guru Basa
Jawa kang arep ngasta ing kelase, ngasta buku rada kabotan. Irgi lan Fendi banjur marani Bu
Yani lan aruh-aruh.
“Saged kula betakaken Bu, bukunipun?” pitakonane Irgi.
“Ooh ya Mas Irgi, oleh iki gawakna!”
“ Kula ingkang betakaken Laptopipun Bu!”, sambunge Fendi
“ Ya Mas, oleh iki Laptope” wangsulane Bu Yani
Bocah loro banjur nggawakake buku lan laptope Bu Yani kang arep tumuju menyang kelase,
kelas VII E. Bocah loro banjur mlaku ngetutake Bu yani kang tumuju menyang kelas VII E.
Nalikane tekan kelas, bocah-bocah liyane isih padha umyek rame, ana sing isih ngentekake
panganane, ana sing sinau lan ana uga sing gojegan. Nalika Bu Yani mlebu, bocah-bocah
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 76
banjur padha meneng kabeh. Irgi lan Fendi banjur nyelehake buku lan Laptope Bu Yani ing meja
guru kanthi matur :
“Menika Bu buku lan laptopipun!”
“Ya mas, matur nuwun ya”
“Inggih Bu, “ bocah loro mangsuli bareng
Bocah loro banjur lungguh ana ing panggonane lan nyepakake buku wulangan basa Jawa
dina iki. Bu Yani banjur miwiti wulangan kanthi menehi pitakonan “apa wis padha siyaga kanggo
wulangan dina iki.”
2. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki!
1) Kapan Irgi lan Fendi ketemu karo Bu Yani ?
Wangsulan
……………………………………………………………………………...........................................
........................................................
2) Kepriye patrape Irgi lan Fendi nalika ketemu Bu Yani kang nggawa gawan akeh?
Wangsulan
……………………………………………………………………………...........................................
...............................................................................................................................................
3) Barang apa kang digawakake Fendi?
Wangsulan
……………………………………………………………………………...........................................
...............................................................................................................................................
4) Jam pira wulangane Bu Yani wiwit ?
Wangsulan
……………………………………………………………………………...........................................
...............................................................................................................................................
5) Basa apa kang digunakake Bu Yani marang Irgi lan Fendi?
Wangsulan
……………………………………………………………………………...........................................
...............................................................................................................................................
3. Gawea ukara pamitan kang trep karo andharan ing ngisor iki!
No Ukara pitakon Ukara kang trep
1. Ketemu Ibu bapak guru ing wayah awan ing
ngarep regol sekolah.
2. Ketemu kanca kang mulih sekolah, kowe
ndhisiki kancamu.
3. Ketemu budhemu kang lagi saka pasar.
4. Nalika wayah sore, ketemu Pak Guru ing
toko sepatu.
5. Nalika wayah awan, kowe arep menyang
omahe kancamu, ngliwati omahe Bu
Bambang kang lagi nyapu latar.
6. Kowe ketemu bulikmu ing warung, nalika
kowe arep tuku gandum dikongkon ibumu.
7. Sapa aruh marang Bu Guru kang arep
mulang ing kelasmu, nalika wayah esuk jam
kapisan ing sekolah.
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 77
8. Ketemu simbah kang arep lunga menyang
sawah.
9. Kowe ketemu adhine kancamu kang ana ing
ngarepan lagi dolanan.
10. Ketemu bapake kancamu ing wayah bengi
ing toko alat tulis.
E. PARIBASAN LAN BEBASAN
a) Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone ora kena diwolak-walik tetembungane
mawa teges entar (kias) lan ora ngemu surasa pepindhan (ora nganggo gegambaran).
Paribasan isine piweling, iguh pratikel , teguran, sindiran marang wong liya.
Tuladha:
1. "Anak polah bapa kepradhah", tegese wong tuwa nemu pakewuh amarga saka tumindake
anak kang kurang prayoga.
2. "Angon ulat ngumbar tangan", tegese ngulat-ulati limpene wongliya, tujuwane arep njupuk
barang sing dilimpe mau.
3. "Becik ketitik ala ketara", tegese tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe
mburine utawa dititeni tembe mburine.
4. “Busuk ketekuk pinter keblinger", tegese wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa
utawa nemu cilaka.
5. "Cincing-cincing meksa klebus", tegese karepe arep ngirit jebul malah entek akeh.
6. "Ciri wanci lelai ginawa mati", tegese pakulinan ala ora bisa ilang nganti tumekaning pati.
7. "Desa mawa cara negara mawa tata", tegese saben papan utawa dhaerah duwe adat utawa
tatacara dhewe-dhewe.
8. "Keplok ora tombok", tegese melu ngrasakake seneng nanging ora melu ragad
9. "Nabok nyilih tangan", tegese tumindak mulasara wong utawa gawe sengsarane wong
sarana kongkonan.
10. “Sepi ing pamrih rame ing gawe", tegese nyambut gawe mempeng utawa sregep tanpa
duwe pamrih apa-apa.
b) Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, ora kena diwolak-walik tetembungane
mawa teges entar lan ngemu surasa pepindhan (nganggo gegambaran), sing digambarake
bisa sifat, watak, utawa kahanane wong.
Tuladha:
1. “Ancik-ancik pucuking eri", tegese wong kang uripe kang tansah was sumelang utawa
kuwatir.
2. “Diwenehi ati ngrogoh rempela", tegese diwenehi enak, ananging isih kurang trima, njaluk
sing luwih enak maneh.
3. "Emban cindhe emban siladan", tegese pilih kasih utawa ora adil marang siji lan sijine.
4. "Golek-golek ketanggor wong luru-luru", tegese arep tumindak ala, wusanane kepergok
wong kang uga tumindak ala.
5. “Kegedhen empyak kurang cagak", tegese wong kang kegedhen panjangka kurang sarana.
6. "Ngubak-ubak banyu bening", tegese gawe rerusuh ana ing panggonan kang tata tentrem
7. “Sandhing kebo gupak", tegese wong kang cedhak karo wong ala, wusanane melu ketularan
ala.
8. "Nututi layangan pedhot", tegese wong kang ngupaya baline barang sepele, yen ketemu ora
sumbut karo rekasane.
9. “Njagakake endhoge si blorok”, tegese njagakake apa-apa kang durung mesthi.
10. "Gupak pulut ora mangan nangkane", tegese melu rekasa ora melu ngrasakake kepenake.
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 78
GLADHEN 6
1. Rampungna paribasan ing ngisor iki lan tegesana!
1) Becik ketitik, ........................................
tegese ....................................................
2) ................................, crah agawe bubrah
tegese ....................................................
3) Durung pecus ......................................
tegese ....................................................
4) Njajah desa ..........................................
tegese ....................................................
5) ....................................... mendhem jero
tegese ...................................................
2. Golekana paribasane andharan ing ngisor iki!
1) Wong kang ora gelem ngrungokake rerasaning liyan kang ora prayoga, paribasane
.................................................................
2) Wong liya yen nganti nandhang lara dibelani utawa yen mati melu digetuni, paribasane
...................................................................
3) Wong kang seneng jejaluk, anaging ora gelem weweh, paribasane
...................................................................................................
4) Wong tuwa (guru) nyekarep marang pepinginane wong enom (siswa) kang luhur, sarana
ngulatake lan aweh prayoga saperlune, paribasane
................................................................................
5) Wong kang diprentak sajak wegah akeh omongane, nanging wusanane tumindak,
paribasane ..............................................
3. Rampungna bebasan ing ngisor iki lan tegesana!
1) ..................................... ngumbar tangan 79
tegese ....................................................
2) .......................................... kayu sempu
tegese ....................................................
3) Emban cindhe......................................
tegese ....................................................
4) ........................... nganti buthek banyune
tegese ...................................................
5) Gupak pulut ........................................
tegese ....................................................
4. Golekana bebasane andharan ing ngisor iki!
1) Angon limpene wong liya, yen wis kelimpe banjur njupuk barange wong iku, bebasane
....................................................................
2) Sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka, bebasane
.....................................................................................................
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil
3) Kurban bandha sawetara, nanging imbuh paseduluran, bebasane
.....................................................................................................
4) Lair batin kepingin, wasana oleh panjurung, maesthi wae saya mantep, bebasane
.......................................................................
5) Anak mesthi tiru bebudene wong tuwa, bebasane .....................
.....................................................................................................
5. Andharan ing ngisor iki pilihen kang kalebu paribasan utawa bebesan!
No Andharan Paribasan utawa bebasan
1. Gawe jugangan ngurugi jugangan
2. Sadumuk bathuk sanyari bumi
3. Ngundhuh wohing pakarti
4. Esuk dhele sore tempe
5. Ketula-tula ketali
6. Golek-golek ketanggor wong luru-luru
7. Kakehan gludhug kurang udan
8. Sing sapa salah seleh
9. Kebanjiran segara madu
10. Wiwit kuncung nganti gelung
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 80
UJI KOMPETENSI
1. Penilaian Pengetahuan
A. Tes Lisan
I. Pitakonan-pitakonan ing ngisor iki wangsulana kanthi lisan kang bener!
1) Apa sing diarani unggah-ungguh?
Wangsulan ……………………………………………………………………
......................................................................................................
2) Apa manpangate tata krama?
Wangsulan ……………………………………………………………………
3) Ing ngendi wae nindakake tatakrama?
Wangsulan ……………………………………………………………………
........................................................................................................
4) Ana pira unggah-ungguh basa iku?
Wangsulan …………………………………………………………………...
5) Terangna tegese basa ngoko lugu?
Wangsulan ……………………………………………………………………
.......................................................................................................
6) Terangna tegese basa ngoko alus?
Wangsulan …………………………………………………………………..
......................................................................................................
7) Terangna tegese basa krama lugu?
Wangsulan …………………………………………………………………
8) Terangna tegese basa krama alus?
Wangsulan
…………………………………………………………………...…….........................................
..........................................
9) Sebutna pangaggone basa ngoko lugu?
Wangsulan ……………………………………………………………………
.......................................................................................................
10) Sebutna pangganggone basa krama alus?
Wangsulan
………………………………………………………………………............................................
.......................................................
11) Kula sampun dhahar. Ukara kuwi benerna !
Wangsulan
………………………………………………………………………............................................
.......................................................
12) Dalem kula wonten Minomartani. Ukara kuwi benerna !
Wangsulan
………………………………………………………………………............................................
........................................................
13) Kepriye unggah-ungguh basamu nalika tetepungan karo siswa anyar?
Wangsulan
………………………………………………………………………............................................
.......................................................
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 81
14) Kepriye unggah-ungguhmu tetepungan karo bapake kancamu nalika kowe neng omahe
kancamu?
Wangsulan
………………………………………………………………………............................................
.......................................................
15) Kepriye unggah-ungguhmu nalika kowe mimpin donga arep mungkasi wulangan?
Wangsulan ……………………………………………………………………
.......................................................................................................
16) Kepriye unggah-ungguhmu nalika kowe mlaku ketemu simbah kang arep nyebrang
dalan?
Wangsulan
……………………………………………………………………….........................................
..................................................
17) Kepriye anggonmu matur pamit marang bu Guru nalika wulangan arep menyang pakiwan?
Wangsulan
………………………………………………………………………............................................
.......................................................
18) Kepriye anggonmu matur pamit marang ibumu nalika arep nggarap tugas ing omahe
kancamu?
Wangsulan …………………………………………………………………....
........................................................................................................
19) Kepriye unggah-ungguhmu nalika mlaku arep nglancangi tiyang sepuh sing mlaku ing
ngarepmu?
Wangsulan
………………………………………………………………………............................................
.......................................................
20) Kepriye anggonmu aruh-aruh nalika kowe mlaku ngliwati daleme pakdhe kang lagi
ngumbah sepedha montor?
Wangsulan
………………………………………………………………………............................................
.......................................................
21) Kepriye anggonmu matur marang ibu bapak guru ing ruwang guru nalika arep njupukake
bukune bu guru kang keri ing ruwang guru?
Wangsulan
………………………………………………………………………..............................................
.....................................................
22) Kepriye anggonmu aruh-aruh nalika kowe kepethuk kanca ing dalan?
Wangsulan
………………………………………………………………………............................................
................................................
23) Kepriye anggonmu matur marang guru piket nyuwun layang idin mlebu kelas amarga
telat?
Wangsulan
………………………………………………………………………................................................
..................................................
24) Kepriye unggah-ungguh lan tata krama nalika kowe tetepungan marang bapak utawa ibu
guru?
Wangsulan
………………………………………………………………………................................................
...................................................
25) Kepriye anggonmu pamit marang bapak lan ibu nalika kowe arep mangkat sekolah?
Wangsulan
………………………………………………………………………................................................
...................................................
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 82
II. Wangsulana pitakonan saka pacelathon ing ngisor iki!
1. Guru : Jenengmu sapa?
Siswa :
2. Guru : Apa kowe saben esuk sarapan?
Siswa :
3. Guru : Sapa asmane Bapakmu?
Siswa :
4. Guru : Apa kowe wis mangan, Le?
Siswa :
5. Guru : Saben dinane kowe turu jam pira?
Siswa :
6. Guru : Olehmu mulih numpak apa?
Siswa :
7. Guru : Sapa asmane ibumu?
Siswa :
: Apa kowe wis adus?
8. Guru :
Siswa
9. Guru : Bapakmu nyambut gawe mangkat jam pira?
Siswa :
10. Guru : Omahmu nomer pira, Le?
Siswa :
B) Tes Tulis
I. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan A, B, C, utawa
D kang kok anggep bener!
1. Nindakake tata krama utawa unggah-ungguh kuwi nggunakake rasa kang ... .
A. kepingin dialem uwong
B. tulus ikhlas, legawa
C. rasa kang seneng
D. ora kepeksa
2. Wong kang nindakake tata krama ing bebrayan, iku bisa nuwuhake rasa ...
A. diajeni
B. diurmati
C. disengiti
D. tepa selira
3. Panjenengan mau mundhut apa ing toko alat tulis?. Ukara kasebut kalebu jinise basa ... .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 83
D. krama alus
4. Ing ngisor iki pigunane basa krama lugu yaiku ... .
A. kanggo guneman wong diwasa utawa wong tuwa kang wis kulina banget
B. kanggo omongan wong kang saumuran
C. kanggo sesorah lan pranatacara
D. siswa marang guru
5. Ing ngisor iki ukara kang nggunakake basa krama alus yaiku ... .
A. Aku arep turu dhisik
B. Bapak guru wis kondur mau awan
C. Omahku ana ing kompleks Puri asri
D. Simbah dipuncaosi dhaharan dening ibu
6. (1) Crita kang dhapur andharan upamane ing crita cekak
(2) Guneman wong enom marang wong tuwa
(3) Andhahan marang pimpinane
(4) Batur marang bendarane
Saka pranyatan-pranyatan ing dhuwur, kang kalebu gunane basa krama alus yaiku ... .
A. 1, 2, 3
B. 2, 3, 4
C. 1, 3, 4
D. 2, 4, 1
Wacan kanggo soal nomer 7-8
Sadurunge lomba maca geguritan diwiwiti, para pasarta kang wis padha
daftar diklumpukake ing aula. Amarga panitiya arep menehi arahan lan tata
tertib lomba kang kudu ditindakake. Ing kono Adel diampingi dening bu
Rani. Nalika arep lungguh, Bu Rani ora sengaja kepanggih karo kancane
kang padha-padha guru basa Jawa, ananging beda papan mulange. Bu Rani
lan kancane katon bungah banget bisa ketemu ing kono.
7. Para pasarta lomba diklumpukake ana ing aula saperlu ... .
A. Panitiya menehi nomer pasarta lomba
B. Panitiya menehi snack para pasarta lomba
C. Panitiya menehi arahan lan tata tertib lomba
D. Panitiya menehi arahan lan carane dewan juri mbiji
8. Bu Rani lan kancane katon bungah banget bisa kepanggih ing kono. Tembung bungah
tegese ... .
A. susah
B. seneng
C. ketemu
D. kepethuk
9. Nalika mlebu dadi siswa anyar. Risa kepengin takon jenenge guru basa Jawa kang lagi wae
mlebu ing kelas, kepriye anggone nyuwun pirsa?
A. Namane ibu sinten?
B. Asmane ibu sinten?
C. Namanipun ibu sinten?
D. Asmanipun ibu sinten?
10. Bapak : ”Kowe anggonmu mulih bareng sapa?” 84
Tini : “ .....................”
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil
Wangsulane Tini kang trep yaiku ....
A. Anggonku mulih bareng Nurul
B. Anggen kula mulih sareng Nurul
C. Anggen kula mantuk sareng Nurul
D. Anggen kula wangsul sareng Nurul
11. Aku durung dhahar, aku arep kondur sik ya. Ukara kasebut durung bener, benere yaiku ...
A. Aku dereng dhahar, aku arep kondur riyin ya
B. Aku durung mangan, aku arep mulih dhisik ya
C. Kula dereng dhahar, kula badhe kondur riyin nggih
D. Kula dereng mangan, kula badhe wangsul rumiyin nggih
12. Zaki arep neng omahe Amar saperlu nggarap tugas. Nanging Zaki durung ngerti omahe
Amar, Zaki banjur takon wong kang lagi lungguhan ing ngarepan. Kapriye anggone Zaki
matur?
A. Nuwun Sewu Pak, badhe nyuwun pirsa griyanipun Amar pundi?
B. Nuwun Sewu Pak, badhe nyuwun pirsa griyane Amar pundi?
C. Nuwun Sewu Pak, badhe tanglet griyanipun Amar pundi?
D. Nuwun Sewu Pak, badhe tanglet griyane Amar pundi?
13. Nalika tetepungan karo siswa anyar, endi basa kang trep?
A. Ditepungaken nama kula Dinda, kula kelas 7A
B. Dikenalaken nama kula Dinda, kula kelas 7A
C. Ditepungke jenengku Dinda, aku kelas 7A
D. Dikenalke jenengku Dinda, aku kelas 7A
14. Pak, Bu kula budhal sekolah nggih, nyuwun donga pangestunipun. Ukara kasebut kalebu
unggah-ungguh ... .
A. tetepungan
B. aruh-aruh
C. pamitan
D. mlaku
15. Saben dina Rabu, kelasmu ana wulangan basa Jawa jam pungkasan. Mula anggonmu
matur salam nalika rampung pelajaran yaiku ... .
A. Sugeng dalu Pak
B. Sugeng enjing Pak
C. Sugeng siyang Pak
D. Sugeng sonten Pak
Pacelathon kanggo soal nomer 16-17
Iwan : “Pak Wedang tehe mengko adhem, ayo diombe dhisik! (16)
Bapak : “Tulung Wan, gawanen metu, mengko daksambine”
Iwan : “ .......................................” (17)
Bapak : “Iya Wan, tutupana ya mundhak kena bledug”
Iwan : “Inggih Pak!”
16. Pacelathon ing dhuwur tembunge Iwan “Pak Wedang tehe mengko adhem, ayo diombe
dhisik!” kurang bener. Ukara kasebut miturut unggah-ungguh basa kang bener yaiku ... .
A. Pak unjukan tehipun mangke asrep, mangga enggal dipununjuk rumiyin!
B. Pak wedang tehipun mangkih adhem, mangga enggal diunjuk rumiyin!
C. Pak unjukan tehe mangkih adhem, mangga enggal diunjuk riyin!
D. Pak wedang tehe mangkih adhem, mangga enggal diunjuk riyin!
17. Wangsulane Iwan kang trep ing pacelathon kang ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ... . 85
A. Ya Pak, tak beta wonten njaba kalih tempe mendoan
B. Inggih Pak, tak beta wonten njaba kalihtempe mendoan
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil
C. Ya Pak , kula beta wonten njawi kaliyan tempe mendoan
D. Inggih Pak, kula beta wonten njawi kaliyan tempe mendoan
18. Nalika sliramu kepethuk Bulik ing swalayan, becike aruh-aruh kanthi matur ... .
A. Ajeng tumbas menapa Bulik?
B. Badhe tumbas menapa Bulik?
C. Ajeng mundhut menapa Bulik?
D. Badhe mundhut menapa Bulik?
19. Nalika bulikmu mundhut priksa “Arep tuku apa Mbak Kinan?” becike anggonmu wangsulan
... .
A. Badhe tuku ballpoint, Bulik
B. Badhe tumbas ballpoint, Bulik
C. Badhe mendhet ballpoint, Bulik
D. Badhe mundhut ballpoint, Bulik
20. Pranyataan ing ngisor iki kang ora kalebu tata kramane mlaku ing dalan yaiku ....
A. mlaku turut pinggir ing sisih kiwa
B. mlaku jejer paling akeh loro
C. mlaku karo menga-mengo
D. mlaku kanthi ngati-ati
21. unen-unen kang ajeg panganggone ora kena diwolak-walik tetembungane mawa teges entar
lan ngemu surasa pepindhan (nganggo gegambaran) diarani ... .
A. geguritan
B. paribasan
C. bebasan
D. saloka
22. Bayu bocahe pancen akeh omongane, nanging saben didhawuhi apa wae dening wong
tuwane uga bisa ngrampungi pagaweyane. Watake Bayu kang kaya ngono iku bisa
diparibasakake ... .
A. criwis crawis
B. kadang konang
C. keplok ora tombok
D. adigang, adigung, adiguna
23. Tegese bebasan “Nututi layangan pedhot” yaiku ... .
A. Nututi barang kang ana mupangate
B. Nututi barang kang penting banget
C. Nututi barang kang ora ana ajine
D. Nututi barang kang murah
24. Madu balung, ... . Ganepane bebesane yaiku ... .
A. tanpa isi
B. tanpa untu
C. tanpa wulu
D. tanpa guna
25. Wong kang nggunakake basa lisan dikantheni karo patrap kang trep utawa tindak tanduk
kang apik, amarga ...
A. supaya apik disawang
B. supaya kepenak dirungokake
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 86
C. supaya nyuda lara atine wong liya
D. supaya gawe seneng lan ngurmati sing dijak guneman
II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener!
1. Sebutna mupangate nindakake unggah-ungguh basa (3) wae!
Wangsulan ....…………………………………………………………………
............................................................................................…
2. Kepriye tatakramane sliramu pamitan marang bapak lan ibumu nalika arep budhal study
tour?
Wangsulan ………………………………………………………………………
...................................................................................................
3. Sebutna 3 wae tata kramane wong numpak kendharaan!
Wangsulan ………………………………………………………………………
....................................................................................................
4. Kowe mangkat sekolah mlaku, anggonmu mlaku rada rikat amarga arep ana ulangan jam
kapisan, ing ngarepmu ana simbah kang lagi mlaku. Kepriye anggonmu matur nglancangi
simbah?
Wangsulan ……………………………………………………………………
................................................................................................
5. Nalika ing jam wulangan, dumakan kowe krasa kepengin ana ing pakiwan. Kepriye
tatakramane anggonmu matur marang Pak Guru?
Wangsulan ……………………………………………………………………
.................................................................................................
6. Kepriye anggonmu sapa aruh, nalika mulih ekstrakurikuler ngliwati daleme Bu Dhukuh kang
lagi nyirami kembang?
Wangsulan ………………………………………………………………………
7. Kepriye tatakramane nalika tetepungan karo Pak Guru?
Wangsulan
………………………………………………………………………
8. Bu Lastri nggawa jeruk saka pasar Bringharjo.
Ukara kasebut gantinen nganggo krama alus!
Wangsulan ………………………………………………………………………
9. Sapa sing ora tepung karo Dava, bocahe grapyak, semanak, yen omongan tansah gawe
senenge liyan, ora nglarakake ati. Semono uga solah tingkahe uga becik, tansah ngajeni
wong liya, saengga wong-wong uga padha ngajeni marang dheweke. Sikape Dava kang bisa
njaga omongan lan tingkah lakune iku kena diparibasanke ... .
Wangsulan ………………………………………………………………………
10. Satria menawa omongan kadhang kala ora bisa dipercaya, Wiwingi ngomong bisa nggarap
PR, esuke nyatane PR-e ora ana sing digarap. Satria omongane mencla-mencle. Tumindake
Satria bebasane ....
C) Penugasan
I. Tugas Individu
Ganepana teks pacelathon saka cengkorongan crita ing ngisor iki!
Dina lan Dini bocah loro kang kembar. Saben esuk Dina dan Dini mesthi mangkat
sekolah mlaku bareng kanthi guyup rukun. Sawise rampung sarapan lan sadurunge
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 87
mangkat sekolah, Dina lan Dini mesthi pamit marang bapak lan ibune. Bapak lan ibune
mesthi weling supaya anggone mlaku ngati-ati lan turut pinggir.
II.Tugas kelompok
1. Gawea kelompok kang dumadi saka 4-5 siswa, direwangi dening ibu bapak guru kang
ana ing kelas!
2. Gawea pacelathon saben kelompok siji wae kanthi cengkorongan ing ngisor iki:
a. Kelompok 1
- Gawea 4 ukara unggah-ungguh basa ngoko lugu!
- Gawea pacelathon unggah-ungguh tetepungan ing papan les, ketemu kanca
anyar kang beda sekolahan, lan tetepungan marang guru lese!
b. Kelompok 2
- Gawea 4 ukara unggah-ungguh basa ngoko alus!
- Gawea pacelathon unggah-ungguh pamitan marang bapak guru arep ninggalke
wulangan kanggo lomba!
c. Kelompok 3
- Gawea 4 ukara unggah-ungguh basa krama lugu!
- Gawea pacelathon tekon marang Bapak tatakramane mlaku ing dalan!
d. Kelompok 4
- Gawea 4 ukara unggah-ungguh basa krama alus!
- Gawea pacelathon unggah-ungguh sapa aruh tekon marang wong nalika arep
menyang omahe kancamu kang durung ngerti ing ngendi penere omahe!
1. Penilaian Ketrampilan
A. Produk
1. Gawea kelompok kang dumadi saka 4-5 siswa, diewangi marang ibu bapak guru kang ana
ing kelas!
2. Saben kelompok gawe pacelathon kang digarap ing kertas manila, nalika nggarap banjur
difoto sapa kang dadi ing pacelathon kasebut! Digawe ngangggo kreatifitas!
a. Unggah-ungguh tetepungan (oleh ing lingkungan masarakat utawa sekolah)
b. Unggah-ungguh pamitan (oleh ing lingkungan masarakat utawa sekolah)
c. Unggah-ungguh mlaku ing dalan (oleh ing lingkungan masarakat utawa sekolah)
d. Unggah –ungguh sapa aruh (oleh ing lingkungan masarakat utawa sekolah)
B. Praktek
1.Praktekna pacelathon kang wis tok gawe karo kelompokmu ing ngarep kelas! Kanthi
nggatekake wirama, wiraga, wirasa lan wicara!
2.Papan kanggo mbiji
No. Jeneng wicara wirama wiraga wirasa Total biji
kelompok
1 Kelompok 1
Lsp. 88
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil
NYEKMritAerKia pCamRbiIjiT: A PENGALAMAN
A : 86-100
B : 76 – 85
C : 61 – 75
D : kurang saka 60
WULANGAN
2
A. NYEMAK CRITA PENGALAMAN
Kagiyatan nyemak crita pengalaman kuwi tegese kagiyatan ngrungokake wong kang lagi
nyritakake pengalamane, utawa macakake crita pengalamane wong liya utawa awake dhewe maca
crita pengalamane wong liya kang ana ing kalawarti, ariwarti lan sapanunggalane. Dene crita
pengalaman yaiku crita kang isine ngandharake kadadean utawa prastawa kang dialami dhewe
utawa ditemoni, deleng kang dilakoni dening wong liya ing saben dinane.
Crita pengalaman kuwi uga werna-werna. Crita pengalaman bisa awujud crita kang seneng,
sedhih, prihatin, trenyuh, mangkel, jengkel, lucu, ngguyokake, lara ati lan sapanunggalane.
Pigunane nyemak crita pengalaman yaiku:
a. Sarana kanggo nambah pengalaman
b. Sarana kanggo nambah ilmu utawa kawruh
c. sarana kanggo panglipur
d. sarana kanggo ngudhar ruweting pikir
e. sarana kanggo piwulang/ utawa guru utama menawa ing basa Indonesia belajar dari
pengalaman
saliyane kuwi ing sajroning crita pengalaman uga ana unsur-unsure sing dicritakake. Ing
antarane yaiku ana paraga, paraga kuwi sapa kang nglakoni utawa sing dicritakake. Ana bab sing
dicritakake utawa judul, ana setting critane (waktu, papan lan swasana). Ana pitutur kang bisa
dijupuk saka crita pengalaman kasebut.
B. TATA TEMBUNG
Nalika maca utawa nulis crita pengalaman mesthi wae ana tembung-tembung kang kasusun
dadi ukara. Saengga dadekake crita pengalaman kuwi bisa dimangerteni dening sing ngrungokake
utawa sing maca. Tembung-tembung iku antarane:
1. Tembung Aran (kata benda)
Tembung aran yaiku tembung kang nuduhake jeneng utawa aran barang lan apa wae kang
dianggep barang bisa manungsa, kewan utawa barang liyane.Yen ing basa Indonesia diarani
kata benda.
Tuladha : aku, kowe, pitik, meja, kursi, klambi, pit, lsp.
2. Tembung Kriya (kata kerja)
Tembung kriya yaiki kabeh tembung kang nelakake solah bawa, tingkah laku utawa tumandang
gawe, ngayahi pagawean. Yen ing basa Indonesia diarani kata kerja.
Tuladha : tuku, nggawa. nyapu, ngunting, njupuk, lsp.
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 89
3. Tembung Kaanan (kata sifat)
Tembung kahanan yaiku tembung kang nerangake sifat utawa kahanane barang.Yen ing basa
Indonesia diarani kata sifat.
Tuladha : bagus, ayu, pinter, seneng, dhuwur, sregep, lsp.
4. Tembung Katrangan (kata keterangan)
Tembung katrangan yaiku tembung kang mratelakake katrangan marang tembung kriya, utawa
saliyane tembung aran.Yen ing basa Indonesia diarani kata keterangan.
Tuladha : kerep, arang, dhek Wiwingi, mau esuk, sesuk, akeh, lsp
5. Tembung Pangiket (kata sambung)
Tembung pangiket yaiku tembung kang gunane kanggo nggandheng utawa nyambungake
tembung siji lan sijine utawa ukara saji karo ukara liyane ing satunggal frasa.
Tuladha : sawise, sadurunge, wiwit, nalika, sinambi, nganti, yen, saupama, supaya, sanadyan,
kamangka, sabab, jalaran, awit, mula, tanpa, lan, sarta, tekan, , nanging, malah, kanthi, nganti,
lsp.
Tuladha crita pengalaman iki wacanen!
Kelalen mateni banyu
Esuk-esuk wektune padha ribet kabeh. Lia anak mbarepe Bu Titin jatahe lunga ninggalake
omah keri dhewe. Dheweke mlebu kerja jam 9, dadi isih sawetara anggone metu ngomah. Isih
anteng ora kemrungsung. Ibune Titin wis ndhungsang-ndhungsang kesusu amarga isih ngampirke
adhine neng sekolah SD. Wektu wis nuduhake jam 06.46 WIB. Ibune Titin pamitan marang anake
tindak kerja. Lia rumangsane isih esuk, dheweke mbukak laptop kamangka durung adus. Jebul wis
jam 8.25 WIB dheweke lagi kelingan yen kudu mangkat kerja. Karo mlayu njupuk andhuk mlebu
pakiwan. Ndilalah banyune asat ndadak nguripke banyu sanyo. “cethet” sanyone urip, banyune mili
banjur adus gebyar-gebyur. Rampung adus banjur wis siyaga banjur ngancingi lawang lan mangkat
nyambut gawe. “Kring..kring..kring...!”. Bu Titin sambat, “Kok ana telpun wiwit mau ora diangkat ki
sapa ta?” Tanpa noleh Bu Titin tetep mulang siswae sing durung bisa. Tilpun muni maneh!. Siswa
sing diajari noleh, matur karo gurune,” Bu guru age-age menyat, jebul sing muni hapene dhewe.
Wis sawetara Titin tekan papan pagawean. Titin ditilpun karo tanggane menawa omahe
banjir, luber sanyone isih muni. Banyu lambah-lambah mili tekan latare tanggane. Ana tanggane
sing prigel. Saklar listrik dipateni. Alhamdulillah ana sing preduli. Matur nuwun Mbak Minem, Mateni
listrike. Ana tanggane sing cawe-cawe.
Dadi kena kanggo pengeling-eling menawa lelungan kudu dipriksa omahe, mbok menawa
lali, listrik, kompor, banyu, kipas angin, isih padha murub lan lawang uga kudu ditliti. Dadi yen arep
lelungan kudu ndonga dhisik supaya diparingi keslametan.
(Ngatinah, Djaka Lodang No.39: 22 Februari 2020)
Saka crita pengalaman ing dhuwur bisa dimangerteni:
1. Paraga kang ana ing crita pengalaman “kelalen mateni banyu” yaiku ana Titin, ibuke Titin, siswa
lan Mbak Minem.
2. Setting wektu esuk, papan ana ing ngomah lan papan nyambut gawe
3. Bisa kalebu crita prihatin
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 90
4. Bisa kadudut pitutur menawa yen arep lelungan becike wektune rada dilonggari, ora kesusu,
lan ngecek luwih ndhisik apa ana barang kang isih murup, banjur dicek apa kang dibutuhake
mbok menawa ana sing lali ora kegawa, lan ngunci lawang.
5. Kawruh tembung
- Kemrungsung : kesusu
- Ndhusang-ndhusang : nindakake kanthi ribed
- Rumangsane : ing batine
- Menyat : ngadeg
- Lambah-lambah : kebak banyu
- Prigel : trampil
6. Tuladha tembung aran kang ana ing crita yaiku omah, laptop, sanyo, lawang, hape
7. Tuladha tembung kriya kang ana ing crita yaiku pamitan, adus, mangkat, ngajari, mateni
8. Tuladha tembung kahanan kang ana ing crita yaiku anteng, prigel
9. Tuladha tembung katrangan kang ana ing crita yaiku esuk, asat, lambah-lambah
10. Tuladha tembung pangiket kang ana ing crita yaiku banjur, lan, amarga, kamangka, yen
C. NULIS CRITA PENGALAMAN
Sasuwene urip ing ngalam donya mesthi saben wong duwe crita pengalaman dhewe-dhewe
kang ora bisa dilalekke. Ing ndhuwur wis diandharake bab nyemak crita pengalaman. Mula sawise
nyemak banjur mengko nulis crita pengalaman. Dene carane nulis crita pengalaman yaiku:
1. Ngeling-eling crita pengalaman apa sing arep ditulis
2. Banjur sapa wae paragane menawa sing tok critakke kowe dhewe nganggo tembung aku
3. Kepriye setting critane (bisa papan, wektu lan swasanane)
4. Banjur digawe ukara-ukara lan disusun ing paragraf kanthi nggunakake tembung-tembung
kang bisa dimangerteni dening wong liya.
GLADHEN 1
4. Wacanen wacan ing ngisor iki, kanca liyane nyemak!
padha-padha nunggu
Dina senin awan minggu kapungkur, ana wong loro numpak motor rodha telu. Nggawa
piranti kanggo sedhot sumur kayata dhiesel, selang lan liyane. Mandheg sangarepe omahku
kang ada pinggir dalan. Banjur takon apa ngerti omahe Pak Bani, kang jare ing salah sijine
perumahan cedhak kono. “lha naminipun perumahan napa nggih Pak?” pitakonku nggenahke.
“Waduh niku nggih boten nanjihke je. Wau niku sareng ngarep mburi, kok kula lajeng pun
tilar. Namung sanjang teng perumahan ing kampung Bangunjiwo mriki. “Mangka kula dereng
nate mriki,” semaure wong sing rada tuwa. “Amarga desa ngriki pun kathah perumahanipun,
namine nggih werni-werni. Kula senadyan asli dhusun ngriki, nanging boten sedaya ngertos
papan lan naminipun perumahan-perumahan niku. “Lha pripun ta?” pitakonku.
Wong mau banjur crita, minangka petugas kebersihan ing kutha Yogya. Jare diajak dening
Pak Bani saperlu dikongkon ngresiki utawa sedhot kanggo njerokake sumure ing perumahan
merga ketigane dawa. Saka kutha Yogya lakune ngarep mburi. Pak Bani ana ing ngarep
dietutake dening pertugas kebersihan kasebut kanthi numpak motor. Ndilalahe gandheng lakune
uga kepalang lampu bangjo barang, mula wong loro mau ketinggal lan kelangan enggoke Pak
Bani. Sawetara banjur takon lan nunggu ana ngarep omah, karo nyoba nilpun bojone kang duwe
nomer tilpune Pak Bani. Wong loro mau padha grememeng ngrasani, lha ajak-ajak kok nggone
numpak motor ngudung wae ora noleh-noleh.
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 91
Nalika wong loro wis arep padha nglokro, trima bali wae saperlu nggarap gawean ing papan
liya. Ndilalah pak Bani teka. Jarene nalika tekan ngomah, wong loro kang arep nguras sumure
kasebut dienteni kok ora enggal teka. Banjur dibaleni dening Pak Bani, malah uga ditunggu ana
prapatan lampu bangjo uga nganti sawetara wektu. Pak Bani ya wis nglokro, banjur bali.
Ndilalah kok weruh ana motor rodha telu diparkir ana ngarep omahku banjur diparani. Ee..
pranyata tenan, sing ditunggu-tunggu jebul padha nunggune. Mula banjur padha ngguyu, ora
sido nesu merga ngrumangsani pada lupute.
(Nug/Dl, Djaka Lodang No.39: 22 Februari 2020)
Pitakonan-pitakonan ing ngisor iki wangsulana kanthi bener!
1. Sapa wae paraga crita pengalaman ing dhuwur?
Wangsulan
.................................................................................................................................................
...............................................................
2. Ana piro petugas kebersihan sing arep nyedot sumur?
Wangsulan
....................................................................................................................................................
.................................................................
3. Ing ngendi papan kadadeyan crita pengalaman kasebut?

4. Apa jinise crita pengalaman kasebut?
Wangsulan
....................................................................................................................................................
.................................................................
5. Golekana tembung-tembung wigati lan wehenaha tegese 5 wae!
Wangsulan:
....................................................................................................................................................
................................................................
6. Sebutna pitutur kang bisa dijupuk saka crita pengalaman kasebut!
Wangsulan
....................................................................................................................................................
.................................................................
7. Sapa sing ditelpun petugas kebersihan?
Wangsulan
....................................................................................................................................................
.................................................................
8. Golekana 5 tembung aran saka crita pengalaman kasebut!
Wangsulan
....................................................................................................................................................
.................................................................
9. Golekana 5 kriya aran saka crita pengalaman kasebut!
Wangsulan
....................................................................................................................................................
................................................................
10. Golekana 5 pangiket aran saka crita pengalaman kasebut!
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 92
Wangsulan
....................................................................................................................................................
................................................................
PENILAIAN II
2. Penilaian Pengetahuan
A. Tes Lisan
Nalika Ngepek
Ngepek iku tumindak sing ora bener. Nanging arepa ngerti yen ngepek iku tumindak sing
ora bener, tetep ana siswa sing ngepek nalika nggarap soal ujian. Pengalaman nalika ngepek
sing dak tulis iki dialami kancaku kang aran WiWiwin nalika isih sekolah ing kelas 12 ing salah
sawijining SMA ing Ngayogyakarta.
Dina kuwi ing sekolah ana ujian pendhidhikan Pancasila dan Kewarganegaraan, sing asring
kasebut PPKn. Nalika ujian, papan lungguh siswa kelas XII jejer karo siswa kelas X. Dadi siswa
kelas XII angel yen arep ngepek kancane sing padha-padha kelas XII. Semono uga siswa kelas
X, angel yen arep ngepek marang kanca sing padha-padha kelas X.
Soal lan lembar jawab wis dibagi dening guru pengawas. Guru uga ngumumake, sadurunge
nggarap soal ujian para siswa kudu nliti dhisik jinis soale. Amarga ana rong jinis soale, yaiku soal
kanggo kelas XII lan soal kanggo kelas X.
Kancaku sing jenenge Wiwin, bubar nampa soal lan lembar jawab, banjur nggarap soal iku.
Wiwin kalebu siswa sing pinter. Kabeh soal digarap kanthi setiti. Nalika nggarap soal isian,
dheweke rada kangelan. Wiwin banjur nabok gegere kancane sing lungguh ing ngarepe.
Dheweke takon tegese pembangunan nasional sing ana ing soal isian. Kancane wangsulan ora
ana pitakonan kuwi. Wong loro eyel-eyelan. Nanging guru pengawas ora ngerti, amarga wong
loro kuwi omongane lirih.
Wiwin banjur nliti soal saka lembar ngarep. Jebule ing lembar soal sisih ngarep, ing dhuwur
dhewe ana tulisan yen soal iku kanggo kelas X. Wiwin banjur mlaku tumuju ngarep kelas lan
matur guru pengawas yen dheweke kleru nggarap soal. Wiwin kelas XII, nanging dheweke
nggarap soal kelas X. Gurune banjur ngendika yen mau wis diumumake, kudu ditliti dhisik
sadurunge nggarap. Wiwin njaluk ngapura marang Pak guru. Pak guru banjur menehi soal kelas
XII lan lembar jawab kanggo Wiwin. Wektu wis nuduhake jam 08.30. ujian rampung jam 09.00
WIB. Tegese Wiwin mung duwe wektu setengah jam kanggo nggarap kabeh soal sing akeh iku.
Kanca-kanca sing weruh padha ngguyu semu mesakake marang Wiwin.
(Rika Dian Mayawati, A.Md., Djaka Lodang No.47: 18 April 2020)
Pitakonan-pitakonan ing ngisor iki wangsulana kanthi lisan!
1. Sapa kang ngepek?
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 93
Wangsulan
....................................................................................................................................................
..................................................................
2. Apa kang didhawuhke Pak guru sawise nampa soal ?
Wangsulan
....................................................................................................................................................
.................................................................
3. Ing ngendi papan kadadeyan crita pengalaman kasebut?
Wangsulan
....................................................................................................................................................
.................................................................
4. Papan lungguh kelas 3 jejer kelas pira?
Wangsulan
....................................................................................................................................................
.................................................................
5. Apa sing diujianke dina kuwi?
Wangsulan
....................................................................................................................................................
................................................................
6. Jam piro anggone Wiwin ngerti menawa soal kang digarap salah ?
Wangsulan
....................................................................................................................................................
.................................................................
7. Kepriye sikape kanca-kancane nalika weruh kadadeyan iku?
Wangsulan
....................................................................................................................................................
................................................................
8. Ing wayah apa kadadean crita pengalaman kasebut?
Wangsulan
....................................................................................................................................................
................................................................
9. Crita ing dhuwur kalebu crita pengalaman kang isine....
Wangsulan
....................................................................................................................................................
................................................................
10. Sebutna loro wae tembung aran kang ada ing crita pengalaman ing dhuwur !
Wangsulan
....................................................................................................................................................
................................................................
11. Sebutna loro tembung kriya kang ada ing crita pengalaman ing dhuwur !
Wangsulan
....................................................................................................................................................
...............................................................
12. Sebutna loro tembung kahanan kang ada ing crita pengalaman ing dhuwur !
Wangsulan
....................................................................................................................................................
................................................................
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 94
13. Sebutna loro tembung katrangan kang ada ing crita pengalaman ing dhuwur !
Wangsulan
....................................................................................................................................................
...............................................................
14. Sebutna loro tembung pangiket kang ada ing crita pengalaman ing dhuwur !
Wangsulan
....................................................................................................................................................
...................................................................
15. Pitutur apa kang bisa dijupuk saka crita pengalaman ing dhuwur ?
Wangsulan
....................................................................................................................................................
................................................................
D) Tes Tulis
Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan A, B, C, utawa
D kang kok anggep bener!
Wacan kanggo soal nomer 1-4!
Tledhor Ora Ngunci Motor
Sore kuwi Lik Mar kentekan kuota. Bingung arep mbalesi sedulure sing padha arep
lebaran durung bisa-bisa. Mulane enggal cepet-cepet golek pulsa. Garwane wis matur kon
ngenteni anake lanang anggone tuku kuota, nanging Lik Mar selak ora sranta, banjur
menyang dhewe tuku pulsa kanthi numpak motere bojone.
Tekan papan kono wis akeh sing padha antri. Klebu bocah nom-noman akeh banget.
Motore diparkir cedhak emperan amrih gampang metune saka parkiran. Lagi sasuwene
antri bocah nom-noman sing wis diedoli langsung bali. Ndilalah motore kuwi padha karo
nggone Lik Mar. Bocah mau langsung nyetarter terus bablas. Lha wong kuncine isih
gumandhul lali ora dijupuk, dadi mung kari ceklik wuerr. Lik Mar arep mulih dadi kaget, lha
motore ora ana, Lik Mar banjur opyak lan padha digoleki nganti wengi.
1. Saka wacan ing ndhuwur, crita pengalaman kasebut nyritakake ... .
A. Garwane akon tuku dhewe tinimbang nunggu anake
B. Lik Mar, seneng akhire bisa tuku kouta
C. Lik Mar, nunggu anake nukokke kuota
D. Motore bablas digawa uwong
2. Lik Mar selak ora sranta tuku pulsa dhewe.
Tegese tembung sranta ing ukara iku tegese ... .
A. sabar
B. sedhih
C. seneng
D. ngenteni
3. Crita pengalaman ing dhuwur kalebu crita kang ... .
A. nyenengake
B. prihatin
C. sedhih
D. lucu
4. Motore diparkir cedhak emperan toko. 95
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil
Tembung emperan ukara iku kalebu jinise tembung ... .
A. Katrangan
B. Kahanan
C. Kriya
D. Aran
5. Ing ngisor iki irah-irahan crita pengalaman lucu yaiku ...
A. Kemah ing Turi Sleman.
B. Bengak-bengok jebul salah uwong.
C. Sekolah online amarga wabah corona.
D. Ngrayakake tahun anyar bareng kulawarga.
6. (1) minangka sarana ngudhar ruweting pikir
(2) minangka piwulang/ guru utama
(3) minangka kanggo srawung
(4) minangka panglipur
Saka prayatan-prayatan ing dhuwur, kang kalebu gunane crita pengalaman yaiku ...
A. 1, 2, 3
B. 2, 3, 4
C. 1, 3, 4
D. 1, 2, 4
Wacan kanggo soal nomer 7-9
Nalika aku lagi playon karo adhiku ing pinggir ombak, mak nyet sikilku krasa ngidak
barang kang empuk-empuk lan anget. Langsung wae adhiku ngguyu cekakakan jebul
barang sing tak idak kuwi mau lethong jaran, kang anggone nadahi kusire ora pener. Isinku
nganggo banget wong-wong banjur padha delokake lan padha ngguyu deleng kadadean
sing tak alami.
7. Saka cuplikan crita kasebut papan kadadeyane ana ing ... .
A. pinggir dalan
B. pasar kewan
C. kandhang
D. pantai
8. Cuplikan crita pengalaman kasebut kalebu jenis pengalaman kang ...
A. sengasara
B. gumbira
C. prihatin
D. lucu
9. Sapa sing ngguyu cekakakan ing wacan kasebut ... .
A. wong-wong
B. mbakyune
C. uwong
D. adhine
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 96
10. Sasuwene sinau ing ngomah, aku, guru lan kancaku anggone sesambungan sarana
online. Tegese tembung sesambungan ing ukara kasebut yaiku ...
A. ngobrol
B. pethukan
C. komunikasi
D. gandengan
11. Pengalamanku nalika SD gawe atiku seneng.
Tembung ing ngisor iki kang tegese padha karo seneng yaiku ... .
A. susah
B. bungah
C. sedhih
D. sungkawa
12. Nela mlebu SMP ... dheweke lulus saka SD.
Tembung pangiket kanggo nggenepi ukara kasebut yaiku ... .
A. sadurunge
B. sawise
C. banjur
D. lan
13. Prayatan kang nggabarake wektu kadadean yaiku ... .
A. Bagas pit-pitan tekan alun-alun.
B. Wiwingi bengi aku nyumet kembang api
C. Ing pasar Bringharjo aku tuku sate koyor
D. Reno wis suwe ora ketemu kanca-kancane
14. Amarga wong-wong padha nyambut gawe seko ngomah, mula dalane sepi. Tembung
kaanan ing ukara kasebut yaiku ... .
A. sepi
B. amarga
C. wong-wong
D. nyambut gawe
15. Ing ngisor iki kang kalebu tembung aran yaiku ... .
A. buku, kandel, meja, kertas
B. buku, tulis, kertas, petelot
C. buku, gambar, setip, papan
D. buku, petelot, meja, setip
III. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki !
11. Apa tegese crita pengalaman?
Wangsulan :
.....................................................................................................................................................
........................................................................
12. Kepriye carane nulis crita pengalaman?
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 97
Wangsulan :
.....................................................................................................................................................
.........................................................................
13. Gawea ukara kang ana tembung kriyae !
Wangsulan :
.....................................................................................................................................................
........................................................................
14. Gawea ukara kang nuduhake papan kadadeyan!
Wangsulan :
.....................................................................................................................................................
.........................................................................
15. Gawea irah-irahan crita pengalaman kang surasane seneng, 2 wae!
Wangsulan :
.....................................................................................................................................................
.........................................................................
E) Penugasan
Tugas Individu
2. Golekana tuladha tembung aran lan tegese banjur tulisen ing njero kothakan !
No. Tembung Tegese
3. Golekana tuladha tembung kriya, banjur gawea ukarane ing njero kothakan!
No. Tembung Ukara
4. Golekana tuladha tembung katrangan, banjur gawea ukarane ing njero kothakan!
No. Tembung Ukara
5. Penilaian Ketrampilan
A. Produk
1. Goleka crita pengalaman saka kalawarti, ariwarti, internet utawa sumber liyane. Menawa
saka media tulis dikethok banjur ditempel ing buku tugas, menawa saka internet diprint
banjur ditempel!
2. Saka crita sing wis kokgoleki mau andharna
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 98
a. Paragane
b. Papan lan wektu kadadean
c. Isi crita pengalamane
d. Pitutur saka crita pengalaman kasebut
B. Praktek
1. Tulisen pengalaman sing wis tau koklakoni kanthi basa kang trep!
Papan kanggo nulis
__________________________________________________________________-
_____________________________________________
____________________________________________________________________-
___________________________________________
__________________________________________________________________-
____________________________________________
__________________________________________________________________________
_____________________________________
__________________________________________________________________________
____________________________________
__________________________________________________________________________
____________________________________
__________________________________________________________________-
____________________________________________
____________________________________________________________________-
__________________________________________
__________________________________________________________________-
____________________________________________
__________________________________________________________________________
____________________________________
__________________________________________________________________-
____________________________________________
__________________________________________________________________________
____________________________________
_________________________________________________________________-
_____________________________________________
____________________________________________________________________- 99
__________________________________________
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil
__________________________________________________________________-
____________________________________________
__________________________________________________________________________
____________________________________
__________________________________________________________________-
____________________________________________
____________________________________________________________________
PARIKAN LAN CANGKRIMAN WULANGAN
3
Cangkriman tegese unen-unen utawa ukara kang kudu dibedhek utawa dibatang.
Cangkriman uga bisa diarani bedhek-bedhekan utawa tebak-tebakan. Cangkriman lumrahe kanggo
gegojegan. Cangkriman uga bisa digunakake kanggo ngasah pikiran, mikir apa kang dadi jawaban
saka cangkriman kasebut.
Jinise cangkriman ana papat yaiku:
a) Cangkriman wancahan
Cangkriman wancahan yaiku cangkriman kang wujude wewancahan tembung-tembung.
Wancah bisa ditegesi singkat, wancahan tegese singkatan. Biasane sing diwancah siji utawa
rong wanda (suku kata) pungkasan.
Tuladha :
1. Burnas Kopen : Bubur Panas Kokopen
2. Pak Boletus : Tapak Kebo lelene satus
3. Pindang Khutut : Sapi Mblandang lukune katut
b) Cangkriman pepindhan
Cangkriman pepindhan yaiku Cangkriman kang ngemu teges pepindahan utawa irib iriban,
kang kajumbuhake karo pepiribaning barang. Pindha ateges kaya, kadi, kadya, lir, pendah.
Tuladha:
1. Anake diidak-idak mbokne dielus-elus
batangane andha
2. Bocah cilik tlusap-tlusup neng kebon
batangane dom
3. Pitik walik saba meja
batangane sulak
c) Cangkriman blenderan/ plesedan 100
Cangkriman kang ngemu teges plesetan utawa glundhung.
Bedhekane yaiku amung plesedane saka pitakonane.
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil
Tuladha:
1. Wong dodol tempe ditaleni
sing ditaleni tempene
2. Gajah numpak becak ketok apane?
Ketok ndobose
3. Wong dodol klapa dikepruki .
sing dikepruki klapane dudu wonge
d) Cangkriman tembang
Cangkrman tembang satenane awujud cangkriman pepindhan, nanging kagarap sarana
tembang bisa tembang macapat utawa tembang liyane.
Tuladha :
Ing tembang pocung
Bapak pocung dudu omah dudu panggung
Bunder wangunira
Cagake amung sawiji
Kuwasanya nulak udan nulak panas
Batangane yaiku payung
Ing Tembang Kinanthi
Wonten putri luwih ayu
Tan ana ingkang tumandhing
Sariranira sang retna
Owah-owah saben ari
Yen rina kucem kang cahya
mung ratri mancur nelahi
Batangane yaiku Rembulan
e) cangkriman awujud ukara
cangkriman awujud ukara yaiku cangkriman kang pitakonane dumadi saka rong klausa.
Tuladha:
1. sing cendhek dikeduki, sing dhuwur diurungi
batangane timbangan
2. yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh
batangane geni
3. adoh-adoh diparani, bareng cedhak diliwati
batangane lawang
B. PARIKAN
Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara utawa patang gatra. Ukara kang
kapisan kanggo narik kawigetan (sampiran), dene ukara kang kapindo minangka isi. Parikan uga
nengenake purwakanthi (runtuting swara).
a) Ciri-Cirine Parikan 101
Ciri-ciri utawa titikane parikan yaiku:
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil
1. Duwe purwakanthi ab-ab
2. Menawa kedadean rong (2) baris, baris sing kapisan iku sampiran, baris kapindo isi,
menawa patang baris, baris siji loro sampiran baris telu papat isi, lan sateruse
3. Saben sapada mesthi cacahing larike genep umpamane rong baris, patang baris, enem
baris lan sateruse
4. Migunakake guru gatra, guru lagu, guru wilangan
b) Jinis-jinis Parikan
Isine parikan yaiku:
1. Parikan pitutur : parikan pitutur kanggo nngandharake amanat, nasihat
2. Parikan pasemon: parikan pasemon kanggo nyindir, lelucon utawa gojegan, lan panglipur
Jinise parikan yaiku
1. Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2
Tuku sukun, tuku blewah (4 + 4) x2
Urip rukun, mesthi bungah (4 + 4)
Tawon madu, ngisep sekar
Golek ilmu, kudu sabar
2. Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2 (4 + 6) x2
(4 + 6)
Manuk emprit, menclok godhong tebu
Dadi siswa, seng sregep sinau
Bisa nembang, ora bisa nyuling
Bisa nyawang, ora bisa nyanding
3. Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2
Eseme, dha manis-manis. (3 + 5)
Gumune, ra uwis-uwis. (3 + 5) x2
Magelang, kutha gemilang,
sing ilang, wis ora sayang
4. Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2 x2
Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 + 8)
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 + 8)
ana baya, mangan roti karo ngaca
pengin mulya, aja wedi karo kanca
5. Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2
Gudheg manggar, endhog dadar (8 wanda) sampiran
isi
Jangan lodheh, lawuh gereh (8 wanda)
Wong sabar, rejeki jembar(8 wanda)
Wong sareh, bakale oleh (8 wanda)
Sega punar lawuh empal
segane pengenten anyar
Dadi siswa aja nakal
kudu ulah ati sabar
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 102
6. Parikan ing tembang
Suwe ora jamu
suwe ora jamu
jamu godhong tela
suwe ora ketemu
temu pisan gawe gela
suwe ora jamu
jamu beras kencur
suwe ora ketemu
temu pisan maju mundur
suwe ora jamu
jamu godhong kencur
suwe ora ketemu
temu pisan aja ngluyur
Isi tembang suwe ora jamu
1. pada siji, loro lan telu yaiku
sampiran ana ing baris siji lan loro (sampiran baris siji lan loro ana 6 wanda)
isi ing baris telu lan papat (isi baris telu ana 7 wanda, baris papat ana 8 wanda)
2. tembang suwe ora jamu nyritakake menawa wis suwe ora ketemu, nalika ketemu gawe gela,
maju mundur lan ngluyur.
3. budi pekertine tembang dolanan suwe ora jamu yaiku sesrawungan
c) Carane nggawe parikan
Gawe parikan utawa nulis parikan sejatine ora angel. Nggawe parikan supaya gampang
dikulinakake latihan nata tembung-tembung. Carane nggawe yaiku :
1. Nemtokake jinise parikan kang arep digawe (pitutur utawa pasemon)
2. Nemtokake isine parikan
3. Nemtokake sampiran (nalika nggawe sampiran ukarane uga nyambung karo ukara liyane
utawa ukara sadurunge)
4. Nemtoake rumus parikan
Tuldha
Mle bu pa sar, tu ku kem bang = sampiran 4 wanda
A ti sa bar, ngga rap gam pang = isi 4 wanda
GLADHEN 2
3
I. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki!
11. Golekana wangsulane teka-teki ing ngisor iki
1
45
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 103
6 78
9 12
10
11
13
14
15
16
Nengen
1..Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong – 5. Bubur panas – 6. Sega
sakepel dirubung tinggi – 8. Anake tapihan mbokne wuda – 9. Dikethok saya dhuwur – 12.
Dibuntel wulu – 14. Tipak ula dawa – 15. Yen Cilik kanca, yen gedhe mungsuh – 16. Wit
adhikih woh adhakah.
Mudhun
1..nangka tiba ing suketan – 2. Kebo bule cancang merang – 3. Panas legi kenthel – 4. Pitik
walik saba meja – 7. Anake gelungan mbokne ngrembyang – 8. Salah siji jenis cangkriman–
10. ora duwe endhas nanging duwe rambut – 13. Pitik walik saba kebon.
12. Genepana parikan ing ngisor iki! Pilihan wangsulan
Soal a) Enggal tuwa
b) Wedang bubuk
Iwak bandheng, ..................(1) c) Priya nggantheng
.....................(2), sugih ngèlmu d) Marai gela
e) Durung wayu
.....................(3), tanpa gula
Aja ngamuk, .....................(4)
UJI KOMPENTENSI III
Penilaian Pengetahuan
Tes Lisan
I. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki !
1. Terangna tegese cangkriman!
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
..................................................................
2. Apa tegese cangkriman pepindhan?
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 104
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
..................................................................
3. Apa tegese cangkriman plesedan?
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
...................................................................
4. Apa tegese cangkrimn wancahan?
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
..................................................................
5. Apa tegese cangkriman sinawung tembang?
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
..................................................................
6. Apa tegese cangkriman awujud ukara?
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
..................................................................
7. Sebutna siji wae tuladha cangkriman wancahan?
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
..................................................................
8. Sebutna siji wae tuladha cangkriman irib-iriban?
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
..................................................................
9. Sebutna siji wae tuladha cangkriman blenderan?
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
...................................................................
10. Sebutna siji wae cangkriman wujud ukara?
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
..................................................................
11. Apa gunane cangkriman?
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
..................................................................
12. Terangna tegese parikan!
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
..................................................................
13. Terusna parikan iki,
wajik klethik gula jawa
.....................................................................................................
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 105
14. Manuk emprit mencok godhong tebu, dadi siswa sing sregep sinau, apa isine?
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
..................................................................
15. Apa manpangate parikan pitutur?
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
.................................................................
16. Apa manpangate parikan pasemon?
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
..................................................................
17. Sebutna ciri-cirine parikan!
Wangsulan :
.............................................................................................................................................
..................................................................
Terusna tembang Jangkrik Genggong iki
Kendal kaline wungu, ajar kenal karo aku
.................................. (18) , gepuk nganggo walesane
Suwe ora kepethuk, ati sida remuk, ..................... (19)
Ee ya ee, ya ee, ee ya ee..., yae yae yae
Jangkrik genggong, jangkring genggong
................................................................................ (20)
Tes Tulis
Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan A, B, C, utawa D
kang kok anggep bener!
1. Cangkriman kang bedhekane awujud tembung sing dicekak diarani ... .
A. Cangkriman pepindhan
B. Cangkriman wancahan
A. Cangkriman plesedan
B. Cangkriman tembang
2. Ing ngisor iki kang kelebu cangkriman blenderan yaiku ... .
C. pindhang kileng
D. pitik walik saba kebon
E. wong adol tempe ditaleni
F. wong tandur ing sawah jengkang-jengking
3. Cangkriman kang bedhekane gambar kasebut
yaiku... .
A. Pitik walik saba kebon
B. Pitik walik saba amben
C. Wit adhikih woh adhokoh
D. Woh adhokoh wit adhikih
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 106
4. Nalika Alvin, Amar lan Fatur bali saka anggone dolan udan, banjur bocah telu padha
nggopek godhong gedhang kanggo payungan. Godhong gedhang menawa digawe
cangkriman yaiku ... .
A. Sawah rong kedhok galengane siji
B. Duwe rambut ora nduwe endhas
C. Mbokne tapihan anake wuda
D. Bosok malah enak
5. Toro lan mbah kakung menyang sawah arep mbedhol pala kapendhem kang ditandur
dening simbah. Simbah banjur dolanan cangkriman karo Toro. Pala kapendheme
lesbadhonge. Jawabe Toro yaiku ... .
A. Tela amba godhonge
B. Teles dawa godhonge
C. Tales amba godhonge
D. Teles kebes godhonge
Tembang kanggo soal nomer 6-7
Bapak pocung dudu omah dudu gunung panggung
Bunder wangunira
...................................
Kuwasanya nulak udan nulak panas
6. Kanggo nggenepi tembang cangkriman ing dhuwur yaiku ...
A. cagake saka wesi
B. cagake amung sawiji
C. cagake dawa lan wesi
D. cagake dawa lan dadi siji
7. Batangane cangkriman saka tembang ing dhuwur yaiku ... .
A. Wit ringin
B. Pit onthel
C. Payung
D. Spidol
8. Manuk emprit mencok pager
.............................................
Larik isi kanggo parikan ing dhuwur yaiku ... .
A. Dadi siswa kudu sregep
B. Dadi siswa kudu pinter
C. Dadi siswa kudu bekti
D. Dadi siswa kudu rapi
9. Tawon madu ngisep sekar 107
Dadi guru kudu sabar
Piwulang saka parikan ing dhuwur yaiku ... .
A. nyindir
B. mrintah
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil
C. nasehat
D. ngisin-isin
10. Kotagede, kanggo dodolan
Uwis gedhe, isih ngompolan
Isine parikan kasebut yaiku ...
A. pangalembana
B. pangolok-olok
C. ngandhani
D. pitakonan
11. Suwe ora jamu, jamu godhong waru
Suwe ora ketemu, temu pisan tambah ayu
Parikan kasebut ngemu surasa ... .
A. bingung atine
B. seneng atine
C. teteg atine
D. lara atine
12. Ayo dhik, enggal mangkat, mundhak macet dalane. Omongane Sita banjur digawa parikan
karo adhine.
...............................
ayo mangkat, mundhak macet.
Sampiran kang pas kanggo ngisi parikan kasebut yaiku ... .
A. nduwur janggut, ngisor suket
B. nggawa sikat, kanggo adus
C. tuku jungkat, tuku dawet
D. sega liwet, karo dawet
13. Tuku sukun, tuku blewah
Urip rukun, mesthi bungah
Guru lagu saka parikan kasebut yaiku ... .
A. ( a )
B. ( u )
C. ( h )
D. ( n )
14. Manuk emprit, nucuk pari
Dadi siswa sing taberi
Tembung teberi saka parikan ing ndhuwur tegese ... .
A. Males
B. Pinter
C. Bekti
D. Sregep
15. Jangan kacang Wiwinor kara
Kaduk uyah kurang gula
Piwelengku mring para siswa
...............................................
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 108
Larik kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ... .
A. Aja wedi ing tanggung jawab
B. Aja wedi ing kuwajiban
C. Aja wedi ing bebendhu
D. Aja wedi ing rekasa
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener!
16. Terangna tegese cangkriman plesedan lan pepindhan?
Wangsulan
.....................................................................................................................................................
.................................................................
17. Tulisna loro cangkriman wancahan?
Wangsulan
.....................................................................................................................................................
..................................................................
18. Cangkriman ing ngisor iki golekana batangane!
a. Yu maerong, lut maendut
b. Bocah cilik tlusap-tlusup ing kebon
Wangsulan
.....................................................................................................................................................
..................................................................
19. Gawea parikan nggunakake rumus (4 + 6) x 2 !
Wangsulan
.....................................................................................................................................................
..................................................................
20. Genepana parikan ing ngisor iki kanthi milih jawaban ing sisih tengen !
no Soal Pilihan jawaban
a ....................(5), dawet ireng a) Yen wis nyandhing
....................(6), aku seneng b) Dawet ayu
c) Bayeme
b ..........(7) , wis kuning-kuning d) Nalika peteng
Ayeme, ...........................(8) e) Kowe ngguyu
F) Penugasan
Tugas kelompok
1. Golekana bedhekake saka cangkriman ing ngisor iki!
No. Tembung Bedhekane
1 siklasrengreng ....................................................................
2 Pak peyut ....................................................................
3 Pak bomba ....................................................................
4 Tongyong reng reng ....................................................................
5 Nasgithel ....................................................................
6 ....................................... Opek pari rame-rame
7 ....................................... Bocah pinter sugih ngelmu
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 109
8 ....................................... Dolan bareng kanca-kanca
9 ....................................... Sapi neng kandhang, sikile methentheng
10 ........................................ Uwi dawa uwite, cikar dawa tipake
(bagian saben kelompok dibagi dening Ibu/bapak guru ing kelas)
2. Gawea cangkriman wancahan saben kelompok loro wae!
3. Golekana bedhekake saka cangkriman ing ngisor iki!
No. cangkriman Bedhekane
1
2
3
4
5 110
4. Gawea parikan kanthi rumus (8+8) x2
5. Banjur diterangke isine parikan kasebut!
Penilaian ketrampilan
I. Praktek
1. Gawea cangkriman wancahan loro wae kang ora ana ing buku!
Wangsulan :
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil
.................................................................................................................................................
.......................................................................
.................................................................................................................................................
.................................................................................................................................................
.................................
2. Gawea parikan tema gotong royong kanthi rumus (4+6) x 2
.................................................................................................................................................
.................................................................................................................................................
.................................................................................................................................................
.................................................................................................................................................
.................................................................................................................................................
.................................................................................................................................................
......................................................................................................
II. Produk
1. Goleka tembang jawa (oleh tembang campursari, tembang koes plus, utawa tembang
apa wae kang cakepane migunakake basa jawa oleh saka kalawarti utawa internet)
a. Diprint banjur ditempel ing buku tugas
b. Ana pira parikane
c. Kepiye rumus parikane
Geguritan Bertema Sosial dan Budaya WULANGAN
4
A. Geguritan Tema Sosial
. Geguritan utawa guritan nduweni teges puisi jawa cengkok anyar utawa modern,
minangka wedharing rasa kang kalair nganggo basa kanthi runtut dan edi. Runtute tembung –
tembung ing geguritan dironce (disusun) supaya katon endah, apik, kepenak dirungokake. Edining
basa bisa kanthi migunakake purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra lan purwakanthi
basa lumaksita. Endahe geguritan bisa dirasake saka tembung- tembung kang dipilih. Tembung-
tembung mau kudu mentes, titis, tetes lan trep. Saliyane iku ing geguritan uga ana pesen/amanat
kang bakal diandharake supaya kang maca geguritan bisa njupuk piwulang kaya kang dikarepake
dening panganggit
Tema kang bakal diandharake yaiku tema sosial lan budaya.
Tema utawa liding geguritan yaiku gagasan pokok kang
diandharake dening panganggit. Tuladha tema religius, sosial,
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil 111
kamanungsan, budaya, demokrasi, patriotisme. Kadang kala
tema mau ora madeg dhewe-dhewe ananging bisa campuh siji
lan sijine.
Saliyane tema, edining geguritan bisa dideleng saka
reroncening tembung kang diwenehi purwakanthi. Purwakanthi
uga diarani sajak utawa runtuting swara. Purwakanthi guru swara
yaiku runtuting swara ing wanda.
Tuladha purwakanthi guru swara :
Kutuk marani sunduk
Kocak tandha lokak
Tuna satak bathi sanak
Bungah susah iku lumrah
Gemi setiti ngati-ati
Sapa jujur bakal luhur
Purwakanthi guru sastra runtuting sastra utawa aksara mati (konsonan).
Tuladhane purwakanthi guru sastra :
Tata titi tentrem (sastra t )
Sluman slumun slamet ( sastra s l )
Waras wiris wareg ( sastra w r )
Asah asih asuh ( sastra s h )
Bibit bebet bobot ( sastra b t )
Ririh rereh ruruh ( sastra r h )
Tindak tanduk kang kalantur ( sastra t d k )
Purwakanthi basa lumaksita runtuting tembung kang diambali.
Tuladhane purwakanthi lumaksita :
Bayem arda, ardane ngrasuk busana
Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka
Jarwa pinter, pintere satriya Pringgodani
Janur gung, gunung geni lor ngayogya
Semaken geguritan tema sosial !
JAMAN EDAN
Dening Wiwindarti
Kandhane jaman edan,
Ora ngedan ora keduman,
Bocah sekolah melu ngedan,
O …alah kok eman-eman,
Tata krama jarene kuna
Unggah-ungguh tan tumata
Subasita tanpa tata
Tepa selira lir phira
Jaman edan celathune
Globalisasi istilahe
Moderen kandhane
Diskotik jujugane
Tawuran kesenengane
Banjur mengko kepiye ? 112
Ndhuk…. Le….
Apa ya kowe arep melu ngedan ?
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil
Elinga anakku
Simbah ngendika
Kekancan tansah milah lan milih
Aja nganti jati ketlusupan ruyung dumadi
Anakku
Jaganen lathi
Marga ajining dhiri iku saka lathi
Lathi kadya wisa lan madu
Gumanthung ing dhiri pribadhi
Diati-ati
Yitna yuwana lena kena
Kasuyatan
Gela iku tibane ana mburi
1. Kawruh Basa
Jaman edan : jaman kang ora karua-karuan, jaman nalika wong-
Wong wis ora nggatekake paugeran lan ukum kang lumaku
Ngedan : tumindak kang ora becik
Keduman : komanan
Eman-eman : diati-ati banget aja nganti ilang, mesakake yen nganti
Tata krama : unggah-ungguh gunem tuWiwin tindak tanduk
Kuna : nindakake cara jaman biyen, biyen, wis lawas banget
Unggah-ungguh : tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama
Tumata sing wis sarwa tata
Subasita : tata kramaning pasrawungan
Tata : becik pangetrape
Tepa slira : diduga-duga ing saumpama ditumprapake awake dhewe
Lir : kaya
Phira : kewan
Globalisasi : lumebune pengaruh ajuning donya
Moderen : miturut gagrag anyar
Diskotik : papan seneng-seneng lan jejogetan
Tawuran : gelut
Milah : merang-merang
Milih : nggoleki kang disenengi
Jati ketlusupan ruyung : golongane wong apik kelebon wong ala
Ajining dhiri saka lathi : ngurmati dhiri iku saka ucapan
Wisa : racun, ala
Madu : banyune kembang sing rasane legi, becik
Yitna yuwana lena kena: sing ngati-ati bakal slamet dene sing sembrana bakal
nemu cilaka
2. Isi Geguritan Jaman Edan
Urutaning kanggo mangerteni isine geguritan
1. Wacanen geguritan kanthi permati, yen perlu dibolan baleni.
2. Nggatekake larik-larik ing ukara sadurunge utawa sawise
3. Nggoleki tegese tembung kang durung dimangerteni.
Tembung kasebut duwe teges lugu, entar, lambang utawa gegambaran
4. Nggatekake pesen utawa amanat kang ana ing geguritan
5. Nambahi tembung utawa wanda kanggo mangerteni isine
Jarene saiki jaman kang ora karu-karuwan 113
Yen ora melu kahanan ora bakal komanan
Bocah sekolah melu-melu ngedan
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil
Kok mesake yen nganti melu ngedan 114
Tata krama dianggep ketinggalan
Unggah-ungguh wis ora becik
Subasita ora apik pangetrape
Tepa slira dianggep kaya kewan kang medeni
Jaman kang ora karu-karuwan kandhane
Ajuning donya tembung
Kahanan sarwa anyar omongane
Papan diskotik kang ditekani
Gelutan kang dadi kesenengane
Banjur ing mengko kepriye ?
Bocah-bocah kabeh
Apa ya kowe arep melu kahanan kaya mangkono ?
Elinga...
Simbah ngendika
Kekancan tansah milah lan milih
Aja nganti jati ketlusupan ruyung dumadi
Anakku
Jaganen lathi
Marga ajining dhiri iku saka lathi
Lathi kadya wisa lan madu
Gumanthung ing dhiri pribadhi
Diati-ati bakal slamet, dene sembrana bakal cilaka
Gela iku tibane ana mburi
3. Purwakanthi kang ana ing geguritan Jaman Edan
a. Purwakanthi guru swara : runtuting swara ing wanda
JAMAN EDAN
Dening Wiwindarti
Kandhane jaman edan,
Ora ngedan ora keduman,
Bocah sekolah melu ngedan,
O …alah kok eman-eman,
Tata krama jarene kuna
Unggah-ungguh tan tumata
Subasita tanpa tata
Tepa selira lir phira
Jaman edan celathune
Globalisasi istilahe
Moderen kandhane
Gladhi Basa Jawa VII / Ganjil