The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by songolassongo, 2021-09-13 04:11:19

Geguritan Panuntun Laku2

Pusi dalam bahasa Jawa

Sengkud Sinau

Murid kudu tansah eling
Kudu sengkud sinau
Mung kuwi jamune golek ngelmu
Mung kuwi kapsul dadi pinter
Mung kuwi obat dadi lantip

Sinau saka buku
Sinau saka memaca
Sinau saka kawruhe kanca
Sinau saka guru
Sengkud sinau
Ora gampang kesel
Ora gampang anyel
Ora gampang bosen
Sinau kanthi sengkud
Ora perduli adoh parane
Ora ngrewes mendhung lan udan
Terus sengkud sinau
Sengkud sinau
Wajibe murid
Wajibe bocah sekolah
Wajibe mahasiswa

42 Geguritan Panuntun Laku

Aja rog-rog asem
Sinau kudu taberi
Saben dina sinau
Maca lan nulis ora kepeksa
Kurang sinau bakal kurang kawruh
Kurang kawruh bakal ketinggalan
Ketinggalan ngelmu
Ketinggalan pangerten
Dadine blilu

Geguritan Panuntun Laku 43

Ngayahi Jejibahan kanthi Becik

Jejibahan
Ora bisa dilirwakake
Kudu diayahi
Kanthi becik
Kanthi legawa

Sing abot bisa entheng
Sing angel bisa gampang
Angger jejibahan diayahi kanthi becik
Bocah sekolah ngayahi jejibahan
Saka sekolah
Saka wong tuwa
Saka guru
Ngayahi piket reresik kelas
Kuwi jejibahan bocah sekolah
Maca limalas menit sadurunge piwulang jam
kapisan
Gawe sinopsis
Melu upacara gendera
Kuwi jejibahan bocah sekolah
Ngayahi jejibahan kanthi becik
Bakal nampa bab-bab sing becik
Asile bener
Asile becik

44 Geguritan Panuntun Laku

Sing Sinau Bakal Maju

Tanpa upaya
Ora ana upa
Tanpa upaya
Ora ana daya
Kabeh mawa upaya

Bocah sekolah
Bakal maju kanthi upaya
Upaya sinau sing tumemen
Sing sinau bakal maju
Sing ora sinau mlarat ngelmu
Mlarat ngelmu tegese bodho
Ora maju tegese pikiran kethul
Mulane murid aja lali sinau
Aja lali maca buku
Aja lali nulis nggarap gegladhi
Bisa uga nulis cerkak
Nulis geguritan
Nulis sinopsis
Nulis liya-liyane

Geguritan Panuntun Laku 45

Sing Taberi Bakal Dadi

Sing taberi bakal dadi
Taberi sinau dadi pinter
Taberi makarya dadi sugih
Taberi reresik omahe dadi nyaman
Taberi tetulung dadi duwe kanca akeh
Taberi gladhi dadi wasis utawa prigel
Taberi nyemir sepatu dadi endah
Taberi nulis karangan dadi pinter ngarang
Taberi nari dadi penari
Taberi mijet dadi tukang pijet

Sing mesthi
Taberi iku anjalari
Taberi nindakake kabecikan bakal dadi tuladha
Taberi nindakake ala bakal kurang kanca
Sing taberi bakal dadi
Ora mung sinau
Nanging taberi sinau
Ora mung ngibadah
Nanging taberi ngibadah
Ora mung makarya
Nanging taberi makarya
Bocah sing taberi tumemen
Gedhene bakal dadi wong tumemen
Mulane aja dadi bocah kesed
Kesed iku ora ana gunane

46 Geguritan Panuntun Laku

Sing Kesed Bakal Tuna

Jaman wis maju kaya ngene isih ana sing kesed?
Menyang segera es wae!
Menyang alas gung liwang-liwung wae!
Menyang ara-ara Sahara wae!

Ayo makarya
Makarya
Makarya
Kerja, kerja, kerja
Gulungen lengen tangan
Aja males-malesan
Kesed ora ana untunge
Kesed ora ana gunane
Anake kesed jenenge tuna
Anake tuna jenenge bodho
Anake bodho jenenge mlarat
Anake mlarat jenenge urip rekasa
Kesed mung agawe pituna
Geneya kesed?
Ayo diperangi rasa kesed
Nganggo semangat makantar-kantar
Sigra tumandang gawe
Sigra nindakake apa sing dadi jejibahan

Geguritan Panuntun Laku 47

Ayo dibuwang adoh-adoh penyakit kesed
Kuburen jero-jero
Aja nganti dadi pepalange sengkud lan taberi
Sing kesed bakal tuna

48 Geguritan Panuntun Laku

Geguritan Panuntun Laku

Cara Anyar

Iki mono cara anyar
Cara lawas bisa dienggo
Cara anyar iki luwih gampang lan luwih hebat
Aja alergi karo cara anyar
Sing luwih becik lan luwih hebat kuwi saka daya, cipta,
lan karsa
Daya kreatif

Kreatif iku migunani
Kreatif kudune diregani
Diajeni
Ora mung dideleng
Apa maneh dienggo rasan-rasan wae
Sapa wae sing nemokake cara anyar
Kudune digatekake
Dadi manungsa kang migunani
Cara anyar
Lair saka daya kreatif
Kuwi ora gampang
Mawa pangurbanan-pangurbanan
Bisa pikiran
Bisa tenaga
Uga bisa bandha
Para mudha tumaruna
Ayo sing sengkud lan taberi sinau
Sing kreatif
Temokna cara-cara anyar
Angkaten drajate bangsa lan negara

50 Geguritan Panuntun Laku

Kreatif sing Bener

Aja klemar-klemer
Aja kebanteren
Kowe para mudha tumaruna
Dadia generasi sing kreatif
Generasi sing akeh panemune
Generasi kang nemokake barang-barang anyar
Cara-cara anyar
Yen perlu rebuten Nobel
Kareben pamore Indonesia makinclong-kinclong

Dadia generasi sing kreatif
Kreatif positif
Yaiku kreatif sing bener
Asile migunani
Aja dadi generasi ringkih
Aja dadi generasi sarwa ketinggalan
Obongen semangatmu
Nganti makantar-kantar
Ayo dadi generasi kreatif
Kreatif sing bener
Bisa?
Bisa!
Negara nyengkuyungmu.

Geguritan Panuntun Laku 51

Pamarintah mangun karsa
Nyengkuyung!
Aruming bangsamu
Uga saka daya kreatifmu
Saka daya pikiranmu
Saka daya ciptamu

52 Geguritan Panuntun Laku

Geguritan Panuntun Laku

Aku Bisa

Aku seneng mandhiri
Aku kepengin mandhiri
Aku wis nyoba mandhiri
Mandhiri
Ora seneng nggumantungake marang liyan
Ora ateges egois
Ora ateges alergi makarya bebarengan

Aku bisa
Aku rumangsa bisa
Yen aku rumangsa bisa ngayahi dhewe
Ya dakayahi dhewe
Aku bisa ndhapuk sinopsis
Bisa ngumbah klambi
Bisa nyetrika pakean
Bisa nyapu latar
Bisa makani pitik
Bisa ngorahi piring lan gelas
Kabeh dakayahi dhewe
Aku mandhiri
Mandhiri kuwi kepenak
Nyenengake
Mula ayo ajar mandhiri
Tansah ngupaya bisa mandhiri

54 Geguritan Panuntun Laku

Mandhiri nambahi kapercayan
Tumraping dhiri pribadi
Gedhe rasa kapercayan dhiri
Ora ana rasa cilik ati

Geguritan Panuntun Laku 55

Kowe Bisa

Kowe kabeh kuwi titah utama
Akeh kabisanmu
Dikantheni Gusti Allah akal pikiran
Mripat
Sikil
Tangan

Akal pikiranmu kuwi hebat
Lantip!
Gawenen mikir sing becik
Aja gumantung liyan
Sing bisa koayahi nganggo pikiranmu
Ayahana dhewe
Ayo mandhiri
Aja mung gumantung liyan
Kowe kabeh dikantheni mripat
Kowe bisa ndeleng lan maspadakake
Bisa dienggo mbiyantu lancare makarya
Apa dene ngayahi jejibahan liyane
Mulane aja cilik ati
Garapen dhewe pakaryanmu
Ayahana dhewe jejibahanmu
Aja gumantung liyan

56 Geguritan Panuntun Laku

Kanthi sikil kowe bisa mlaku
Bisa mlayu
Ayo sigra ayahi jejibahanmu
Aja mung lunguh-lungguhan wae
Tanganmu ana loro
Kekarone ana gunane
Aja mbanda tangan wae
Sing bisa koayahi nganggo tanganmu
Ayahana

Geguritan Panuntun Laku 57

Kita Bisa

Aku lan kowe bisa
Geneya rekasa?
Geneya ora tumindak?
Geneya ora sigra tumadang?

Kita bisa
Ayo tumandang bebarengan
Percaya marang daya upaya
Mandhiri
Ayo jejibahan kita dituntasake
Dirampungi kanthi becik
Bebarengan sayuk saeka praya
Tumandang gawe bebarengan akeh paedahe
Sing abot bakal dadi entheng
Sing angel bakal dadi gampang
Wragade uga ngirit
Wektune dadi cekak
Mandhiri
Ayo mandhiri
Mandhiri bisa dhiri pribadi
Mandhiri uga bisa sacara bebarengan
Ngayahi bebarengan
Holopis kuntul baris
Saiyeg saeka praya
Bebarengan mrantasi gawe

58 Geguritan Panuntun Laku

Aja Gumantung

Aja gumantung liyan
Aja gumantung manca negara
Aja gumantung para tengkulak
Aja gumantung rentenir

Brambang lan lombok
Daging pitik lan daging sapi
Becike bisa mandhiri
Ora gumantung manca negara
Ora ngimpor
Among tani aja ngglethakake pacul
Ayo nandur brambang
Ayo nandur lombok
Pitik lan sapi uga rembakakake
Kudu mrantasi kekurangan daging
Ayo mandhiri pangan
Aja isin dadi among tani
Lemah Indonesia isih amba
Isih turah-turah yen ditanduri
Apa maneh lemah Indonesia subur loh jinawi
Sarwa thukul apa kang tinandur
Segara Indonesia uga amba banget
Sugih sawernane iwak

Geguritan Panuntun Laku 59

Ayo para nelayan Indonesia
Aja wedi, aja rangu
Iwak segara bisa kanggo nranggulangi menawa
kekurangan daging
Aja gumantung bangsa manca
Ayo padha mandhiri
Mandhiri pangan
Mandhiri teknologi
Mandhiri pendhidhikan

60 Geguritan Panuntun Laku

Geguritan Panuntun Laku

Padha Hak lan Kuwajiban

Kabeh murid padha hak lan kuwajibane
Minangka murid
Sing becik ndhisikake kuwajiban
Sadurunge hak
Aja hak dhisik banjur nindakake kuwajiban

Netepi aturan sekolah
Nganggo pakean seragam sing bener
Ora ngrokok
Ora padudon
Ngurmati guru
Njaga karesikan sekolah
Ora teka telat
Ora misuh
Ora ngomong reged
Iku contone kuwajiban murid ing sekolah
Melu piwulangan
Melu kagiyatan
Rasa aman
Rasa nyaman
Ora dibedak-bedakake
Kuwi contone hak para murid

62 Geguritan Panuntun Laku

Tumrap kanca
Murid kudu njaga wicara
Kabeh perlu aman lan nyaman
Mula aja ngina kanca
Aja ngasorake kanca
Apa kowe seneng yen diasorake?
Apa kowe mongkog yen diina?

Geguritan Panuntun Laku 63

Pikiran Demokratis

Ora nutup dhiri
Seneng takon iguh pratikele liyan
Nrima iguh pratikele liyan
Ora seneng umuk
Ora seneng ngamuk
Mung didarbeni sapa wae kang pikirane demokratis

Pikiran demokratis
Seneng rembugan utawa musyawarah
Ora meksa wong liya melu pratikele
Ora nesu yen dielingake
Ngurmati wong liya
Ora seneng nepuk dhadha
Ngregani hak liyan
Pikiran demokratis perlu dirabuk
Perlu dirembakakake
Para siswa kudu handarbeni pikiran demokratis
Pikiran sing nyengkuyung demokrasi Pancasila
Mawa tandha utama musyawarah mupakat
Yen ana pilihan ketua kelas
Sing dipilih legawa
Sing milih ora kepeksa
Uga ora amarga dipeksa
Sing menang ora umuk
Sing kalah ora ngamuk

64 Geguritan Panuntun Laku

Tumindak Demokratis

Ora sawiyah-wiyah marang liyan
Ngajak wong liya bebarengan mrantasi rubeda
Ing ngarsa sung tuladha
Ing madya mangun karsa
Tut wuri handayani

Tumindak demokratis
Ora ongkang-ongkang sikil
Ora kenal sugih mlarat
Kabeh kuwi sapadha-padha
Dadi pimpinan ora culika
Dadi reh-rehan ora nelangsa
Yen ana kanca salah
Dielingake sarana alus lan tutur basa sing becik
Asih, asah, lan asuh
Yen ditegur kanca
Legawa lan ngucap panuwun
Ayo padha tumindak demokratis
Tumindak kang trep karo lelandhesane negara:
Pancasila

Geguritan Panuntun Laku 65

Geguritan Panuntun Laku

Aku Kepengin Weruh

Rasa kepengin weruhku gedhe
Kepengin weruh sing becik
Sing migunani
Sing nambahi trampil
Nambahi jembare wawasan
Nambahi logika pikiran
Kang ilmiah

Amarga kepengin weruh aku ngemati
Aku takon
Aku nyoba
Aku maca
Aku nindakake panaliten
Rasa kepengin weruh
Aja nganti ucul saka patrap kang becik
Jaman internet
Kabeh bisa ngundhuh apa wae
Aja nganti kesasar ngundhuh bab-bab ala
Bab-bab kurang trapsila
Bab-bab kurang duga kurang tata
Dadi murid kudu setya tuhu
Marang ajarane guru
Marang tumindak becik
Marang lelaku utama

68 Geguritan Panuntun Laku

Yen nggoleki tegese tembung Jawa
Bisa sarana bausastra
Bisa ngeklik Wikipedia
Yen kepengin weruh gamblange piwulang IPA
Apa dene matematika
Bisa ngeklik laman id.khanacademy.org
Kepengin weruh akeh carane
Gawenen cara sing becik

Geguritan Panuntun Laku 69

Aja Kemeruh

Akeh kawruh pancen becik
Tandhane akeh memaca
Seneng golek kawruh
Kuwi tandha-tandhane wong pinter

Akeh kawruh
Kudu niru elmune pari
Tambah ndhingkluk tambah isi
Tambah pinter tambah andhap asor
Tambah hebat tambah prasaja
Aja tumindak kemeruh
Sanajan ora weruh
Sanajan ora mangerteni
Kemeruh
Ora weruh nanging kaya-kaya weruh
Pungkasane kaya kakehan gludhug tanpa udan
Ora ana apa-apane
Sangsaya katon mbujuke
Adohana tumindak kemeruh
Yen ora kepengin diadohi kanca
Yen ora kepengin akeh mungsuh
Yen ora kepengin kena watune
Kemeruh
Kuwi sipate wong bodho
Pakulinane wong sombong
Ayo padha dibuwang

70 Geguritan Panuntun Laku

Geguritan Panuntun Laku

Kepentingan Bangsa

Kepentingan bangsa
Ora bisa diuncal-uncalake
Ora bisa dienyang kaya barang
Ora bisa dibuwang kaya kulite brambang

Kepentingan bangsa kuwi utama
Sapa wae kudu ndhisikake kepentingan bangsa
Tinimbang kepentingan pribadhi
Utawa sapa lan apa wae
Aja seneng nimbun asil tetanen
Sing ancase golek untung sagedhe-gedhene
Ora ngrewes tangise liyan
Ora ndulu guncange ekonomi bangsa
Urip manungsa ora sateruse
Ora bakal mulya saka tumindak culika
Ora bakal aji saka tumindak tega
Tega marang bangsa
Becike diukum lan dikunjara
Kepentingan bangsa
Ayo diutamakake
Sumadya berjuwang kanggo kepentingan bangsa
Ora pamrih
Ora golek pangalembana

72 Geguritan Panuntun Laku

Kepentingan Negara

Kepentingan negara aja dilirwakake
Aja dikalah-kalahake
Karo kepentingan dhiri lan liyane
Kabeh ayo legawa
Lelabuh marang negara
Berjuwang kanggo negara
Bebela negara
Kanthi ngurbanake nyawa lan bandha

Kanggo negara aja setengah-setengah
Aja rangu
Rawe-rawe rantas malang-malang putung
Kepentingan negara kuwi utama
Santosane negara uga santosane bangsa
Yen atase mung ditugasake menyang laladan paling
jaba
Kuwi ya laladane negara
Geneya rumangsa wegah?
Geneya ora legawa?
Negara perlu pangurbanan kita
Kepentingan dhiri ayo dikurbanake
Kanggo nyengkuyung kepentingan negara

Geguritan Panuntun Laku 73

Geguritan Panuntun Laku

Aja Seneng Ngadu-adu

Apa buktine menawa kowe tresna bangsa lan negara?
Saka omongan?
Apa saka tulisan?
Bukti sacuwil?

Kowe seneng bangsa lan negara iki tentrem lan
aman?
Apa sing wis kobektekake?
Bayar pajek?
Bayar retribusi?
Melu siskamling?
Aja nganti ana sing asipat denawa
Aja nganti ana sing seneng ngadu-adu
Aja asipat adigang, adigung, lan adiguna
Aja nganti ana sing senengane ngadu-adu
Aja nganti ana sing asipat culika
Aja asipat adigang, adigung, adiguna
Yen tresna marang bangsa lan negara
Kudu tuhu marang dhasar negara
Kudu netepi UUD 1945
Kudu nyengkuyung pangecake Bhinneka Tunggal
Ika
Ora sepisan-pisan ngganggu NKRI
Kapapate wis dadi rega mati

76 Geguritan Panuntun Laku

Aja diothak-athik
Aja diobrak-obrik
Tatanan kang wis tumata
Kudu dijaga lan dibela
Aja seneng ngadu-adu
Aja seneng tukar padu

Geguritan Panuntun Laku 77

NKRI Kudu Dibela

Rabuke NKRI ya kabeh manungsa Indonesia
Lelabuhan
Perjuwangan
Daya bela
Daya pangurbanan-pangurbanan
Dibela sarana donya bandha
Sarana nyawa
Uga tenaga

NKRI
Negara Kesatuan Republik Indonesia
Dudu negara serikat
Dudu negara federasi
Dudu krajan utawa kesultanan
Dudu monarkhi
NKRI aja diothak-athik
Aja diwolak-walik
Ayo padha dijaga lan dibela
Dibela kanthi nyata
Ora mung ing lambe
Ora mung ing pangucap

78 Geguritan Panuntun Laku

Nyengkuyung Budaya Bangsa

Indonesia sugih budaya
Budaya bangsa Indonesia kuwi adiluhung
Misuwur nganti manca negara
Ora akeh bangsa liya sing sugih budaya

Mesthine kabeh bangsa Indonesia mongkog
Mongkog karo budaya bangsa
Aruming budaya bangsa
Kondhang kawentar nganti sadonya
Ayo dijaga
Aja nganti musnah
Ilang saka tanah nusantara
Nyengkuyung budaya bangsa
Padha karo nguri-uri budaya bangsa
Seneng reog
Seneng tari Kecak
Seneng tari Remo
Ora wegah nonton wayang kulit
Uga gelem ajar tari-tari adat
Maneka werna carane
Wong Jawa tuku sega padhang
Wong Sunda seneng sega rawon
Kuwi lumrah wae

Geguritan Panuntun Laku 79

Sing ora lumrah wong Indonesia kulina tuku
panganan ing restoran manca negara
Sanajan dununge cedhak karo warung utawa
dhepot soto
Pancen rada aneh!
Barack Obama seneng sega goreng
Mas Kandar seneng kebab
Nyengkuyung budaya bangsa
Kudu wani nganggo asile bangsa dhewe
Kudu seneng tuku asil budaya dhewe

80 Geguritan Panuntun Laku

Mongkog dadi Bangsa Indonesia

Yen isin dadi bangsa Indonesia
Aja ana ing kene
Aja urip ing Indonesia
Sanajan kepriye wae kahanan Indonesia
Mesthine kudu tetep mongkog dadi bangsa
Indonesia

Ora ngawur yen mongkog dadi bangsa Indonesia
Indonesia negara sing amba banget
Lemahe gemah ripah loh jinawi
Segarane sugih maneka warna asil segara
Maneka warna iwak, kerang, lan mutiara
Alam Indonesia uga sugih gas bumi
Welirang
Nikel
Tembaga
Timah
Aspal
Karet
Kayu
Cendhana
Cengkeh
Cekake, sugih banget

Geguritan Panuntun Laku 81

Alam Indonesia uga misuwur endah
Gunung Bromo
Pulo Bali
Pulo Lombok
Lan isih akeh maneh
Geneya mongkog?
Geneya ora mongkog?
Terang trawaca
Indonesia duwe budaya lan alam sing sugih
Sing marakake bangsa manca negara kepengin

82 Geguritan Panuntun Laku

Geguritan Panuntun Laku

Prestasi kanthi Gladhi

Dadi bintang kelas
Iku prestasi
Biji kang nengsemake
Kuwi prestasi
Dadi atlet jago karate
Uga prestasi

Kabeh prestasi kudu diregani
Kudu disemangati
Prestasi ora ujug-ujug teka
Ora mudhun saka langit ngono wae
Prestasi kuwi kanthi gladhi
Nganti pangurbanan-pangurbanan
Gladhi kanthi sengkud lan taberi
Aja ngarep-arep bisa prestasi
Menawa mung lungguh-lungguhan
Mung ongkang-ongkang sikil
Wedi adus kringet
Wedi pegel
Wedi kepanasan
Sing jago olimpiade sains
Tengah wengi tangi saperlu sinau
Ngurangi turu
Ngurangi nonton televisi
Sing prestasi aja diremehake
Dadekake tuladha
Sapa sing temen bakal tinemu
Sapa sing tumemen bakal kasil panggayuhe

84 Geguritan Panuntun Laku

Melu Seneng

Yen ana kanca duwe prestasi
Becike melu seneng
Melu menehi pangucap pandhukung
Dikantheni salaman tandha melu seneng
Salaman kang legawa
Ora digawe-gawe

Aja duwe penyakit SDS
Seneng deleng susah
Susah deleng seneng
Kuwi penyakit ati
Kudu diadohi
Kudu diilangi
Ora kena diambali
Melu seneng
Marang kanca sing duwe prestasi
Dikantheni kepenginan bisa niru
Malah yen bisa luwih becik maneh

Geguritan Panuntun Laku 85

Ngarumake Negara

Ngarumake negara kuwi pahlawan uga
Ing babagan olahraga
Bagagan pendhidhikan

Prestasi badminton Indonesia ngedab-edabi
Ing Olimpide kerep menang
Asring unggul ing All England
Asring menang ing Badminton Series
Pantes banget pamarentah menehi
pangalembana
Uga hadhiah-hadhiah
Wakil Indonesia ing Olimpiade Sains Internasional uga
ngedab-edabi
Asring dadi pamenang lan mboyong medhali emas,
perak, lan perunggu
Iki uga ngarumake negara
Perlu diajeni lan disengkuyung
Ngarumake negara
Lelabuhan kang becik marang negara
Ora dijarna
Ora dilirwakake
Kudu diregani kanthi nyata

86 Geguritan Panuntun Laku

Geguritan Panuntun Laku

Seneng Kekancan

Ora bisa urip ijen
Kuwi kudrate manungsa
Kabeh mbutuhake liyan
Mulane kudu seneng kekancan

Seneng kekancan satemene ana aturane
Kudu ora ngrugekake liyan
Kudu padha-padha anggawe lan anggawa
paedah
Ati sumpeg bisa dadi seneng
Pikiran ruwet bisa dadi encer lan entheng
Mula kudu ngregani siji lan sijine
Padha asah, asih, lan asuh
Mangertenana kepriye sipate kanca
Sing gampang nesu aja digodha
Sing blaba aja digunggung
Sing cethil aja digodha
Kudu bisa njaga kanca
Aja nganti marakake atine kanca lara
Pasrawungan kudu sing ngati-ati
Salah pangucap lan laku
Bisa gendra
Bisa padudon
Bisa medhotake kekancan

88 Geguritan Panuntun Laku

Sing ora seneng kekancan
Pikiran ora maju
Uripe egois
Mentingake awake dhewe
Aja nganti mangkono
Kudu seneng kekancan
Ing ngendi wae

Geguritan Panuntun Laku 89

Ngajeni Kanca

Kanca bisa dianggep sadulur dhewe
Malah kerep uga kanca sing raket ora ana bedane karo
sadulur
Padha-padha rumangsa cedhak banget
Rada suwe ora ketemu bakal kangen

Ngajeni kanca padha karo ngajeni awake dhewe
Kanca bisa diumpamakake perangan awak
Sing siji dijiwit sing liya krasa lara uga
Ngajeni kanca ora mesthi nganggo suguh
Rai sing sumringah
Lambe sing mesem
Omongan sing kepenak
Tutur sing alus
Kuwi patrap ngajeni kanca
Karo kanca kudu rukun
Sing sumpeg ditambani nganggo pitutur utawa
pambiyantu liyane
Yen kanca nyuguhi panganan aja ditolak
Kajaba yen kowe pasa
Ngomonga kanthi alus
Supaya ora gela
Aja sapisan-pisan ngenyek kanca
Bisa nuwuhake larane ati
Padha dijaga kepriye carane ngajeni kanca
Yen padha ngajeni
Sesrawungan tambah raket
Tambah kukuh bakuh kadya sadulur dhewe

90 Geguritan Panuntun Laku

Geguritan Panuntun Laku

Omongan sing Nentremake

Omongan alus
Omongan kebak pitutur
Ngandhut bab-bab kabecikan
Isine budi pakerti luhur
Ora gawe was sumelang
Bisa nggedhekake semangat

Ora agal
Ora mutawatiri
Ora ngandhut tembung sing nglarani ati
Ora mawa rasa nelangsa
Sapa sing ora tentrem?
Yen tembung-tembunge kebak piwulang luhur
Yen dedhasaran ajaran agama
Temtu nentremake
Omongan sing nentremake
Ati sumpeg sanalika dadi tentrem

92 Geguritan Panuntun Laku

Agawe Senenge Liyan

Putra-putri bangsa
Dadia manungsa sing maedahi
Migunani
Ora agawe ala
Ora ngrusak
Ora umuk
Jujur

Sing seneng tetulung
Sing seneng dana weweh
Sing seneng menehi kabar becik
Aja dora
Aja seneng ngancam
Aja seneng ngomong agal
Sing prasaja
Aja pamer donya bandha
Aja pamer kapinteran
Wenehana ngombe sapa wae sing ngelak
Wenehana mangan sapa wae sing keluwen
Tulungen sing lagi kesrakat
Gusti Allah ora sare
Kabeh kabecikan ora luput saka cathetan
Amal kabecikan tansah ginanjar kabecikan
Umur bakal barokah
Rejeki donya bandha bakal barokah

Geguritan Panuntun Laku 93


Click to View FlipBook Version