Ayo sing seneng agawe liyan seneng
Kanthi pitutur-pitutur luhur
Bebuden becik
Tumindak becik
94 Geguritan Panuntun Laku
Rasa Aman Diperlokake
Sapa sing ora kepengin urip aman?
Sapa sing seneng rasa ora aman?
Kabeh perlu urip aman
Kabeh perlu rasa aman
Rasa aman diperlokake sapa wae
Dudu mung manungsa
Rasa aman
Pikiran dadi tenang
Pagawean dadi lancar
Golek rejeki uga gangsar
Darbekana rasa aman
Aja mikir sing ora-ora
Aja nggayuh sing macem-macem
Aja nguwat-nguwatake menawa ora kuwat
Aja seneng utang
Aja kulina kredit
Sing prasaja wae
Samadya wae
Aja seneng urip boros
Aja kendel mbolos
Sing temen
Dadi among tani sing temen
Dadi tukang becak sing temen
Geguritan Panuntun Laku 95
Dadi bakul sayur sing temen
Dadi guru sing temen
Dadi tentara sing temen
Dadi apa wae kudu sing temen
Kuwi marakake ati dadi krasa aman
Ora diuber-uber rasa salah
Aja korupsi
Aja aji mumpung
96 Geguritan Panuntun Laku
Geguritan Panuntun Laku
Maca Tambah Kawruh
Aja blilu
Aja sarwa ketinggalan
Aja duwe ngelmu pas-pasan
Macaa
Ayo maca
Aja suthik maca
Aja wedi maca
Aja alergi maca
Aja ngremehake maca
Akeh maca
Akeh kawruh
Kurang maca
Kurang kawruh
Sethithik maca
Sethithik kawruh
Ora maca
Ora weruh
Aja ana dina tanpa maca
Ing taman pawacan Geguritan
Perpustakaan
Ing omah
Ing sekolah
98 Geguritan Panuntun Laku
Ing stasiun
Ing bandara
Ing ngendi wae
Maca tambah kawruh
Ora ana rugine maca
Pikiran dadi landhep
Wawasan dadi amba
Geguritan Panuntun Laku 99
Ora Ana Dina Tanpa Maca
Sesanti lawas sing wis ora cocog karo jaman
Gantinen!
Gantenana!
Wis kurang trep ana dina ana sega
Kurang cocog ana selasa ana upa
Tumindakna!
Ora ana dina tanpa maca
Dina Senen aku maca
Dina Selasa aku maca
Dina Rebo aku maca
Dina Kemis aku maca
Dina Jumat aku maca
Dina Sabtu aku maca
Dina Ahad aku maca
Sing seneng maca buku maneka warna
Sing seneng maca ariwarti
Sing semangat maca kalawarti
Aja mung maca WA
Aja mung maca telegram ing HP
Sing baku maneh aja lali maca kitab suci
Pahamana isine
Mangertenana
Cakake ing panguripan saben dina
100 Geguritan Panuntun Laku
Wong bodho amarga kurang maca
Bocah sekolah nunggak kelas amarga kurang maca
Ora ana dina tanpa maca
Bangsa bakal pinunjul lan moncer
Rakyat pinter negara santosa
Geguritan Panuntun Laku 101
Akeh, Kurang, Sethithik, lan Ora
Aku mung njlentrehake tembung papat
Akeh
Kurang
Sethithik
Ora
Akeh maca akeh kawruh
Kurang maca kurang kawruh
Sethithk maca sethithik kawruh
Ora maca ora weruh
Wis mangkono wae!
Angen-angenen
Mangertenana
102 Geguritan Panuntun Laku
Geguritan Panuntun Laku
Kudu Resik
Bocah sekolah kudu resikan
Ora kemproh
Awake kudu resik
Pakeane kudu resik
Omah lan latare kudu resik
Sekolahane kudu resik
Aja ana larahan sing nyumpet got
Bisa njalari banjir
Aja ana suket sing mrambat tembok
Aja meneng wae
Gugur gunung
Gotong royong
Padha tumandang
Supaya lingkungan dadi resik
104 Geguritan Panuntun Laku
Seneng Gotong Royong
Ana tangga yasa omah
Aja mung meneng
Melua gotong royong
Ana pendhudhuk ngresiki kali
Aja mung meneng
Melua gotong royong
Weruh kreteg kampung dibongkar lan didandani
Aja mung meneng
Melua gotong royong
Gotong royong gedhe mumpangate
Pagawean cepet rampung
Ngenthengake wragad
Sing melu gotong royong tambah rukun
Geguritan Panuntun Laku 105
Banjir Iki
Banjir iki luwih gedhe
Banjir iki luwih suwe
Banjir iki luwih akeh pitunane
Rajakaya padha ucul
Pitik-pitik padha pating blabur
Banjir iki
Katambahan segara rob
Dadi mbebayani banget
Banjir iki
Dudu banjir biasa
Ora kaya padhatane
Luwih nggegirisi
Bisa njebol kreteg
Ayo sing peduli lingkungan
Aja mbuwang larahan sembarangan
Aja negor wit-witan sembarangan
106 Geguritan Panuntun Laku
Sekolah Nyaman
Sing sekolah padha rukun
Ora ana padudon
Murid kelas luwih dhuwur ngundang “Dhik” marang
adhik kelas
Adhik kelas ngundang “Mas” utawa “Mbak”
Marang murid kelas sing luwih dhuwur
Sekolah nyaman agawe krasan
Agawe aman
Agawe seneng
Agawe mongkog
Gurune sabar-sabar
Pituture guru nentremake
Ngajar kanthi tlaten
Ndhidhik kanthi sabar
Tamane sekolah endah
Warung sekolah kalebu warung sehat
Hawane resik ora polusi
Bener-bener nyaman
Geguritan Panuntun Laku 107
Sekolah kuwi pawiyatan
Panggonan sinau golek ngelmu
Kudune ora ana omongan saru
Omongan sing kasar tur kleru
Sekolah nyaman
Nyebarake aruming tuladha-tuladha
Kaca benggala kemajuwan bangsa
108 Geguritan Panuntun Laku
Geguritan Panuntun Laku
Weweh Bakal Wuwuh
Sing kesrakat uripe cedhakana
Aja diadohi
Dibiyantu sabisane
Karo tangga teparo kudu rukun
Tangga teparo minangka sadulur
Anggepen kaya kulawargamu dhewe
Yen lagi rob rejekimu
Elinga marang sadulurmu kabeh
Aja eman amal
Aja wedi weweh
Weweh bakal wuwuh
Rejeki bakal teka matikel-tikel
Rejekine bakal barokah
Gusti Allah seneng marang manungsa sing seneng
amal
Manungsa sing seneng weweh
Weweh bakal wuwuh
Sing diwewehi seneng
Sing menehi seneng
110 Geguritan Panuntun Laku
Sing Mbutuhake
Sing mbutuhake wenehana pambiyantu
Yen nuju ora duwe kandhakake kahanan satemene
kanthi becik
Pigunakake tata basa sing becik
Tutur basa sing alus
Yen nyilihi dhuwit marang sing mbutuhake
Kantheni rasa iman marang Gusti Allah
Aja nganakake dhuwit
Nyilihe samene nyaure samono
Utange samene bayare samono
Kuwi dhuwit anakan
Ora nulung nanging menthung
Dhasare nulung kuwi rasa eklas
Rila
Kepengin wong sing mbutuhake bisa entheng
sanggane
Ora pamer
Ora ana karep liya
Ora dumeh
Ora pamrih
Geguritan Panuntun Laku 111
Geguritan Panuntun Laku
Sing Daklakoni
Sing daklakoni
Sing dakpikir lan dakomongake
Yen aku saguh
Aku ya bener-bener saguh lan dakbuktekake
Dipitaya njaga kebon apel
Ya dakjaga kanthi tumemen
Aja nganti ana apel sing ilang sanajan siji
Dipitaya sekolah sing bener
Aku ya sekolah kanthi bener
Taberi sinau
Ora nakal
Ora seneng mlincur
Nyilih buku ing perpustakaan
Ya dakjaga aja nganti rusak
Aja nganti ceblok lan ilang
Aja nganti suwek
Sing daklakoni
Dakpikirake
Dakucapake
Dakjaga
Aja nganti lirwa
114 Geguritan Panuntun Laku
Tanggung Jawabku
Tanggung jawabku
Marang wong tuwa lan sekolah
Mituhu
Njaga karesikan sekolahan
Njaga amane sekolahan
Tanggung jawabku marang adhikku
Menehi rasa aman
Mbiyantu yen mbutuhake
Ngelingake yen tumindak salah
Cekak aose
Aku duwe tanggung jawab
Sing kudu diayahi
Geguritan Panuntun Laku 115
Lelabuhanku
Lelabuhanku marang wong tuwa
Kulawarga
Bangsa
Negara
Lelabuhanku nganti aku mati
Wis dadi tekad lelabuh kanthi pangrasa
Lelabuhanku
Ora daketung
Ora dakpamer-pamerake
Amarga aku ora pamrih
Ngayahi jejibahan kanthi becik
116 Geguritan Panuntun Laku
Informasi Pelaku Penerbitan
Biodata Pengarang
Sacuwil bab Pandhapuk
Moh. Samsul Hidayat, S.Pd., M.Si.
miyos ing Desa Lajuk, Kecamatan
Porong, Kabupaten Sidoarjo,
Provinsi Jawa Timur, dhek tanggal
27 Oktober 1966. Saka kahanan sing
prasaja, Moh. Samsul Hidayat tuwuh
dadi siswa lan mahasiswa sing
tumemen lan pinunjul. Tembe burine malah bisa dadi
guru, kepala sekolah, pengawas sekolah, lan pangripta
buku.
Pangalaman minangka pangripta buku diwiwiti ing
taun 1985. Nganti saiki wis luwih saka 80 buku sing
diripta. Loro ing antarane arupa buku sing paling anyar,
yaiku:
1. Katalisator Profesionalisme Pendidik (Yrama Widya,
Bandung, 2016);
2. Geguritan Panuntun Laku (Media Ilmu, Sidoarjo, 2018)
Mligi buku Geguritan Panuntun Laku, pandhapuk
ngajab amrih bisane buku kuwi nyengkuyung Gerakan
Literasi Nasional (GLN) lan Gerakan Literasi Sekolah (GLS).
Isi buku dirancang kanthi sistematis mawa ancas ndhapuk
karakter utama sarana reroncen kembang setaman
geguritan. Saliyane kuwi, uga minangka sarana nguri-
uri budaya jawa sing adiluhung, utamane arupa geguritan
gagrak anyar. Siswa-siswi bisa ngangen-angen,
mangerteni, lan ngecakake isine geguritan ing
panguripan saben dina.
Moh. Samsul Hidayat, S.Pd., M.Si. nindakake
jejibahan minangka Pengawas SD ing Kecamatan
Sidoarjo, Kabupaten Sidoarjo, Provinsi Jawa Timur, wiwit
taun 2014 nganti saiki. Tekade, ngabekti marang bangsa
lan negara minangka abdi negara sing becik lan melu
ndarmabaktekake dhiri marang kemajuwan
pendhidhikan nasional Indonesia. Kanthi sesanti
“sengkud makarya, wasis, lan eklas”, lelabuhan sing
diayahi sangsaya nyenengake, uga dadi rabuke
patriotisme lan nasionalisme.
Biodata Editor
Nama Lengkap : Agung Purnomo
Email : [email protected]
Akun Facebook : https://www.facebook.com/
agung.purnomo.24
Alamat Kantor : Jl. Anggrek III no.7 Relokasi Mindi -
Kesambi, Porong 61274
Bidang Keahlian : Kewirausahaan, manajemen
Riwayat Pekerjaan/Profesi (10 tahun terakhir):
- 2017 – sekarang: dosen PS. Kewirausahaan di Institut
Teknologi Kreatif Bina Nusantara Malang
Riwayat Pendidikan Tinggi dan Tahun Belajar:
- 2013 – 2016: MBA in Creative & Cultural Entrepreneurship
di Institut Teknologi Bandung
- 2008 – 2001: Hortikultura di Universitas Brawijaya
Judul Buku dan Tahun Terbit (10 tahun terakhir):
- 2017: Kamus Manajemen Sumber Daya Manusia –
UNUSIDA Press
- 2010: 102 Inovasi Indonesia: Rumah Kotak Tumbuh bagi
Keluarga Semangka – Business Innovation Center
- 2008: The Spirit of Love Rahasia Bagaimana Cinta
Membuat Hidup Lebih Produktif: Bekerja Produktif
Berbasis Cinta kepada Allah - Buku laela
Judul Penelitian dan Tahun Terbit (10 tahun terakhir):
- 2016: Business Strategy Formulation for Batik Blora
Posyandu Lestari Handayani – School of Business &
Management - Institut Teknologi Bandung
- 2009: Pengaturan Jarak Panel dengan Permukaan Media
pada Teknik Hidroponik SistemTerapung Tanaman Melon
– Agrivita - Fakultas Pertanian - Universitas Brawijaya &
PERAGI
Buku yang Pernah Ditelaah, Dibuat Ilustrasi, dan/atau
Dinilai (10 tahun terakhir):
- 2017: Wirausaha Pendidikan Indonesia Jilid 4 – UNUSIDA
Press
- 2017: Wirausaha Pendidikan Indonesia Jilid 3 – UNUSIDA
Press
- 2017: Wirausaha Pendidikan Indonesia Jilid 2 – UNUSIDA
Press
- 2017: Wirausaha Pendidikan Indonesia Jilid 1 – UNUSIDA
Press
- 2017: Harmonisasi Pancasila dengan Islam dan NU –
UNUSIDA Press
- 2017: Progres Pancasila di BumiSidoarjo – UNUSIDA
Press
- 2017: Resonansi Pancasila pada Generasi Z – UNUSIDA
Press
- 2016: Uniknya Negeriku Indonesia - El-Markazi Sukses
Grup
- 2016: Mengerti Kewarganegaraantapi Tak Dimengerti- El-
Markazi Sukses Grup
- 2016: Perubahan Negara di Tangan Kita- El-Markazi
Sukses Grup
- 2016: Kewarganegaraan Indonesia Istimewa - El-Markazi
Sukses Grup
- 2016: Hanya - El-Markazi Sukses Grup
Biodata Ilustrator
Nama Lengkap : Edi Dwi Prasetyo
Email : [email protected]
Akun Facebook : edi dwi prasetyo
Alamat Kantor : Jl. Ikan Lumba-lumba II, Blok BF
No. 07, Bluru Kidul, Sidoarjo
Bidang Keahlian : Desain Grafis
Riwayat Pekerjaan/Profesi (10 tahun terakhir):
- Produk Education Indosat Oreedo : 2013-2014
- Staf IT di Universitas NU Sidoarjo : 2014-Sekarang
- Ilustrator di CV. Media Ilmu : 2017 - Sekarang
Riwayat Pendidikan Tinggi dan Tahun Belajar:
- S1 Universitas Nusantara PGRI Kediri : tahun 2014
Karya/Pameran/Eksibisi dan Tahun Pelaksanaan (10
tahun terakhir):
- Panitia SIBF tahun 2017
Biodata Penerbit
Media Ilmu
CV. Media Ilmu
Tahun berdiri: 1997
Tahun Penerbitan buku Pertama: 2001
Tanda Daftar Perusahaan: 13.17.3.47.01710 tahun 2018
Penerbit Media Ilmu, Jl. Ikan Lumba-lumba II, Blok BF
No. 07, Bluru Kidul, Sidoarjo
Telepon: 08123150617, 085330497551
Email: [email protected]
CV. Media Ilmu
Anggota IKAPI No.083/JTI/04
Bluru Permai blok BF No.7, Sidoarjo - Jawa Timur
Email: [email protected]