The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Modul ajar ini sebagai panduan dalam melaksanakan pembelajaran mata pelajaran Bahasa Jawa selama satu fase.

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by november.cheria, 2024-02-17 02:21:35

MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE E

Modul ajar ini sebagai panduan dalam melaksanakan pembelajaran mata pelajaran Bahasa Jawa selama satu fase.

SUMATIF A.Wenehana tandha ping (X) ing aksara A,B,C,D utawa E kang koanggep bener! 1. Kang diarani geguritan bebas yaiku…. A. geguritan modheren B. geguritan tradhisional C. tembang tengahan D. kidung E. macapat 2. Pamilihaning tembung-tembung endah ing sajroning geguritan diarani…. A.tema B. amanat C. diksi D.rima E. ritma 3. Kang ora kalebu perangan ing babagan nulis geguritan yaiku…. A.tema B. rima C. diksi D.skenario E. pilihan tembung 4. Ekspresi, patrap/ sikap, lan obahing awak nalika maca geguritan diarani…. A. wicara B. wiraga C. wirasa D.wirama E. wirunggan 5. Ing ngisor iki kang ora kalebu titikane geguritan anyar yaiku…. A. Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan B. Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung C. Sajak pungkasan mardika/bebas D. Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit E. Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya Bahasa 6. Gathosaken geguritan ing ngandhap menika. Sepiku dening : Naryata Sepiku dipodhong rembulan kerangsang pucuke jambu Sepiku gumelar ana sikile ara-ara kekitrang Sepiku mbrosot ing sela selaning tumpukan tembung uwuh Sepiku dibuwang saka sisane tetesan banyu udan Sepiku sepine pocapmu Rikala nembe wae angina sore katon pethite Undheraning prakara saka geguritan kanthi irah-irahan “Sepiku “ yaiku … A. Sepine ati dadi rekasaning raga kang nembe nandang katresnan B. Sepine ati dadi pratandha tatune raga marga tresna C. Pancobaning katresnan yaiku nalikane nandang kangen kang dadekake sepining ati D.Pancobaning katresnan yaiku nalikane udan deres kang ninggal kenangan Dias Dwi /PJOK/Fase E/TP 2023_2024 - 15


E. Sepi kang mbrosot ing sela selaning tumpukan tembung uwuh dadi pratndha tresna 7. Gathosaken geguritan ing ngandhap menika. Wis Wanci dening : Rachmat Djoko Pradopo Langite sumringah dumilah Sawise dikumbah udan Kang sumanak grapyak Srengenge wis glendheh-glendheh sume Yaiku wektu kang becik Kanggo nyebar tanduran Kang bakal ijo royo-royo Njanjekake panenan gedhe Ya wektu iki mangsane gumregah tangi Meras kringet kanthi semangat mangalad Bebarengan wong sabrayat masyarakat Nyungsung panenan kang bakal dadi Tembung meras kringet kanthi semangat mangalad gegayutan marang kahanan saiki yaiku … A. Para petani padha seneng yen kasil panene apik B. Semangat para generasi mudha kudu tansah ngrembaka C. Para petani kudu nduweni semangat supaya kuwalitas panen bias apik D.Yen nyebar tanduran kudu nyawang mangsa kangtrep, apamaneh mangsa kaya saiki E. Temen lan semangat kang mangalad dadi jiwaning pamudha ing jaman iki Gathosaken geguritan ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 8-9. Saya Gripis dening : Rachmat Djoko Pradopo Dina lan wengi kang gilir gumanti Nggogos umure janma manungsa Umurmu lan umurku saya gripis Pungkasane bakal gusis Apa bener paribasan …………………………………….. Yen mangkono banjur menyang ngendi parane Pengumbaranku lan pangumbaranmu Pangumbarane janma manungsa Apa kang kita pokolehi Inga lam padhang iki Jarene, minangka sanguine lelaku Tumuju akire langkah kang katuju 8. Pralambang yen pungkasaning laku manungsa tumuju ing akhirat yaiku … A.Nggogos umure janma manungsa B. Jarene, minangka sanguine lelaku C. Pungkasane bakal gusis D.Pangumbarane janma manungsa E. Tumuju akire langkah kang katuju 9. Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg geguritan ing dhuwur yaiku … A.Urip iki mung mampir ngombe B. Agama agenging aji Dias Dwi /PJOK/Fase E/TP 2023_2024 - 16


C. Ambune arum jamban D.Playune banter keong E. Dahwen pati open 10. Gathosaken geguritan kasebut Sun nggegurit Tur kabeh padha ngemuti Wong kang miskine kepati Supaya padha mangerti Bungah susah amratani Teka geguritan ing dhuwur migunakake paugeran tibaning swara padha, mula geguritan kasebut kalebu gagrag … A. Anyar B. Kuna C. Tengahan D. Sastra E. Swara Pengayaan Gatekna teks iki banjur sebutna jinis teks lan titikane! Gathosaken geguritan ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 1 lan 2. Lelakon Adoh ratu celak watu Yo ing kono papan dunungku Nanging aku ora nggresula Yen ta kowe pancen tresna Lelakon kang bakal dumadi Sapa wae ora mangerteni Ora susah sangga runggi Pasrahna mring hyang widhi Kaya kacang digawe dakon Kaya wayang kang bakal dumadi Sesuk esuk lagi dimangerteni (Soewarno WM, Panjebar Semangat Oktober 2018) 6. Saka teks geguritan ing dhuwur coba parafrasana 7. Tulisen isi geguritan kanthi irah-irahan “Lelakon.” Gathosaken geguritan ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 8-10 Swara Prenjak Swara prenjak ngganter ing wit blimbing Nggawa rasa adhem ing esuk wening Gek sapa sing bakal teka ? Nggawa swasana sing gawe lega Wis suwe ati iki anyep lan atis Kepengin ganti swasana sing manis Ananging sing tansah teka kok mung kabar lamba Kok mung warta kang gawe nelangsa Mangka wis suwe anggonku nganti-anti Ya gene ora ana warta endha tekan saiki ? Mung anakmputu sing padha ana Bali Mulihe kena kanggo tamba ati Dias Dwi /PJOK/Fase E/TP 2023_2024 - 17


( Nini Klenyem, Panjebar Semangat Oktober 2018) 8. “Wis suwe ati iki anyep atis” Apa tegese gatra kasebut miturutmu ? 9. Saka teks geguritan ing dhuwur golekana isine. 10. Tulisen pitutur uhur kang kamot saka geguritan kanthi irah-irahan “Swara Prenjak.” Remidial No. Nama Siswa No Soal Ju S Ketercapaian Ketuntasan Belajar 1 2 3 Ya Tida Dias Dwi /PJOK/Fase E/TP 2023_2024 - 18 Si Jago Abang Pas iku, aku lagi siap-siap menyang sekolah. Nanging ndilalah ing televisi wongten “Pawarta Enjing” ingkang mawartakake berita tentang kajadian kebakaran. Peristiwa iku kedadean ing salah sawijining panggong cerak marang sekolahanku. Kebakaran iku kedadean jam 2 esuk. Amargi ana berita iku, aku banjur kaget lan kelingan kanca-kancaku sing manggon omah cerak panggon kebakaran. Ning sakjroning bathin, aku ndonga supados rencang-rencangku ora ono sing kenapa-kenapa. Selawise ndeleng berita, aku banjur menyang sekolah. Sakbanjure mara sekolah, dongaku kandas, aku sedih, lan ngrasa melu nelangsa, amarga ana 10 kancaku ingkang panggonan omahe melu kebakar.


Bahan Bacaan Peserta Didik Tuladha puisi Jawa gagrag lawas: Sun Gegurit Kaanan jaman saiki Sipat pemudha-pemudhi Srawunge saya ndadi Raket wewekane sepi Tan kadi duk jaman nguni Srawung sarwa ngati-ati Yen manut wasiteng kuna Priya srawung lan wanita Gampang ketaman panggodha Nerak ing laku susila Temah darbe jeneng ala Wasanane tibeng papa c. Puisi Jawa gagrag anyar Puisi Jawa gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo Puisi Jawa gagrag lawas. Puisi Jawa gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya paugerane puisi Jawa gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing kasusastran Indonesia, mula puisi Jawa gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”. Ananging owah-owahan saka Puisi Jawa gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis puisi Jawa gagrag anyar iku R. Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra. Mula yen dititi kanthi premati geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren nduweni titikan: a. Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan. b. Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung. c. Sajak pungkasan mardika/bebas d. Isine mentes. e. Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa . Tuladha puisi Jawa gagrag anyar Lumunturing Budaya Dening: Ki Andanawarih Tumetesing waspa dumlewer ing pangrasaku Nglentrihing pandulu ginambar ing netraku Ancluming praupan kawistara ing pasuryanku Legeg trenyuh ginawa ing panggalihku Amersani jaman saiki Tumraping polah tingkahing putra lan putri Kang wis ninggalake subasita Nerak anggeranggering budaya Dias Dwi /PJOK/Fase E/TP 2023_2024 - 19


Lali ing tata krama, mbuwang sakabehing unggah-ungguh basa Kabeh rumangsa nistha Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa Sanajan jaman wis maju Aja banjur dadi kleru Crita leluhur ginubah sawiyah-wiyah Busana owah samesthine Tetunggangan, wisma, laladan rinipta beda saka asline Apa kita wis ora ngregani budaya kita dhewe? Apa budaya kita wis ora ana ajine? Apa budaya kita wis kadaluwarsa? Apa budaya kita wis luntur? Pemuda-pemudi jaman saiki unggah ungguh basa wis dilirwakake Tata krama wis ditinggalna Tata wicara wis ninggalake subasita Apa sing salah sekolah? Apa sing salah ibu bapak? Apa kabeh salah? Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake Wis arep luntur amarga pokale kita dhewe Daftar Pustaka Medium.com/kawya/geguritan Dias Dwi /PJOK/Fase E/TP 2023_2024 - 20


Materi Pembelajaran GEGURITAN Geguritan iku kalebu puisi Jawa modheren, amarga ora kaiket ing aturan kayadene tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana inspirasi (angen-angen). Geguritan mujudake karya kang sipate pribadi, mula geguritan antarane panganggit siji lan sijine beda-beda. Angen-angen kang ana sajrone pikirane pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kang dikarepake penganggit. Kanthi mangkono, geguritan iku basane katon endah, bisa migunakake purwakanthi, dwilingga, seselan, lan liya-liyane. Geguritan iku nduweni pitutur luhur lan ancas kang bisa kajupuk kanthi digancarake dhisik. Nggancarake geguritan iku ateges ngowahi lan ngudhari ukara-ukara geguritan supaya isine luwih gampang dimangerteni, kanthi cara nambahi tembung lan negesi. Geguritan iku dumadi saka underan, pamilihe tembung, purwakanthi lan majas ( lelewane basa ). Pamilihe tembung lan majas iku paedahe supaya geguritan katon endah lan kepenak diwaca. Ana saperangan bab kang njalari geguritan iku katon endah, antarane yaiku; e. cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah f. menthes yaiku tembunge duwe teges kang jero g. endah ngemu purwakanthi swara, sastra, utawa basa h. tembunge pilihan JINIS GEGURITAN d. Puisi Jawa gagrag lawas yaiku puisi Jawa kang migunakake basa Jawa kuna lan kaperang ana ing pupuhpupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Paugerane puisi Jawa gagrag lawas yaiku; Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra. Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda. Dhong-dhing utawa guru lagune ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara. Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit. Puisi Jawa gagrag lawas lumrahe isi piwulang : Upamane bab tata krama UNSUR-UNSUR KANG AMBANGUN GEGURITAN 4. Geguritan iku awujud karya sastra, mula ing sajrone ana unsur-unsur pandhapuke. Unsur-unsur geguritan kasebut kabedakake dadi unsur intrinsik (unsur ing njero) lan unsur ekstrinsik (unsur ing njaba). c) Unsur intrinsik yaiku unsur kang mbangun saka sajrone geguritan. Kang mangaribawani dianggite sawijining geguritan saka unsur intrinsik iku antarane yaiku; Dias Dwi /PJOK/Fase E/TP 2023_2024 - 21


7) Tema yaiku pokok masalah kang diangkat ing sajroning geguritan. 8) Amanat yaiku nasihat, falsafah, nilai-nilai kang arep diandharake pengarang marang pamaos. 9) Nada lan rasa yaiku pangraose pengarang kang digambarake ing sajroning geguritan. Dias Dwi /PJOK/Fase E/TP 2023_2024 - 22


Click to View FlipBook Version