i"r*T
+:Lcr, .
*
t a&]
BADAN ARSIP DAN PERPUSTAKAAN
PROVINSI JATENG
CB-D.12
t08- tt27 /4203-2011
lilnarr--" SE kE i I Kd b-a hE-ffims u bd i n K e b u dava-a n
"D
i nas' Pen did ikfi-d5h xenu oafi-an
Provirfsi,Jawa Tengah
In Tahun!2008htrr.'
I
?-/oog-ltr 7 / tl?$'2"6U
l\Gr r.i
l(r,rnnpulan Naskah
SandwvaYa Pinilih
Lomba Nulis Naskah Sdndiwara Basa lav,ra
Trnglort Provinsi lauraTenqah Tahun zoo8
tr-F-- 'ri:;"J$ Pf,ev' *li'llr'Lj
iLia:'cl-,l*tq
Seksi Kebahasaan Subdin Kebudayaan
Dinas Pendidikan dan kebudayaan
Provinsi Jawa Tengah
Tahun 2008
PENGANTAR
uji syukur kami panjatkan ke hadirat Allah swt., Tuhan Yang Maha
Esa atas segala rahmat dan karunia-Nya yang senantiasa dilimpahkan
kepada kami, sehingga kami berhasil menyelesaikan penerbitan
Antologi Naskah Sandiwara (Berbahasa Jawa) dengan baik.
Buku ini memuat 8 (delapan) naskah lakon yang terseleksi dalam Lomba
Penulisan Naskah Sandiwara Tingkat Provinsi Jawa Tengah Tahun 2008 yang
diselenggarakan oleh Seksi Kebahastulrl, Subdin Kebudayaan, Dinas Pendidikan
dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah. Kedelapan naskah tersebut secara
berurutan ditetapkan sebagai Juara I, II, III dan 5 (lima) naskah terpilih yang
dipandang cukup representatif dan berbobot oleh Dewan Yuri. Harapan kami,
buku ini dapat dijadikan sebagai pelengkap pembelajaran bahasa di sekolah-
sekolah, khususnya pada pembelajaran sastra.
Kami mengucapkan terima kasih dan penghargaan yang tulus kepada
semua pihak yang telah berkenan membantu mewujudkan penerbitan ini,
semoga Allah SWT., Tuhan Yang Maha Esa senantiasa meridloi' Amin.
Semarang, Juni 2008
Kepala Seksi Kebahasaan Subdin Kebudayaan
Dinas Pendidikan dan Kebudaymn
Provinsi Jawa Tengah,
mDrs.Irawan H.G., M.Pd.
NIP. 131865 407
DAFTAR ISI I
Kata Pengantar lll
Daftar Isi .............
25
LAYUNG SORE 49
MENDHUNG WUS SUMILAK 67
KAVLING KUBURA}I 87
PASAR KREMPYENG .............. 101
rsIH BATHI ............... 123
PITIK NGENDHOG PETHOK-PETHOK....
t4t
BELAHAN JIWA........ .............;...
GEGER TRIBUANA ..............
LAYUNG SORE
PARAGA:
L Yati, umur udakara 28 taun. Lagi meteng tuwa, Galak tur crigis.
2. Mbah Noto, umur udakaru65 taun. Gaweane dodolan dolanan bocah.
3. Bu Sutras, umur udakara 55 taun, sing nyewakkake omah sewan. Wonge
rada tegas, ning jane atine apik.
4. Lastri, umur udakara}T taun, ayu, luwes, alus ananging ana kalane bisa
trengginas kaya bantheng ketaton.
5. Pak Sugani, umur udakara 45 taun. Pegawe saka CV Terus Maju kang
arep nggusur omah sewan.
Katrangan dekor / Setting panggung :
Panggung nggambarake sawijining papan kang kumuh. Omah gedhek dawa
kang disingget dadi pirang-pirang kamar. Omah gedhek iku duweke Bu Sutras
ang disewakke marang wong-wong paran kang ngumbara ing kutha. Pendhak
kamar duwe tritis sing ra patiya amba. Ing tritis kamar sisih kiwa kebak
sandhangan pating slampir. Yaiku kamare nggone pasangan Yati lan Darsa.
Kamar jejere gembokan rapet, yaiku kamare Lik Paidi kang lagi mulih ndesa.
Kamar jejere maneh kamare Mbah Noto, ing tritise ana pit kang dicantheli
perangan dolanan bocah kayata, gledhekan, othok-othok, payung kertas, manuk-
mnukan, kitiran, plembungan lan sakpanunggalane. Dene kamar kang paling
pojok tengen kamare Sulastri, rada resik tritise, malah ana kursi sepasang lan
meja cilik. Ana pemean andhuk kang ketata rajin. Ing pojok panggung sisih
kiwa ana pekiwan saka gedhek. Yakurr i papan pekiwan umum kang sok
dienggo adus, ngumbahi lan kakus.
wayahe wis rada awan. Srengengene sumunar sumelet ing sirah. yati
metu saka kamar, mbukak lawang. Angop. Sajake tangi turu. Rupane
suntrut, sajak lagi ora seneng atine. Wetenge kang wis gedhe, digtebed
ganggo sarung.Terus ngentasi klambi kang pating slawir ing tritise.
l. Yati : Awan-awan ngene kok hawane kok mung ngantuk wae.
Mangka turu ning jero rasane kaya diopen. Panas tenan
! Gek Mas Darsa ning ngenditaya. WoTg lanang kok le
ra urus tenan. Ngerti bojone gek meteng tuwa ngene kok
ya isih klayaban wae, ra ngrasakke bojone gek komet
mikir piye nyiapke laire jabang bayi, ee..malah enak-
enakan klayaban ra kanggo nggawe.
(Dumadakon Yuti krasa mules ,mringis-mringis nyekeli wetenge. Age-age
dheweke mlanyu tumuju pekiwan. Eman, ing njero pekiwan ana wonge,
ketok saks sorurtg lan ondhuk kang semompir ing pagere).
2. Yati Sapa sing ning njero?
3. Mbah Noto Aku !
4. Yati Sampeyan.to Mbah? Cepet.Mbah ! Selak mules!
5. Mbah Noto Sik .. gek separo. Durung tutug
6. Yati Adhuh ...Mbah, selak ting kruwel, je !
7. Mbah Noto Ya... .ya... .ya ! Wah, jan...kowe ki nyusu-nyusu wong
gek ngemat !
(Mbah Noto, nuli metu saka pekiwa, Yati oge-age gentenan mlebu pekiwan)
8. MbahNoto : Ti..! arep bayen ... pa piye ? Whe ..Iha ..kok meneng
wae, Tiiii! Mengko gek mules arep bayen, tak undangke
bojomu,ya?
g. Yati : Ora kok Mbah. Iki mules ..sing biasa.
10. MbahNoto : Ooo..yauwis
(Mbalt Noto nuli mloku tumuiu komare, nerusarke nata dagangane arupa
dolanan bocah werno-werna. Mbah Noto nata dagangone kuwi sinambi ura-
ura. Oro utara suwe Yati wis metu saka pekiwan)
11. Yati Kok durung budhal, to Mbah ?
12. MbahNoto Gasik-gasik yanapa, ta Ti. Saiki gek sepi !
13. Yati Mbah.... mengko nek kepethuk ndalan, lek kon mulih
ya..
14. MbahNoto Lho sidane bojomu ki durung bali ta ?
15. Yati Alah Mbah ... nek wis bali rak ya aku ra weling ngono
tambah. Mas'Darsa ki durung bali kawit mau bengi.
Pancen wong lanang ra urus tenan kok mbah ..!
16. MbahNoto Jo ngono, sing sabar wae,
17. Yati Ijihkurang sabarpiye to Mbah, Lawong... ngerti bojone
lagi meteng tuwa, wis arep anak-anak kok ya.. lagake
isih kaya bujang klonthang-klanthung, ngisis rana-rene.
. 18. Mbah'Noto Mbok menawa bojomu ki gek golek butuh, nggo jagan
laire jabang bayi.
19. Yati Apa? Golek butuh ? Yoh... sampeyan tak sembah ping
pitulikur mbah, nek Mas Darsa lunga nyata-nyata golek
20. Mbah Noto
butuh! Ora .. ora Mbah ! ... Mas Darsa ki paling gek
21. Yati
22. Mbah Noto keplek ana kidul pasar kana utawa malah gek mlungker
23. Yati umpetan karo dhemenane !
24. Mbah Noto
Hus ... ja ngono kuwi. Ora apik nggraita elek. Mengko
25. Yati nek kedadeyan tenan, getun kou,e. Tur Ti, kowe gek
26. Mbah Noto nggembol jabang bayi, Iho...le caturan sing apik-apik
wae... ora elok caturan ala!
Sampeyan isane mung ngandhani $ok, mbah. Ora
ngrasakke... dadi aku dadi wong wedok kang mung dadi
kesede wong lanang!
Njuk aku kon piye... apaya bisa wetengmu kang gedhe
kaya punuk unta kuwi pindhah neng wetengku ...teneh
donyane dadi ambyar !
Mbuh.. sampeyan ki cen sok sulaya kok mbah nek jak
omongan.
Aku ki malah ngandhani kowe ben ra gampang sulaya
je! Wis Ti, timbang kedumelan... mbok aku tak njaluk
jarang panase sak gelas kene ..tak gawe wedang kopi
Ben bregas ..ra ngantuk neng ndalan.
Nek mung jarang panas ana ..neng kopi lan gulane ra
duwe lo mbah.
(Karo ngulungke cangkir) lya..iya aku mung
njaluk jarang panas wae. Aku durung nggodhok
banyu ..lengane entek ..kompore garing. Kowe
entuk lenga tanah tuku ngendi? Aku wingi tuku
neng nggone Bat Hok Yan entek je.
27. Yati : (Nampani cangkire Mbah Noto, terus mlebu) Anu
...aku nggo areng kok mbah. La piye saiki golek lenga
tanah angel.. Ya ana nanggon wanrnge Bu Kaji Ali ning
semang antri lak ya wegah to mbah.. weteng gedhe kaya
ngene .. suk-sukan keplenet-plenet malah bayen nang
ndalan.
Noto :28. Mbah Tur nuwun ya... tak gawene kopi panas ... Sip tenan.
(Mbah Noto nuli ninggalalake tritise. Yati.. lagi wae iumangkah weruh
Sulastri kang lagi mullh sako tuku sega buntel. lng tangane nyangking tas
kresek lsi sega). o
29. Mbah Noto : Ra menyang nyambut gawe, pa Ndhuk?
30. Lastri : Mboten, Mbah. Jagi ndalu .Nuwun Mbak Yati .,
(Sing tlinuwuni ora njowab, mung mesem tipis rodn mlerok. Sulsstri terus
nuju kamare dhewe. Mbalt Noto iya arep nerasake olelte arep nggawe
wedang, ananging gage dicandltet koro Yati)
31. Yati Mbah..sampeyan percaya..nek Lastri jaga mbengi tenan
32 Mbah Noto Ya percaya wae ..pancen nyambut gawe nang pabrik ki
ana shif-shifan kok
33. Yati Nek aku ra percaya Mbah !
34. Mbah Noto Ra percaya piye ?
35. Yati Sst... tak kandhani Mbah, wong wedok enom kaya Lastri
kuwi isa wae nyambi..ta mbah .
36. Mbah Noto Nyambi piye?
37. Yati Alah.. lagake ki sampeyan namboh ra ngerti! Yambi ya
nl,ambi .. isa digawa wong lanang ngono!
38. MbahNoto Hus ..Ti..Ti, kowe jan olehe sujana karo uwong kok ra
isa mari !
39. Yati Eee ra percaya ... ! Jal ... mang titeni.. mosok olehe jaga
40. Mbah Noto
mbengi kok terus-terusan. Terus... mbah, titeni
sandhangane I astri. Gebyar-gebyar gonta ganti. Nek
mung ngandelake bayare saka pabrik apa ya isa ?
mesthine ..Iak...
Ti, kowe timbang mikar-mikir sing duJu u*r*u, kana
masak wae... nek bojomu bali mengko wis matengan.
41. Yati Masak apatambah wong beras rrae kari sak muk. Aku
mung arep mbuburwae, ngirit ra sah go lawuh wis gurih.
Lebar kuwi njuk urut .. strika nang nggone Bu Nanik,
Bu Pur, Bu Tutik terus nggone Nyah Shiang. Lumayan
to mbah.... opahe nggo tuku beras.
42. Mbah Noto Aku ya wis arep mangkat kok Ti.
(Mbah Noto nuli nuntun pite kang wis pating kranthil dagangane, nanging
clurung nganti ilang saka panggung, saku sisih tengen, teka Bu Sutras. Yati
weruh ana Bu Sutras malah mumpet ing walike drem wadltalt banyu).
43. Bu Sutras : Mhah Noto, kosik-kosik mandhek sik
44. Mbah Noto : Pripun Den ?
45. Bu Sutras : Kok Pripun ? ya...mesthine sampeyan wis paham to
Mbah, dhuwit sewaan kamar iki wis tanggale jatuh
tempo!
46. MbahNoto : Wadhuh ..la pripun, Den.. dereng angsal arta je.
Niki kula nggih sek ajeng kesah. Mangke sonten
nggih. Den?
47. Bu Sutras : Anu [ho Mbah sampeyan wis nunggak telung sasi dadi
digunggung totale ana pitung puluh lima ewu.
48. Mbah Noto : Nggih Den. Ning nyuwun sewu kula tak nyicil dereng
saged nglunasi.
49. Bu Sutras Lo...lo piye kuwi! Wulan wingine muni arep didhobel
sasi ngrepe. Sampeyan mblenjani terus semaya maneh
muni dirapel sasi iki. Lha..kok saiki ana tembung nyicil.
Wah... wah.. mbok ora kebangeten to Mbah anggone
gau'e bal-balan aku.
50. Mbah Noto Wah ... ngapunten saestu, Den. Kula sek sepi, kathah
jawahe to den sak niki. Dados kulanggih asring ngeyup,
mboten mlampah, mboten kepayon.
51. Bu Sutras Arep kepayon apa ora. Udan-panas, ana bledhe g.. ana
banjir, dudu urusanku ! sing baku sampeyan nyewa
kamarku ya sampeyan mbayar karo aku.
52. Mbah Noto Den, kula nggih ngertos, niku kuwajiban kula, ning
pripun malih sakniki sek garing saestu. Pun ta ... mangkeh
menawi kula pikantuk undhian, kula lunasi, jreng !
53. Bu Sutras Ha..ha ..ha Mbah gek sampeyan ki entuk undhian apa?
Tuku lotre pa. ?
54. Mbah Sutras : Lho... sinten ngertos ta, Den. Wingi kula mbikaki buntel
tong susu .Niki Iho tong susu ingkang kula damel dolanan
niki... ting walike onten layang undhiane. Kula ken Darsa
mang nulisi nami kula. terus kulakirimke. Jal! mangkeh
menarvi kula pikantuk undhian saestu? Mungale Darsa
hadiahe montor. pripun ..nek menang saestu, njenengan
kulajak numpak montor kula, Kliling-kliling kutha, Den.
Nha... bibar pun ngraosaken montor niku. lajeng kulo
dol, utang kula kaleh Njenengan kula lunasi. Jreng !
55. Bu Sutras Mbah... cukup! Cukup mbah! Aku aja mbok jak turu
ngimpi, nganti ileren, mbayangke kang durung nyata.
Ya wis Mbah, omongan karo sampeyan suwe-suwe
marahi mumet .. kana ndang menyang ndalan, dodolan
sing laris. Entuk dhuwit akeh ! Aku..tiik nagehi nggon,
Yati.
56. Mbah Noto : Nggih pun nggih Den, kula kesah.
(Mbah Noto nyengklok pite, ilang saka panggung, Bu Noto niangkolt arep
methuki Yati karo ngrundelan)
57. Bu Sutras : Nek ngene iki, sida bangkrut tenan aku ! Wong dha
anggep nyewa kok le mbayar ngincrit-incrit. Jal... saiki
sing iki piye .Ti... ! Yati... !.Yati... !
(Bu Sutras nothok-nothok lowange Yati, ning Yatine ora semaun Jane Yati
isih ndhepis ana walike drem wadltah banyu udan).
58. Bu Sutras
(Ora semaur. Yati jane mulai rado kesel anggone mumpet)
59. Bu Sutras : Wah, trondholo ane ! Wong sakloron kok ra ana kabeh
! nek dha kredit macet ngene iki njuk aku piye !
(Bu Sutras tambah sebel, rikola weruh kamare Pafuli gembokon)
59. Bu Sutras : Iki maneh ! Paidi bali ndesa kok sauwen-uwen. Jane arep
isih nyewa kamare orata? Awas bathi seminggu meneh
Paidi ora njedhul, tak jebol lawange. Sing arep antri
nyewa, akeh !
(Lastri metu saka kamore, karo kalungan andhuk,nyangking ember cilik isi
sabun, sajake arep adus, weruh Bu Sutras, dheweke mandhek)
60. Bu Sutras Wah, Jeng Lastri... arep siram, pa ?
61. Lastri Nggih, Bu Sutras. Nuwun.
62. Bu Sutras Eh."Jentg Lastri, dingapura, iki wis tanggale jatuh tempo.
63. Lastri Oh.. nggih. Nggih. Sekedhap. mangga pinarak rumiyin.
(Lastri nuli mbalik mlebu kamare meneh. Bu Sutrss nunggu ing tritise karo
kipas-klpas)
64. Bu Sutras : Nha... nek sing siji iki tertib ! ora tau telat ! malah sok
kepara nggasiki tanggal. Tur ya blaba barang ! sok
menehi aku gula teh barang
('gYleastei rkang kawit mau sauntara ndhepis anu wolike drem, thimik-thimik metu
lunga alon alon ben ra konangan Bu Sutras. Ananging cilakane,
orip
Bu Sutras ngonangi klebange Yili)
65. Bu Sutras
(Yoti klinthih-klinthih nyedh*i Bu Sutras)
66. Bu Sutras : Oooo.. kowe ki jebul mung ethok-ethok ra krungu ta,
tak undang-undang mau !
67. Yati : Anu..anu.
l 68. Bu Sutras Anu apa !!
69. Yati Kula sek mules. niki wetenge kenceng-kenceng
i,
70. Bu Sutras Ayak ..mules apane. wis kene, rasah kakehan alasan.
aku nagih dhuwit sewan kamar. Kowe wis rong sasi
nunggak ta?
71. Yati Anu, Den ,....Mas Darsa dereng wangsul !
72. Bu Sutras Lha bojomu ki nang ngendi ?
73. Yati Ngapunten. Ket wau ndalu mboten ulbngsul.
74. Bu Sutras Ha terus ..nek bojomu ra bali-bali, Njuk kowe ra arep
rnbayar? Ngono, pa?
75. Yati Nggih mba yar ta,Den. Niki kula sek ajeng buruh setlika,
mangkeh lak angsal opah !
(Lastri metu soka kamar)
76. Lastri Nuwun, Mbak Yati, niki kula ampili rumiyin
77. Yati Rasah ! (sajake sinis)
78. Bu Sutras l,ho kok rasah piye to, Ti? Lumayan to ana wong apikan
kaya jeng Lastri iki.
79. Yati Pun mangkeh kula mbayar piyambak !
80. Bu Sutras Opahmu setlika, lak isakanggojaganjabang bayimu sik,
Ti. Lumayan.
I,
81. Yati : Lha dene Njenengan niku nggih ngertos nek kula sek
butuh arta kangge jabang bayi niki. Mbok radi tepa slira
ngoten. Kula mboten sah ditagih riyin.
82. Bu Sutras : Eeee... kowe ki kok nranyak karo aku ! Sing jenenge
bisnis ki tetep bisnis ,Ti. Melas ya melas .. karo kowe,
ning aku lak ya tetep butuh ragad nggo mbayar listik,
mbayar banyu, ngganti gendheng bocor. Jal... kowe
nyewa kamar nang nggone wong liyan.. apaya apikan
kaya aku ? Wis ta ... saiki aku gek butuh dhuwit .. kok
tampqwae ulungane Jeng Lastri. Wis jeng .. ndang bayar
*u. rE**e kamar Yati
Yati malah narik tangane Bu Sutros rada ngadoh terus umak-umik nyatu
Lastri.
83. Yati : Nyuwun sewu. Kula prei nek ken nampi arta haram.
Njenengan niku ngertos mboten ta .. enek Lastri niku
sok nyambi. Elek-elek ngeten kula moh nek nampi
barang haram
(Mesthi wse Lastri ngerti nek dicandra elek. Rupane katon kecat, serik ning
mung meneng wae, ord ngerti arep omong opo)
84. Bu Sutras Nyambi... piye ta ?
85. Yati Nggih nyambi... saged dicangking om-om ngoten Iho!
88. Bu Sutras Huss ! Aja ngomong ngawur kowe ! Nek ora nyata
jenenge fitnah.
89. Lastri Nuwun sewu menawi Mbak Yati mboten purun, nggih
mboten napa-napa. Saestu kula namung sadermi badhe
nulungi.
90. Yati Oo dadi kowe ki melasake aku to. Ngece yo kowe karo
aku !..Yohh..anggepmu ki pa h.rweh tcgak pa ! Ndarani
aku ra ngerti pa... saka ngendi dhuwitmu kuwi !
91. Lastri Saestu Mbak Yati, kula mboten ngece. Mangga Mbak
Yati badhe sujana napa kaliyan kula. Punika hakipun
Mbak Yati. Ning kula Kula namung kemutan nasip kula
piyambak, nalika kula ngandheg anak kula rumiyin.
(Lastri katon arep nangis, ning terus ora sida, dheweke
age-age munggel atur) Nyuwun sewu kula tak ting
pekiwan riyin. I
(Lastri munggel coturnn, nuli pamit are nerusake anggone arep adus)
92. Bu Sutras Ti... kowe kok nemen ta olehe gething karo Lastri. Ana
apa ta jan-jane?
93. Yati Kula nikujan sengit! Sengit saestu Lastri niku kemayune
..mboten kantenan.
94. Bu Sutras Rumangsaku, Lastri ki malah wonge alus je, Ti. Rakaya
kowe, centha-centhe !
95. Yati Lha... lha .. Njenegan nggih pun kepilut ta kalih aktinge
Lastri, persis kados Mas Darsa. Mas Darsa niku nek
ngelem Lastri nganti entek entute. Mbadhing-
mbandingke kalih kula. Mbok kaya jeng Lastri kae
,wonge alus, kalem, kayane penuh pengertiankaro wong
lanang.Sengit ! Sengit aku.!
96. Bu Sutras OOo critane ki kowe cemburu to?
97. Yati Kula mboten cemburu ! Kula mung serik. Lara ati kula.
Wong lanang niku rak umume ngalem bojone. Ee Mas
98. Bu Sutras
99. Yati Darsa niku malah ngalem kenya liya, nggih Lastri
100. Bu Sutras kemayu niku. Paling Mas Darsa niku pun diguna-guna
napa nggih kalih Lastri kok mung ngala-ala kula. Sing
jarene crigis lah, kakehan tuntutan lah ! Lha... kula nek
mboten nuntut kalih bojo njuk ken nuntut kalih sinten ?
Kalih ..Mbah Noto, kalih Lek Paidi ..napa kalih wong
ndalan nika. Jal... kula ken mboten crigis pripun, Den.
Wong bebojoan .. pun kalih taun, ngantos sakniki pun
meh qgak-anak, Iha kok sing udhu dhuwit mung kula
mawon. Karep kula niku mbok golek gaweyan sing
maton, kasenenganen keplek kalih mabuk niku mbok
dilereni. Ee... malah kula diarani crigis! Niku wong
lanang napa, to Den.
Ngonoa kae ya bojoMu ta ,Ti. Ya bapakne calon anakmu
kuwi. Sing sabar wae ngadhepi wong lanang. Aku ,Ti.
Wis katog ning mung ngadhepi wong lanang sing
sewenang-wenang. Kangmas Sutras suwargi kuwi
mbiyen dhemenane sak enggon-enggon .Ning piye ...
nek aku nuntut macem-macem ya malah aku dipegat
.Rugi to. sing penting bojo isih Kelingan dalane oMah
wis cukup kok Ti.
Wah niku kuno, Den. Nek kula nggih jo ngasil Jaman
sakniki niku nggih sing jajar ta, .wong wedok kok
disewiyah-wiyah... mboten! Kula mboten trimo.
Ya... uwis Ti. karepmu. Aku mung ngandhani. Sing sabar
! Kowe gek meteng tuwa. Diokehi le istifar. jo kakehan
ngundamana .Ora apik !.Amit-amit jabang bayimu lo .
0.
(Kantlti mantep sojak rado umuk Pak Sugani malah ngaturi Bu Sutrasno
lungguh kursi ing tritise Lastri)
121. Bu Sutras : Sing duwe omah ki aku je, kok malah dimanggakke
|VinS Pak Sugani ora preduli, dheweke malah wis ngganayik lungguh ana
kursi terus ngetokake map saka tas)
123. Pak Sugani Niki. Panjenegan mang tandha tangan ting mriki.
124. BuSutras Tandhatangan napa?
125. Pak Sugani tandha tangan penerimaan trang pengganti
penggusuran !
126. Bu Sutras Penggusuran ??
l; lan Yati
127. Pak Sugani Leres ! tlatah mriki niku wonten cathetan Dinas Tata
Kota, kabangun kanthi liar. Sakniki badhe dibangun
Supermarket. Lha ...CV Maju Terus, nggih kula niki
satunggaling manajeripun, ingkang ditugasi ngrampungi
masalah penggantian kerugian !
128. Bu Sutras (Kanthi suwara kang kemropok banget). Liar ! Liar piye
! Niki omah kula ! Syah ! Tinggale suwargi kang mas
Sutrasno. Raden Mas Sutrasno, nggih garwa kula. Lha
kok enak wae diarane Iiar. Mboten ! Kula mboten sudi
tandha tangan !
129. Pak Sugani Mangga nek panjenengan padhe sulaya. Ning nyuwun
sewu, wonten cathetan kula, tlatah mriki niku ingkang
leres gadhahipun priyayi Jakarta ingkang asma Nyonya
Nien Prayoga ! punika pengusaha ageng! Sugih! punika
kula mbeta fotocopy ingkah syah setifikatipun !
131. Yati Pripun, Den. Kula kok nggih clados bingung
132. Pak Sugani Pun .. kula rebat cekap kemawon, Panj enengan aj en kersa
nampi arto ganti.ugirrupu mboten Z 6V Ua.lu terus niku
... mboten sewiyah-wiyah ngusir ngoten mawon. Niki
wonten j iwa kemanusaanipun ..panj enegan p ikantuk arto
ganti rugi.. lumayan To..
133. Bu Sutras Ora urus ! Aku ora sudi !
134. Pak Sugani Pun panjenengan mboten kersa ?
135. Bu Sutras
0
Ra sudi !
136. Pak Sugani Ning ngeten nggih, Bu Sutrasno. Tlatah mriki mulai
mbenjang sampun kedah dikosongaken ! badhe dibubrah
ngangge buldoser. Resik!
137. Bu Sutras (Mulai nangis, karo jengkel) dibubrah ? Dhuh, Til Piye
iki ... aku ora trimo ! aku ora trimo
138. Pak Sugani (Malah pethenthengan) Nek Njenengan ora trima lajeng
badhe napa? Badhe lapur Pak Lurah ? lapor polisi ? lapur
Pak Bupati ? Mangga ! sing baken CV Terus Maju mesthi
menang. Wong layang niki nik syah. Legal. Pun
procedural!.Ikut aturan ! Wong estunipun panjenengan
pun diaturi priksa saking kelurahan. Mbok sakniki kula
ajeng ngobong omah niki kula saged kok. Mbotenpitados ?
Nek mung ngembrukke omah reot ngeten niki, sipil !"
siram bensin. Whel !!! Pun dados awu kabeh !
(Karo t gomong ngono iku, Pak Sugoni karo petententengan, nmdang-
nendang pager omah kang pancen wis rado botlhol. Mesthi wae Bu sutrus
karo Yati dodi maluh tambah sero olehe tangison.)
139. Bu Sutras Oolah Gusti nyuwun ngapura ! ana wong kok le ora duwe
welas blas!
140. Pak Sugani : Eee ,Kula rak pun matur! CV Maju Terus punya jiwa
tenggang rasa. Punya jiwa kemanusiaan. Mila menika
panjengan mang tampi mawon artanipun. Ning
panjengan malah ngejak sulaya ! Pripun, ajeng tandha
tangan napa milih kula obong omah iniki sakniki ?
(Wong sakloron, Bu Sutras lan Yati dadi gero-gero nangis. Lastri teka bubar
adus rada plenggongan ona kedadeyan kuwi)
141. Bu Sutras : (Ngekep Lastri karo mewek-mewek, moesthi wae Lastri
dadi bingung) Oolah jeng Lastri... iki piye. Dhewe arep
digusur. Omah iki arep dibubrah !
142. Lastri Enten napa ta. Mbak Yati ?
143. Yati Oolah... iki ki masalahe gawat tenan. Omah sewan kene
dalah sakiwatengene jare arep dimbrukke I Njur...piye
..! Njur piye jal ! Wong iku... petugas sing arep ngusir
awake dhewe. ngerti !
(Lastri mlaku ndelengi Pak Sugani, Lustri nguwasake... rada kaget.. terus
nyedhaki Pak Sugoni)
144. Lastrl : sampeyan niku sinten ? Lho... Iho,... nuwun sewu !
Sampeyan ki rak Pak Sugani, To ?
145. Pak Sugani : Oo.. tepat. betul ! Pak Sugani! Dokterandus Sugani.
Sliramu sapa, cah ayu !
146. Lastri : Eram! Eram tenan ! Donya jebul mung sak godhong
kelor. Ciut! pirang-pirangtaun akunggoleki wong kang
aran Sugani. Ya... aku ora salah sampeyan Sugani, to?
147. Bu Sutras Jeng. ngati-ati. Iho. Aja kuwanen !
148. Lastri
149. Pak Sugani Nyuwun se!\u- niki prekawis kula. Prekawisipun tiyang
150. Lastri ingkan-q nate kapilara kalih tiyang ingkang sakwenang-
wenang !
151. Pak Sugani
152. Lastri Lho... kowe ki sapa! Apa urusanmu karo aku .Arep
ndhaftar dadi sekertaris ing CV Terus Maju pa piye isa
diatur, lewat aku! Dokterandhus Sugani !
Oo pancen eram! Eram tenan ! Saking kerep lan okeh
kang Cipilara nganti lali karo korbane. Coba mang eling-
eling sing premati. Aku Sulastri, asale saka Kalisari. Aku
nate sampeyan perdaya, jare arep nglantarake dadi TKW
ing Malaysia kanthi mbayar limang yuta. Ning . jebule,
sampeyan ngapusi ! kok kurung ing penampungan.Terus
kok dol! !
Sik-sik... sing sareh! Kuwi dudu Sugani aku !
Eee aku ora kleru ! Ora kleru !.sampeyan Sugani. Wong
kang tak goleki pirang -pirang taun.Ooolah Gusti... nek
wektu isa tak baleni... mesthine wong kaya sampeyan
wis tak pateni kawit mbiyen! Wong susah kaya aku,
ngimpi isangowahi nasip. Sampeyan kang nggawajanji
manis ngentasaske uripku... malah sakwalike.
mbelesekake aku ana ing lendhut ireng lilemengan. Eling
ora ... kok rayu... sakdurunge kok dol karo cukong, (Lastri
nangis ngguguk. kelara-lara atine kelinganjaman lawas).
Oalah nyuwun sewu, Bu Sutras, (Lastri ngekep dheprok
ana sikile Bu Sutras) Nggih tiyang punika ingkang nate
njlomprongaken kula ... kula disade dados Kenya lemer!
Diuntalaken mrika-mriki tanpa daya. Ananging Gusti
taksih gadhah welas asih. Kula saged mlajar. Saged uwal
saking baya-baya kitha ingkang kejem punika.
Pungkasipun kula ngumboro ing kutha punika... Pikantuk
dedamelan wonten pabrik sepatu.
153. Pak Sugani Kuwi urusan jaman mbiyen, Iho. Saiki urusane beda.
154. Lastri
aku ... saiki ora nyambut gawe ngono maneh.
155. Pak Sugali
156. Lastri Urusan mbiyen ? Ora isa ! Iki urusan urip lan harga
157. Yati dhiriku kang wus kok idak-idak! Iki tanggung jawabmu!
158. Bu Sutras
159. Pak Sugani Tanggung j awabe wong lanang kang ninggal j abang bayi
pirang-pirang taun. r
Jabang bayi ? Jabang bayi apa ?
Ooo ..yoh! Eram! Eram tenan ! sapa sing wis ngrudha
peksa aku sakdurunge diuncalake marang dlamake
cukong mabuk kae? Sapa? Mangertiya... anajabang bayi
kang ora dosa, klanjur kaanggit ! Jabang bayi ... kang
saiki dak titipake panti asuhan! Jabang bayi kang ora
tau kenal bapakne ! Tur luwih becik pancen aja kenal
sapa bapakne !
Lho ... dadi kowe ki wis anak-anak ta?
Ti, sik ta. Kowe ra sah melu cawe-cawe dhisik!
Sareh... nek kowe arep njaluk ganti rugi, tak ganti. Pira
ragade nggedhekke anak nganti limang taun ? seket yuta?
Satus Yuta? Nek mung dhuwit wae tak wenehi ! Kuwi
wae durung mesthi kuwi anakku, Iho ! Nek aku riwil,
sakdurunge menehi dhuwit tak kontes DNA dhisik. Ning
aku ora..! Yoh pira kowe njaluk dhuwit ?
160. Lastri Ooo.. dadi tanggung jawab kuwi mung arep kok ijoli
dhuit sakmono ? ajamaneh kok mung satus yuta. limang
atus sak milyar... ora isa nambani uripku kang klanjur
kejuwing-juwing rlgaya ngene ! Saiki ... apa maneh
kelakuanmu, arep nggusur tlatah kene? Arep ngobong
omah sewan iki / Ayoo... ndang tindakna. Ning
langkahana jisimku ndhisik ! Aku ora wedi ! sapa wong
gedhe ing mburimu ! Sapa ? Jendral ? Bos Konglomerat?
Bathi tak udhal-udhal wadimu !
161. Pak Sugani ; Dhuh aja ngono kuwi ! Ayo sih sareh! Kuwi bisa
dirembtk ! Nek kowe arep njauk tak nikah ya ayo, aku
sanggup
162. Lastri Ora sudi ! Aku bisa urip dhewe ! Arepa tak rewangi awan
bengi babak bunyak. Bundhas kiwa tengen golek dhuwit,
Aku bisa mentas dhewe. Aku nyambut gawe ana pabrik.
Nyuwun sewu, Mbak Yati Menawi Mbak Yati sujana
kula dados Kenya lemer ! Niku leres, ananging niku
rumiyin, jaman lawas ingkang sampun kulatutup. Kula
asring lembur wengi punika nyambi nyambut damel
wontenpapan sanes menawi pas prei. Ning ampun samar
lan sujana. Kula wonten margi ingkang leres, lan kula
mboten badhe ngrisak bale wismanipun tiyang sanes.
Kula namung bade mentas saking kasengsaran.
Tabungan kula sampun lumayan, kula badhe wangsul
ndhusun. Nata gesang kalih lare kula. Ning urusan karo
kowe, Sugani. Ora tau tak tutup ! Ora arep tak jabel!
163. Pak Sugani Dhuhmateng aku ! Iki anabebendukayangeneiki ngimpi
apa aku ! Lastri ... tenan ...yen pancen nyata jaman
mbiyen aku nerak pepager ...iya ...aku njaluk ngapura.
Ning tenan ..masalah pembagunan Supermarket iki,
Aku ana ing jejer kang bener. Layang sertifikat iki syah.
Omah iki omah liar !
164. Lastri Omah liar ? Leres napa Bu Sutras
165. Bu Sutras : Mbuh aku dadi bingung. Pirang-pirang taun manggon
ing omah kene. Kawit j4man suwargi Kangmas Sutras,Ya
garwaku.
166. Lastri Layang sertifikatipun pundi, kula ngampil.
167. Bu Sutras : Layange ..aku pancen ora ngerti. Dhek jaman semana,
aku mung nrima ing pandum ditinlgali omah kene,
kangmas Sutras garwa selire akeh. Apa layang kuwi
kecekel salah sijining garwane ..apa aku ya ora ngerti.
Aku..bingung, jeng. Ti, Yati... bingung tenan !
(Dumadokon Mboh Noto teka, kanthi kreggosan nuntun pite)
168. Mbah Noto : Ti... , Yati... ! Oalah ketiwasan,Ti ! Bojomu ,Ti.
Bojomu !
(Yati age-age methuki Mbah Noto).
169. Yati Napa, Mbah ? Mas Darsa ana ngendi ? Sampeyan
kepethuk Mas Darsa ? Lek kon bali Mbah ! Lho ana
masalah gawat !
170. MbahNoto : Bojomu,Ti. Bojomu
l7l. Bu Sutras : Sing sareh, sik mbah. Kene lungguh sik ... (Mbah
dilungguhke) Nha... saiki gek crita kang laras. Ana apa.
:172. Mbah Noto Darsa, Den. dicekel polisi !!
(Yati, Lastri lan Bu Sutras kaget kabeh.Yati malah arep nangis)
173. Yati : Mbah, Mas Darsa napa, Mbah kok dicekel polisi. Njuk
piye, mbah !
174. MbahNoto : Nganu ...aku mau liwat dalan kidul pasar kebak uwong
nonton grebegan polisi. Aku ya ..melu ndelok Ana wong
kang mlaku dikecrek polisi. Jebul, Ti. wong kang
dikecrek polisi iku, Darsa ! Bojomu ! Ti..jare kecekel
olehe ngrampok toko emas mau bengi. Sing sabar,Ti.
(Yati nangis nglolo. Bu Sutras ngekep karo ngarih-orih)
Bu Sutras : Eealahl..lelakon apa maneh .. istifar ti, lstifar.
(Ananging Yati malah semapu\ tiba ora eling. Bu Sutrss lan Mbah Noto
dadi pating jleril)
175. Lastri : Pun digotong mlebed rumiyin. Mbah ! (Yati nuli
digotong mlebu, Lebar kuwi Lastri ngadhepi Pak Sugani
Maneh) Piye ..? apa sampeyan ora duwe welas asih
marang liyan ? Delengen ..wong cilik..kang kepepet urip
cilaka kaya ngene iki... apa ora isa ndudut atimu? Apa
kapinteran iku mung dadi alat nyulikani liyan ? Aku kang
bodho! Ora sekolah dhuwur wae ngerti, yen urip iku kudu
tung tinulung. Wareg kanthi eling luwening liyan. Ora
..idhep dumeh lagi wenang, njur sakwiyah-wiyah.
Ngidak-idak.Urip mulya kanthi kekesed sengsaraning
liyan. Wong-wong cilik kaya aku, mbah Noto. Bu Sutras,
lan mbak Yati kang ditinggal bojone penjara, saiki lagi
dadi kesed. Wis ... pancen mbokmenawa sampeyan tetep
tegak, ora kesemplak apa maneh mung kesemplak
tanganku kang rimpi iki. Ora ana artine. Aja samar ..
epsumu ora kaumbar iki wis layung sore. sedhela
maneh, candhik ala teka.
Ambrukna.., Ambrukna nganti rata. aku ora wedi. Ora
samar ora bisa urip. Bumine Gusti isih jembar ...Tak
dhadaki, Tak boyong wong saomah iki ing ndesaku pek-
en kabeh ..! Ning ... elingana... enteni aku nang
pangadilan. Nek ora pangadilan donya , yaing ... kan
..pangadilane sing gawe urip!
(Lastri, nutup lawong. Pok sugani lungah lenger lengor ora kumecap apa-
opo)
:176. Pak Sugani Layung sore. Sedhela maneh ana candhik ala. Sapa ....
candhik ala iku ? sapa ...aku ? aku. S4derma + nglakoni
prentah. Prentahe sapa ? Candhik ala?
Pak S ugani, dheleg-dheleg....
Lirih-lirih anu tembang megatruh
Abang maya Layung sore suryo angslup
Lerem -lerem kalbu nini
Mecoki dalan lelabuh
Lempeng menggok kadhang rumpil
Aja nganti kalbu kothong
Ltyar medhun nutup panggung.
Magelang,20 Mei 2008.
MENDHUNG WUS SUMILAK
Swaranc gendhing lamat-lamat
Wengi kang sepi, gawe kekesing ati, Rukmini ora bisa turu tansah klisikan.
Sedhela-sedhela nyawang mandhuwur sasat kaya ngetung usuking omah.
Trataban atine Rukmini nalika kelingan manawa susu kanggo anake wis entek.
Swarane jangkrik lan orong-orong ing wengi iku nambahi kekesing ati.
Rukmini : "Anak$u ngger, apuranen ibumu, apuranen ya, ngger.
Sesuk ibu ora bisa ngudhek susu maneh, susu kang
pungkasan wis kok ombe, saiki mung kari kerdhuse bae.
Dhuh Gusti, mugi kersa paring pangapunten, dosa
punapa ingkang kula sandhang, engga padhuka paring
panandhang dhateng kula?"
Karo nyeka eluh kang dleweran ana pipine, Rukmini menyat saka bale kayu
kang nyuwara pating krengket. Tangane kumlawe nyandhak foto sing di pasang
ana dhuwur lemari cilik ing sandhinge. Kanthi kebak rasa tresna foto kuwi
disawang lan dielus-elus.
Rukmini : "Kakang, apa sing bisa tak tindakke? Aku bingung, aku
sedih. Apa sliramu uga ngerti panandhangku? Ana
ngendi sliramu saiki lan kapan sliramu bali?
Dumadakan keprungu swara lawang didhodhog, Sttmarno kakang ipene
Rukmini teka.
Sumarno : "Rukmini, iki aku Sumarno, tulung bukaken lawange!"
Rukmini
: "lya, kang." (karo mlayu metu saka kamar, banjur
mbukak lawang)
"Ana apa ta kang, bengi-bengi kok ngageti lho!"
Sumarno : 'Ngene lho Min, (karo mapan lungguh ana kursi). Lagi
i bae aku nampa kabar. yen bojomu isih urip."
Rukmini i ]: :
Sumarno : "Apa kang. dadi kang Ardi isih urip?"
(Rukmini kaget, seneng, bungah lan uga ora percaya).
: "Iya, iki lho \^'acanen surat kabar iki!"
(Karo nudhuhalie surat kabar marang Rukmini)
Swara gendhing
Rukmini banjur nyaut surat kabar kang anatangane Sumamo, tangane gumeter,
maca warta ana surat kabar mau. Ardi, telung tahun kepungkrlr pamit nyambut
gawe menyang Malaysia, nanging ora tau ana pawartane.
Rukmini : "Kang Ardi, bener iki fotone kang Ardi. Nanging kena
apa kahanane kaya ngene kang?"
(Angles, rasane ati, Rukmini nangis ngguguk bareng ngerti kahanane Ardi
kang ngalami pasiksan ana negara manca).
Sumarno : "Wis Min, saiki sliramu kudu tabah, kudu kuwat nampa
kahanan iki. Sesuk yen Ardi bali sliramu sing sabar, lan
kudu isa nampa."
Rukmini : "Iya kang, terus apa kang kudu tak tindakke kang?"
Sumarno : "'Wis, saiki ngasoa dhisik, sesuk esuk awake dhewe kudu
mangkat mruput methuk Ardi ana Lapangan Terbang.
Aja kuwatir bab ragad ya, saiki aku pamit mulih dhisik."
Rukmini : "Iyakang, mathur nuwun."
Swarane gendhing
Esuk kuwi Rukmini lan kakange rvis tekan Lapangan Terbang Ahmad Yani.
Atine Rukmini goreh. daya-daya kepingin enggal ketemu karo sisihane.
Sedhela-sedhela Rukmini menyat saka papane lungguh banjur mloka-mlaku.
kaya-kaya wis ora sabar ngenteni tekane Ardi.
Rukmini : "Kok suwe banget va kang, kok ora teka-teka."
Sumarno : "Sabar ta Min, mongko rahya teka."
Dumadakan keprungu swara$e montor mabur teka.
Rukmini : "Kang, kae mesthi kang Ardi."
Rukmini enggal-enggal ngangkat tulisan jenenge Ardi. Supaya enggal
dimangerteni manawa keluargane Ardi wis methuk. Sumamo uga melu ngadeg
anajejere Rukmini.
Sumarno : "Sabar ya Min, ditata atimu, supaya sliramu kuwat
nemoni kanyataan."
Rukmini : "Iya kang, aku tatag kok kang, aja kuwatir."
Rukmini kaget banget nalika ana sing nyenggol pundhake. Ana pawongan
gantheng menganggo sarwa rapi ngadeg ana mburine.
Dimas "Nuwun sewu, panjenengm Ibu Rukmini?"
Rukmini "Inggih pak, panjenegan punika sinten?"
Dimas "Kula Dimas petugas ingkang kajibah ngeteraken Pak
Ardi, bu."
Rukmini "Pak Dimas, lajeng pundi kang Ardi pak?" (Swaranb
Rukmini groyok, ora krasa eluhe dleweran nelesi pipine)
Dimas : "Pak Ardi dereng saged wangsul sapunika, bu, awit
kedah dipun rawat wonten satunggaling griya sakit
rumiyin."
Su'arane gendhing
Rukmini *l.r,ggong, kuciwa, gela, lan kuwatir krungu pangandikane Pak
Dimas, eluhe dleweran, tangane gumeter-
Rukmini : "Lajeng wonten griya sakit pundi, Pak?"
:I Sumarno "Inggih pak, wonten pundi? punapa dipun keparengaken
tuwi?"
I
I : "Inggih, mangga Ibu lan Bapak enggal kula dherekaken'"
l
Dimas
l,
Ana rumah sakit.
lr
i Swarane gendhing
Ardi sing isih durung eling dirawat a.61a salah sawijining kamar' Rukmini,
Sumarno lan Pak Dimas tekan Rumah Sakit banjur njujug ana kamare Ardi'
Rukmini wis ora sabar, mbukak lawang kamar, banjur pecah tangise.
Rukmini : "Kang...kang Ardi...eling kang, iki aku Rukmini
sisihanmu."
(Penjerite Rukmini karo ngrungkebi tudi)
Sumamo "Min, sabar ta Min, bojomu ki durung sadhar, mula
sliramu sing sabar Ya"'
(Karo nyandak Pundhake Rukmini)
Dimas "Bu, panjenengan kedah sabar, Pak Ardi punika kedah
kathah ngaso supados enggal sadhar."
Dimas : "Pak Ardi dereng saged wangsul sapunika, bu, awit
kedah dipun rawat wonten satunggaling griya sakit
rumiyin."
Su'arane gendhing
Rukmini *l.rrggong, kuciwa, gela, lan ktrwatir krungu pangandikane Pak
Dimas, eluhe dleweran, tangane gumeter-
Rukmini : "Lajeng wonten griya sakit pundi, Pak?"
Sumamo : "Inggih pak, wonten pundi? punapa dipun keparengaken
tuwi?"
Dimas : "Inggih, mangga Ibu lan Bapak enggal kula dherekaken'"
Ana rumah sakit.
Swarane gendhing
Ardi sing isih durung eling dirawat a1a salah sawijining kamar. Rukmini,
Sumarno lan Pak Dimas tekan Rumah Sakit banjur njujug ana kamare Ardi'
Rukmini wis ora sabar, mbukak lawang kamar, banjur pecah tangise'
Rukmini : "Kang...kang Ardi'..eling kang, iki aku Rukmini
sisihanmu."
(Penjerite Rukmini karo ngrungkebi Ardi)
Sumamo : "Min, sabar ta Min, bojomu ki durung sadhar, mula
sliramu sing sabar Ya"'
(Karo nyandak Pundhake Rukmini)
Dimas : 'oBu, panjenengan kedah sabar, Pak Ardi punika kedah
kathah ngaso supados enggal sadhar'"
Sumamo "Iva Min, bener ngendhikane Pak Dimas. luwih becik
ndedonga bae, kareben Gusti Allah paring pitulungan
Rukmini marang Ardi, ya Min?"
Dimas
"lya kang." (karo sesegen lan nggegem tangane Ardi)
Rukmini +
Sumamo "BuRukmini lan Pak Mamo, panjenengankekalih saged
Sumamo kantun wonten ngriki nenggani Pak Ardi, dene kula
badhe nyuwun pamit rumiyin, benjing enjing kula
Rukmini wangsul mriki malih, pareng Pak, Bu."
Sumarno
Sumarno "InggiilPak Dimas, matur nuwun sanget, Pak."
Rukmini (Sumarno nguntabake Pak Dimas)
Sumarno
Rukmini "Min, apike aku tak mulih dhisik ngabari wong ngomah,
sliramu keri ono kene nunggoni Ardi. Bab anakmu, ora
usah mbok pikir kareben di openi mbakyumu, ngono ya
Min."
"Iya kang, titip Reni ya kang."
"lya...iya, wis aja kuwatir aku bali ya."
(Karo ngulungake dhuwit marang Rukmini)
"Iki senajan sithik kena kanggo cekelan lan ragad sliramu
ana kene, ya."
Mbrebes mili, Rukmini nampani dhuwit saka kakange.
"Matur nuwun kang."
"Iya, wis Min aku bali ya, aja lali wetengmu kuwi aja
nganti keluwen, ya."
"Iya kang ..."
Sapungkure Pak Dimas lan Sumamo.
Gendhing
Rukmini nyawang praupane Ardi, kanthi kebak welas asih, eluhe dleweran
nelesi pipine.
Rukmini : "Kang Ardi, enggal eling ya kang, aku kepingin ngerti
apa kang wis kedadeyan marang sliramu kang?"
i
Dina candhake.
i
il Swarane Gendhing lamat-lamat.
t:,
J
,| Rukmini sasat ora cumingkang, kanthi setya tuhu Rukmini tansah ana sandhinge
rl* Ardi.
Il
i Rukmini : "Kang Ardi, kenapa kaya ngene dadine kang?, ora ngira
lungamu telung tahun kepungkur nedya golek pangupa
i jiwa malah nemu cilaka. Aku rak wis kandha ta kang,
ora perlu tekan Malaysia, aku trima urip samadya. Apa
sing kok alami kang?, pasiksan saka majikan sing babar
pisan ora ana rasa kamanungsane. Gusti. kula yakin
paduka boten sare, kersaa paring aksama dhateng semah
kula, Gusti."
Klethek, swarane lawang dibukak, Pak Dimas rawuh, Rukmini enggal-enggal
ngusapi eluhe.
'Nuwun, Bu Rukmini, kados pundi kawontenanipun pak
Ardi?"
"Pak Dimas, mangga kawontenanipun kang Ardi taksih
sami kados kala wingi, Pak. Manawi pareng kula badhe
nyuwun pirsa Pak."
Dimas "Inggih bu, mangga.
Rukmini "Pak Dimas, estunipun kula tasih bingung ngengingi
kawontenanipun kang Ardi. mbok bilih pareng kula
nyuwun katrangan kados pundi ngantos kedadosan
mekaten punika pak?"
Dimas "Bu Rukmini, prastawa mekaten punika sampun asring
kedadosan, majikan nyiksa andhahane, Panjenengan rak
Rukmini sampun maos koran ta, Bu? Nggih kados mekaten p-unika
Dimas ingkang kedadosan dhateng Pak Ardi."
Rukmini 0
"Lajeng lepatipun kang Ardi punapa, Pak?"
"Namung prekawis prasaja Bu. Mekaten, Pak Ardi
klepyan mboten nyukani tedha dhateng segawon
klangenanipun majikan, engga segawon kala wau nemahi
sakit lajeng pejah, pramila majikanipun lajeng nesu
ngantos kedadosan prastawa "penyiksaan" punika."
"Ya Allah ya Robi, semana ajine nyawane kewan,
tinimbang nyawane manungsa kula mboten trimah, Pak."
Swarane gendhing
Rukmini kekes atine, eluhe ora bisa dibendung maneh, dene sisihane kang
banget ditresnani diasorake drajate dening liyan.
Rukmini : "Pak Dimas, manah kula sakit sanget Pak, kang Ardi
punika tiyang ingkang kula tresnani, ingkang mbudidaya
netepi darmaning kakung, nyekapi samukawis dhateng
kulawarganipun. Nanging tebanipun dipun asoraken
drajatipun, langkung asor katimbang segawon, kula boten
trimah, Pak." (Rukmini nangis kelara-lara)
Dimas "lnggih bu. kula ugi saged ngraosaken sakiting manah
panjenengan. nanging panjenengan kula aturi sabar
Rukmini nggih, Bu!"
Dimas
Rukmini "Pak Dimas, kula sampun sabar, nanging lajeng kados
Dimas pundhi tanggel j awabipun maj ikanipun kang Ardi, Pak?"
Rukmini "Bu, sedaya sampun dipun urus dening pamarintah,
Dimas
pramila panjenengan ingkang sabar nggih?"
Rukmini
Dimas "Kula punikatiyang mlarat Pak, tiyang alit, lajeng punapa
Rukmini
ingkang saget kula tindakaken Pak?" t
"Bu Rukmini, samukawisipun sampun dipun tata dening
Pamarintah, bab tuntutan, wragad lan sanes-sanesipun,
awit Pak Ardi punika TKI resmi, ingkang dipun kintun
Pamarintah minangka Tenaga Kerja Indonesia wonten
Malaysia, pramila sedaya dados tanggel jawabipun
Pamarintah."
"O...ngaten ta Pak."
"Pramila panjenengan ampun kuwatir nggih Bu!. sedaya
kabetahanipun Pak Ardi ngantos saras dipun tanggel
dening Pamarintah."
'Nggih Pak, matur nu$un."
"Manawi mekaten, kula nyuwun pamit. mangke sanes
wekdal kula mriki malih, pareng Bu."
"Mangga. mangga Pak, matur nuwun."
Swara gendhing
Ardi lagi wae diupakara lan dipriksa dokter. Bombong atine Rukmini dene
kahanane Ardi wis luwih apik, miturut dokter ora suwe maneh Ardi bakal
pulih, awit masa kritis wis kasil diliwati.
Rukmini : "Kang, enggal sadar 1'a kang, aku lan Reni anakmu tansah
setya marang sliramu. Kang. Reni wis gedhe lucu banget,
pinter, ayu pisan, kakang uga kangen ta karo Reni?
Kakang enggal warffi YZl, supaya isa kumpul maneh karo
aku lan Reni.
Thok, thok, thok, swara tuJ*g didhodhog. Rukmini menyat saka papapane
lungguh, banjur mbukak lawang. Sumarno wis ana ngarep lawang'
Rukmini : "Kang Marno, kene, kene pinarak kene!"
Sumamo : "lYa Min, PiYe kabare Ardi?"
(Karo nyedhaki Ardi lan nyekel tangane Ardi)
Rukmini : "Manut ngendhikane dokter wis apik kok kang, menawa
ora suwe maneh kang Ardi bakal sadhar, awit wis kasil
ngliwati masa kritis."
Sumarno : "Alhamdulillah, muga-mugaenggaldi paringi sadharya
Min."
Rukmini : "Ya kang, pangesfune bae Ya."
Sumarno : "Ya. Min, awake dhewe kudu akeh ndedonga murih bisa
enggal waras."
Dumadakan Rukmini kaget, awit krasa tangane sing nggegem tangane Ardi
ana sing ngobahke.
Rukmini : "Kang Ardi, kang Mamo- tangane kang Ardi obah, krasa
kang tenan, aku.krasa."
Swara gendhing
Rukmini ora sranta, tangane Ardi banjur diarasi. digegam kenceng.
Rukmini : "Kang Ardi, kang sliramu wis bisa krungu swaraku?
kang... tenan kok, kakang Ardi wis sadhar kang?"
i' Sumarno melu kaget, ora percaya menawa adhine wis nglilir saka anggone
koma.
Sumarno : "Min, Min, eling ta Min, ajakayangorrS!"
Rukmini : "Tenan kok kang, kang Ardi wis sadhar!"
Sumamo : "Tenan ta, aku tak matur dokter."
Ora suwe Marno wis teka karo Pak Dokter. Dokter enggal-enggal mriksa Ardi.
Dokter : "Bu, leres Pak Ardi sampun sadhar, nanging
kawontanipun tasih dereng pulih, ampun kuwatos, Pak
Ardi sae kok, Bu."
Rukmini : "Alhamdulillah Gusti, matur nuwun sanget Pak Dokter."
Dokter : "Inggih, Bu, sami-sami, nanging Pak Ardi kedah kathah
istirahat nggih."
Rukmini : "Inggih Pak."
Dokter metu saka kamare Ardi. Rukmini ora sabar banjur marani Ardi.
Rukmini : 'oKang Ardi..,kang, iki aku Rukmini kang, aku ana
sandhingmu." (karo nggegam tangane Ardi)
L
!--
Sumamo : "Di, Ardi...kowe wis eling Di? Aku kakangmu."
Ardi alon-alon wiwit mbukai nrripate, lamat-lamat wis bisa nyawang blegcre :
kakange, swarane lirih banget nyebutjenenge kakange.
Ardi : "Kang...Marno."
Sumarno : "lya Di, aku kakangmu, iki Rukmini sisihanmu."
Rukmini : "Kang...kang Ardi."
Rukmini ora kuwawa nerusake tembunge, amung swara tangise kang keprungu,
Rukmini nangis ana dhadhme Ardi."
Ardi : "Min...Rukmini..."
Tangane kumlawe ngelus-elus rambute Rukmini, sisihane kang banget
ditresnani.
Ardi : "Apuranen...aku...ya Min, aku..."
Rukmini enggal munggal tembunge Ardi kanthi nemplekake drijine ana lathine
Ardi.
Rukmini : "Wis kang, wis tak apura sakabehe, kang Ardi ora luput.
ora...kang."
Sumarno : "W'is, Di, ora ana sing luput, saiki sing baku awakmu
kudu sehat, murih bisa enggal-enggal metu saka Rumah
Sakit."
Rukmini : "Iya kang, bener kang Marno, kang Ardi ngaso. kareben
tenagane enggal pulih, aku ana sandhingmu terus kok
kang."
Ardi mung manthuk, banjur merem, ngaso.
Swara gendhing.
Bombong rasane. Rukmini wis bisa mesem maneh. amarga Ardi sisihane wis
dikeparengake mulih. Senajan ana ngomah Ardi durung bisa nyambut gawe
nanging Rukmini ayem bisa sesandhingan karo sisihane.
Rukmini : "Kang, aku seneng, kakang wis ana kene, kaya wingi
uni. Akutrimakok, kang, urip kayangene. Senajan sarwa
kurang, nanging aku ayem arnarga ana kang Ardi ning
sandhingku."
Ardi : "Min, apuranen aku, telung taun sliragru tak tinggal,
tanpa bisa kirim apa-apa,aji maneh dhruwit, *urtu'f,u.
ora."
Praupane Ardi katon sedhih, kuciwa lan rumangsa salah. Rukmini tanggap ing
sasmita, karo mesem Rukmini banjur lungguh ana sandhinge Ardi.
Rukmini : "Kang, sawangen aku."
Ardi nyawang praupane Rukmini, eseme Rukmini gawe tentrem ing ati. Drijin
Rukrnini digegem kenceng banjur diaras.
Rukmini : "Kang, kakang bisa bali bae aku wis seneng banget.
Kakang, aku ora bakal ngeculake kakang golek pangupa
jiwa ana manca maneh, aku janji bakal setya tuhu, aku
ora bisa adoh karo kakang, aku ora rila menawa kakang
mangkat menyang Malaysia maneh."
Ardi : "Ora Min, aku ora bakal bali menyang Malaysia maneh,
aku kapok. Aku yakin ana kene, ana Indonesia luwih-
luwih ana desane dhewe kene aku isih bisa kanggo
nguripi kulawarga."
Rukmini : "Alhamdulillah kang, aku sarujuk. aku bakal sabiyantu
nvambr-rt, sa\\'c apa bac anggere khalal
il"l}:.I3un*'
Saka njaba keprungu swara motor mandheg. Rukmini menyat saka panggonane
lungguh, banjur metu mbagekake kang lagi teka.
Rukmini "Kang Marno, mangga K*g, pinarak kene!"
Sumarno "Piye kahanane Ardi, rak wis apik ta?" (Pitakone
Sumamo, karo mapan lungguh)
Rukmini "Ya, $is lumayan kang, tinimbang wingi-wingi."
(Sumaure Rukmini karo jumangkah mlebu, marani Ardi ana senthong)
Rukmini "Kang, ana kang Marno, ayo tak dherekke metu nemoni
kang Marno."
Ardi "Ya, tuntunen aku, aku kangen banget karo Kang
Mamo."
Rukmini nuntun Ardi metu saka senthong nemoni Sumamo.
Ardi "Kang Marno, sugeng Kang."
Sumarno "Iya Di, pangestune, piye awakmu Di?"
Ardi "Alhamdulillah Kang, wis rada kepenak. Kang Marno
saka ngendi iki mau?"
Sumarno "Saka ngomah, pancen kepingin rene, ketemu sliramu
karo arep takon kepriye urusane, kok ora ana wartane?"
Ardi "Mboh Kang, aku dhewe ora ngerti, njur piye carane
ngurus, aku babar pisan ora ngerti. Kang."
Rukmini metu nyuguhake wedang, banjur lungguh ana sandhinge Ardi.
Rukmini "Upama awake dhewe takon marang Pak Dimas ngono
piye ya Kang?"
Sumarno "Lha ya gathuk kuwi, Min, lha apa kowe duwe nomere
telpon Pak Dimas?
Rukmin "'Wah, ora duwe Kang."
Ardi "Coba ta Kang, Kang Mamo golek sisik melik takon
marang wong sing ngerti ing babagan u$tm."
Sumarno "lya Di, mengko aku tak golek katrangan sing cetha."
Rukmini "Mangga lho Kang, diunjuk. nanging unjukane kendel,
wong ora ana nyamikane."
Sumarno "Iya, Min, ora apa-apa."
(Sumarno nyandhak gelas isi teh anget, banjur diombe)
Sumarno : "Ya wis, nek mangkono aku pamit ya Di, sesuk-sesuk
aku tak mrene maneh ya, lho, Reni ana ngendi kok ora
ketok?"
Rukmini : "Reni ndherek mbahe Kang, Iha wong klayu karo
mbahe."
Sumarno : "O....ngono ta,yawis, aku pamit ya."
Ardi + Rukmini : "Mangga, mangga Kang, matumuwun rawuhe ya Kang."
Gendhing
Esuk kuwi Ardi lagi wae bubar dhedhe ana latar. banjur lunguh ana lincak
pring kang ana tritis omah. Pikirane tumlawung sajak ana sing dipikir.
Ardi : "Dhuh Gusti, kok kaya ngene papesthening uripku, kena
apa aku tansah nemoni dalan buntu kanggo nggayuh
kamulyan? Apa pancen garising uripku kudu kaya
ngene? Ora, aku ora kena pasrah marang nasib, aku kudu
bisa gumregah maneh, golek dalan supaya bisa uwal saka
panandhang iki."
Ardi kaget nalika Rukmini lri, lu.,ggrh ana sandhinge.
Rukmini : "Kang, kok ngalamun, apa ta sing di pikir?"
(Ardi gragapan mangsuli pitakone Rukmini)
Ardi "O....O....ora kok Min, aku oraapa-apa kok."
Rukmini "Kang Ardi, aja kakehan pikiran ta Kang, mengko
mundhak ora enggal pulih kesehatarmu."
Ardi "Ora kok Min, aku mung kepingin enggal waras, kareben
enggal bisa nyambut gawe maneh, nyukupi kebutuhanmu
lan Reni."
Rukmini "Kang, aku lan Reni isih bisa mangan kok, dadi Kang
Ardi ora usah mikir neka-neka dhisik."
Ardi "Min, aku kepingin enggal-enggal ngerti kepriye
wusanane prakara iki."
Rukmini : "Ya. sing sabar K*g, pancen awake dhewe iki wong
cilik sing ora mudheng bab ukum, dadi ya di enteni bae
piye mengko rvusanane."
;' Swara gendhing
F Er,rt kuwi Rukmini lagi rampung anggone reresik omah banjur ngladeni
sarapan sisihane.
Rukmini : "Mangan karo sambel lalap timun, enak banget ya
Kang?"
Ardi "Nanging rak luwih enak lawuh empal ta Min?"
Rukmini
"Kang Ardi iki lho, nanging kanggoku enak ngene kok
Ardi
Kang, amarga atiku ayem katunggon sliramu."
"Tenane...., ngko gek... "
(Rukmini mencereng nyawang Ardi)
Ardi 'Ngko gek ngapa?"
Ardi "Ora....wis...aja gojeg, mengko mundhak anake tangi."
Rukmini "Kang, nggayuh mulya kok angel banget ya. Kang?"
Ardi "Nek gampalgya ora kaya ngene iki, rak yata?"
Rukmini
"IyayaK*g, nggayuh mulya kok malah nemu cilaka."
Swara gendhing
Sabubare sarapan Ardi lan Rukmini padha nguda rasa.
tudi "Min, yen prakara iki wis rampung, aku kepingin
nyambut gawe maneh supaya bisa nyukupi kebutuhan
keluarga."
Rukmini "Iya Kang, anggere kakang wis sehat, aku lila, nanging
ora adoh-adoh ya Kang."
tudi
"Iya Min, iba senenge yen awake dhewe duwe pawitan
kanggo usaha, sanadyan dodolan cilik-cilikan ora dadi
apa."
Rukmini "Muga-rtuga Gusti Allah mireng lan ngij abah ya Kang."
Dumadakan keprungu swara.
Dimas : "Assalamu'alaikum."
Rukmini : "Wa'alaikum salam."
(Jumangkah mbagekake tamu sing lagi teka)
Rukmini : "Pak Dimas, mangga-mangga pinarak Pak. Kang Ardi,
iki lho Pak Dimas rawuh rene!"
Ardi enggal-enggal nemoni Pak Dimas, senajan mlakune isih nganggo kruk.
Ardi : "Pak Dimas, sugeng Pak."
Dimas : "Pangestunipun Pak, kados pundi sampun sehat?"
Ardi : "Alhamdulillah, sampun Pak."
(Karo mapan lungguh ana sandhinge Rukmini)
Rukmini : "Wonten kersa punapa Pak Dimas, kok keraya-raya
rawuh?"
ll "Mekaten, Pak Ardi lan Bu Rukmini. kula punika utusan I
saking Pemerintah Kabupaten. kinen ngaturi kabar bilih
t. Pak Ardi mbenjing enjing tabuh 09.00 kedah rawuh I
t' rvonten Pendhapi Kabupaten saperlu nampi santunan l
I saking Pamarintah."
1
Dimas "Alhamdulillah, matur nuwun sanget Pak, senaosa
Ardi mlampah taksih angel, nanging kula estokaken Pak, kula
tamtu dhateng."
Rukmini
Dimas "SantunanpunapapunikaPak?"
Rukmini r
Ardi
Dimas "Santunan saking Pamarintah, awit Pak Ardi TKI
Ardi ingkang Resmi."
Dimas "O....mekaten ta."
Rukmini
Dimas "Lajeng bab prakawisipun kados pundi, Pak?"
Ardi
"Mekaten Pak Ardi, bab prakawisipun sampun dipun
urus dening Pamarintah, dados Pak Ardi kantun nengga
kemawon, awit Pamarintah Indonesia kaliyan
Pamarintah Malaysia nembe ngusut prakawis punika."
"Dados, mangke sawanci-wanci wonten kabar ta, Pak?"
"Leres, Pak Ardi. Menawi makaten, kados sampun cekap
kepareng, kula nyuwun pamit."
"Lho kok kesesa ta Pak?"
"Inggih Bu, awit taksih kathah pedamelan ingkang kedah
kula rampungi, pareng Pak, Bu."
"Mangga-milgBa, Pak. Matur nuwun"
Gendhing
Iba bungahe Ardi lan Rukmini, nampa kabagyan kang tan kanyana-nyana.
Rukmini "Kang, Gusti Allah ngijabahi ya kang, dhongane awake
dhewe dadi kasunyatan."
Ardi "Iya Min, muga-muga kanthi rejeki iki awake dhewe bisa
urip kang tumata."
Rukmini 'oAmin, amin, yarobbal alamin, kanggo pawitan urip ya
Kang."
Ardi "Iya, M!n, nanging awake dhewe uga kudu bisa legawa
Rukmini nampa kasunyatan kang bakal dumadi."
"Bener Kang, aja kuwatir, aku bakal bisa nampa
kasunyatan apa bae kok, Kang."
Ardi "Wis Min, yen ngono sliramu kudu tata-tata murih sesuk
ora kesusu mangkat menyang Kabupaten."
Rukmini "lya Kang."
Gendhing
Bubar saka Kabupaten nampa santunan Ardi lan Rukmini enggal-enggal bali.
Panase sang Bagaskara ora dirasa awit adheme ati kang lagi bungah nampa
kabagyan.
Ana omahe Ardi.
Rukmini : "Alhamdulilah ya Allah paduka tansah mireng pandonga
kula."
Ardi : "Ya ngono Min, tansah nelakake rasa sukur marang Gusti
ora kena lali, awit kabeh mau paringane Gusti Allah."