The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

DESKRIPSI PAKAIAN ADAT JAWA-SYAEFUL FATRI

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by syaefulfatri200487, 2021-12-05 08:00:53

DESKRIPSI PAKAIAN ADAT JAWA-SYAEFUL FATRI

DESKRIPSI PAKAIAN ADAT JAWA-SYAEFUL FATRI

TEKS DESKRIPSI PAKAIAN
ADAT JAWA
Syaeful Fatri, S.Pd

3.3 Memahami isi teks deskripsi
tentang pakaian adat Jawa.

4.3 Menanggapi isi dan menceritakan
kembali teks deskripsi tentang
pakaian adat Jawa.



1) nemtokake bab kang arep ditulis
2) Ngumpulake katrangan kanthi njlingglengi bab

kang arep ditulis.
3) Nyathet perangan-perangan bab kanthi tlesih.
4) Nulis kasile njlingglengi mau kanthi urut,cetha,

urip lan gunakake tembung-tembung kang trep.
5) Naliti lan mbenerake ukara supaya dadi wacan

kang becik

 Paragraf Deduktif : paragraf kang ukara pokoke
manggon ing ngarep paragraf,banjur kasusul
ukara panjlentreh

 Paragraf Induktif :paragraf kang ukara pokoke
manggon ing mburi paragraf

 Paragraf campuran :paragraf kang ukara pokoke
manggon ing ngarep lan mburi paragraf

JARIK
Jarik, yaiku kain dawa sing gunane kanggo nutupi perangane
awak nganti tekan sikil. Jarik iku wujude lembaran kain kang ana
gambare,lumraake awa diubedhe gambar motif batik. Jarik digunakake
kanthi diubedake awak, nutupi saka bageyan puser nganti tekan sikil.
Carane ngubedake awak iya kudu nganggo waton,dadi asile disawang iya
katon apik. Jarik iku ana wirune, yaiku lempitan-lempitan jarik ing bageyan
pinggir.
Jarik iku ngemu sasmita aja sirik utawa aja gampang meri marang
kabegjane liyan. Rasa meri iku oleh-olehe ora ana liya kajaba andadekake
gampang grusa-grusu, gampang muntab, lan gampang duwe rasa
mangkel marang liyan. Dadi jarik iku sejene duweni piguna pinangka
busana uga nyimpen piwulang kabecikan.
Jarik iku jinise busana adat Jawa sing bisa digunakake dening
priya lan wanita, nanging carane nganggo ora padha. Jarik sing dianggo
dening para priya iku wangune meh kaya sarung. Ing jaman saiki jarik iku
dinggo ing adicara-adicara tartamtu, dadi dudu sandhangan padinan ing
masyarakat umum.


Click to View FlipBook Version