The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

E Modul Piwulang Bahasa Jawa Kelas VI semester 1

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ekomurdianto83, 2022-09-20 03:04:02

E Modul Piwulang Bahasa Jawa Kelas VI semester 1

E Modul Piwulang Bahasa Jawa Kelas VI semester 1

BAHAN AJAR ELEKTRONIK
PIWULANG BASA JAWA
KELAS VI
SEMESTER 1

KASUSUN DENING:
EKO MURDIANTO, S.Pd

Assalamualaikum

ASSALAMUALAIKUM WR.WB.
Kanthi ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang

Maha Kuwaos ingkang tansah paring rahmat sarta
hidayahipun saengga penyerat saged ngripta BAHAN AJAR
ELEKTRONIK PIWULANG BASA JAWA SEMESTER 1 kangge

para siswa ing sekolah dasar kelas VI.
Kula ngrumaosi menawi tasih katah kekirangan-
kekiranganipun. Pramila kula ngaturaken agunging
panuwun mbokbilih wonten rencang-rencang guru utawi
sinten kemawon ingkang saged maringi pitedah saha
panyaruwe ingkang tumuju dhateng sampurnaning Bahan

Ajar Elektronik Piwulang Basa Jawa punika.
Ing wasana minangka panutuping atur, mugi-mugi Bahan
Ajar Elektronik Piwulang Basa Jawa punika wonten gina

paedahipun utaminipun wonten ing wekdal Pandemi
COVID 19 sakmenika. Ing wasana kula aturaken matur

sembah nuwun.

ISINING PUSTAKA Wulangan 1. Kabudayan

Wulangan 2. Kesenian
Gladhen Tengah Semester
Wulangan 3. Pengalaman
Wulangan 4. Kasetyan
Gladhen Akhir Semester

KOMPETENSI INTI LAN KOMPETENSI DASAR

WULANGAN 1. KABUDAYAN

A. CRITA TEKS DESKRIPSI

Tembung deskripsi asale saka bahasa Latin discribene kang duweni teges gambaran, perincian,utawa
pembeberan.
Dadi karangan deskripsi yaiku karangan kang nggambarake salah sawijiningh objek adhedasar kasil
pengamatan,
pangrasa, lan uga pengalamane panulis. Ciri-ciri teks deskripsi yaku :
1. Nggambarake utawa mratelakake samubarang.
2. Panggambaran mau kanthi gamblang lan migunakake panca indra.
3. Wong kang maca kaya-kaya melu ngalami dhewe.
4. Mratelakake ciri-ciri objek kayata werna, ukuran, bentuk,lan kahanan samubarang objek kanthi rinci.

TULADHANE CERITA DESKRIPSI

WULANGAN 1. KABUDAYAN

B. UNGGAH-UNGGUH BASA

Basa jawa isih ngugemi unggah-ungguh basa (santun berbahasa). Undha-usuk (tataran) ing basa jawa
kaperang kaya ing ngisor iki :
1. Basa Ngoko

a. Ngoko lugu yaiku basa ngoko sing ora kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing
diajak guneman utawa tembung-tembunge ngoko kabeh.
Panganggone :
1). Marang wong sing sadrajad (sebaya) sing wis kulina (akrab)
2). Marang wong sing luwih enom.
Tuladha :
- Kowe arep lunga menyang ngendi?
- Kowe mau tangi turu jam pira?

b. Ngoko alus (ngoko andhap) yaiku basa ngoko sing kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap
wong sing diajak guneman.
Panganggone:
1). Sedulur enom marang sedulur tuwa
2). Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur
Tuladha:
-Bapak mau apa wis dhahar tenan?
- Sare kene bae lho, ora usah kondur!

WULANGAN 1. KABUDAYAN

2. Basa Krama
a. Krama lugu (krama madya) yaiku basa sing tembung tembunge lugu lan ora kacampuran tembung-

tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Panganggone:
1) Marang wong sadrajad sing durung raket (kulina)
2) Priyayi sing luwih dhuwur drajade tinimbang sing diajak guneman
Tuladha:
- Sampeyan badhe kesah teng pundhi?
- Kula ajeng damel unjukan rumiyin

b. Krama alus (krama inggil) yaiku basa sing tembung-tembunge kacampuran tembung-tembung krama
inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Panganggone:
1) Wong enom marang wong tuwa
2) Marang wong sing luwih dhuwur drajade
Tuladha:
- Simbah dipunaturi sare wonten kamar
- Panjenengan ngasta punapa, mbak?
- Panjenengan badhe tindak dhateng pundhi?
- Panjenengan saking kantor nitih punapa?

WULANGAN 1. KABUDAYAN

C. Maca lan Nulis Pokok-Pokok Isine Teks Deskripsi

Bab-bab kang kudu digatekake kanggo nemokake gagasan baku (ide pokok) ing sajroning wacan, yaiku:
1. Nemokake ukara kang dadi punjere informasi (kalimat utama) ing sawijining paragraf.
2. Ukara sing dadi punjering informasi iki panggonane bisa ing wiwitane paragraf utawa ing pungkasane

paragraf
3. Mangerteni ukara-ukara kang nerangake pokok pikiran (kalimat penjelas)
4. Nulis dudutan/kesimpulan saka ukara kang dadi punjere informasi ing sawijining paragraf kasebut dadi

gagasan baku(ide pokok)
Kanggo nemtokake gagasan baku (ide pokok) kang kinandhut ing sajroning paragraf,luwih dhisik kudu
dimangerteni jinise paragraf. Jinise paragraf ana 3, yaiku:
1. Paragraf deduktif, yaiku paragraf kang gagasan bakune ana ing wiwitan paragraf
2. Paragraf induktif, yaiku paragraf kang gagasan bakune ana ing pungkasane paragraf
3. Paragraf campuran, yaiku paragraf kang gagasan bakune ana ing wiwiwtan paragaraf lan pungkasane

paragraf

D. Sanepa

Sanepa yaiku unen-unen sebangsane pepindhan, ngemu surasa mbangetake nanging nganggo tembung sing tegese
Kosok balen karo karepe. Tuladha :
1. Ambune arum jamban tegese ambune bangir banget
2. Lungguhe anteng kitiran tegese tansah polah ora bisa anteng

WULANGAN 1. KABUDAYAN

WULANGAN 2. KESENIAN

A. CRITA WAYANG “GATHUTKACA GUGUR”

WULANGAN 2. KESENIAN

B. Kawruh Wayang

GLADHEN TENGAH SEMESTER

1. Apa ciri-cirine karangan deskripsi? Sebutna!
2. Salinana nganggo basa krama alus!
a. Simbah tuku jenang ana pasar.
b. Yen esuk bapak menyang kantor numpak bis
3. Ing Tegal Kurusetra prasasat banjir ludira
jalaran padha nemahi pralaya. Pralaya tegese?
4.Kapan Tradisi Syawalan ing Kaliwungu
dianakake?
5. Apa Tegese perang Baratayuda?

WULANGAN 3. PENGALAMAN

A. CRITA PENGALAMAN

Pengalaman iku sawijining kedadean sing wis dialami. Kabeh wong mesthi duwe crita pengalaman.
Pengalaman iku ana sing nyenengake lan ana sing gawe susah. Yen arep crita babagan pengalaman, mesthi
bae kudu ngeling-eling sing wis dialami utawa wes diweruhi. Ora kena ngarang, apa meneh digawe-gawe.

B. SEBUTANE BOCAH

1. Ontang-anting : anak siji lanang
2. Unting-unting : anak siji wadon
3. Uger-uger lawang: anak loro lanang kabeh
4. Kembang sepasang: anak loro wadon kabeh
5. Kembar : anak loro laire bareng lanang kabeh utawa wadon kabeh
6. Dhampit : anak loro lanang wadhon laire bareng
7. Cukit dulit : anak telu lanang kabeh
8. Gotong mayit: anak telu wadon kabeh
9. Sendhang kaapit pancuran: anak telu lanang wadon lanang
10. Pancuran kaapit sendang : anak telu wadon lanang wadon
11. Saramba : anak papat lanang kabeh
12. Sarimpi: anak papat wadon kabeh
13. Pandhawa : anak lima lanang kabeh
14. Pancagati : anak lima wadon kabeh

WULANGAN 3. PENGALAMAN

C. PARIKAN

Parikan yaiku unen-unen rong ukara mawa purwakanthi.
1. Mawa etungan ( 4 wanda + 4 wanda)x2

Tuladha: - Jemek-jemek gula jawa
Aja ngeyek karo kanca

2. Mawa etungan ( 4 wanda + 8 wanda )x2
Tuladha : - Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur
Kudu jujur yen kowe kepingin makmur

3. Mawa etungan ( 8 wanda+8 wanda) x2
Tuladha : - Wadhuk Asri Wadaslintang
Sumber listrik saka mina
Aja awatak gumampang
Ing atase para siswa

WULANGAN 4. KASETYAN

A. PAUGERANING TEMBANG MACAPAT

WULANGAN 4. KASETYAN

B. URUT-URUTANE TEMBANG MACAPAT

1. Mijil, pralambange tumrap manungsa kang lagi lahir
2. Maskumambang, pralambange tumrap bocah sing isih cilik (isih seneng digendhong)
3. Gambuh, pralambange tumrap bocah sing durung dunung utawa durung ngerti
4. Sinom, pralambange tumrap bocah kang tumapak ing wayah nom-noman
5. Asmaradana, pralambange tumrap para mudha kang padha lagi kasmaran
6. Dhandanggula, pralambange tumrap para nom-noman sawise kasmaran
7. Kinanthi, pralambange tumrap jejere manungsa kang wis wayahe diwengku utawa dikanthi pasangane

lan siyap mbangun bale wisma
8. Durma, pralambange tumrap manungsa sing wis mapan anggone mbangun bale wisma ing bebrayan
9. Pangkur, pralambange tumrap manungsa sing wis mungkur enome
10. Megatruh, pralambange tumrap manungsa sing wis dipundhut ing ngasraning Gusti
11. Pocung, pralambange tumrap manungsa sing wis dipundhut ing ngarsane Gusti lumrahe dipocong

WULANGAN 4. KASETYAN

B. TEMBANG MACAPAT KINANTHI

Ayo
Nembang

WULANGAN 4. KASETYAN

C. MACA TEMBUNG AKSARA JAWA NGANGGO PASANGAN

WULANGAN 4. KASETYAN

C. MACA TEMBUNG AKSARA JAWA NGANGGO PASANGAN

WULANGAN 4. KASETYAN

C. MACA TEMBUNG AKSARA JAWA NGANGGO PASANGAN
TULADHANE TEMBUNG AKSARA JAWA NGANGGO PASANGAN

GLADHEN AKHIR SEMESTER

I. Wenehana tandha ping (x) aksara a,b,c utawa d sangarepe
pratelan kang mathuk!

1. Tembang Kinanthi iku watake.....
a. Sengsem lan kasmaran
b. Sumanak lan sumadulur
c. Seneng lan asih
d. Nelangsa lan pilu

2. Raden Gathutkaca kuwi putrane......
a. Raden Werkudara lan Drupadi
b. Raden Werkudara lan Arimbi
c. Raden Arjuna lan Sembadra
d. Raden Arjuna lan Kunthi

3. Karangan sing sipate mung ngayawara/khayalan yaiku......
a. Laporan paniliten
b. Layang kagem simbah
c. Dongeng
d. Pidhato

4. Untune kang becik cinandra..............
a. Miji timun
b. Nawon kemit
c. Ngundhup turi
d. Mblarak sempal

5. Wong asor nanging sugih kapinteran, paribasane........
a. Criwis cawis
b. Palang mangan tanduran
c. Golek banyu bening
d. Bathok bolu isi madu

GLADHEN AKHIR SEMESTER

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing
mathuk!

1. Wayang saka kayu kawangun golek critane Mahabaratha
lan Ramayana diarani wayang.......

2. Ngagem tesmak suryajanta, yen diwatek netranya lis
baskara kembar. Baskara tegese..............

3. Manut grubyuk ora ngerti karepe, paribasan belo...............
4. Tradisi islam Jawa saben tanggal 8 Syawal ing Kaliwungu

Kendal diarani......
5. Tembang Kinanthi kuwi sapada cacahe 6 gatra.

Guru gatra iku tegese cacahe................................saben
sapada

KAPUSTAKAN

• Abikusno.1994.Pepak Basa Jawa.Surabaya:Express.
• Hartono.1993.Piwulang Basa Jawa.Semarang.
• Hartanto,S.2013. Tutur Basa Piwulang Basa

Jawa.Surakarta:Harapan Mulia.


Click to View FlipBook Version