The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by donapangesti18, 2022-09-25 07:53:44

Bahan Ajar Undha-Usuk Basa

Bahan Ajar Undha-Usuk Basa

BAHAN AJAR UNDHA-USUK BASA

Kangge kelas X Semester Ganjil

Kaimpun dening:
Dona Agnes Pangesti, S. Pd.

SMK NEGERI KEBASEN
Tahun Pelajaran 2022/2023

Satuan Pendidikan : SMK Negeri Kebasen

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Fase/Semester : E (kelas x) / Ganjil

Materi Pokok : Undha-Usuk Basa Jawa

A. Capaian Pembelajaran:

Peserta didik dapat menggunakan Bahasa Jawa sesuai dengan kaidah
kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa untuk menyampaikan
informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan
yang akurat dari teks nonsastra (misalnya: pawarta/ reportase/lainnya).

B. Kompetensi Awal:

Peserta didik dapat menggunakan Bahasa Jawa sesuai dengan kaidah
kebahasaan (paramasastra) dan unggah- ungguh basa untuk menyampaikan
informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan
yang akurat dari video unggah-ungguh (link) (misalnya: vlog/podcast/ video
lainnya).

C. Tujuan Pembelajaran:

➢ Berbicara:

• Peserta didik dapat menganalisis (C4) kaidah kebahasaan
(paramasastra) dan penggunaan unggah-ungguh bahasa Jawa dalam
video percakapan dengan bernalar kritis.

• Peserta didik dapat memroduksi (P5) teks dialog sesuai kaidah
kebahasaan dan penggunaan unggah-ungguh bahasa Jawa dengan penuh
tanggung jawab.

• Peserta didik dapat mempraktikan (P3) hasil teks dialog bahasa Jawa
yang telah dibuat dengan penuh tanggung jawab.

Materi Pembelajaran

Tahap 1: Stimulus

Materi Faktual
Wonten ing pagesangan tiyang Jawi menika boten tebih kaliyan micara
migunakaken basa Jawi ragam ngoko saha krama. Nanging nalika matur kaliyan
tiyang sanes menika wonten undha-usuk basa. Wonten ngandhap menika wonten
gambar unggah-ungguh kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh.

Gambar lare pamit kaliyan tiyang sepuh
(https://id-static.z-dn.net/files/d5c/ab755b5d8689bce19ec43728aa0b9b87.jpg)

Gambar siswa kaliyan dwija

(https://cendikia.kemenag.go.id/storage/uploads/file_path/file_16-10-2020_5f89044452e5d.pdf)

Ing ngandhap menika wonten video animasi babagan video pawicantenan mawi
basa Jawi. Para siswa sumangga ningali video menika kanthi pratitis!
Salajengipun siswa saged ngrantam pitakenan kangge mangertosi pawicanenan
mawi basa Jawi wonten ing ngandhap menika!
(Link: https://youtu.be/dAdIMapOErI)

Tahap 2: Orientasi Peserta Didik Pada Masalah

Materi Konseptual
Menapa ingkan sampun dipunmangertosi babagan undha-usuk basa Jawi? Menapa
tiyang nem kaliyan tiyang sepuh saged matur migunakaken basa ngoko? Basa
ngoko saged dipunginakaken dening sinten? Basa krama kedah dipunginakaken
dhateng sinten? Kangge mangsuli pitakenan menika sumangga siswa sinau
babagan undha-usuk basa Jawi. Para siswa sumangga gatekna peta konsep
wonten ing ngandhap menika. Salajengipun sinau materi babagan undha-usuk
basa Jawi.

PETA KONSEP UNDHA-USUK BASA JAWI

Undha-Usuk
Basa Jawi

Ngoko Krama

Ngoko Lugu Ngoko Alus Krama Lugu Krama Alus

UNDHA-USUK BASA JAWI

1. Ngoko

a. Ngoko Lugu
Ngoko lugu inggih menika wujud undha-usuk basa Jawi ingkang
sedayanipun tembung ngoko saha netral. Basa ngoko lugu lumrahe
dipunginakaken dening:
1) Bocah kaliyan bocah

Gambar 1. Tuladha Pacelathon Bocah karo bocah
(lumantar http://www.google.com//gambardialog)

Tuladha: Bakri: “Kowe mengko mangkat les jam pira Han?”
Hana: “Jam telu.”
Bakri: “Apa ora kesoren?”
Hana: “Tak kira ora, lha wong acarane wiwit jam telu
seprapat.”

2) Tiyang sepuh dhateng bocah

Gambar 2. Tuladha Pacelathon Uwong Tuwa marang anak
(lumantar http://www.google.com//gambardialog)

Tuladha: Ibu : “Ndhuk, tukokna gula neng warung!Sekilo wae.”
Anak: “Menapa malih Bu?”
Ibu : “Tambah glepung seprapat kilo.Iki dhuwite, jujule
kanggo kowe.”
Anak: “Nggih Bu, matur nuwun.”

3) Dwija dhateng siswa

Gambar 3. Tuladha Pacelathon Dwija dhateng siswa
(lumantar http://www.google.com//gambardialog)
Dwija : “Cah, aja lali sesuk nggawa piranti kanggo gawe prakarya!

Diwadhahi besek ben ora mocar-macir.”
Siswa : “Menawi boten gadhah besek Pak?”

Dwija : “Nganggo kerdus ya kena.”
Siswa : “Inggih Pak.”

4) Pejabat dhateng andhahanipun

Gambar 4. Tuladha Pacelathon Pejabat marang andhahane
(lumantarhttp://www.google.com//gambardialog)

Tuladha: Pejabat : “Wan, tulung ketikna surat iki! Didadekake

limang lembar banjur dikopi rong puluh.”

Andhahan : “Wonten malih Pak?”

Pejabat : “Oiya, aja lali dibagi kanca sakantor.”

Andhahan : “Sendika Pak.”

5) Mbatin (ngomong karo awake dhewe)

Gambar 5. Tuladha Pacelathon Mbatin
(Lumantar http://www.google.com//gambardialog)

Tuladha: Hawane panas ngene iki enake ngombe es dhawet.

Aja dhing mengko malah dadi watuk.

b. Ngoko Alus
Ngoko alus inggih menika wujud undha-usuk basa Jawi ingkang basanipun
ngoko nanging campur kaliyan tembung krama inggil. Panganggenipun basa
ngoko alus inggih menika kangge guneman :
1) Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur derajate
2) Bojone priyayi marang sing lanang
3) Priyayi marang priyayi sing wis kulina

Tuladha :
Wis seminggu iki simbah gerah ana rumah sakit. Nalika aku sowan minggu
kepungkur simbah dhawah ana pawon. Aku bingung kudu piye. Pak Ari
tangga mburi omah paring pitulungan. Simbah didherekake menyang
rumah sakit. Wingi bapak tindak menyang Jogja saperlu nuweni simbah.
Esuk mau bapak kondur ngasta oleh- oleh. Aku seneng banget amarga
diparingi oleh-oleh kaos. Bapak ora mung ngasta oleh-oleh kanggo aku
nanging uga Ibu. Ibu uga remen. Aku didhawuhi bapak sowan Bu Ratmi
tangga sebelah saperlu ngaturi oleh-oleh. Ngendikane bapak wingi bengi
simbah wis kondur saka rumah sakit.

Tembung-tembung kang kacethak kandel (bold) awujud tembung krama
kanggo atur pakurmatan.

Titikane Ngoko Alus
1) Tetembungan kang gayutan karo wong sing diajak guneman utawa wong

liya sing dirembug nggunakake krama inggil.
Tuladha :

Aku seneng banget diparingi Bapak sangu.
Saben esuk sawise aku mangkat sekolah, ibu tindak menyang
pasar.
2) Tetembungan sing kanggo awake dhewe nggunakake ngoko lugu utawa
krama andhap.

Tuladha : Mangga menawi badhe dhahar, kula sampun neda.
3) Tembung sing diowahi krama inggil mung tembung linggane.

Tuladha: Aku sowan Bu Rini saperlu ngaturaken oleh-oleh.
4) Leksikon krama inggil awujud tembung aran, tembung kriya, lan

tembung sesulih.
Tuladha: Apa panjenenengan wis pirsa yen Bu Parti seda wingi sore?
5) Wuwuhan awujud ater-ater (afiks), seselan (infiks), lan panambang
(konfiks) tetep ngoko.
Tuladaha :

Aku diparingi oleh-oleh kaos.
Ibu diaturi dhahar ora kersa.

2. Krama

a. Krama Lugu
Krama lugu inggih menika wujud undha-usuk basa Jawi ingkang basanipun
krama sedanten, kahananipun setengah resmi. Miturut Harjawiyana lan
Supriya (2013:85) panganggone basa krama iku tumrap:

1) Wong loro utawa luwih sing jejer kalenggahan kurang luwih padha,
kalorone ajen-ingajenan, ora patia urmat banget.

2) Wong sing jejer kalenggahane luwih andhap, nanging ora kulina
ketemu, utawa sing wis kulina ketemu nanging duwe karep kanggo
ngajeni.

3) Sesorah kang asipat umum sing ora nganggo unggah-ungguh marang
golongan tartamtu.

4) Kanggo ngripta basa sinerat kang asipat umum, ora migunakake
unggah-ungguh tumrap uwong utawa golongan tartamtu.

b. Krama Alus
Krama alus inggih menika wujud undha-usuk basa Jawi ingknag sedanten
tembungipun dumadi saking krama, krama inggil, utawa krama andhap.
Krama alus menika dipunginakaken wonten kahanan ingkang resmi, ngajeni
saha urmat.
Krama alus dipunginakaken dening:

1) Anak marang wong tuwane
Wis samesthine anak/putra iku nalika matur marang wong tuwane
becike nggunakake basa Jawa krama alus kanggo ngurmati bapak utawa
ibune. Satemene mono panganggone basa Jawa krama alus ora mung
kanggo anak marang wong tuwane, nanging bisa uga kanggo putu marang
eyange, ponakan marang pakdhe/budhene utawa paklik/bulike. Tuladha
panganggone basa Jawa krama alus sing digunakake dening anak
marang wong tuwane.
Tuladha:
Dana: “Bapak, kalawau dalu sare tabuh pinten, ta? Kok kadingaren
ngantos tabuh gangsal nembe wungu.”
Bapak: “Jam 02.00. Lha wong ngrungokake wayang neng RRI, lakone
kok apik temen. Lha kowe turu jam pira?”
Dana: “Menawi kula tilem tabuh 11.00 dalu, bakda ningali bal-balan ana
RCTI. Ngendikanipun Ibu, Bapak badhe tindak dhateng
Surabaya, menapa saestu?”
Bapak: “Ya, bener. Apa arep ndherek?”
Dana: “Boten. Kula badhe kesah piyambak dhateng Rawa Pening kaliyan
kanca-kanca.”
Bapak: “Lha wis nyuwun sangu ibumu durung?”
Dana: “Sampun, malah diparingi sangu Eyang iki.”

2) Siswa dhateng dwija
Tuladha:
Susi : “Sugeng enjing Bu.”
Dwija : “Sugeng enjing. Ee, Susi, ana apa Sus?”
Susi : “Inggih Bu Guru, kula badhe matur, bilih dinten iki. Siti
boten mlebet sekolah. Iki serat idinipun Bu.”
Dwija : “Lho, lha keneng apa Siti kok ora mlebu sekolah? Apa lara?”
Susi : “Inggih, leres Bu. Siti boten mlebet sekolah amargi sakit.”
Dwija : “Lara apa?”
Susi : “Sanjangipun flu lan watuk-watuk, malah wetengipun ugi
sakit sampun lara dinten iki.”
Dwija : “O, yaw is, takparingi idin, muga-muga ndang mari, sesuk
wis bali sehat lan bisa mlebu sekolah maneh.”
Susi : “Inggih Bu Guru. Matur nuwun sanget awit paringipun donga
kangge Siti.”

3) Kenalan anyar
Basa Jawa krama alus uga kerep digunakake dening wong sing lagi kenal
utawa kenalan anyar, luwih-luwih yen umure kurang luwih padha, kaya
katon ing tuladha pacelathon ngisor iki:
Pak Badri : “Nuwun sewu Pak, badhe nyuwun priksa.”
Pak Sukri : “O inggih.”
Pak Badri : “Dalemipun Bu Rintis iki sing pundi nggih?”
Pak Sukri : “Bu Rintis? Bu Rintis iki ana loro. Sing setunggal anggota
DPRD, sing setunggal perias manten.”
Pak Badri : “O anu, Bu Rintis sing anggota DPRD Sala.”
Pak Sukri : “O…, iki Panjenengan teras kemawon mangke wonten
prapapat katuran nengen. Kirang langsung selangkung meter
wonten pratelon mangke menggok ngiwa kirang langkung
seket meter. Dalem wonten tengen margi majeng ngilen.”
Pak Badri : “O inggih, matur nuwun Pak.”

Pak Sukri : “Inggih Pak, sami-sami.”

4) Wong liya kang luwih tuwa utawa sapadha-padha sing dikurmati
Guneman (wawan pangandikan) antarane wong loro, panutur lan mitra
tutur wong liya sing luwih tuwa utawa sapadha-padha (sapantaran) sing
dikurmati, lumrahe loro-lorone banjur padha-padha nggunakake basa
Jawa krama alus, kaya ing tuladha ngisor iki. (Sasangka, 2010: 157 –
158).
Jarwanto : Badhe tindak pundi, Pak?
Darsono : Anu, badhe dhateng peken.
Jarwanto : Kok piyambakan?
Darsono : Inggih namung badhe dolan-dolan kemawon. Menapa ingkang
rama wonten dalem?
Jarwanto : Wah, nembe kemawon tindak kaliyan ibu.
Darsono : Adhuh…menawi mekaten kula kepancal sepur. Angkah kula
badhe sowan rumiyin saderengipun dhateng peken, e…malah
sampun tindakan.
Jarwanto : Anu kok, bapak tindakan namung sakedhap, namung
ngeteraken ibu dhateng Dhokter Gunawan ing Karangjati,
mangke rak enggal kondur.
Darsono : O…, inggih menawi mekaten, kula sowan mangke sonten
kemawon. Pareng rumiyin.
Jarwanto : Mboten pinarak rumiyin?
Darsono : Mangke kemawon kula sowan malih. Sampun pareng.
Jarwanto : O…, inggih manga ndherekaken.

5) Kanggo micara (pidhato) ing pahargyan/pasamuwan
Basa Jawa krama alus, kajaba dienggo guneman antarane anak marang
wong tuwane, murid marang gurune, kenalan anyar, wong liya kang luwih
tuwa utawa dihurmati, uga lumrah kanggo micara (pidhato) ing
pawiwahan, pahargyan, utawa ing pasamuwan-pasamuwan. Upamane,

digunakake dening pambiwara, pasrah-panampi manten, atur
pambagyaharja, lan liya-liyane.

6) Pangarsa (pimpinan) marang andhahan
Guneman (wawan pangandikan) antarane pangarsa marang andhahane
uga bisa migunakake basa krama alus. Supaya luwih gamblang bisa
kokwaca tuladha kaya ing ngisor iki.
Drajat : “Sugeng enjing Bapak Ibu para staf marketing.”
Sulimin : “Sugeng enjing, Bapa Direktur.”
Tutik : “Sugeng enjing, Pak.”
Drajat : “Dinten menika kula badhe ngrembag asil audit saking
supervisor.”
Sulimin : “Inggih Pak.”
Drajat : “Ing laporan pangginaning anggaran kedah dipunewahi,
amargi wonten geseh arta radi kathah.”
Tutik : “Inggih Pak, samangke kula tuweni malih laporanipun.”
Sulimin : “O…, inggih menawi mekaten laporan enggal kula ewahi.”
Drajat : “Inggih.”

Tahap 3: Mengorganisasikan Peserta Didik

Materi Prosedural
Kangge sinau undha-usuk basa Jawi kanthi cara online wujud aplikasi android
kamus basa Jawa kang jumbuh TPACK (Technological Knowledge Pedagogy and
Content Knowledge) saged wonten ing laman http://futureloka.com/aplikasi-
bahasa-jawa-gratis-android/. Menika tuladhanipun aplikasi android kamus basa
Jawa:

1. Pepak Belajar Bahasa Jawa

2. Translator Jawa

3. Siswa ugi saged madosi tegesipun tembung migunakaken kamus online ing
link: https://www.sastra.org/leksikon

Tahap 4: Membimbing Penyelidikan Individu dan Kelompok
Materi Metakognitif
Para siswa, sesampunipun sinau babagan materi undha-usuk basa. Ing ngandhap
menika wonten video film cekak babagan pawicantenan mawi basa Jawi. Para
siswa sumangga ningali video kanthi pratitis!
(Link: https://youtu.be/-diz8kiraug)

Kangge mahami isi video film cekak menika siswa kedah ningali video kanthi
pratitis, siswa ugi kedah ningali video bolan-balen. Siswa nalika ningali video
menika kaliyan nyerat isi ingkang dipunanggep wigati. Siswa saged nyerat sinten
mawon paraga saha latar ingkang salebetipun video film cerkak menika.
Salajengipun dipunpantha-pantha pawicantenan ing video menika pundi ingkang
mlebet ragam ngoko saha pundi ingkang mlebet ragam krama.

Tahap 5: Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya

Para siswa menawi sampun mahami suraosipun isi video film pendek, salajengipun
siswa sinau babagan damel teks pawicantenan mawi ragam ngoko saha ragam
krama.

Langkah-langkah kangge nyerat teks pawicantenan inggih menika:

1. Siswa kedah nemtokake topik utawi tema ingkang badhe dipundamel teks
pawicantenan.

2. Sawise nemtokaken topik utawi tema, salajengipun siswa nemtokaken paraga
saha latar ingkang wonten ing teks pawicantenan. Sinten mawon paraga
ingkang badhe pawicantenan saha wonten pundi lataripun utawi kahananipun
menika kados menapa.

3. Milih undha-usuk basa Jawi ingkang badhe dipunginakaken wonteng ing
pawicantenan.

4. Milih tembung-tembung ingkang trep kaliyan paraga saha trep kaliyan
undha-usuk basa Jawa.

5. Ngrantam tetembungan dados ukara ingkang sae saha trep kaliyan undha-
usuk basa Jawi.

Tahap 6: Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah

Sesampunipun siswa sinau mahami isi video film cekak saha sinau langkah-
langkah anggenipun nyerat teks pawicantenan. Pramila, saged dipunanalisis saha
saged dipunevaluasi sedaya ingkang sampun kantindakaken. Ingkang dipunanggep
angel menawi mahami isi video film cekak kaliyan langkah-langkah anggenipun
nyerat teks pawicantenan inggih menika:

1. Anggenipun kangge mahami video kedah ningali video bolan-balen, pratitis
saha tliti.

2. Anggenipun badhe nyerat teks pawicantenan kedah milih tembung ingkang
trep kaliyan paraga saha undha-usuk basa Jawi.

3. Anggenipun damel ukara kangge damel teks pawicantenan kedah trep kaliyan
topik utawi tema ingkang sampun dipunpilih.

DUDUTAN SAHA RELEVANSI

DUDUTAN
Dudutan saking materi ingkang sampun dipunandharaken babagan undha-

usuk basa Jawi inggih menika kita minangka tiyang Jawi menika kedah sinau
babaagan undha-usuk basa Jawi. Pramila, kita menawi dipunajak gunem
kaliyan tiyang sanes saged migunakaken undha-usuk basa ingkang trep.
Anggenipun micanten kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh saged
migunakaken basa krama salajengipun menawi dipunajak gunem kaliyan tiyang
ingkang sapantaran saha rumaket saged migunakaken basa ngoko. Kita
minangka tiyang Jawi anggenipun badhe matur kaliyan tiyang sanes kedah
tansah nggatosaken sinten ingkang ngajak guneman, wonten pundi kita
micanten, saha kedah saged ngetrepaken undha-usuk basa menapa ingkang
kedah dipunginakaken. Anggenipun matur kedah dipuntata supados menapa
ingkang kita rembag saged dipunpahami kaliyan wawan-gunem.

RELEVANSI
Undha-usuk basa Jawi menika taksih relevan kaliyan kahanan ing

pagesangan jaman menika. Boten namung ing pawiyatan, nanging ugi ing gesang
padintenan. Menawi tansah migunkakaken undha-usuk ingkang trep ing
pagesangan, antawisipun setunggal tiyang kaliyan tiyaang sanesipun saged
tansah rukun saha tentrem. Salajengipun saged nuwuhaken karakter ingkang
sae inggih menika ngugemi babagan tatakrama, saha gadhah raos urmat
dhateng tiyang sanes ingkang dipunajak wicanten.

KAPUSTAKAN

1. Rahmat. 2022. Pendalaman Materi Bahasa Jawa Modul 2 Unggah-Ungguh
Basa Jawa. (PDF)

2. Widaryatmo, Gandung. 2014. Prigel basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas
X. Jakarta: Erlangga.

3. Kamus online: https://www.sastra.org/leksikon
4. Video animasi: https://youtu.be/dAdIMapOErI
5. Video film cekak: : https://youtu.be/-diz8kiraug


Click to View FlipBook Version