Materi Kelas X-Wayang
Dening :
“ TiTik Rahayu Dwi asTuTi “
꧁ ꦡꦶ ꦫ ꦢ ꧂
WAYANG dumadi saka tembung “Yang” utawa “Hyang” kang entuk ater-ater wa-.
Tembung “Yang” utawa “Hyang” duweni teges Roh ingkangdipun pepundhi lan dipercaya
saged damel beja lan kacilakane manungsa.
Wayang punika wewayangan utawa gegambaran watak lan jiwanipun manungsa.
Wujudipun Wayang dipun bagi 2, yaiku
1. Wayang kang awujud 2 dhimensi, yaiku wayang kang di gawe saka kulit / lulang
kewan.
2. Wayang kang awujud 3 dhimensi, yaiku wayang kang di gawe saka kayu.
Crita Wayang kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga
sinebut Wayang Purwa.
Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang kaya ngéné
iki diarani Wayang Menak.
Para ahli durung ana kang bisa masthèkaké kapan wayang wiwit ana ing Indonésia.
Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kana tinulis si
galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang
kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."
A. Manéka Warna Wayang
1. Wayang Bèbèr
Yaiku wayang kang digawè saka kain utawa kulit lembu kang awujud bèbèran
(lembaran). Saben bèbèran kuwi nggambarakè sakadegan crita. Yen wis rampung
dilakonkè, bèbèrane digulung manèh. Wayang iki digawè jaman krajaan Majapahit. Wayang
iki asalè saka Pacitan lan Gunung Kidul.
Wayang iki digawè kanthi kuwat ing bab rong dimensinè kanthi seni lukis ing kanvas.
Wujud Wayang Beber
Wujud Wayang Beber
2. Wayang Kulit
Yaiku iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata
utawa ramayana sing wayangé digawé saka kulit kewan.
Pagelaran Wayang Kulit
3. Wayang Klitik
Wayang Klitik sinebut uga Wayang Krucil yaiku wayang kang digawè saka kayu, kang
wujudè padha karo wayang kulit. Wayang iki nduweni ciri khas yaiku yènditanggap ora
nganggo gedhebog tancepanè nanging nganggo kayu kang wis dibolong-bolongi. Crita kang
kerep ditanggapkè yaiku nyaritakakè Damarwulan lan Majapait.
wujud wayang Klitik
Wayang iki campurane wayang golek lan wayang kulit. Praupane kaya wayang kulit nanging
digawe seka kayu. Amarga seka kayu, awake wayang tanpa cempurit. Pagelarane ora nganggo
kelir/layar. Debog kanggo tancepan diganti nganggo kayu kang wis dibolongi,
jenenge slanggan. Wayang iki wis arang digelar.
4. Wayang Golek
Wayang Golèk uga akèh wong sing arani wayang tengul. Wayang iki digawè saka kayu lan
diklambèni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk saka Sejarah kayata crita Untung
Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya lsp.
Wujud Wayang Golek
Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongéng nègara Arab. Yèn pèntas kang dadi ciri khasè
wayang golék yaiku ora nganggo kelir utawa layar kayata wayang kulit.
5. WAYANG GEDHOG
Wayang Gedhog :Wayang iki wujudè mèh padha karo wayang kulit.
Kang digawè kurang luwih taun 1400-an. Sumbèring crita saka crita raja ing Jawa, antaranè
Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang iki mung bisa ditemokakè ana musèum.
6. WAYANG DONGENG
Wayang kang digawè saka dluwang kang digambari wayang awujud kèwan-kèwan. Wayang
iki nyitakake babagan donyanè kèwan kang dadi sarana reflèksi saka donyanè manungsa.
Wujud Wayang Dongeng
Ana wayang iki disarujuki ora ana sing dadi dhalang kang lumrahè tunggal dadi sakabèhing
paraga ana wayang, banjur sapa waè bisa dadi dhalang, kang bisa prasaja gunemanè.
7. Wayang menak
Inggih mneika Wayang ingkang kadamel saking kajeng (kawangun tiyang/boneka).
Wayang Menak adatipun mendet lakon utawa carios dakwah agama Islam (mendet
lakon Wong Agung Jayengrana, Umarmaya saha Umarmadi).
8. Wayang Modern
a. Wayang Wahana
Inggih menika wayang ingkang kadamel saking kulit utawi lulang saha kawangun
tiyang. Wayang Wahana adatipun mendet lakon utawa carios kahananipun gesang
samenika.
b. Wayang Kancil
Inggih menika Wayang ingkang kadamel saking kulit utawi lulang. Wayang Kancil
adatipun mendet lakon utawi carios kancil.
c. Wayang Wahyu
Inggih menika Wayang ingkang kadamel saking kulit utawi lulang saha kawangun
tiyang. Wayang Wahyu adatipun mendet lakon utawi carios Pawartos Injil (Piwulang
Agama Kristen lan Khatolik).
d. Wayang suluh (Pancasila)
Inggih manika wayang ingkang kagawe saka kulit atawi lulang saha kawangun tiyang.
Wayang Suluh adatipun mendet lakon caritoas gesang saha pagesangan tiyang ing
sabendintenipun.
e. Wayang Dongeng
Wayang dongeng menika boten namung kangge lare alit, naging ugi para wiranem,
saha tiyang sepuh. Wayang dongèng ing mriki migunakakén paraga awujud kéwan.
Paraga kéwan ing mriki dipunparingi jeneng miturut jenising kéwan kasebat. Pagelaran
Wayang Dongèng diiringi gendinging gamelan saha lelagon dolanan lare. Pentas
wayang dongèng boten wonten paugeran utawi pathokanipun kadosdene pagelaran
wayang kulit. ing wayang dongèng kathah ngrembag babagan lingkungan saha sosial.
Wayang dongeng, kejawi dadi tontonan ugi saged dados tuntunan.
f. Wayang potehi
Inggih menika Wayang ingkang kadamel saking kajeng (kawangun tiyang/boneka
nanging wujudipun alit-alit). Wayang Potehi adatipun mendet lakon/ carios Babad Cina
(Kraton Tar-Tar).
g. Wayang Jemblung
Inggih menika Wayang ingkang kadamel saking kajeng (kawangun tiyang/boneka).
Wayang Jemblung adatipun mendet lakon utawi carios Babad (kadosdene kethoprak).
Wayang Jemblung sumebar wonten ing tlatah Pesisir Ler Jawa (Blora, Cepu saha
Bonjonegara).
7. Wayang Purwa
a. Wayang Thengul
Inggih menika Wayang ingkang kadamel saking kajeng (kawangun wong/boneka).
Wayang Thengul adatipun mendet lakon (crita) Wayang Menak (Amir Hamzah).
b. Wayang Purwa Gedhog (Wasana)
Inggih menika Wayang ingkang kadamel saking kulit (lulang). Wayang Gedhog
(Wasana) adatipun mendet lakon (crita) Raden Panji Inu Kertapati lan Dewi Sekartaji.
c. Wayang kulit purwa
Ringgit ingkang dipundamel saking lulang (kulit kewan ternak kadosdene Lembu,
mahesa utawi Mendha), nyriosaken lakon Mahabharata saha Ramayana.
d. Wayang Golek Menak Yogyakarta
• Wayang Ménak inggih menika wayang ingkang cariosipun adhedhasar lakon ménak. Wayang
ménak adatipun ngangge wayang golèk (wayang golèk ménak), nanging ugi wonten ingkang
ngangge wayang kulit. Sapérangan tiyang uga mastani wayang tengul.
• Wayang golèk ménak inggih menika wayang ingkang dipunparingi sandhangan kadosdene
wayang kulit purwa, inggih mneika kanthi ngangge jamang, kuluk, sumping, saha
sapanunggalanipun. Gandhèng cariosipun mendet seking carios ménak ingkang aslinipun seking
Persia, pramila paraga wayangipun kadosdene tiyang Arab, inggih mneika nganggem jubah.
e. Wayang Krucil
Inggih menika Wayang ingkang kadamel saking kulit (lulang) cilik-cilik (kawangun tangane
wudhar siji, tangan sijine malang kerik). Wayang Krucil adatipun mendet lakon (carios) Babad
(kaya kethoprak)
f. Wayang Kulit Betawi/ Tambun
• Wayang Betawi utawa wayang Tambun inggih menika wayang kulit khas Betawi ingkang
sumebar ing tlatah Jakarta, Tangerang, Bogor saha Bekasi. Para ahli sejarah ngira bilih
wontenipun wayang menika kawiwitan nalika Sultan Agung nyerang Jakarta. Gamelan ingkang
dipunginaaken kadosdene wayang kulit Banyumas kadosdene gambang saha calung. Ing
babagan tembang, sabetan, saha lakon wayang kulit betawi kadosdene wayang golek Sundha.
Lelagon khas Betawi ugi saged mlebet kanthi sae. Lumrahipun ngginaaken basa Betawi ingkang
égalitèr, caturan ing antawisipun para paraga wayang boten nganggo tatakrama kadosdene
basa Jawa. Urut-urutanipun jejer ugi saged dipunwolak-walik. Pagelaran saged dipunwiwiti
kanthi gara-gara. Ingkang dados ciri wancinipun inggih menika caturan ing antaranipun dhalang
kaliyan para pamirsa kadosdene ing lenong.
g. Wayang wong
wayang ingkang dipunparagaken kaliyan tiyang kanthi njoged sarta dipungameli. Wayang Wong
adatipun mendet lakon carios Ramayana saha Mahabharata.
B. PRALAMBANG ING PAGELARAN WAYANG
Ubarampe ingkang dipunginakake ing pagelaran wayang nggadahi perlambang piyambak-
piyambak. Antawisipun inggih menika:
a. Wayang mralambangaken manungsa
b. Kelir mralambangaken langit
c. Debog mralambangaken bumi
d. Blencong mralambangaken srengenge, bulan, lintang
e. Gamelan mralambangaken kebutuhane manungsa (sandhang, pangan saha papan)
f. Kothak mralambangaken sangkan paran
g. Gunungan mralambangaken urip
h. Cempala mralambangaken jantung
i. Kepyak mralambangaken lakuning getih
C. Enam nilai universalal yang terdapat pada filosofi wayang itu meliputi:
1.Empati , tanggap ing sasmitha (Caring)
Artinya setiap mahluk yang hidup di bumi ini haruslah memiliki sikap empati kepada semua
mahluk, baik kepada manusia lain, tumbuhan, atau sama hewan sekalipun. Karena sikap empati
akan menjadikan seseorang menjadi peka terhadap kehidupannya dan kehidupan orang lain juga
untuk menciptakan hidup damai serta selaras.
2.Kejujuran (Trustworthiness)
Alangkah indahnya hidup jika setiap manusia menanamkan rasa kejujuran dalam diri, mungkin
tidak ada korupsi yang saat ini menjadi budaya di bangsa kita. Kata ini mudah diucapkan namun
terkadang sulit untuk diaplikasikan dalam kehidupan, ada saja kebohongan-kebohongan kecil
yang kita lakukan dan tanpa kita sadari kebohongan kecil itu akan menjadi terbiasa dan berujung
pada kebohongan besar. “Kejujuran itu terkadang membuat kita sulit, tetapi kesulitan yang lebih
besar akan timbul takakala kita ketahuan tidak jujur”.
3.Saling Menghargai , mad sinamadan (Respect)
Ya. Hidup ini juga akan menjadi tentram jika di antara kita, yang muda terhadap yang tua
ataupun sebaliknya, yang tua kepada yang muda saling menghargai satu sama lain. Sikap inilah
yang menjadi sebuah suksesnya kehidupan bermasyarakat, karena tidak mengedepankan ego dan
ke “aku-an” sehingga akan menciptakan kehidupan yang indah serta kebahagiaan dalam
kebersamaan.
4.Tanggung jawab (Responsibility)
Ini juga salah satu sikap yang juga harus ada pada setiap diri manusia, khususnya kepada para
pemimpin. Bertanggungjawablah kalian sebelum menanggungnya di akhirat kelak atas segala
apa yang kalian lakukan di dunia ini, apalagi sampai merugikan banyak orang dan alam sekitar.
Karena mesrusak alam sedikit saja berarti membunuh kehidupan, apakah kita mau dicap sebagai
seorang pembunuh? Dalam hal ini bisa kita lihat dari saudara kita yang berada di sekitar galian
PT. Lapindo Brantas, mereka tak pernah menyangka bahwa tanah yang mereka pijak dari turun-
temurun kini harus lenyap tak tersisa dilahap lumpur dengan jutaan kubik. Rumah, mata
pencaharian, sekolah, sampai makam pun harus lenyap. Ironi. Dan jangan keget kalau tingkat
pengangguran semakin banyak. HEI PELAKU KEJI PENIKMAT KEKAYAAN BUMI DI
SIDOARJO, TANGGUNG JAWAB! JANGAN HANYA BISA MERUSAK, TANGGUNG
JAWAB! KEMBALIKAN KEHIDUPAN MEREKA, TANGGUNG JAWAB!
5.Keadilan (Fairness)
Bicara soal kedilan di negara kita sepertinya menjadi hal yang tabu dan menjadi kompleks dari
segala persoalan yang ada. Adil itu sudah bisa dibeli dengan uang dan kedilan itu hanya terasa
nikmat kepada orang yang berkuasa serta mempunyai uang. Lalu bagaimana rasa keadilan bagi
rakyat jelata? Ah pahit sekali. Sepertinya sikap adil itu sudah mulai luntur pada orang-orang di
negri ini, khususnya para pemimpinnya. Bisa kita lihat para koruptor, perampas hak milik rakyat,
mereka bisa tetap merasakan senang sekalipun di dalam jeruji besi. Tapi tidak untuk rakyat jelata
yang mencuri ayam untuk bisa bertahan hidup dari segala gencatan kehidupan, harus merasakan
pedih atas ketidakadilan yang diterimanya. Percayalah adil itu sejatinya sebuah sikap atau
perilaku yang jika dilakukan tidak ada yang merasa dirugikan, semua mendapatkan porsinya
masing-masing.
6.Loyal pada Negara, ngabdi mring negara (Citizenship)
Kita juga harus memiliki sikap loyal terhadap negara, walau kita bukan atlet atau pejuang
sekalipun. Tapi setidaknya kita bisa melakukan itu dengan cara ikut sama-sama membangun dan
meningkatkan kualitas kehidupan di lingkungan kita, mengeksplor sumber daya alam yang ada,
memanfaatkan, lalu melestarikan. Karena siapa tau akan menghasilkan sebuah dampak positif
terhadap masyarakat, bangsa, serta negara. Sehingga kita bisa membantu meringankan beban
negara, untuk bisa menuju kehidupan sejahterah.
Alangkah baiknya dari enam nilai universal itu juga dibarengi dengan membangun pondasi
keimanan dengan cara menanamkan rasa cinta dan rasa takut kepadaNYA. Karena hal tersebut
akan membuat hati kita selalu dipenuhi oleh rahmatNYA dan hati bersih dari segala noda
kehidupan.
Jika hati telah bersih, niscahaya segala hal yang kita lakukan akan membuahkan hasil yang
positif dan memberikan kemanfaatan bagi mahluk lainnya. Karena hati yang bersih dapat
menjadi kompas kehidupan yang nintinya akan berujung pada hidup yang diridhoiNYA.