The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by tyradhia, 2022-02-23 23:24:56

Pranatacara

Materi Kelas X -2

Assalamu’alaikum Wr Wb

A. Pangertosan
Salah satunggaling pedaleman ingkang nggadahi jejibahan nglantaraken reroncening adicara

ing salebeting acara saking purwa dumugi wasana.

B. Perangan Pranatacara
1. Pambuka
 Salam : Uluk salam dhateng ingkang rawuh

Tuladha: Assalamu’alaikun
Sugeng enjing
Sugeng siyang
Sugeng rawuh

 Atur Pamuji: Ngonjukaken puji syukur dhateng Gusti
Tuladha : Sumangga kula panjenengan ngonjukaken puji syukur dhateng

Gusti Allah S.W.T ingkang sampun paring kanikmatan satemah
Kula lan panjenengan saged kempal manunggal ing papan
Menika kanthi kalis nir sambekala.

 Atur Pakurmatan: Minangka tandha pakurmatan dhateng ingkang rawuh

Tuladha : Kepala SMA N 2 Wonosari ingkang minulya Bapak, Ibu

Dwija ingkang kinurmatan

Kanca-kanca ingkang bagyamulya

2. Isi: Reroncening adicara
3. Panutup
 Atur panuwun: Minangka atur panuwun kagem tiyang ingkang sampun rawuh

Tuladha : Matur nuwun arwit kawruhipun panjenengan ing titi wanci
menika.

 Atur pangapunten: Atur pangapunten menawi wonten kalepatan

Tuladha : Saderengipun kula mungkasi adicara menika, kula

minangka pranatacara ngaturaken atur pangapunten

hambak bilih anggen kula nglantaraken acara ing wanci

menika wonten kalepatam atur amargi kirangipun

seserapan.

 Salam panutup

C. BAB MAOS PANATACARA WONTEN 4W 1B
1. Wiraga

Inggih menika ngengingi babagan solah bawah/ trapsila nalika ngandharaken pranatacara.
2. Wirama

Inggih menika ngengingi babagan irama/ intonasi ingkang dipunginakaken nalika dados
pranatacara.
3. Wirasa
Inggih menika ngengingi babagan penghayatan kaliyan adicara.
4. Wicara

Inggih menika ngengingi babagan pocapan ingkang cetha (t, th, d, dh) lan saged mbedakaken
tetembungan ingkang memper.
1. Busana
Inggih menikamigunakake busana kang trep kalih kawontenan,kanthi rapi lan sopan.

D. Jejibahan Pranatacara
1. Maosaken urut-urutaning acara.
2. Ngatur saha nglantaraaken adicara supados saged gangsar
3. Maosaken saha nyamektaaken paraga ingkang kajibah nindakaken tanggap wacana.

E. Metode-metode Ngandharaken Pranatacara
1. Maos teks

Nalika nindakaken jejibahan pranatacara kanthi maos teks.
2. Apalan

Nalika ngandharaken jejibahan pranatacara menika kanthi ngapalaken teks ingkang dipunwaos.
3. Ekstemporan

Nalika nindakaken jejibahan pranatacara ngasta cathetan alit.
4. Impromtu

Pranatacara nindakaken jejibahan kanthi dadakan.

Tuladha Teks Pranatacara:
Assalamu’alaikum wr.wb

Sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT
ingkang sampun paring kanugrahan saha kasarasan satemah kita sedaya saged kempal manunggal
wonten ing tata adicara pengetan dinten kamardikan menika.
Bapak Tedjo Suprapto minangka dukuh saking Padukuhan Klayar ingkang minulya.
Bapak Wakijo minangka ketua RT 02 Padukuhan Klayar ingkang kinurmatan.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang pantes sinudarsana.

Wonten ing titiwanci menika, kula minangka pranatacara badhe ngandharaken susunan

adicara. Inggih menika:

1. Pambuka

2. Atur pangandikan saking ketua panitia

3. Atur pangandikan saking ketua RT 02

4. Atur pangandikan saking dukuh

5. Pagelaran seni tari

6. Pambagean hadiah

7. Panutup

Ingkang setunggal, mangga adicara menika kita purwakani kanthi waosan basmalah.

Kula ndherekaken...

Matur nuwun.

Acara ingkang kalih inggih menika atur pangandikan saking sedherek Budi Prasetyo

minangka ketua panitia. Dhumateng sedherek Budi Prasetyo kula sumanggaaken. Matur

nuwun kula aturaken dhumateng sedherek Budi Prasetyo.

Acara ingkang ketiga inggih menika atur pangandikan saking Bapak Wakijo minangka

ketua RT 02. Dhumateng Bapak Wakijo kula sumanggaaken. Matur nuwun kula

aturaken dhumateng Bapak Wakijo.

Acara ingkang sekawan inggih menika atur pangandikan saking Bapak Tedjo Suprapto

minangka dukuh saking Padukuhan Klayar. Dhumateng Bapak Tedjo Suprapto kula

sumanggaaken. Matur

nuwun kula aturaken dhumateng Bapak Tedjo Suprapto.

Acara ingkang gangsal inggih menika pagelaran seni tari saking pemuda Padukuhan

Klayar. Dhumateng pemuda Padukuhan Klayar kula sumanggaaken. Makaten pagelaran seni tari

saking pemuda Padukuhan Klayar ingkang sampun ngregengaken acara menika.

Acara ingkang enem inggih menika pambagean hadiah.

Acara ingkang pungkasan inggih menika panutup.

Matur nuwun dhumateng panjenengan sedaya sampun rawuh wonten ing adicara menika. Kula

minangka pranatacara menawi kathah kalepatanipun, kaperenga panjenengan sedaya paring

agenging samudra pangaksami. Mangga kita tutup acara menika kanthi waosan hamdalah

sesarengan, kula sumanggaaken.
Matur nuwun, wassalamu’alaikum wr.wb.

Pahargyan pranatacara

1. Palakrama (pernikahan)
2. Ambal warsa (ulang tahun)
3. Kepaten (kematian)
4. Mitoni (7 wulan)
5. Tedhak siten (7 wulan)
6. Reuni
7. Adhicara tujuh belasan
8. Perpisahan
9. Khitanan
10. Lsp.

Sangunipun pranatacara
1. Sangu pokok
a) Olah swara
 Logat
 Pocapan (kejelasan suara)
 Napas
 Tegas
 Cetha (artikulasi)
 Boten blero / bindheng
 Membat-mentuling swanten (irama)
 Kajiwa (dihayati)

b) Olah bab sastra
 Ada-ada
 Panyandra
 Paribasan
 Pepindhan
 Wangsalan
 Lsp.

2. Unsur- unsur pranatacara

a) Magatra (patrap wajar)
b) Malaksana (luwes)
c) Mawastha (jejeg)
d) Maraga (mantep)
e) Malagawa (enthengan)
f) Matanggap (tanggap swasana)
g) Mawat (ngentasi karya)

3. Sangu panyengkuyung

a) Mental (ora grogi)
b) Pawiyatan (kegiyatan)

c) Gladhen (latian)
d) Pangrengga swara (piranti musik)
e) Ketewajuhan (saged ngrampungake pahargyan kanthi ngremenake)
f) Kasamaptaan (kesehatan)
g) Mitra pembayutan (kancane)


Click to View FlipBook Version