MATERI AJAR KELAS XI
PARIWARA
Rina Masriyani, S.Pd.
Pariwara utawa iklan
yaiku wujud komunikasi
sing digunakake kanggo
promosi nawakake
barang utawa jasa
marang wong akeh.
Ancase kanggo aweh
informasi lan mbujuk
supaya sing pada ngerti
banjur kesengsem banjur
nggunakake produk
utawa jasa kasebut.
PAUGERAN Kopi Tubruk
PARIWARA
Migunaake media
massa kanggo
ngandharake pesen
Migunaake sponsor/ Kopi Susu
slogan kang narik
kawigaten
Nduweni sifat Kopi Gula Aren
menehi informasi
marang masarakat
nduweni ancas Kopi Kothok
kanggo nggolek
audiens/ pamiarsa
STRUKTUR
PARIWARA
Supaya pariwara kuwi narik kawigaten,
mesthine ana perangan-perangan sing kudu
digatekake. Perangan-perangan iki kaya
mangkene :
1.Headline (orientasIi) yaiku irah-irahan
(judul) utawa bagian pangenalan babagan
jeneng produk/ jasa sing ditawakake.
2.Bodycopi (awak iklan) yaiku bagian inti
ngenani informasi rinci kahanan/
manfangate barang/jasa sing ditawakake.
Ing bagean iki bisa diwenehi ilustrasi,
yaiku gambar/ foto utawa konsep kreatif.
3.Close/ Justifikasi, bagian pungkasan kang
isine bisa diwenehi tagline/ slogan, lan
katrangan babagan papan dununge
produsen kayata nomer tilpun, akun
media social, website, email, alamat, lan
liya-liyane.
STRUKTUR
PARIWARA
JINIS PARIWARA
MANUT SIPATE
1.Pariwara komersil (dodolan) yaiku iklan sing
sing digunaake kanggo narik kawigatene
wong akeh utawa masyarakat supaya bisa
kapikut (tertarik) kanggo nuku nduweni, lan
nggunaake barang sing ditawaake.
2.Pariwara sosial (layanan masarakat) yaiku
iklan sing digunaake kanggo narik
kawigatene wong akeh utawa masyarakat
supaya bisa nduweni rasa simpatik utawa
gelem aweh panyengkuyung marang
sawijining program sing di iklanake.
MANUT MEDIANE
1.Pariwara cetak, yaiku pariwara kang digawe
lan dipasang kanthi migunakake teknik
cetak. Tuladhane: kalawarti, baliho,poster.
2.Pariwara elektronik, yaiku pariwara kang
migunakake media elektronik. Tuladhane:
pariwara radio, tv, film, internet.
JINIS PARIWARA
MANUT ISINE/ ANCASE
1.Pariwara wara wara yaiku ngabari
utawa aweh weruh babagan tartamtu
kang wigati supaya wong liya mangerteni
babagan sing di warak-waraake
(diwartaake). tuladha : pariwara lelayu,
pariwara reunian.
2.Pariwara tawa-tawa (panawaran), yaiku
pariwara kang ancase nawarake barang
utawa jasa marang masarakat.
Tuladhane: pariwara sepatu, klambi,
motor, jasa ojeg online.
3.Pariwara layanan masyarakat, yaiku jinis
pariwara kang nduweni ancas kanggo
menehi pepadhang ngenani sawijining
perkara lan biasane digawe dening
instansi/lembaga pemerintah. Tuladhane:
pentinge hemat energi ben bisa disimpen
kanggo kepentingan tembe buri
Matur
Nuwun