Tuladha Pawarta 1
Sekretaris Daerah Kalimantan Barat Harisson, minangka Wakil Ketua Gugus Tugas
Penanganan Covid-19 Kalimantan Barat, nyuwun marang wolung pemerintah daerah sing
saiki nglakokake Pembatasan Kegiatan Masyarakat (PPKM) Level 3 kanggo maksimalake
penanganan Covid-19.
"Wolung wilayah kasebut yaiku Kabubaten Sambas, Mempawah Sanggau, Ketapang,
Sekadau, Kubu Raya, Pontianak lan Singkawang. Dene PPKM tingkat loro kalebu: Sintang,
Kapuas Hulu, Bengkayang, Landak lan Melawi. Banjur PPKM tingkat siji Kayong Utara,"
dheweke ngandika, Minggu (20/2).
Tekad kasebut adhedhasar Instruksi Mendagri Nomor 11 Tahun 2022 babagan Penegakan
Pembatasan Kegiatan Masyarakat Tingkat 3, Tingkat 2, lan Tingkat 1 lan Optimalisasi Posko
Penanganan Covid-19 ing Desa lan Kelurahan. Tingkat Kabupaten kanggo Ngontrol
Penyebaran Penyakit Virus Corona 2019 ing Sumatera, Nusa Tenggara, Kalimantan,
Sulawesi, Maluku, lan Papua, sing mulai berlaku tanggal 15 Februari 2022-28 Februari 2022.
Dheweke ngajak masyarakat supaya tetep waspada marang panyebaran Covid-19 lan netepi
protokol kesehatan amarga mundhake tingkat PPKM.
Dheweke uga nyatakake yen kasus Covid-19 mundhak ing PPKM level 1, nganti luwih saka
sewu kasus.
Tim Gugus Tugas Covid-19 Kota Pekanbaru terus mengoptimalkan close contact tracing
kanggo nyegah panyebaran Covid-19.
Tuladha Pawarta 2
Cah Enom nang Brebes Kiye Ditangkep Gara-gara Malak Wong Nganggo Pistol
pistolan
PanturaPost (https://kumparan.com/panturapost)
BREBES – M Lutfi, bocah enom seka Désa Losari Lor, Kecamatan Losari, Kabupatén
Cirebon Jawa Barat, dicekel polisi nang Brebes, dina Kemis (28/7/2022). Bocah umur 28
kuwé ditangkep gara-gara malak wong numpak motor lan ngaku-ngaku dadi polisi.
ADVERTISEMENT
Sadurungé dicekel, pelaku nembé baé nglakoni aksiné wektu malak wong lagi numpak motor
sing nglinter nang sekitar Flyover Kersana ruas tol Pejagan-Pemalang. Wektu dicekel, pelaku
ya ora bisa mungkir lan ngakoni perbuatané. Pelaku ya langsung digawa maring Mapolres
Brebes.
Kapolsek Kersana Suratman AKP Suratman ngungkapna kronologi kedadénané. Wektu
kuwé, rong pelaku sing njalakna motor, awalé ngintili korbané seka Jalur Pantura Cimohong
Kecamatan Bulakamba. Seanjogé nang Jembatan Layang Kersana, motoré korban dipépét lan
diadang mugané korbané mandeg.
“Pelaku ngaku dadi anggota Polsek Tanjung lan nodongna korék pistol maring arah korbané.
Korban latané gemboran njaluk tulung warga lan sa pelaku bisa dicekel sementara batiré pada
kabur,” jelasé.
Wektu digawa Tim Resmob Polres Brebes maring ruang Unit 1 Satreskrim, pelaku ngakoni
nyamar dadi anggota polisi lan medén-medéni korbané karo pistol dolanan sing sabeneré
yakuwé korék.
“Pas nodongna pistol, nyong ngaku anggota Polsek Tanjung lan njaluk korban nggo nyerahna
duit segedhé Rp 2 juta,” jaré M. Lutfi neng adepané penyidik.
Dhéwéké ngaku kepaksa malak soalé butuh duit. “Nyong konangan warga, batiré nyong
kabut pas dioyok warga. Nyong pancén sengaja malak soalé butuh duit lan kiyé nembé
pertama nyong nglakoni,” jelasé.
Saliyané pelaku, polisi uga ngamana barang bukti pistol korék lan motor loro ndéké korban.
“Nyong nyesel, ora pan ngulangi perbuatan kaya kiyé,” jaré cah enom sing saben dinané
ngodé dadi pengamén kuwé.