AMEYNBAHASA JAWA HOKOT
K TEKS PROFIL
MATERI KELAS 7
TUJUAN
PEMBELAJARAN
1. Siswa dapat menjelaskan strktur teks tanggap
diskriptif secara lisan dan tulisan.
RADEN AJENG Raden Ajeng Kartini sekolah ana ing ELS
KARTINI (Europese Lagere School). Ing pasinaon
piyambake klebu murid sing sregep.
Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April Sasuwene sinau ing ELS uga nyinaoni
1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane basa Walanda, mula Raden Ajeng
isih klebu golongan kaum bangsawan, jalaran Kartini bisa nguwasani basa Walanda
Raden Ajeng Kartini putrane bupati Jepara kanthi becik. Nanging emane, sawise
umur 12 taun Kartini kudu ninggalake
kang asma Raden Mas Adipati Ario pamulangan, jalaran kudu dipingit.
Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah.
. Raden Ajeng Kartini nelangsa banget. Arep nulak ora wani, piyambake wedi diarani ora ngerti
adat. Kabeh mau dilakoni kanthi susahing ati. Kanggo nglipur ati, Kartini nglumpukake buku-
buku pelajaran lan buku pengetahuan umum kanggo wacan nalika dina-dinane krasa sepi.
Saben dina pegaweane maca lan maca kanthi dikancani abdi kinasihe.
Maca malih dadi hobi. Ora mung buku wae sing diwaca, nanging surat kabar uga diwaca.
Menawa ana bab-bab sing ora dingerteni Kartini nyuwun pirsa marang Ramane. Amarga
sregep maca wawasane tambah akeh. Kartini ngerti yen para wanita Eropa kuwi wis maju,
pikirane maju, lan wawasane jembar. Raden Ajeng Kartini nduweni pepinginan amrih wanita
Indonesia uga maju, ora mung dadi kanca wingking wae.
Raden Ajeng Kartini nglumpukake kanca-kancane kanggo diwulang nulis lan maca. Ing sela-
selane wektu kuwi Kartini asring nulis layang kanggo kanca-kancane sing ana ing negara
Walanda. Panjenengane uga nulis surat kagem Mr.J.H Abendanon supaya diparingi beasiswa
kanggo sekolah menyang Walanda
Raden Ajeng Kartini klakon oleh beasiswa,
nanging emane ora dilakoni, jalaran ing wektu
iku uga Kartini kudu manut wong tuwane
dinikahake karo Bupati Rembang kang sesilih
Raden Adipati Joyodiningrat. Sawise krama
Panjenengane kudu ndherek kakunge
menyang Rembang. Ing Rembang Raden
Ajeng Kartini ngedegake sekolah wanita kang
disengkuyung dening garwane..
Tanggal 13 September 1904 Raden Ajeng Kartini mbabarake putra
kakung sing diparingi jeneng Soesalit Djoyoadiningrat. Tanggal 17
September 1904 Raden Ajeng Kartini seda ing yuswa 25 taun.
Ndeleng semangate Raden Ajeng Kartini, taun 1912 ing Semarang
didegake Sekolah Wanita dening Yayasan Kartini sing dipimpin
dening kulawarga Van Deventer. Banjur kasusul ing Surabaya,
Madiun, Cirebon lan daerah-daerah liyane. Sasedane Raden Ajeng
Kartini, Mr. J.H Abendanon nglumpukake surat-surat sing tau
dikirimake RA Kartini marang kanca kancane sing ana ing Eropa
lan didadekake buku. Buku kasebut diwenehi irah irahan ”Door
Duisternis Tot Light” sing tegese ”Habis Gelap Terbitlah Terang”.
Para wanita Indonesia wis padha maju, pendhidhikane akeh
sing dhuwur, pegaweane bisa sajajar karo para priya.
Kabeh mau ora liya amarga kena daya semangate Raden
Ajeng Kartini. Ide-ide , gegayuhan, lan semangate Raden
Ajeng Kartini didadekake inspirasi, dituladha dening para
wanita Indonesia supaya dadi wong pinter, pinunjul, nanging
ora ninggalake kodrat kadidene wanita. (Sumber:
www.kolom.biografi.blogspot.com/16 okt 2014 Kanthi
sawetara owah-owahan)
Kapetik saking buku Kirtya Basa
STRKTUR TEKS PROFIL TOKOH
Orientasi yaiku yaiku bagean teks sing isine ngenalake
tokoh, umume ngandharake jeneng, papan kelairan, lan
kulawargane. ing wacan RA Kartini dumunung ing
paragraf 1 (siji)
Prastawa yaiku bagean sing ngandharake kahanan,
prastawa, masalah sing tau dialami nanging sing menjila lan
duwe kesan mirunggan kang bisa didadekake tepa-tuladha.
Dumununging paragraf 2,3,4,5
Reorientasi yaiku bagean panutup lan ngandharake
pandhangan lan pamawase panulis marang tokoh sing
dicritakake. Dumunung ing paragraf 6
MATURNUWUN
Mugi Alloh tansah paring
Ridladumateng kita sedaya. Aamiin..
ISMIATI