The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

UAS Pengembangan Bahan Ajar
2010121112_Dewi Kharisma

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by dewi.19059, 2021-12-09 11:07:40

Cerita Legenda

UAS Pengembangan Bahan Ajar
2010121112_Dewi Kharisma

Dewi Kharisma

CERITA LEGENDA

Adhedhasar Kurikulum
Muatan Lokal Wajib

Kanggo Kelas
SMP/MTs Sadrajat
VIII

Semester Ganjil

ATUR SAPALA

Buku "Cerita Legenda” menika kalebet buku ingkang
ngemot piwulangan kangge tingkat SMP/MTs sadrajat.
Wonten pundi, isinipun adhedhasar saking Kurikulum 2013.
Isinipun buku punika sampun slaras kaliyan kurikulum enggal
ingkang dipunginakaken wonten sekolah-sekolah wekdal
samangke. Isinipun buku punika sampun kasusun lelandhesan
kaliyan Standar Kompetensi Lulusan (SKL) sarta Kompetensi
Dhasar (KD).

Kangge sampurnaning buku “Cerita Legenda” menika, kula
sanget mawantu-wantu pamanggih, pamrayogi, saha
panyaruwe saking sinten kemawon. Kanthi mekaten, buku
ingkang badhe kababar salajengipun saged maremaken
sakehing pamaos. Kangge para sanak kadang dalah
kulawarga ingkang sampun mbiyantu arupi tenaga utawi
materi menapa kemawon, kula ngaturaken panuwun ingkang
tuhu agung.

Wasana, mugi-mugi kanthi wontenipun buku punika saged
mbiyantu para siswa, kadang dwija, lan sutresna Basa Jawi
anggenipun marsudi basa, sastra, lan kabudayan Jawi
supados saged ngrembaka lan lestantun.

Nganjuk, 4 Desember 2021

Pangripta

Kompetensi Dasar Indikator


1.1.Menghargai dan
mensyukuri keberadaan 1.1.1.Berdoa sebelum memulai
bahasa daerah sebagai dan mengakhiri belajar
anugerah Tuhan Yang Maha 1.1.2.Menyapa dengan
Esa untuk meningkatan bahasa daerah
pengetahuan dan
keterampilan berbahasa 1.2.1.Mensyukuri keberadaan
daerah, sertauntuk bahasa daerah.
melestarikan dan 1.2.2. Bercakap-cakap
mengembangkan budaya dengan bahasa daerah
daerah untuk didayagunakan sebagai rasa syukur pada
sebagai upaya pembinaan Tuhan Yang Maha Esa.
dan `pengembangan
kebudayaanNasional. 3.1.1.Menganalisis struktur
teks cerita legenda
1.2.Menghargai dan 3.1.2.Menyusun teks cerita
mensyukuri keberadaan legenda
bahasa daerah sebagai 3.1.3.Menulis teks cerita
anugerah Tuhan Yang Maha legenda yang ada pada
Esa sebagai sarana daerah-daerah di Indonesia.
menyajikan informasi lisan
dan tulis.

3.1.Menulis Cerita Legenda

Basa Jawa Kelas VIII I

Ancas Pasinaon :



1.Supaya para siswa bisa mangerteni uga paham ngenani
struktur teks crita legendha.

2.Supaya para siswa bisa nyusun teks crita legendha.
3.Supaya para siswa bisa nulis teks crita legendha kang

ana ing daerah.

Pandom Pasinaon :



1.Wacanen lan pahamana kanthi becik materi kang
disajekake ing saben-saben kegiyatan pasinaon. Yen
ana materi kang kurang cetha utawa kurang kokpahami
bisa ditakonake marang guru.

2.Garapen saben kegiyatan dhiskusi, gladhen kanthi trep
kanggo nglatih kemampuan panguwasan konseptual lan
literasi.

3.Saawise rampung, balekna piranthi lan modhul ana ing
panggonane.

Basa Jawa Kelas VIII II

WULANGAN I

Mbabar Wawasan

Legendha yaiku crita rakyat saemper mite, nanging kang
diceritakake manungsa kang nduweni kasekten/kaluwihan lan
umume gegayutan karo dumadine papan panggonan.Sarehning
papan panggonan sing dicritakake iku ana temenan, mula
kadhangkala tuwuh kapercayan kaya-kaya kedadeyan sing
dicritakake mau dumadi temenan. Wiwitane legendha iku amung
dicritakake kanthi lisan, ora tinulis. Nanging, sawise manungsa
saya maju ngerti tulis mula legendha ana sing wujude kang tinulis.
Legendha iku kalebu sastra gancaran, yaiku karangan sing ora
kaiket guru wilangan, guru lagu. Sastra gancaran iku dumadi
saka perangan sing ndhapuk crita utawa unsur intrinsik.
Tuladhane: Dumadine Semarang, Salatiga, Gunung Tugel,
Jepara, Roro Jonggrang, lsp.

Kegiyatan 1 : Nganalisis Struktur Teks Crita Legendha

Ing wulangan iki arep disinaoni babagan teks crita legendha,
yaiku wiwit saka struktur, nyusun teks crita legendha, nganti nulis
teks crita legendha. Kanthi nyinaoni teks crita legendha, diajab
bisajembarake wawasan lan mangerteni uga paham ngenani teks
crita legendha

Basa Jawa Kelas VIII 1

Roro Jonggrang











Ing jaman biyen ana kerajaan kang gedhe sing jenenge
Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing
dipimpin karo Prabu Baka. Ananging, kerajaan Prambanan
diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah
amarga kurang anggone nyiapake perang. Prabu Baka lan
pasukane mati amarga kena senjatane Bandung Bandhowoso.
Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga bisa ngalahake
kerajaan Prambanan.

Sawektu Bandung Bandhowoso ing kerajaan Prambanan,
dheweke ndeleng putri kang ayu pasuryane. Putri iku jenenge
Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Banjur Bandung Bandhowoso
nglamar Roro Jonggrang.

"Roro Jonggrang, apa kowe gelem dadi permaisuriku?"
kandhane Bandung Bandhowoso.

Roro Jonggrang nanggepi pitakonane Bandung Bandhowoso,
"Aku gelem dadi permaisurimu, ananging ana syarate".

"Apa iku syarate?" pitakone Bandung Bandhowoso marang
Roro Jonggrang.

"Gawekna aku sewu candi ananging amung wektu sawengi!",
kandhane Roro Jonggrang.

nalika wektu wengi, Bandung Bandhowoso ngumpulake
pasukane yaiku jin lan setan. Sawise ngrungokake prentahe
Bandung Bandhowoso, jin lan setna kasebut banjur nindakake
apa sing diprentahake karo Bandung Bandhowoso. Roro
Jonggrang ndelengi pakaryane Bandung Bandhowoso.

Basa Jawa Kelas VIII 2

Roro Jonggrang wedi yen Bandung Bandhowoso bisa
ngrampungake panjaluke dhewe. Roro Jonggrang banjur
ngumpulake dayang-dayange. Roro Jonggrang banjur ngongkon
dayange mbakar damen utawa wit pari kang wis garing, uga
ngonekake lesung lan nyebar kembang sing wangi. Jin lan setan
mau wedi lan ngira yen wektune wis esuk. Jin lan setan banjur
muleh utawa bali menyang alame. Candi kang cacahe wis ana
999, ananging kurang 1 kanggo njangkepi panjaluke.

Bandung Bandhowoso kuciwa marang Roro Jonggrang
amarga ngrasa yen dheweke dibujuki Roro Jonggrang. Banjur,
Bandung Bandhowoso nyabda Roro Jonggrang dadi patung lan
njangkepi candi supaya cacahe genep 1000.

Kanggo mangerteni isine crita legendha "Roro Jonggrang",
wangsulana pitakon ing ngisor iki!

1.Apa tema crita legendha ing dhuwur?
2.Sapa wae paraga kang ana ing crita legendha "Roro

Jonggrang"? Coba sebutna!
3.Coba gawea siji tuladha crita legendha kanthi ringkes!

Pasinaon 1 : Nintingi Struktur Teks Crita Legendha

Titikane Crita Legendha :

1.Kalebu karya kolektif (diduweni karo masarakat sekitar).
2.Crita babagan panggonan utawa wong sekti.
3.Crita dianggep menawa wis tau kedadeyan.
4.Sipate sekuler (kadonyan).

Basa Jawa Kelas VIII 3

Ing pasinaon 1 para siswa bakal kaajak maneh nyinaoni
struktur teks cerita legenda. Struktur teks cerita legenda iku ana
unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik.

1.Unsur intrinsik
Tema/surasa

Tema yaiku bab kang dadi dhasare crita.
Alur

Alur yaiku rerangkening crita kang kadhapuk kanthi logis utawa
urutaning prastawa kang kadadeyan ing sajroning crita.

Setting (papan/wektu/swasana)
Setting utawa latar yaiku wektu, papan panggonan, lan
swasana ing sajroning crita kang dicritakake.
Paraga
Paraga yaiku wong kang dicritakake ing sajroning crita.
Karakter/penokohan
Penokohan yaiku gambaran watake paraga.
Amanat
Amanat yaiku pesen utawa pitutur saka pangripta kang
diaturake marang pamaca.
Sudut pandhang/pamawas
Sudut pandhang yaiku carane pangripta netepake dirine ing
crita.
Lelewane basa
2. Unsur ekstrinsik
Religi
Politik
Ekonomi
Sosial
Pendhidhikan

Basa Jawa Kelas VIII 4

Pasinaon 2 : Nintingi Jinise Teks Crita Legendha

Ing pasinaon 2 para siswa bakal kaajak maneh nyinaoni jinise
teks cerita legenda. Jinise teks cerita legenda iku ana 4 yaiku :

1.Legenda Religi
Tuladhane : Legenda Ki Ageng Sopal, Crita Walisongo, lsp.

2.Legenda Pawongan
Tuladhane : Jaka Tingkir, Jaka Tarub, Malin Kundang, lsp.

3.Legenda Alam Gaib
Tuladhane : Nyi Roro Kidul, lsp.

4.Legenda dumadine papan panggonan
Tuladhane : Rawa Pening, Gunung Bromo, lsp.

Gladhen : Nintingi Crita Legendha

Wacanen wacan crita legendha kang irah-irahane "Keong Mas"

kanthi permati!

Keong Mas

Kira-kira wis ana setaun desa Dhadhapan ngalami mangsa
katiga kang dawa, mula larang pangan lan akeh lelara lan gawe
uripe warga ketula-tula. Ora beda karo mbok Randha
Dhadhapan, pawongan wadon tuwa sing ora duwe dulur.
Kanggo nyambung uripe, saben dinane dheweke luru krowodan
ing alas.

Basa Jawa Kelas VIII 5

Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan
kaya mangkono kuwi dheweke ora tau ngresula. Malah tansaya
nyaketake marang Gusti kang Maha Kuwasa. "Dhuh Gusti,
paringana pepajar ing desa kula, mugi-mugi enggal kalis saking
prahara punika".

Esuk-esuk Mbok Randha menyang alas golek panganan.
Nalika lagi milang-miling mangerteni cahya cumlorot saka
satengahing kali kang asat, ing batine tuwuh pitakon, "Cahya
apa kuwi kok cumlorot kaya emas?". Banjur Mbok Randha
nyedhaki sumber cahya mau. Bareng dicedhaki jebul sawijining
keong mas kang nyungsang ing antarane watu-watu kali. Keong
kasebut banjur digawa mulih lan tekan ngomah dicemplungake
genthong.

Kaya biyasane, Mbok Randha menyang alas, ananging nganti
tekan surup durung entuk krowodan. Dheweke banjur mulih
ngelanthung ora entuk apa-apa. Sawise leyeh-leyeh ing emperan,
dheweke menyang pawon menawa ana krowodan kang bisa
gawe ganjel wetenge kang lagi luwe. Dheweke kami tenggengen
mangerteni panganan kang ana ing pawon. Batine kebak
pitakonan sapa sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina
sabacute, saben mulih teka alas pawone wis cumepak panganan.
Mula kanthi sesidheman, dheweke ndedepi sapa kang mlebu ana
ing pawone.

Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong
Mas mau metu saka genthong lan malih dadi putri kang ayu
pasuryane. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri kang
ayu kuwi.

"Ndhuk, wong ayu, sliramu iki sejatine sapa kok nganti
kedarang-darang ing alas lan jilmo dadi Keong Mas?", pitakone
Mbok Randha.

Basa Jawa Kelas VIII 6

"Yung, jenengku Candra Kirana, aku iki garwane Raja
Inukerta. Raja ing Jenggala". wangsulane.

"Hlo kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadhapan
kuwi larah-larahe kepriye?", pitakone Mbok Randha.

Dewi Candra Kirana banjur njlentrehake menawa ing
sawijining dina dicidra Raja jin sekti kang karep ngepek garwa,
ananging dheweke ora gelem nuruti karepe jin. Jin muntab,
banjur Dewi Candra Kirana sinebda dadi Keong Mas lan
dibuwang menyang kali kang adoh saka kraton Jenggala/
Wekasane, ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing
kahanan nalika kecemplungan Keong Mas, kaline dadi asat.
Asate banyu kali kasebut njalari Keong Mas nyungsang ing watu
nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni karo Mbok
Randha Dhadhapan.

Mula saka kuwi, supaya aku ora konangan Raja jin, aku dak
ndelik ing kene wae. Anggepen aku anakmu dhewe lan
wenehana aran Limaran.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1.Apa tema saka crita legendha kang irah-irahane "Keong
Mas"?
2.Sapa wae paraga kang ana sajrone crita legendha kasebut?
3.Sapa sejatine Keong Mas kuwi?
4.Kena apa Dewi Candra Kirana sinabda dadi Keong Mas?
Critakna nganggo basamu dhewe!
5.Ing ngendi Mbok Randha nemokake Keong Mas?

Basa Jawa Kelas VIII 7

Tugas 1 : Ngidhentifikasi Crita Legendha
Kanggo ngidhentifikasi wacan crita legendha, tindakna langkah-
langkah ing ngisor iki!

1.Goleka wacan crita legendha ngenani papan panggonan ing
buku, majalah, utawa internet!

2.Golekana unsur intrinsik lan ekstrinsik sajrone crita legendha
kasebut!

Tugas 2 : Nulis Crita Legendha
Sawise langkah-langkah mau wis koklakoni lan apa sing
diperlokake wis sumedya, nulisa wacan crita legendha kang ana
ing dhaerahmu dhewe-dhewe. Sajrone nulis crita legendha,
jingglengana maneh kanthi permati unsur-unsur lan titikane crita
legendha, supaya asil tulisanmu trep lan cetha.

Tugas 3 : Nulis Crita Legendha

Asil tulisanmu wacanen ana ing ngarepe kanca-kancamu! Sawise
iku, banjur kumpulna marang Bapak/Ibu gurumu kanggo tugas
portofolio.

Basa Jawa Kelas VIII 8

Tugas Mandhiri

Asal usul Sumur Blandhung



Sumur Blandhung digawe nalika jaman Hindhu-Budha kerajaan
Majapahit abad 13-14. Sumur Blandung pancen sengaja digawe
penduduk banyune kanggo kaperluan padinan.
Mula bukane Sumur Blandung kuwi, sawijining dina ana petani
jenenge Pak Pahing akon anake yaiku Kliwon supaya angon
wedhus, nanging ora gelem nunggoni wedhuse malah dolan
nonton. Pak Pahing weruh wedhuse ora ditunggoni Kliwon,
dheweke banjur nesu, wedhuse digawa mulih. Tekan omah
Kliwon diseneni nanging meneng wae, amarga ora direwes Pak
Pahing nesune saya muntap banjur Kliwon ditundhung saka
omah. Kliwon lunga mangalor tekan Gunung Lawu. Ing papan
kuwi ana pondok pesantren. Kliwon mapan lan maguru ing
pesantren kuwi.

Sawijining bengi ing padhepokan kuwi ana guru nggawe
tandha kanthi cara sarung dibundheli pucuke. Ing kono cacahing
sarung akeh nanging sing dibundheli mung siji. Esuke sawise para
santri resik-resik, guru ndhawuhi para santri ing pesantren kuwi
supaya njupuk sarung ing tumpukan. Sawise kabeh padha njupuk,
pranyata sing njupuk sarung ana tandhane iku Kliwon. Guru iku
banjur ndhawuhi Kliwon supaya lunga menyang Majapahit
amarga Kliwon wis cukup ilmune lan kabeh ilmu sing diduweni
gurune wis diwenehake kabeh marang dheweke. Kliwon banjur
lunga menyang Majapahit. Ing Majapahit ana punggawa
kerajaan sing duwe anak wadon sing jenenge Mayasari rupane
ayu nanging lagi nandhang lelara lan durung ana sing bisa
nambani.

Basa Jawa Kelas VIII 9

Amarga nduweni ilmu sing cukup dhuwur Kliwon bisa nambani
putri mau saka larane. Amarga lelabuhane iku Kliwon didhaupke
karo Mayasari lan diwenehi kalungguhan.

Sawise dhaup karo Mayasari, Kliwon didhawuhi mulih menyang
panggonan asale lan nggawe kadipaten, papan iku saya suwe
saya rame dadi pasar. Pak Pahing bapake Kliwon uga dadi bakul
dhawet lan dodolane laris banget. Ing sawijining dina Kliwon
weruh bapake lagi dodolan banjur marani. Pak Pahing ora ngerti
yen sing marani iku Kliwon anake sing wis suwe lunga amarga
Kliwon saiki wis dadi bangsawan lan ganti jeneng. Kliwon omong-
omongan karo Pak Pahing takon ngenani kaluwargane.
Wusanane Kliwon omong nek dheweke iku anake Pak Pahing.
Pak Pahing kaget ora nduga yen anake dadi bangsawan.

Mangerteni bab iku Mayasari dadi isin, dheweke bali menyang
Majapahit. Nanging tekan Majapahit dheweke dikon bali meneh
menyang bojone. Mayasari banjur bali meneh menyang Kliwon.
Dheweke rumangsa sedhih banjur arep nglalu kanthi cara
nggantung utawa nggandhul, ananging ora mati. Mula papan
sing digunakake kanggo nglalu Mayasari iku dijenengi
Gandhulan. Mayasari banjur mlayu menyang sawijining papan,
ing kono dheweke lara nglebag-nglebag nganti tumekane pati .
Mula papan iku dijenengi Mlibak.

Mangerteni kahanan kuwi Kliwon sedhih banget, sawise
Mayasari mati kadipaten iku wargane padha nandhang lelara.
Amarga Kliwon ilmune dhuwur dheweke ngerti kepriye carane
nanggulangi kahanan iku. Dheweke banjur akon rakyate supaya
gawe sumur ing wadhas utawa watu-watu. Banyu sing metu saka
sumur iku manjur bisa kanggo ngobati wong-wong sing lara.
Sumur iku diarani Sumur Blandhung. Sumur Blandhung iku mapan
ing desa Tegowanuh, Kaloran, Temanggung.

Basa Jawa Kelas VIII 10

Pitakonan ing ngisor iki kawangsulana kanthi patitis!

1.Tembung ing ngisor iki coba golekana tegese!
a. Mula bukane : …………………….
b. Maguru : ……………………..
2. Sumur blandhung kagawe rikala jaman apa?

Wangsulan :……………………………………………………………………….……….......
3. Ing ngendi papan Sumur Blandung iku?

Wangsulan :……………………………………………………………………….……….......
4. Sapajenenge bapake Kliwon?

Wangsulan :……………………………………………………………………….……….......
5. Kena apa bapake Kliwon duka?

Wangsulan :……………………………………………………………………….……….......
6. Sapa jenenge garwane Kliwon?

Wangsulan :……………………………………………………………………….……….......
7. Kena apa Mayasari mulih ana ing Majapahit?

Wangsulan :……………………………………………………………………….……….......
8. Legenda Sumur blandhung kuwi nyeritakake bab apa?

Wangsulan :……………………………………………………………………….……….......
9. Apa ancase gawe sumur Blandung?

Wangsulan :……………………………………………………………………….……….......
10. Punapa nilai luhur ingkang kaemot ing legendha Sumur

Blandhung?
Wangsulan :……………………………………………………………………….……….......

Basa Jawa Kelas VIII 11

Supaya luwih mangerteni lan paham ngenani materi
crita legendha, para siswa bisa sinau mandhiri kanthi
buka link kang wis sumedya ana ing ngisor iki!

https://www.youtube.com/watch?
v=dFC_iuVS8ZY&t=302s

Refleksi
Sawise maca, nyinaoni, lan mangerteni babagan crita legendha,
"kawruh apa kang kokpikolehi?", "apa mupangate pasinaon iki?",
"ana apa wae sajrone crita legendha?", banjur "kepriye
anggonmu mangerteni wacan crita legendha?". Jlentrehna
panemumu ana ing salembar kertas kanthi jangkep lan
gamblang. Yen wis rampung kumpulna menyang gurumu!

Reringkesan
Crita legendha kuwi crita rakyat saemper mite, nanging kang
diceritakake manungsa kang nduweni kasekten/kaluwihan lan
umume gegayutan karo dumadine papan panggonan. Sajrone
crita legendha, ana bab kang perlu digatekake kayata titikane,
unsur intrinsik lan unsur ekstrinsike.

Basa Jawa Kelas VIII 12

UJI KOMPETENSI
WULANGAN I

A. Pilihen wangsulan kang paling bener lan trep!
1.Ing ngisor iki titikane crita legendha, kajaba.....
a. Sipate sekuler (kadonyan)
b. Crita dianggep menawa wis tau kedadeyan
c. Sipate sekunder
d. Crita babagan panggonan utawa wong sekti
e. Kalebu karya kolektif
2. Unsur intrinsik sajrone crita legendha yaiku.....
a. Amanat
b. Alur
c. Latar
d. Paraga
e. Kabeh Jawaban bener
3. Kang dadi paraga sajrone crita legendha "Malin Kundang"
yaiku.....
a. Malin
b. Dewi Candra Kirana
c. Bandung Bandhowoso
d. Mbok Randha
e. Roro Jonggrang
4. Unsur ekstrinsik sajrone crita legendha, kajaba.....
a. Sosial
b. Religi
c. Tema
d. Pendhihikan
e. Ekonomi

Basa Jawa Kelas VIII 13

5. Unsur intrinsik sajrone crita legendha, kajaba.....
a. Alur
b. Paraga
c. Latar
d. Amanat
e. Ekonomi

6. Sing kalebu crita legendha papan panggonan yaiku.....
a. Gunung Bromo
b. Roro Jonggrang
c. Malin Kundang
d. Keong Mas
e. Kabeh Jawaban bener

7. Crita legendha kang ana ing Sumatera Utara yaiku.....
a. Malin Kundang
b. Batu Menangis
c. Keong Mas
d. Danau Toba
e. Roro Jonggrang

8. Legendha "Watu Ulo" ana ing daerah ngendi?
a. Jember
b. Semarang
c. Surabaya
d. Mojokerto
e. Yogyakarta

9. Legendha "Rawa Pening" ana ing daerah ngendi?
a. Solo
b. Yogyakarta
c. Semarang
d. Surabaya
e. Pacitan

Basa Jawa Kelas VIII 14

10. Sapa paraga utama sajrone legendha "Tangkuban Perahu"?
a. Dayang Sumbi
b. Tumang
c. Bandung Bandhowoso
d. Mbok Randha
e. Dewi Candra Kirana

B. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi trep
lan jangkep!

1.Sebutna titikane crita legendha!
Wangsulan : .......................................................................................
...............................................................................................................

2. Sebut lan jlentrehna unsur intrinsik sajrone crita legendha!
Wangsulan : ......................................................................................
..............................................................................................................

3. Critakna maneh nganggo basamu dhewe legendha "Keong
Mas"!
Wangsulan : ......................................................................................
..............................................................................................................

4. Sebutna lan critakna kanthi ringkes legendha kang ana ing
Jawa Tengah!
Wangsulan : .....................................................................................
.............................................................................................................

5. Nulisa siji wae crita legendha pawongan kanthi jangkep!
Wangsulan : ....................................................................................
............................................................................................................

Basa Jawa Kelas VIII 15

Kapustakan

Atmodjo, S. Prawira, 1996. Bausastra Jawa. Surabaya: Yayasan
Djojo Bojo
Hijiriah, Siti. 2017. Kajian Struktur, Fungsi, dan Nilai Moral Cerita
Rakyat Sebagai Bahan Pembelajaran Apresiasi Sastra. Jurnal
Bahasa, Sastra, dan Pembelajarannya, 3(1)
Kosasih, E. 2017. Bahasa Indonesia SMP/MTs Kelas VIII.
Kementerian Pendidikan Kebudayaan, Jakarta. ISBN
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B.
Wolter
Sawali. 2005. Bahasa dan Sastra Indonesia untuk SMP/MTs
Kelas VIII. Yogyakarta: PT Citra Parama Aji

Basa Jawa Kelas VIII 16


Click to View FlipBook Version