MATERI AKSARA REKAN
Aksara Hanacaraka Inggih menika sawijining aksara ingkang kaagem ing Tanah
Jawa lan saubengipun. Aksara Hanacaraka iku uga di arani aksara Jawa nanging
sajatiné ukara iki kurang sreg amarga aksara Jawa iku warnané akèh saliyané iku
aksara iki ora mung dienggo nulis basa Jawa waé. Aksara iki uga dienggo nulis basa
Sangsekreta, basa Arab, basa Bali, basa Sundha, basa Madura, basa Sasak lan
uga basa Melayu.
Aksara Jawa menika wonten 20, ugi kawastanan aksara legena utawi
dentawyanjana (caraka). Saben aksara legena menika wonten pasanganipun ingkang
ginanipun kangge nyambung wanda (ucapan) segig utawi wanda ingkang mati kaliyan
wanda candakipun.
Saben aksara ugi gadhah sawijining pasangan ingkang saged 'matèni' aksara
sadurungé. Lan sandhang menika wonten tigo, inggih menika sandhang swara,
sandhangan wvyanjono, lan sandhangan panygeging wanda.
Pengetahuan dateng babagan aksara Jawa pinting sanget kagem ngurip- nguripaken
budhaya Jawa. Salah setunggalipun cara inggih meniko mlebetaken pengetahuan
aksara Jawa ing pelajaran sekolah, supados siswa nyinauni kabudayan menika.
Kathah metode sing saged di agem, antawisipun inggih menika kangge metode
lelagon, flash card, dolana, lan sakpanunggalipun.
Jenis-jenisipun Aksara Jawa
AKSARA JAWA LAN PASANGAN
1. Carakan inggih menika sesebutan 4 kangge Aksara Jawa. Amargi
Wujudipun ingkang asipat wanda utawi suku kata ingkang dereng
pikantuk tambahan. Pramila mekaten dipunsebat ugi aksara legena.
Carakan mliginipun wonten 20
2. Pasangan kados dene carakan, pasangan menika kagungan cacah 20.
Saben carakan gadah pasangan. Pasangan menika kangge mateni wanda
sakderengipun. Pasangan menika dipun gunakaken kangge ngicali aksara
swara wonten ing sawijining wanda banjur dipunterusaken wanda
saklajengipun.
3. Sandhangan Sandhangan menika cacahe wonten 4 (papat), yaiku: a.
sandhangan swara utawa vokal (/i/, /u/, /é/, /è/, /ê/, /o/); b.
sandhangan panyigeging wanda (wignyan /h/, layar /r/, lan cêcak
/ng/) kang dianggo minangka panutup wanda; c. sandhangan wyanjana
(cakra, kêrêt, lan pengkal); d. sandhangan pangku kang disebut uga
pangkon
Tuladha aksara Jawa:
1. Basa:
2. Lara:
3. Pangandikan:
4. Tumindak:
5. Sliramu:
AKSARA MURDA LAN PASANGAN
Tembung murda tegese sirah (Padmosoekotjo, 1989: 37). Ing Baoesastra Djawa, tembung
“moerda” tegese endhas utawi pengarep, dene aksara moerda tegese aksara gedhe
(Poerwadarminta, 1939: 327). Tegese aksara murda kuwi bisa kanggo nggampangake
pemut menawa aksara murda yaiku aksara kang ditulis nganggo aksara gedhe (aksara
kapital)
Tuladha Aksara Murda:
1. Jaka Tingkir:
2. Nigeria:
3. Praja Mataram:
4. Sarjana Pendidikan:
5. Diponegara:
AKSARA REKAN
Tembung rekan nggadahi teges
1) apa-apa sing direka-reka (diakal-akal),
2) tiron, gawean. Cacahe ana 5
AKSARA SWARA
Inggih menika ingkang dipunginakaken kagem nyerat vokal /a/, /i/, /u/, /e/, /o/.
Cacahipun wonten 5
Tuladha Aksara Swara
1. Allah:
2. Indonesia:
3. Ernawati:
4. Universitas:
5. Okunawa:
Sandhangan yaiku tandha sing dianggo supaya ana unen-unen vokal saliyane /a/, bisa uga
kanggo njangkepi utawa mateni wanda supaya bisa muni kaya tembung sing diucapake.
Dene sandhangan iku ana 4 (papat) yaiku sandhangan swara, panyigeging wanda, wyanjana,
lan pangku utawa pangkon
A. Pengertian Aksara Rekan
Dipun kutip saking buku Lemuria Indonesia saking santo piliang, aksara rekana
inggih menika aksara tambahan ingkang dipunginakaken kangge nyerat konsonan
asing/manca.
Bentuk aksara menika awalipun dipundamel kangge nyerat tembung-tembung
ingkang dipupendet saking Bahasa arab, lajeng dimodifikasi wonten ing basa
belanda ugi wonten ing panyeratan ngginakaken basa Indonesia sarta inggris.
Panyeratan aksara Rekan dipuntambahi diakritik cecak tiga wonten ing aksara
ingkang pangucapanipun dipunanggap kados sami swara asing ingkang bersangkutan.
Tuladhanaipun aksara rekan Fa dipnserat kanthi nambahi cecak tiga wonten aksara
wyanjana pa. gabunganipun aksara wyanjana ugi swara asing saben aksara rekan
saged benten panyeratanipun amargi mboten wonten persetujuan resmi saking
Lembaga basa ingkang ngatur.
Aksara Rekan cacahipun wonten 5. Inggih menika kha, dza, fa, za, ugi gha. Ananging
wonten ugi ingkang nyebataken aksara Rekan menika mliginipun wonten 9
B.Bentuk Aksara Rekan
C.Tuladha Panyeratan Aksara Jawa
Wujude Arane Waja Aksara
Latin
Kha Kalbu
f/v Favorit
Dz Adzan
Gh Ghoirul
Z Zebra
D. Tuladha Seratan aksara Rekan