The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by adifahlatifn, 2022-06-18 11:08:22

Materi Bahasa Jawa Kelas VIII Semester 1

Membuat e-book secara online

Keywords: Bahasa Jawa

PASINAON BASA
JAWA

WULANGAN I
CRITA LEGENDA

Crita Legendha

Crita dongeng yen diperang manut isine digolongake dadi pirang-
pirang jinis utawa golongan yaiku mite, sage, legendha, fabel.

1.Mite yaiku sawijining crita kang ana gayutane karo dewa-dewi.
2.Sage yaiku crita kang isine gegayutan karo bab kepahlawanan.
3.fabel yaiku sawijing crita kang paragane kewan kang bisa tata

jalma kaya dene manungsa.
4.Legendha yaiku sawijining crita kang isine bab dumadine

papan.

Dumadine Kutha Boyolali



Adipati Semarang utawa kang disebut Ki Pandhanarang kagungan bojo kang
asmane Nyai Kaliwunggu. Ki Pandhanarang iki arep golek ilmu makrifat marang
Kanjeng Sunan Kalijaga. Nalika Ki Pandhanarang tindhak bojone yaiku Nyai
Kaliwunggu melu ngancani Adipati Semarang kanggo golek ilmu makrifat. Sedurunge
arep tindhak Ki Pandhanarang wis ngelingake Nyai Kaliwunggu kanggo aja ngawa
raja brana akih-akih mengko mundak kena cilaka, nanging Nyai Kaliwunggu tetep
wae ngeyel ngawa emas raja brana akeh nganti gawe ngrerendheti lakune, kabeh sik
nyawang mesti ngematake emas raja brana Nyai Kaliwunggu nganti ing tengah
dalan Nyai Kaliwunggu mau dicegat karo wong cacah telu lan dibegal banjur bojone
yaiku Ki Pandhanarang nganti duka lan nganti supaya yen begal telu kae mau malih
wujud beda-beda yaitu malih wedhus, ula lan sing siji malih rupa asu. Kang rupane
wedhus gelem tobat lan kepengen ngabdi marang Ki Pandhanarang. Nanging, kang
rupa wujud ula lan asu pada nekat nggawa bandhane Nyai Kaliwungu nganthi ludes.

Ki Pandhanarang karo Nyai Kaliwungu tetep nerusake lakune arahe
mangetan terus. Nanging, nalika ing tengah dalan Nyai Pandhanarang utawa
Nyai Kaliwunggu mau ngrasa ngelih lan ngelak, banjur sambat lan kelingan
maneh karo bandhane. Banjur Ki Pandanarang negesake supaya Nyai
Pandanarang bisa lali nganti bolan-baleni anggone ngendhika ‘mbok ya lali
ta nyai’ wiwit saka ngendhikane iku papan lerene ki Pandhanarang lan Nyai
Kaliwunggu diarani Boyolali.

WULANGAN II
TEMBANG MACAPAT

TEMBANG GAMBUH

Tembang Gambuh iku kalebu sawijinging tembang macapat.
tembang gambuh duwe gatra cacah 5. tembang gambuh kalebu
tembang macapat gambuh iku mlebune kitab wedhatama kang
dianggit dening KGPAA Mangkunegara IV.
paugerane tembang gambuh yaiku :

1.Guru gatra ana 5
2.Guru wilangan 7,10,12,8,8
3.guru lagu : u,u,i,o
4.Watak tembang gambuh yaiku rumaket, kulina. Cocog kanggo

mituturi kanthi sipat kulina.

TEMBANG GAMBUH

Sekar gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadalu warsa kapatuh,
Katutuh pan dadi awon.​

Rasaning tyas kayungyung,
Angayomi lukitaning kalbu,
Gambir wana kalawan hening ing ati,
Kabekta kudu pinutur,
Sumingkiringreh tyas mirong.

GANCARAN GAMBUH

Gancaran tembang gambuh pada 1 yaiku :
Ing tembang Gambuh sing kaping papat iki, sing dirembug
nganani tumindak ala kang kebacut-bacut ( keterusan).
Tumindhak iku ora patut tur gawe sengsara. menawa kebacut lan
kulina nglakoni pancen dadi diarani ala.

- Pitutur luhur kang tinemu ana ing tembang Gambuh pada 1 :
1.Singkirna tumindak kang ora becik.
2.Tumindhak ora becik iku yen dadi pakulinan dadi ala.

WULANGAN 3
PAWARTA

Pawarta

Pawarta yaiku palapuran bab kedadean, idhe anyar kang bener
lan narik kawigatenan sarta wigati tumrap masyarakat. Para
pangluru pawarta bisa entuk pawarta saka kalawarti, ariwarti,
radhiyo, televisi, lan jejaring sosial. Pawarta mau bisa ing babagan
ekonomi, politik, sosial, budaya, olah raga lan liya-liyane. pawarta
kang diandarake uga bisa saka berita manca negara.

Pawarta

Titikane pawarta :
1.Aktual tegese pawarta sing diandharake isih anyar.
2.faktual tegese anggone ngandharake pawarta iku dudu asiling
ngarang nanging adhedhasar fakta.
3.obyektif tegese ora mihak siji lan sijine pawongan utawa
lembaga tartamtu.
4.unik lan narik kawigatenan tegese pawarta iku nylenenh lan
gawe wong ketarik kanggo nyemak pawarta mau.

Pawarta

Kang digathekake nalika maca pawarta :
1.Mangerteni isine pawarta kang diwaca mau.
2.Menehi tandha pedhotan adhedhasar maknaning pawarta.
3.Menehi garis ing sangisore ukara penting.
4.Olehe maca pawarta kanthi becik.
5.Ngunakake lafal lan intonasi sing trep.
6.Anggone maca kanthi solah bawa sing praja.

Pawarta

Puting Beliung Ngrubuhake Sakehing Omah
Bencana angin puting beliung ngrusak desa loro ing kecamatan Mojoanyar, ing
kecamatan Mojoanyar Kbupaten Mojokerto tanggal 28 Maret 2021 . Rusak sing
paling nemen ditandhang dening gudhang prodhuksi loro duweke Sri Mulyani lan
Gendut Winarko ing Dhusun Kangkkungan. Sri Mulyani sing duwe Gudang
ngandhakake udan deres banget disertani angin banter nabrak gudange sing
nalika iku lagi dijaga karyawan. Payone kabeh ambruk, mengkono uga kapapate
tembok iringan bangunane.
Akibat saka bencana iki Sri Mulyani kanda nandhang kapitungan udakara 300 yuta.
Sri Mulyani kandha during ditekani petugas BPBD kabupaten Mojokerto. Kahanan
kang padha uga dirasakake dening Gendhut Winarko wesi sing dohe 100 meter
saka gudhange Sri Mulyani iki uga rubuh rata karo omah. Rumah warga uga melu
rusak.

WULANGAN IV
PARIWARA

PARIWARA

Pariwara utawa iklan yaiku tulisan sing bisa awujud suara utawa
gambar kang gunane kanggo mamerake utawa ngajak marang
masyarakat utawa sapa wae sing ndeleng supaya tertarik
migunaake lan tuku marang barang utawa jasa kasebut.

PARIWARA

Kang digatekake ana ing isine iklan :
1.Kudu objektif lan jujur
2.Cekak lan cetha
3.Nduduk ati

- Basane iklan :
a. Gampang ditampa
b. Ukarane cekak aos lan ndudut ati
c. Gambare cetha
d. Isine nyata lan ora ngapusi
e. Sipate ajak-ajak

PARIWARA


Click to View FlipBook Version