Bahan
Ajar
Serat Wulangreh
Pupuh Gambuh
Kanggo kelas VII SMP Negeri 1 Jambu
Sugeng Rawuh
Ayo bareng-bareng sinau tembang
macapat ☺
Capaian Pembelajaran & Tujuan Pembelajaran
Capaian Pembelajaran Tujuan Pembelajaran
Peserta didik mampu membaca teks 1. Mampu menembangkan
sastra (tembang macapat/ parikan/ tembang Gambuh sesuai titi
dongeng/ geguritan/ cerita pendek/ laras.
cerita rakyat/ cerita wayang epos
Ramayana/lainnya) dari teks 2. Mampu menganalisis isi
visual dan audio visual. tembang macapat Gambuh.
Serat Wulangreh
Serat Wulangreh yaiku karya sastra
kang awujud tembang kang
adiluhung.
Wulangreh dianggit dening Sri
Susuhunan Pakubuwana IV saka
Kraton Surakarta Hadiningrat.
Serat iki dumadi saka pupuh kang
maneka warna.
Apa iku Wulangreh?
● Tembung “wulang” iku tegese pitutur,
ajaran, utawa piwulang.
● Tembung “reh” asale saka basa Jawa
kuna tegese aturan, prentah, dalan,
utawa laku kanggo nggayuh samubarang.
● Wulangreh bisa ditegesi piwulang
kanggo nggayuh samubarang.
Samubarang kang dimaksud yaiku laku
tumuju uring kang sampurna.
Tembang Macapat
Tegese Jinis Paugeran
Miturut Padmosoekotjo Tembang macapat 1. Guru Gatra: cacahing
(1960:25) tembang ana 11, yaiku gatra saben sapada.
macapat yaiku reriptan Maskumambang, 2. Guru Wilangan:
utawa dhapuking basa Mijil, Kinanthi, Sinom, cacahing wanda
saben
nganggo paugeran Asmarandana, sagatra/salarik.
tartamtu (gumathok) Dhandhanggula,
kang macane kudu Gambuh, Durma, 3. Guru Lagu: tibaning
Pangkur, Megatruh, swara vokal ing
dilagokake. pungkasaning gatra.
lan Pocung.
Tembang Gambuh
Paugeran Sasmita
Guru gatra : 5 Padha, jumbuh,
Guru wilangan lan cocog
guru lagu:
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Watak
Wani lan rumaket
Cara Mangerteni Isining Tembang
01 Negesi tembung-tembung angel lumantar
bausastra cithak utawa online.
02 Negesi saben gatra utawa larik.
03 Gawe dudutan kang isine ajaran moral utawa
piwulang kanggo tuladha uripe manungsa.
Tuladha: tembang Gambuh pada 1
Sekar gambuh ping catur, (tembang Gambuh kaping papat)
kang cinatur polah kang kalantur, (kang diomongake polah kang kebanjur)
tanpa tutur katula-tula katali, (tanpa diomongi bakal nandang kacilakan)
kadaluwarsa katutuh, (kebacut dipaido)
kapatuh pan dadi awon.(kaanggep mung dadi ala)
Sekar : tembang Tutur : diomongi
Catur : papat
Cinatur : kang diomongake Katula katali : tansah kacilakan
Kalantur : kebanjur
Awon : elek
Isi: Tindak-tanduk kang ora gelem ngrungokake pituture wong liya, tindak
tanduk kang ora becik kaemot ing sekar gambuh iki, tindak tanduk ala
kang ora ana rampunge lan ora ana kendhaline bakal ala asile lan
ngrugekake manungsa dhewe.
Matur
nuwun