The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by sulistyawatipurwanti16, 2021-12-16 22:41:34

Materi Kelas 9

Sandiwara

Keywords: #sandiwara

SANDIWARA

SANDIWARA

Pengertian Sandiwara

Sandiwara yaiku nyetakake utawa maragake paraga ana ing sandiwara kuwi dhasare numindakake utawa
maragakake watak lan tindak-tanduk pawongan liya.

Unsur Intrinsik Sandiwara

Unsur-unsur ingkang kasusun ana ing njerone sandiwara yaiku:

a. Tema yaiku uderaning perkara kang arupa ide dhasar crita, tema sing dianggo ana ing sandiwara
dumadi saka bab-bab kerep diprangguli ana bebrayan.

b. Purusa/Paraga (tokoh) lan watake
– Purusa utama yaiku paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya.
– Purusa pambiyatu yaiku parga kang mbiyatu paraga utama.
– Watakwatune yaiku ciri-ciri utawa karakter paraga.

c. Alur (dalaning crita) yaiku urut-urutan lakune crita.

d. Amanat yaiku pesen moral kang ana ing njerone crita.

e. Gaya bahasa yaiku tata cara panganggone basa kang bisa awujud dialek, tata ukara lan majas.

Unsur Ekstrinsik Sandiwara

Unsur ekstrinsik sandiwara jawa yaiku unsur kang ana ing sakjabane karya sastra, ananging unsur
samenika gadahi pengaruh ing sistem organisme karya sastra.

Wujude Sandiwara

– Dramatikal yaiku sandiwara kang diparagakake karo saperangan wong utawa paraga kang dibarengi
salah bawa.

– Pantomin yaiku sandiwara kang diperagakake kaliyan gerak-gerik ananging boten wonten dialog
namung wonten musik lan ekspresi saking rupane lakon.

– Komedi yaiku sandiwara kang diperagakake karo geguyonan kang sifate nyindir lan pungkasane
seneng-seneng.

– Parodi yaiku salah satunggaling wujud dialog antarane naskah saha oposisi (kontras).

Sandiwara kudu migatekake babagan ing ngoisor iki:

1. Nduweni kreasi nalikaning nindakake paraga
2. Maragakake kanthi wajar ora digawe-gawe
3. Paraga kang ditindhakake dipadhake kalawan tipe, gaya,34 jiwa lan ancas pementasane.
4. Paraga kang ditindhakake nganggo periode wektu lan watak.
Cara ingkang bisa ditindhakake nalikaning dadi paraga ana sawenehing lakon sandiwara:

1. Gladen olah watak
2. Gladen swara
3. Gladen observasi lan imajinasi
4. Gladen konsentrasi
5. Gladen teknik pementasan
6. Gladen sistem akting
7. Nglancarake keprigelan lan gladen
kapethik saka bahasa jawa SMA


Click to View FlipBook Version