KALAWARTI NGUDI KAWRUH JAWI
KASUSASTRAN JAWI
Inggih punika wohing pamikir saha
budinipun manungsa ingkang awujud
racikanipun basa lesan (pangandikan)
utawi tulisan (seratan) ingkang ngemu
kaendahan (Subalidinata,1994 dalam
Sutardjo, I.,2008)
Juwudipun kasusastran Jawi inggih
punika gancaran, guritan lan
tembang. Punika salah satunggaling
kasusastran Jawi arupi gancaran
inggih punika " Wangsalan "
13
PEBRUARI 2022
Wangsalan
Inggih punika tetembungan utawi unen-unen ingkang kados
cangkriman kanthi mratelakaken batangan/ bedhekan
wonten wandanipun. Tuladhanipun :
Wajik klethik gula Jawa;
Luwih becik sing prasaja.
Kembang aren, sumebar tepining kalen;
Aja dahwen, yen kowe kepengin kajen.
Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur;
Kudu jujur, yen kowe kepengin luhur
Kembang mlati, werna peni ngganda wangi;
Watak putri kudu gemi lan nastiti.
Kembang cengkeh, ganda sedhep werna aneh;
Wong sing sumeh, tartamtu mitrane akeh.
Rujak wuni, rujake para pemudhi;
Aja lali, kudu anetepi janji.
Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula;
Piwelingku mring pra mudha, aja wedi ing rekasa.
Kalawarti Ngudi Kawruh Jawi No. 3, Minggu I Pebruari 2022
Beras lembut, tepungan nambah memitra (glepung)
Cacing dawa, memitra ja gawe gela. (ula)
Ayo nguri-nguri kasusastran Jawa kanthi
ajar ngrakit Wangsalan
Daftar Pustaka
Sutardjo, I. 2008. Kawruh Basa saha Kasusastran Jawi. Surakarta;Jurusan
Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret.
Soetarno. 1983. Mawur Sari Waosan Basa Jawi 1. Surakarta; Widya Duta.
Kalawarti Ngudi Kawruh Jawi No. 3, Minggu I Pebruari 2022