KALAWARTI NGUDI KAWRUH JAWI
SEKAR MACAPAT
Sekar Macapat inggih punika satunggaling kasusastran
Jawi ingkang arupi sekar (tembang) ingkang kaiket
paugeran guru gatra, guru wilangan, guru lagu.
Pangertosan sekar Macapat saking pamanggihipun
(Poerwadarminta, 1939 dalam Sutarjo, I., 2014) :
Tembung Macapat saking tembung maca "membaca" /
"melagukan", ugi pat ingkang ewah dados mat (amargi
proses asimilasi tunggal ditikulasi) wancahan saking
tembung nikmat "sangat enak, sangat terasa". Dados sekar
Macapat tegesipun remen maos kanthi raos endah utawi
nikmat sanget
Mupangatipun sekar Macapat inggih punika saget
damel ;
1.paring pitutur
2.lelipur manah
3. tetembangan wonten iringan pentas budaya Jawi
4.piranti nyimpen prastawa
4
PEBRUARI 2022
JINIS SEKAR MACAPAT
1. Maskumambang 6. Gambuh
2. Mijil 7. Dhandhanggula
3. Sinom 8. Durma
4. Asmaradana 9. Pangkur
5. Kinanthi 10. Megatruh
11. Pocung
Urutanipun sekar Macapat wau kados lampahipun
tiyang wiwit wonten kandhutanipun ibu, ngantos
sowan wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha
Kuwaos
Kalawarti Ngudi Kawruh Jawi 4, Minggu 2 Pebruari 2022
Paugeran Sekar Macapat
1.Guru gatra, inggih punika
cacahipun gatra/baris saben
sapada/setunggal bait
2. Guru Wilangan, inggih punika
cacahipun wanda/suku kata
saben sagatra/sabaris
3. Guru lagu, inggih punika
dhawahipun swanten wonten
pungkasanipun gatra/baris
Kalawarti Ngudi Kawruh Jawi 4, Minggu 2 Pebruari 2022
Mangga gladhen ngrakit sekar Macapat
Tuladha :
Guyup rukun sesarengan den lampahi Paugeranipun
linambaran ikhlas
karampungan kang den udi Guru Gatra : 4 baris
Tan melik pangalembana Guru Wilangan : 12, 8, 8, 8
Guru Lagu : i, a, i, a
Isi sawo niku naminipun kecik
Ron klapa nggih blarak Adhedhasar paugeranipun
Den tuladha tindak becik sekar Macapat mau, saget
Wong tuwa paring pitedah dipunwastani menawi jinisipun
sekar Macapat inggih punika "
Maskumambang"
Kalawarti Ngudi Kawruh Jawi 4, Minggu 2 Pebruari 2022