Winarti, S.S. PINTER BASA
LITERASI BASA JAWA
Ana ing desa Pranggan lagi ketekan para mudha kang arep nglakoni program KKN saka
kampuse. Para mudha mau banjur dikrenahake dening pak lurah kanggo tetepungan
marang warga desa saha para sesepuh ing desa Panggan. Acara diadani ing bale desa
wengi iku.
Pak Lurah kersa paring sambutan marang para mudha mahasiswa mau. Krana sasuwene
KKN mengkone para mahasiswa mau dititipake ana ing daleme mbah Sura minangka
sesepuh ana ing desa Pranggan, mula banjur pak lurah ngenalake mbah Sura marang
para mahasiswa mau.
“ Salajengipun kula tepangaken sesepuh saha pepundhen kula, inggih punika mbah Sura.
priyantunipun ingkang ngagem ageman cemeng, rikmanipun pethak, boten kantun rawis
saha gumbalanipun ugi pethak. Mbah Sura menika mangke ingkang dalemipun
dipunpanggeni para mahasiswa sadangunipun KKN wonten ing desa Pranggan mriki ”.
Ature pak lurah ing pidato sambutane.
Sabanjure salah sijine para mudha mau banjur matur minangka sesulihe kanca-kancane.
“ Para bapak-ibu ingkang kinurmatan, lumeberipun dhumateng kadang enem ingkang kula
tresnani. saderengipun nepangaken nami kula, keparenga langkung rumiyin panjenengan
sami kula aturi tut wingking ngonjukaken raos suka syukur wonten ngarsanipun Gusti
Ingkang Welas Asih. inggih awit saking keparengipun, kula sakanca saget sowan wonten
ngarsa panjenengan sami kanthi rahayu wilujeng nir ing sambekala. Salajengipun
keparenga ndherek nepangaken nami kula. Inggih punika Safitri, murih gampilipun cekap
kasebat Fitri ngaten kemawon. Kula piyambak mendhet fakultas sastra kleresan sampun
semester pungkasan. Wondene kula sakanca lare nenem punika mangke badhe nunut
ngiyup ndherek ngenger panjenengan sami kalih wulan dangunipun. Pramila saking
punika, kula sakanca tansah nyuwun pitedahipun ing babagan pagesangan wonten
bebrayan ageng kulawarga padusunan mriki. langkung-langkung dhateng mbah Sura
minangka pepundhen kula ugi, menawi wonten tindak-tanduk kula ingkang klentu, kersaa
panjenengan paring panyaruwe. Ing wasana cekap samanten kemawon atur kula, menawi
wonten sisip sembiripun nyuwun lubering samodra pangaksami. Nuwun”.
Wengi iku para mudha kang arep KKN ing desa Pranggan ketampa kanthi becik dening
kabeh warga desa Pranggan. Pranyata nom-noman ing jaman saiki sing umume wis padha
bubrah basane, kepara luntur tata krama unggah-ungguhe jebule isih ana sing nduweni
trapsila, pinter ngrakit tembung, wasis nggunakake unggah-ungguh basa.
Kediri, 2 Mei 2021
DHIK PRASAJA
Dening : Winarti, S.S.
Saben liwat ngarep omahku dheweke noleh kanthi esem kang manis
madu. Dhik prasaja pancen bocahe grapyak sumanak marang kabeh
wong tanpa pilih-pilih. Nalika ana tanggane sing lagi duwe kajat,
mesthi ing kono uga ana dhik Prasaja. Kabeh wis apal yen ta dhik
Prasaja iku yen tetulung tanggane sepi ing pamrih rame ing gawe.
Ikhlas krana kepingin tetulung.
Lanang karoban manis, ya dhik Prasaja iku wong lanang bagus
rupane uga bagus budine. Yen lagi nindakake sakehe pegaweyan,
dhik Prasaja iku lageyane gliyak-gliyak tumindak sareh pikoleh, yaiku
nindakake pegaweyan kanthi alon-alon kebak pangati-ati wusanane
klakon kang disedya.
Ora nggumun ya gene dhik Prasaja wewatakane becik mau merga
nurun watak becike wong tuwane, kacang ora ninggal lanjaran.
Senajan ana wae wong kang gawe crita ngayawara ngenani dhik
Prasaja. Dhandang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandang,
tegese ala dicritakake apik, sing apik dicritakake ala. Jenenge wae ya
manungsa, ana sing seneng ana uga sing ora seneng krana meri lan
sapanunggalane. Dahwen ati open, karepe nyacat liyan ning merga
duwe melik / pepenginan.
Saiki Dhik Prasaja dipek mantu karo Pak Lurah sing karan wong sugih
ing desa Muning. Begjane Dhik Prasaja dadi mantune Pak Lurah,
kadidene nglungguhi klasa gumelar, kahanane sarwa penak, sarwa
kecukupan apa butuhe. Mula piwelinge wong tuwa marang para
mudha. aja mung adol bagus, adol ayu, ning sabisa-bisane dadi
mudha taruna sing duwe wewatakan ber budi bawa leksana kanthi
bisa njaga suba sita, trapsila lan uga unggah-ungguh basa. Ajining
dhiri ana ing lathi, ajining raga ana ing busana, ajining awak ana ing
tumindak. Aja adigang adigung adiguna, tegese aja mung ngendel-
ngendelake karosane, panguwasane, lan kapinterane.