The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ikhsan.mahendraa, 2022-12-11 06:26:59

Bahan Ajar Bahasa Jawa kelas XI Semseter Gasal

bahan ajar kelas XI smt gasal

ALAT PERAGA SEDERHANA
BAHAN AJAR BAHASA JAWA KELAS XI SEMESTER GASAL

TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Oleh
IKHSAN MAHENDRA, S.S.

SMA NEGERI 1 KARTASURA
PEMERINTAH PROVINSI JAWA TENGAH
KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

2022


PRAKATA

Puji syukur kami panjatkan kepada Allah Yang Maha Kuasa, atas karuniaNya
sehingga kami dapat menyelesaikan Bahan Ajar Mata Pelajaran Bahasa Jawa Kelas XI
Semester Gasal Tahun Pelajaran 2022-2023. Modul ini didalamnya sekurang-kurangnya
membahas tentang tiga materi inti pada kelas XI yaitu Geguritan, Eksposisi Adat Mantu, dan
Aksara Murda.

Bahan ajar ini diperuntukkan untuk peserta didik kelas XI MIPA, IPS dan Bahasa
di SMA Negeri 1 Kartasura. Tujuan dari penyusunan bahan ajar ini adalah untuk menambah
referensi peserta didik dalam mempelajari materi Geguritan, Eksposisi Adat Mantu, dan
Aksara Murda. Semoga dengan hadirnya bahan ajar ini dapat membantu peserta didik dalam
mempelajari materi Geguritan, Eksposisi Adat Mantu, dan Aksara Murda sehingga dapat
menambah wawasan belajar peserta didik.

Terima kasih kami sampaikan kepada semua pihak yang telah membantu dalam
penyusunan bahan ajar ini sampai selesai. Bahan ajar ini masih jauh dari kata sempurna, oleh
karena itu penulis mengharapkan kritik dan saran yang membangun demi penyempurnaan
bahan ajar ini.

Sukoharjo, 1 Agustus 2022

Penulis


BAHAN AJAR GEGURITAN

A. IDENTITAS : XI Semester Gasal
Kelas : Bahasa Jawa
Mata Pelajaran : Geguritan
Materi

B. KOMPETENSI DASAR
3.2 Menganalisis isi teks geguritan
4.2 Membaca indah geguritan

C. INDIKATOR
3.2.1 Menelaah struktur teks geguritan (C4)
3.2.2 Menyimpulkan nilai-nilai geguritan (C5)
4.2.2 Membuat geguritan (C6)
4.2.3 Membaca / memainkan indah geguritan (P5)

D. TUJUAN PEMBELAJARAN
1. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai
Geguritan dan memutarkan media video geguritan
peserta didik mampu mengidentifikasi kata-kata sukar
dari teks geguritan dengan tepat. (C1)
2. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai
Geguritan dan memutarkan media video geguritan
peserta didik mampu menyimpulkan tema dari teks
geuritan dengan benar. (C6)
3. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai
Geguritan dan memutarkan media video geguritan
peserta didik mampu menyimpulkan nilai-nilai yang
terdapat dalam teks geguritan dengan tepat secara
komunikatif. (C5)


4. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai
Geguritan dan memutarkan media video geguritan
peserta didik mampu membuat teks geguritan dengan
baik. (P5)

5. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai
Geguritan dan memutarkan media video geguritan
peserta didik mampu membaca indah/ memainkan teks
geguritan dengan percaya diri. (P5)

E. DIMENSI PENGETAHUAN

1) Faktual : Pengertian Sastra Jawa, Geguritan

2) Konseptual : Contoh Geguritan, Klasifikasi & struktur geguritan

3) Prosedural : Cara menulis geguritan, cara membaca indah

geguritan

4) Metakognitif : Menyimpulkan ide pokok geguritan

Menyimpulkan nilai moral geguritan

A. FASE 1 : INDENTIFIKASI MASALAH

Materi Faktual

Sumangga para siswa dipunmangertosi babagan pangerten dhasar
babagan Sastra Jawa ugi Geguritan. Kanthi maos saha mangertosi materi
punika, ing pangajab mugi sedaya siswa saged gadhah kawruh babagan puisi
Jawa geguritan.

Sastra Jawa :
Sastra yaiku asil karya kang awujud basa, digunakake kanggo menehi ngerti
marang liyan. Mula Sastra Jawab bisa ditegesi apa wae kang awujud basa
Jawa kang bisa digunakake kanggo informasi utawa kawruh babagan urip.


Geguritan :
Miturut S. Padmo Soekotjo geguritan asale saka tembung gurita saka
linggane tembung gurit kang tegese "tembang utawa kidung”. Dene nggurit
tegese ngarang tembang, kidung, rerepen utawa karangan iketan. Ananging
pengaruh saka puisi manca, geguritan saiki dadi sungsat saka teges
satemene. Geguritan anyar babar pisan ora padha karo tembang utawa
kidung. Jalaran tembang utawa kidung iku anggone nyuwarakake nganggo
wewaton utawa paugeran (aturan) kang wujude titi laras. Kamangka
pamacane geguritan ora nganggo wewaton titi laras. Ora ana aturan
gumathok babagan carane maca geguritan.

Geguritan kalebu puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening
paugerahan tinamtu. Gunggunge larik ukara ing saben pada bebas,
gunggunge pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang
nggunakake purwakanthi bisa uga ora migunakake purwakhanti. Geguritan
kang migunakake purwakanthi yen dirungokake luwih kepenak.

Paugerane geguritan:
1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga
becik.
3.
4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut,
lan sapanunggalane.

LINK POWER POINT Materi Geguritan :

https://docs.google.com/presentation/d/1W6xrz3IqZpj3TRdX26gK3oixb
Iwdv3H2/edit?usp=sharing&ouid=101993857549351618640&rtpof=true&
sd=true

LINK VIDEO Materi Geguritan :

https://www.youtube.com/watch?v=87dhwn482xY


B. FASE 2 : MENGORGANISASI PESERTA DIDIK

Materi Konseptual

Klasifikasi Sastra Jawa :
Wujud sastra Jawa, dibedakan menjadi dua:
1.Prosa (gancaran), contohnya dalam bentuk novel, cerita cekak (cerkak), cerita gambar
(cergam).
2.Puisi (tembang), contohnya dalam bentuk lirik, geguritan, kidung, kakawin.

Selain itu, karena sastra berbicara tentang manusia dan kemanusiaan, maka sastra juga
memuat seluruh aspek hidup manusia. Oleh karena itu terdapat berbagai kategori/jenis

sastra berdasar pada sejarahnya:
a. Sastra Jawa Kuna
b. Sastra Jawa Tengahan
c. Sastra Jawa Baru
d. Sastra Jawa Modern (geguritan)
Geguritan Kaperang dadi 2 yaiku geguritan Kuna lan geguritan Anyar.

Geguritan Kuna Geguritan Anyar

• Cacahing gatra (baris) ora • Kawitan irah-irahan

ajeg,nagging sithike papat • Cacahe gatra ora

• Cacahing wanda (suku kata) gatra ajeg (ora mesthi padha)

siji lan sijine kudu • Dhong-dhinge swara ing pungkasane

Titikane padha akehe gatra ora ajeg

• Tibaning swarane kudu • Pilihan tembung mentes

runtut • Nganggo basa endah

• Sangarepe geguritan diwiwiti

tembung “sun nggegurit”

• Isine kebak pitutur kanggo

patuladhan becik

Tuladhane Sun nggegurit Nggarit Langit
Kahanan jaman saiki Mendhung gung liwang-liwung
sipat pemudha-pemudhi lumaku ing ereng-erenging gunung
srawunge saya ndadi sadalan-dalan kebak eri kemarung
raket wewekane sepi kang tinemu omah-omah
tan kadi jaman nguni padha suwung
srawunge sarwa ngati-ati pager eri carang ori kayakaya
temlawung
Yen manut wasiteng kuna nggetuni lelakoning jaman kang lagi
priya srawung lan wanita bingung
gampang kena panggodha lemah bengkah, Jurang jugrug,
nerak ing laku susila watuwatu padha gumlundhung,
temah darbe jeneng ala ngebaki lurung-lurung
wusananing tibeng papa. Iki salahe sapa?
apa larang sandhang lan pan gan sing
dadi


C. FASE 3 : MEMBIMBING PENYELIDIKAN
Materi Prosedural

Carane nulis geguritan :

1. Milih tema sing gumathok, banjur diterusake nulis irah-irahan.
2. Mekarake crita.
3. Ngrakit ukara urut saka ndhuwur terus mudhun mangisor, sagatra utawa

salarik ukara cekak.
4. Bisa kanthi nggunakake lelewaning basa, pepindhan, dasanama, &

purwakanthi supaya katon endah.

Carane maca geguritan :

Carane maca geguritan kang becik lan endah sakurang - kurange ana 4, yaiku

Wicara, Wirama, Wirasa, lan Wiraga.

Penjelasane yaiku :

1. Wicara (cara ucap),

tegese pocapane kudu cetha, mantep ora keno ragu - ragu, pocapan lafal (a,

i, o, e, tha, ta, dha, da lan sak piturute) sing bener lan jelas.

2. Wirama (lagu lan intonasi),

tegese banter alone pocapan lan munggah mudune intonasi kudu dilarasake

karo isine sesorah

3. Wirasa (njiwai),

tegese pedhotan tembung / ukara kudu cocog karo karepe (prentah, nesu,

seneng, ngenyek, getun lan liyo liyane).

4. Wiraga (ekspresi mimik),

tegese polah obahing tangan, awak, polatan, rasa kudu luwes ora kaku ora

ketok digawe - gawe.


D.FASE 4 : MENGEMBANGKAN & MENYAJIKAN HASIL KARYA

Materi Metakognitif

Saben geguritan iku mesthi nduweni isi utawa ide pokok. Isi iku ana
gayutane karo tema, tuladhane agama, bebuden, karesikan, alam, lsp.
Ing babagan liya, geguritan tamtu nduweni piwulang luhur, amarga
kabeh sastra iku kudu nduweni amanat. Nalika ana sastra ora ana
piwulange, tegese gawe karya sing muspra. Mula para siswa kudu bisa
nggawe geguritan kang bisa dijupuk apa pitutur luhure, supaya gawe
karyane migunani marang sapa wae pamacane.

E. FASE 5 : MENGANALISIS & MENGEVALUASI

Dudutan :

• Geguritan kalebu puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening
paugerahan tinamtu.

• Titikane geguritan kuna nganggo ukara “sun nggegurit”, titikane
geguritan anyar nganggo irah-irahan

• Geguritan ngemot isi lan pitutur luhur kang sinandhi.
• Geguritan supaya bisa endah, bisa diwenehi dasanama,

lelewaning basa, uga purwakanthi.
• Ana patang cara maca geguritan supaya endah, yaiku wicara,

wirama, wirasa, uga wiraga.

Relevansi :

Kanthi sinau maneh babagan geguritan, para siswa bisa nguri-uri
maneh basa Jawa. Ing jaman saiki wis langka ana bocah sing nduweni
kasenengan nulis puisi/ geguritan, amarga basa Jawa wis sangsaya
kalah karo basa nasional utawa manca. Geguritan prelu dilestarekake
amarga dadi produk asli budaya Jawa, supaya kuncara maneh mangsa
sastra Jawa ing Indonesia.


DAFTAR PUSTAKA

Taflihiyah, Anis dan Diyah Kusumaayu Cahyaningrum. 2022. Sinau Basa Jawa. Klaten:
CV. Gita Buana.
Setiawan, Heri. 2015. Mumpuni Basa Jawa. Surakarta: PT.Tiga Serangkai.
Sunardi. 2018. Kridha Basa Jawa. Klaten: CV. Gita Buana.
Widodo, Agus. 2017. Kridha Basa Jawa. Klaten: CV. Gita Buana.
Yatmana, Sudi dkk. 2015. Kabeh Bisa Basa Jawa. Jakarta: Yudhistira.

LAMAN VIDEO

https://www.youtube.com/watch?v=PZFbvhePQD4

JURNAL

https://journal.unnes.ac.id/nju/index.php/lingua/article/view/8690
Sabrina, F. R. M., & Nugroho, Y. E. (2016). Penerapan Model EXPLICIT INSTRUCTION
Untuk Pembelajaran Membaca Indah GEGURITAN Siswa Kelas Vii Smp Negeri 39
Semarang. Lingua, 12(1), 35-43.

DISERTASI

https://digilib.uns.ac.id/dokumen/detail/38534
Andriyanto, O. D. (2014). Peningkatan kemampuan membaca geguritan dengan metode
quantum learning pada siswa kelas VII H SMP Negeri 1 Cawas, Klaten tahun pelajaran
2013/2014 (Doctoral dissertation, UNS (Sebelas Maret University)).


BAHAN AJAR EKSPOSISI ADAT MANTU

A. IDENTITAS : XI Semester Gasal
Kelas : Bahasa Jawa
Mata Pelajaran : Eksposisi Adat Mantu
Materi

B. KOMPETENSI DASAR
3.4 Menganalisis isi teks eksposisi tentang adat tradisi mantu.
4.4 Menulis teks eksposisi tentang adat tradisi mantu

C. INDIKATOR
3.4.1 Peserta didik dapat menganalisis struktur teks eksposisi adat
mantu gagrag Surakarta (C4)
3.4.2 Peserta didik dapat menguraikan isi teks eksposisi adat mantu
gagrag Surakarta (C4)
3.4.3 Peserta didik dapat menafsirkan filosofis adat mantu gagrag
Surakarta (C5)
4.4.1 Peserta didik dapat merancang kerangka teks eksposisi adat
mantu gagrag Surakarta (C6)
4.4.2 Peserta didik dapat membuat teks eksposisi adat mantu gagrag
Surakarta (P5)

D. TUJUAN PEMBELAJARAN
1. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai teks
eksposisi adat mantu dan memutarkan media video
prosesi adat mantu Jawa peserta didik mampu
mengidentifikasi kata-kata sukar dari teks adat
tradisi mantu gagrag Surakarta dengan tepat. (C1)
2. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai teks
eksposisi adat mantu dan memutarkan media video


adat mantu Jawa peserta didik mampu menganalisis
struktur dari teks eksposisi adat mantu gagrag
Surakarta dengan benar dan percaya diri. (C4)
3. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai teks
eksposisi adat mantu dan memutarkan media video
adat mantu Jawa peserta didik mampu menguraikan isi
teks eksposisi adat mantu gagrag Surakarta dengan
tepat. (C4)
4. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai teks
eksposisi adat mantu dan memutarkan media video
adat mantu Jawa peserta didik mampu menafsirkan
filosofi adat tradisi mantu gagrag Surakarta dengan
tepat secara komunikatif. (C5)
5. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai teks
eksposisi adat mantu dan memutarkan media video
adat tradisi mantu Jawa, peserta didik mampu
merancang kerangka teks eksposisi adat tradisional
mantu gagrag Surakarta dengan benar. (C6)
6. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai teks
eksposisi adat mantu dan memutarkan media video
adat mantu Jawa peserta didik mampu membuat teks
eksposisi adat tradisi mantu gagrag Surakarta dengan
baik. (P5)

E. DIMENSI PENGETAHUAN

1) Faktual : Video Adat Mantu Jawa,

2) Konseptual : Pengertian paragraf eksposisi, struktur eksposisi,

pengertian adat mantu

3) Prosedural : Tata urutan prosesi adat mantu Jawa

4) Metakognitif : Menyimpulkan makna filosofi prosesi adat mantu Jawa


A. FASE 1 : INDENTIFIKASI MASALAH

Materi Faktual

Sumangga para siswa dipunmangertosi babagan pangerten dhasar babagan Budaya
Adat mantu Jawa. Kanthi nyemak video saha mangertosi materi punika, ing pangajab
mugi sedaya siswa saged gadhah kawruh babagan adat Mantu Jawa, saperlu badhe saged
srawung wonten ing madyaning bebrayan.

LINK VIDEO Materi Eksposisi Adat Mantu:

https://www.youtube.com/watch?v=4-9ZCBkgK38

LINK POWER POINT Eksposisi Adat Mantu:

https://anyflip.com/khvqp/nxhr/

B. FASE 2 : MENGORGANISASI PESERTA DIDIK

Materi Konseptual

Budaya Jawa :

Budaya yaiku asil budi lan akal manungsa saka jaman kang wis suwe nganti saiki. Jawa
yaiku perangan suku ing Indonesia. Budaya Jawa nduweni teges asil budi lan akal, bisa
perangan wujud utawa pikiran, saka wong suku Jawa, lan kabeh nduweni makna lan ancase
dhewe-dhewe kanggo ngatur uripe manungsa ing madyaning bebrayan.

Adat Mantu :

Adat mantu yaiku adat utawa kagiyatan wong Jawa nalika wis wektune ngramakke
anakke. Kang nduwe gawe yaiku bapak lan ibune anak wedok. Adat mantu Jawa padatan
nganggo akeh trap-trapan kang kudu dilakoni, uga ana akeh ubarampe kang kudu
disiyapake. Kabeh urutan prosesi ing adat Jawa nduweni makna filosofis kang bisa
dibabar kanggo menehi kawruh anak putu supaya bisa urip kang bener lan bisa migunani
marang wong akeh.


Jinisi Paragraf

1. Paragraf Narasi yaiku wacan kang ancas lan isine nyritakake sawijining kadadean
utawa crita lan ana unsur-unsur critane , kayata : tema, alur, latar, paraga sarta
watake, lan amanat utawa pesen moral.

2. Paragraf Eksposisi yaiku wacan kang ancas lan isine nerangake utawa njlentrehake
babagan tartamtu,.

3. Paragraf Deskripsi yaiku wacan kang ancas lan isine nggambarake sawijining bab
utawa perkara.

4. Paragraf Argumentasi yaiku wacan kang ancas lan isine menehi panemu uwong kanthi
alesan kang cetha.

5. Paragraf Persuasi yaiku wacan kang ancas lan isine menehi ngerti lan mbujuk supaya
wong-wong padha nindakake apa kang dadi karepe penulis.

Konsep Eksposisi

Eksposisi mujudake sawijining teks kang nyritakake analisa proses nganggo cara narasi
kanggo aweh informasi lan njembarake pangertene wong sing maca. Wacana eksposisi
digunakake pengarang kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan
sawijining kegiyatan, metodhe, cara, lan proses dumadi sawijining kedadeyan utawa bab.

 Sajroning wacana eksposisi dibeberake anane analisa proses nganggo cara narasi.
Narasi kang mengkono mau diarani narasi ekspositoris/narasi teknis, awit ancas kang
tinuju titise katrangan ngenani sawijining kadadean kang dibeberake.

 Dadi ancase wacana eksposisi yaiku: maparake, njlentrehake (menjelaskan), ngaturake
informasi, ngajari lan nerangake sawijining bab tanpa didhasari supaya pamaos bisa
nampa utawa narima.

Dene struktur karangan eksposisi iku kaperang dadi telung perangan yaiku:
1. tesis (pambuka) isine panemu;
2. argumentasi (surasa/isi) isine bukti, alesan, lan argumen;
3. penegasan ulang (panutup) isine dudutan kang nguwatake argumen adhedhasar bukti.


Jinis Wacana Eksposisi ana maneka warna :
 Eksposisi definisi
 Eksposisi proses
 Eksposisi perbandingan
 Eksposisi pertentangan
 Eksposisi klasifikasi
 Eksposisi ilustrasi
 Eksposisi analisis
 Eksposisi laporan

Tata cara nulis wacan eksposisi :
a. Nemtokake tema
b. Nemtokake tujuan
c. Ngumpulake dhata
d. Nyusun cengkorongan
e. Ngrembakake cengkorongan dadi paragraf eksposisi
f. Ejaan miturut panulisan basa Jawa kang baku

C. FASE 3 : MEMBIMBING PENYELIDIKAN

Materi Prosedural

Urut-urutane nalika wong Jawa yen arep duwe gawe mantu yaiku kaya ing ngisor iki:

 Acara Wiwitan
1. Nontoni yaiku wong tuwane bocah lanang kongkonan karo paraga sing diarani
Congkok, supaya teka ana omahe wong tuwane bocah wadon, ing sedya mung arep
nonton kahanane bocah wadon sing dikarepake.


2. Nembung utawa Nglamar yaiku wong tuwane bocah lanang teka dhewe utawa
kongkonan karo paraga saperlu nakokake bocah wadon sing dikarepake iku isih
lamban utawa wis kawengku dening priya, yen isih lamban arep dilamar kanggo
bocah lanang sing ngarepake.

3. Paningset yaiku nalika panglamare ditampa dening wong tuwane bocah
wadon,banjur rembuge disingseti. Ana telung ubarampe kang kalebu ing
paningset kaya ing ngisor iki:
a. Bakuning Paningset wujude: Ali-ali/Sesupe, Stagen, Semekan,Sinjang
truntum, Sindur
b. Abon-aboning Paningset : Pisang ayu, Suruh ayu, Sega golong, Jeruk
Sundhung, Tebu wulung
c. Pangiringing Paningset: Wulu pametuning tetanen, kabutuhan omah,
kabutuhane v wong wadon, piranti kanggo dandan, mas-masan, tukon lan
sapanunggalane

4. Liru Kalpika yaiku minangka tandha resmine anggone pepacangan, priya lan wanita
sing pepacangan padha genti-genten masangake ali-ali ana driji manis sisih kiwa.

5. Gethok dina yaiku carane nemtokake dina ijab kang pas miturut itungan Jawa,
padatan digolekake marang wong tuwa.

 Tatacara siyaga panitya
Kumbakarnan tegese parembugan dening wong tuwa kang nduwe gawe karo
tangga teparo, kanggo menehi tugas lan kuwajiban dadi panitya upacara adat
mantu.

 Tatacara sadurunge tempuking gawe
1. Pasang tarub : Wujude nam-naman blarak sing diarani Bleketepe, kapasangi ing
sadhuwure emperan lan pawonan.


2. Pasang Tuwuhan : Wujude gedhang raja sing wis suluh, pepak lan jantunge,
rinengga ubarampe liyane, kayata: Tebu wulung, Cengkir gadhing, gegodhongan:
Randhu, Kapas, Ringin, Kara Kluwih, Suket Apa-apa, Alang-alang, Kemuning, Pari
Sawuli.

3. Siraman : Calon penganten didusi nganggo banyu sing cinampur kembang mawar,
mlathi, kanthil, kenanga.

4. Dodol Dhawet isine cendhol, santen sing rasane legi lan gurih, jenenge Dhawet
Ayu, anggone tuku nganggo kreweng.

5. Sengkeran yaiku calon penganten wanita ora kena metu saka omah,nyingkiri bab
sing ora prayoga.


6. Midodareni ana tatacara :
 Jonggolan yaiku calon Penganten priya teka, nelakake sumadya nikah

 Tumedhaking Kembar mayang/ Nebus Kembar mayang kang diarani
Dewandaru lan Jayandaru.

 Bakune Adicara
Ningkahan yaiku calon manten sakloron ana ngarepe Wali, Seksi lan Punggawa
Pamarentah ngesahake prasetyane nut satatane agama lan pamarentah.

 Adicara Panggih ing Resepsi
1. Balangan gantal.
Godhong suruh digulung cilik ditaleni bolah putih, banjur dibalangake antarane
manten sakloron.


2. Midak tigan (Wiji dadi)
Manten lanang ngidak endhog, banjur manten wadon ngresiki sukune manten
lanang nganggo banyu kembang.

3. Sinduran
Ramane manten wadon ngasta sindur lan dikalungake marang manten sakloron

4. Kacar-kucur
Manten lanang ngucurake dhuwit pecahan marang manten wadon.

5. Dulangan
Manten lanang lan wadon padha dulang-dulangan dhaharan.


6. Bobot timang
Manten sakloron dipangku dening ramane manten wadon.

7. Sungkeman
Manten sakloron padha sungkem marang biyung ramane kabeh.

D. FASE 4 : MENGEMBANGKAN & MENYAJIKAN HASIL KARYA
Materi Metakognitif

Saben lampahan ing prosesi adat mantu kabeh nduweni ancas lan nduweni filosofis
nilai moral kang bisa dijupuk.
Filosofis kang sinandhi ing prosesi adat mantu yaiku kaya ing ngisor iki:
1. Pasang tarub :
Pasang tarub, iku saka kerata basa ditata supaya murub, tegese ditata supaya
apik lan ketok yen arep ana gawe.
2. Pasang Tuwuhan :
Tuwuhan iku maneka warna wujude, maknane tuwuhan yaiku supaya temanten bisa
nuwuhake urip kang mulya, bisa dadi tualdha ing madyaning bebrayan.
3. Siraman :
Maknane siraman yaiku supaya temanten bisa resik ora mung jiwane, nanging uga
ragane. Tegese bisa siyaga lair batin kanggo ngadhepi omah-omah.


4. Dodol Dhawet :
Dodol dhawet iku acara kan nduweni makna supaya temanten bisa laris uga lancar
rejekine kaya bapak ibune kang lagi dodol dhawet laris.

5. Sengkeran :
Sengkeran iku mankane supaya manten nalika nunggu acara ijab bisa lancar, ora
kena godha lan cilaka.

6. Balangan gantal.
Balangan gantal iku pralambang mbalang godha rencana ala supaya ngalih saka
temanten sakloron.

7. Midak tigan (Wiji dadi)
Manten lanang ngidak endhog, tegese nalika endhog pecah, iku ngemu teges
temanten wis pecah pamore.

8. Sinduran
Sinduran saka kerata basa, isin mundur, tegese wis siyaga tanpa mundur maneh
bakal ngadhepi apa wae pepalang ing madyaning palakrama.

9. Kacar-kucur
Manten lanang ngucurake dhuwit marang manten wadon, maknane yaiku wong
lanang nduwe kuwajiban menehi rezeki, awujud fisik utawa batin marang
garwane.

10. Dulangan
Dulangan antarane manten sakloron ngemu teges padha mbiyantu lan ngreksa
antarane wong loro, dadi padha-padha sing ngabekti.

11. Bobot timang
Maknane Bapak mangku dening manten sakloron yaiku dianggep padha abote,
tegese ora dibedak-bedakke, dianggep anak kabeh.

12. Sungkeman
Sungkeman ngemu teges sanajan manten wis winisuda kanthi krama, nanging
kudu tetep bekti marang wong tuwane nganti salawase urip.


E. FASE 5 : MENGANALISIS & MENGEVALUASI

Dudutan :

1. Paragraf Eksposisi yaiku paragraf kang njlentrehake sawijining
bab.

2. Adat mantu Jawai ing saben lampah prosesine ngandhut makna
lan nilai-nilai luhur.

3. Adat mantu minangka adat Jawa kudu dilestarekake amarga
tinggalan saka para leluhur kang adiluhung.

Relevansi :

Adat mantu minangka adat istiadat mujudake pranatan tumrape
tumindak kang wis suwe diugemi sawijining masyarakat lan wis
diwarisake kanthi turun temurun. Ing masyarakat Jawa adat istiadat
tansah diuri-uri. Upamane bab guyub rukun karo sapadha, urmat
marang wong sing luwih tuwa, makarya bebarengan, lan
sapanunggalane.
Adat istiadat iku uga diwujudake kanthi maneka tatacara kayata
tatacara ningkah temanten, brokohan, tingkeban, sepasaran, tedhak
siten, nyewu, lan sapanunggalane. Kajaba kanggo njaga karukunan
kabeh kuwi mau ditindakake kanggo ngonjukake ngaturake rasa
syukur ana ngarsane Gusti Kang Mahaagung supaya tansah pinaringan
keslametan.


DAFTAR PUSTAKA

Taflihiyah, Anis dan Diyah Kusumaayu Cahyaningrum. 2022. Sinau Basa Jawa. Klaten:
CV. Gita Buana.
Setiawan, Heri. 2015. Mumpuni Basa Jawa. Surakarta: PT.Tiga Serangkai.
Sunardi. 2018. Kridha Basa Jawa. Klaten: CV. Gita Buana.
Widodo, Agus. 2017. Kridha Basa Jawa. Klaten: CV. Gita Buana.
Yatmana, Sudi dkk. 2015. Kabeh Bisa Basa Jawa. Jakarta: Yudhistira.

LAMAN INTERNET

https://www.youtube.com/watch?v=4-9ZCBkgK38

JURNAL

https://journal.uny.ac.id/index.php/ikadbudi/article/view/12014.
APA:
Sulanjari, B., & Zaidah, N. (2015). Pembelajaran Upacara Perkawinan Adat Jawa Melalui
Model Drama. Jurnal Ikadbudi, 4(10).


BAHAN AJAR AKSARA MURDA

A. IDENTITAS : XI Semester Genap
Kelas : Bahasa Jawa
Mata Pelajaran : Aksara Murda
Materi

B. KOMPETENSI DASAR
3.5 Mengidentifikasi kaidah penulisan empat paragraf berhuruf
Jawa yang menggunakan aksara murda
4.5 Menulis empat paragraf berhuruf Jawa yang menggunakan
aksara murda.

C. INDIKATOR
3.5.1 Peserta didik mampu menyeleksi penggunaan aksara murda dalam
paragraf beraksara Jawa (C4)
3.5.2 Peserta didik mampu menyimpulkan kaidah penulisan aksara Jawa
Murda (C5)
3.5.3 Peserta didik mampu memperbaiki penulisan aksara murda yang
salah dalam teks rumpang beraksara Jawa. (C6)
4.5.1 Peserta didik mengalihakasarakan paragraf beraksara latin
menjadi aksara Jawa yang memuat aksara murda (P5)

D. TUJUAN PEMBELAJARAN
1. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai Aksara
Murda dan memutarkan media video Aksara Murda
peserta didik mampu menyeleksi bentuk-bentuk
Aksara Murda yang terdapat dalam teks beraksara
Jawa dengan tepat. (C4)
2. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai Aksara
Murda dan memutarkan media video Aksara Murda
peserta didik mampu menyimpulkan kaidah penulisan


Aksara Murda dengan benar. (C5)
3. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning

(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai Aksara
Murda dan memutarkan media video Aksara Murda
peserta didik mampu memperbaiki penggunaan Aksara
Murda dalam paragraf beraksara Jawa dengan tepat.
(C6)
4. Melalui model pembelajaran Problem Based Learning
(PBL), setelah menyimak Power Point mengenai Aksara
Murda dan memutarkan media video Aksara Murda
peserta didik mampu mengalihaksarakan paragraf
beraksara latin menjadi paragaraf beraksara Jawa
yang memuat Aksara Murda dengan benar. (P5)

E. DIMENSI PENGETAHUAN

1) Faktual : Gambar Aksara Murda,

2) Konseptual : Contoh Aksara Murda & Prinsip Penggunaannya

3) Prosedural : Cara menulis Aksara Murda

4) Metakognitif : Menyimpulkan penggunaan Aksara Murda

A. FASE 1 : INDENTIFIKASI MASALAH

Materi Faktual

Sumangga para siswa dipunmangertosi babagan pangerten dhasar
babagan Aksara Jawa. Kanthi maos saha mangertosi materi punika, ing
pangajab mugi sedaya siswa saged gadhah kawruh babagan nulis Aksara
Jawa mliginipun ngginakaken Aksara Murda.


Kanggo pangeling-eling iki uga ana aksara carakan, pasangan lan
sandhangane.


LINK POWER POINT Materi Aksara Murda :

https://anyflip.com/khvqp/pdyf/

LINK VIDEO Materi Aksara Murda :

https://youtu.be/yCsZxuOJKeY

B. FASE 2 : MENGORGANISASI PESERTA DIDIK
Materi Konseptual

Aksara Murda
Murda nduweni teges sirah. Manawa mangkono aksara murda bisa ditegesi
aksara sirah. Ing basa Indonesia, aksara murda bisa kasebut huruf kapital.
Panganggone aksara murda ora bisa sembarangan, ana paugeran tartamtu
nalika arep nulis nganggo aksara murda.
Ana saora-orane cacah 8 kang kalebu aksara murda,
yaiku kaya ing ngisor iki :

1) Na

2) Ka

3) Ta

4) Sa

5) Pa

6) Nya


7) Ga

8) Ba

Tuladha Aksara Murda
Bambang Pamungkas :

Walikota Gibran :

Semanggi :

Kali Pepe :

Kantor Polisi :

FASE 3 : MEMBIMBING PENYELIDIKAN

Materi Prosedural

Carane nganggo Aksara Murda :

1) Aksara murda ora bisa didadekake aksara mati
2) Aksara murda bisa diwenehi pasangan
3) Aksara murda bisa diwenehi sandhangan
4) Wiwitane ukara ora prelu nganggo aksara murda, kajaba ukara

wiwitane ana tembung jeneng wong, jabatan, gelar, papan,
organisasi, lembaga, utawa letak geografis (jeneng desa, kutha,
gunung, kali, lsp).
5) Manawa ing tembung ora ana aksara murdane, banjur cukup
nggunakake aksara carakan padatan, sanajan tembung iku kalebu


jeneng wong, jabatan, gelar, papan, organisasi, lembaga, utawa
letak geografis.
6) Aksara murda cukup dianggo sawanda (siji) wae saben satembung.
7) Panganggone murda sawanda satembung, ing wanda ngarep dhewe,
manawa wanda ngarep ora ana murdane, banjur diurutake wanda
sawise, sateruse mengkono urutane.

C. FASE 4 : MENGEMBANGKAN & MENYAJIKAN HASIL KARYA

Materi Metakognitif

Saben panulisan aksara Jawa ana paugerane, iku uga kanggo nulis
aksara Murda ora kena sembrana. Panulisan aksara murda ana
paugerane, yaiku kanggo nulis tembung jeneng wong, jabatan, gelar,
papan, organisasi, lembaga, utawa letak geografis.

D.FASE 5 : MENGANALISIS & MENGEVALUASI
Dudutan :

• Aksara Murda cacahe ana 8
• Jinise Aksara Murda yaiku Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, lan Ba.
• Aksara Murda digunakake nalika nulis tembung jeneng wong,

jabatan, gelar, papan, organisasi, lembaga, utawa letak
geografis (jeneng desa, kutha, gunung, kali, lsp).
• Cara panganggone aksara murda ana paugeran tartamtu yaiku
cukup satembung ana murdane siji yaiku wanda kang ngarep
dhewe, manawa ora ana ngarep, banjur wanda kapindho, lan
sateruse mangkono paugerane.


Relevansi :

Kanthi sinau maneh babagan nulis aksara Murda, para siswa kudu bisa
ngetrapake nalika nulis kang ana gayutane karo tembung jeneng wong,
jabatan, gelar, papan, organisasi, lembaga, utawa letak geografis. Ing
jaman globalisasi saiki, prelu banget anggone miwiti maneh nulis
nganggo Aksara Jawa, supaya wong Jawa ora kelangan watak
karaktere, lan ing pangajab mugya budaya Jawa bisa kuncara maneh
ing kandhange dhewe yaiku nagara Indonesia.


DAFTAR PUSTAKA

Taflihiyah, Anis dan Diyah Kusumaayu Cahyaningrum. 2022. Sinau Basa Jawa. Klaten:
CV. Gita Buana.
Setiawan, Heri. 2015. Mumpuni Basa Jawa. Surakarta: PT.Tiga Serangkai.
Sunardi. 2018. Kridha Basa Jawa. Klaten: CV. Gita Buana.
Widodo, Agus. 2017. Kridha Basa Jawa. Klaten: CV. Gita Buana.
Yatmana, Sudi dkk. 2015. Kabeh Bisa Basa Jawa. Jakarta: Yudhistira.

LAMAN VIDEO

https://www.youtube.com/watch?v=3T0vYmDFe7k

JURNAL

https://journal.unnes.ac.id/sju/index.php/jlj/article/view/8394.
APA:
Karniasari, I., & Mujiyono, F. D. P. (2015). Peningkatan Keterampilan Menulis Aksara Jawa
Melalui Model Quantum Learning Dengan Kartu Huruf. Joyful Learning Journal, 4(3).


Click to View FlipBook Version