SD YPI DARUSSALAM
Basa
Jawa
Kelas
NILA SARI,S.Pd
BASA JAWA KELAS 3
Bocah-bocah kanggo mangerteni carane ngirit energi, ayo
padha nyemak wacan ngisor iki.
Wacanen kanthi patitis!
Listrik Mlebu Desa
Rini lan Bima atine seneng banget. Omahe lagi
bae dipasang instalasi listrik. Pancen ing desane
lagi ana program "Listrik Masuk Desa". Sadurunge
ana program "Listrik Masuk Desa", kanggi sarana
madhangi omahe mung nganggo ublik, senthir, lan
teplok.
Saiki Rini lan Bima Sregep sinau. Lampu kang
padhang nuwuhake semangat anggone sinau. Rini
sing saiki kelas 3 SD lan Bima adhine kelas 2 SD
padha pintere. Saben jam 18:30 nganti jam 20:00
bocah loro padha sinau. Rini lan Bima saben sinau
dikancani bapak lan ibune.
Pak Wibawa lan Bu Dewi ajeg ndawuhi marang
Rini lan Bima supaya irit listrik. Saben buyar sinau
ora lali mateni lampu. Mateni lampu sing ora
kanggi wis dadi pakulinane Rini lan Bima. Bocah
loro tansah eling welinge bapak ibune.
Weling kang wis rumaket iku kalebu uga program
pamarintah kang ngajak masyarakat supaya
"Hemat Energi"
BASA JAWA KELAS 3
Ngidhentifikasi Jinise Tembung. Ing pasinaon
iki bocah-bocah diajak mangerteni jinise-jinise
tembung. Supaya luwih cetha utawa jelas ayo
gatekna tuladha ing andharan ngisor iki!
Tuladha:
Saiki/Rini/lan/Bima/sregep/sinau.
Saiki : tembung katrangan (kata
keterangan)
Rini : tembung aran (kata benda)
lan : tembung penggandheng (kata
sambung)
Bima : tembung aran (kata benda)
sregep : tembung kahanan (kata sifat)
sinau : tembung kriya (kata kerja)
BASA JAWA KELAS 3
TEMBUNG ARAN LAN TEMBUNG KRIYA
Tembung aran yaiku tembung kang magepokan karo
samubarang, bisa barang kang kasat mata apadene
barang kang ora kasat mata. Supaya luwih gamblang,
gatekna tuladha tembung aran ing ngisor iki :
1. Omah
2. Kursi
3. Siti
4. Meja
5. Angin
6. lan sapanunggalane
Tembung Kriya yaiku tembung nelakake tumindak utawa
nindakake pakaryan, proses lan kahanan sing ora mujuduke
sipat.
Tuladha tembung kriya:
1. Macul
2. Ngombe
3. Mabur
4. Kramas
5. Nulis
6. Nggambar
7. Adus
8. lan sapanunggalane
BASA JAWA KELAS 3
RINGKASAN
Jinise-jinise tembung yaiku:
tembung katrangan (kata keterangan),
tembung penggandheng (kata sambung),
tembung aran (kata benda),
sregep : tembung kahanan (kata sifat),
sinau : tembung kriya (kata kerja).
Tembung aran yaiku tembung kang magepokan
karo samubarang, bisa barang kang kasat mata
apadene barang kang ora kasat mata.
Tembung kriya yaiku tembung nelakake tumindak
utawa nindakake pakaryan, proses lan kahanan sing
ora mujuduke sipat.