The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by renianggraeni99, 2022-10-24 00:49:42

Tembang Kinanthi

BAHAN AJAR






TEMBANG KINANTHI































































OLEH:Reni Anggraeni

A.Laras lan Titi laras

Laras ing gamelan lan tembang macapat diperang dadi loro yaiku laras slendro

lan laras pelog. Laras slendro mitirut mitologi Jawa dianggep luwih tuwa tinimbang
laras pelog. Jeneng slendro dianggep saka jeneng Sailendra, wangsa panguwasa ing

jaman Mataram Hindhu. Ana sing ngarani laras slendro iku saka pandhita Budha
Mahayana saka Gandhara ing India lumantar Nalanda, Sriwijaya lan pungkasane

ngrembaka ing Jawa lan Bali.
Laras slendro lan pelog kalebu pentatonik/ pentatonis (penta=lima), tegese

saben laras nduweni jarak titi laras cacah lima. Laras slendro nduweni titi laras cacah
lima yaiku 1, 2, 3, 5, 6 (ji, ro, lu, ma, nem/ panunggul, gulu, dhadha, lima, nem), lan

nduweni jarak interval titi laras 1, 1, 1, 1, 1. Dene ing laras pelog nduweni titi laras
cacah pitu yaiku 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7 (ji, ro, lu, pat, ma, nem, pi) lan nduweni jarak

interval 1, 1, ½, ½, 1, ½, ½. Lumrahe ing antarane laras slendro lan pelog nduweni titi
laras sing swarane padha yaiku titi laras 6, iku diarani tumbuk nem.


B.Pathet lan Srambahan

Pathet ing laras slendro lan pelog bakal menehi kaendahan lan harmonisasi. Ing

laras slendro, pathet diperang dadi 3 yiaku pathet nem, pathet sanga lan pathet
manyura. Dene ing laras pelog, pathet uga kapreng dadi 3, yaiku pathet nem, pathet
nem lan pathet nem. Ing antarane pathet-pathet kuwi ana urutan titi laras sing wis

gumathok diarani Srambahan.

Srambahan ing antarane saben pathet uga beda-beda. Kanggo luwih mangerteni
gatekna tuladha ing ngisor iki!

Adhedhasar gambar ing ndhuwur bisa didudut yen saben pathet nduweni srambahan
sing beda, tegese nduweni wilayah titi laras sing beda. Slendro pathet nem diwiwiti saka titi

laras nem ageng (y) lan paling dhuwur ana ing titi laras loro pethit (@). Iki sing dadi
paugeran anggone nggawe tembang yen arep nggunakake laras slendro pathet nem. Kudu
ing anatarane titi laras nem ageng lan loro pethit (y - @)

Semana uga yen tembang macapat laras Pelog pathet nem. Miturut gambar ing
ndhuwur laras pelog pathet nem diwiwiti saka titi laras lima ageng (t) lan paling dhuwur

ana ing titi laras loro pethih (@). Iki bisa dadi paugeran yen arep nggawe titi laras tembang
macapat laras pelog pathet nem. Kudu ana ing atarane titi laras lima ageng lan loro pethit (t

- @).

C. Cara nembangake Tembang Macapat

Tembang macapat iku kawengku ing guru gatra, guru wilangan, dhong-dhing,
andhegan, lan watak. Mula yen sinau lan nembangake tembang macapat kudu mangerteni

bab-bab iku mau.
Carane nembangake tembang macapat supaya bener lan becik, kudu ngerteni

paugerane lan paham uga nguwasani ing babagan: (1) laras (Slendro lan Pelog); (2) titilaras
‘nada, notasi’, yaiku urutane nada (notasi) saka kang cendhek dhewe nganti nada sing
dhuwur dhewe. Bab titi laras wis diandharake ing ndhuwur.

Saliyane bab titi laras uga ana cengkok, yaiku gaya utawa model utawa warna lagu, lan
tembang macapat nduweni cengkok (gaya utawa lagu) sing akeh. Cengkok mujudake wujud

kreativitas seni tembang, pramila cengkok asipat rongeh ‘gampang owah’. Tembang sing
tanpa cengkok diarani tembang wantah (lugu, polos, milah, mbalung), lan tembang sing

nggunakake cengkok diarani tembang garap (sengsem, sanggit) (Rahadini, 2019: 92).
Pakecapan kudu cetha, supaya sing padha ngrungokake bisa mangerteni isining tembang,

bisa mbedakak vokal pepet utawa taling, d lan dh, t lan th, lan liya-liyane.
Andhegan utawa kendelan, gatra ‘baris’ kang cacah utawa gunggunging wanda 5 – 8,
prayoga dilagokake sajroning saknapas (ora perlu mandheg utawa dipedhot ing satengahing

ukara/ baris). andhegan sajroning nembangake tembang macapat ana werna 2 (loro), yaiku:
(a) andhegan kendho, yaiku andhegan sing ana ing pungkasaning tembung, lan (b)

andhegan kenceng, yaiku andhegan ing satengahing tembung kang ora wutuh utawa durung
rampung (andhegan kang cacat/ ala).

Gatra utawa baris kang guru wilangane luwih saka 8 (wolu) wanda, prayogane
mandheg ing napas 4 (papat) wanda kapisan, lan diterusake saknapas sakbanjure. Menawa

4 (papat) wanda kapisan ora tumiba pungkasaning tembung; prayogane anggone mandheg
ing pungkasaning tembung, sanajan lima utawa enem wanda.
Kudu bisa mbedakake purba andhegan ‘berhenti bernafas’, ing satengahing gatra, lan

mandheg ing pungkasaning gatra, lan mandheg ing pungkasaning pada ‘bait’. Nggatekake
laya ‘irama’ sajroning tembang, supaya bisa salaras karo wataking tembang. Tuladha

tembang Pangkur kudu semangat, jalaran wataking tembang Pangkur, yaiku “gumregah,
perwira, semangat, wani”.

Paham gregel,yaiku membat mentuling suwanten utawa embat, lan gunane kanggo

gawe endahing tembang macapat. Wondene gregel ing tembang macapat iku akehe 4
(papat) gelombang titilaras. Gregel bisa dibedakake ana 2 (loro), yaiku: (a) gregel

andhap, tegese gregel sing dilagokake ing peranganing wanda tembung kang pungkasan,
contone “lit” ing ukara: kala kula taksih alit. (b) gregel hanung, tegese gregel kang

dilagokake ing wanda sadurunge pungkasaning tembung ing pungkasaning gatra,
tuladhane “a” ing ukara: kala kula taksih alit.
Paham utawa ngerti “luk”, yaiku munggah mudhun utawa ombake suwara kang

ditentokake titilaras (nada, notasi) kang digawe. Ing tembang macapat, luk ora becik
menawa ngluwihi tigang titilaras, jalaran luk kang dawa iku arane bawa. Gunane luk

kanggo gawe edi, endah lan kepenak menawa dirungokake. Luk bisa dibedakake ana 4
(papat); yaitu luk: (a) ndhudhuk, maksude luk kang titilaras (nada, notasi) urut utawa
cedhak utawa munggah marang titilaras sadhuwure; tuladhane titi lras: “23, 35, 45, 56”;

(b)niba,tegese nada (titilaras) kang dhuwur mudhun marang titi laras sangisore,
tuladhane titi laras: “53, 32, 54, 16, 76”; (c) tangi, maksude luk saka titilaras kang

cendhek tumuju marang titi laras kang luwih dhuwur, tuladhane titilaras: “235, 356, 367,
561”; lan (d) nyeklek,yaiku luk kang munggah lan mudhun utawa suwalike kanthi

mlumpat kang ora urut, tuladhane nada: “2567, 7532, 6576”.


D. Tembang Macapat Kinanthi laras Slendro pathet Sanga.
Sejatine tembang Kinanthiora mung laras pelog nanging uga ana ing laras slendro.
Akeh banget jinise tembang macapat Asmaradana, ana sing laras pelog pathet nem,

pelog pathet nem, slendro sanga lan liya-liyane. Ing materi iki sing bakal dirembug
yaiku tembang macapat Kinanthilaras pelog pathet nem. Coba gatekna tembang macapat

ing ngisor iki!















(Tuladha 1)


Sajrone sinau nembang macapat sing kudu digatekake yaiku bab titi larase. Titi laras

kudu bener carane maca lan nyuwara. Anggone sinau maca titilaras ya

kudu siji-siji wiwit saka titi laras gatra sepisan, kapindho lan nganti pungkasan.

Sajrone tembang amsaradana ing ndhuwur nduweni titilaras sing nyalawadi, yaiku ana
titilaras 1 ing tembang macapat laras pelog pathet nem, bab iki nduweni jeneng yaiku

pasren. Supaya luwih gampang sinau titi laras uga bisa lumantar gamelan, dadi titi
laras sing ana ing cakepan ditabuh ing gamelan banjur diterokake swarane. Yen ta ora
ana gamelan, ing jaman saiki uga ana aplikasi ing HP sing bisa kokundhuh minangka

sesulih gamelan, jenenge E-gamelan. Lumantar aplikasi iku bisa luwih gampang
anggone sinau titi laras lan nerokake swara sing laras kalawan titi larase.

Sawise bisa maca titi laras kanthi bener banjur sinau maca cakepan adhedhasar titi
larase. Cakepan tembang asmarada sejatine ora mung kaya ing tuladha ing ndhuwur,
nanging isih akeh banget liyane


Click to View FlipBook Version