The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by indahlestari0184, 2021-11-18 21:47:39

Crita Mahabharata (Bima Bungkus)

BA Bima Bungkus

A. Kompetensi Dasar
3.2 Memahami isi teks cerita Mahabharata (Bima Bungkus)
4.2 Menulis sinopsis teks cerita Mahabharata (Bima Bungkus) dan menyajikannya

B. Indikator Pencapaian Kompetensi
3.2.1 Menganalisis unsur-unsur pembangun dalam teks wayang Bima Bungkus
3.2.2 Menentukan nilai-nilai yang terkandung dalam cerita wayang Bima Bungkus
3.2.3 Menafsirkan amanat teks wayang Bima Bungkus hubungannya dengan karakter
masyarakat sekarang
4.2.1 Menulis sinopsis teks cerita Mahabharata (Bima Bungkus) dengan struktur dan
ejaan yang tepat.
4.2.2 menyajikan secara lisan sinopsis teks cerita Mahabharata (Bima Bungkus)
dengan lafal, intonasi, diksi dan ekspresi yang sesuai.

C. Ancas Pasinaon
1. Sawise nyinau materi iki siswa bisa mangerteni unsur-unsur ing teks wayang
Bima Bungkus.
2. Sawise maca teks wacan carita wayang Bima Bungkus, siswa bisa nemtukake
niai-niai ing cerita wayang Bima Bungkus.
3. Sawise maca teks wacan carita Wayang Bima Bungkus, siswa bisa nafsirake
amanat teks wayang Bima Bungkus.
4. Sawise maca teks wacan carita wayang Bima Bungkus, siswa bisa nulis sinopsis.
5. Sawise maca teks wacan carita wayang Bima Bungkus, siswa bisa nyritakake
cerita Mahabharata (Bima Bungkus).

D. Pandom Pasinaon
1. Wacanen materi isi teks cerita Mahabharata (Bima Bungkus) kanthi permati.
2. Wangsulana gladhen kanthi trep.

Materi Ajar

A. Mangerteni Teks Crita Wayang Mahabharata (Bima Bungkus)

1. Pengerten lan Jinising Wayang
Wayang iku salah sawijining wujud seni pertunjukan kang lakon caritane saka
Ramayana, Mahabharata, utawa Serat Menak. Sing akeh menawa diweruhi ana ing
Puo Jawa an Bai. Seni petunjukan wayang diiringi gamelan. Wayang wis diakui
dening UNESCO yaiku karya cipta kang edah an nyengsemake saka ceritane,
wayangane, an dadi warisan kang banget agunge. Pengesahane tangga 7 November
2003. Ing antarane jinising wayang kaya ing ngisor iki.
a. Wayang Purwa
Wayang purwauga kasebut wayang kuit amarga digawe saka kuit
lembu.sumbering carita saka Ramayana an Mahabharata kanthi basa Jawa kuna
ana ing jaman Raja Jayabaya. Empu Panuuh, Empu Kanwa yaitu pujangga kang
misuwur ing jaman iku. Sunan Kaijaga saah satunggaling Wali Sanga (Demak,
abad XV) yaiku wong kang nyipta wayang saka kulit lembu. Dhalang kang

misuwur wayang, anatarane Ki Nartosabdo, Ki Mantep Sudarsono, Ki Anom
Suroto, lan Ki Timbul Hadiprayitno.
b. Wayang Golek
Wayang golek uga diarani wayang tengul. Wayang iki digawe saka kayu lan
diklambeni kaya dene manungsa. Sumbering carita kajupuk saka sejarah, kayata
crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten lan Trunajaya. Crita
wayang iki uga isa kajupuk saka dongeng Arab. Ciri khase pentas wayang golek,
yaiku ora nganggo kelir utawa layar kayata wayang kulit.
c. Wayang Krucil
Wayang krucil utawa wayang klitik, yaiku wayang kang digawe saka kayu, kang
wujude padha karo wayang kulit. Wayang iki nduweni ciri khas yaiku menawa
ditanggap ora nganggo gedhebog tancepan nanging nganggo kayu kang wis
dibolongi. Crita kang kerep ditanggapake yaiku Damarwulan lan Majapahit.
d. Wayang Beber
Wayang beber yaiku wayang kang digawe saka kain utawa kulit lembu kang
awujud beberan (lembaran). Saben beberan ngambarake seadegan crita. Yen wis
rampung dilakonke, beberane digulung meneh. Wayang iki digawe jaman
Kerajaan Majapahit. Wayang iki asale saka Pacitan lan Gunung Kidul. Wayang
iki digawe kanthi kuwat ing rong bab dimensine kanthi seni lukis ing kanvas.
Wong-wong kang nguri-uri wayang iki, yaiku Musyafik kanthi gawe wayang
beber kang narasine paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi luwih nyiptakake
figure wayang kang corake dekoratif lan ornamentik, sarta Agus Nuryanto gawe
wayang beber kanthi saka wujud wayang purwa banjur diabstraksi saka realitas
uripe manungsa ing saben dinane.
e. Wayang Gedog
Wayang iki wujude padha karo wayang kulit. Kang digawe kurang luwih taun
1400-an. Sumbering carita saka carita raja ing Jawa antarane Banten, Singasari,
Mataram, lan Kediri. Saiki wayang iki among bias ditemokake ana museum.
f. Wayang Suluh
Wayang suluh kalebu wayang modern, kang digawe saka kulit nanging wujude
manungsa jaman saiki, sandhanagane kayata nganggo rok, clana, klambi, lan
sapanunggalane. Wayang iki nduweni tujuwan pencerah masarakat. Sumbering
crita yaiku perjuangan rakyat Indonesia merangi penjajah.
g. Wayang Wong
Wayang wong yaiku wayang kang diperagake wong kang ana gerakan
tarine.sumbering acrita saka Ramayana lan Mahabharata. Paguyuban kang
misuwur kanthi pagelaran wayang iki yaiku Ngesthi Pandawa (Semarang)lan
Sriwedari (Surakarta).
2. Unsur Pambangun Crita
a. Unsur Intrinsik
Unsur intrinsik yaiku unsur sing mbangun karya sastra saka jero,
1. Tema

Tema yaiku sawijining crita kang bias makili isining crita (pujering crita)
2. Alur

Alur yaiku urutaning prastawa kang kedadeyan ing sajroning crita.jenise alur
ana telu :

a) Alur maju
b) Alur mundur
c) Alur campuran
3. Watak wantune paraga (penokohan)
Watak wantune paraga (penokohan)yaiku karakter utawa watak wantune kang
disuweni dening saben paraga. Cara kanggo nemtokake watak wantune
aparaga bias dideleng saka ing ngisor iki.
a) Apa sing ditindakake paraga.
b) Pocapan-pocapane paraga.
c) Panggambaran fisik paraga dening pangripta.
d) Katrangan langsung saka paraga liya.

Jinis-jinise paraga kaya mangkene:

a) Paraga utama (dadi punjering carita).
b) Paraga sampingan (dadi panyengkuyung carita).
c) Paraga protagonist (paraga kang asipat apik).
d) Paraga antagonis (paraga kang asipat ala).
4. Busananing basa (gaya bahasa)
Cara sawijining pangripta anggone milih tema, prekara, lan nintingi prekara
kang dicritakake sajroning crita.
5. Pamawase pangripta (sudut pandang pangripta)
Sudut pandangan kang dijupuk saka pangripta kanggo ndeleng sawijining
kedadeyan sajroning crita.
6. Latar (setting)
Katrangan kang nuduhake panggonan, wayah lan swasana sajroning crita.
7. Amanat
Yaiku pitutur kang bias dijupuk pamaca sajroning carita kasebut.
b. Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun crita saka sanjabane crita. Kang
mangaribawani (memengaruhi) dianggite sawijining crita saka unsur unsur
ekstrinsike iku kayata ngenani kondisi budaya, sosial, ekonomi, nilai-nilai kang
ana ing masyarakat. Kang biyasane ana sajrone crita yaiku unsur biografi, unsur
sosial lan unsur nilai.

B. Sinopsis Crita Wayang Mahabharata (Bima Bungkus)

1. Ngringkes Isi Crita Wayang (Bima Bungkus)
Sinopsis yaiku ringkesan sawijining crita. Ringkesan yaitu salah sawijining

wujud nyekakake sawijining crita kanthi tetep migatekake unsur-unsur intrinsik
sawijining crita iku. Gawe sinopsis iku cara kang efektif kanggo ngaturake sawijining
crita kang dawa sajroning wujud cerkak. Sajroning sinopsis kaendahan gaya basa,

ilustrasi, lan penjelasan-penjelasan diilangake, nanging tetep gumathok marang isi lan
gagasan umum pangripta.

Dene ngringkes wacan iku ndadekake tulisan kang akeh dadi sethithik, yaiku
babagan-babagan kang penting bae saka wacan iku. Nringkes migunani banget
tumrap bocah sekolah. Saliyane bisa nggampangake sinau, uga bisa nggladhi
kemampuan nulis.

Supaya anggonmu ngringkes wacan mau becik, mula kudu ngerti paugerane.
Paugerane ngringkes kayata ing ngisor iki.
a. Maca wacan kang arep diringkes mau kanthi premati.
b. Nulis ukara-ukara bakune.
c. Ngronce ukara-ukara baku mau dadi paragrap kang becik lan gampang

dimangerteni.

Ngringkes iku migunani banget amarga memori otak iku winates. Mula kanthi
anane ringkesan bisa ngelingake meneh surasane wacan kang ora bisa ditangkep
dening memori otake awake dhewe. Ngringkes iku ndadekake kang akeh dadi
sethithik.

Ngringkes iku nganggo basane dewe kang gampang dimangerteni lan ukarane
cekak, nanging tetep bisa makili kang diringkes.
2. Carane Gawe Sinopsis
Sinopsis yaiku salah sawijining wujud nyekakake crita kanthi tetep migatekake unsur-
unsur intrinsike crita iku. Lumrahe sinopsis kurang saka telung atus tembung. Kaya
mangkene carane gawe sinopsis.
a. Maca nasakah asli kanggo nggolek gagasan umume panulis.
b. Nyatet gagasan utama kang penting.
c. Ngrantam maneh gagasan utama dadi paragraf.
d. Dialog lan monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane.
e. Sinopsis ora kena owah saka lakune crita asli.

Supaya luwih paham meneh ngenani, pengerten, jenis-jenise, unsur intrinsik lan
unsur ekstrinsike wayang bias diselok lan dirungokake video saka tautan link ing
ngisor iki.

https://youtu.be/hy73R_xnXMg

sawise mangerteni pengerten wayang, jinis-jinise wayang, unsur pembangun
carita wayang lan cara gawe sinopsis teks carita wayang. Saiki wacanen teks
carita wayang Mahabharata ing ngisor iki!

Bima Bungkus
Ing Negara Ngastina wonten ratu ingkang asmanipun Prabu Prabu Pandu Dewanata.
Sang Prabu kagungan garwa ingkang asma Dewi Kunthi. Putrane ingkang angka kalih lair
awujud bungkus. Awake kabungkus selaput tipis mboten saged disuwek ngagem gaman

punapa mawon, ndadosaken Prabu lan Dewi Kunthi sedhih. Banjur Prabu Pandu nyuwun
tulung marang kurawa supados saged mecah bungkus wau. Para kurawa kepingin mecah
bungkus menika, amargi yen bungkuse sampun pecah para kurawa badhe mejahi bayi
menika. Nanging bayi bungkus menika mboten saged pecah dangune 8 tahun dumugi adine
lair ingkang dijenengi Permadi.

Bareng Permadi sampun dewasa. Permadi sowan dhateng begawan Abiyasa.
Begawan Abiyasa maringi dhawuh supaya bayibungkus menika dibucal wonten ing wana
Mandalarasa. Nganti wana dadi rata. Ndadekake sak isine wana geger. Para jin sing ana ing
wana kasebut krasa keganggu, mula Batari Durga ratu jin kaliyan Batara Guru, rajane dewa,
Batara Bayu, Batari Durga lan Gajah Sena, gajah tunggangane Batara Indra lan Batara
Narada mudun kanggo mecahke bungkuse bayi kasebut. Batara ngutus Gajah Sena mecah
bungkus menika.

Nalika pecah, Batari Durga mlebu ana bungkus menehi klambi kanggo bayi mau,
klambi kui “Poleng Bang Bintulu” (kathah kepanggih wonten ing pulau Dewata Bali
minangka busanane patung-patung sing dianggep sakral). Boten namung klambi, uga ana
gelang Candrakirana, kalung Nagabanda, Pupuk Jarot Asem, Sumping Surengpati (Mahkota)
lan Kuku Pancanaka. Banjur Gajah Sena nyoba mecah bungkus bayi kasebut, Gajah Sena
nabrak, uga neruduk nganggo gadinge nanging bayi kui mau malah ngelawan, metu saka
bungkuse. Gajah Sena ditendhang langsung mati. Bima digawa Batara Bayu tekan Begawan
Sapwani, dijenengi Bima. Bayi kasebut uga dijenengi Jayadrata utawa Tirtanata. Jeneng
liyane Bratasena, Werkudara tegese weteng srigala, Bima, Gandawastratmaja, Dwijasena,
Aryasena awit manunggal karo Gajah Sena, Wijasena, Dandum Wacana awit manunggal
karo raja Jodipatin adina Prabu Yudhistira, Jayadilaga, Kusumayuda, Kusumadilaga sing
tegese menang ana paprangan menang. Aryabrata awit tahan rekasa, wayunendra, Wayu
Ananda, Bayuputra, Bayusuta, Bayusiwi awit putrane Batara Bayu, Bondan Peksajandu,
tegese kebal racun lan Bungkus timbalan katresnan Prabu Kresna marang Bima.

Bima nduweni sedulur Tunggal Bayu yaiku Anoman, Gunung Maenaka, Garuda
Mahambira, Naga Kurawa, Liman/ Gajah Setubanda, Kapiwara, Yaksendra, Yayahwreka lan
Pulasiya. Bima awake gagah perkasa, watake wani, teges, teguh imane. Bima meguru karo
Resi Drona babagan olah batin lan kaprajuritan. Banjur uga meguru karo Begawan Kepra lan
Prabu Baladewa babagan migunakake Gandha.

Gladhen

Kegiyatan 1

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
1. Ana pira unsur pambangun crita iku? Sebutna!
2. Para paraga ing sajroning crita ana kang kalebu protagonist lan antagonis katitik saka
watak wantune paraga ing crita. Miturut panemumu, kepriye cara nemtokake watak
wantune paraga?
3. Kepriye wujude wayang gedog lan kapan wiwit digawe?
4. Apa kang komangerteni babagan watak wantune paraga?
5. Kepriye ciri khase wayang golek nalika pentas?

Kegiyatan 2
1. Saka teks carita Bima Bungkus ing dhuwur. Rembugen wonten ing kelompokmu
tetembungan ingkang angel, saged maos utawi madosi tegesipun wonten kamus!
2. Sumangga dipunserat wosing cariyos teks carita Wayang Bima Bungkus ing dhuwur!
3. Sumangga dipunserat tetembungan ingkang angel ing sajroning teks carita Wayang
Bima Bungkus!

Penilaian

A. Penilaian Pengetahuan

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener lan trep! Unsur-unsur intrinsik kang ana

ing sajroning crita wayang Bima Bungkus!

1. Saka teks carita Bima Bungkus ing dhuwur. Wedharna paraga lan watak saka teks

crita wayang Bima Bungkus!

Paraga Watak

2. Jlentrehna latar saka crita wayang Bima Bungkus!
a. Waktu kedadean
b. Swasana
c. Papan panggonan

3. Wedharna pitutur luhur kang ana ing sakjroning crita wayang Bima Bungkus!
4. Gayutana pitutur luhur kang ana ing sakjroning crita wayang Bima Bungkus kaliyan

kahanan jaman saiki!

Pedoman penskoran Skor
4
1. No 1 nilai diberi dengan penjabaran setiap sebagai berikut: 3
2
Indikator Penskoran 1
Paraga lan watak tersampaikan dengan sangat tepat, lengkap, dan benar
Paraga lan watak tersampaikan dengan tepat, lengkap, dan benar Skor
Paraga lan watak tersampaikan dengan cukup tepat, lengkap, dan benar 4
Paraga lan watak tersampaikan dengan kurang tepat, lengkap, dan benar 3
2. Soal no 2 nilai diberikan dengan penjabaran setiap sebagai berikut: 2
1
Indikator Penskoran
Menjelaskan latar dengan sangat lengkap tepat dan benar Skor
Menjelaskan latar dengan lengkap tepat dan cukup benar 4
Menjelaskan latar dengan lengkap cukup tepat dan cukup benar
Menjelaskan latar dengan kurang lengkap tepat dan cukup benar
3. Soal no 3 nilai diberikan dengan penjabaran setiap sebagai berikut:

Indikator Penskoran
Dapat menemukan pitutur luhur yang terdapat dalam crita, diberikan

kutipan yang mendukung, diksi yang digunakan tepat, struktur kalimat 3
sesuai dengan kaidah kebahasaan. 2
Dapat menemukan pitutur luhur yang terdapat dalam crita, tidak 1
disertakan kutipan yang mendukung, diksi yang digunakan tepat,
struktur kalimat sesuai dengan kaidah kebahasaan Skor
Dapat menemukan pitutur luhur yang terdapat dalam crita, tidak 4
disertakan kutipan yang mendukung, diksi yang digunakan kurang
tepat, struktur kalimat sesuai dengan kaidah kebahasaan 3
Dapat menemukan pitutur luhur yang terdapat dalam crita, tidak
disertakan kutipan yang mendukung, diksi yang digunakan kurang 2
tepat, struktur kalimat tidak sesuai dengan kaidah kebahasaan
4. Soal no 4 nilai diberikan dengan penjabaran setiap sebagai berikut: 1

Indikator penskoran
Dapat menjelaskan kaitan pitutur luhur yang terdapat dalam crita
dengan kehidupan sehari-hari, disertakan contoh yang mendukung, diksi
yang digunakan tepat, struktur kalimat sesuai dengan kaidah
kebahasaan.
Dapat menjelaskan kaitan pitutur luhur yang terdapat dalam crita
dengan kehidupan sehari-hari, tidak disertakan contoh yang
mendukung, diksi yang digunakan tepat, struktur kalimat sesuai dengan
kaidah kebahasaan.
Kurang dapat menjelaskan kaitan pitutur luhur yang terdapat dalam crita
dengan kehidupan sehari-hari, tidak disertakan contoh yang
mendukung, diksi yang digunakan kurang tepat, struktur kalimat sesuai
dengan kaidah kebahasaan.
Kurang dapat menjelaskan kaitan pitutur luhur yang terdapat dalam crita
dengan kehidupan sehari-hari, tidak disertakan contoh yang
mendukung, diksi yang digunakan kurang tepat, struktur kalimat kurang
sesuai dengan kaidah kebahasaan.

Nilai Akhir :
Jumlah skor x 100
Skor maksimal

B. Penilaian Keterampilan

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Sasampunipun waos crita Wayang Bima Bungkus, sumangga damel cengkorongan
teks carita Mahabharata Bima Bungkus!

2. Sumangga cengkorongan crita Mahabharata Bima Bungkus dipunkembangaken dados
sinopsis!

3. Sumangga asiling sinopsis teks carita Wayang Mahabharata Bima Bungkus
dipuncariyosaken ing ngarep kelas!

Pedoman Penskoran

1. Soal no 1 nilai diberikan dengan penjabaran setiap sebagai berikut:

Indikator Penskoran skor
Pokok-pokok pikiran urut, kalimat logis, struktur kalimat tepat, diksi 4
yang digunakan tepat
Pokok-pokok pikiran urut, kalimat logis, struktur kalimat tepat, diksi 3
yang digunakan kurang tepat
Pokok-pokok pikiran kurang runrut, kalimat logis, struktur kalimat 2
tepat, diksi yang digunakan kurang tepat
Pokok-pokok pikiran kurang runrut, kalimat logis, struktur kalimat 1
kurang tepat, diksi yang digunakan kurang tepat
2. Soal no 2 nilai diberikan dengan penjabaran setiap sebagai berikut:

Indikator Penskoran skor
Pokok-pokok pikiran urut, kalimat logis, struktur kalimat tepat, diksi 4
yang digunakan tepat
Pokok-pokok pikiran urut, kalimat logis, struktur kalimat tepat, diksi 3
yang digunakan kurang tepat
Pokok-pokok pikiran kurang runrut, kalimat logis, struktur kalimat 2
tepat, diksi yang digunakan kurang tepat
Pokok-pokok pikiran kurang runrut, kalimat logis, struktur kalimat 1
kurang tepat, diksi yang digunakan kurang tepat
3. Soal no 3 diberikan dengan penjabaran setiap sebagai berikut :

No Nama Indikator Penskoran Jumlah

Skor

Lafal Intonasi Jeda Diksi Tampilan

Keterangan : Sangat baik dan tidak ada kekurangan
Baik, terdapat sedikit kekurangan
skor 4 Cukup dan terdapat cukup bayak kekurangan
skor 3 kurang dan sangat banyak kekurangan
Skor 2
Skor 1

Nilai Akhir :
Jumlah skor x 100
Skor maksimal

Refleksi

Sabanjure maca materi ing dhuwur, apa kang drung dimangerteni saka materi ing dhuwur?
Apa wae unsur intrinsik sajrone carita wayang Bima Bungkus lan kepriye carane gawe
sinopsis?

Ringkesan

Wayang iku salah sawijining wujud seni pertunjukan kang lakon caritane saka Ramayana,
Mahabharata, utawa Serat Menak. Seni petunjukan wayang diiringi gamelan.jinis-jinise
wayang ing Indonesia akeh banget, salah sawijine wayang purwa, wayang golek, wayang
krucil, wayang beber, wayang gedog, lan wayang wong. Saben crita mesthi duweni unsur-
unsur-unsur pambangune. Ing teks carita wayang iki kang kalebu saka jerone carita yaiku :
tema. Alur, watak wantune paraga, gaya basa, sudut pandang pangripta, latar, lan amanat.
Yen unsur ekstrinsik yaiku unsur-unsur kang ana ing sanjabane carita yaiku unsur biografi,
unsur sosial lan unsur nilai.

Sinopsis yaiku salah sawijining wujud nyekakake crita kanthi tetep migatekake unsur-unsur
intrinsike crita iku. Lumrahe sinopsis kurang saka telung atus tembung. Kaya mangkene
carane gawe sinopsis. Maca nasakah asli kanggo nggolek gagasan umume panulis, nyatet
gagasan utama kang penting, ngrantam maneh gagasan utama dadi paragraf, dialog lan
monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane,sinopsis ora kena owah saka lakune crita asli.

Kapustakan

Gandung Widaryanto dkk.2014. Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA KelasXI. Jakarta:
Erlangga (kaca 86-95).

Nugroho, Dwi Catur dan Slamet Mulyono. 2015. Trampil Basa : Ndhidhik Karakter Luhur
Kanggo SMA/SMK/MA Kelas X. Surakarta: Mediatama (kaca 81-92).

Sulistyanto. 2008. Bebakalan Sinau Basa Jawa. Surakarta: Cendrawasih.

Suwardi. 2009. 30 Metode Pembelajaran Bahasa dan Sastra Jawa. Yogyakarta: Lumbung
Ilmu.


Click to View FlipBook Version