The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by smpn2watumalang.5, 2022-04-11 10:01:16

GEGURITAN URUBING RASA URIPING BASA

GEGURITAN URUBING RASA URIPING BASA

PAKEWUH
Akeh wong padha gupuh

nyepake sega uga lawuh
sedya dhahar kanggo suguh
mumpung durung wektu subuh
Cepak sak madya tan ana ewuh
yen kakehan dadi pekewuh
penting padha samya weruh
aja nganti dadi musuh
Bisa waton paring pituduh
sayuk rukun tanpa eluh
mbeber rasa bareng lungguh
ngupadi mulya jatining ruh
Aja padha samya wengkuh
ana pakaryan bareng direngkuh
aja mung senenge ngundhuh
jejibahan tan ana saguh
Aja ewuh ing pakewuh
legakna rasa kanthi teguh
merga kabeh uga butuh
ben ora muspra dadi uwuh

KEKANTHEN
Sanak lamun gelem sumanak

tanpa anggak bisa disanak
lungguh bareng kerasa jenak
urip sak madya dadi kepenak
Kadang tansah dikudang-kudang
bisa dadi jalma wijang
nglaras rasa kanthi wejang
tanpa pilara tuwuh pepadhang
Ingwang bisa dadi rewang
aja pijer bisa disawang
marang pakaryan tanpa gowang
ora mung nganyer nang lawang

50

Kawula samya sigra lumaksana
aja mung tansah ngersula
ana cidra lompatana
ati ayem tanpa cuwa

Kanthi tansah dadi embating ati
minangkani urip sejati
mulating karsa tansah setiti
antuk mulya bareng nyawiji

AJA PENGKUH
Tuladhane wong dodolan mlija

blanjan gawan ditawak-tawakna
tanpa ngelingi butuhe apa
sing penting muter, mbuh sing butuh sapa
Wernane blanjan diwenehi rega
regane larang gak ana sing nawa
barange apik jare sing mlija
nadyan ta apik kanggone sapa
Mulane mlija aja sukur nggawa
ngelingana apa sing dibutuhke liya
dodolane laris ben ora muspra
yen ora payu ketula-tula
Aja pengkuh dadi tukang mlija
mergane kawula ora mesthi padha
dodolan blanjan umume werna
aja neka-neka ben gak rekasa

MEMAYU HAYU
Alam iki sejatining wahyu

kang winahyu dening Hyang Memayu
sinorot nyata sakjroning kalbu
bisa tinuladha dadya guru
Jalma sigra lumaksana ing laku
tansah natas, nitis, netesing wahyu
ajer mijil saking Hyang peparing hayu

51

samya ajir manjing ajuring lelaku
Urip aja lumuh ing pambudi

mulat memayu hayuning pribadi
aja nganti leren olehe ngupadi
murih bisa antuk mukti
Naming aja nganti lena
tansah memayu hayuning kulawarga
eling memayu hayuning sapadha
gawe memayu hayuning praja

AJA GAWE MALA
Aja seneng gawe mala

ngalang-alangi lakune surya
nuwuhke peteng gelare donya
jagade nggliyeng lakune sulaya
Aja serik sorote wulan
katon padhang merga kasunyatan
tanpa tinutup dawane dalan
bisa murup mijiling sukan
Kelipe lintang ana ring ndhuwuran
katon endah dadi lelangenan
sepine ratri saka rasan rinasan
tan ana wewadi kang dadi jalaran
Langite resik tan ana awan
mbeber angkasa sak warnine kahanan
kabeh tinata tan ana suk-sukan
rasa rumangsa jatine memitran
Tatane ndonya wis dadi tuladha
lakune sedya tan ana kang cidra
lamun sawiji ana kang sulaya
bakal tuwuh gara-gara

52

KEDHERING ATI
Wengi tan krasa ratri

rina tan krasa rahina
aluse rasa bisa rinasa
jembare dhadha tansah kajaga
nyepak donga ngundhuh wasesa
mantebe karsa madhangi ndonya
jiwa lan raga nyawiji jatining sukma
pikir kelawan dzikiring kawula
manunggal ngupadi ridaning Hyang Mahakuwasa
melenge netra mandeng karsa
karsane kang akarya jalma
kedhering ati nyundhul dhadha
ndhodhok jantung ngobong ludira
mayuda hawa nepsu kang ala
ampang tan nggumampang cidra
mrekes karsane panca driya
mulating ati ngundhuh jatining mulya

UWOTING RAWIT
Uwating karep tan kena dicegah

Awit gedhene rasa kang sumarah
Uwoting lelaku kanggo ngupadi janah
Ewut nyebut agunging Hyang Maha Pemurah
Awuting raga merga kasundhul solahing manah
Ruwating karsa aja nganti daksiya
rawiting karya kudu tansah waspada
rawating nata tansah mangayu bagya
riwuting rasa tansah uninga ing tata
ruweting praja aja ginawe cuwa
Mbabar jiwa raga mwat tekad
Kridha culika kedah rinawat
anggering karya tan kena kelawat
Rasa asihing tyas kudu tansah rinumat
ngupadaya mulya isining jagad

53

MANUNGSA
Manungsa sejatine wis bisa njangka

apa sing dirasa
uga apa sing dikarsa
mula kudu bisa nata adrenging abilasa
Manungsa malah akeh kang nglelena
ilang rumangsa yen tumindake nistha
tansah nglirwa tan nguningani subasita
nggayuh purna ananging malah tuna
Manungsa kanggonan sipating bayu
tansah njurung karsa rahayu
nanging mungkur paugeran kang winahyu
tanpa eling yen bakal dadi lelayu
Manungsa uga kasipat dahana
ngobong rasa dadi mulake ludira
kadya brahala kang pengin nguntal arga
limput yektining karsa tumindak ngayawara
Manungsa nduweni sipat tirta
bisa gawe adheming ati kang nandhang lara
tansah luber ilining rasa kang rinasa
kersa mbabar mulyaning kawula

54

NGUPADYA URIP SEJATI
Aja pijer mangan lan nendra

ajeg mesu budi lan raga
merga kawula mung saderma
mobah-mosik kersaning Hyang sukma
Jalma luhur kedah ambeg utama
nanging lelaku andhap asor tansah dijaga
tan kena gawe lara mring sapadha
ngupadya urip lair batin kang sampurna
Ala lan becik tansah gegandhengan
kabeh saka kersaning Pengeran
Gusti kang caket tanpa senggolan
nadyan adoh uga tanpa wangenan
Manungsa mung ngunduh wohing pakarti
tan kena selak apa wus dilakoni
trima ing pandum lamun wis wanci
rela legawa lair trusing ati
Aja adigang, adigung, lan adiguna
ngupadya urip kang sarwa utama
upakara jati murih mati sempurna
tan kena mangarubeda marang sapadha
Lelakune urip kudu tansah nastiti
mohon, mangesthi, lan mangastuti
mugya nuwuhke mareming ati
mijiling yuwana rinasa mukti

55

NGUDI KAWERUH
Lamun ngudi kaweruh

aja padha lumuh
tuwuh samya saguh
enggal sedyaning gupuh
Aja amung pakewuh
lungguh tanpa suguh
malah dadi susuh
mijil sarwa tutuh
Sedya linaku subuh
tanpa nunggu tabuh
enggal padha
murih jatining pupuh
Wejang kang pituduh
gati samya undhuh
sirna ing pakewuh
mulat padhanging suluh
Ajir tan kena keguh
guna kang tineluh
aja padha luluh
kudu tansah kukuh

PAKARTI
Labuh ing pakarti bakal nemu kawruh sejati
Kaweruh migunani tumraping kawula sesami

saguh nguripi krenteg asrining ati
sedya mrantasi labuh kang wigati
tanpa aba mligi solah ing pambudi
wani rekasa ngupadi jatining diri
Puket ulet ngugemi paugerane Gusti
tan lewa ing angenan kang suci
tan cidra ing lampahan kang mukti
tan lena ing waspadha wigati
Murih ngupadi tetes rembesing mulya sarana bekti
minangkani serat suci kang winahyu dening Gusti

56

TIRAKAT
Ora kena kakean sambat

kudu tekad lurusing niat
aja katut godha maksiat
lamun lena gak bisa tamat
Jasad lan jiwa kudu rinumat
lair batin suci rinuwat
angen padhang tansaya murwat
entheng lelaku ngupadi nikmat
Cahyaning ati madhangi jagad
mulating suca katingal rahmat
ngupadi rungu antuking berkat
silaning rasa nenampi wasiat
Lamun bisa tanpa pegat
sedya mrekes nepsu jahat
guna culika samya minggat
ginanjar mulya olehing tirakat

RAMPUNG
Lamun pengin enggal rampung

sedya karya aja ditampung
merga lamat bisa wurung
tuna murwat pikir bingung
Kadhung nyemplung palagan agung
njejegne niat manjer uwung
nggayuh berkat tanpa suwung
ngupadi drajat dadya junjung
Akeh rubeda sadawane lurung
waspada aja nganti kesandhung
merga mala tansah nggelantung
tumiba ala bisa keduwung
Aja tansah gawe jruning kedhung
ngupadya rasa ginawe lumbung
sakmadyaning karsa tansah jinangkung
samya rineksa wekasan agung

57

MANUNGSA
Ujare simbok aran menusa

ateges menus-menus kakean dosa
merga tumindake mung ngelingi donya
lali bakale kapundhut Hyang Mhakuwasa
Ujare simbok ana benere
saben dina mung nguber uripe
numpuk donya rumangsa urip selawase
ora mikir nggolek sangu akhirate
Sajroning ndonya mung sarwa menawa
durung mesthi apa kang bakal ditampa
kang wus pesthi ana alam baka
nanging ngugemi kang durung nyata
Urusan ndonya tansah dilembur
urusan akhirat malah dha kabur
tumindak becik padha disingkur
lelaku cidra malah dadi pupur
Menungsa linuwih duwe pambudi luhur
ngupadi urip jatine Hyang Paring Tutur
tumindak jujur nyingkur bebentur
tansah paring uni nadyan ta cinatur

PENGGALIH
Penggalih kedah leres dados galih

galihing rasa panguating karsa
sampun ngantos midhana jiwa
sageta tuwuh ngrembaka
ngelambari kridhaning raga
Penggalih sampun ngantos molah-malih
saget milih kanthi raos asih
sageta kacandra dados jalma linuwih
rasa rinasa tansah ngerasa sugih

58

saget cinandra wijiling andana warih
Penggalih minangka dados sesulih

nyulih jatining sukma ingkang cumandhok ing rasa
sejatining kawula mboten wonten rubeda
namung kandeling raos dumateng kang Nata jalma
Penggalih ngarsa sugih tanpa arih
sugih kasekten ingkang tedhak saking brana
tata tatag tutug mangupadaya
tan pegat karsa marih alaning sedya
murih sak madyaning gesang ingkang mulya

TALI RASA
Welas asih dadya taline rasa

rasa kekanthen kadya siniram tirta
tirta arga kang tansah mijil seking bantala
mulaning tyas yekti tuwuh ngrembaka
Sumingkir uwuh kang jalari ranu keruh
ati kang suci lembar tanpa tutuh
tumindak yekti tan ribet rasa pakewuh
sayuk sayekti ngupadi jatining weruh
Sembul umbul njebuling warih
tan pedhot mili samya pinanggih
njagi mukti raosing batih
samya dadi andana warih
Banyu mili ora ana mandheke
ngedhemke ati samya ayem uripe
tanana gunem kang nyandra alane
sarwa tentrem sak tingkah polahe
Sekeng redi we mangisor lakune
ngupadi papan kang andhap panggene
jalma luhur andhap asor tumindake
tansah gati kawula cilik andhahane

59

SIPAT ALA
Aja sok laku gumampang

merga akeh wong padha nyawang
luput sithik bisa nunjang palang
tuna ing becik kesungsang-sungsang
Nadyan mung sithik gawea pepadhang
aja sok melik marang samubarang
bisa kecelik yen tumindak curang
bakal ketilik masia wus ngilang
Ngrumangsa becik iku sipat ala
wegah ngelirik rekasaning liya
tilik tetilik wis ora ana
mripate malik nang raja brana
Aja pek pinek barange liya
agemen tata tumindak kang mulya
ngupadaya jejering laksa
tan ana cidra kang gawe mala
Barang kang sinedya nang alam donya
titipane kang Mahakuwasa
jalma manungsa tan ana darba
rumatana aja nganti sirna

60

KETULA KETALI
Aja medhit marang sapadha

bisa medhot silaning rasa
dadi medhut kahanan ndonya
merga madhet kuciwaning liya
Ngupadya ragat aja nganti reget
tumindak rikat aja ilang raket
padhanging mripat aja sami mrepet
sinedya ngrumat aja dhemen ngremet
Aja gampang kumat laku culika
bisa dadi komet batin rinasa
sudanen sipat ala marang liya
nora gampang nyipet urubing karsa
Wira-wiri wara-wara
kadhung ciri kelara-lara
bola-bali bala-bala
kadhung ketali ketula-tula

AJA KAKEHAN
Aja kakehan mangan brutu

lali kadang kesaru laku
nunjang palang ketalu-talu
tanpa pitulung kena bebendu
Aja kakehan mangan ati
welas asih dadi benci
keladuk wani bisa malati
tanpa miguna kaciri wanci
Aja kakehan dadi lathi
laku sak madya akeh dilali
pitutur luhur dianggep craki
nyepak bebentur lingseming ati
Aja kakehan nyimpen wadi
tan ana bathang sing ora basi
aja dumeh rumangsa aji
ngira wong liya padha ra ngerti

61

AJA AJI MUMPUNG
Aja nganggo aji mumpung

nadyan aji aja keduwung
durung weruh jerune kedhung
lena sepi bisa kecemplung
Rame ing lurung akeh sesandhung
lamun sembrana bisa kejlurung
godhane setan wangi semebrung
nepsu brahala tansah kasurung
Jagade peteng gung lewang lewung
langite ireng ketutup mendhung
akeh thuyul kemulan sarung
mergane puyeng mendem gadhung
Akeh kawula sing padha nimbrung
pengin nyurasa olehe srawung
ngarep blakasuta ujare tembung
isine crita tan ana kang suwung

LAMUN
Lamun ora tekan kudu bisa takon

merga takon ora nganggo tukon
mula aja ngendelake tukon kanggo golek teken
bebayane angger teken bisa lara tekane
Lamun ana tutur luhur taturen
merga tatur bisa mijil dadi tatar
aja keladuk tatar kang dadi teter
merga kakehan teter bisa nyuda wasising tutur
Lamun nandhang sengkan aja sok sungkan
karsa rinasa sungkan gampang ngudhal sangkan
merga sangkan ora cetha mula sangkane
tan meruhi sangka bisa sengka lelakune
Lamun keladuk suru tumindake dadi saru
saruning lelaku wekasane kelangan sari
kridha sarine laku tan ana kang dadi suri
pegating suri rumeksane kridha dadi sara

62

KEBLINGER
Durung digagas wis padha lekas

nduweni karep tanpa dilaras
malah kedelep gak bisa mentas
apa diarep tan ana tilas
Ngumbar rasa kelewat batas
atosing karsa ngluwihi padhas
wis dielingne tetep bablas
omonge nglarik lakune culas
Pitutur apik padha katiwas
marang wong cilik tan ana welas
malah ditampik tanpa digagas
tiniba serik atine was was
Akeh wong ngerti mung bisa ngimpi
akeh wong wasis ora digubris
akeh wong pinter padha keblinger
akeh satriya dadi brahala

AJA PIJER
Aja pijer thengak-thenguk

mangan turu malah remuk
mripat mblereng kudu amuk
karep nyata ora pethuk
Aja pijer bisa nyawang
enggal cancut dha tumandang
ngelingana isi dandang
murih karep bisa adang
Aja pijer nyambut gawe
rasa pikir kudu duwe
amrih ora dadi lambe
merga sak karepe dhewe
Aja pijer mangan enak
bisa dadi lali sanak
golek upa aja mblunak
murih bisa urip penak

63

PEPAK ATUR
Tepak tipak tumibane lapak

gak ana tapak merga wis pepak
akeh tumpak sing wis cumepak
entuke gupak tumekaning pupak
Lamun bisa enggala sumibak
jembar ing dhadha kang sarwa lebak
cuwa lan lirwa enggal dibubak
rasa rumangsa mugya kebak
Luhure jalma tan ana selak
mugya bisa dadi tetulak
ngupadi wera padhang sumilak
slamete ndonya tan ana balak
Lembar ing atur catur linebur
juriting jiwa subur tinandur
jujuring laku tansah tinabur
mulyane urip tansah lumuntur

AKEH ATUR
Akeh atur kang luhur misuwur
tinabur marang batur sinulihing cinatur
nanging pitutur mung kadya pupur
tansah kasingkur tanpa laku lumuntur

Wasesaning atur mung kadya susur
kekanthen kinangan kang akemah ajur
kebake dubang dimen ora nyulur
sinumpeting lathi dimen ora nglantur

Lumrah solahing batur kudu tansah mulur
sedya miguna lebur tumraping dulur
tinambating atur gawe ngrembakaning akur
sedya ngaleksani sipat ajir, ajer, lan ajur

64

ATI KANG NGATI-ATI
Padhang tanpa sinawang

jembar tanpa ginelar
japa tanpa suwara
rungon tanpa keprungu
Yaiki sejatine ati kang tansah ati-ati
wigatine rasa kang bisa nyurasa
luhuring budi kang legawa ing pambudi
munjunge sipat kang tansah ngugemi hakikat
Mobah mosiking ati sinedya peparing gati
mbabaring rasa sedya lumuntur ing karsa
mulating budi nyumurubi sekabehing leladi
sipat hakiki kang luber saking kuwasaning Gusti
Polah tingkahing pikir tansah kairing dzikir
suwasana jiwa linumuri sabda
umeke rasa katuntun sucine japa
udharing karsa tinata paugeran kang mulya
Lamun bisa jalma lumaksana
kahanan ndonya bakal katon wera
tan ana suk-ngesuk tumraping sapadha
tan ana lirwa nadyan tan jinaga dening liya

SULUH TANPA WULUH
Wejang kang winejang dening Hyang kang paring gesang

sampun purna sinabda dening jalma suci kang sampurna
sekathahing winarah tansah sumrambah tan ana salah
sinedya weweh ngupadaya sareh kanthi sumeleh
Warta paripurna kang tumiba saking arsa tahta jumantara
ngandhut wasesa ingkang sedya nata lelampahing jalma
kasabda dadya nyata tumraping jiwa, rasa, karsa, lan cipta
mugya dados lentera ingkang nyuluh nggayuh padhanging
ndonya

65

Suluh kang sinuguh tan ana wuluh
minangka susuhing pituduh kanggo kaweruh
tansah wutuh murakabi sekathahing labuh
saget ngudhari ruwet rentenging sedaya pakewuh

Jalma pinaringan daya pambudi ingkang kukuh
saguh njangka angenan aja nganti lumuh
minangkani sumpah kang wus kaujar dening ruh

dadya tetalang nyata jatining Hyang ingkang megat ruh

JALMA MULYA
Eseme bisa gawe mesem kang sinapa

ulem kalem sesolahing sarira
tan ana pedhut kang nutup cahyaning driya
endahing pasuryan ora mung samudana
ngenggar rasa nglonggar ing karsa
sinabda tutur kang kebak wasesa
paring pitutur tan ana pamrihing karsa
iklas legawa kawedhar luhuring donga
tulus alus tan ginerus arsa alembana
mung tansah ngudi panjangka rahayuning praja
lamun bisa kaleksa
Hyang Mahakuwasa bakal paring mulya
Mulya batine uga mulya laire
mulya ndonyane uga mulya akirate
Mula samya ngupadaya mulya jatine urip sesama

66

URUB URIP
Apa iki sing diarani urip sejati

urip sing bisa ngrasakake mosiking ati
urip kang bisa ndeleng padhanging wengi
urip kang bisa nyawang jembare bumi
Agung asmaning Gusti
kadhegung sakdawane wengi
tan pedhot ucaping lathi
saut sinaut sami amemuji
Agung kuwasaning Gusti
gemebyar sak ambane bumi
tan ana conggah renteping puji
rapet dhipet ngudhal isining ati
Wengi kang suci mugi sumurub sakjroning ati
ndamel pepafhang petenging ati sak lami
mboten waleh murub urubing gati
sedya anguripi lampah kang pinuji

RINA WENGI
Gage ndang cancut amiwiti

aja mung tansah ngenteni
delengen langite sumepi
aja nganti mung ngiwi-iwi
Mumpung katon srengengene
aja ketungkul rembulane
ben enggal ana tipake
merga minangka saksine
Rina wayah nyambut gawe
yen wengi kari lerene
aja malah sak walike
merga wis cetha dhawuhe
Ana rina ana wengi
ana urip ana mati
aja lena aja lali

67

panggonan urip sejati
Rina gawe golek bunci

wengi ndonga medhar ati
mugya antuk urip kang mukti
mbesuk tilar munggah suwargi

BIYUNG ING RATRI
Wengi iki tan ana sepi ing ratri

sekathahing jalma sami amemuji
ngagungaken asmaning Gusti
Gusti ingkang Mahasuci
Gusti ingkang kersa leladi
Gusti ingkang tansah nguripi
Ananging ati iki ora bisa ngapusi
ramene puji malah dadi sepine ati
ati kang ngelingi mula bukaning urip iki
biyung kang sampun tinimbali kadya nyawiji
mbeda telenging netra ngembung tirta tumetes ing pipi
Biyung, dalem tansah kayungyun
emut leladi paduka nalika taksih swargi
tansah paring donga kagem putra lan putrid
mboten nate pedhot panyuwun dumateng Gusti
murih becik lantip lampahing jati
Biyung, dalem namung saget anjurung donga kelawan puji
mugya amal paduka sedaya tinampi
dipun panggenaken wonten suwargining Gusti
tinebihaken saking siksa ingkang ngawerati
pikantuk panggenan jembar saha padhanging margi

68

SATATA SATITI
Rina satata wengi satiti

raga ngareksa ati ndarbeni
mugya akarya mligi nyantosani
tanpa rubeda tali nyrimpeti
Rasa tinata karsa wigati
ngundhuh wasesa kalam Illahi
luhuring jiwa samya ngupadi
iklasing rasa sabar dumadi
Lamun manungsa bisa nduweni
rasa legawa sakjroning ati
ora rekasa ngarsa pambudi
antuk raharja urip sejati
Jejegna karsa mantebing ati
agemen busana kridha ngabekti
ugemen tata dhawuhing Gusti
pungkase karya karengga mukti

UNINGA MRING DARMA
Gusti ingkang Mahakuwasa mboten nate nendra

sedya paring boga marang jalma kang kersa ngupadaya
pirsa kanthi cetha rasa, karsa, kridhaning jalma
tan ana kang luput cinathet ing kitab cathetan priyangga
Hyang Mahawredu tansah melu sak polahe laku
mula aja sok gampang anggak ing rasa yen entuk pinemu
merga manungsa bisane mung ngundhuh wohing laku
ora kena nggelar wacana sinurating tamtu
Gusti Pengeran tanpa ngumbara
jatining zat tuna sepi nang ngendi ana
manggon bareng sakjroning rasa, jiwa, lan sukma
paring bebungah marang titah kang uripe tansah rekasa
Mula para jalma tansah uninga mring darma
seneng aweh ngupadi awoh bungahing rasa
caket rumaket sedya nyedhaki Hyang paring boga
murih ijabahing donga anggayuh urip mulya

69

TREPSILA
Tansah ngupadaya cumawis ing rasa

netepi janji nilarake cuwa
ngugemi cita neteske kawruhing basa
kanthi legawa minangkani trepsilaning karsa
Sedya pegat sumawanging soca lelewa
nindhih karepe nepsu kang lirwa
murih jatine urip sak madya
tanpa ana guna kang ngudhal angen ngayawara
Kladuk kinarsa bisa thukul laku daksiya
daksiyaning rasa, jiwa, lan raga
lamun tinampa bisa tuna ing wasesa
Eling pepeling aja nganti dilalekna
kareben slamet tanpa rubeda sengkala
antuk mulya pinayungi welas asihing Hyang Mahakuwasa

NDUWENI
Manungsa, titah kang nduweni rasa

bisa ngerasa uga bisa kerasa
bisa rumangsa aja rumangsa bisa
unggah undhune rasa tinampa legawa
Manungsa, titah kang nduweni pikir kan budhi
bisa mikir lan kudu sedya mikiri
mikir uripe uga sedya nguripi
aja mung angen bisaa dadi wong kang ngangeni
Manungsa, titah kang nduweni karep
karep netepi dadi pengarep sejati
bisa dadi tuladhane titah berbudi
tanpa ngrubeda tumindak laku ing wuri
Manungsa, titah kang nduweni jiwa
gelem ngupadi mulya urubing ndonya
tan ana tumindak luput kang sinedya
tansah ngakoni limput tumindak kang ala

70

AJA SOK
Aja sok ngowahi adat

tetepna jujure niat
budhaya samya rinumat
ngudi mulya tanpa cacat
Aja sok nyalahke kanca
yen durung cetha ing karya
ben ora dadi sawala
mergane serik ing rasa
Aja sok dhemen mblejani
yen ora pengin kaciri
merga ketemune mesthi
marakne panase ati
Aja sok kakehan janji
yen ora bisa nglakoni
mergane malah mbutu rejeki
mujudke karepe ati
Aja sok kladuk ing wani
yen gak bisa nyembadani
merga blahi ora ngerti
mumpung durung aja nganti

AJA NGLANTUR
Dulur, tinimbang padha crita nglantur

ayo bareng sarwa mitutur
ben bisa dadi apike sedulur
ora ana rasa solah kang cinatur
Dulur, iki sasi becik kanggo nglebur
luputing laku kang wus kebanjur
dadya pawongan berbudi luhur
tansah nguripi srawunging sedulur
Dulur, aja gampang gawe cuwaning batur
kudu tansah ngelingi wasesaning atur
aja ninggalke subasitaning tutur
samya mungkur lamun ana remene catur

71

ORA SUWUNG
Raung dudu gunung kang suwung

nanging titah kang pengin srawung
sapa sinapane tanpa tembung
sarana leba nutup mega ing awung-awung
Nadyan sepi ing sapa nanging kebak ing luhung
awu saking cerunging arga sinebar semabrung
ngambah dirgantara putih kadya mendhung
lumantar daya maruta nglambar tanpa kabendung
Nglempung tan bisa cinegah nganti rampung
ngelingke menungsa supaya dumunung
aja keduwung asoring aji mumpung
gelem pasrah marang Gusti Maha Agung
Manungsa nduweni sipate kedhung
jerune rasa kang dadi daya tamping
gemrojoking sabda katampa tanpa kaetung
sumiliring rasa ngedhem dhadha lan jantung

WENGI IKI
Wengi iki larunge ati ngintir sak aliring margi

ndepani dawane wengi ngundhuh iklas sejati
tan ana rasa lan karsa kang sumepi
tlapaking rodha njumangkah mbaleni mijiling dumadi
nglurung sinurung panggenan lahir rikala wuni
Panggon adoh tanpa wangening ati
manggon cedhak dadya langenan sejati
merga wis kadhung katengen ing gati
mugi dadya sarana tetalining rasa sesami
Adohing laku ing wengi mung kadya ngimpi
ngupadi tilas esem kang tinilas ing ati
nadyan mung ngiras marem kanthi nguras ati
ora kena getun merga wis pinasthining Gusti
Trenyuhing ati tansaya ngiwi-iwi
kasurung ngesing rasa pitutur kang aji
njalari mobah mosik angene ati
karep dilali nanging malah mbedani ati

72

KANG TINAMPA
Wanci ratri ing wulan suci

lurung kinurung swarane wong ngaji
montor lan udhuk katon sepi
kang lewat rame ganti turanggane ati
Ora kaya sasi ing wingi uni
pating sliwer polahe wong golek rejeki
ngetan ngulon ngalor ngidul mulating ati
ora mandhek yen durung entuk kang winanti
Sasi kang ngukir alusing ati wis meh lingsir
nanging pedhut kemedhuting ati durung nyingkir
tilas tinelasing dikir durung ngarupa ing piker
rasa karsa kang cumandhok ing jiwa durung linukir
Banjur apa kang tinampa sak jroning tapa
apa mung ngelih lan ngelak kang rinasa
iki ateges ora ana miguna malah mung rekasa
mula enggal apikna aja, mung tansah ngudarasa

SUWING
Carang caring cinaring dadine kering

karang kurung kinurung cumemplung kedhung
kadhang kadhung kaduwung malah sak lumbung
lambang lembung kalembung mergane suwung
Sawang suwing sinawung marake sewing
siwar siwer sumawur mijiling awur
awar awer kauwor gak bisa awor
mawar mawur sinawur dumadi ajur
Ujar ajer kaujur ilange ajar
pijer pojar kemejer kepengin panjer
panjir penjor kajejer saka ing punjer
ngujar ngejer kinejar mala kang pijar

73

KEBAK ARSA
Dalu kang kalulu janji setuhu

sila sembah mituhu dhawuhe suhu
ngupadi raos asihing Hyang Wredu
ngundhuh lumebering gesang rahayu
Cuwa cuwil jinawil gopil
ngilangaken raos was-wising muskil
nglalekake jejibahan donya kang kemrinthil
musna sirna tuna rasa kang bakil
Sepa sepi sinapa ing ratri
namung ati kang tansah nduweni
ngundhuh wohing pakerti kanthi wigati
kladuk wani ngugemi pituturing Gusti
Lirik lurik linarik tan ana kang serik
parik puruk puraking ati tan ana kang purik
sedaya samya ngadoh lakuning sirik
mugya rahayu antuk ginanjar becik

PANYUWUNE WONG TUWA
Donga kang tinutur dening wong tuwa

marang anak kang budi lelaku setya
umur, iman, rejeki kang tansah ginontho
luber rasa madhep manteb mring Hyang Mahakuwasa
Panyuwun kaping pisan ngarepi umur dawa
kaucap ukara mulya murih seger kuwarasane suta
nora tega nyawang anak uripe kelunta-lunta
bisa antuk jampi lamun lagi nandhang lara
Panyuwun kaping pindho mugya anak tetepa ing iman
tansah ngugemi ageman kang nuwuhke tumindak aman
ora gampang kepincut mobah mosike jaman
anguningani luhuring tataning Hyang kang Mahaloman
Panyuwun kaping telu mugya sunu pinaringan rejeki kathah
lantaran solah polah ing kridha kang barokah
tan ana rasa lan kepenginan kang angah-angah
laku sakmadya makarya ngupadi antuking bebungah

74

JANJI SETYA
Janji setya kaujar nyata dening panguwasa

lumantar tata upacara munggahing tahta
sinekseni dening para punggawa uga satriya
kelawan nyebut agung asmaning kang Mahakuwasa
Ana ing tlatah nuswantara iki wus dadi budhaya
merga biasa lan lumrah sumpah sinumpah kadya tan rinasa
apa kang kaujar ora ngresep nang jroning dhadha
mula akeh wong lali bareng wis manggon ring dhuwuring
tahta
Ukara janji kang sinabda kadya ucap mung samudana
mula tanpa ngerasa luput bareng wus dadi panguwasa
akeh tumindak lirwa kang ninggalke jujuring tata
pungkasane dadi bebana lan bebaya kang tinampa

LUBERING RASA
Lanturing rasa aja nganti pedhot ing karsa

lantaran rasa bisa tumiba becik utawa ala
lintir mlintiring rasa bisa tumindak nglewa
luntur lumunturing rasa bisa kabentur bendu cilaka
Rasa tuwuh saka ati kang dumadi sejatining pambudi
resik lan becike ati bisa nggayuh purna dumadi
nitising ati tansah mahanani karsa kang mukti
tumetesing ati bisa nyiram luhur sekaring pribadi
Mobah solahing ati tansah mijil ing lathi
ajining diri pribadi gumantung ujaring lathi
lumantar lathi bisa mbebayani uga nyantosani
mergane lathi dadi caraka candraning diri
Mugya jalma samya kersa njagi lubering tyas kang luhur
tata titi tatas titis tetesing pitutur mugya tansah tinabur
uluk elik marang olok elek mugya dumadi atur
sarak serik siriking ati mugya saget kalebur

75

MAKARYA
Makarya ateges kridha

kridhaning raga kang tansah adhedhasar luhuring jiwa
Makarya iku sejatine rasa

rasa rumangsa gelem ngupadi mulyaning praja
Makarya sinambetan kelawan donga

donga kang tansah kawedhar ngudi kabecikan kanggone
sesame
Makarya bisa ateges karsa

karsane jalma mulat ngabekti murih rahayuning kawula
Makarya iku ngono tuna

tuna lamun ora gelem rekasa ngayahi pakaryan kang mulya
Makarya iku padha karo rekasa

rekasa lamun daksiya lan tansah lelaku cidra
Makarya kudu tansah waspada

ben ora dadi mala

WEDI NGIWI-IWI
Manungsa sejatine wedi

wedi yen kapundhut dening Gusti
nanging malah ngiwi-iwi
ngarep-arep tekane wanci
Kasunyatan kang bisa dititeni
saben wayah isine mung ngenteni
ora tandang ngasah kantiping ati
selaning wektu malah dipateni
Lingsire wayah aja dianti-anti
apa kang ana samya dilakoni
wayah sinedya tansah diuri-uri
merga wayah ora bisa dibaleni
Samya padha peparing uni
aja mung gelem waton muni
merga godha tansah dadi geni
ngobong rasa gawe cuwaning ati

76

SEMBADA
Gelem aba kudu sembada

ora mung ngabani tanpa nyata
abab thok tanpa guna
ora dadi abahan kanggone liya
Aja mung kumureb ing abahane liya
abang-abang lambé isih luwih mulya
nadyan manising tembung mung samudana
nanging aja nganti ngabangaké kupinge kanca
Zaman iki akeh wong ngabang bironi
bingung anggoné golék butuh kanggo nguripi
rainé abang dluwang tansah kaeksi
pasuryane pucet katon ngemu wadi
Aja abar kang tansah ngglambyar
adon-adon marake bubar
merga abilasa dadi melar
hawa nepsu kamurkan padha nyasar
Abimanane ujar aja kawelar
kumingsun umuk tan kena dikejar
abimantrana kudu ginelar
donga pangéstu murih mijiling nalar

77

MALI
Aja seneng grusah grusuh

merga bisa grosok-grosok
kadhung kentekan gresek-gresek
yen gak nemu grasak grusuk
Aja padha klonthang-klanthung
mlaku nganggo klinthing klonthong
entek wektu klunthung-lunthung
ra bisa turu klanthang-lanthang
Aja dhemen cukir-cukir
merga akeh cakar-cakar
padha tandang coker-coker
kadhang tega cakur-cakur
Aja gampang melu-melu
sampek katut mili-mili
merga kebak molo-molo
kadhung konangan mali-mali

URIP LEGAWA
Anglakoni urip kanthi legawa

supaya uripe dadya dawa
aja nganti padha sulaya
sapa kang cidra bakal sengsara
Urip sak madya aja ngersula
merga mundhak gampang katon tuwa
tlaten angarsa kang durung teka
tansah eling pitutur miguna
Wong kang sabar rejekine jembar
kang tinampa bisa dadi babar
kamulyane jiwa bisa mijil sekar
cumandhoking sukma bisa tambah mekar
Wong ngalah wekasane luhur
barokahing Gusti tansah tinabur
sipat mulya aja nganti luntur
sapa kang jujur uripe makmur

78

TIPAK TEPAK
Tata titi tinetesing embun

tansah kerasa ning ubun-ubun
panasing rasa kang wus katimbun
kasiram toya dadya rimbun
Tutur tatar tinetering ati
medhar sabda kang tansah wigati
mulating kridha minangkani bakti
ngupadi mulya urip sejati
Lukir lukar linikuring yuswa
samya tansah tumindak waspada
mungkur saka jejibahan kang nistha
jujuk jejeg jajaking rasa
Tapak tipak tinepaking karsa
ngunjal manah lumpahing karya
tanpa minelah wetahing sesame
dumugi kapernah tataning jalma

TAN ANA TUNA
Tuna satak bathi sanak

luwih mulya tur kepenak
merganing karep bisa tepak
butuhing rina bakal cumepak
Rukun bisa gawe santosa
akeh sithik samya rinasa
ora nyulik bagean liya
tanpa melik kabagi rata
Cerah bisa agawe bubrah
ewuh pakewuh dadi congkrah
gawe rusuh resiking manah
rinasa urip tansaya resah
Lali-lali den elingna
urip gati marang sapadha
aja craki agawe mala
mulat ngupadi rahayuning waluya

79

TINULIS
Alang aling samya ilang

talang taling tansah tetulung
Arung arang dadya aring

carang curang musna cinaring
Nular nalar aja tinilar

jalar jalur kudu jinalur
Mikir mekar tan ana maker

sekar sinekar dadya sukur
Tulus talis tansah tinulis

telas tilas tan kena teles
Alas alis tetepa alus

moles meles dadi mulus

SAWANG SINAWANG
Urip kepenak iku mung sawang-sinawang

kang gawe angen ora bakal bisa dangang
jalaran rasa karep kang tansah kebimbang
weruh kanca kang nduweni samubarang
Delengen mangisor katon ramene dalan
isih akeh wong kang labuh ngudi pakaryan
rina wengi golek urip tanpa sambatan
nadyan sithik tinampa kanggo gondhelan
Sawangen mendhuwur katon tataning lintang
nyorot ing wengi tan pedhot gawe pepadhang
ngawuningani jatine titah kang sinandhang
jenjeming bakti tan keguh godha kang ngadhang
Singkir sumingkir singkur sinengkering sekar
dadya uwoh awoh aweh ewuh tan owah
tanana risih merga rusuh kang gawe resah
tatah titih tan ana tutuh kang tinatah

80

AJA KEBLINGER
Bocah mambu kencur rambute dikuncir

sekolahe mlincur malah padha plesir
nganggo sandhal duwur dolan nang pesisir
sangu wedhak pupur ora lali sisir
Remajane nganggur wegah abot mikir
sinau kabur malah padha mangkir
ana dhawuh nyingkur ditakoni mungkir
senengane tawur mabuk kakehan bir
Sing dhewasa nglantur padha seneng mlintir
lamun ana atur malah padha nyingkir
lirwa kang tinutur tan ana kuatir
bareng wis keblegur kasep gelem mikir
Wong wis cedhak kubur tetep durung kober
netrane wis lamur apa sing dauber
dayane wis luntur karepe jik muter
wis kentekan umur katon lenger-lenger
Elinga nang umur aja eling komer
dadya jalma luhur ben ora keblinger
gak ana takabur merga bisa ajer
ati tuwuh subur mulya samya number

81

MEGURU
Meguru nganggo sarana lelaku

mijil saka jroning kalbu
ora mung waton lumaku
merga malah kesaru maru
Meguru kudu ati-ati lan nastiti
aja mung ndeleng obahing lathi
oncekana tutur wigati
supadya antuk kawruh sejati
Meguru mituhu dhawuhe guru
aja malah mung ela-elu
aja mblarah kepencut nepsu
tumindak genah ben ora kleru
Meguru ngupadi ilmu kang tuhu
kang winahyu ing serat kawengku
maton tumrap munggwing lelaku
tansah njagi rahayuning laku

NUWUN SEWU
Nuwun sewu badhe nyuwun tambahing sangu

tulus iklasing donga pangestu
pamit ngupadi kawruh setuhu
tumraping gesang murubing kalbu
Sejatining ilmu weruh mring pinemu
pinemu wigati kang bisa memayu
aja waton nemu kang bisa tinemu
aja angger mlaku mung gampange laku
Sarana mituhu dhawuhe guru
ngenggoni sipat sejatine sunu
madheping keblat aja nganti kliru
perangan papat kang tansah kawengku
Lamun ana lamat wisiking kalbu
sigra mangkat gancange lelaku
aja nganti larat mijiling nepsu
bisa kesrakat kebacuting laku

82

TRAWANGAN
Hyang Mahakuwasa sejatine wus paring purna

purna tumraping kawula kang tinitah ing ndonya
manungsa kajibah ngupadaya kang durung temata
kanthi pikir, rasa, karsaning driya mijil lewat mobahing
panca indra
mulat ngupadi rahayuning waluya
Jalma wasis tansah sedya netepi mulyaning rasa lan driya
mobah mosiking kahanan batin bisa njangka
meruhi kahanan kang durung nyata tumrap lumrahe
jalma
wela-wela kawaca dening landhep latiping batin kang
rinasa
Kawruh kacarita kadhangkala dadi ewuhe rasa
jalma kang krasa kosik ngarani kladuk rumungsa
nanging ora kena cinandra
merga cekak asoring rasa durung tumiba ing purna
isih kepencut gandrung kayungyun donya
Ora luput yen ana candra babagan donya
apa kang bakal ana bisa dumadi nyata
ala apik kang tinandur bakal thukul mala utawa mulya
iki wis dadi kodrat kinodrating jalma ing ndonya

83

CETHA
Cetha iku nyata

nyata tanpa ana kang tinutup cekaking rasa
merga cetha dudu mung tumraping netra
nanging kudu bisa rinasa
Jalma bisa cetha ngundhuh wasesa lamun ngudhar sekabehing
rasa
mula cethaning tata kudu kawaca kanthi rasa
kawaca dening panca driya tumus karasa dening nala
Tutur tinutur aja mung nglantur tanpa rasa
jalaran bisa ngemu wasesa kang nuwuhke mala
mula tansah ngelingana jati sejatine rasa
rasa prana kang bisa medhar wasesa
Nala, prana, utawi driya dadi paugeran tata lakune jalma
lamun becik bisa katitik tumindak sing apik
nanging yen ala bakal mijil lelaku kang nuwuhke mala
mula tansah elinga gelem njaga mulyane driya

NGAKONI LUPUT
Ora ana alane nyuwun sepura

asok glondhong pengareng-areng mring sapadha
ngakoni lupute ucap lan tumindak ing kridha
ngupadaya mulya urip bareng tanpa curiga
Jalma tata gelem paring pangapura
ngurangi dosa merga saka cokrahe rasa
ngedoh angkara kang bisa nuwuhke mala
ngelingi rekasa lamun tinebihaken saking sasama
Jalma luhur tansah luber ing atur
atur pangapura marang lupute tutur
tansah paring sepura marang tumindak kang nglantur
nadyan tanpa tinutur panyuwunan batur
Luhuring rasa tansah lumuntur ing karya
karya kang tansah gawe mulyane ndonya
tan ana siya tinilar lampahing yuswa
sarwa miguna sekabehing karya kang sampun kaleksana

84

JALMA ING NDONYA
Sapa sinapane jalma nguripi sabda

subasitane jalma mangeja wantah tatane agama
guyub rukune jalma gawe asrine ndonya
lurus lumakune jalma ngalusake mutere jagad raya
Jalma kinodrat saking mayapadha
jalma katitah njaga uripe ndonya
jalma amanah tansah sedya ngupadaya
jalma sumarah nuwuhke ngrembakaning mulya
Ndonya bisa gawe luhur drajate jalma
ndonya tansah minangkani pemundhute jalma
ndonya sumadya peparing kinarsane jalma
ndonya bisa dadi bebaya tumraping jalma
Apa kang cinipta ing ndonya tan ana kang daksiya
apa kang wis tinata miguna tumraping jalma
jalaran saka welas asihing Gusti ingkang Mahakuwasa
mula tansah mikira kanggo njaga becik ciptaning Hyang Nata

ULATE PADHANG
Duwe rewang aja nganti growang

ora mung nyawang dadi pupuk bawang
ngupadi kamulyan murih bisa disawang
njaga rasa tanpa ana sewang
Gelem srawung tan ana kang gruwung
patheng makarya ora bakal suwung
mikire genah ora nganti nglewung
wegah cinandra pepindha keluwung
Ngupadaya urip dadi wong sing genah
pawongan endi sing ora pasrah
merga wus kawong lamun sugih warah
ora ana lowong medhar wewarah
Baktine apik tansah gawe padhang
ulate resik endah katon sinawang
petenge jagad sirna samya ilang
ngupadi mukti mugya sarwa gampang

85

ATI
Kabeh manungsa duwe ati

mula tansah sing ngati-ati
aja malah gawe ati
apa maneh mangan ati
bisa nggarahi serik ati
Ati minangka punjere diri
ati dumadi sipat pribadi
ati kaudhar tutur ing lathi
ati madhangi petenge ratri
ati ngedhem panase bumi
Gati nastiti merga saka ati
nduweni wigati jalaran ati
gelem ngopeni karana ati
taberi nguripi mosiking ati
asih melasi kodrating ati
Aja siya marang obahing ati
gelem mirengna wisiking ati
tansah miguna tuturing ati
tan ana lirwa karepe ati
sarwa mulya atur pituturing ati

MANUNGSA LUMRAH
Manungsa lumrah kanggonan salah

mula aja malah congkrah
supaya ora saya bubrah
ben ora kelarah-larah
bisa nduweni ati kang sumarah
yen ana luput enggal ngakoni salah
ora sampek kebacut nganti ngambrah-ambrah
sing ana anut ben ana arah
gelem miturut sejatine warah
ben ora katut laku sing mblarah

86

SULUK
Jam telu esuk krungu suwarane jago kluruk

nggugah turune ati kang nedheng suluk
adoh rinasa saka angenan ndonya kang muluk
caket rinaket ngupadi urip jatine antuk
Bedhuk subuh tinabuh kairing luhuring dhawuh
sedya ngelingake lakune jalma kang padha lumuh
enggal tumandang ewuh saguh ngupadi kawruh
labuh suguh tanpa pakewuh minangkani karsaning ruh
Dhawuh tinutur lumuntur sajroning ati
ati kang gati ora ana kang bisa amiwiti
kajaba mung rasa karep kang tansah nyawiji
gelem ngabekti sedya ngundhuh wohing pakerti

SEJATINE APA
Urip samya ngupadi sejatine apa

dudu ngrekadaya sejatine sapa
Bocah cilik kang durung kakehan dosa kena gawe tuladha

tansah pengin weruh samubarang kang nyata
kanthi pitakonan nganggo tembung apa
Bareng pitakone tembung sapa
merga piwulange wong tuwa
bocah ngupadi warah marang sapa-sapa
tuwuh saka manah pengin sapa sinapa
Lamun tetep kapernah bisa dumadi sedulur nyata
nanging yen kladuk mblarah bisa nuwuhke mala
merga pitenah bakal sumebar lumantar sesapa
Mijil rasa tanpa rumangsa
keladuk candra mijiling rasa sapa sira
Mula samya uninga mring tata
gelem ndeleng sejatine apa
aja ngugemi kamurkan sejatine sapa

87

LOLA LAN SUDRA
Lola aja nganti kasiya

samya padha uningana
ben ora ana daksiya
laku tumindak miguna
Weruh rekasane liya
kabeh tan ana linirwa
aja rubeda ing kaya
mulya sudra duwe Hyang Nata
Merga drajate manungsa
dudu bandha dudu donya
nanging kagunan kang nyata
kang aran kinaran takwa
Mula tansah ngelingana
aja nganti tuna rasa
merga bisa tumiba lena
cidra culika tanpa rumangsa
Merga wis kelangan tata
lakune dadi sembrana
nerak mala ora kerasa
lamun nyata wus kacandra
uripe bakal rekasa
Siksa ndonya ora sepira
siksa akerat luwih sara
mula samya siningkirna
kladuk wani kurang geduga

88

MUNGGWING PRIBADI
Karep ati ana wigati

madhangi dalan kang sepi
dimen nyingkir mala blahi
murih genah antuk mukti
Nora gampang amiwiti
lamun isih ana drengki
kudu ana sing ngalahi
luwih luhur asma pribadi
Nora ana wong sing wani
ngusik sumarahing ati
merga trima kang tinampi
tanpa ngabar cuwa ing lathi
Nora gampang aniteni
laku tumindak kang gati
laire tansah edi peni
katone anteng nggembol wadi
Nora susah ngupadi ciri
bakal mijil lamun wis wanci
wigati nata munggwing pribadi
dimen mulya rahayuning margi

89

MOKAL
Ngodhal-ngadhil ngodhol-odhol

ngodhel-ngodhel ngedhel-edhel
ngadhul-ngadhul ngudhal-udhal
mbedhal mbabal ngimbal tumbal
Mbondhal-mbandhil mbendhol-mbendhol
mindhal-mindhul mondhol-mondhol
sundhal-sundhul sondhol-sondhol
ngombal-ngambul mbobol gembol
Simpal-simpul sampil sempal
sompal-sampul sumpal tapal
tempal-tempel gopil-gopal
tampil tumpal tumpul tinimpal
Ucal-ucul ical-ical
muncal-muncul mancal-mancal
mbical-mbucal ucul ical
nguncal akal bakal mokal

AJANG SAMBUNG RASA
Kanca lawas aja nganti kasingkur

lamun katiwas bisa ilange sedulur
nadyan tawas mugya eling pratitising galur
lamun wis tuwas samya mawas mijiling atur
Kanca lawas raket cumaket medhar tutur
tanpa cinatur rasa rinasa dumadi lebur
cuwaning rasa musna merga antuk panglipur
tutur luhur sedyaning karsa tansah lumuntur
Pasamuan luhur dadya ajang sinambunging sedulur
ngrembakaning rasa bisa minangkani lineburing bebentur
dadya talining rasa kang migunani tumrap aluring ulur
mugya nyembadani karsa citraning cita kang misuwur
Para sedulur samya ngerasa kadya pupur
tansah nyawiji dadi siji ajur linebur
tan ana punjul wigati utawa sudraning batur
mijil karsa ambaling rasa kadya isih mambu kencur

90

PRATELANING TUTUR
Ana pitutur

katutur bisa dadya atur
lamun basa kang tinutur nduweni sifat lumuntur
dadi pratela kahanan praja kang makmur utawi ancur
Becike basa tinutur merga ngugemi subasitaning atur
njunjung dhuwur drajat wibawaning kang mitutur
sedya nyuguh kurmat kawibawaning mitra tutur
sesambunge rasa ati dadi lumuntur
Beda dening basa kang katutur kanthi nglantur
murang tata kasuguhing atur
tanpa rumangsa mijiling tutur kang cinatur
atosing rasa ora bisa ajur/musna rumangsa bisa
mubaling catur
Mula bener unine pitutur luhur
lamun tutur dadi piranti tetali atur kang mulur
nduweni daya luhur kang tan kena diukur
sumadya nyandhing dadi rumaketing sedulur
Nanging uga bisa tuwuh bebentur
pedhoting sedulur jalaran luput limputing atur
tan ana sapa sinapa merga adoh tutur tinutur
cuwane ati karana keladuking tutur

CARA WICAKSANA
Umeke manungsa kadya ombak banyu segara

ngumpul dadi siji tumplek blek ring graham
minangkani karsa ngupadi jatining mulya
prenah genah panggenan nggulawentah kawruh sinedya
Akeh para mudha kang sinandhing wong tuwa
katon layu pasuryane merga lagi teka saka ndesa
antri dawa nunggu giliran antuk wawansabda
sedina muput tan rinasa lungkrahing raga

91

Kancandra saka uleming surya
senadyan katon rekasa, kabeh tansah sedya ngawula
kanthi legawa seba ing bantala
lembar jembar sabar rinengganing rasa

Mugya kahanan iki ora kaambal saben warsa
nadyan bisa kaleksa nanging uga isih tuna
kudu ana upaya gawe cara kang luwih wicaksana
dimen ilang daksiya uga nduweni welas mring sasama

Wungkuling tatacara kang wicaksana kudu kagodhok wiwit mula
sinerat cetha ing layang praja
mbabar sabda bebaning para siswa
kawara-wara marang sapa kang sumadya

Lamun kaleksa bisa ngilangi rekasa
tan ana jalma kang antri nengga wawansabda
tawa-tinawa kareksa tumraping sudra
wibawaning praja bisa mijil ing tata

TEGUH TINEGUHNA
Medhar rasa muwus kacarita

karipta winujud wacana
kanthi irama purwakanthi basa
amung pengin ngangen rikala dadi siswa
Babagan ewuh bebudhen kang kinayuh
ngupadi nggayuh sejatining kawruh
saguh suluh-sinuluh kanthi labuh
tan ana keluh nadyan raga sarira binasuh iluh
Betah lungguh seba sila tansah tineguh
tan ana keguh gebyaring donya mungguh sinuguh
sanadyan kesandhing ora bakal rinengkuh
nyisihi mala kang bisa tuwuh pakewuh

92

Tansah gupuh ing labuh lamun ana pituduh
tan ana lumuh nyadhong lumunturing dhawuh
ora ngerasa ina paribasan kinaran uwuh
aming netepi rasa kang ngupadi munggwing kawruh

Suluhing ati dadi pepadhanging ratri
wengi tan ana ngerasa sepi
merga karepe ati tansah nguripi
urip sejati caket mring Gusti kang Murbeng Dumadi

DIMEN RAHAYU
Bakal ana kedadean apa

sejatine manungsa wis bisa ngira-ira
merga Hyang Nata wis paring sarana rasa
rasa kang bisa jangkahi kleraping samudana
rasa kang bisa nata langkahing karsa
nanging ana apa akeh wong kang luwih percaya mring
netra
merga rasa atine wis wuta kena ulap gebyaring donya
merem dhipet wegah ndeleng polahe raga
mula ora luput yen akeh wong sembrana
jalaran pandelenge rasa wis ora tinata
ora bisa nuduhake endi laba endi tuna
mblarak mblasak endi sing kena
nadyan ana netra ora bisa ndeleng cetha
merga netra mung dadi coloking ndonya
ora bisa alok apa maneh ngerasa
mula laku sak mlaku mugya tansah rinasa
dimen bisa lantip atining panjangka
dimen bisa antuk rahayuning sedya

93

AJA GAWE CUWA
Tangga ndesa sambang nang kutha

tilik anake kang ngudi olah rasa
merga suwe ora endang wong tuwa
kepireng warta wis amangun wisma
Wong tuwa gak kanti nunggu suwe-suwe
sak kala budhal nggoleki anake
bareng ketemu bener kasunyatane
anak sing digadhang wis nyandhing bojone
Wong tuwa kaget katon cuwa atine
merga anake gak padha karo angene
kemetenggengen mung nyawang polahe
gak bisa ngomong mung ngelus dhadhane
Sarehne wis lerem wong tuwane takon
babagan sinaune apa wis kelakon
nanging wangsulane katon ora maton
mung waton mangsuli merga ana pitakon
Wong tuwane ndhedhes nganggo tembung alus
pengin weruh asile tandha yen wis lulus
merga durung kelar klendrang gak diurus
culikaning matur jare durung ditebus

94

LALI RUPANE
Akeh wong lali nang rupane dhewe

pengin weruh piye praupane
ndeleng rupa poto nganggo hape
Werna-werni cara lan gayane
mencap-mencep melecur lambene
ngedumel dhewe ndeleng potone
merga jare kok ala rupane
Banjur disetip saka hapene
kurang trima njur ngongkon kancane
Ngguya-ngguyu mesem dhewe
rumangsa marem ndeleng potone
jare ayu lan seksi awake
banjur diunggah poto nang hapene
Poto diunggah nang kanca-kancane
dialem ayu mongkok atine
Terus piye lan apa arane
mula diarani lali nang sejatine dhewe

DUMUNUNG
Mobah mosiking rasa tan bisa kinira

dhuwur panggayuhe jalma cindhek arga
jembar pangarsane rasa ciut segara
mobal nepsuning karsa kadya agnya kobonging wana
Lamun manungsa wus kosong ing jiwa
kelangan rasa mring endahing tata
kagunggung nglembung, kacandra murka
peteng ndhedhet kadya mendhung tinerpa maruta
Nyata anggak tan kena pinenggak kanthi larahe tembung
merga sesolahe wis kebacut kalimputing srawung
tumindak adigung tan uninga ing sesandhung
merga rasa lan karsane jiwa wis kadhung gandrung
Manungsa kinaran titah ndonya kang linuhung
luput mula lamun ora meruhi jerune kedhung
ngaripta mala lamun kayungyun ngakahi dhuwure gunung
mula tansah elinga dimen rasa lan tumindak bisa dumunung

95

UGEMANA
Ana tutur padha nyingkur

ana dhawuh ora weruh
ana duka pada lunga
ana atur malah ngluyur
Ora ngelingi watese umur
dhemenane mung golek panglipur
sinuguh warah malah nylimur
tumindak mblarah uripe ancur
Dikandhani nglarake ati
didukani malah maneni
yen mung dielus ora tembus
lamun dikeras ya ora tedhas
Urip ora gelem nggagas
atine atos kaya padhas
pikire onya ora waras
wis genah mala malah ditrabas
Banjur piye ngadhepi mengkene
merga bisa nulari kancane
nyasak mblasak sak kepenake
bisa rusak kahanan ndonyane
Samya waspada sak polahe rasa
ugemana ageman agama
tata tumata tinataning tepa
mugya rahayu nir ing sambikala

ATI BUREK
Yen krungu bab mati

manungsa akeh wedi
wedi gak isa bali
merga alamate lali
Akeh wong padha lali
biyen saka ngendi

96

merga lawas amung mikiri
donyane saiki
Pikirane judheg
ati dadi burek
panjangkane cendhek
penting weteng warek
Akeh lali tangga
sing ngrewangi nyangga
cidra marang kanca
mbuntu dalan swarga
Mula rumatana
dalane ben nyata
gampang tumuju mrana
gak nyasar panggon liya
Aja ngrumat angkara
gawe petenge ndonya
nutup cahyaning marga
mblayang oncate sukma

AMIWITI
Sapa bisa amiwiti

bakal dadi nomor siji
nanging aja waton dadi
ngudya karya kang sejati
Nora gampang amiwiti
becik tumandang aja wedi
rekasa dhisik kepenak keri
tembe mburi antuk mukti
Lamun ana kang miwiti
mesthi akeh wong kang meri
nanging aja dadi ati
dheweke tetep manggon mburi
Lamun dadi wong kawitan

97

sira bakal nemu papan
urip mulya ora sengkan
cumawis karya kang ndedalan
Lamun wis dadi kawitan
aja njur gak duwe sungkan
ilinga urip mung sepisan
sumadya nandur kebecikan

PARANE MANUNGSA
Urip jroning pati kudu den elingi

aja nganti lali
kabeh wong duweni
Gambare wis cetha
parane manungsa
kabeh bakal mrana
tan ana kang nyisa
Ceritane nang kana
ana papan rong warna
suwarga lan neraka
endi sing dikarepna
Mula ngelingana
dhawuhe wong tuwa
uripe manungsa ora mung nang ndonya
Sejatine mati
kuwi ngono bali
eling apa lali
alamate ngendi
Yen nang ndonya eling bakal ora pangling
yen nang ndonya lali bakal nyemplung geni
Kudu ngeling-eling
anane pepeling
dimen ora pangling
merga tansah nyandhing

98

SAWANGEN
Wis padha sawangen wae

yen ora bisa cawe-cawe
aja tansah ngomong ae
gawe ruwet kahanane
Kadhung angel kandhanane
mula bakal ngerti dhewe
nyata wela katon lupute
mungkir nyingkir tumindake
Dhemene ndakwa kancane
sing ora ngerti jawane
gawe ndedawa lakune
tambah gedhe perkarane
Mijil mumet pikirane
nyampar mrana nyandhung mrene
angger kena sak entuke
sing penting ora mung dhewe
Rikala mulya akeh kancane
tiba susah ilang rewange
kabeh golek menang dhewe
sing wenang golek slamete
Merga wegah dadi tumbale
mbukak wadi sak nyatane
perkara melar sak ambane
nyakar nyakur ketok tatune
Lamun gak ana putuse
bisa ciri selawase
keprungu gedhe sesambate
katon nelangsa lagehane
Nalika mulya sak kepenake
tangga kanca dilalekne
tiba ketlarak rasakna dhewe
sawangen wae kepriye polahe

99


Click to View FlipBook Version