The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by smpn2watumalang.5, 2022-04-11 10:01:16

GEGURITAN URUBING RASA URIPING BASA

GEGURITAN URUBING RASA URIPING BASA

AJA DILALI
Nalika urip susah

ora ana sega torah
sak wadhah didum wong sak brayah
sega lawuhe dadi siji nang tampah
maem bareng mbeber klasa nang lemah
Arep adang, genuke ngglonthang
berase entek dandange ngglempang
durung nempur bingung golek utang
nyilih sesilih gak ana sing luwang
uripe rekasa kasingkang-singkang
Bareng kepenak banjur padha lali
mangane enak nang kancane craki
lamun disanak jarene nyrimpeti
pikire cekak angel dikandhani
bareng ketlarak gak bisa nglereni
Nalika sengsara sapa sing ngancani
kanca perjuangan kang aran sejati
gelem susah uga gampang disambati
mulane aja nganti dilali
Akeh wong ngaku dulur rikala urip mukti
rikala misuwur akeh sing nyedhaki
jalaran pamrih mung murih rejeki
ora peduli tuna isin dilakoni

ILANG AGEMAN
Mosik tanpa elik

mobah tanpa larah
labuh tan kena linuruh
munggwing kahanan wus ilang ageman
Tatanan mung dadi tontonan
linuwih ing crita tuna ing leksa
tanpa tilas pungkase gagas
angger kridha wenanging kuwasa
Andhah polah lumaku kadya luku

100

sineret maesa tan ana kang ngreksa
amung luwung tan ana jatine luhung
tata atur cinandra sawala mring batur
Akeh nunutan kapatah dadi panutan
waton nunut manut dimen kinaran panut
solah bawa tan ana mobahing karsa
ngenteni mudhune caraka kanggo olahing kridha
Lamun kahanan suwung panutan
papan jembar tan bisa ginelar
amung ngagemi ugeman kang ngugemi
tan ana nalar kang kawedhar lumantar ujar

MELAR SINEDYA
Gemebyar ndonya kang mubal saka njero dhadha

ngudhar rasa kang kawedhar dening nala
mijil suwara kang kawelar sak dawane marga
melar sinedya ngupadi werdine karsa
Jalma kang uga aran manungsa
wis kaserat wonten layang paripurna
nduweni karep kang sarwa maneka warna
angel linerep lamun nepsune wis njilma
kabeh diadhep tan ngerasa puwa-puwa
arep kekarep sumadya njebol gedhene arga
He … manungsa tansah ngelingana
ana winates tuna kuwasaning daya
kang sinedya durung mesthi bisa kaleksa
tanpa idi pangestuning Hyang Mahakuwasa
Mula ngedohana sipat angkara
aja dhemen seja ala cidra ing karsa
aja pek pinek seneng nyidra kayane Negara
yen wis kebanjur aja lirwa ngluputke liya
Gelem sembada kadya mula wiwiting karsa
aja nunggu murka Sang Akarya ndonya

101

TRESNA
Tresna kang cumandhok jroning dhadha sejatining bahera

nanging ora sepira sing bisa njilma nuwuhke setya
Tresna kang miguna tumraping srawung sesame

nduweni wasesa sing rinasa kanthi legawa
tan ana karsa kang sinedya gawe cuwa
Kira-kira ora ana seperlima
petang perangan liyane tansah gawe alembana
ambeging rasa tan kena sinenggol liya
Mula angkuh dadi piandeling rasa
ora keguh nadyan wong liya ketula-tula
ora gupuh nadyan tangga rekasa
malah pakewuh lamun ana sambat sinapa
nadyan weruh nanging atine wuta
Mula aja nganti gela
lamun ora ana wigatine sapadha
merga wong liya uga ora ana kang rumangsa
Embuh wis dadi seja utawa lirwa
dayane tresna kasiya tanpa rinasa
ora luput yen akeh mala
merga manungsa wis akeh sing kelangan tresna
Aja eman ngumbar setya kang miguna
murih dadi tentreming rasa lan jiwa

102

AJA NEKA-NEKA
Aja neka-neka yen durung kuwasa

kuwasa nata ati, rasa, jiwa, lan karsa
merga urip bebrayan dudu mung sesuka
kudu sumadya taberi ngupadaya jatining mulya
Tansah uninga, lamun mijil karsa ambangun karma
gelem nata andum rata kanthi adil adoh cela
Ngugem eling kang wis dadi uni
lamun manungsa kanggonan sipat lali
kurang ati-ati bisa ilang rasa wigati
kahanan iki sing nuwuhke seriking ati
kladuk rasa bisa njalari tumiba iri, drengki, lan sreki
Ngupadya yekti dadi jalma kang nastiti
merga rata ing pandum mung enthenging uni
dumdum adil rinasa angel dilakoni
nepsu angkara tansah ngiwi-iwi
tan kena kinekang kadhung wis dumadi
lamun rineksa gawe mbubrah sinedyaning urip sejati

MESEM
Mesem tansah agawe marem
Wegah polah kakehan gunem
Pasuryan mulat suminar ulem
Sarira mobah solahing kalem
Sedya mangun kahanan tentrem
Urip angelar kanthi ugem
Ati mosik rinasa ayem
Jroning dhadha ngerasa adhem
Medhar sabda bisa pakem
Lumunturing sabda gawe kesengsem
Tuwuh rasa karana marem
Sumadya karep dumadi karem
Mijil candra wasis ing alem

103

MEKAR JEMBARING ATI
Jembar atine aja mung wiar papane

melar pikire ora mung ngelar wektune
longgar dhadhane bisa mekar surasane
nggelar karepe tansah gumilar kasunyatane
Urip sejati sageta tansah nguripi
ora mung ngupadi tumraping ragawi
kang utama ati wetahing pribadi
dadya wantah lair batin kang nyawiji
Gilar gumelaring ati sapa kang nduweni
dumadi mulya mijil lelampahing diri
tan ana sandhungan kang bisa nyrimpeti
jalaran wedi nyedhak ati kang suci
Lamun kosok bali bisa tansah nggegirisi
mlaku setindak wiraos seklimah sarwa cirri
ora ana becik kang mijil saka jroning ati
amargi wetahing diri kabungkus drengki lan craki
Mula mangga samya nguningani
tansah njagi luhur wantahing pribadi
sedya ngopeni laku tumindake diri
ngilangi rasa lan kersa kang bisa nyilakani

NYEDHAKANA
Ora ana celane

omong sak omong dirungokne
mlaku sak mlaku digatekne
lungguh linenggahe dipapakne
merga wis katon benere
Pancen ya ana apike
gawe tuladha kancane
ben bisa ngarah lakune
ora nglambyar pikirane
bisa ngadhemke atine
Mula padha nyedhakana

104

aja ngedohi sinapa
ben isa tinampa rasa
ben ora pedhot ing tresna
gak ngayawara ing karsa
Lamun wis bisa ngerasa
gak ana cuwane rasa
gak gelem tumindak cidra
nyingkiri laku culika
dumadi jalma minulya

MUNG SEMONO
Ngono

Ya ora ngono
Yen pancen ngono
Ya kudune ngono
Nanging ora kena mengkono
yen luput bisa dikono-kono
merga ora tekan semono
jalaran apik mung kanggo kono
Ngono aja angger ngono
bisa nglambar mrono-mrono
entuke kono aja semono
merga iki dudu kasino
Ngono aja njur mengkono
akeh wong sing nyawang kono
sing liyane mung semono
bener yen dikono-kono
Mengkono
Yen semono
Merga ngono
Apa jare kono

105

WIS DADI KODRATE
Karep ben akeh rewange

ana kanca tandang gawe
ngumpul bareng rame-rame
omah gedhe kebak isine
Nanging beda kasunyatane
mbalik kadya asal mulane
anak dewasa lunga megawe
ura ngumbara ngudi uripe
Lamun wis teka jodhone
mbangun krama rumah tanggane
anak pengin omah dhewe
urip bareng anak bojone
Omah gedhe sepi srawunge
luwih sepi timbang mulane
kari wong loro padha tuwane
ngrumat omah semono gedhene
Krasa ayem sinaba putune
mareme rasa angel bandhingane
ora kesel nadyan bar megawe
tansah nuruti apa penjaluke
Iku kabeh pancen wis kodrate
lakune urip wis ana jatahe
ora kena tinolak lamun wis wancine
kudu sukur purna tanggung jawabe

106

PITUTUR AGAMA
Cetha sinebat ing sabda

pitakon kang bakal tinampa
tumrap jalma puput yuswa
mbesuke nang ngalam baka
Petang perkara ing ndonya
kang bakal kapundhut pirsa
yuswa, bandha, weda, angga
miguna apa daksiya
Wangsulan tan bisa cidra
dudu lathi kang carita
nanging angga kang rineksa
bakal mbabar kanthi lamba
Mumpung urip ana donya
samya tata lan waspada
aja ngajak mblarak raga
tataning sabda lumuntura
Angga ora ngumbar ala
lamun jiwa ngarsa wasesa
eling weling kang sinabda
dadya pepeling lumampahing ndonya

AJA MUNG
Gelem urun aja mung purun

seneng utun tan ana getun
ngudi tuntun dimen runtun
tansah wutun ngundhuh panyuwun
Dhemen kridha aja mung ngrina
bisa nggrahita wegah nyandra
cedhak darma ora cekak donya
tedhak awirya tan ana tuna
Tansah loman aja mung eman
dadya gegaman minangka ageman
ngupadaya papan kanggo pertapan
tumindak sopan dimen mapan

107

KUDU ATI-ATI
Aja kepencut iming-iming rejeki

saiki akeh warta sing ngapusi
guna culika kang tansah mblaheni
golek mangsa pawongan sing lali
Ketoke mbeneh nanging ngrugeni
macake mlipis kalungane dasi
cangkingane tas kaya direksi
isine dluwang sing ora mbejaji
Omonge akeh kaya wong sing ngerti
tutuke crita nglirik ngendi-endi
lagake sopan kanggo njupuk ati
mergane ana apa sing dikarepi
Ala utawa becik dudu saka klambi
luput utawa bener ora mung nang lathi
kena cinandra saka solahe pambudi
aja gampang katut marang janji-janji

MIGUNA
Mung dhemen maca githoke liya

githoke dhewe meh kebak tuma
malah kukur-kukur nyakuri kanca
ora krasa merga tuna rumangsa
Netrane peteng ketutupan bandha
amal sethithik wartane sak ndonya
tansah nampik tetulung wong liya
malah seneng nglirik apa kang digontho
Donya sak ambrek mung kanggo sapa
tanpa miguna yen ginanjar lara
merga kanggo ragat ngupadi tamba
lamun wus pegat malah dadi tuna
Mumpung sehat padha uningana
wong akeh ngamal ora bakal sudra
malah gawe sehat jiwa lan raga
tan kena walat kang nyrimpeti nyawa

108

PANGIRA-IRA
Iki ngono mung pangira-ira

nanging gathuk kadya nyata
embuh ketepakan utawa merga sanepa
babagan kahanan tata solahe jalma
Nalika rame adu kukila
kridha lan ocehing kukila kadya tinata
malah manungsa kelangan tata wacana
saur manuk kladuk ing subasita
Nalika usum kembang kang aran gelombang cinta
ombaking tresna akeh kang nuwuhke brahala
tatane bebrayan rinusak tumindak asusila
akeh wong pegatan merga ketaman asmara ngeliya
Saiki usum wong ndhemeni sela
sela anteng cinandra maneka warna
akeh wong meneng wegah neka-neka
sepi ing gunem tan ana aruh miguna

WUS WANCI
Wus wancinipun among rasa
sampun kawedhar tembung wigati kanthi subasita
wejang kang winejang dening jalma awirya
mubal ukara kang tansah ngemu wasesa
mobah mosiking nala ambuka mareming karsa
paring angger ing tata tumrap prawijanging praja
ananging sedaya muspra kadya daksiya
gebyar ngglambyar ngambrah dumadi carita
kadya amung ngudarasa tan sinambut dening panguwasa
cetha kawaca nanging kadya tan rinasa
sarwa anglelewa kang nuwuhake rengkaning bantala
aking sumurupe netra tinerpa maruta
pinayung japa menggwing rasa karsa tinata
ngupadya ayoman sekeng sembur panasing bagaskara
nggagas citra tansah nyadhong siniram toya
kanthi seba ndedonga sakjroning nala
mugya tansah legawa nadyan tanpa lumunturing sabda

109

PATI RASA
Kuwi mati sak jroning waluya

disenggol ora krasa
digunem ora rumangsa
disawang ora ana daya
merga rasa wis ngoncati raga
Ana kaya ngawe-awe
ana karya dijarke wae
merga karsa mung sak kepenake
jatine jalma wus ilang walere
Aji walet ilure kelet
nadyan lengket ndedaya pellet
bisane mepet murihe awet
dadi keset butuhe ngeret
Jare lugu uculing nepsu
melu alure ilining banyu
ayem atine bisa gemuyu
butuhe teles mung ora kewetu
Wayahe subuh isih ngorok
wis tekan magrib isih nggedopok
kadya kodhok nang jerone bathok
nilas sak lepek jare sak tedhok

CUNTHES
Iki jaman wis tanpa wates

angger-angger akeh sing pruges
tuladha becik padha cunthes
pranataning urip dadi ludhes
Tumindak luput jare leres
macak ngawur rumangsa pantes
omonge judhes jare teges
megawene males jare luwes
Ditakoni sapadha rumangsa diteges
ana miguna malah diprekes
pakaryan amba amung dikekes
becike apa golek piwales

110

Cinelup toya ora teles
jinupuk rasa ora mandhes
cinandra dakwa dadi lemes
isih semanta jare apes

Mula samya tansah omes
aja tansah agawe cules
dimen gagas bisa netes

sedya amangun praja kang mentes

TANPA SLAH
Jumawah

adoh saka luhuring fitrah
nora mempan lamun cinegah
tan kena cinatur kanthi lumrah
pegat niat jatining warah
Nggladrah
tekate larat luputing tingkah
tansah ngadhang gawe sesolah
rumangsa gagah tumindak salah
jalaran manah wis ora genah
Pikpuk
tunggu thuthuk kanton ngglathuk
ambal antuk nadyan mlenguk
kakehan methuk klewat kladuk
ora nyusuk nyisa mbuthuk
Tanpa uluk
ujar umuk jare mathuk
nyucuk mbubuk rumangsa gathuk
merga bathuk ora gaduk
nadyan sak gumuk jare sak bluluk
Ngeslong
plolang-plolong asring nylonong
domblang-domblong pikire kothong
omplang-omplong mikiri genthong
ngolang-ngalong tanpa diomong

111

OBAT-MABIT
Polahe manungsa tan kena cinandra

mobat-mabit lir ombak segara
mubeng munyer pindha jinantra
muter mider ngubengi jagad raya
amung mikiri uripe nang ndonya
nguyak karya ngupadaya mulya
tan ngaweruhi tataning praja
sapa sinapa mung kala-kala
medhoting srawung wedharing sabda
landheping rasa ilang muspra
lantiping jiwa tan ana wasesa
pungkase karya tanpa miguna
mergane tuna lambaran kang tata
Tuna sanak sudraning satak
tan ana kang sumanak tansaya ketlarak
cuwaning kebak laraning mrantak
ulat kang anggak sirnaning ndadak
ketiban balak tan bisa ngelak
jalaran kladuk tumindak tamak
amung nguber urip kepenak
dawane pikir dumadi cekak
nepsu lauamah tan kena pinenggak
ora ana wedi malah wani nyasak
angger-angger maton rusak tinerak
asile makarya gawe sengsarane awak

112

GEBYAR SAUNTARA
Lamun teka walating sabda

solah bawa dadi murang tata
kadya damar kentekan lenga
jalma tinilar luhuring jiwa
Prabawaning awirya kadya sirna
ilang purna tan kena tinuladha
kakehan semaya ora bisa nyembada
ngareksa kaya ora mikiri karya
Sejatine Hyang Nata wus paring purna
sukma sinabda lumebeting raga
sinumpah arsa tansah gelem seba
nanging cidra malah manembah angkara
Kadya jiwa wus tinilar rasa
rasa percaya ngoncat saka jiwa
ninggal sukma amung ngemong raga
kladuk wani ngreka daya sabda
Apa yaiki kewaliking ndonya
solah tingkah tuna ing wasesa
sabda kepalang lumintanging karsa
amung ngupadi gebyar sauntara

113

CINABUTING IMAN
Iki jaman wis dadi kasunyatan

sipat manungsa wis kladuk kedonyan
solah polah tansaya gak karuhan
merga nguyak bandha sampek lali paugeran
Manungsa kadya wus kelangan iman
mungkur ing sabda nyingkur tatanan
saumpama tembang tan ana palaran
tanpa nyurasa luputing kagunan
Akeh wong linuwih koncatan pikiran
dhemen culika dadi turanggane setan
tumindak cidra merga ngarep pesugihan
kelangan rumangsa gawe cuwaning liyan
Atur dhawuhe Pengeran yaiki kelaksan
penggalihe manungsa sudra tanpa cantholan
lirwa, cidra, culika sinandhanging pakaryan
wani tuna sungkan tan kena dadi panutan

SUNTRUT
Lungse pasuryane

katon medhut sorot mripate
suntrut murut tan ana padhange
kadya ilang guyu lan eseme
Cuwa kinandhut tan ana enteke
kadhung kebacut tumindak lakune
cinandra katut bingung atine
nyisa rekasa nyiksa rasane
Tansah sujanan ala pungkase
angon lena culika tumindake
lirwa ketara kewaca lupute
bisa lingsel ora anteng uripe
Kadya lentera entek lengane
ora madhangi mulek gandane
ambu pangambu nyesek dhadhane
lamun keladuk nyiksa sarirane

114

BUNDHEL
Wani kendel kladuk kemendel

rumangsa bandel duwe piandel
dumeh kandel ana pengandel
nadyan bundhel watone ngandel
Tanpa mungel aming ngedumel
pikire dhedhel bisane mendel
senenge nugel sapa sing prigel
wani nganggel tetalang tanggel
Tuna supel musnaning kempel
tanpa timbel pedhoting ungel
gertak sambel sulihing sumpel
amung ngrempel katon nggedibel
Temboke kandel lepane meprel
sakane gapuk akeh sing tugel
sinambunge blandar tanpa nagel
suwunane nekuk gak tumumpang gewel

TITAH PINATAH
Titah wus kajibah piñata

tan bisa owah tanpa kasolah
lamun pasrah ora bakal antuk jatah
kladuk jumawah bisa agawe tatanan bubrah
Titah kedah tansah gelem sesolah
sak madya kang wantah dimen bisa wetah
betah ngupadaya warah tan kena cinegah
kadya wilah landhep lantip kang bisa minelah
Titah kanggenan manah aja nganti minelah
mugya dadi tetalang agung munggwing pitrah
mugya sinandhang dening rasa kang rinasa lewah
lembaring rasa bisa ngelar jembar lumampah
Titah nduweni rasa bungah lan susah
gegayutaning rasa sakjroning manah
lamun kabejan mring bebungah aja kladuk lengah
lamun ginanjar susah aja nganti pegat mring sumarah

115

SERATING NALA
(Kagem Bapa kang sampun tinilar sukma)

Kadya nyupena ing tengahing rina
tuladha kawulaning praja wus pinegat sukma
bapa wicaksana kang tansah tanggap ing sasmita
jalma wijang purna kawruh anggering tata
kanthi gamblang kersa mejang kawula sesama
medhar sabda kanthi wacana tan ana kang daksiya
melar mulur ngemong batur kang sapa-sinapa
sinambut rasa njangkani karsa pangarsaning nala
sedya bekti urun rembag dados tetalanging arsa
tan pegating marga tansah sumadya nggayuh mulyaning praja
lubering wasesa mijil wantah runtuting ukara
mbabar jembar udharing tembung tanpa sanepa
ilining gagas tansah ngagem subasitaning basa
ananging cuwa tan ana tutur kang tinengga

NGGUGAH RASA
Rinaciking basa nggugah sarene rasa
rasa rumangsa ingkang tansah paring tresna
kersa budya anggayuh mulyaning praja
sumadya angon rasa mring andhahan kang setya
kanthi legawa anampi wigatosing ukara
kersa prenah kanthi lumunturing sabda
mboten anamung kawaca kanthi sekedheping netra
ananging kedah saget angramesi sekathahing wasesa
kanthi legawa paring atur arsa panjangka
mugya sesambeting nala tansah luber amangun citra
lumantar warta sinedya ndamel wiaring dhadha

116

TAN KENA TINULADHA
Sanepaning manuk alap-alap
tanpa mikir rekasane kang linalap
kadya titah kang lagi kalap
karsane nggayuh turangga nggilap
sinawang netra gawe ulap

Paribasane manuk badhol
apa kang dimangsa diodhol-odhol
nganti telihe wus mendhol-mendhol
wegah leren yen durung mbendhol
tanpa ngelingi lamun kahanan brodhol

Kinaran uga manuk wulung
nyucuki mangsa amung nyisa belung
tanpa rinasa sesambat melung-melung
kahanan sepa wus manggon nang pelung
kladuk kapilara bisa tanpa pitulung

DUH, GUSTI
Sepining ratri saweg medhar kawruh wigati
nggugah ati sumadya seba mring ngarsaning Gusti
laku semedi sedya ngupadi purnaning jati
sumadyaning gati anggayuh werdi karsaning ati

Kadya agni munggwing diri sedya hanguripi
tansah nguningani kanthi mawas leresing margi
ngugemi janji tanpa cidra pangucaping lathi
tinebih guna murih antuk gesang kang mukti

Lingsire wengi mijil lintang kang edipeni
panjer esuk pindha tetenger lumaksa ing wanci
purnaning bakti sinulih wedal surya kinanti
wekasaning asri medhar gagas luhuring budhi

117

SEPINING WERTI
Langite sepi tansah mikir dawane ratri
sorot lintang katon suntrut ilanging asri
tanpa solah tinilar daya tan murakabi
sedya mijil netepi jejibahan kang pinasthi

Tuna wani mobah mosik laku sejati
kadya lungse lingsem sunare candra dewi
mrambat kalem ngemot abot sanepaning werti
medhar raos paring kawruh pepalanging margi

Keblat papat minangka waton watesing bumi
kelima pancer cinandra solah bawaning pambudi
kridhaning raga tanpa owal sineksenan ardi
tindhihing bantala tanpa nendra rina lan ratri

Mula jalma kudu waspada aja kumawani
uninga sapadha subasitaning urip sejati
kladuk arsa tinilar rasa bisa mbebayani
bisa cilaka lamun kaleksa tanpa mawas diri

BUBRAH
Lamun kaprah cinandra lumrah
pegating larah tanpa warah
polah solah tanana salah
lembah manah jare gak betah

Tanpa lampah dhemen bantah
kinaran jare ngupadi warah
ora mujud malah mentah
nganti kebacut gawe pitenah

Iki aran kewaliking ndonya
lumaku becik ketiban mala
lirwa serik padha pinuja
bisane nglirik tanpa kuwawa

Aja dumeh lan tansah uninga
aji mumpung padha sumingkira
mumpung durung gelema waspada
lamun kebanjur sedya sembada

118

LUHUR
Jalma luhur
tansah bisa ngemong batur
dudu amung dhemen nutur
sedya aweh tanpa tutur
medhar rasa gelem lumuntur

Andana warih
tansah marneni saakehing batih
tanpa ngrubeda sapa pinilih
sirnaning tuna sugih sinulih
mijiling rasa karsa linuwih

Jalma awirya
wani rekasa ambeging karsa
ngupadi mulya pegating lirwa
cuwaning rasa sirna rinasa
sedya ngareksa ngrembakaning nala

Jalma wijang
sagah gagah dadi tetalang
sarwa gamblang peparing wejang
medhar sabda maeka pepadhang
wegah ngrubeda dadi pepalang

119

IKRARING BANGSA
Sayuk saeka praya guyub rukune bangsa
para mudha sedya ikrar angucap sabda
ora amung janji nanging sumadya nyatriya
maju ing palaga nggayuh kamardikaning bangsa
tlatah Nuswantara kang cinacah dening Landa
nyawiji rasa jiwa karsa dumadi utuhing praja

Cetha wela kala kamardikan wus kaasta
akeh punggawa praja kladuk rasa ilang rumangsa
pengin angakah bandha andarbeni ambane praja
wasesa kang sinabda dening leluhuring praja
musna tinilar amung cinandra dadi carita

Sipat ambeg paramarta tinilar tanpa rasa
wasesa ikrar manunggaling bangsa cinidra dening angkara
luhunging basa kang kinukuh kanthi sedya
cinacah rancah malah dadi pirantining sawala

Kahanan lara kedah cinegah kanthi waspada
para mudha samya kersa anggula wentah jiwa
sedya ngematke jatining ukara tataning wasesa
dhemen kridha murih antuk gumilaring praja.

120

NILAR PAUGERAN
Angening jalma kang sinipat sudra
kladuk karsa tinilar awiryaning rasa
kumawani ninggal paugeran Hyang nata
polahe kridha kadunung tunaning tata

Nyingkur subasita medhot wasesaning sabda
mingkurake jati mobah mosiking nala
murubing netra kadya sinipet culikaning arsa
tanpa uninga cinandra sorote Hyang Surya

Ratri ilang dumadi, rina lena sinedya
lirwa cidra dadi agemaning angkara
tansah repet dhipet ambeking sukma
cetha ala lumaksa kanthi bangga

Ala kaleksa tinandur thukul dadi mala
mbengkah dhadha metek jiwa tan minulya
luhuring sabda amung kadya panglipur lara
munggwing arsa merga klewat gedhe rumangsa

Pegating rasa mbedhal nyata nepsune yaksa
ngakah bantala jembar wiyar ngrungkepi arga
ngambah jumantara tanana lintanging samodra
mbabal tata limput kridha pungkase daksiya

121

KECEMPLUNG
Linggih lenggah lungguhing bantala
ajur katerak ombak samodra
lengser lungsur lingsire surya
peteng ndhedhet kalingan arga

Limbang lumbung limbunging jalma
cumplung cumpleng cinemplung kaleksa
kasat kusut kinesuting jiwa
sembung suwung sirnaning awirya

Larah lirih luruhing maruta
ngluwar mbabar angusik mega
lewang lewung ngluwengi angkasa
mrantas tuntas mruntusing angkara

Tawas tiwas tinuwasing raga
lancip landhep tumusing rasa
lepat limput kaciri cinandra
suluk selak tanpa miguna

TARAK
Urip iki ana tarak, ben ora ketlarak

gelem nyandhak ing gawe, nanging aja cluthak dudu barange
bisa netes pituture nanging aja nganti mlenthes tumindake
bisa nilas lakune, nanging aja nelas sing dudu darbene
tansah atus pakaryane, nanging aja nlutus ngemek liyane
oleh nitis patheng kerjane, nanging aja nlithis ngrusuhi
kancane
gelem ukil nyambut gawe, nanging aja bakil nang donyane
bisa awoh pekertine, nanging aja nganti owah lelakune

122

LELAKUNING JALMA
Samya ajeg mesu budi lan raga
lumantar cegah dhahar kelawan nendra
wus sumadya kapatah dumadi kawula
saderma nampi mobah-mosik kersaning Hyang sukma

Andhap asor sedya ambeg utama
nora cidra kang gawe larane sapadha
sedya ngupadya urip lahir batin kang sampurna
murih antuk kusumpurnaning gesang mring alam baka

Culika lirwa mugya kersa nyumingkiri
gegandhengan becik tansah sedya hangugemi
jalma bakal ngunduh wohing pakarti
amung bisa nrimo ing panduming Gusti

Aja pegat laku kang miguna
nora adigang, adigung, lan adiguna
sedya nggayuh urip kang utama
munggwing bekti gesang kang sempurna

Mohon, mangesthi, mangastuti mring Pengeran
mugya tansah memayu mulyaning kahanan
Hyang akarya jagad cedhak tanpa senggolan
lamuna adoh uga tanpa wangenan

123

PUNGKASE KARYA

Geguritan bisa kalebu karya susastra kang kababar lewat
basa kanggo ngungkapake gagas lan rasa. Geguritan bisa kacandra
ngemu wasesa kang nggambarake gagas lan sikape pangripta kang
uripe manggon ing tlatah budaya Jawa. Mula saka iku, geguritan
bisa diarani produk budaya. Minangka pungkase karya ing seratan
iki, perlu katerangake bab sistem budaya kang ana masyarakat.

Sistim nilai budaya awujud nilai aji kanggone manungsa
sing urip bareng nang masyarakat. Nilai-nilai iku dijunjung
dhuwur, dikormati, dipatuhi, lan ditrapake ing tingkah laku
bermasyarakat. Sistem nilai iki arupa aturan kang ngarahke
tingkah lakune kabeh wong ing masyarakat sak jroning nglakoni
makarya kang ana kaitane dening pakarya sosial budaya.
Koentjaraningrat (2003) nyebutake yen sistim nilai budaya
manfaate kanggo pedoman luhur kanggo tumindake manungsa.
Nilai-nilai iku wus nyawiji ana batine masyarakat sahingga angel
sinulih utawa ora gampang rinubah amerga gandheng-renteng
dening masalah utama ing panguripane manungsa (Sukidin,
Basrowi, dan Wiyaka, 2003:10—11).

Saliyane nilai-nilai budaya, ing kalangan masyarakat, uga
ana kang diarani norma-norma budaya. Nilai dan norma iki
hakikate arupa tatanan kemasyarakatan kang ngendalekne lan
ngatur pakaryan sosial budaya masyarakat. Nilai lan norma
budaya iki dadi paugerane uripe manungsa kang dijunjung
dhuwur lan dipatuhi kabeh wong kang urip bareng nang
masyarakat iku. Nilai-nilai budaya iku sifate abstrak kang isine
gagasane manungsa kang dianggep apik, bener, lan dikarepake
bareng dening kabeh anggota masyarakat. Amerga nilai budaya
sifate abstrak lan umum, bisa uga mijilake perilaku sosial kang
beda-beda ing antarane anggota masyarakat siji lan sijine.
Anangin ora bakal ana masalah lamun perilaku kang beda iku isih
gayut dening nilai-nilai kang dadi panutan. Sauntara, norma
budaya arupa paugeran perilaku budaya kang luwih khusus. Ing

124

babagan iki, norma budaya ngatur lan ngarahake cara tumindak,
cara nggagas, lan cara tutur-tinuture manungsa kang gayut dening
situasi sesrawungane (Conklin, 1984).

Nilai budaya lan norma budaya masyarakat bisa kacandra
ing cara nggagas lan sikap budaya anggota masyarakat sakjroning
nglakoni praktik budaya. Cara nggagas lan sikap budaya anggota
masyarakat bisa kacandra saka 5 masalah pokok kanggone
panguripane manungsa. Limang masalah pokok iku, yaiku (a)
hakekat uripe manungsa, (b) hakekat karya kanggone manungsa,
(c) hakekat wektu kanggone manungsa, (d) hakekat alam
kanggone manungsa, dan (e) hakekat sesrawungan.
Gegandhengan 5 masalah pokok iku, Thompson, dkk. (1990)
nyebutake ana 5 cara nggagas lan sikap masyarakat marang
wernane hubungan sosial budaya, yaiku hirarkhi, egalitarian,
fatalistik, individualistik, dan otonomi.

Gegayutan dening masalah pokok ing nduwur, Sukidin,
Basrowi, lan Wiyaka (2003) nerangake sikap uripe manungsa
marang hakekat urip lan hakekat karya. Miturut katerangane, ana
3 pandangan dasar kang ngungkapake maknane urip kanggone
manungsa, yaiku (a) urip kanggo makarya, (b) urip kanggo ngamal
lan ngabeti, lan (c) urip kanggo seneng-seneng. Sauntara,
maknane karya kanggone manungsa, yaiku (a) kanggo golek
nafkah, (b) kanggo mertahanke urip, (c) kanggo kormatan, (d)
kanggo kepuasan lan kesenengan, lan (e) kanggo ngamal ibadah.
Sikap marang hakekat urip lan hakekate karya iki bisa kawaca
lewat isine karya kang mijil lewat basa.

125

PUSTAKA RUJUKAN

Aminuddin. 2004. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung:
Sinar Baru Algesundo.

Conklin, John E. 1984. Sociology: An Introduction. New York:
Macmillan Publishing Co., Inc.

Danar. 2008. Geguritan, Archive for the “Kawruh Geguritan”
category (Online), (http://danar.kakilangit.com), diakses
1 Januari 2012.

Departemen Pendidikan Nasional. 2009. Penilaian. Jakarta:
Departemen Pendidikan Nasional

Koentjaraningrat. 2003. Pengantar Antropologi. Jakarta: Rineka
Cipta.

Nursinggih, Bambang. 2005. Aja Kok Ijoli Warisanku. Yogyakarta:
CV. Arindo Nusa Media.

Pradopo, Rachmat Djoko. 1987. Pengkajian Puisi. Yogyakarta:
Gadjah Mada University Press.

Purwadi. 2007. Sejarah Sastra Jawa. Yogyakarta. Panji Pustaka.
Sedyawati, Edi dkk. 2002. Sastra Jawa: Suatu Tinjauan Umum.

Jakarta: Balai Pustaka.
Situmorang. 1983. Puisi dan Metodologi Pengajarannya. Flores

NTT: Nusa Indah.

Sukidin, Basrowi, dan Agus Wiyaka. 2003. Pengantar Ilmu Budaya.
Surabaya: Insan Cendekia.

Thompson, M., Ellis, R., dan Wildavsky, A. 1990. Cultural Theory.
Oxford: Westview Press.

Widati, Sri dkk. 2001. Ikhtisar Perkembangan Sastra Jawa Modern
Periode Kemerdekaan. Yogyakarta: Kalika Press.

126

View publication stats


Click to View FlipBook Version