Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 1 Tintingan BukuSETU PAING, 8 OKTOBER 202192DIWEDENI GENDRUWO WAYAH AWANWARTA MERTAKetua Dewan Pers Pusat Azyumardi Azra Murud Kasidan Jati PAWIYATANOMAH PERDENNggulawentah Bocah Dadi Njawani
2 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 EheKasambung kaca 51Wis setengah taun, Marsono, Anwar, leladi makarya bareng karo bakul asongan sing magrok. Kawitane, suwene rong wulan, lelorone isih nggantungake pawitan saka sing disetori, kanthi prajanjen nyilih dhuwit. Nanging olehe ya ora akeh banget mung waton kena kanggo tuku bahan. Agunan utawa jaminane ora ruwet. Mung kanthi ninggali kartu pelajar SMSR Yogja wis dipercaya. Nanging barang sing digarap kudu pawongan kuwi sing ngedol. Ngono dumadi awit kanoman loro mau bisa dipercaya. Gawehane cah loro ora kepetung rekasa banget awit dheweke prasasat mung kari aba anggone tandang gawe. Karyawan sing direngkuh kabeh pawongan SMSR Yogja, dadi yen perkara ngemunah motip lan werna saruwene juragan ora akeh. Malahmalah lelorone sok rumangsa dikalahake karyawane ngenani kreatifitase ngenani motip sing digawe.“Sajake, neng lapangan wis tuwuh pesaing dagangane awake dhewe, Mar,” aloke Anwar, nalika sasi-sasi candhake lumaku mlaku ngubengi kiwa-tengene kraton. Upama ana sing kandha menawa wae dhekne kuwi nembe mertinjo kahanan lapangan sing magepokan karo ihtiyare.“Sajake, ya ngono,” sauté Marsono, meruhi neng papan kono, wis tuwuh maneka motip bathik, sing ditrapake ana caping. “Ngene iki, rak kepetung kecolongan awake dhewe?” Anwar nggresula.“Ora sah rumangsa kecolongan wong awake dhewe ora kelangan!” saruwene sing dijak nggunem.“Kelangan wae!” eyele.“Kelangan apa?” tambuhe Marsono.“Kelangan pembeli ta!” tanggape.“War, pembeli kuwi bebas nemtokake, arep milih sing endi. Wong kuwi dhuwit-dhuwite dhewe, kok! Ora mungkin ta, kabeh uwong kadudut karo garapane wong siji?” pratelane.“Wadhuh, yen bisnis ngene caramu, sida bangkrut tenan!” aloke. “Ben awake dhewe ora krasa kecolongan, ya awake dhewe kudu sing kreatif, War!” krenahe sing diuneni. Sing dikrenah ora semaur.Lakune sajak kesel, nuli salah siji ngajak golek panggonan kanggo ngaso. Disaruwe ngono, Marsono malah ngajak leren wae neng papane sing wis meh setaun ditepungi. Yakuwi pawongan sing wis nate aweh kapitayan nyilihi pawitan, najan mung wektu rong sasi.“Dakkira wis bali nyang Ponorogo, utawa wis lali karo aku!” cluluke sing diparani meruhi kenalane lawas neka.“Nembe radi repot kula ngurusi garapan sekolahan,” sauté Marsono.“Garapan sekolahan rakya digarap esuk neng sekolahan, utawa bengi neng ngomah, ta! Mosok, Minggu utawa preinan barang ora ana wektu? Laris ta dagangane?” panyapa lan takone.“Pengestunipun, lancar. Niki kula rak nyawisaken tugas kangge pameran, kenaikan tingkat,” semantane.“Walah, gek teng pundi pamerane?” tambuhe sing diujari.“Dhateng Bantul, wulan ngajeng,” jlentrehe.“Mugi-mugi lancar sekolahe, gek enggal angsal ijasah!” pandongane.“Pengestunipun!” tanggape.“Pripun, anggenipun dhasaran, raknggih laris?” Anwar ngisi suwasana sing rada suwung sedhela, merga bakule sik leladi wong tuku.“Nggih, kudu sukur, boten angsal nggresula, mundhak rejekine disuda Sing Ngecet Lombok,” kemrecege.Dina Minggu esuk watara jam sepuluh, dheweke sengaja metu omah, ngenggar pikir kang ginubet saya akehe saingan. Esuk kuwi sengaja metu ijen, tanpa dikancani Anwar. Ngarepake budhal metu mau, jan-jane ya pengin ngejak dhekne, nanging nalika nyawang Anwar nggethu ngecet caping, Marsono milih, metu ijen.Lakune sikil, arep mecaki lurung Malioboro maneh. Nekane mrono pancen wegah digandhuli jibahan apa wae, kang gegayutan karo garapan sekolah, apadene garapan golek dhuwit. Nggone ngenggar ati, nongkrong ana sawenehe angkringan, saklore ril sepur, Setasiun Tugu. Nengahi ngematake kopi karo mangan tahu bacem, warunge ketekan sawenehe prawan, njujug cedhak lungguhane sing dodol.Bocahe kepetung ayu, menganggo kaos semu ngepres. Pakulitane apik, rambut dipotong kaya polwan. Awake kepetung langsing uga sedhengan dhuwure.“Yoga njenengan, Bulik?” Marsono takon marang bakul angkringan, sing diandhoki.“Niki ponakan, Mas, yoganipun adhik,” katrangane.“Asli panjenengan rak nggih mriki 1308
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 3 CRITA SAMBUNG ................................ 2IjasahSRUMUWUS ....................................... 4BledhegWAWASAN JRONING NEGARA............ 5Wisatawan Nusantara Bisa BantuMelu Ngubengake Rodha EkonomiTOSAN AJI .......................................... 6Babagan Pamor DhuwungSASTRA & BUDAYA ............................. 7Ngramakake Badan PribadiWIRANOM........................................... 8Febriano Agung NugrohoSiswa SMPN I Pleret Kanthi SegudhangPrestasiPAGELARAN ....................................... 9Pancasila Percikaning Nur Gusti AkaryaJagad Kang Dadi Mercusuaring DonyaPRIBADI BINUKA................................. 10Ki Jumbuh SiswantoSinau Ndhalang Marang EyangePAWIYATAN......................................... 12Omah Perden, Nggulawentah BocahDuwe Kapribaden Kang NjawaniWARTA MERTA .................................. 14Azyumardi AzraIntelektual Muslim sing Ketua Dewan PersWANITA & KELUWARGA ..................... 16Cara Supaya Bocah Ngerti Unggah-UngguhHERBAL............................................... 17GarutJAGADING LELEMBUT ........................ 18Diwedeni Gendruwo Wayah AwanKEMBANG SETAMAN........................... 19LIPUTAN ............................................. 20Digelar ing Pondok Seni Lakon Bharatayudha ‘Kembang Kurusetra’PADHALANGAN................................... 22Kilat BuwanaCRITA RAKYAT..................................... 24MajapaitCERKAK............................................... 26JebulWACAN BOCAH................................... 28Asal-Usul Kutha BanyuwangiAKSARA JAWA ................................... 29MACAPAT ............................................ 30Gunane HPTEMBANG DOLANAN .......................... 30Geplak Binteng JaheGEGURITAN......................................... 31SEMARANGAN .................................... 32Lawang Sewu SemarangOH LELAKON ...................................... 33Senajan Ireng Ning GematiPENGALAMANKU ............................... 34- Langit Kuwi Ketok Nanging Adoh- Nangisi Lintang SamudraNAPAK TILAS ...................................... 35Sunan Amangkurat IVLIPUTAN.............................................. 36Saparan Merti Desa MungkidPANGUPABOGA................................... 38Bakmi Jawa “Legendaris”Harjo GenoKRATON .............................................. 40 Macapat Sajrone KratonNgayogyakarta HadiningratLIPUTAN.............................................. 42FKY 2022 Diestreni Sri Sultan HB XWARTA RINGKES ................................ 44LIPUTAN.............................................. 46Cepuri Ndalem BenawanDadi Regeng lan Jujugan WisatawanPANGGUNG......................................... 49Rini VantarnoUmur Dudu KendhalaSATLERAMAN ..................................... 50Heru Legowo (Ki Pandan Alas)Jaga Basa Sarta Budaya JawaMajalah Basa JawaNgesthi Budi RahayuNgungak Mekaring Jagad AnyarKababar Seminggu SepisanTerbit saben dina SabtuPENERBIT PT DJAKA LODANG PERSAnggota SPS No. 66/1971/14/B/2002SIUPP: SK MENPEN NO. 109/SK/MENPEN/SIUPP/C1/1986 TGL 22 MARET 1986RacikanPelanggan saha sutresna Djaka Lodang, menawi kintunan DL boten dumugi alamat, kersaa paring katrangan lumantar sms utawi wa nomer: 0878 38 224 646PENDhiri: H. Kusfandi [almarhum] & Drs. H. Abdullah Purwodarsono PEMIMPIN UMUM/PEMIMPIN REDAKSI: KuswinarniPEMIMPIN PERUSAHAAN: Tony Urat SitohangREDAKSI PELAKSANA: Drs. Suhindriyo REDAKSI: Drs. Suhindriyo Tatiek Poerwa Kalingga SEKRETARIS REDAKSI: Maria Nur CahyatiARTISTIK: Tri Listiyono, Wahyu Kadarsih, Lestari Setyani. KEUANGAN:Wiji SukartiPROMOSI & IKLANBariSIRKULASI:Sukarni HeruALAMAT REDAKSI/ADMINISTRASI: Jl Patehan Tengah, 29 Yogyakarta 55133 TELP./FAX. 372950Email: djaka_lodang @ yahoo.co.id SMS: 0878 38 224 646No. Rekening Bank :Bank Mandhiri KH A. Dahlan137-00-1034862-7a.n. PT Djaka Lodang PersBRI Cabang Katamso 0245 0100 2268 307a.n. PT Djaka Lodang • [BUKTI KIRIMAN SUPAYA KAKIRIM, LUMANTAR WA UTAWA EMAIL] • Rega Eceran Rp 13.000,00 [DIY], Rp 13.500,00 [jaban DIY] Rega langganan sesasi Rp 50.000,00 [4 x terbit] • Rega langganan sesasi Rp 62.500 [5 x terbit] • Langganan lumantar pos ing Pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp 10.000,00 lan sajabaning pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp 12.000,00 • iklan Rp 1.500,00/baris• Rega Iklan Display, Paket Sponsor Rubrik bisa sesambungan langsung marang bagian iklan • Foto dikirim file dhewe format TIF/JPEG 200 dpi. “Djaka Lodang” nampa sumbangan tulisan lan gambar saka para maos. Redaksi duwe hak ngowahi tulisan kang bakal dicetak tanpa ngowahi isi. Tulisan, foto, gambar lan sapanunggalane kang kapacak dicaosi sembulih. Kang pidalem ing Yogyakarta bisa mundhut langsung sembulihe seminggu sawise karyane kapacak. Tulisan kang ora kapacak dikondurake yen dikantheni perangko sacukupe. Tulisan bisa kakirim liwat email: [email protected]. Akehe tulisan watara 4.500 karakter (klebu spasi) format RTF (dudu doc). Ki Jumbuh Siswanto Ki Jumbuh Siswanto lair ing Desa Banyusidi Kecamatan Pakis, Kabupaten Magelang tanggal 19 Oktober 1974. Dheweke kawentar minangka dhalang wayang purwa kang sinau seni pedhalangan marang eyange Mbah Guna swargi. Putrane pasangan Sukar (almarhum), seniman kethoprak lan Jumirah (almarhumah) seniwati sindhen. (Foto Amat Sukandar)
4 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 EheKartun EditorialSrumuwusBLEDHEGDening Ki Pandan AlasBledhèg ing dhuwur akasa gawé swara kang sero banget. Saking banteré, kadhang kala marahi uwong padha wedi lan miris. Bledhèg iku dumadi nalika ion-ion negatif ing sajeroné mega, kang ketemu banjur nggabung karo ion-ion positif sing dumunung ing pucuk wit-witan lan pucuk bangunan sing dhuwur; ing lumahing bumi. Menawa ion-ion kuwi padha ketemu, banjur dadi bledhèg! Lamun gedhé bledhèg iki bisa nyebabaké karusakan, kobongan, malah bisa dadi jalarané pati.Kanggo nguwali saka samberan bledhèg, utawa kanggo buwang lan njaga karusakan, manungsa banjur nggawé piranti kanggo nolak bledhèg. Piranti kanggo nolak bledhég, yaiku nganggo cara masang antena kang dipasang ing dhuwur omah, gedhong, pucuking bangunan, utawa wit-witan kang dhuwur. Menawa ana samberan bledhèg, arus listrik dicekel déning anténa. Banjur diterusaké mili ngliwati kabel khusus, mlebu menyang njeroné lemah (grounding), Kanthi cara iki, bledhèg bisa diterusake mlebu menyang jeron lemah, lan ora nyebabaké karusakan marang samubarang kang kena samberan bledhèg.Ana manéh piranti kanggo nolak samberan bledhèg sing nganggo téknologi anyar; sing diarani Plasma Lightning Rejection (PLR). Cara kerjané PLR iki yaiku: nalika ana bledhèg, anténa PLR ngetokaké ion positif lan \"nyekel\" ion negatif sing ana ing sajeroné bledhèg. Amarga saka iku, aliran ion bledhèg ora terus menyang lumahing bumi, nanging dicekel déning ion saka PLR. Amarga ora bisa terus, ion-ion kuwi, banjur bali manéh menyang mega asalé! Lan bledhèg ora sida dadi.Iku mau cara kerja piranti kanggo nolak bledhèg. Liré, piranti kanggo nolak samberan bledhèg kasebut iku, bisa nolak, nyegah, utawa ngilangi dampak kerusakan sing dijalari déning samberan bledhèg. Amarga saka kuwi samberan bledhèg, ora gawé karusakan ing salumahing bumi. Nalika dipikir manéh, piranti kanggo nolak samberan bledhèg bisa dadi pralambang. Sejatiné akéh aulia, kyai, pendhita, pedanda lan ahli ibadah, sing makarya lan nindakake fungsiné kaya déné antena penolak bledhèg iki. Para ahli ibadah kanthi usaha arupa donga, dzikir, wirid lan ngilangi polahé bledhèg (musibah). Amarga saka kuwi, bledhèg utawa bilai mau, banjur ilang. Musibah kuwi diterusaké mlebu jeron lemah, utawa bali manéh menyang asalé, yaiku Gusti Allah. Dadi, amarga donga para aulia, musibah utawa bilai kuwi bali manéh menyang Sing Gawé. Karusakan ing bumi ora kedadén utawa ditundha.Ing kasunyatan, ora ana kang peduli marang para aulia, kyai, pandhita. Dianggep kaya cagak anténa sing ora katon gawéné. Ora katon apa sing ditindakaké. Para sesepuh kuwi mung katon meneng waé, makarya tanpa swara lan ora katon déning kasat mripat. Sayektiné apa sing ditindakaké iku ora biasa. Ndonga ngilangi bilai lan karusakan, kang bisa kedadéyan ing masarakat, bangsa lan uga ing negara.Katentreman ing masarakat, lan bangsa uga negara, kadhangkala ora mung mligi minangka asil karyané pamaréntah lan kabéh aparat sing ngupadi katentreman kuwi. Gusti Allah banget tresna marang para aulia lan para mursid kang sumebar ana ing masarakat. Bokmenawa mesthiné ana musibah, nanging amarga saka donga lan panyuwuné para aulia, Gusti Allah banjur paring kalodhangan, lan musibah utawa bilai kuwi banjur dipundhut manéh. Dayaning donga, dzikir, wirid saka para mursid, kuwawa nyenyuwun marang Gusti Allah. Amarga saka panyuwuné para mursid iku, kabéh padha slamet.Ngadhepi taun 2024, bakal akéh ontran-ontran, kisruh, rebutan swara, golék léna saingané, sikutsikutan, lan liya-liyané. Kabéh golék cara, piyé carané dadi Présidhén. Muga-muga kanthi kekuwatan donga, dzikir lan wirid mau, ontran-ontran kuwi ora dadèkaké karusakan.Pungkasaning atur, mugi-mugi Allah SWT tansah paring cahya pepadhang lan paring berkah kagem para aulia Panjenenganipun. Mugimugi para aulia tansah istiqamah lan ajeg nindakaken kuwajibanipun, minangka \"penolak bledhèg, lan ugi donganipun sumebar, nuwuhaken karahayon dhumateng umat, bangsa lan negara Indonesia. Aamiin. (KPA: 26 Sep 2022)
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 5 Wawasan Jroning NegaraDening Suhindriyo Akeh sing paring sebutan wisatawan Nusantara kanthi tembung wisatawan dhomestik utawa wisatawan sajrone negara. Sadurunge mubale pandhemi Covid-19 cacahe wisatawan Nusantara saben taun bisa nyandhak watara 722 yuta. Nalare saben wong saben taun bisa kaping puluhan nekani papan wisata sing papane beda-beda. Mula saya akeh anggone nekani papan wisata ateges cacahe wisatawan Nusantara sangsaya akeh. Akeh sethithik anggone nekani wisatawan Nusantara marang papan wisata uga gumantung saka sakehe babagan kayata keamanan, maju lan mundure kahanan ekonomi, apadene akeh sethithik papan wisata sing sumadhiya ditekani utawa dadi sasaran tekane wisatawan. Minangka tuladha nalika kahanan negara lagi kataman pageblug kaya sing kedaden ing taun 2019-2022 papan wisata ugi dadi sepi lan ora akeh sing marani. WISATAWAN NUSANTARABisa Bantu Melu Ngubengake Rodha Ekonomi Miturut Badan Pusat Statistik (BPS) sajrone taun 2019 cacahe perusahaan wisata kanthi bayar wis meh nyandhak 3.000 iji. Saka cacah watara 3.000 usaha wisata iku ana 958 perusahaan sing klebu ngemunah papan wisata gaweyan, ana 610 sing nyakup wisata banyu, ana 256 wisata budaya. Dene cacahe perusahaan sing ngemunah ing babagan taman hiburan lan rekreasi nyandhak 418 iji Papan wisata ana sing dikemunah negara utawa pemerintah (pemerintah daerah lan pemerintah desa) nanging ana uga sing dikemunah pihak swasta. Kepara papan wisata sing dikemunah dening swasta cacahe luwih akeh (2.201) katimbang sing dikemunah pemereintah daerah sing cacahe ana 574 iji, utawa dikemunah bebadan otorita sing cacahe ana 119 lan dikemunah pemerintah pusat sing cacahe ana 51 iji.Emane mubale pandhemi Covid19 dayani donyane wisata Nusantara nglumpruk tanpa daya. Akeh papan wisata tutup kanggo ngendhani penularan, ananging bebarengan iku ana sing banjur kanthi menengmenengan dandani utawa becikake lan metha papan wisata anyar sing kuwawa dadi pilihan (destinasi) nalika wisatawan Nusantara saya tikel tekuk cacahe sawise pandhemi wiwit mendha kaya weku iki. Emane krana dayane gangguan ekonomi mancanagara kaprabawan serbuan Rusia menyang Ukraina tundhone ekonomi sajrone negara uga kena gangguan. Bahan pangan mentah saya larang regane dene barang liyane uga manut mumbul nututi undhake rega bahan bakar lenga lan gas. Mesthine ngundhakake cacahe wisatawan Nusantara ora uwal saka kahanan ekonomi sajrone negara. Amarga saya kurang becike kekuwatan tetuku (daya beli) krana undhake reregan karo kasil utawa bayar sing ditampa dayani karep plesiran uga kurang grengseng. Sarana prasarana (kemudahan, infrastruktur) uga duweni prabawa mungguhe grengseng wisata. Dalan kang becik, papan wisata sing jenakake, aman saka bebaya alam lan aman saka gangguan uwong utawa kewan uga menehi prabawa marang akeh sethithike wisatawan.Majune pangemunah lan upaya manpangatake sumber alam kanggo bangun destinasi wisata dadi jalaran papan wisata pilihan sing disenengi saya akeh. Menawa papan wisata wektu iki isih munjerake Jakarta, Bali, Yogyakarta, ing tembene uga bakal akeh papan wisata klangenan (favorit) sing bakal mecungul. Indonesia iring wetan sing kebak alam asri lan Kepualauan Riau – Natuna sarta Sumatera Barat sing nyimpen potensi wisata Nusantara sing komplit mengkone bakal muwuhi grengsenge karep wisata. Saya becike iklim pariwisata mesthi wae bakal ngantru ekonomi dhomestik lan saya muwuhi sejahterane warga.* Sumber wacan / warta / gambar:https://www.google.com/search?client=firefox-b-d&q=jumlah+wisatawan+domestik+tiap+tahunhttps://databoks.katadata.co.id/datapublish/2021/08/29/indonesia-milikihampir-3-ribu-perusahaan-wisata-komersialhttps://www.google.com/search?client=firefox-bd&q=wisata+andalan+indoenesia
6 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe Tosan AjiAgus Wuryanto S.Sn, A FPSI*, Hon E HPPWPenasehat Pusaka Nusantara, Penasehat Wonosobo Heritage, Ketua Paguyuban Tosan Aji Pakuwojo, WonosoboBabagan Pamor DhuwungPamor dhuwung wujudipun warni-warni kados ron-ronan, sekar-sekaran, taneman ugi sato kewan. Wonten malih pamor ingkang awujud gambar rajah, ingkang maksudipun kangge mujudaken dedonga katur Allah, lumantar pamor ingkang kadamel ing wilah dhuwung. Umumipun donga njih sifatipun ihktiar, panuwunan punika saged mawi cara piyambakpiyambak, dene kabul mbotenipun sedaya mutlak kersaning Allah ingkang Maha Agung. Kita jalma manungsa namung saget nenuwun. Sedaya donga ugi pusaka, mboten bakal tumama, menawi ingkang dedonga mboten khusuk, mboten resik manahipun, mboten nyawiji, sedaya kedah saking kersaning Allah. Ingkang baken, sedaya punika namung kangge seserepan pangertosan, utaminipun kangge tambahan wawasan babagan kabudayan jawi, ing zaman para luhur rumiyin. Ing ngandhap punika gambaraning pamor ingkang kapundhut saking kitab “PAMORDOEWOENG” Pakem Doewoeng Angka II, babon asli saking Cirebon, katerbitaken 2e DRUK ing Solo 1935:25. PAMOR RATAMAIng ngandhap punika kasebat Pamor Ratama, ingkang rumiyin ginanipun kangge ingkang kagungan inggih punika, yen wonten mengsah utawi satru bakal kadenangan, menawi wonten gegarapan ical bakal pinanggih, menawi saweg buru gampil pikantuk sato kewan, menawi kangge tanem sembarang taneman bakal tulus sae. Pamor punika ugi nggadhahi donga supados gampil dhatengaken rejeki saking anggen tinandur. Kejawi punika, ingkang nggadhahi pamor punika, menawi gadhah damel boten saget kadhisikan. 26. PAMOR TANGGALIng ngandhap punika kawastanan Pamor Tanggal. Ing jaman rumiyin kapitados sinten ingkang nggadhahi pamor punika bakal dados embananing priyayi agung. Saged nambah kasugihanipun, saha saged gampil anggen pados sedherek piyantun agung. Kejawi punika pamor punika nggadhahi donga rikala pun beta pados tedhi gampil angsal rejeki, menawi kabeta kesah bakal slamet.27. PAMOR IJRAMIng ngandhap punika kawastanan Pamor Ijram, gadhahi dedonga menawi pun asto perang saged menangan, saha saged ngagengaken utawi ngiyataken batosipun ingkang ngasta, kathah gangsaripun ingkang sae, menapa ingkang dados pocapan gampil kaleksanan.28. PAMOR JUNG ISI DONYAPamor ing ngandhap punika kawastanan Pamor Jung Isi Donya, nggadhahi dedonga sinten ingkang nggadhahi pamor punika bakal kacekapan raja brana, saha saget mimpin tiyang kathah. Ingkang nyepeng pamor punika ugi boten kenging dialani donyanipun, menawi tumbas barang pikantuk mirah menawi sade saget awis, saha punapa ingkang dados kekajenganipun bakal dhatengaken kauntungan, ugi gampil pados kanca estri.***
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 7 Sastra & BudayaPara maos, wonten pamulangan paramasastra Jawa wis sinebutake menawa nganggo basa Jawa iku ora kena mbasakake awake dhewe. Apamaneh ngramakake awake dhewe. Iku ora bener lan kurang prayoga. Keneng apa kok mengkono? Jalaran tembung krama iku kanggo ngurmati wong liya utawa lawan wicara. Dadi basa krama iku kanggo pakurmatan marang liyan. Kajaba iku, wong Jawa ora kena basakake awake dhewe amarga yen mbasakake awake dhewe kuwi kena diarani ngugungake awake dhewe. Kosok baline, wong Jawa kudu gelem rumangsa lembah manah lan andhap asor. Kanthi ngurmati wong liya ateges wis gelem tumindak andhap asor. Prekara mau dadi gegebengan kang baku utawa wajib lan pokok.Ananging ing kanyatan isih ana wong Jawa nganggo basa kang ngramakae awake dhewe. Lumrahe panganggone basa mau bisa katemokake ana ing pasrawungan dhaerah Jawa Tengah sisih lor, kayata ing dhaerah Semarang, Demak, Pati, Purwidadi, lan Rembang. Ing wilayah kana isih akeh pawongan kang nganggo basa krama kanggo awake dhewe. Bokmenawa bibit sakawite jaman biyen masarakat Jawa Tengah sisih lor mung krungu ing basa lisan. Mulane banjur dheweke mung melu-melu. Gandheng mung melumelu pawongan mau ngucapake basa kaya kang diucapake dening priyayi lagi ngendikan. Ngertine pawongan mau ana tembung tindak, siram, dhahar, garwa, yoga, gerah lan sapanunggalanipun. Amarga mung waton pangrungu, dheweke melu migunakake tembung-tembung mau kanggo awake dhewe. Kadhang kala penganggone tembung krama kanggo awake dhewe dianggep basa kang salah, kang nyleneh. Bab iku kanggo sadhengah pawongan. Senadyan wong kang pangkat lan kelungguhane dhuwur, tetep ora pareng migunakake tembung krama kanggo awake dhewe. Iku klebu larangan.Babagan kang kaya mangkono lumrah wae. Amarga pancen nyimpang saka paramasastra utawa tatabahasa basa Jawa kang wus disarujuki dening para winasis. Kang winastan basa Jawa gaya Surakarta lan Ngayogyakarta. Dadi basa kang dadi standar kang baku yaiku basa Jawa gaya Solo lan Yogya, kang arupa paramasastra kang baku, kang ora pareng pawongan ngramakake awake dhewe. Mula selagine ana pawongan nganggo basa kang mangkene dianggep lucu, aneh, lan salah.(a) Bapak kula izin badhe ngantar istri tindak rumah sakit.(b) Bapak, yoga kula samenika sekolah wonten SMK.(c) Bu, nyuwun pangapunten kula badhe dhahar rumiyin.(d) Bapak, kula kapeksa ijin amargi istri kula nembe gerah.(e) Ngapunten Bu, kula boten wantun siram rumiyin.Tembung tindak, yoga, dhahar, gerah, siram klebu tembung krama, kepara krama inggil (basa hormat). Mula manut paramasastra utawa tatabahasa, penganggone tembung mau ora bener. Nanging manut pamawasku, pawongan kang menganggo basa kang kaya mangkono mau ora kudu disalah-salahake. Apa maneh kang nganggo basa krama kanggo awake dhewe mau uga dudu kaum non-sekolahan. Ananging uga lulusan sekolah lanjutan atas utawa SMK isih akeh kang nganggo basa kang ora trep mau. Sing wigati pawongan kang nganggo basa kang mangkono mau kudu diwenehi ngerti babagan panganggone basa Jawa. Diwenehi ngerti yen mbasake awake dhewe mau klebu panganggone basa kang kudu dilurusake. Amarga panganggone basa iku uga kudu wewaton aspek sosiologi. Gandheng wong Jawa iku ngurmati wong liya, lan ngasorake awake dhewe, panganggone basa kang kaya mangkono iku ora bener. Ing babagan iki perlu diadani penataran paramasastra Jawa. Suwening suwe kaajab masarakat bisa nggunake basa kanthi trep. Banjur prekara ini tanggung jawabe sapa? Mesthine dadi tanggung jawabe pamarentah lan lembaga swasta kang duwe kawigaten marang basa Jawa. Ing Jawa Tengah, Jawa Timur, lan Ngayogyakarta wia ana Perda kanggo ngopeni basa, sastra, lan aksara Jawa. Mula pemerintah provinsi kalebu kabupaten lan kota duwe tanggung jawab moral lan sosial kanggo ngadani pelatihan paramasastra basa Jawa. Suwene suwe masarakat saya pinter kang tundhone bisa migunakake basa Jawa kang bener lan trep. Kang mengkono masarakat basa Jawa migunake tembung krama kagem wong liya lan ora migunake tembung krama kanggo awake dhewe.NGRAMAKAKE BADAN PRIBADIDening Dr. Pardi Suratno, M. Hum.Kiv
8 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe WiranomFebriano Agung Nugroho bocah desa, wiwit kelas telu SD wis ketok yen bocah iki pancen bocah kang duwe prestasi manjila. Bisa dadi juwara angka loro pidhato keagamaan tingkat kapanewon. Bocah kelahiran 19 Februari 2005 iki monjo ing Bahasa Indonesia. Kaprigelane iku digawa tekan kelas enem. Ngancik sekolah ana Sekolah Menengah Pertama, bisa mlebu neng SMP favorit tumrap warga Pleret lan sakiwa tengene. Bocah-bocah padha njenengi sekolah iku Spersa utawa SMP N I Pleret. Ing sekolah iku bebasan tumbu entuk tutup. Putrane Bapak Suyono iku antuk guru pembimbing sing “bertangan dingin” luwih-luwih ing Basa Jawa. Ing astane panjenengane, pirang-pirang siswa bisa sasab ing tingkat kabupaten malah ana sing tekan provinsi. Bocah wasis kang dilairke dening Ibu Pujiati Eko Lestari iki prestasine ora mligi babagan Basa. Lomba keagamaan dheweke uga ora nguciwani. Bisa dadi juwara ing babagan tarjamah, pidhato, lan apalan. Bocah kelairan Gunung Kelir iki pancen istimewa tenan. Nek putrane Prabu Bethara Kresna ngono lumrah. Bapak ibune dudu pejabat. Wasise ora ming sanggon. Bocah seneng nganggo kaos ireng iki kapinterane ing babagan budaya, bisa juwara kaping bola-bali. Ana ing lomba pranata cara, tetunggule nomnoman Pleret iki bisa dadi juwara saka taun 2018 tekan 2022. Kawegigane iku jalari senajan isih rumaja tumaruna ananging wus antuk job mranata adicara dhaup astra lumiyat. “Agung kae pancen bocah kang ora wedi kangelan”, m a n g k o n o ngendikane salah siji saka gurune ing SMP nalika DL bisa sapejagong karo panjenengane. Ora mokal menawa bisa juwara lomba sesorah seka 2017 tekan 2022.Nek kocap duwe kekarepan, bocah mituhu banget karo dhawuhe guru iku ora wegah takon karo sapa wae. Ing babagan “Ilmu Pengetahuan” bocah sing srawunge jembar iki uga kumlebet. Dheweke bisa njuwarani Karya Tulis Ilmiah Sejarah, Esai Sejarah, Esai Sejarah dan Kepahlawanan. Durung suwe iki juwara I Lomba Cerdas Cermat Sejarah. Mula ora mokal yen wektu iki, bocah sing ora seneng ubyangubyung iku dipercaya dening Dinas Kebudayaan Kabupaten Bantul melu Pendidikan lan Latihan Penelitian Sejarah. Penelitiane kasebut diwenehi irah-irahan “Segoroyoso: Dinamika Agraris Maritim Mataram Islam dalam Fakta dan Tradisi Lisan” Kanthi kala warti iki, Agung ngajab supaya Djaka Lodang tampil milenialis lan bisa ditampa generasi mudha. KomarudinFebriano Agung NugrohoSiswa SMPN I Pleret Kanthi Segudhang Prestasi
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 9 PagelaranTeguh Yuwono, S.S., M.M.Spiritualitas MotivationSpiritualis MotivatorPemerhati masalah spiritual motivasi Pancasila Percikaning Nur Gusti Akarya Jagad Kang Dadi Mercusuaring DonyaSa m e n i k a b a n g s a kita taksih n a n d a n g krisis multid h i m e n s i o n a l mlebet jamanipun kalabendu carut marut saha kathah gontok-gontokan perkawis ideologi, politik, ekonomi, sosial, budaya saha keamanan. Perkawis menika saged kedadosan amargi Pancasila ingkang dados dhasaripun nagari ugi tuntunanipun gesang sesarengan ing masarakat boten dipun ugemi malih. Kathah kasunyatan ingkang sampun ngobrak-abrik tatanan wontening salebetipun nagari. Nilai-nilai Pancasila taksih dereng kawujudaken kanthi trep mandar dados alat pulitik ngrusak menapa ingkang sampun dados paugeraning gesang. Wondene menawi dipun udhar kanthi temen lan jero kita badhe nemokaken kawruh sae ingkang sipatipun universal lan saged dados alasan kiyat bilih Nuswantara menika mercusuare donya. Bangsa Indonesia kanthi kesadaran inggil sampun dadosaken sila I Ketuhanan Yang maha Esa menika dhasaripun sedaya panguripan tumrap kita sedaya. Menika negesaken bilih bangsa Indonesia pitados wontene Gusti Kang Murbeng Dumadi saha kedah dipun laksanakaken punapa ingkang dados paugeran lan tuntunan saha ninggalaken punapa kemawon ingkang laranganipun kedah dipun tilar. Pramila kamardikan menika wanci karana berkah lan rahmatipun Gusti Allah Kang Akarya Jagad. Menawi “manajemen langit” menika sampun dados tuntunan gesang tegesipun bangsa Indonesia menika sampun gadhah pamanggih bilih perkawis global menika boten saged dipun pungkasi mawi manajemen global hananging kanthi manajemen langit. Amerika, Jepang, China lan nagari-nagari ingkang sampun majeng tansah mbombong kaelokaning teknologi, nanging cuwanipun, boten saged nglereni peperangan kang ndamel sengsaraning manungsa. Menawi ing nagari kita sampun dipun engetaken kanthi sila II Kemanusiaan Yang Adil dan Beradab. Tegesipun Adab menika langkung inggil derajatipun tumrap ilmu lan teknologi. Rinaosa mekaten Pancasila gadhah sipat dados ideologi ingkang terbuka injih menika saged jumbuh kalihan lakuning jaman. Tegesipun kanthi sila II menika saged nuwuhaken SDM ingkang unggul tanpa ninggalaken kearifan lokal. “local content global capacity”. Perkawis menika tumuju dhumateng kondisi perekonomian ingkang adil supados dadosaken peradaban ingkang sae tur inggil tumuju memayu hayuning bawana. Kawontenan gesang bebrayatan ing pundi kemawon tansah kebak kekarepan ingkang benten-benten. Liberalisme, Kapitalisme, Individualisme, lan sapanunggalanipun, menika dipun rangkum kalihan Sila III ingkang harfiahipun wanci namung Persatuan Indonesia, nanging sajatosipun menawi dipun onceki kanthi pikiran ingkang wiyar lan jero, dipun tegesi “united nation” utawi reraketaning bangsa. Dene kang kasebut bangsa menika komunitas ingkang wiyar sanget cakupanipun sedaya agama, budaya, identitas, lan liya-liyane. Nanging temtu kita kedah mangertosi bilih sila III menika boten jejeg jejer piyambak nanging dipun ambali sila II kalihan sila I. Pramila Bebrayatan gesang ing ngalam donya menika kedah mulyakake sipat kamanungsan dalam kerangka penghambaan diri dhumateng Gusti. Wondene oncekanipun “Sila IV Kerakyatan Yang Dipimpin Oleh Hikmat Kebijaksanaan Dalam Permusyawaratan Perwakilan” menika negesaken bilih hikmat lan kawicaksanan menika drajat ingkang inggil lan dados landhasaning musawarah. Mekaten ugi menawi badhe dados wakilipun rakyat kedah tinuntun hikmat kanthi sipat kang wicaksana. Lajeng dimangertosi bilih rakyat lan para wakilipun menika kedah ndhasaraken sedaya tumindak kanthi musawarah ingkang dipun dhasari sipat-sipat Ketuhanan (sila I), Kemanusiaan (Sila II), lan Persaudaraan (Persatuan- Sila III). Perkawis menika kedah dipun mangertosi supados kasilipun musawarah boten karana “suara terbanyak” nanging karana dipun ridhoi dening Gusti Allah (sila I), Migunani tumrap kamanungsan (sila II) lan gawe rakete pasedulurane bangsa (sila III).Pungkasane Sila V Keadilan Sosial Bagi Seluruh Rakyat Indonesia, menika negesaken bilih visi misi bangsa tumuju dhumateng rasa adil makmur gemah ripah loh jinawi saged kalaksanan menawi sila I dumugi sila IV saged dhasari sila V. Lajeng sedaya sila (sila I – V) menika dipun install jroning bangsa satemah saged memayu hayuning bawana. Bawana cilik injih menika dhiri lan kaluwarga, dene bawana tengah injih menika nagari, lan bawana ageng menika donya lan seisine. Pungkasaning panguripan kanthi sipat-sipat sae lan luhur menika dadosaken hayuning bawana ing kelanggengan. Mekaten seratan menika mugia dadosaken kawruh sae lan migunani saha mrayogani sedaya pewaos. Maturnuwun. ---000-- Kiv
10 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe Pribadi BinukaDhalang ‘otodidak’ Ki Jumbuh Siswanto sinau lan ajar ndhalang marang eyange swargi Ki Slamet Widjiguna sing kawentar sinebut mBah Guna kang seda rikala taun 2002. Wiwit umur 10 taun Jumbuh Siswanto wis seneng lan tresna marang wayang lan asring ndherek lan nonton pagelaran wayang kulit sawengi natas saben eyange ngayahi ndhalang. Dening eyange, Jumbuh banget ditresnani. Amarga eyange ora kagungan putra kakung. Jumbuh nuli dipek putra dening eyange sing daleme ana ing desa Pakis Kecamatan Pakis Kabupaten Magelang. Ramane Jumbuh asma Sukar, sawijine seniman kethoprak, dene ibune kang asmane Sumirah minangka sindhen, lenggah ana ing desa Banyusidi uga ing kecamatan Pakis. Sakarone wis seda rikala taun 2015. Jumbuh Siswanto sing lantip lan aweh kawigaten mirunggan marang seni pedhalangan. Sauger mBah Guna ndhalang, dheweke mesthi ndherek. Kelantipane Jumbuh ing babagan seni pedhalangan iki dening eyange sinengkuyung kanthi paring kawruh bab crita lakon wayang lan digladhi katrampilan lan kaprigelan ndhalang.Magepokan karo pengalaman dhiri laku-lampahe dadi dhalang, Ki Jumbuh Siswanto sing daleme ana ing desa Pakis marang penulis majalah ‘Djaka Lodang’ ngandharake, sepisanan ndhalang rikala yuswa 14 taun ana ing acara Merti Desa Warangan Kecamatan Pakis, ora adoh saka daleme. Dening eyange, Jumbuh kadhawuhan ndhalang ing wanci awan, kanthi lakon ‘Sri Mulih’. Merti Desa kasebut digelar ana wulan Sura, rikala semana Jumbuh matur marang eyange yen dheweke isih wedi lan durung wani ndhalang. Dening mBah Guna diparingi wangsulan, “Yen ora wani ndhalang, kowe minggata!” Awit saka wangsulane eyange mau rinasa kayadene pecut tumrap Jumbuh lan wusanane Jumbuh cilik wani ngayahi ndhalang. Ki Jumbuh nerusake critane, ana ing sasi Sura dheweke diajak eyange mirsani pagelaran wayang purwa ana ing acara Suran Merti Desa ing Traji Kecamatan Parakan Kabupaten Temanggung. Wayangan Suran iki kanthi dhalang Ki Timbul Hadiprayitno saka Bantul nggelar lakon ‘Sendhang kaca, banyu rasa.’ Sadurunge nonton wayang, Jumbuh didhawuhi eyange supaya adus kungkum ana ing Sendhang Sidhukun ing desa Traji. Dene eyang Guna ana ing pagelaran wayang mau mbiyantu niyaga kanthi nabuh gamelan gambang. Mirsani pagelaran wayang iki Jumbuh rumangsa ketaman pangaribawa kiprahe Ki Timbul anggone ngayahi ndhalang. Pangaribawa mau rumasuk ana ing pribadhine Jumbuh Siswanto, satemah tumekane saiki anggone mancal keprak nggelar lakon wayang ora uwal saka pangaribawa mau mligine ing bab suluk. Dhalang kondhang Ki Timbul Hadiprayitno swargi minangka dhalang ‘idola’ne Ki Jumbuh Siswanto.Ki Jumbuh Siswanto ngaku, sepisanan ditanggap ndhalang nalika dheweke kelas III SMP taun 1990-an, ana ing acara Merti Desa Sumber Kecamatan Dukun Kabupaten Magelang. Rikala semana pituwase (honor) anggone ndhalang sing katampa Rp. 75.000,-. Dhuwit semono mau akeh banget gunggunge tumrap Jumbuh sing isih sekolah. Dhuwit iki kanggo ragad anggone tumandang ndhalang kayadene biaya transport lan s a p a n u n g g a l a n e . Liyane kanggo blanja kabutuhan sekolah lan mepaki busana Jawa. Dene sisane kasimpen kanggo jaga-jaga kabutuhan liyane. Wiwit saka pengalaman iki, Jumbuh rumangsa kajurung anggone ngugemi profesi minangka dhalang wayang purwa lan terus nggegulang lan ngupadi kawruh seni pedhalangan kang sinengkuyung dening eyange. Minangka piyandel, dening Ki Jumbuh Siswanto Sinau Ndhalang Marang EyangeKi Jumbuh Siswanto (foto, Dok. Ki Jumbuh S. )Ki Jumbuh Siswanto lagi mancal keprak utawa ndhalang (foto, Dok. Ki Jumbuh S. )
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 11eyang-e, Ki Jumbuh Siswanto kaparingan warisan keris pusaka loro cacahe. Keris dhapur Sempana luk sanga kanthi pamor Blarak Sineret lan keris Pandhawa pamore Wos Wutah. Keris loro mau tumekane saiki dipepetri kanthi disandhangi kang murwat lan dirumat.Ki Jumbuh Siswanto kang miyos tanggal 19 Oktober 1974, taun 1997 palakrama karo Lilik Ambarwati saka Tegalrejo. Kaparingan putra loro, putri lan kakung. Nanging garwane seda konduran nalika nglairake putra ka-loro, rikala taun 2002.Taun 2007, Ki Jumbuh Siswanto krama maneh. Garwa kapindho iki asmane Setiyani saka Ngablak, kang ngasta guru SD. Saka garwa iki kaparingan momongan loro kabeh kakung, sing kagadhang bisa marisi kaprigelane anggone dadi dhalang.Ki Jumbuh Siswanto anggone ndhalang kanthi linambaran pakeliran pakem. Nanging kalamangsa uga nuruti panyuwune sing nanggap amrih pagelaran bisa regeng lan gumyak, sauger ora nerak pakem pedhalangan. Amrih gumyake swasana nalika nggelar lakon, Ki Jumbuh Siswanto uga asring sinartan sindhen-sindhen kawentar minangka ‘bintang tamu’. Para sindhen mau kayadene Elisha Orcarus, Tatin Lestari Handayani, Anting Lambangsih. Dene para sindhen lokal isih kapernah adhi-adhine kayata Wiwin, Inti Desiana, Silvi Latifah lan Riris Dyah Sukowati.Minangka dhalang kang mumpuni, Ki Jumbuh kagungan sarana arupa wayang telung kothak, gamelan saperangkat laras pelog lan laras slendro, kelir sagawangane, blencong lan nara pradangga. Kejaba ndhalang ana ing tlatah Magelang lan sakubenge, Ki Jumbuh uga nate ditanggap ana ing njaban P. Jawa kayata ing Kalianda Lampung (taun 2010), Pontianak (taun 2011), Muara Wahau Kalimantan Timur (tahun 2014), Bendangraya, Kutai (taun 2014). Dene piagam penghargaan sing katampa kayata, piagam Pemeran Utama ‘Nyadran Short Movi’ desa Pakis taun 2020, lan saka Pondok Seni dan Budaya Boediardjo Borobudur minangka dhalang pakeliran ringkes taun 2021 lan Sertifikat Wira Usaha Mikro Pelestarian Budaya Terbaik saka Citi Microenterpreneurship Awardtaun 2013. (Amat Sukandar)Ki Jumbuh Siswanto ngayahi pagelaran (foto, Dok. Ki Jumbuh)Ki Jumbuh rikala sowan Ki Mantep Sudarsono (foto, Dok. Ki Jumbuh S.)Ki Jumbuh Siswanto, tengah, rikala dadi paraga kethoprak Pepadi Kab. Magelang (foto, Dok. Ki Jumbuh S)
12 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe PawiyatanOmah Perden, salah siji papan kegiyatane lan pangembangan diri sangisore asuhan (Naungan) LPDK PPDK (Pusat Pengembangan Diri & Komunitas) Kemuning Kembar. Wondene kridane PPDK Kemuning Kembar adedhasar lan nyakup babagan kawruh jiwa lan kasarasan, panggulawentah lan budaya (psikologi, kesehatan, pendhidhikan lan budaya)Nalika Djaka Lodang sowan ing daleme pengasuh pengageng (pimpinan) PPDK Kemuning Kembar Omah Perden ngadani wawancara, DR.Indria Laksmi G a m a y a n t i . , M,Si.,Psikolog p a r i n g k e t e r a n g a n menawa “ Omah Perden salah sijine Omah pangembangan diri sing berbasis Psikologi, pendidikan,kesehatan, lan budaya, terange.saka ukara (tembung) “perdi” sing miturut kamus Bausastra Jawa maknane diwulang wuruk amrih becike, diwanuhake nindakake tata pranata kang becik sing ngandhut arti digulang / diajari lan dibiasakake kanggo nyianoni lan tumindak kang becik; Perden iku papan kanggo merdi (mulang wuruk, nggegulang ).Dadi Omah Perden ing bahasa Indonesia bisa kaarani Rumah Stimulasi, ya kuwi papan kanggo merdi (ndidik lan ngulinakake) bocah, wiranom, lan uga wong atuwane babagan panggulawentah, pasinaon lan ngudi pribadi (pendidikan, pengasuhan dan pengembangan diri). Wondene Merdi Siwi ateges mulang wuruk, panggulawenthah utawa pasinaon kanggo bocah; Siwi tegese anak utawa bocah.DR.Indria Laksmi Gamay a n t i . M . S i . , P s i k o l o g kang uga nyerat buku Panduan Pola Asuh Balita Berbasis Tradisi Jawa, nambahi atur marang DL dene program “pan g e m b a n g a n diri pasinaon lan panggulawentah “ ing Omah Perden wektu iki yaiku , 1. KB (1.Kelompok Bermain) lan TK (Taman Kanak Kanak) Omah Perden, Nggulawentah Bocah Duwe Kapribaden Kang NjawaniGusti Mangkubumi nalika potong pita wektu peresmian Omah Perden (Ft. Ist)Omah Perden (Ft. Ist)
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 13“Merdi Siwi”2 Merdi Siwi - kanggo bocah umur 8 wulan - 6 taun. 3. Merdi Muda, ngudi pribadi kanggo wiranom (program pengembangan remaja).4. Nyandra Kabisan, yaiku kanggo nlesih kabisan wiranom lan dewasa (program asesmen potensi, bakat & minat) 5.Dolan Kang Nuju Prana- yaiku dolan sinambi ngangsu kawruh utawa ngudi kabisan.Kelompok Bermain lan TK “Merdi Siwi “ awujud pasinaon sekolah (sekolah formal) kang duweni idin Pendirian Sekolah saka pamerintah; dene Merdi Siwi awujud perden lan pasinaon (stimulasi dan pembelajaran nonformal) kanggo bocah an wong atuwane. Bocah lan ibu /bapak diajak bebarengan dolanan, tetembangan lan gegaweyan, bacute ana seserepan kanggo wong atuwane apa makna lan ancas tujuane kegiyatan kang bar dilakoni. Kabeh pasinaon utawa kawruh kanggo merdi bocah kang kacawisake, adedhasar teori psikologi, pendidikan, kesehatan lan budaya utawa budi lan daya, kawruh tilarane para leluhur kang ngulir budi ana ing seserepan panggulawentah bocah. Bu Gamayanti bacute ngendikakake ana cacah enem dasar perangan undhak-undhakane kabisan bocah ( perkembangan anak) kang prelu kagatekake lan diperdi yaiku perangan kesagedan pikir ( aspek kognitif ), perangan kesagedan rasa pangrasa ( aspek emosi), perangan wicantenan (aspek bahasa), perangan kesagedan obah osiking raga (aspek motorik), perangan sesrawungan (aspek sosial) lan perangan budi lan pakerti (aspek budi pekerti / pembentukan karakter) kang prelu diperdi wiwit cilik, becike kawiwiti sadurunge umur limang taun (balita).Panggulowentah bocah ora bisa uwal saka krida tumandange bapa biyung anggene momong putrane, mula ing KB lan TK Merdi Siwi ugo ing Merdi Siwi ana Kawruh Pamerdi Siwi kanggo para wong atuwane.Omah Perden mapan ing Jl. Juadi No.1 Kota Baru, Kec.Gondokusuman , Kuta Ngayogyakarta B A R I / DLGusti Putri Pakualaman nalika magas tumpeng (Ft.Ist)Kawruh pamerdi siwi (Ft. Ist)Bocah bocah TK nalika pengetan Hari Kartini(Ft. Ist)
14 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe Warta MertaKrana serangan jantung (acute inferior myocardial infarction) temah jiwane guru besar Universitas Islam Begeri Syarif Hidayatullah Jakarta, Prof. Dr. Azyumardi Azra, M.A., ora kuwawa katulungan (Minggu, 18 September 2022). Prof Azyumardi nemahi serangan jantung nalika kasuwun minangka nara sumber sajrone Konferensi Islam Kosmopolitan Islam sing diadani dening Angkatan Belia Islam Malaysia (ABIM) ing Selangor, Malaysia dina Setu, 17 September 2022. Sadurunge iku sajrone pesawat gegana tumuju Kuala Lumpur dhadha ngrasa seseg mula banjur langsung cumondhok menyang rumah sakit Serdang (Jumat, 16 September 2022) lan pihak rumah sakit lelandhesan papriksan paring pakabaran menawa Prof Azyumardi terinveksi virus Covid-19 temah dirawat ing ruwang isolasi. Sedane Prof Azyumardi kejaba gawe dhuhkitane jajaran pers nasional uga muwuhi dhuhkitane jagad intelektual nasional krana sawetara wektu kepungkur nembe wae Prof. Dr. Syafii Maarif sing padhadene putra asli Sumatera Barat murud kasidan Jati. Menawa Prof. Dr. H. Azyumardi Azra, M.A., M.Phil. miyos ing Lubuk Alung, Padang Pariaman, Sumatera Barat nalika 04 Maret 1955, dene Dr. H. Ahmad Syafii Maarif utawa Buya Syafii miyos ing Sumpur Kudus, Sijunjung, Sumatera Barat, nalika 13 Mei 1935. Kekarone padhadene intelektual Islam kalokengrat sing asline saka Sumatera Barat lan padhadene guru besar ilmu sejarah. Prof Azyumardi miwiti pendhidhikan ing Sekolah dasar Negeri (SD N) banjur nerusake menyang PGAN 4 taun (SLTP), lan PGAN 6 taun (SLTA). Karier ing pawiyatan luhur minangka mahasiswa ing Fakultas Tarbiyah IAIN Syarif Hidayatullah Jakarta taun 1982. Krana besiswa Fulbright nerusake kuliyah ing Departemen Bahasa dan Budaya TimurTengah ing Universitas Columbia nganti lulus Master of Art (MA) taun 1988. Ing Universitas Columbia uga Azyumardi oleh beasiswa Columbia President Feloowship ing Departemen Sejarah lan oleh gelar MA ing taun 1989. Taun 1992 lulus Master of Philosophy (MPhil) saka Departemen Sejarah Universitas Columbia. Sabanjure lulus Doctor of Philosophy kanthi desertasi kang sesirah The Transmission of Islamic Reformism to Indonesia: Network of Middle Eastern and Malay-Indonesian ‘Ulama in the Seventeenth and Eighteenth Centuries. Sabanjure desertase kagungane kababar ing Canberra (Allen Unwin lan AAAS), Honolulu (Hawaii University Press), lan Leiden, Negri Walanda (KITLV Press). Kondur Jakarta 1993 piyambake ngedegake lan uga mandhegani minangka pemimpin redaksi sawenehe jurnal Indonesia kanggo studi Islam, Studia Islamika. Karier kewartawanan lan inteleksualitas manunggal dadi siji temah panjenengane pinercaya anjangsana menyang Southeast Asian Studies ing Oxford Centre for Islamic Studies, Universitas Oxford, Inggris, sinambi mulang minangka dhosen ing St. Anthony College (1994-1995). Diterusake minangka professor tamu ing Universitas Filipina lan Universitas Malaya (1997), minangka warga Selection Committee of Southeast Asian Regional Exchange Program (SEASREP) sing dicakup dening Toyota Foundation lan Japan Center, Tokyo, Jepang (1997–AZYUMARDI AZRAIntelektual Muslim sing Ketua Dewan PersProf. Dr. Azyumardi Azra (Foto Ist)Prof Azyunardi kasarekake ing Makam Pahlawan Kalibata Jakarta (Foto Ist)
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 151999. Sajrone kalungguhan guru besar Sejarah Fakultas Adab IAIN Jakarta piyambake diangkat minangka Pembantu Rektor I IAIN Syarif Hidayatullah, Jakarta (1998),lanminangka rector UIN Syarif Hidayatullah Jakarta antarane taun 1998-2006. Piyambake uga minangka warga Asia Tenggara sepisanan sing diangkat minangka Professor Fellow ing Universitas Melbourne, Australia (2004–2009), lan anggota Dewan Penyantun (Board of Trustees) Universitas Islam Internasional Islamabad Pakistan (2004–2009), uga minangka salah sijine anggota Teman Serikat Kemitraan bagi Pembaruan Tata Pemerintahan. Dina Rebo, 18 Mei 2022 cendekiawan lan mantan wartawan Panji Masyarakat (1979-1985) iki katetepake minangka Ketua Dewan Pers 2022-2025.Kepilihe panjenengane krana kabisane (kapasitas). Azyumardi sing nate ngemunah media, mangerteni kanthi jero liding (prinsipprinsip) kebebasan pers, lan uga makili kelompok masarakat. Prof Azyumardi sing uga kolumnis ing sakehe koran klebu Kompas klebu piyantun kang tegas mecungulake gagasan-gagasan sing tumuju madhangake (mencerahkan), nyuwarakake bebener, nyakup sakabehe tanpa mawang kalungguhan, kepara pedhes nanging ora gawe serik lan lara ati sing rumangsa kekenan. Jiwa toleran panjenengane dadi jalaran ditampa legawa ing sakehe komunitas temah rinasa panjenengane iku dadi suluh bangsa sajrone nrabas pepeteng. Pengabdian lan gagasan-gagasan panjenengane bakal terus lestari luwih-luwih tumrap insan pers tumuju pers sing independen lan pinercaya kanggo melu jaga wutuhe persatuan lan kesatuan bangsa tumuju masarakat sejahtera lair batin. Sugeng tindak Prof!*Sumber Wacan:https://www.kompas.com/tren/read/2022/09/19/153000065/azyumardi-azra-meninggal-karenaacute-inferiorhttps://www.cnnindonesia.com/nasional/20220919060600-20849529/azyumardi-azra-meninggalduniahttps://dewanpers.or.id/profil/anggotadetail/48/AZYUMARDI-AZRAFoto kenangan Prof Azyumardi Azra bareng kang garwa Ipah Farihah (twitter Azyumardi Azra)Prof. Dr. Azyumardi Azra (Foto Ist)
16 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe Wanita lan KeluwargaJaman saiki, ora sethithik sing ngrasakake menawa unggahungguh utawa sopan-santun bocah wus akeh sing luntur. Bocah wus ora ngerti kepiye ngadhepi wong sing luwih tuwa, wong sapantaran lan sing luwih cilik. Kabeh digebyah uyah, trunyaktrunyuk sing ndhadekake ngelus dada sing padha nyawang. Emane, saiki ora sethithik keluwarga mudha sing uga kurang ngandhani lan menehi contoh supaya bocah ngerti unggah-ungguh. Bab iki kedaden, amarga ora sethithik wong tuwa sing ora bisa menehi conto unggah-ungguh sing bener. Yen ngepasi lagi momong, sing penting bocah meneng. Kamangka sing jeneng ngerti lan nglakoni unggah-ungguh utawa sopan santun iki, kudu diwenehi pangerten, conto lan diajari. Ana ing kene wong tuwa kudu gelem sabar lan greteh anggone ngemong bocah. Amarga sing jeneng bocah ngerti unggahungguh utawa sopan santun iki, kudu diajari kawit isih cilik. Yen ngajari sawise gedhe, luwih angel, amarga sing jeneng sopan-santun iki butuhake proses ora bisa ujugujug dadi bocah sing sopan lan ngerti unggah-ungguh. Watak sing ngerti unggahungguh iki penting banget pigunane kanggo sangu urip tembe burine, amarga karana duweni unggah-ungguh iki, bocah wus sinau mangerteni liyan, bangun rasa tepa slira lan ngerti liyan. Kanthi mangkono, duweni watak sing ngerti unggah-ungguh iki dadi modal supaya urip iki padha disenengi liyan lan dadi bocah sing nyenengake.Kanggo ndhadekake bocah sing ngerti unggah-ungguh lan tundhone dadi bocah sing nyenengake liyan, butuhake wektu, sabar lan greteh kanggone wong tuwa. Mula kanggo dadekake bocah sing ngerti unggah-ungguh, ana cara sing perlu diajarake kanggone bocah, kayata :1. Ngenalake bocah omongan sing sopan kawit cilikKanggo ngenalake kareben bocah ngerti unggah-ungguh, saged ngajari kanthi biasake bocah kareben seneng omong, nganggo tetembungan : tulung! Yen lagi njaluk tulung utawa kongkonan lan tetembungan nuwun yen lagi wae diwenehi utawa ditulungi. Sanajan iki katone mung prasaja lan gampang, nanging omongan iki ngajak bocah ngregani liyan lan rumangsa butuhake liyan. Kanthi duweni kesadharan sing kaya mangkono iku, tundhone bakal tuwuh dadi bocah sing ngregani lan ngurmati marang pepadhane luwih-luwih sing luwih tuwa. 2. Ngajari bocah dhuweni rasa tanggap marang liyanDuweni rasa urmat marang liyan iki kedaden amarga bocah duweni rasa tanggap utawa peka marang kabutuhan liyan. Tanggap marang liyan iki tuwuh amarga duweni rasa pangrasa. Yen wong tuwa wus kasil nuwuhake rasa pangrasane bocah iki kanthi diajari tundhone bocah bakal luwih gampang duweni rasa sopan, andhap asor lan unggahungguh. 3. Ngajari bocah kanthi omong tulung, nuwun, lan nyuwun sewu Tetembungan iku ana ing babagan ngajari bocah supaya ngerti unggah-ungguh dadi minangka tetembungan wajib utawa asring dijenenge tetembungan emas. Bab iki kedadhen amarga tetembungan iku banget migunani kanggone sok-sapa wae, klebu bocah anggone bangun unggahungguh. Tetembungan kasebut banget ngurmati liyan lan banget ngregani pepadha, yen kita iku banget butuhake liyan. 4. Wong tuwa dadi conto utawa tuladha kanggone bocahAna paribasan, siji conto utawa tuladha, luwih migunani tinimbang sewu pitutur. Adedhasar paribasan kasebut, ngupaya kareben bocah duweni watak andhap asor, ngerti unggah-ungguh, ana ing kene sing jeneng dadi wong tuwa kudu luwih dhisik wus menehi conto utawa tuladha kanggone bocah. Mula yen wong tuwa pengin kareben anake duweni unggah-ungguh, luwih dhisik, wong tuwa duweni unggahungguh luwih dhisik. Aja nganti ana tetembungan gedang awoh pakel, yen iki kedaden, bocah malah dadi bingung dhewe. 5. Sinau saka kleruKanggo nuwuhake unggahungguh kanggone bocah, dadi wong tuwa iku kudu greteh, yen pancen kudu alok, ya kudu alok. Umpamane nemoni bocah sing kleru, contone nyela-nyela nalika wong tuwa lagi omong-omongan. Nyela-nyela omongan iki mesthi klebu ora sopan lan ora duweni unggah-ungguh. Nemahi prastawa sing kaya mangkono iku, sing dadi wong tuwa bocah aja dienengake wae. Yen wong tuwa mung meneng, si bocah ora ngerti yen nyelanyela omongan iku ora becik. Mula, nalika bocah nyela-nyela omongan, kanthi rindhik-rindhik alok lan bocah dikandhani, yen sing jeneng nyela-nyela omongan iku ora becik, mula aja dibaleni maneh.Mangkono iku cara-cara sing bisa kanggo nuwuhake bocah supaya ngerteni unggah-ungguh. Bocah sing ngerteni unggahungguh pancen nyenengake kabeh wong, embuh kuwi wong tuwa apa wong liya. Bocah dadi gawe seneng lan mongkoge wong tuwa. Mula kanggo kabeh mau, dadi wong tuwa kudu duweni rasa sabar, greteh lan wicaksana supaya bocah sanajan diajari, nanging rumangsa diregani. Nuwun.Saka maneka sumberCara Kareben Bocah Ngerti Unggah-UngguhDening Simon Sudarman
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 17 HerbalGarut utawa angkrik, arairut, jelarut, ubi belanda, utawa ubi sagu (Latin: Maranta arundinaceae) klebu tanduran rakyat Jawa sing populer bebarengan karo pohong, ganclong, uwi, gembili,. tambaresa, tales, kimpul. Tanduran pangan tradhisi Jawa ora mung dadi cadangan pangan sing becik, nanging kanyatan duweni uga kasiat obat. Tanduran garut biasane ditandur ing lemah bongkah tegal utawa kebonan. Becik menawa anggone nandur sawise lemah dibobaki utawa dipaculi, banjur digaringake, terus ing mangsa ngarepake udan lemahe digawe lembut, banjur ing wayahe tiba udan winih garut lagi ditanddur. Biasane nandur garut migunakake oyod uwohe (umbi) bageyan bongkot kanthi cara diurug nganggo lemah sing wis dilembutake. Banjur sawise kena banyu udan banjur thukul lan sawise trucuke dhuwur bisa didhangir supaya lemahe dadi mengkurug. Becik uga sadurunge winih diceblokake luwih dhisik jugangan sing arep kanggo nandur diwenehi rabuk kandhang utawa rapen. Cara nandur kanthi didhasari rabuk luwih dhisik biasane nyepetake tuwuh lan subure tanduran. Sawise thukule dhuwure watara sakilan lagi didhangir lan dirabuk.Suwe wektune nandur watara samangsa utawa watara 5-6 wulan. Menawa anggone nandur ing wayah ngarepake rendheng ateges anggone manen ing anteke mangsa rendheng utawa wayah ngancik ketiga nalika lemah kebon utawa tegalan wis padha garing. Kanggo manen mung cukup didhudhuk, banjur dilumpukake, diresiki, bisa langsung dikonsumsi utawa bisa disimpen kanggo cadhangan pangan. Dhadhah kanggo nandur garut ora kudu papan utawa lemah sing terus kepanasan saben dinane. Garut bisa ditandur ing lemah kang ayom utawa kerungkudan uwit liyane kaya tanaman kayon (tanaman keras) jati, munggur, sengon, utawa nangka.Secara tradhisional petani Jawa manpangatake garut kanthi cara didhahar srana digodhog, digaringake banjur digoreng, dimanggleng, diparut banjur dijupuk pathine kanggo digawe jenang garut utawa cendhol dhawet. Minangka bahan pangan sing akeh ngandhut pati lan kandhutane jat gula (glikemil) luwih sethithik ditandhing beras, jagung, kenthang, pohong, apadene tela rambat (ubi jalar) mula garut becik dihahar kanggo kang kagungan gerah gendhis utawa diabetes. Sakehe panaliten nyebutake menawa garut becik tumrap kang kagungan gerah asam lambung apadene maag amarga kuwawa ngampingi tembok usus temah nyegah iritasi tembok usus krana makaryane kanggo ngolah pangan sajrone usus.Semono akehe serat kang kakandhut sajrone garut sing kuwawa ngampingi tembok usus dayani ngurangi serangan asam lambung, nyarasake saka lara maag, lan nglancarake makaryane usus temah bisa nyegah sembelit. Akehe serat uga dayani kasil saka pengolahan pangan sajrone usus gampang metune saka usus krana ora nemplek usus. Iki beda karo pangan sing akeh ngandhut lenga gajih utawa lemak sing gampang nemplek usus. Merga dayane pangan sing ngandhut lenga mula pangan sajrone usus ora gampang metune krana kelet karo usus. Kasus lara usus biasane diwiwiti krana usus reged marga pangan nemplek sajrone usus marga akehe lemak sajrone panganan. Akeh panaliten sing nyebutake menawa garut uga becik menawa menawa kanggo ngusadani lara sajrone usus kanthi ditambahi kunir. Marga kunir sing duweni daya nyarasake tatu sajrone usus bakal makarya bareng karo garut kanggo gawe sarase usus. Usus sing tatu sajrone kasus kaya maag bakal bisa mari utawa pulih tatune krana kunire, dene garut sing kebak serat nglancarake dalane kasil olahan usus sing sebagean diwetokake saka awak wujud kotoran. Mesthi wae lantaran kotoran kasil saka makaryane usus gampang metu ateges usus bakal resik lan iki bisa dayani ora dayani angel bebuwang utawa sembelit. Mula tumrap kang kagungan gerah ambien uga becik dhahar garut marga bakal nglancarake kotoran nalika ngliwati pembuwangan (anus). Akeh penemu menawa saras lan ora sarase salira iku uga ana sambung rapete karo makaryane pencernaan. Dhaharan sing sehat ora akeh ngandhut kolesterol jahat mesthi wae gawe becike makaryane jantung temah bisa nyegah mumbule tekanan dharah (hipertensi). Tekanan dharah sing normal ateges uga ngendhani tuwuhe lelara sing ora nular temah salira ora gampamg lelaranen.* Sumber wacan:Dr. C.G.G J. van Steenis, 1987. FLORA, PT Pradjnya Paramita, JakartaDharma, AP (1987). Indonesian Medicinal Plants [Tanaman Obat Indonesia].https://www.tribunnews.com/lifestyle/2021/10/08/ketahui-manfaattanaman-garutGarutKiva
18 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe Jagading LelembutRong dina sadurunge arep dolan menyang nggone kancaku sing mapan ana ing tlatah Kokap, Kulonprogo, aku wis kandha marang sisihanku yen aku arep mangkat wayah esuk. Panggang menyang Kulonprogo iku klebu adoh, yen mangkat esuk mengkone tekan tujuwan ora kesoren lan yen bali tekan Panggang maneh ora kewengen. Mangkono iku ancasku.“Arep metu ngendi Pak?” pitakone sisihanku esuk kuwi nalika aku wis cekatceket siap-siap arep mangkat.“Gandheng isih esuk, isih omber wektune, aku arep mangkat gliyak-gliyak metu Alas Tuwa wae. Ngiras pantes golek swasana anyar,” semaurku sinambi tumuju buri omah arep njereng andhuk sawise adus.Nyebut jeneng Alas Tuwa, aku dhewe sejatine duweni rasa wedi, akeh sing kandha klebu wingit. Dalan aspal sing jembare mung rong meteran ing tengah-tengahing Alas Tuwa iku wis diaspal alus. Sing liwat akeh-akehe mung warga kiwa-tengen kono sing arep menyang ngalas golek kayu utawa ngarit.Saka ngomahku tumuju Panggang adohe 10 kilonan ngliwati dalan sing kiwa-tengen ngrembuyung wit jati lan mahoni gedhe-gedhe duweke Perhutani. Mula yen liwat kono wayah awan rasane edhum banget, angine seger babar pisan ora panas. Aku pancen asring yen arep mudhun arep menyang Bantul utawa Jogja liwat Alas Tuwa. Sanajan ora rame, nanging kudu ngati-ati amarga dalane munggah-mudhun lan akeh penggokan.Esuk kuwi wayah ketiga, srengengene katon therong-therong sanajan durung panas, dadekake awak kepenak. Aku cekat-ceket cecawis arep mangkat. Pit motor sing wus klebu tuwa wus daksiapake ana ngarep teras omah. Ya amarga tuwa iku aku ora lali nyervisake yen daktumpaki rasane wus ora kepenak. Aku pancen asring mudhun, mula kahanan pit motor kudu beres amarga tlatah Panggang tumuju Bantul utawa Yogja iku gelem ora gelem kudu ngliwati alas sing klebu jembar sing kiwa-tengene babar pisan ora diprangguli wong dodolan bensin apa maneh bengkel, anane mung wit jati lan mahoni mageri dalan.“Wis Bun, aku mudhun!” pamitku marang sisihanku sawise nginguk kamare anake sing isih nglempus turu.“Ya Pak. Ngati-ati!” semaure sisihanku ana ngarep lawang omah.Esuk kuwi langit katon sumilak, srengenge urupe mobyar-mobyar. Pit motor wiwit lumaku, ora let suwe metu saka dhusunku. Dalan aspal cilik tumuju Alas Tuwa katon sepi. Kiwa-tengen isih ditemoni omah sijiloro lan pungkasan dhusun Temu Ireng pinggire Alas Tuwa.Pit motor gliyakgliyak anggone mlaku. Tas ransel dakpanggul nang geger. Esuk hawane seger, isih akeh ocehocehan manuk alas.Kok kaya ora biasane iki! Aku babar pisan durung mrangguli wong menyang ngalas? Apa wus padha mruput? Kamangka wancine iki wayah wongwong padha tumuju ngalas? Batinku sajak rada gumun. Nanging kabeh mau ora dakrasa. Pit motor wus mlebu ana ing Alas Tuwa.Wayah esuk ana ing dalan tengah ngalas Tuwa krasa adhem, pit motor terus wae mlaku. Dumadakan krasa angin rada banter, bubar kuwi aku mambu gandha kembang kanthil dhuleg irung. Githok dadi mrindhing. Aku ngupaya tetep tenang.Nalikane dalan menggok lan rada mudhun, dumadakan ana ngarepku rada adoh, aku nyawang wujud ireng-ireng kaya-kaya mabur cepet, saka elor tumuju kidul ana dhuwur dalan. Aku kaget, githok iki sangsaya mengkirik.Bubar dalan menggok, dakwanek-wanekake pit motor daksuda bantere, aku mengo ngidul pinggir dalan penere wujudan ireng iku ngilang. Mripat iki mung nemoni wit-wit jati gedhe ana ereng-ereng pinggir dalan.
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 19 Kembang SetamanGunemanguneman apa wae ana endi wae, mesthiora lali nggunem virus wabah korona kuwi.ana mushola, warkop, rapat erte, wali muridsekolah lan kuliyah, nganti rapat pejabatpamarintah, ora keri ngomongakevirus wabah.kamangka wis rada suwe virus wabahkuwi ana, nanging isih tetep dadi gunemanewong akeh. kadya alane jeneng aruskang lagi manjila. dadi gunemanesapa wae, ana endi wae.aku dhewe wis rada wegah, nggunemvirus wabah. apa maneh jarene isih akeh.arep nggunem dadi waleh. mung waedaktulis ana guritan, supaya dadi cathetan.ana lakon manungsa sing kudu wedimarang mungsuh kang ora katon.ora ana nanging ana, kaya setan.Aming AminoedhinDesaku Canggu, 20/11/2020HastungkaraWijiling laku japamantrasaking telenging nalagelis ngalela triwikramamokah tanjebe maksiyatrungkat oyoding kesumatUmbul donga raharjanyawabi bumi lungsenjamasi jiwa-jiwa lelangesngluwari janji lelamisistingarah ngaurip urub memanisGeter pater dzikir nywara nitirati manglung mangayun Gustigungpanglenggana asok leletheg dosamumpung kori tobat isih binukasadurunge pagelaran nisbi paripurnaNono WarnonoBojonegoro, Juni 2020SrengengeOh srengenge...Wujudmu katon endah menawa disawangCahyamu katon nguripke donyaWong ing donya seneng nyawang wujudmu kang bunderOh srengenge...Anggonmu mlaku ora isa banterNanging cahyamu maedahi marang manungsaLan cahyamu tansah madhangi donyaOh srengenge...Sliramu katon endah ing wayah soreGawe ati bungah wong kang nyawangWujudmu nuduhake rasa syukur marang Gusti AllahKang ngripta alam donya lan saisineIta FebrianaMripat iki terus nggoleki paraning wewujudan ireng-ireng kang nyalawadi. Pit motorku mandheg ana pinggir dalan. Ana ing dhuwur jok pit motor, aku nggoleki paraning wewujudan ireng mau. Wit jati gedhe-gedhe daksawang baka siji, biasa-biasa wae. Mung nalikane nyawang saweneh wit jati gedhe wiwit ngisor tumeka dhuwur….dumadakan aku dadi wel-welan keweden.Ana ing pang jati gedhe, ana saweneh wewujudan ireng lungguhan. Wujude gedhe dhuwur, ireng, mripate bunder. Mripate nyawang aku sajak ora seneng.Kringetku gembrobyos, aku wel-welan keweden. Aku age-age nguripake pit motor. Pit motor sing biasa cukup distater wus muni, esuk kuwi dadak nganggo rewel. Wolawali dakstater, mesin tetep wae ora urip. Kamangka wewujudan gedheireng iku terus wae nyepadakake aku kanthi panyawang sing sajak ora seneng.“Wua ha ha ha!” wewujudan iku ngguyu keprungu sora ana kupingku.Pit motor wola-wali wus dakstater, nanging tetep wae ora muni. Aku adus kringet. Aku sangsaya wel-welan. Pit motor ganti dakgenjot. Wola-wali dakgenjot kanthi kesusu lan keweden.Nalikane pit motor kasil muni, dakplayokake sabanter-bantere. Guyu wewujudan gedhe ireng iku isih keprungu. Aku mengo memburi, wujudan itu wus ora ana. Aku pengin cepet-cepet ninggalake papan iku lan tekan dalan gedhe sacedhak kantor Kecamatan Panggang.“Wonten napa Pak?” keprungu swara takon.Aku ora ngrewes. Pit motorku terus mlayu banter nglancangi pit motor mau.Tekan dalan gedhe, aku mandheg kanggo nata ati. Wedang putih sing ana ing tas ransel dakjupuk terus dakombe.“Wonten napa Pak?” wong sing daklancangi mau takon maneh.“Ngapunten Pak, wau kula boten semaur. Wau, kula nyawang wewujudan sing banget medeni. Mila kula keweden lan age-age mlayokake pit motor niki sabanterbantere,” semaurku.Wong kuwi mung meneng.“Nggih ngatos-atos mawon Pak menawi liwat dalan Alas Tuwa. Mangga Pak!” wong kuwi ninggalake aku.Sawise rada tinata atiku, aku bacutake laku.***
20 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 EhePagelaran wayang kulit pakeliran ringkes ing Pondok Seni dan Budaya Boediardjo, Borobudur, tansah diadani malem minggu pungkasan saben wulan, kejaba ing wulan Ramadhan. Sanajan pageblug Covid-19 wis menda lan bisa kapirsani dening para pandhemen wayang kulit, pagelaran iki uga digelar kanthi online. Pagelaran kang kaping 284 rikala dina Setu Pon, tanggal 24 September 2022, methik saka crita Bharatayuda lakon ‘Kembang Kurusetra’ utawa ‘Karno Tandhing’ kanthi dhalang, Ki Setyo Nur Wicaksono saka Kabupaten Kebumen.Drs. H. Teguh Biantoro, minangka anggota Presidium Pondok Seni dan Budaya Boediardjo ngandharake, ing kene ana Museum Wayang ‘Gunarasa’ kang nyimpen sawernane wayang, wiwit saka wayang suket, wayang kulit nganti wayang golek sing asale saka sakehe dhaerah lan uga saka negara manca. Dene gamelan sing kasimpen ing museum iki kanthi aran Kyai Manasuka. Kabeh mau minangka yasane lan koleksine Pak Boediardjo swargi. Pagelaran wulanan iki minangka dhawuh lan wasiate swargi Pak Boed marang keluwargane supaya nguri-uri kabudayan Jawa amrih bisa lestari.Pondok Seni dan Budaya Boediardjo minangka ajang tumrap seniman, mligine para dhalang lan seniman wayang kulit ing tlatah Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta. Jeneng pondhok seni iki wis rumaket tumrap para seniman jagad pedhalangan. Merga kanthi gilir gumanti akeh dhalang sing nate ngayahi pagelaran ing kene. Minangka ajang kiprah para seniman nguri-uri lan mekarake seni lan budaya Jawa. Lakon ‘Kembang Kurusetra’ utawa ‘Karno Tandhing’ kapethik saka wiracarita Bharatayudha. Dene ringkese crita, ‘Karno Tandhing’ minangka lakon andhon yudha sedulur sekringkel putrane Dewi Kunthi kang seje bapa. Sakarone imbang ing babagan kasekten lan kawasisan andhon yudha. S a d u r u n g e p a p r a n g a n , Dewi Kunthi n g a d a n i patemon ing antarane Raden Arjuna lan Adipati Karno lan paring dhawuh marang Karno supaya melu mbelani Pandhawa sajrone lumawan Kurawa. Nanging p a n y u w u n a n mau katolak dening Adipati Karno sing tetep nggegegi mbiyantu Kurawa. Minangka sawijine satriya, Adipati Karno wis digulawentah lan dijunjung drajate dening Prabu Duryudana, raja Ngastina. Satemah, minangka jejere satriya ing Ngastina, Adipati Karno ora kersa nyidrani marang Kurawa amarga wis kapotangan budi.Wusanane Bharatayudha pecah, perang tandhing ing antara Raden Arjuna saka keluwarga Pandhawa lumawan Adipati Karno kang mbelani keluwarga Kurawa. Raden Arjuna maju ing palagan kanthi nitih kreta sing dikusiri Prabu Kresna, dene Adipati Karno kretane dikusiri Prabu Salya. Satemah, ing palagan Tegal Kurusetra dumadi perang gedhe, panah-panah saka kekarone padha pating bleber mlesat saka gendewane. Nanging udan panah mau ora ana sing tumama lan merjaya sing lagi andhon yudha. Nalika Raden Arjuna masang panah Pasopati ing gendewane, sakala Prabu Kresna sing ngusiri kretane, tanggap marang kahanan, nuli nyebrakake kendhaline lan kudha-kudha padha kaget lan nyengkakake narik kretane. Sakala, panah Pasopati mlesat saka gendewa. Pindha tathit panah Pasopati tumancep ing janggane Adipati Karno lan mungkasi yuswane. Adipati Karno putrane Dewa Surya gugur ana ing papan palagan Bharatayudha minangka Kembang Kurusetra.***(Amat Sukandar). Digelar ing Pondok Seni & Budaya Boediardjo, BorobudurLakon Bharatayudha ‘Kembang Kurusetra’LiputanDrs. H. Teguh Biantoro maringake sertifikat ndhalang marang dhalang Ki Setyo Nur Wicaksono(Ft. Amat S)Perang tandhing antarane Werkudara lan Dursasana (Ft. Amat S)
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 21 Nasib PanjenenganKanggo mangerteni nasib panjenengan ing minggu iki, kaetung dina lan pasaran (weton lan kelairane) banjur kagunggung. Asil gunggungan kasebut kacocogake karo gunggunge neptu dina kaya kang kabeber ing dhuwur. Dina-dina: [Ahad=5], [Senen=4], [Selasa=3], [Rebo=7], [Kemis=8], [Jumat=6], [Setu= 9]. Pasaran: [Paing=9], [Pon=7], [Wage=4], [Kliwon=8], [Legi=5]Neptu 7 Pakaryan sing bisa ditandangi tumuli enggal rampungna supaya bisa trumandang liyane. Pangupaboga: akeh kalodhanagn sing bisa dimanpangatake. Rejeki: ora kendhat. Asmara: cocok. Dina Becik: Setu Wage. Kesarasan: ngurangi kecut lan pedhes sarta asin. Memitran: tetanggan iku sing akur.Neptu 8 Becik ketitik, ala ketara iku pancen nyata, mula senenga tumindak becik marang sesama. Pangupaboga: yen ditlateni bakal dadi, yen ditemeni bakal ngrejekeni. Rejeki: sempulur. Asmara : sengsem. Dina Becik: Minggu Pon. Kesarasan: oleh raga iu becik kanggo kasarasan. Memitran: cerak.Neptu 9 Kesuksesan iku ora teka saideg saenyet nanging bukti wektu lan kupiya sing temanan. Pangupaboga: akeh kalodhangan kanggo mekarake usaha anyar. Rejeki: dalidir. Asmara: kangen. Dina Becik: Rebo Legi. Kesarasan: sarapan esuk iku wigati kanggo jaga kasarasan. Memitran: rukun.Neptu 10 Tresnaa marang pepadhamu dikaya nresnani awakmu dhewe iku becik lamun ditrapake. Pangupaboga:rejeki sing diolehake nganggo kringet bakal kenthel. Rejeki: numpuk. Asmara: sengsem. Dina Becik: Selasa Kliwon. Kesarasan: sare ora kewengen. Memitran: sangsaya rumaket.Neptu 11 Seneng nggresula lan ngadhuh alah iku mung ngribeti lakune urip mula aja dikulinakake. Pangupaboga: ora ana kesuksesan sing teka karepe dhewe. Rejeki: gemrontol. Asmara: manteb. Dina Becik: Kemis Paing. Kesarasan: sehat iku nentremake ati, mula tansah udinen. Memitran: ora lali.Neptu 12 Wong tuwa iku ibarat pusaka sing perlu dipepetri supaya paring berkah lan keslametan. Pangupaboga: Kabeh gaweyan iku becik anane. Rejeki: wutuh. Asmara: manteb. Dina Becik: Jumuwah Pon. Kesarasan: Aja seneng ngumbar Kaanepson, iku ora becik. Memitran: ora bisa lali.Neptu 13 Akeh pengalaman wingi sing bisa kanggo sangu leladi ing madyaning masarakat. Pangupaboga: yen ditlateni mesthi bakal dadi, aja was sumelang. Rejeki: sempulur. Asmara: cocok. Dina Becik: Rebo Legi. Kesarasan: diakehi dhahar sayur lan buwah amrih lancar Memitran: rumaket.Neptu 14 Tantangan urip sangsaya akeh lan warna-warna kudu wani ngadhepi kanthi waskita. Pangupaboga: akeh kalodhangan sing bisa dimanpangatake. Rejeki: ora kendhat. Asmara: tlaten. Dina Becik: Jumuwah Pon. Kesarasan: ngurangi asin lan pedhes, sare ora kewengen. Memitran: rukun. Neptu 15 Beja lan cilaka iku ora uwal saka panggawene dhewe, mula sing waspada lan ngati-ati. Pangupaboga: yen ditekuni lan ditandangi bakal dadi. Rejeki: tumumpuk. Asmara: grengseng. Dina Becik: Rebo Legi.Kesarasan: diakehi dhahar sayur, sare ora kewengen. Memitran: wis kaya sedulur. Neptu 16 Akeh pengalaman kepungkure sing bisa kanggo kaca benggala, aja seneng sembrana. Pangupaboga: majune usaha saya butuhake kerja sama karo liyane. Rejeki: lumintu. Asmara: sengsem. Dina Becik: Minggu Pon. Kesarasan: perlu gizi seimbang, ngaso. Memitran: aja gawe gela.Neptu 17 Ngecakake kawicaksanan iku sing ngati-ati supaya bisa mahanani kahanan sing kepenak. Pangupaboga: akeh kalodhangan kanggo mekarake usaha anyar. Rejeki: sempulur. Asmara: sengsem. Dina Becik: Senen Wage. Kesarasan: olah raga kanggo jaga kasarasane salira. Memitran: saya kangen.Neptu 18 Senenga gawe sesuluh marang wong sing lagi mlaku kepetengen lan mlaku kelunyon. Pangupaboga: rejeki tinemu ing sembarang papan sauger diudi temenan. Rejeki: dalidir. Asmara: greget Dina Becik: Selasa Kliwon. Kesarasan: sehat iku bahagia, mula udinen. Memitran: kelingan. *Kawiwitan Minggu Pon, 9 Oktober 2022 (13 Mulud 1956 Ehe) ketug Setu Wage, 15 Oktober 2022 (19 Mukud 1956 Ehe). Klebu Wuku DUKUT Bocah lair minggu iki: dewane Bathara SAKRI, wateke keras budine, awatak prajurit. Manuke: ayam alas, wateke lantip pikire, pinilala wong agung, pinercaya guneme, gedhe piyangkuhe kang nekakake kabegjan. Kayune: pandhan wangi dumunung ing sepi, wateke drengki. Ngungkurake gedhong, wateke gemi gelem sugih. Nyekel keris ligan: wateke lantiping pikir tansah prayitna, sabarang kang katon kudu dingerteni. Lambange: nyerang ing tata, wateke rupak budine. Candrane: wohwohan andadi, samangsa koncatan pengayoman gampang kemlaratane. Sambekalane: saka giris mulat getih. Bilahine: jalaran kaget. Panulake bilahi: sedhekah sega golong dangdangan beras sapitrah, iwake panggang pitik ireng mulus dipecel, santen lan jenang abang. Slawate: 5 keteng. Dongane: slamet pina. Kala wuku: ana elor. Pranata Mangsa: Mangsa KELIMA, suwene 27 dina, wiwit Jumuwah, 14 Oktober 2022 ketug Rabu Wage, 9 November 2022. Candrane Mangsa KELIMA: “Pancuran Emas Sumawuring Jagad”. Werdine: tibane mangsa udan, hawa anyep kedayan tibane udan saben dina, empon-empon wiwit kembang, sesawangan alam endah, manuk-manuk padha ucul, perlu waspada banjir lan lan longsor.
22 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe Padhalangan6Ing Taman Kadilengleng.Anenggih ingkang wonten ing Taman Kadilengleng Nagara As tinapura. Prasasat gebyargebyar ingkang sarwi sesotya. Gapuraning taman yekti pinathik lawan mas, kumala, inten, myang manik mutiyara manikem. Pranyata sembada tuhu bangkit anyuremaken soroting konang bagaskara. Endah, edi, miwah peni swasana lamun kalacuting panyandra tan kantenan ing rahina kalayan ratrine. Kalamun ratri pindha rahina, lamun rahina wimbuh anelahi.Prandene ingkang kepareng angrenggani, pranyata punika garwa prameswarining sang katong Prabu Duryudana, putri saking Nagari Mandaraka sesilih Dewi Banowati. Mancorong sesotyane ngantya karya sulap lawan ingkang nyenyawang. Lamun bombong katon mencorong, kalamun besengut wimbuh patut. Ingkang kepareng anjajari lenggah punika ingkang putra estri sesilih Dewi Lesmanawati.Jroning batos sang Dewi Banowati mangangin-angin pangabaran. Ewuh aya ing pambudi, yektine Banowati wus karaos lan rumaos lamun Pandhawa kenging apus krama. Ing sakala, kadadak praptaning Raden Abimanyu kalawan Raden Gathutkaca ingkang kendhang tuwin kapracondhang kang ing tembe kabalangaken dening Ki Lurah Semar. Gya dhawah kalenggah wonten ing Taman Kadilengleng.Leng-lenging driya mangumangu/ Mangunkung kandhuhan rimang/ Lir lena tanpa kanin/ Yen tan tulus amengku sang dyah utama.Dewi Banowati: “Bat, tobat, tobat! Iki kaya si Angkawijaya! Lesmanawati, kuwi adhimu Abimanyu keneng apa? Diage enggal usadanana, Lesmanawati!”Lesmanawati: “Yayi, Abimanyu. Si adhi kena apa, Dhimas!”Raden Abimanyu: “Adhuh, nyuwun agenging pangaksami dene ingkang putra sampun keladuk wantun dhumawah wonten ing Taman Kadilengleng, Kanjeng Ibu Banowati.”Dewi Banowati: “Iya, nanging janjane keneng ngapa, kok kowe tumiba saka ing gegana, Angkawijaya! Bat, tobatt! Lesmanawati, diage adhimu usadanana aneng Keputren kana!”Wau ta, sigra Dewi Lesmanawati anganthi Raden Abimanyu mrih denusadani. Kocap, gantya ingkang kinocap. Ingkang wonten ing madyaning Alun-alun Nagari Astina, kawistara Prabu Duryudana kalawan Begawan Kilat Buwana nenampi praptaning Raden Arjuna, Raden Bramakara, miwah Raden Indrasekti kang wus sembada mrajaya panakawan. Gya angaturaken wujuding gendhaga isen awuning panakawan. Kilat Buwana: “Putraku, Ngger Arjuna. Raharja sapraptamu, Kulup. Bramakara klawan Indrasekti, rahayu lan satekamu.”Raden Arjuna: “Awit pangestu jengandika, Bapa Panemban Kilat Buwana, raharja ing lampah kula. Sembah pangabekti kula katura paduka, Bapa Begawan.”Kilat Buwana: “Iya daktampa gawe gedhene atiku. Janaka, paran pawartane nalika ing uni dakutus amrajaya Semar? Banjur kang kokgawa kuwi apa, Arjuna?”Raden Arjuna: “Oh, Panembahan, yektinipun ingkang putra bangkit sembada mrajaya lan Kakang Semar lawan saputranipun. Prandene ingkang kula bekta punika wujuding gendhaga isi pun awu, tilasanipun sariraning panakawan.”Begawan: “Lho, panakawan kokobong, Janaka?”Raden Arjuna: “Kasinggihan mekaten, Panembahan.”Kilat Buwana: “Oh, Arjuna, sejatine kang dakkarepake yaiku kwandhane Semar Badranaya lan anak-anake, ora kok awu tilasane pangobaran. Nanging iya ora dadi apa. Sanyatane putraku Janaka wus bangkit sembada mateni panakawan.”Prabu Duryudana: “Salajengipun kados pundi, Panemban?”Kilat Buwana: “Iya, Ngger Suyudana. Gandheng kwandhane panakawan kang wujude awu kelakon dakgawa, daya-daya pun bapa nyranani lawan rukune Pandhawa sarta Kurawa. Arjuna, age dhawuhana marang kadangmu para Pandhawa supaya nyaket lan para Kurawa kene. Lan kowe Bramakara uga Indrasekti, rumeksaa kayuwanan samangsa bapa arsa miradati klawan rukuning Pandhawa sarta Kurawa.”Katungka praptaning nyai emban ingkang munjuk wuninga marang Prabu Duryudana. Ing panginten, jroning Keputren kadhatengan duratmaka.Nyi Emban: “Adhuh, Sinuwun, lepat kula diagunga aksama!”Prabu Duryudana: “Bocah nyai, mlayu-mlayu, enek apa!”Nyi Emban: “Keparenga munjuk atur, Gusti. Kawuninganana bilih ing Keputren samangke, kalebetan maling duratmaka.”Prabu Duryudana: “Wa, keparat!”Kilat Buwana: “Bramakara, Indrasekti, aja meneng wae!”Jumangkah satriya kalih putraning Begawan Kilat Buwana. Arsa mrepegi duratmaka ingkang teka. Wonten ing Keputren, Raden Abimanyu kalayan Raden Gathutkaca wus satata dhumateng tekaning satru. Siyaga lawan praptaning Raden Indrasekti miwah Raden Bramakara.Sigra cancut gumregut/ Ngembat watang ngrabasa mungsuh/ Tangkep jaja kantaran bahu sayekti/ Lena-lena prapteng lampus/ Sirna 12
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 23madyaning palugon.Raden Indrasekti: “Wa, ana maling aguna kang sajake arsa nyidra marang sekar kedhatone praja! He, maling, aranmu sapa?”Raden Abimanyu: “Abimanyu kang dadi kekasihku. Kowe iku sapa? Yekti dudu pawongan ing Astina.”Raden Indrasekti: “Putrane Begawan Kilat Buwana, aranku Indrasekti. Pakaryanku rumeksa kayuwanan Astina kene!”Raden Bramakara: “Kang dedege pideksa, sapa aranmu?”Raden Gathutkaca: “Satriya Pringgodani. Gathutkaca, aku! Kowe sapa?”Raden Bramakara: “Putra pambayuning lan sang begawan, Bramakara aranku! Maling, manuta dakbanda tanganmu!”Raden Gathutkaca: “ P r a n y a t a b u d i daksembadani. Bangga dakrampungi!”Raden Indrasekti: “Wah, kelakon mati dening aku, keparat!”Raden Abimanyu: “Ayo, majua leganing atiku!”Sakala prang tandhing antawis Raden Abimanyu lumawan Raden Indrasekti, lan Raden Gathutkaca mengsah Raden Bramakara. Tangkep jaja kantaran bahu. Wasana, unggul tandanging satriya kekalih inggih putra Pandhawa.Mulat rawuhing Prabu Sri Bathara Kresna anganthi marang Resi Badrapurnama twin sagung putra, ingkang yektosipun para panakawan. Katampi rawuhing sang nata dening para Pandhawa ing Alun-alun Praja Astina. Ingkang sayekti wus uninga lamun kenging apus krama klawan Kurawa.Prabu Kresna: “Lho, Werkudara, kok nglungani lan Begawan Kilat Buwana?”Raden Werkudara: “Waa, satemene aku wis ngerteni lamun Pandhawa kena blithuk! Kresna kakangku, tulungana aku!”Prabu Kresna: “Bratasena, Bratasena, besuk maneh mbok kang prayitna ngati-ati ta, Yayi! Resi Badrapurnama, mara diage sirnakna reridhu kang sinandhang lan adhiadhiku!”Badrapurnama: “Nun inggih, Sinuwun. Ayo, Lintang Aking, Lintang Bladhu, klawan Lintang Katiga. Kinaryaa tetulung marang sasama!”Ing sakala, sigra Resi Badrapurnama mapagaken ingkang dados reribeding para dharah Kuru. Kawistingal Begawan Kilat Buwana kapapagaken kalawan Resi Badrapurnama. Dupi wus satata, mangkana ungeling kandha.Badrapurnama: “Aa, ah, ana pandhita kakanthi wong loro. Sapa peparab, jejuluk, sarta, kekasihmu, Kilat Buwana?”Kilat Buwana: “Lho, iki sapa? Dene wis wanuh marang Kilat Buwana. Sang resi, aku ora ngerti karo ndika! Sapa, ndika!”Badrapurnama: “Muga selawase kowe ora weruh aku, yah. Badrapurnama peparabku. Ayo kowe gelem semingkir saka kene apa ora, hmm?”Kilat Buwana: “Babo! Wani mancah Kilat Buwana! Kelakon sirna saka pangarepanku!”Badrapurnama: “Ae, apa nyata jeleh ing kanyatan, wong iki! Nya, mara tampanana aji-ajiku iki, Kilat Buwana!”Gya Resi Badrapurnama anandhingi marang Begawan Kilat Buwana. Nuli Resi Badrapurnama namakaken pangabaran kalawan Begawan Kilat Buwana. Dupi asor ing yuda, sakala sirna blegering Begawan Kilat Buwana badhar dados Sang Hyang Bathara Guru. Dene Raden Bramakara miwah Raden Indrasekti badhar dados Bathara Brama ugi Bathara Indra. Sanalika anyarengi badharing Resi Badrapurnama sagung putra dados panakawan.Semar: “Apa pancen wus jeleh anggonmu dadi ratune para dewa, hmm, Bathara Guru! Dewa kok clandhakan tekan ing madyapada! Kepiye karepmu, hmm?”Bathara Guru: “Oh, Kakang Ismaya, aku wis nglenggana ing kaluputan. Gedhening keluputanku, dakjaluk pangapuramu, Kakang Nayantaka.”Semar: “Hu, pancen ora malih watakmu! Wis age kana balia aneng kahyangan yen ora kepengin daklungguhi dhampare para dewa!”Bathara Guru: “Iya, Kakang. Kalilanana aku pamit.”Sirna sakehing memala ingkang katemben dumadi wonten ing madyapada. Nenggih ingkang kasandhang dening para Pandhawa. Daya-daya sagung Pandhawa tumunten kondur ing Praja Amarta. Dene samya arsa amemuji sokur, krana ing kalenggahan samangkih maksih pinayungan rahayu. Dadya purnaning kanang carita.[sigeg]“Oh Panembahan, yektinipun ingkang putra bangkit sembada mrajaya lan kakang Semar lawan sak putranipun, prandene ingkang kula bekta punika wujuding gendhaga isi awu, tilasanipun sariraning panakawan”
24 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe Crita RakyatKEJAYAAN KERTANEGARAING pungkasane, Tohjaya putrane Ken Arok saka garwa ampeyan kang asmane Ken Umang nyumurupi bab sedane Ken Arok. Ken Arok diperjaya dening Anusapati kanthi bantuan Ki Pangalasan. Sabanjure kanggo ngilangake tilas, Anusapati uga merjaya Ki Pangalasan. Nanging, kedadeyan kasebut diweruhi dening Tohjaya. Mula tanpa mikir dawa, Tohjaya banjur merjaya Anusapati sing lagi asyik adu jago kanthi nggunakake keris Mpu Gandring. .Kanthi sedane Anusapati, Tohjaya banjur nggayuh keprabon Singosari ngganteni kalungguhane Anusapati. Tohjaya jumeneng nata ing Kerajaan Singasari ing taun 1248. Nanging, durung nganti suwe wis ngadhepi pembrontakan-pembrontakan. Akeh prajurit lan rakyat Singasari sing ora setuju karana dheweke mung putra ampeyan. Ing sawijining pembrontakan kang dumadi ing taun iku uga, Tohjaya tatu arang kranjang, lan pungkasane tinggal donya.Tahta Singosari mudhun marang putrane Anusapati kang asmane Ranggawuni kang nduweni gelar Batara Wisnuwardana. Dheweke dibantu dening sedulur misane kang asmane Mahisa Campaka, putrane Mahisa Wongateleng. Mahisa Wongateleng yaiku putrane Ken Dedes patutan karo Ken Arok.Ranggawuni duwe putra kakung kang asmane Kertanegara. Sawetara iku, Mahisa Campaka duwe putra kakung kang asmane Lembu Tal. Lembu Tal duwe putra kakung asmane Raden Wijaya.Ing jaman pamarintahan Ranggawuni utawa Wisnuwardhana, kahanan Kerajaan Singasari ayem tentrem kertaraharja. Crita sedhih ing jaman kapungkur wis ilang saka pocapan, sabanjure ginanti karo dina kang sarwa nyenengake. Ranggawuni jumeneng nata ing Kerajaan Singasari suwene ana 20 taun. Ing taun 1268, Ranggawuni puput yuswa. Kunarpane didharmakake ing Candhi Jago. Minangka penggantine yaiku Kertanegara.Kertanegara uga kaya ramane, dadi raja kang duweni gegayuhan njembarake wilayahe nganti jaban Pulo Jawa. Ing pamarintahane, Ranggawuni kondhang minangka raja kang tegas lan wicaksana. Ranggawuni dibantu dening Patih Raganatha. Kejaba iku, uga dibantu putra mantune leloro, yaiku putrane Lembu Tal kang asmane Raden Wijaya lan Ardaraja putrane Jayakatong (Jayakatwang) saka Kediri.Jayakatong keturunan Wangsa Isyana saka Kediri sing kerajaane direbut dening Ken Arok ing taun 1222. Nadyan putrane wis dipek mantu dening Kertajaya, Jayakatong panggah nganggep Kertanegara lan Singasari iku mungsuh leluhure. Iku sebabe Jayakatong ora seneng karo besane.Ing jaman pamarintahane, Kertanegara ngowahi undangundang lan peraturan negara. Sabanjure, ngganteni karo sing luwih tegas. Tindakan tegas liyane, yaiku ngganteni aparat pamarintah kang wis lansia karo sing isih timur. Tuladhane, ngangkat Banyak Wide dadi Adipati ing Madura kanthi gelar Arya Wiraraja. Tindakan tegas saka Kertanegara kasebut wis ngundang beda panemu, utamane saka patihe dhewe Raganatha sing umure wis tuwa. Tindakan Kertanegara dianggep kurang wicaksana, kurang cocog karo tata cara kang wis ditindakake dening leluhure.“Kawicaksanan ingkang Patih Ragantha maksudaken menika kawicaksanan ingkang kados pundi?” pitakone Kertanegara.“Pangapunten Kanjeng Prabu, kawula namung kepengin ngaturaken angen-angen kemawon. Kanthi mindhahaken Banyak Wide dhateng Madura, sami mawon kalihan lampus dhiri? Kathah masarakat ingkang nganggep Kanjeng Prabu kirang wicaksana.”“Ooo, mekaten panemunipun Kakang Patih?” tumanggape Kertanegara kanthi sinis. “Napa malih menawi gadhah maksud nyingkiraken Banyak Wide, damel napa maringi jabatan Adipati wonten Madura. Adipati sanes jabatan alit! Adipati gadhah kebebasan 01
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 25lan kekuasaan ageng. Dados, cethanipun napa ingkang Kang Patih aturaken menika boten sami kalihan kasunyatan. Malah suwalikipun, aku cubriya Kakang Patih, aja-aja Kakang Patih rumangsa iri!”Mendahneya kagete Patih Naganatha wis dicubriyani Prabu Kertanegara minangka wong kang kurang mampu lan asring ora sarujuk kawicaksanan raja.“Pangapunten Kanjeng Prabu, napa ingkang kula aturaken namung damel kapentingan Kanjeng, damel asma sae lan wibawa Kanjeng.”Kertanegara mesem lan ngutus Patih Raganatha bali menyang kepatihan. Kertanegara njingglengi putra mantune leloro, Raden Wijaya lan Ardaraja.“Kaya apa sing kok rungokake dhewe yen Patih Arganatha pranyata ora kena dipercaya. Nah, sliramu Wijaya, timbalana Aragani lan aturana sowan mrene. Lan sliramu Ardaraja, aturna nawala iki marang Patih Raganatha ing kepatihan!”“Kepriye Kakang Wijaya?” pitakone Ardaraja nyoba meruhi batine Raden Wijaya. “Tak kira apa sing diaturake Ki Patih ora kabeh salah.”“Kita pancen wis meruhi kemampuan lan kajujuran Ki Raganatha. Ning, kerikeri iki dheweke ora nyenengake Kanjeng Rama. Ora kabeh sing diaturake iku salah, ning dhawuhe Kanjeng Rama yaiku kaputusan negara, Adhiku.”Sawetara wektu Ardaraja njingglengi Raden Wijaya kanthi pandengan ngira-ngira. Ning, nalika Raden Wijaya takon, Ardaraja mung mesem.“Kita pancen mung nindakake perintah raja,” kandhane. “Ah, saupama kita iki raja ,,,”Tembung-tembunge Ardaraja mancep ing kupinge Raden Wijaya. “Saupama kita iki dadi raja …” Sacara ora langsung Ardaraja kepengin dadi raja? Muncul prasangka ing batine Raden Wijaya marang etikat Ardaraja. Ardaraja keturunan Wangsa Isyana, mungsuh Kertanegara. Ora mustahil yen sawijining dina bakal nyerang Kertanegara. Mangkono, batine Raden Wijaya. Nadyan mangkono, kecubriyanane iku banjur disingkirake saka pikirane. Kecubriyanane bisa njalari duweni sikep dendham.Ardaraja age-age tumuju Kepatihan kanggo nemoni Patih Raganatha. Patih tuwa iku kabener lungguh karo nglamun nalika dheweke muncul diterake nayaka kepatihan.“Anakku Ardaraja. Ketoke sliramu kesusu. Apa kang dumadi marang Gusti Kertanegara?”“Dalem namung dipun utus ngaturaken serat menika saking Kanjeng Rama.”Patih Arganatha nampa nawala iku kanthi tangan gemeter. Menengmeneng Ardaraja weruh owahowahan pasuryane Patih Raganatha kang malih pucet nalika maca isi nawala iku. Sabanjure, dilempit maneh nawala iku lan banjur ambegan landhung.“Muga-muga sliramu minangka generasi mudha bisa ngampingi Kanjeng Prabu,” ngendikane Raganatha sinambi ndelehake nawala.“Napa ingkang dumados kalihan panjenengan Wa Patih? Lajeng napa maksud dhawuh-dhawuh panjenengan niku?”“Wiwit sesuk aku bakal pindhah menyang Tumapel lan dadi Adyaksa ing kana. Aku ora nglenggahi patih Singasari maneh,” pangandikane Raganatha kanthi pangrasa pait. Dheweke dipocot minangka patih lan diudhunake pangkate dadi Adyaksa. “Gusti Kertanegara pancen bener. Pikiranku sing wis tuwa ora mungkin cocog karo gagasane bocah enom.”“Dados, nawala menika minangka tandha nglereni panjenengan.”“Sing ngganteni aku Aragani, wong sing sasuwene iki cedhak karo Kanjeng Prabu.”Ardaraja aweh kawigaten. Kosok balikane, Patih Raganatha katon tenang kaya ora ana masalah apa-apa.“ S i n g w i g a t i dudu kekucah lan k a l u n g g u h a n e , ” kandhane Raganatha sabanjure. “Sing wigati yaiku etikad lan niat saka pengabdian iku dhewe. Anakku Ardaraja, tulung aturna marang Kanjeng Prabu yen sakabehe wis taktampa.’Kalungguhan Patih Singasari saka Raganatha dialihake marang Aragani kanthi gelar Panji Anengah. Patih Panji Anengah pranyata luwih cocog ngampingi Kertanegara karana patih timur iku duweni jiwa dinamis kang meh padha karo Prabu Kertanegara. Karana iku Prabu Kertanegara seneng banget marang dheweke. Prabu Kertanegara mbutuhake pejabat sing dinamis lan kebak daya juang. Nanging, yen Prabu Kertanegara nglereni Patih Raganatha saka kalungguhane, ora ateges Raganatha ora dikanggokake, nanging karana Prabu Kertanegara nganggep Raganatha wis ketuweken kanggo nglenggahit minangka wakile raja. [Ana candhake]
26 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 EheDina iki aku digawe judheg. Sapa meneh yen dudu dhosenku. Lha piye tugas kuliyah semene akehe kok dikon ngrampungake sewengi. Gek mangka kudu difoto kopi rangkep lima. Sidane daklembur. Dina iku karo mbengine. Senajan mata mbeyuyut njaluk diremake. Nanging dakpeksa ngrampungake tugas mau. Aku emoh semester ngarep mbaleni. Mripat ngantuk daksogok kopi kenthel. Jam 3 esuk sidane garapanku lagi rampung. Senajanta sedhela aku banjur ngeremake mripat. Senajan jam 5 wis tangi meneh sholat Subuh. Jam sanga aku age-age menyang poto kopinan. Motor daktumpaki nggawa awakku banter banget. Jian pancen aku kesusu banget. Amarga selak kekoyak wektu. Jam 10.00 WIB Garapan semesteran kudu wis dikumpul. Pikiran rada kacau. Antarane numpuk garapan karo gaweyan liyane. Sigegke cerita dina kuwi aku kuwur. “Mas poto kopi rangkep lima ya,” “Iya. Kok sajak kesusu Pak?’“He eh je,” panjawabku cekak aosRampung aku banjur mulih. Tekan jero ngomah aku tata-tata sing arep dakgawa. Klebu poto kopinan daklebokake tas ransel kerjaku. Mak gredheg, aku mlebu garasi. Karepku njupuk motor. Blaik. Gandrik galih asem putune Ki Ageng Sela. Kaya ngapa kagetku motor sijisijine ora ana garasi. Aku kontrangkantringan. Wong ngomah padha ora ngerti. Sidane grayah-grayah nyandhak hand phone.“Selamat pagi Pak. Mau lapor.”Sidane aku lapor polisi dak critakake kabeh. Merek motore, nomer plate, wernane motor, kapan ilange lan sapanunggalane. Nganti urut banget. Jian kumyur tenan pancen. Gaweyan akeh. Butuh nggedhabyah. Uteg kaya asring lola lali. Sidane aku mung dhelegdheleg kelingan motor mung siji sing ilang. Gek arep nganggo teken apa aku nyangdi-nyangdi. Nek mlaku apa ya klakon. Kamangka iki arep ngumpulake tugas. Pancen edan tenan. Hemm mula ta mula ora usah kumyur. Ora usah kesusu mundhak ora apik kedadeyane. Simbok lan bapakku nalika isih sugeng tansah ngelingake aku. Supaya sareh menawa ngadhepi gaweyan sing akehe sepira wae. Awit yen kesusu ora apik tembe burine. Sidane aku pesen gojek kanggo ngumpulake tugas menyang kampus. Yen ora dakkumpulake wedi yen aku ora oleh biji. Kamangka kuliyah kanggoku wigati banget. Senajan umurku wis 52 taun ora bakal aku miyur ngedhepi kuliyah. Kepara malah dadi srana kanggo aku golek rejeki lan ngelmu. Kanthi aku kuliyah aku bisa dodolan werna-werna marang dhosen lan kanca-kancaku. Aku mono megawe sembarang. Mligine dodolan prodhuk obat herbal lan uga pijet. Kejaba kuwi uga ngukur tensi lan cek cepet, ya gula, ya kolesterol, asam urat lan sapanunggalane. Uripku pancen mili nut lakune karep. Pengin kuliyah ya kuliyah. Ora gantalan wektu gojek sing daktumpaki wis tekan kampusku. Dak bayar nuli aku njujug menyang papan kanggo numpuk tugas kuliyah. Senajan isih karo bingung lan ora jenjem sebab motorku ilang. Ananging siji gaweyanku wis rampung. Rada plong, senajanta endhasku isih mumet kaya digubet maneka rasa. Lha piye ora bingung, motor siji-sijine. Olehe golek dhuwit kanggo tuku motor wae angel tenan. Kudu nabung tetaunan. Lah kok iki mung mak lap ilang ngono wae. Yen dak rasak-rasakake pancen nelangsa tenan. Tumrape wong dodolan obat, pijet lan ngukur tensi motor wis dadi bandha kang aji. Apa meneh bisa ngeterake menyang ngendi wae. Yen ngene iki rak dadi cotho. Mlaku dodolan obat utawa ngrampungi gaweyan dadi sarwa sarwi ribet. Ananging ditangisana nggriyeng, pindha eluhe asat, motorku ya tetep ilang. Mung muga-muga wae pak polisi bisa nemokake malinge lan Crita Cekak
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 27motorku bali.Dina iki aku pancen niyat ora arep megawe. Sebab aku isih lungkrah. Ora duwe karep. Aku mung arep neng ngomah wae karo ndedonga. Mula aku banjur mulih. Sidane nggojek meneh. Dadi iki mau menyang mulih numpuk tugas aku numpak gojek. Ora kurang seka dhuwit patang puluh ewu bablas. Kamangka golek dhuwit samono ya ora gampang. Kepara malah angel. Beda karo pegawe kang saben sasine wis dibayar dening rakyat. Pindhane ana pandhemi Covid 19 kang nrajang negara, nek pegawe tetep panggah. Oleh bayaran. Ora dicowok meneh. “Mas terke mulih nurut map kuwi ya,” ngono gunemku marang tukang gojek.“Nggih Pak. Anggenipun nitik mpun pas ta Pak?”“Iya Mas. Pas nggon omahku,” ngono kandhaku nyauri pitakone mas gojek.“Mpun asring gojek napa Pak?”“Ya nek asring ora Mas. Nek kadhangkala iya. Iki mau aku nggojek merga aku lagi apes kok Mas. Oleh pacoban saka Gusti Allah,” panerangku.“Weh, kenging napa je Pak?”“Anu je Mas. Motor sing tak tresnani. Motor siji-sijine. Motor sing dakduweni kanthi laku prihatin digondhol maling. Pancen maling edan. Maling kurangajar, maling ora ngerti tatanan,” aku malah bisa nyuntak mangkelku.“Nggih sareh Pak. Sabar. Kula tumut prihatin. Mugi-mugi motore enggal saged pinanggih.Ora krasa gojek wis udakara 20 menit nggawa aku mulih. Dalane rame banget. Kepara angger nggon bangjo kaya-kaya macet merga saking jejel riyel. Hawane panas. Srengengene uga sumelet. Kaya arep mbenthet-benthetna sirah. Ditambah ati goreh pikiran kuwur. Mulihku ngliwati dalan Paris mengalor banjur Brigjend Katamso, bablas prapatan Gondopalan, metu dalan Ahmad Dahlan banjur metu prapatan Wirobrajan. Menggok manengen liwat dalan H.O.S Cokroaminoto. Mak lappp…..pyurr kepyur….Mas gojek bablas tak sablek awake sarosaku.“Siikkk…sikkk…sikk Mas!!!!”“Onten napa Pak?” pitakone.“Balik Mas!”“Balik???,” mas Gojek sajak bingung mung nuruti balik ngono wae.“Hopppp…..hopppp…hoop Mas!!! Mak gabrus!!! Motor werna ireng plisir ijo, plat AB 4477 CD langsung tubruk. Slamet nangis ngglolo. Motor sing atose kaya ngono diruket-ruket kaya nguleng bojo. Suwe-suwe mak bleret. Slamet semaput. Bul mung lali. Cunthel!!!***Sidane aku pesen gojek kanggo ngumpulake tugas menyang Kampus
28 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 EheWacan BocahNuju sawijining dina, Raden Banterang, nindakake bebedhag ing alas, golek kewan, kanthi didherekake pirangpirang prajurit pangiring. Embuh kepiye mula bukane, ngreti-ngreti Raden Banterang pisah karo para pendhereke, dadi kari tindak ijen, nganti tekan sacedhaking kali.Ing pinggiring kali ana kenya sulistya ing rupa, pinuju methiki kembang. Raden Banterang nyumurupi kenya kang ayu mau, dadi kasengsem lan kepranan.“Jagad wasesaning bathara,.....apa ingsun iki ngimpi? Kok ing tengahing alas gung liwang-liwung, ana kenya sulistya ijen tanpa kanthi.......” kandhane Raden Banterang. Sabanjure, Raden Banterang takon marang wanita kasebut.“Ki sanak, nyuwun sewu keparenga kula tanglet, panjenengan menika titah limrah, menapa dewi ingkang saweg tedhak ing madyapada? Kok boten wonten ingkang ndherekaken? Badhe tindak dhateng pundi?” pitakone Raden Banterang.“Inggih, kula Surati, putri Raja Klungkung.........,” wangsulane kenya kasebut.Raden Banterang banjur meneng nganti sawetara. Ing batin, dheweke ngreti, yen sing nyrebu lan nyerang krajaan Klungkung iku ramane dhewe. Prabu Menak Prakosa.Nyumurupi kacintrakane Surati. Raden Banterang thukul rasa welas lan trenyuh marang Surati. Sabanjure putri Raja Klungkung kang jeneng Surati kasebut, dening Raden Banterang diboyong menyang kraton. Ora antara suwe, Surati banjur dipundhut garwa dening Raden Banterang. Sawijining wektu Dewi Surati mlaku ijen, ing sajabaning kraton. Dumadakan, ketemu karo priya, kang sandhang panganggone pating slawir.Priya mau bengokbengok nyelukake putri Surati“Surat, Surati!”Dewi Surati kaget, krungu jenenge diundang-undang. Dening Surati, priya mau ditamatake nganti sawetara. Dewi Surati, suwe-suwe kelingan, yen priya kang sandhangane pating slawir mau jebul kangmase kandhung.“Adhuh Kangmas, boten nginten yen kula saget pinanggih malih kalihan Kangmas wonten papan ngriki. Sangretos kula, Kangmas sampun seda sesarengan kanjeng rama nalika perang ageng rumiyin Kangmas!” ngono kandhane Dewi Surati sinambi nangis.“Dhiajeng Surati, sira kenya kang kurang pamikir. Ngapa sira gelem digarwa dening satriya kang kulawargane wus merjaya kanjeng rama, hei? Saiki aku arep njaluk ijol nyawane kanjeng rama. Utang pati, ya kudu nyaur pati.”“Kersanipun Kangmas kadospundi?” pitakone Dewi Surati.“Raden Banterang nedya dak pateni! Dak jaluk Dhiajeng bisa sabiyantu karo rancanganku iki............” wangsulane kangmase.“Punten dalem sewu Kangmas, kula kepeksa boten sabiyantu kalihan kersa panjenengan.......”“Lho, lha sebabe?”“Raden Banterang menika, saderengipun nggarwa kula, piyambakipun ingkang nylametaken lan nulungi kula, nalika wonten ing madyaning wana. Kula rumaos kepotangan budi kalihan Raden Banterang. Menapa malih samenika dados garwa kula............”Krungu pratelane Dewi Surati, kangmase rumangsa kuciwa.Sawijining dina, Raden Banterang pinuju bebedhag ana alas golek kewan. Nalika lagi ngoyak kidang, dheweke kepethuk wong ngemis.kang nyedhaki dheweke. Wong ngemis mau kandha: ”Raden Banterang, kula madosi paduka wonten pundi-pundi. Sokur, dene saget pinanggih wonten ngriki,” kandhane wong ngemis mau.“Lho, ana wigati apa kok kowe goleki ingsun hei?”“Ndadosna pamriksa, bilih wonten ingkang badhe ngarah seda paduka...”“Kowe aja mung waton bisa ngucap hei, .........sapa kang ngarah sedaningsun?” pitakone Banterang gempung“Boten sanes inggih garwa dalem Raden..... ,” kandhane wong ngemis mau kang sejatine isi pitenah. Krungu katrangane wong ngemis mau, tanpa ditlesih luwih dhisik, Banterang banjur duka yayah sinipi. “Surati ingsun ora ngira, yen sira bakal ngarah sedaningsun. Kok licik kowe Surati............” panggetake Raden Banterang marang Dewi Surati garwane.“Mangke rumiyin Kangmas, kula boten nate gadhah niyat nyedani paduka.”Raden Banterang wus ora kena diampah dukane. Surati banjur diglandhang tumuju sapinggiring sendhang.“Kowe kudu mati sadurunge kowe mateni ingsun Surati......!!”“Inggih ngaten Kangmas, kula lega lila panjenengan pejahi, lan panjenengan bucal wonten sendhang menika. Nanging saderengipun kula matur. Yen sasampunipun kula pejah lan dipun uncalaken wonten sendhang menika. Yen toya sendhang mangke ngganda “wangi” mratandhani, yen kula boten lepat. Kosok wangsulipun yen ngganda “bacin”, ateges kula pancen lepat......” ngono kandhane Dewi Surati sadurunge dipateni dening Raden Banterang.Raden Banterang selak ora sranta. Dewi Surati enggal kasuduk nganggo keris pusaka Klungkung. Sawise mati, ragane diuncalake ana sendhang, embuh kepiye, ragane Surati ilang embuh menyang ngendi. Raden Banterang nuli mbengok sero: Banyune wangi,.... Banyuwangi.................! Wadhuh, ateges garwaningsun ora luput..........” Tekan samengko, papan kana diarani Kutha Banyuwangi.***
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 29 Aksara JawaAgus WepePametri Kabudayan JawaPanambang -iTembung kang mawa panambang -i akèh-akèhé ora madeg dhéwé, nanging uga kadunungan ater-ater anuswara (ang-, an-, any-, am-) utawa tripurusa (dak-, ko-, di-). Yèn madeg dhéwé, iku klebu tembung pakon utawa paréntah. Nanging kang luwih lumrah, ing tembung préntah mau panambang -i malih dadi panambang -ana, kajaba yèn katrapaké sajroning tetembangan.Panambang -i, yèn tumrap tembung lingga, wis tamtu bakal ngowahi panulisaning tembung mau, mliginé ing wanda pungkasan. Tumrap tembung kang wanda pungkasané sigeg, panambang mau bakal nikelaké sesigeging wanda mau. Mula tembung ngowahi, nututi, ngajari, yèn ditulis nganggo aksara Jawa dadi ngowah-hi, nutut-ti, lan ngajar-ri.Kaya déné panambang liya kang apurwa aksara ha, yèn tumrap wanda menga, panambang -ibakal antuk pitulungan panambang -an supaya bisa nyambung karo tembung linggané. Carané, panambang -an mau kaluluhaké marang wanda pungkasan mau, banjur kasambung panambang -i kanthi ngrangkep aksara na kang dadi pungkasaning panambang -an mau. Upamané yèn ditrapaké tembung biru ('sawijining werna'), dadi biru > biron > mbironi ('gawé werna biru tumrap bathik, wayang, lan sapanunggalané').Panambang -i mau klebu panambang kang 'sekti', awit dayané bisa ngowah-owahi tegesing tembung kang kadunungan panambang mau. Kadhang kala, malah bisa nikelake lakuné pakaryan. Menawa tembung linggané awujud tembung kriya, pakaryan kang kinandhut ana tembung mau bakal duwèni teges dilakoni ora mung sapisan, nanging bola-bali utawa kanthi mempeng. Upamané, yèn tembung nuthuk olehé nglakoni mung sapisan, yèn kawuwuhan -i- dadi nuthuki ateges 'nuthuk bola-bali'.Menawa tembung kriya mau asipat intransitif (ora kena katututan tembung aran minangka lésaning ukara), bisané katututan tembung aran yèn diwènèhi panambang -i. Upamané, tembung ngadeg klebu tembung kriya intransitif, mula ora kena katututan lesan. Tembung mau bisa katututan lésan yèn diowahi dadi ngadegi, upamané ngadegi sayembara, ngadegi tugu, lsp.Menawa katrapaké ana tembung aran, tembung mau kalungguhané malih dadi tembung kriya, kang ateges barang mau 'diwènèhaké' utawa 'ditepakaké' marang tembung kang kalungguhané minangka lésaning ukara. Upamané, pakaryan nguyahi segara ateges barang kang awujud uyah mau disuntakaké anèng segara, utawa 'nglakoni pagawéyan kang percumah'. Owalah iyung...
30 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 EheMacapatTembang DolananGeplak Binteng JaheTembang/Cakepan: Sastraliwung1=C 4/4 Wirama SigrakJaman sangsaya majuMong omongan ra kudu ketemuAlat canggih kanggone komunikasiJagad maya srana ikuBeh kabar bisa katontonHape kang jeneng ikuGepeng tur kathah manfangatipunPanganggenipun kedah angati-atiKleru andadoske kojurPasedulurane adohHape ana tanganmuPindha bojo kaloro awakmuRana rene melu ora tau keriAna sak kathok klambimuRa entuk kasenggol senggolHape ran medsos ikuIng kono kabeh bakal tinemuAmung pinter-pinter nggenira milihiSing ala becik tinemuPilih nggenira anontonNganggo hape punika Ora amung nulis lan celathuAman nyaman jinega kanthi sayektiApa maneh ngece saruMbabar kabar sarwa gorohDohana tindak tuhuMbabar nala alane kancamuApa maneh gawe fitnah tanpa buktiBakal cilaka awakmuDisengit dening wong-uwongHape kanggo golek ngelmuBen tambah pengalaman ilmumu Nadyan golek ngilmu sing ngati-atiAja mung waton tinemuTemen tinemu tan gorohGunane HPGambuhDening Drs. SupadiKiva. . ... . . . .
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 31 GeguritanNgatiniNgelus DhadhaSangsaya akeh wong tuwa ngelus dhadhaNyawang bocah padha kedanan kuthaEmoh dijak tetani apa njala minaKamangka cedhak sawah lan segaraSangsaya akeh bakul pasar padha ngelus dhadhaJalaran rega-rega padha molah-malih saben dinaBarang-barang sing didol dadi boboranYen ora payu bakal dumadi larahanGuru-guru ing sekolahanUga padha ngelus dhadhaNyawang siswa sangsaya pencilakanSaben dina tansah pisuh-pisuhanPara kawula cilik padha ngelus dhadhaNyawang penggedhe ngungkal ilateKlawan sumpah arep murwatake bangsaNanging negara jebul arep dipek dhewe.Karang Wetan 2021Nazil MuhsininBocah-Bocah DesaBocah-bocah desapadha lunga menyang kuthajare arep makaryaBocah-bocah desapadha sengsaraing kutha-kuthaBocah-bocah desapadha lali budaya lan agamabanjur keblusuk angkaralan ngebaki pakunjara.Paran, 2021Tatiek KalinggaNdaktunggu TekamuNalika wektu nlikung atiku ing sepiKelingan kabeh wewayangan kang nggodha rasaPengin ndakoyak playune maruta wengiKang tansah ngiris ati gawe laraning nalaLaku crita kuwi ora bisa ndakbaleniNadyan kekintrang ngiteri bawanaKabentus tawang ing wayah ratriSumendhe ing pangangen kang sepa.Ndaktunggu tekamu, KakangPengin sumandhing kaya nalika semanaNgumbar tangis lan bungah nglakoni gesangTan winates wektu lan kahananPengin ndakcoba urip tanpa keng sliraNanging kabeh rumangsa bedaOra bisa ngilangi crita lawas kang sangsaya ngegla….Candiwinangun, 08 September 2022Sri Adi HarjonoSapa Sing Perduli?Wong kuwi wis dianggep dudu wongOra pantes urip ing tanah wutah getiheMati wae jasade isih disiya-siyaOra kena dipendhem ing bumi kelairaneKamangkaBumi kuwi sing mlebu semiBumi kuwi sing mlebu diemi-emiMlebu semi thukul dadi tetuwuhanMlebu diemi-emi bali nyawiji mring asal-usuleOra bakal dilepeh diwutahakeBumi uga diarani sitiIsine wong matiOh, nasibe wong kuwiDiumbar ngenes nggrantes ngeres-eresiOra ana sing perduliKiva
32 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe SemaranganJenengku Ragil, siswa kelas 3 SMA ana Semarang. Dina iki aku keweden tenanan, merga aku lali ora nggawe tugas sing didhawuhi ibu guru yaiku bab sejarah Kutha Semarang. Padhahal kabeh kancaku wis padha nggawe tugas sing diparingi bu guru kuwi. Aku kudu trima nek iki bu guru ndukani aku merga tumindakku, banjur aku diparingi wektu tambahan kanggo ngumpulake tugasku, nanging bijiku kudu gelem dikurangi merga iki jalaranku dhewe. Bu guru molak-malik kertas tugas siswa kanthi setiti, logate ndremimil kaya tawon tandhane Bu guru macane cepet. Karo geleng-geleng bu guru ngendika rada seru \"cah iki kaya ora ana sing nulis babagan Lawang Sewu apa ya? padhahal Lawang Sewu kuwi cetha welawela dadi simbol historis ning kutha Semarang iki\". Udin sing panggone ning buri dhéwé banjur nyela ngendikane bu guru \"Lawang Sewu niku memang bangunan bersejarah Bu, tapi boten wonten sing nulis niku mergi, sami kuwatos kalih omah dhemit Bu?\"Kanca-kanca sebagian ana sing ngguyu cekikikan kanca-kanca liyane ana sing isih manthuk mantep ngrungokake ukarane Udin. Bu guru banjur nunjuk bocah sing manthuk mau, \"Ferry menurutmu apa Lawang Sewu kuwi omah dhemit kaya sing diomongake Udin?\", Ferry karo yakin jawab \"lha nggih ta Bu, sampun kebukti lha wong riyin mawon wonten acara weden sing disiarake tv niku ngliput Lawang Sewu wonten poconge kok, malah riyen pacare kula Intan nate ketempelan dhemit saking mriku Bu\". Banjur Bu Guru takon karo bocah sing cekikakcekikik mau. \"Mbang miturutmu kuwi apa sing diomongake karo Udin mau kuwi ora mlebu ning akal? nganti kowe kok ngguya ngguyu?.” Bambang banjur jawab “Lawang Sewu niku sejatosipun nate didadosaken pihak Walanda kagem stasiun, khususipun, kagem stasiun kang ngangkuti barang-barang prodhuksi tani saking kutha wonten tlatah Jawi. Wekdal Indonesia dijajah kalih Jepang Lawang Sewu punika didadosaken kantor ingkang ngandhapipun menika didadosaken penjara,\" jawabe Bambang kanthi yakin.Apa sing diomongake Bambang kuwi bener Lawang Sewu kuwi dudu panggonane dhemit, Lawang Sewu kuwi panggonan kang duwèni sejarah khusus kanggo bangsa Indonésia iki, awake dhewe sing urip ning mangsa modhern iki kudu bisa mbedakake bangunan bersejarah kuwi kudu dirawat kanthi becik supaya bisa ngelingake para masarakat, ora malah ngelingeling babagan dhemite blaka. Pancen kabeh panggonan mesthi ana penunggune apa menehLawang Sewu sing ya iku peninggalan kuna mesthi ya ana penunggune. Tapi awaké dhéwé kudu paham yen Lawang Sewu kuwi, bangunan bersejarah.Tugase dhewe iki kanggo nglestarekake lan ngilangi imej sing wis kadhung nyacat yen Lawang Sewu kuwi panggonan dhemit, dadine pikirane uwong-uwong sing niyate bisa belajar kanggo mahami arsitektur lan kesenian ana Lawang Sewu malah ketutup karo mitos-mitos sing durung tentu kebenerane. Nanging carane Bambang mau ngguyu cekikikan pas krungu jawabane Udin kuwi ya ora apik, kudu paham bangsa gaib kuwi pancen ana, nanging ora kemudu kabèh perkara kuwi digandhulake karo perkara gaib. Apa maneh yen ana acara-acara tivi bab weden-weden kudu dingerteni, kuwi kabeh mung dienggo hiburan belaka. Banjur Bu Guru mlinguk ning arahku lan tekon \"yen menurutmu pie Gil?\" aku mantuk-mantuk karo ngurek-urek sesuatu ana ing kertas buku cathetanku karo bisa mbales pitakone Bu Guru nganggo \"nggih Bu...\"ditakoni kok malah jawabe nggih Bu.Lha niki kula mirengaken Bu Guru, Udin lan rencang rencang kula angsal materi, lha paling boten kula saged angsal data hehehe.... jawabku karo ngguyu. “Wah lha ya enak separo kerjaan wis rampung merga di rewangi kanca-kancane wis telat, garapane malah tambah gampang! wis tak tambahi tugasmu nulis.Babagan tempur limang-dina ana Semarang. bu guru ngei tugas karo nanging kayata wajahe kui jan puas tenanan. karo nutup cathetan banjur bukune tanggu kipas-kipas aku ngomong wis ujung-ujunge ya kaya ngene ki, piye jal ngene ki? kanca-kanca sakelas banjur ngguyu kabeh karo jawabanku.Muhammad Rahman Athian S.Pd., M.SnLawang Sewu Semarang
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 33Lelakon kang dakaturake para sutresna Djaka Lodang iki, kedadean nyata dene papan lan jenenge, sengaja daksingitake, kanggo njagani prastawa sing gawe kucem. Ana kenya ayu jenenge Retno Kadarwati tilas mahasiswa UT UPBJJ Surakarta lan saiki nyambut gawe dadi guru SD Sragen. Retno Kadarwati iku putrane Lurah Sragen Kulon, kang duwe adhi lanang jenenge Bagus Hartanto isih sinau ing SMA N 3 Sragen. Bu Guru Retno Kadarwati rikala isih mulang, dumadakan ana utusan yen adhine Bagus Hartanto kesrempet Colt. Enggal wae Retno menyang RS.Mardi Lestari Sragen, sawise entuk idin saka kepala sekolah. Bareng Retno wis tumeka RS.Mardi Lestari terus njujug neng sel kacilakan kamar 12, sawise takon perawat jaga. Sanalika mripate Retno Kadarwati katon kembeng-kembeng nyawang adhine turu lan sirahe dipreban. Dene sing nunggoni priya kang pakulitane ireng, sinambi mbenakake selimute. Priya mau jenenge Jatmika, kang nyambut gawe ana ing BNI Cabang Sragen kang nyrempet Bagus Hartono. Senajan kulite ireng sarta ora pati bagus, nanging penganggone necis. Bareng Retno Kadarwati wis bisa nyaketi papane adhine sing ditresnani, nuli dicedhaki dening Jatmika lan dicritani mula bukane musibah mau “Mbak boten sisah sumelang, rayine sirahipun namung ketatap spion Colt kula. Babagan ragad kula ingkang tanggel jawab,” pratelane Jatmiko blakasuta apa anane. Krungu critane Jatmika, Bu Guru Retno Kadarwati, sedhihe rada suda. “Matur nuwun Mas, dene rayi kula namung tatu sirahipun, mugimugi enggal saras,” kandhane Retno Kadarwati semu bingar.Sejatine Retno Kadarwati durung bisa nglalekake Sudarmanto, calon sisihane kang lagi wae tilar donya, marga dicokot ula weling. Kamangka Retno lan Sudarmanto 10 dina maneh arep kawisudha dadi temanten. Paribasan Barat nelakake “Love is make meeting and love also making parting”. (Tresna sing nganakake sapatemon sarta tresna uga sing ndadekake pepisahan). Cethane Retno Kadarwati, sidane wurung dadi “Ratu Sedina”, jalaran wis ginaris Gusti Kang Maha Asih, arwahe calon bojone wis dipundhut menyang jaman kelanggengan.Dheweke uga nate arep dipek bojo jaka bagus anake blantik sapi jenenge Supratikno, sidane wurung, jalaran Retno Kadarwati ora bisa nglakoni. Saiki umure Retno wis ngancik 30 taun, nanging ora ngurangi ayune Bu Guru iki, mung durung ketemu jodhone. Rikala semana nganti Retno ditinggal ibune “sowan menyang jaman kelanggengan”, amarga kena lara paru-paru (TBC). Arepa ngalor-ngidul entuk “sindhiran”, kanggone Retno ora perlu digatekake lan dheweke tansah nyenyuwun mring Hyang Widi Wasa,...........muga-muga enggal pinaringan kanca urip. Sing penting kanggone Retno Kadarwati bisa ngayemi, ngayomi kanthi katresnan jati. Kaya sing diandharake ahli Ilmu Jiwa Kristi Charles, ”Give your Smile to everyone give your love for only one person”. (Wenehna esemmu marang kabeh wong, nanging wenehna tresnamu wong siji wae)Saploke Retno kepethuk Jatmika kang nulungi adhine rikala kena alangan, atine bisa entuk panglipur. Wiwit adhine mondhok neng rumah sakit suwene nganti 5 dina, Jatmika terus ngancani, apa maneh keluwargane Jatmika melu niliki. Bareng dhokter RS Mardi Lestari wis ngentukake mulih, Bagus Hartono, Retno Kadarwati lan Jatmika bali numpak Colt. Wiwit iku Retno lan Jatmiko saya suwe saya raket senajan umure kacek 5 taun luwih tuwa, nanging ora dadekake pepalang. Saiki umure Jatmika 26 taun, dene Retno umure wis ngancik umur 31 taun lan anggone pacangan wis 6 sasenan. Ing dina candhake antarane keluwargane Jatmika lan Retno Kadarwati ngadani sapatemon, saperlu arep ngresmekake kekarepane sakloron. Kanthi wektu seminggu maneh, Retno lan Jatmika kawisudha dadi “Raja lan Ratu sedina” mapan ing Gedhung Kartini Sragen. Rampung Retno Kadarwati lan Jatmika dadi temanten, keluwargane Retno lan keluwargane Jatmika nindakake “widya wisata” utawa plesiran neng Pulo Kahyangan (Bali). Kabeh ragad nggone dolan neng Bali, ditanggung Jatmika.Wektu Retno Kadarwati mlebu mulang, dheweke dibebeda karo kanca-kancane, wah saiki wis ora kadhemen maneh... ya..,.rek. Uga ana sing ngece “Senajan Ireng Ning Gemati” lho.. para kanca, panyaruwene kanca-kanca seprofesi. Retno Kadarwati sing ketiban resanan mung ndhingkluk semu isin. Limang sasi anggone mulang, katone Retno semu lungkrah, manut pawarta dheweke wis wiwit nyidham, ketara maneh isi tase ana peleme mentah.[didik setyonugroho]Oh LelakonSENAJAN IRENG NING GEMATI
34 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe PengalamankuLangit Kuwi Ketok Nanging AdohTekan kos-kosane Thoyib, Wakijan banjur celukceluk jenenge Thoyib. Thoyib sing wis wiwit mau nunggu age-age metu saka kamar kos e. “Piye Yib, wis siap durung?” pitakone Wakijan.“Wis wiwit mau ya anggonku ngenteni kowe,” jawabe Thoyib.“Ora kesuwen ta le nunggu,” Wakijan takon maneh.“Ora kok,” jawabe Thoyib.“Ya ayo ndang budhal mundhak selak kewengen le mlaku-mlaku nang Malioboro,” Wakijan jawab omongan.Ora suwe le mlaku-mlaku Thoyib pengin dolan nang Tugu Yogya sing adohe lumayan. Weruh bocah loro padha kilang-kilong sajak bingung, ana tukang becak nyeraki karo nawani.“Becak mas?” pitakone tukang becak.“Nggih Pak,” jawabe Thoyib.“Lha arep nangdi,” pitakone tukang becak.“Ajeng pengin dolan wonten Tugu,” jawabe Thoyib.“Pira Pak ongkose?” pitakone Thoyib.“Sepuluh ewu wae,” jawabe tukang becak.“Kok larang banget, mung cerak lho Pak. Saka kene wae tugune ketok kok, mbok limangewu wae,” jawabe Thoyib.“Langit ki ya ketok cerak le ning adoh jarake,” jawabe tukang becak semu mangkel.Nyang-nyangan ongkose akhire disetujoni pitungewu wae. Thoyib karo Wakijan enggal-enggal munggah becake. Tukang becak wiwit nggenjot becake mlaku ngalor karo rada ngebut mergane semu mangkel. Thoyib karo Wakijan sajak rada wedi numpak becak sing ugal-ugalan kuwi.“Pak mbok alon-alon mawon boten sah ngebut ndhak cilaka,” panjaluke bocah loro.“Numpak becak murah njaluk slamet le le,” jawabe tukang becak karo rada nesu.“Asem tenan tukang becak iki,” batine cah loro.Mudhun saka becak Thoyib lan Wakijan age-age bayar ongkose lan nglungani tukang becak kuwi.Bocah loro kapok numpak becak wong kuwi. Suk maneh ora bakal numpak becake maneh. Kancakanca sing padha ngrungokake critane padha ngguyu kemekelen. [Tetty]Nangisi Lintang SamudraSebut wae bapak kang duwe kasenengan miyara manuk ocehan iku asmane Jaka Nugroho, salah sawijining guru SMA Negeri ing Gunungkidul. Koleksi manuk pating grandhul ing omahe, kayata: branjangan, labet, trotokan, cucakrowo, lan beo. Durung suwe iki manuke branjangan kang diwenehi jeneng Lintang Samodra ora bocor utawa ora ngoceh kaya adat sabene. Pak Jaka bingung, piye ngupiya amrih gelem bocor maneh.Tuwuh gagasan bokmenawa hawa panas kepengin anyep-anyep, mula Lintang Samudra ing kurungan diedhunake saka cantelan ing emper omah banjur diedus kanthi cara disemproti. Esuk iku Lintang Samudra dadi giras lan keweden ora kaya adat sabene. Kudune lulut sebab wis diengu telung taun. Anggone ngopeni wae kanthi saapik-apike, kebak katresnan ngluwihi tresnane marang bojo lan anak. Rampung diedusi, dicantelake maneh banjur dijingglengi. Jaka lan Lintang Samudra wis ana gegayutan ati. Lintang Samudra disawang-sawang kaya swiwine sengkleh. Age-age kurungan diedhunake. Lawange dibukak, Lintang Samudra dicekel kanthi maksud lan tujuan arep dibenerake swiwine, nanging malah muni ”krekk...”. Swiwine tugel, sanalika Jaka kang wis duwe anak telu iki nggetuni, nangis gero-gero kaya bocah cilik ora kumanan kembang gula. “Wis ya Pak, aja banget-banget anggone nggetuni! Muga-muga swiwine Lintang Samudra mengko bisa pulih kaya wingi-wingi,” garwane menehi panglipur karo ngelus rambute kang bisa dietung. [Wiyana]
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 35 Napak TilasSunan Amangkurat IV kuwi putra nomer lima Sunan Paku Buwono I saking garwa Kanjeng Ratu Paku Buwono. Asma timure Raden Mas Surya Putra, nalika dikepyakake Putra Mahkota asmane Pangeran Adipati Anom Hamangku Nagara. Sawise jumeneng nata asmane Sunan Amangkurat IV. Panjenengane uga katelah Amangkurat Jawa. Ing masa paprintahan Sunan Amangkurat IV, Mataram nyangga reribet (masalah). Reribet iki dumadine saka jeron kulawarga kraton dhewe yaiku Pangeran Puger (pamane dhewe), Pangeran Dipanagara, Pangeran Diposanto, Pangeran Purbaya, Pangeran Balitar lan Arya Mataram. Kabeh iki padha rebutan panguwasa, wose kepengin dadi raja ing Kraton Kartasura, Mataram. Kedadeyan iki sinebut ‘perang suksesi II’ taun 1719-1723.Anane kedadeyan sing dadekake usrek iki, Walanda kaya dene mancing ing sajroning banyu kang butheg, melu cawe-cawe ing babagan iki. Sing sapa wani marang Walanda, bakal diadhepi. Walanda ngerti, para prajurit wis kelangan panutan. Mula Walanda nganggep entheng bisa ngalahake sapa wae. Arya Mataram sing uga ora seneng marang Walanda, ngajak para pendhereke sing cacahe pirang iji kuwi, ngupaya sakuwat tenagane nglawan Walanda. Ananging kekuwatan hamung sacuil iki kasil ditumpes Walanda, kepara Arya Mataram kasil ditawan nganti tumekaning pati.Pihak-pihak sing mungsuhi raja lan uga ora seneng marang Walanda, tansah bisa dikalahake pihak Walanda, antarane Pangeran Diposanto, Pangeran Dipanegara, anak keturunan Untung Surapati, anak keturunan Bupati Jayengrana lan Pangeran Balitar. Pangeran Balitar dhewe nekad nglawan Walanda, kanyata ora kasil, kepara gugur ing wilayah pegunungan Malang.Salah sijining bangsawan sing asma Kartadriya kasil ngojok-ojoki pawongan kulit putih keturunan Jerman Pieter elberfeld, ngupaya nglawan paprintahan Walanda ing Batavia, ananging uga ora kasil. Pangeran Kartadriya ketangkep lan diperjaya kanthi kejem dening Walanda. Tetarungan marang Walanda ing kawasan Jawa Timur sisih kidul lan dhaerah tapel kuda, sangsaya ngrembaka lan angel dipenggak. Ngupaya nentang Walanda lan Mataram. Ontran-ontran iki ganggu lakune paprintahan ing Mataram, dadekake negara Mataram dadi lemah. Awit nasibe Mataram sing tansah kinemulan reribet iki, Sunan Amangkurat IV kagungan krenteg nyenyuwun marang Gusti Ingkang Maha Agung. Saka tumemene olehe ngudi panuwunan, wusana diparingi pituduh (petunjuk) supaya mindhahake punjering kraton ing dhaerah Ayodya (Ngayogyakarta), nyedhaki pesanggrahan Garjitawati (Tamansari). Pesanggrahan Garjitawati iki sawijining papan kanggo lerem para raja. Ananging durung nganti Sunan Amangkurat IV mindhahake punjering paprintahane, panjenengane wis katimbalan ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha Kuwasa. Sunan Amangkurat IV tutup yuswa ing taun 1727 lan kasarekake ing pasareyan Imogiri. Putraputrane Sunan Amangkurat IV sing misuwur yaiku Sunan Paku Buwono II, Pangeran Mangkubumi (Sultan HB I), Pangeran Mangku Negara (ramane Mas Said utawa Pangeran Samber Nyawa). Sawise Sunan Amangkurat IV seda, sing nyulihi jumeneng nata yaiku putrane sing asma timure Raden Mas Prabayasa (RM. Sandi), sawise jumeneng nata, asmane Sunan Paku Buwono II. (Lis HS).Sumber:1. KRT Rintoisworo, KHP Widyabudaya, Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat.2. Ensiklopedia Raja-Raja Tanah Jawa, karangan Ki Sabdacarakatama. SUNAN AMANGKURAT IV(1719-1727)Tilas pesanggrahan Garjitawati, mapan ing Tamansari (Foto; Herry)Sunan Amangkurat IV, putra nomer lima Sunan Paku BuwonoI.I.(Foto; repro)
36 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe LiputanSaparan Merti Desa Mungkid‘Tumuju Mungkid kang Santosa Gauri Abyudaya’ Acara Merti Desa wis dadi tradhisi lan diayahi turuntemurun dening masarakat. Merti Desa ora uwal karo kapercayan ‘jagad mistik Wong Jawa’ minangka upacara panyuwunan kaslametan. Dene manut lakune jaman, saiki akeh acara ritual ‘merti desa’ sing dilambari kanthi semangat gotong royong lan asipat ‘sinkretik’. Tegese, sajrone ngayahi ritual-ritual kaya mengkene iki donga-donga sing kaunjukake kanthi donga sawijine agama, kayadene agama Islam.Tumrap warga desa Mungkid Kecamatan Mungkid Kabupaten Magelang, anane tuk sing banyune turah-turah minangka berkah saka Gusti Allah SWT, satemah sajrone Saparan Merti Desa sing diadani saben wulan Sapar acarane ora uwal saka atur panuwun lan rabeng Dumadi. Ana ing acara iki, warga desa ngunjukake donga bebarengan kanthi cara agama Islam. Kanthi umbul donga iki kaajab warga desa tansah pinaringan pangayomane Gusti, diparingi berkah lan karaharjan, pinaringan gampang lan sempulur rejekine. Kejaba kuwi, acara merti desa iki uga kanggo paring pakurmatan lan ngirim donga marang para leluhur cikal bakal desa. Acara iki uga bisa ngundhakake semangat gotong royong sarta rumakete pasrawungan warga desa. Sawise rong taun ora digelar amarga pageblug Covid-19, Saparan Merti Desa Mungkid taun 2022 iki diadani rikala dina Ahad Kliwon, tanggal 14 Sapar 1956 Ehe utawa tanggal 11 September 2022 kepungkur. Saparan taun iki kanthi tema ‘Tumuju Mungkid kang SantosaKades Mungkid magas tumpeng Saparan. (Foto. Amat Sukandar)Lomba nyekel iwak. (Foto. Amat Sukandar)
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 37Gauri Abyudaya’. Maknane, tumuju marang kahanan desa Mungkid kang santosa, adil lan makmur. Acara taunan iki sinartan kepala desa, para perangkat desa, tokoh lan warga masarakat sing uga dirawuhi Forum Komunikasi Pimpinan Kecamatan Mungkid. Rampung maos donga, Kepala Desa Mungkid Mohammad Fitri Heriyanto, SE magas tumpeng. Ana ing ritual larung sesaji Saparan Merti Desa pagasan tumpeng lan ubarampene kalarung ing ‘Sendhang Hageng Tirta Kencana’. Murtiyono, manten Sekretaris Desa Mungkid mratelakake, sesaji mau arupa kembang pitung werna, jenang uga pitung werna, dupa lan ingkung bebek putih mulus. Dene ingkung bebek sing dilarung mung dijupuk perangan sirah, swiwi, ceker lan jeroan. Murtiyono ngandharake, para leluhur cikal bakal desa Mungkid yaiku Kyai Sempani kang asale saka Kraton Mataram sing pasareane ana ing Gunung Lemah, Kyai Madu Sirad kang pusarane ing dhusun Sirad, Kyai Tunggul Wulung kang sumare ing dhusun Kadipiro saburine kantor kecamatan, Tumenggung Wongsonegoro saka Kraton Mataram kang pesareane ing dhusun Karanggayam, Ki Mungkin sing asale uga saka Kraton Mataram makame ing buri Masjid Jami’ dhusun Mungkid lan Kyai Umar Sirodjudin kang minangka tokoh ulama panyebar agama Islam ing desa iki.Manut critane Murtiyono, biyen ana sawijine among tani sing lagi nggaru, ngolah sawah ing kene. Tanpa dinuga, lemah sawah mau ambles lan metu tuk gedhe. Awit saking gedhene tuk mau, wong mau ambles kleleb bareng karo garu, kebo lan pecute. Among tani, garu lan kebo mau ditemokake sawise muncul ing sacedhake sungapan Kali Opak, tlatah Ngayogyakarta. Nuli warga ing kene nyoba nutup tuk sing gedhe mau nganggo blabak. Anane blabak iki wusanane dadi jeneng dhusun sing mapan ana ing sacedhake tuk yaiku dhusun Blabak. Nanging amarga saking gedhene maudhale banyu saka tuk iki, blabak-blabak sing kanggo nutupi tuk iki wusanane pecah, ora kuwawa nutup iline banyu sing gedhe. Ing liya wektu, warga ing kene nutup tuk mau nganggo sawijine gong gedhe. Gong mau manut critane asale saka Kraton Mataram. Kanthi ditutup gong mau, banyu saka tuk sing maudhal/metu iline bisa disuda lan dikendhaleni lumantar iline kali cilik sing saiki jenenge Kali Gung. Jeneng iki asale saka tembung Kali Gong. Dene dhusun ing sisih ngisore tuk iki saiki jenenge Blambangan, amarga ing kene biyen akeh blumbangan. Lan dhusun papan anane tuk iki saiki jenenge Mudal, kang tegese papan banyu Ma-udal utawa metu.Kompleks pemandian Mudal mujudake bangunan kuna tinggalan jaman Penjajahan Walanda. Tuk ing kene debiet-e cukup gedhe, banyune turah-turah. Banyu saka Tuk Mudal akeh dimanfaatake dening masarakat, ora mung dening warga desa iki nanging uga warga desadesa liyane. Embuh kuwi kanggo nyukupi kabutuhan banyu resik, sarana prodhuksi apadene kanggo nyukupi kabutuhan irigasi sawah lan ngingu iwak. Kanggo nyukupi kabutuhan banyu ing Kota Mungkid lan sakubenge, Perusahaan Daerah Air Minum Kabupaten Magelang uga njupuk banyu saka Tuk Mudal. Biyen pabrik kertas sing ana ing cedhak tuk mau uga nyedhot banyu saka tuk iki kanggo proses produksi. Dene warga desa iki kanthi jaringan perpipaan pedesaan manfaatake banyu saka Tuk Mudal kanggo nyukupi kabutuhan banyu resik. Pemerintah Desa Mungkid saiki wis kasil mbangun rehabilitasi pemandian umum kasebut. Ing kene saiki wis ana kolam renang kang cukup jembar lan uga ana kolam renang anak-anak. Kolam renang umum iki saiki sinebut ‘Sendhang Hageng Tirta Kencana’, minangka obyek wisata kanthi sarana lan fasilitas sing luwih apik.Kanggo ngregengake Saparan Merti Desa Mungkid digelar Joged Cakra Manggilingan dening Sanggar Tari Putri Kucir, kesenian rakyat Jathilan ‘Turangga Mudha’ saka dusun Gatak lan lomba nyekel iwak ing blumbang.Acara Saparan Merti Desa iki kapurwakani kanthi Kirab Budaya saka kantor desa Mungkid tumuju menyang Pemandian Mudal.* [Amat Sukandar]Rebutan gunungan Saparan. (Foto. Amat Sukandar)
38 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe PangupabogaWis padha dimangerteni, warung bakmi Jawa ing Ngayogyakarta, gampang banget golekane. Saben papan, prasasat ana sing dodol. Minangka kuliner klangenan, warungwarung bakmi Jawa kuwi racake duwe pandhemen dhewe-dhewe. Saka akehe warung bakmi Jawa kang ana, mung sethithik kang bisa sinebut legendaris. Nah, salah sijine sing klebu legendaris yaiku warung bakmi Jawa Harjo Geno. Warung bakmi Jawa Harjo Geno dudu warung bakmi anyaran, nanging wis ana saka taun 1958. Dadi, wis kebak pengalaman pait lan legine.Warung bakmi Harjo Geno iki blegere mung prasaja. Nanging aja takon bab pelanggan, nyatane tilas presiden lan artis saka Ibu Kota wis tau ngrahabi menu warung bakmi Jawa Harjo Geno iki.SejaraheMenawa dirunut memburi, warung bakmi Jawa Harjo Geno iki perintise yaiku Atmo Pawiro Geno utawa Pak Geno. Nah, sadurunge magrok bukak warung, Pak Geno anggone dodolan bakmi ider nganggo pikulan blusukan kampung. Krana bumbu racikane Pak Geno mirasa istimewa, pelanggane akeh sing banjur kepranan. Suwening suwe, Pak Geno ora dodolan ider maneh, nanging bukak warung ing pinggir dalan, yaiku kang saiki sebutane Jalan Parangtritis, B r o n t o k u s u m a n , Mergangsan. Sauntara wektu Pak Geno maremake pelanggan. M u n g wae, ing taun 1988, Pak Geno dipundhut Gusti Allah.Sawise Pak Geno seda, warunge banjur dilintir anake lanang, Suharjo utawa Pak Harjo. Kanggo jaga ‘brand’ bakmi, jenenge suwargi Pak Geno tetep dikatutake. Warunge bakmi banjur dijenengi Warung Bakmi Jawa Harjo Geno. Pelanggane Presiden lan ArtisNalika dilintir Pak Harjo Geno, pelanggan bakmine pranyata sansaya akeh. Pak Harjo Geno banjur golek panggonan kang luwih kepenak, yaiku nyewa kios ing Pasar Prawirotaman, Yogja, ora adoh saka warunge lawas.Lha, mbokmenawa wis dadi pulunge, ing jamane Pak Harjo Geno iki, warung bakmine ngalami jaman emas. Sebab, pelanggane ora mung sabaene pelanggan. Contone, suwargi Presiden Soeharto, pranyata kesengsem marang bakmi masakane Pak Harjo Geno. Salah sijining prastawa kang jalari bombonging ati Pak Harjo yaiku nalika bakmine dikersakake Presiden Soeharto. Pak Harto pisanan ngicipi Bakmi Jawa Harjo Geno ing sasi September 1996. Wektu kuwi, Pak Harto lagi nampa tamu ing Gedhung Agung, Ngayogyakarta.Ora ngira babar pisan, mak bedunduk, ajudan presiden teka ing warunge Pak Harjo Geno. Dening ajudan, Pak Harjo Geno didhawuhi teka ing Gedhung Agung, saperlu ngladeni bakmi marang Pak Harto lan tamu Negara liyane. Pak Harjo Geno temtu kaget. Rasane seneng lan wedi campur dadi siji. Kabeh mau krana sumelang yen bakal nguciwani Pak Harto. Wusanane, kanthi bombonging ati, undhangan saka Presiden Soeharto kasebut disaguhi dening Pak Harjo Geno. Gerobak bakmi sak ubarampene komplit, dening Pak Harjo Geno digawa neng Gedhung Agung, Yogja. Ing Gedhung Agung, sadurunge adicara diwiwiti, tim dokter presiden mriksa kabeh maneka bahan kang bakal diolah, kayata bakmi, sayur, Bakmi Jawa “Legendaris” Harjo GenoPak Harto Kesengsem Karo Bakmi GodhogMugi Lestari lagi masak bakmi(Foto Agha)Foto Pak Harjo Geno lan Presiden Soeharto (Foto Agha)
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 39bumbu, endhog bebek, iwak pitik, duduh, lan sapanunggalane. Kabeh diicipi luwih dhisik, ora ana sing kliwatan.Sawise kaanggep aman lan resik, Pak Harjo Geno lagi diidini masak. Wektu kuwi, Pak Harto jaluk digawekke bakmi godhog, pedhes lan tanpa acar. Pak Harjo Geno gage-gage masak bakmi pesenane Pak Harto. Ora nganti 10 menit, sa porsi bakmi godhog pedhes tanpa acar wis mateng. Pak Harjo Geno dhewe sing nggawa langsung sa porsi mi godhog kasebut marang Pak Harto. Nah, minangka pangeling-eping, foto prastawa langka kasebut tekan saiki dipasang ing warung Bakmi Jawa Harjo Geno.Pranyata, bakmi godhog pedhes kemepyar gaweane Pak Harjo Geno kasebut jalari Pak Harto ketagihan. Mula, saben Pak Harto tindak ing Ngayogyakarta, Pak Harto pesen maneh bakmi godhog olahane Pak Harjo Geno. Pesenan biasane lumantar ajudan presiden. Gunggunge pesenan wernawerna, saka puluhan nganti atusan porsi. Ora mung suwargi Presiden Soeharto, Presiden Susilo Bambang Yudhoyono (SBY) saben nampa tamu negara ing Gedhung Agung, uga ngundang Bakmi Jawa Harjo Geno. Malah para artis ibu kota, akeh sing wis ngrasakake mirasane menu olahan Pak Harjo Geno. Sebut wae Surya Saputra, Roy Marten, Katon Bagaskara, Nugie, Aming, lan Bondan Winarno, kabeh wis tau ngrahabi menu olahane Pak Harjo Geno. Pulung kaya mangkene iki, temtu disyukuri banget dening Pak Harjo Geno.Nah, puluhan taun nyewa kios Pasar Prawirotaman, taun 2020 kepungkur warung Bakmi Harjo Geno wusanane pindhah maneh, yaiku ing Jalan Mangkuyudan Mantrijeron, Kutha Ngayogyakarta. Papan anyar iki uga ora adoh saka kiose lawas. Tur maneh, papane luwih wiyar, amarga manggon ing salah sijining plataran duweke warga.Resepe Ora OwahMung wae, ora kanyana, ing sasi November 2020, Pak Harjo Geno wusanane uga dipundut Gusti Kang Maha Asih. Warung bakmine banjur diterusake garwane Pak Harjo Geno, yaiku Mugi Lestari. Wanita asli Yogja kang umure watara 47 taun iki, ora kagok maneh dadi juru masak bakmi. Sebab, sasuwene iki, dheweke wis ngewangi Pak Harjo Geno ngracik bumbu kanggo dodolan bakmi.Ya, senajan saiki sing masak dudu Pak Harjo Geno, bejane p e l a n g g a n e tetep akeh. Racake, sing padha tuku kuwi wisatawan kang plesir neng Yogja. Nanging, pelanggan lawas Pak Harjo uga akeh sing padha ngiras andhok jajan. Miturut para pelanggan lawas, kualitas rasa bakmi Jawa Harjo Geno masakane Mugi Lestari tetep padha enake. Mugi Lestari bukak wadi, kabeh mau krana dheweke babar blas ora ngganti racikan resep lan teknik anggone masak. Kabeh niru carane Pak Harjo. Pak Harjo semono uga, ora uwal saka pakem kang digarisake suwargi Atemo Pawiro Geno.Sebut wae, wiwit pisanan jaman Atemo Pawiro Geno nganti saiki, anggone masak tetep nggunakake areng, dudu kompor. Kanthi mangkono, rasa masakane luwih mirasa. Kejaba iku, aturan liyane sing kudu diugemi, aja pisan-pisan masak pirang-pirang porsi sak masakan. Kudu baka saporsi saben masak. Senajan pesenane 2 padhapadha bakmi goreng, Mugi anggone masak ya tetep baka siji. Mugi Lestari ngaku, biyen tau ana pelanggan sing protes bab rasa. Kuwi kabeh amarga anggone masak 2 porsi dibarengke sak wajan. Asile, bumbune kurang rata, ora pas karo porsine. “Rasane dadi kurang mantep,” ujare Mugi blaka.Krana iku, senajan pesenan lan sing antri akeh, Mugi tetep masak baka siji. Kaya teknik kang diwulangake bojone, Mugi kudu rampung masak bakmi ora luwih saka 10 menit. Saliyane kuwi, ciri Bakmi Jawa Harjo Geno yaiku ora ana acare, sebab, acar bakal ngowahi rasa asli mi. Mula, ing sak porsi bakmi, ing kono disedhiyani lombok riwit. Para pelanggan sing seneng pedhes, kari nambahi lombok sak cukupe.Yen pelanggan pesen bakmi godhog, paling pas yen anggone dhahar nalika bakmi godhoge isih panas utawa anget. Nalika sumube kaldhu isih kemebul lan duduhe disruput, rasa gurihe mantep tenan. Gurih lan mirasane bakmi godhog kuwi sing jalari akeh pelanggane setya tuku lan tuku maneh ing liya wektu. Rega saporsi bakmi, sega, utawa magelangan, ora bakal jalari dhompete jebol. Kabeh murwat rega rakyat. Warung Bakmi Jawa Harjo Geno bukak saben dina, wiwit jam setengah 6 sore nganti jam 11 bengi. Nanging, ora pisan pindho durung nganti jam 11 bengi warunge wis tutup. Sebab, bakmi lan segane wis gusis dilarisi pelanggan. *** (Agha)Warung bakmi Jawa Harjo Geno (Foto Agha)Bakmi godhog, rasane gurih mirasa (Foto Agha)
40 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe KratonMacapat salah sijine karya seni ing babagan kasusastran Jawa sing isih dilestarekake nganti saiki. Umume macapat ditembangake tanpa migunakake iringan (gamelan), lan cara macane papat-papat yaiku saben 4 suku kata (terjalin setiap 4 suku kata). Ing kasusastran Jawa, tembang digolongake: tembang alit (cilik), tembang tengahan lan tembang gedhe. Macapat mlebu ing tembang cilik utawa tengahan, awit tembang macapat duweni gaya bahasa sing luwih gampang. Macapat mujudake karya seni, mligine swara utawa olah vokal. Ing sajroning seni macapat ana paugeranpaugeran sing kudu digatekake, kepara ora bisa ditinggal, antarane; Pupuh; pada (bait); ing sawijining tembang macapat. Titi laras; angka sing minangka nuduhake laras/dhuwur cendhake swara (1,2,3,4,5,6,7).Gatra; cacahe larik/baris ing sabait (dalam satu bait/pupuh). Wilanganing wanda; cacahe (suku kata).Pedhotan; papan pangasone napas nalika nglagokake tembang, wujude; Pangethoking tembung dadi 2, 3 utawa 4 perangan. Dawane pedhotan kudu trep karo suraosing tembung, aja nganti kapedhot dadi 2, separo melu ngarep lan separo melu buri, satemah ora duweni teges. Semono uga ora prayoga separo melu ing gatra dhuwur, separo melu ing gatra ngisor. Pedhotan kendho; pedhotan sing dumunung ing pungkasaning tembung.Pedhotan kenceng; pedhotan ing satengahing tembung.Wewaton pamedhoting tembung bisa mangkene;5 wanda, pamedhoting bisa: 3-2 utawa 2-3.6 wanda, pamedhoting bisa: 4-2 utawa 2-4 utawa 33.7 wanda, pamedhoting bisa: 4-3 utawa 3-4 utawa 2-3-3.8 wanda, pamedhoting bisa: 4-4 utawa 4-2-2 utawa 3-2-3 lan sateruse.Miturut KMT. Projosuwasono minangka pangarsane pamucalan macapat Kraton Ngayogyakarta Macapat Sajrone Kraton Ngayogyakarta HadiningratBangsal Pangurakan, papane pamucalan macapat. (Foto. Herry)KMT Projosuwasono, pangarsa pamucalan macapat Kraton Ngayogyakarta. (Foto. Herry)
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 41Hadiningrat, tembang macapat kawiwitan nalika jaman Paprintahan Demak, karipta dening para ulama utawa para wali minangka srana kanggo nyebarake agama Islam. Ing sajroning tembang macapat ngemot pituduh-pituduh, larangan saha paugeran agama sarta paugeran liyane. Uga bisa digunakake kanggo maca babad utawa sejarah. Saben tembang duweni paugeran dhewe-dhewe antarane; ‘Guru lagu’ tibane swara ing pungkasaning gatra (a,i,u,e,o).‘Guru wilangan’ cahahing wanda (suku kata) saben gatra. ‘Guru gatra’cacahing larikan ukara ing saben pada. Para pujangga duweni pemanggih, menawa tembang-tembang macapat iki minangka gegambaraning manungsa urip, saka lair nganti tumekaning tilar donya, kepara bisa diarani sadurunge urip (ing kandhutan), nganti tumekaning urip sawise pejah (alam barzah). Gunggunge tembang macapat ana 11, yaiku;Maskumambang; minangka gegambaraning bayi sing isih mapan ing guwa garbaning biyung, nanging uga bisa ngandarake gegambarane manungsa sing mapan ing alam barzah.Mijil, minangka gegambarane bayi sing nembe lair.Kinanthi, bocah cilik sing sarwa nyenengake, saka ngendi-endi tansah diajak lan kanggo pocapan.Sinom, gegambarane bocah sing ngancik diwasa.Asmaradana, nom-noman sing wiwit seneng andon asmara.Gambuh, nom-noman lanang lan wadon padha nunggal karep utawa niyat arep urip bebarengan.Dhandhanggula, sawise padha urip bebarengan, purwaning padha duweni pangangen-angen menawa manungsa urip iki tansah seneng.Durma, gegambarane manungsa sing wani ngadhepi urip.Pangkur, manungsa urip sing wis dungkap yuswa, kudu bisa meper hawa kadonyan.Megatruh, wis tumekaning pepesthen, uwong iku arep tilar donya.Pocung, ing tuntunan agama Islam, uwong sing wis tumekaning pati (pejah), tumuli dipocong.Ing Karaton Ngayogyakarta tembang macapat dileksanakake ing; saben dina Jemuah jam 09.0011.30 WIB ing Bangsal Srimanganti, Karaton Ngayogyakarta kanggo suguhan wisatawan. Saben wulan Pasa bakda Sholat Tarawih ing dina tartamtu diadani macapat mapan ing emper Bangsal Kencana. Uga diadani ing malem 1 Sura mapan ing Bangsal Pancaniti, kanggo mengeti warsa enggal (Sultan Agungan). Sadurunge pandemi biasane masarakat dikeparengake ningali lan diterusake adicara mubeng beteng. KMT. Projosuwasono ngandharake menawa Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat budidaya amrih macapat bisaa ngrembaka ing madyaning masarakat sajabane kraton. Anggone budidaya kanthi cara maringi fasilitas gladhi macapat tinarbuka kanggo masarakat tanpa disuwuni beya (gratis). Gladhi iki mapan ing Bangsal Pangurakan, sisih lor alun-alun lor utawa sakidule Museum Sonobudoyo, uga anane media elektronik sing dileksanakake Kawedanan Tandhayekti, anane kegiyatan Muhibah Budaya ing sajabane DIY kayata; Magetan, Wonosobo lan Trenggalek. (Herry SG). Macapat sing dileksanani ing Bangsal Srimanganti. (Foto. Herry)Macapat nalika mengeti malem 1 Sura. (Foto. Herry)Siswa sing ndherek gladhi macapat. (Foto: Herry)
42 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 EheLiputanBudaya kang adi luhung ora mesthi wujud kesenian sing angel (rumit) nanging bisa di buktekake saka kepiye bangsa (rakyat) bisa urip urup (bertahan hidup) mula Festival Kesenian Kebudayaan Yogyakarta (FKY) iki digelar, nanging samesthine aja mung di gawe agenda taunan wae, nanging “kesinambungan kualitatif“ festival iki kudu tansah ditingkatake, awit gayutane karo ngrembakane sawernane “Dimensi“ kanthi kaya mengkono festival iki bakal duwe greget kanggone para (pengembang) seni lan budaya. Wujud ana ngranggehing (pencapaian) karya budaya kang “Apresiatif“ kanthi sangu ukara loro yaiku “inovasi lan kreasi“ Ature.Bab iki selaras karo “Visi kerja“ sing bakal lumaku sing dadi siji. Lumakune FKY supaya ora mung mandheg minangka acara perayaan wae, nanging bisa kanggo ngukur lan bisa dimaknai sawernane gegayuhan lan kekurangan, sarta menehi langkahing sing “tepat” ana ing ngarep, tambahe.Pambuka ana ing pembukaan Festival Kesenian Yogyakarta nyuguhake wujud tarian kolosal kang sesirah “Sesaji Amarta“ rerangken pagelaran tari kolosal iki di sengkuyung dening Baron Setiaji minangka penulis naskah, Galuh Putri S a t y a r i n i m i n a n g k a sutradara, lan Andhy Setiawan m i n a n g k a k o r e o g r a f e r . Para penari sing nyengkuyung saka sanggar tari limang K a b u p a t e n l a n K o t a Yogyakarta sing ana ing tlatah DIY, sanggarsanggar kasebut yaiku, Pendapa Budaya lan Satria Aji (Kabupaten B a n t u l ) Krincing Manis Dance Studio ( K a b u p a t e n S l e m a n ) sabanjure saka Kabupaten Kulon Progo (Sanggar Sri Panglaras), S a n g g a r Kendhalisodo ( K a b u p a t e n G u n u n g Kidul) lan sanggar sing saka Kota Yogyakarta di sengkuyung dening Sanggar Ngelancur (Kota).Pagelaran tari kolosal “Sesaji Amarta“ nyritakake Bumi Amarta sing kaperang dadi limang wilayah, najan limang wilayah kasebut papane pisah-pisah, nanging saben wilayah Bumi Amarta kabeh duweni bumi kang subur, makmur gemah ripah, para masarakate uga padha urip kanthi guyub lan rukun, najan siji lan sijine wilayah duweni kabudayan lan tetenger dhewe-dhewe, nanging limang wilayah kasebut duweni ritual tradhisi kang tunggal minangka saranane rasa sukur mring Gusti Ingkeng Murba Gesang.Festival Kebudayaan Yogyakarta 2022 Diestreni Sri Sultan HB XSri Sultan HB X lenggah mirsani tari kolosal(Foto: Bari/DL)Beksan kang ngregengakefestival (Foto: Bari/DL)
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 43Ritual diwujudake minangka rasa matur nuwun awit kaparingan tanah (Bumi) kang subur lan banyu sing tansah mili ora tau asat. Ritual rasa sukur kuwi dilambangake para penari nggunakake bokor lempung isi banyu sing digawa dening putri-putri saka limang wilayah. Sabanjure banyu sing ana ing jero bokor lempung kuwi padha urut di sokake ana ing genthong lempung kang di tandhu. Sawise kuwi, Sri Sultan HB X didampingi Kepala Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) DIY Dian Lakshmi Pratiwi, S,S.M.A di aturi ngesokake banyu saka Bokor Lempung. Ritual ngesokake banyu saka bokor lempung iki, dimaknani minangka guyub rukune limang wilayah klebu duweni makna manunggale tanah lan banyu saka (limang wilayah) ana ing manunggale sawadhah kang gedhe sing disebut Bumi Amarta. Bumi Amarta sing disimbulake yaiku Bumi Ngayogyokarta Hadiningrat (DI.Yogyakarta).FKY 2022 resmi dibuka lan diwiwiti minangka gelaran kebudayaan kanggo masarakat Yogyakarta, rikala tgl 12 September Sri Sultan HB X kanthi resmi buka Pagelaran Festival Kesenian Yogyakarta, pembukaan FKY 2022 dilaksanakake mapan ing Pedestrian Teras Malioboro I, sadurunge acara resmi di buka, ana ing sangarepe panggung utama masarakat klebu para wisatawan manca sing padha teka nonton kanthi langsung lumakune rerangken acara pembukaan FKY 2022 nyuguhake Drummer Guyub Yogyakarta.Sabanjure acara pembukaan FKY 2022 di buka kanthi nyanyi lagu kebangsaan “Indonesia Raya“ banjur diterusake Acara “Doa Bersama” rerangken sabanjure Doni Maulistya minangka Ketua I panitia FKY 2022, ngaturake menawa kebudayaan minangka visi sing diusung ana gegayutane karo FKY ana ing taun sadurunge, liwat sawernane program-program FKY sadurunge.FKY ing taun iki tetep ngatutake para masarakat penggiat budaya, para seniman, musisi, sanggar, komunitas kabudayan, budayawan, sarta “tenaga ahli” klebu maestro kabudayan sing ana ing tlatah DI.Yogyakarta.Ana sing beda ing pagelaran FKY taun iki, yaiku FKY 2022 di gelar ana ing limang Wilayah sing ana ing DI.Yogyakarta, Kab.Sleman, Kab.Bantul, Kab.Kulon Progo, Kab.Gunung Kidul lan Kota Yogyakarta, kanthi pagelaran kang kasebar iki mesthi wae butuhake panyengkuyung masarakat saka limang wilayah kasebut.Kepala Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) DIY, Dian Lakshmi Pratiwi,SS.M.A. ana ing atur sambutane mratelakake menawa nyiptakake kolaborasi antar Kabupaten lan Kota ing wilayah DI.Yogyakarta ana ing “kerja pelaksanaannya”, sing perlu ditandhesake lan isih dadi PR gedhe supaya bisa “saling terintegrasi dan bersinergi“ satemah bisa menehi wujud nyata. Hilmar Farid minangka Dirjen Kebudayaan, Kementrian Pendidikan, Kebudayaan Riset dan Teknologi paring sambutan liwat layar TV, ngandharake menawa FKY duweni “pendekatan” sing pas minangka platform sing gathukake sawernane kabudayan ing Yogyakarta sing (majemuk), kejaba kuwi piyambake duwe pangajab bisaa FKY dadi conto kanggo kutha lan kabupaten sing ana ing wilayah Indonesia tujuane kanggo perayaan (keragaman). Dian Lakshmi Pratiwi, paring tambahan atur, FKY 2022 iki klebu unik, miturute kabudayaan sing di usung luwih gambarake, ngriayakake, lan dokumentasike, (keberdayaan) warga masarakat ana ing cara (mengapresiasi) Kabudayan. Bab kuwi gegayutan karo “Tema Besar“ sing diusung ing taun iki yaiku: “MENGELOLA AIR DAN TANAH“ Tema kasebut miturut Dian jumbuh karo agenda G20 sing wektu iki digelar ing Candhi Borobudur, tambahe.[BARI/DL]Penari putri sing nggawa bokor lempung isi banyu. (Foto: Bari/DL)Para penari saka sanggar 5 wilayah. (Foto: Bari/DL)
44 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe Warta RingkesKetua KONI DIY Prof Dr. H Djoko Pekik Irianto, M.Kes. ALFINyengkuyung Persiapan Porwanas PWI DIYKetua Komite Olahraga Nasional Indonesia (KONI) DIY Prof Dr. H Djoko Pekik Irianto, M. Kes. ALFI nindakake ‘monitoring’ ing papan gladhen (training center) Cabang Olahraga Tenis Meja kang mapan ing Aula Gedung Persatuan Wartawan Indonesia (PWI) DIY Jl. Gambiran 45, dina Selasa 20 September 2022. Persiapan kang ditindakake tim cabor Tenis Meja PWI DIY iku kanggo nggodhog para atlet maju ing Pekan Olahraga Wartawan (PORWANAS) 2022 sasi November 2022.Ing acara ‘monitoring’ Djoko Pekik Irianto paring pitakon bab persiapan tim atlet Tenis Meja PWI DIY kang bakal maju ing ajang Porwanas. Ketua PWI DIY Drs. H. Hudono, SH lan Sekretaris PWI DIY Drs. Swasto Dayanto nandhesake, tenis meja minangka cabor kang bakal ditandhingake ing Porwanas. “Tim Tenis Meja PWI DIY ana 8 atlet kang bakal maju, mungkin aku uga bakal maju mung wae sanajan kudu ana atlet cadhangan, para atlet kang bakal maju kayata Mussahada, Ning S, Agus Susanto sarta atlet liyane. Cabor Tenis Meja ajeg ngadani gladhen saben dina Jemuwah kang dilatih dening Pak Guntur,” ngendikane Ketua PWI DIY, Hudono.Hudono nambahake, pihake ngaturake panuwun marang Ketua KONI DIY kang wis paring panyengkuyung mligine marang Seksi Wartawan Olahraga (SIWO) PWI DIY ing gelar PORWANAS kang bakal diadani sasi November 2022. “Mugamuga prestasi PWI DIY ing ajang PORWANAS taun 2022 iki bakal sangsaya becik lan antuk pengaji-aji kang sangsaya mundhak ing medhali emas kayata sepak bola, atletik, catur, tenis meja, uga cabang olahraga liyane,” ngendikane Ketua PWI DIY tandhes.[Tatiek Kalingga/DL] Ketua KONI DIY ngadani ‘monitoring’ ing papan latihan tenis meja PWI DIY. (Foto: Kalingga)
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 45Pengurus Daerah Gerakan Pemasyarakatan Minat Baca tembayatan karo Dinas Perpustakaan lan Kearsipan Gunungkidul nindakake ajeg rapat koordinasi kang mapan ing Ponjong daleme Bapak H. Wahyudi, M.Pd minggu kepungkur. Rapat kasebut dirawuhi Ketua GPMB, Kepala Bidang Perpustakaan Dispussip lan para Pengurus GPMB Kabupaten Gunungkidul.Joko Suryanto, M.Pd Ketua GPMB atur katrangan menawa ing sasi iki ana subsidi anggaran saka Dispussip Kabupaten Gunungkidul seksi Pembinaan lan Pengembangan Perpustakaan kanggo nindakake kegiyatan kayata cetak sertifikat, ‘penggandaan’/fotocopy, konsumsi rakor persiapan, konsumsi kegiyatan GPMB, sarta honor narasumber. Ana ing patemon iki uga ngrembug bab kegiyatan kang bakal dileksanakake, kejaba iku Ketua uga atur panyengkuyung marang Ibu Siti Indarwati kang wis dilantik minangka pengurus GPMB DIY makili PD GPMB Kabupaten Gunungkidul.Kepala Bidang Perpustakaan Dispussip Kabupaten Gunungkidul Baryono Buang Prasetyo, SIP, MIP ing pangandikane ngaturake rasa sokur sebab ing kalodhangan iki bisa ketemu marang komunitas literasi kang bakal nambah wawasan lan paseduluran, sarta ngaturake ‘apresiasi’ marang kegiyatan-kegiyatan kang wis ditindakake dening Pengurus GPMB Kabupaten Gunungkidul.Rapat Koordinasi GPMB Gunungkidul iki ngasilake maneka bab kang bisa dadi dudutan kayata bakal diadani rapat koordinasi dina Selasa 20 September 2022 (kepungkur) mapan ing Ruang Rapat Dispussip Kabupaten Gunungkidul Lantai 3 kanthi pasarta undhangan kayata Bunda Literasi Kabupaten, Bunda Literasi Kapanewon sa Kabupaten Gunungkidul, Pengurus Daerah GPMB Kabupaten Gunungkidul, Pengurus Daerah Kapanewon saKabupaten Gunungkidul. Dene agenda rakor yaiku Bunda Literasi Kabupaten bakal atur pangandikan uga penyengkuyung (motivasi), Ketua GPMB bakal atur arahan sarta materi pengenalan bab AD/ARDT GPMB tumrap penguruspengurus anyar sebab bakal ana ‘perombakan’ kepengurusan GPMB Kapanewon sa- Kabupaten Gunungkidul amarga akehe pejabat kang wis purna tugas lan pindhah papan tugase. Ketua uga paring tugas marang sekretaris kanggo ngumpulake SK GPMB Kapanewon Karangmojo kang kaajab bakal ngadani Lomba Baca Puisi kanggo siswa SD/MI sa-Kapanewon Karangmojo kang bakal digelar Minggu kapindho sasi Oktober 2022 mapan ing Kapanewon Karangmojo. Kegiyatan kasebut dipandhegani dening PD GPMB Kapanewon Karangmojo, Korwil Bidik Kapanewon Karangmojo, Dispussip lan PD GPMB Kabupaten Gunungkidul.Iin/Kalingga/DLRapat Koordinasi Pengurus Daerah GPMBKabupaten GunungkidulRakor PD GPMB Kab. Gunungkidul dipimpin dening Joko Suyanto, M.Pd(FT : Iin/DL)Foto bareng Pengurus Daerah GPMB Kab. Gunungkidul ing daleme Bp. Wahyudi, M.Pd (FT : Iin/DL)
46 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 EheLiputanCepuri Ndalem BenawanDadi Regeng lan Jujugan WisatawanKanggo ngundhakake usaha lan karaharjan warga sarta anggota makmurake anggota UKM (Usaha Kecil Menengah) lan IKM (Industri Kecil dan Menengah) kampung wisata Kadipaten kementrian Kraton, Yogyakarta mbukak galeri oleh-oleh khas Jogja kanthi jeneng Cepuri nDalem Benawan.Usaha kang dodolan produkproduk anggota kampung wisata kasebut dibukak kanthi resmi ana cara grand opening Cepuri Ndalem Benawan marang ketua BPD UKM dan IKM Nusantara RM. Kukuh Hertriasning kanthi motong pita lan mecah kendhi ana ing gapura nDalem Benawan minggu kepungkur.RM Kukuh Hertriasning kang luwih akrap disapa pak Aning ngandharake, usaha warga anggota kampung wisata Kadipaten Galeri Cepuri nDalem Benawan dibukak kanggo umum, tumrap warga sakiwatengene lan wisatawan kang meneri plesiran ana ing kutha Jogja.Barang-barang lan dagangan kang diedol ing Cepuri Ndalem Benawan saben dina jinis panganan olahan, cemilan tekan barang-barang kerajinan dagangan tumeka sovenir khas Jogja kanthi rega Pak Aning lan garwa nalika mecah kendhi ing acara pembukaan galeri (Foto. Ist)Salah sijine paraga budaya (Foto. Ist)
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 47beda-beda (bervariasi). “Saka 300 anggota UKM lan IKM kang melu mbukak stand lan masarake produk-produk kang ana Galeri Cepuri Benawan ana 60 anggota. Lan saka gunggung kasebut saperangan gedhe jinis panganan olahan lan kemasan sarta produk anyaman sandhangan nganti asesoris rumah tangga kang regane variasi,” ature Pak AningMula saka iku, Pak Aning nyuwun donga lan panyengkuyung sarta tembayatane amrih usaha Galeri Cepuri Benawan bisa lancar lan akeh tamu kang blanja produk warga kampung wisata Kadipaten.Pak Aning ngajab, kanthi dibukake galeri Cepuri Benawan kampung wisata Kadipaten dadi regeng lan dadi jujugan wisatawan kang mbeneri plesiran ana kutha Ngayogjakarta. Kanthi usaha iki ing pangajab warga lan anggota UKM kampung wisata Kadipaten bisa ningkatake perekonomian lan karaharjane warga.“Lantaran galeri Cepuri Ndalem Benawan, UKM lan IKM, ora mung munggah kelas lan munggah panggung, nanging bisa munggah omzete,” ature Pak Aning.Acara luwih regeng, merga ana acara grand opening galeri Cepuri Benawan ngepasi tanggap Warsa ke 19 pernikahan Pak Aning (Kukuh Hestriasning) karo Bu Sari (Nine Gandha Prasari) kang antuk kawigaten khusus saka tamu kang rawuh.Luwih gumyak jalaran ana acara fashion show produk-produk anggota lan warga kang dipamerake peragawan-peragawati lokal anggota UKM dan IKM* [Denadi/Kalingga/DL]Foto bebarengan ana sangareping galeri (Foto. Ist)Beksan acara pembukaan ing Cepuri Ndalem Benawan (Foto. Ist)
48 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe
Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 49Wanita kang duwe pasuryan keibuan iki klebu salah sijine artis ana ing kutha Yogyakarta sing jenenge wis kondhang ora mung ing kalangan musisi wae nanging kalangan pandhemen lan penikmat lagulagu Jazz'y klebu lagu-lagu barat/Indonesia standart wis pirsa karo dheweke. Wanita iki asmane Rini Tri Utami nanging luwih dikenal kanthi asma panggunge Rini Vantarno.Nalika Djaka Lodang patemon karo dheweke lumantar telephon kanthi suara kang grapyak lan semanak manggakake DL lan pitakon apa perlune, banjur DL ngandharake tujuan anggone nelphon dheweke, Sabanjure, DL pitakon bab kawiwitane Rini Vantarno ambyur ing donya tarik suara iki? Dheweke paring penjelasan menawa dheweke ambyur ing donya tarik suara wis kawiwitan rikala taun 1978, wektu taun '78 dheweke isih umur 8 taun nanging wis kedhapuk minangka penyanyi Adis Nada salah sijine Group Band AURI. Nalika ing AURI dirawuhi Kasau dheweke uga melu perfom, Rini Vantarno karo DL menehi keterangan menawa ramane klebu anggota AURI ana ing bagian Korsik (Korp Musik) Rini Vantarno ngaku sasuwene gabung ing Band AURI ( Adis Nada ) wis keliling ing endi papan anggone perfom, keliling Jatim, Papua, Jabar bareng karo artis Safari (sing dipandhegani Alm.Edy Sud rikala semana), mula banjur Rini Vantarno nyritakake larah-larahe bisa terus gandrung ana ing bidhang Entertainment. Ya kawiwitan saka didhapuk dadi penyanyine Band AURI kasebut. Rini Vantarno banjur ngembangake bakat tarik suarane ana ing jaban AURI, dheweke banjur ngasah supaya bisa dadi penyanyi sing “All Round” (sarwa bisa), bisa nguasai lagu dhangdhut, lagu Jawa, pop, Jazz, nganti tekan lagu genree Rock, nanging ing lakune taun Rini Vantarno mutusake dadi penyanyi Pop lan Jazz'y najan kadhang kala dheweke disuwuni lagu saliyane Pop.\"Putusanku kuwi duwe alasan Mas, awit umur tambah tuwa mosok arep nyanyi Rock, nak ya ora lucu ta?\" pratelane. Awit saka keprigelane Rini Vantarno anggone nyanyi, kawiwitan saka kuwi asma Rini Vantarno banjur sangsaya kawentar ing endi papan mligine wilayah DI.Yogyakarta, klebu kondhang ana ing para musisi DI Yogyakarta. Dhasare Rini Vantarno duwe suara sing Kung pindha Peksi kutut. Rini Vantarno nambahi keterangan menawa dheweke uga sering ditimbali perfom ing Gedhung Agung (Istana Negara) Yogyakarta acara Kepresidenan, salah sijine nalika Presiden Susilo Bambang Yudhoyono (SBY) ana kunjungan ing Kota Yogyakarta, Rini Vantarno didhawuhi tampil nalika Presiden SBY ngadani kembul bujana. Saka event-event sing diadani ing Gedung Agung iki jeneng Rini Vantarno banjur ora mung monjo ing kalangan pandhemen lagu-lagu Jazz, Barat/Indonesia standart wae, nanging asma Rini Vantarno kondhang ing kalangan Pejabat, kabukti dheweke didhawuhi sowan ing daleme Megawati sing mapan ing Bali (nalika isih jabat Presiden) saperlu melu paring hiburan ana acara/event keluwarga besar Megawati rikala semana Rini Vantarno tampil bebarengan karo artis-artis Ibu Kota, Katon Bagaskara, Tri Utami, Beni Panjaitan, Ratu, Iis Dahlia, Ike Nurjanah, sing klebu Artis Lokal ya mung dheweke karo Waljinah.Bab prestasi kajuwaran lomba nyanyi wis ora bisa di etung nganggo driji, Rini Vantarno nalika melu lomba nyanyi wis di pesthekake bisa ngranggeh juwara.Wanita manis peputra siji , lulusan SMM Yogyakarta iki najan yuswane wis ora mudha meneh nanging isih akeh sing padha ngundang, mula tekan seprene iki Rini Vantarno isih aktif ana ing donya tarik suara, durung suwe iki dheweke diundang ing acara TVRI Yogyakarta.\" Alhamdulillah Mas, suaraku isih ana sing ngersakake, ya acara wedding, acara pemerintahan Kota, pancen aku kudu jaga penampilanku,\" andharane marang DL.Lumantar Majalah Djaka Lodang iki, dheweke titip salam kanggo para pemaos majalah Djaka Lodang ing endi papan, lan ora lali Rini Vantarno uga ngaturake panuwun klawan para fans-fansne sing isih setya tekan saiki. Wektu iki Rini Vantarno lan keluwarga mapan ing Perumahan Puri Kenari Yogyakarta. B A R I / DLPanggungRINI VANTARNOUmur Dudu Kendhala, Kanggo Bisa Tetep ExisRini Fantarno(Foto. Ist)Rini Fantarno nalika ana panggung (Foto. Ist)
50 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 EheGUYON FX. SubrotoSatleramanPriya kang kagungan asma Heru Legowo nanging seneng ngagem asma pena Ki Pandan Alas iki salah sijine priya kang nate kagungan profesi minangka Deputi Direktur Komersial & Pengembangan Usaha PT. Angkasa Pura I Jakarta, uga nate minangka GM Bandara Selaparang – Lombok & Koordinator P e m b a n g u n a n Bandara Internasional Lombok, minangka Direktur Operasi PT Gapura Angkasa, anak perusahaan saka PT Garuda Indonesia, PT Angkasa Pura I lan PT Angkasa Pura II, kang nangani ‘pelayanan darat ground handling luwih saka 400 flight Garuda saben dinane saindhenging Nusantara uga ‘penerbangan manca’. Heru Legowo lulus taun 1975 saka JATC Co. VIII LPL Curug minangka Pengatur Lalu Lintas Udara utawa ATC (Air Traffic Controller) ing Bandara Sepinggan Balikpapan lan 2007 ngrampungake S2 Marketing ing Universitas Mercu Buana Jakarta. Piyambake tekan wektu iki minangka dhosen ora tetep Institut Trasnportasi & Logistik – Trisakti, Jakarta.Heru Legowo silaturahmi ing Kantor Djaka Lodang Jl. Patehan Tengah 29 Yogyakarta rikala tanggal 23 September 2022 diampingi mitra sekolah nalika ana SMP yaiku Mas Komarul, akeh bab kang dingendikakake salah sijine atur panyengkuyung uga rasa kepengin melu cawe-cawe marang ‘pelestarian’ basa Jawa ing Majalah Minggon Djaka Lodang. “Saestu kula maturnuwun sanget dipun pitados ngampu “rubrik srumuwus” wonten kaca 4, rubrik Editorial ingkang sejatosipun satunggiling tantangan tumrap kula pribadi nyerat basa Jawi. Sinaosa namung alit andhil kula nanging saestu kula ‘terpanggil’ k a n g g e n d h e r e k nyengkuyung (berpartisipasi) s e s a r e n g a n Djaka Lodang kangge tetep saged jagi basa sarta budaya Jawi,” pangandikane Pak Heru nalika rawuh ing Kantor Redaksi Djaka Lodang kang di tampa dening Redaksi Tatiek Poerwa Kalingga lan Suhindriyo.Heru Legowo uga kagungan pangajab mugamuga bisa ‘menginspirasi’ marang maneka pihak lan bisa paring panyengkuyung supaya basa sarta budaya Jawa iki bisa tetep lestari kepara ngrembaka ing Nusantara. Tatiek Kalingga/DLHeru Legowo (Ki Pandan Alas)Jaga Basa sarta Budaya JawaNalika nampi Kenangan ‘Bendel Djaka Lodang’ saka Redaksi (FT . Nur/DL)Foto bareng Redaksi ing kantor Djaka Lodang (FT. Nur/DL)