The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Omah Perden, salah siji papan kegiyatane lan pangembangan diri
sangisore asuhan (Naungan) LPDK PPDK (Pusat Pengembangan
Diri & Komunitas) Kemuning
Kembar. Wondene kridane PPDK
Kemuning Kembar adedhasar lan
nyakup babagan kawruh jiwa lan
kasarasan, panggulawentah lan
budaya (psikologi, kesehatan, pendhidhikan lan budaya)

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ngudiilmuw4, 2025-12-07 22:29:21

Djaka Lodang No 19- 08 OKT 2022 Pawiyatan : Omah Perden Nggulawentah Bocah Dadi Njawani

Omah Perden, salah siji papan kegiyatane lan pangembangan diri
sangisore asuhan (Naungan) LPDK PPDK (Pusat Pengembangan
Diri & Komunitas) Kemuning
Kembar. Wondene kridane PPDK
Kemuning Kembar adedhasar lan
nyakup babagan kawruh jiwa lan
kasarasan, panggulawentah lan
budaya (psikologi, kesehatan, pendhidhikan lan budaya)

Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 Ehe 51mawon, Bulik?” takon sateruse.“Kula Bayat, Mas. Njenengan?” wangsulan kang sinambung pitakon.“Kula, Ponorogo! Bayat niku, Yogja sisih pundi?” sambunge caturan.Sing ditakoni njur kandha menawa asline saka Desa Ngerangan. Kecamatane Bayat kuwi, tlatah Kabupaten Klaten. Dikandhakake uga marang Marsono, menawa ponakane kuwi uga saka Klaten, nanging seje panggonan. Dene omahe ponakane kuwi saka wewengkon Bayat uga, nanging seje desa. Ditakoni babagan glidhige ponakan kuwi neng Yogja, wangsulane walaka, menawa mung luru dhuwit, kanthi ngetutwuri touris, lan dudoh utawa aweh katrangan, ngenani papan wisata njeron kutha. Basa mancane Tour Guide. “Ingkang asring dipun puruki, papan pundi mawon, Bulik?” merga kadudut atine karo critane bakul angkringan, Marsono nerusake rembugane, kanthi akeh pitakonan.“Kula, malah kirang ngertos. Hla niku larene wonten, mumpung senggang, rak saget ditangleti!” krenahe.“Jeneng sampeyan sapa, Dhik?” sateruse Maryono nyapa prawan sing dikarepake, bakul angkringan.“Aku Siti, Mas!” tanggap wangsulane, keprungu sumanak.“Ganepe?” “Siti Marpuah,” bacut katrangane. “Sampeyan?” sing jeneng Siti Marpuah, genti takon. Sing ditakoni, mangsuli apa anane.Bacute, lelorone banjur rembugan, tumekan apa wae. Sing maune ditakokake marang dhekne, babagan sedulure, uga oleh wangsulan jlentreh. Marsono, uga miterang carane nyinau basa manca sing gelis kanggo dadi guide. Malah Marsono oleh katrangan, menawa prawan kuwi, mung potholan SMP. Ngenani carane gladhi basa manca, kawitane mung nginthil tepungane, sing wis dadi guide, nalika ngetutwuri sing diladeni, alias wong mlancong, saka jaban Indonesia. Prawan mau uga genti takon glidhige dhekne neng Yogja, Marsono, gladhi usaha caping pring kang wis dipaes. Saka panemune prawan kuwi, dagangane kira-kira bisa kepayon luwih larang, menawa dhekne bisa nawakake menganggo basa manca. Sing diwenehi panemu, rada mindher, awit dhekne ora bisa basa Inggris. Ajamaneh kok micara basa kuwi, selagine nggarap ulangan basa kuwi neng sekolahan, bijine ora nate oleh biji sadhuwure angka nenem. Lan pangrasa kuwi ora isin dikandhakake, marang sing dijak jagongan.“Neng sekolahan biyen, aku ya ranate apik, Mas, bijiku Basa Inggris. Yen sing dienggo micara karo tamu wisata rak ora kaya sing dikudokne garapan ulangan ta, Mas!” kandhane.“Ning, micara rakya luwih angel?” srekale.“Kabeh basa kuwi, waton saben dina dienggo rembugan, suwene-suwe dadi pakulinan, lan lancar. Gene akeh, lho, wong manca sing wasis Basa Jawa!” ujare, ngelingake nalika lukisane ditakokne regane, dening wong manca, nganggo krama. Bacute rembugan Marsono kelair pepenginane nginthil prawan kuwi, kanggo bisa kaya dheweke. Sing disemantani ora kabotan, praupane malah kaya katon bingar, nggambarake wong lagi seneng.“Banjur etungane piye, yen aku njaluk wuruk sampeyan?” sing ditakoni mesem.“Awake dhewe kuwi wong nunggal bangsa, Mas! Sampeyan wis pengin lan gelem gladhi, kuwi aku wis oleh tambahan rejeki!” unine sinartan semu ngguyu, grapyak.“Wah, sampeyan rakya megawe, jenenge, yen muruki aku!” ukara sambunge.“Gampang, ora nganggo etungetungan ya ora apa-apa! Sawetara, yen aku gak oleh klien micara, banjur dagangan sampeyan kepayon, manganku, ngombeku, dina kuwi, nunut sampeyan. Semono uga sewalike!” panjaluke. Lan Marsono, sarujuk.“Kapan, diwiwiti?” Marsono, miterang.“Hla kapan, sampeyan miwiti?” [ana candhake]IjasahSambunge kaca 2“Jeneng sampeyan sapa, Dhik?” sateruse Maryono nyapa prawan sing dikarepake, bakul angkringan.

52 Djaka Lodang No. 19v 08/10/2022 Setu Paing, 12 Mulud 1956 EheMawrat crita saking penulis cacah 51Kandel buku 200 kaca Regi Rp. 75.000,- Amargi kababar winates sumangga ingkang kasdu saha remen dhateng crita jagading lelembut enggal pesen dhateng Redaksi Djaka Lodang Jalan Patehan Tengah No. 29 Yogyakarta Telp. (0274) 372950 WA. 087838224646Nyarengi Tanggap Warsa Djaka Lodang Kaping – 51 Tanggal 01 Juni 2022KababarANTOLOGI JAGADING LELEMBUTDjaka Lodang 1991-1994

Click to View FlipBook Version