The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Prasasti Sarungga (Pasyarungga) saka watu andesit ketemokake dening Slamet Marwi, ing dhusun Wonosegoro, desa Cepogo, Kecamatan Cepogo, Kabupaten Boyolali, Jawa Tengah sawetara taun kepungkur.<br>Watu prasasti sing umure wis 1.121 taun iki minangka tapak tilas peradaban jaman kawuri ana ing pereng sisih wetan Gunung Merbabu, laras karo sing katulis ing prasasti iki kang nyebutake tanggal 25 wulan meu taun 901 Masehu utaea 823 saka.

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ngudiilmuw4, 2025-11-29 04:22:02

Djaka Lodang No 04-25 JUN 2022 Komposer Tradisional Jawa Kang Moncer Ing Manca Negara

Prasasti Sarungga (Pasyarungga) saka watu andesit ketemokake dening Slamet Marwi, ing dhusun Wonosegoro, desa Cepogo, Kecamatan Cepogo, Kabupaten Boyolali, Jawa Tengah sawetara taun kepungkur.<br>Watu prasasti sing umure wis 1.121 taun iki minangka tapak tilas peradaban jaman kawuri ana ing pereng sisih wetan Gunung Merbabu, laras karo sing katulis ing prasasti iki kang nyebutake tanggal 25 wulan meu taun 901 Masehu utaea 823 saka.

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 1 Tintingan BukuSETU PAING, 25 JUNI 202042LELEMBUT DHEGLENGLIPUTANFestival Dhalang Bocah lan Rumaja PRIBADI BINUKAKota Yogyakarta Dr. Peni Candra Rini, M.Sn.Komposer Tradhisional Jawa Kang Moncer Ing Manca Negara


2 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 AlipKasambung kaca 51Obrolanku bengi kuwi karo Sumi dakajab bisa gawe atine Sumi ayem lan tentrem. Aja nganti kapletikan rasa meri marang aku sing nembe wae didhawuhi dadi juru ladi ing warung dening Bu Ngadirah. Aku kuwatir yen ana rasa meri ing atine Sumi tundhane Sumi bisa duwe tumanggap lan tumindak sing ora ngepenakake aku. Kepara malah bisa ngganggu gawe anggonku nyambut gawe ing Jakarta iki. Muga-muga bab kaya ngono kuwi aja nganti dumadi. Aku uga kepengin Nanik lan Narsih ora meri karo aku. Sebab rasa meri kuwi bisa nuwuhake rasa sering, gething, lan sapiturute sing sabanjure bisa gawe cilaka tumrap sing duwe rasa dhewe lan uga sing diseriki.Manut rumangsaku, saploke Mas Raka lan Mas Rinto ana Jakarta polah tingkahe Sumi pancen rada aneh. Semono uga Nanik lan Narsih. Yen polahe Mbak Sum pancen luwih-luwih ketara nyolok mata. Contone, tanpa ana sing kongkon Sumi mesthi wis siyaga nyawisake wedang lan sarapane Mas Raka lan Mas Rinto. Tanpa dikongkon dheweke mesthi enggal-enggal ngumbahi sandhangan regetane Mas Raka lan Mas Rinto. Semono uga bab nyapu lan ngepel kamare kekarone. Uga bab nata meja, koran, lan buku-buku sing ana kamare kekarone. Kejaba kuwi, manut rumangsaku, Sumi ketok yen luwih kemayu tinimbang dina-dina biasane nalika kekarone ora ana ing Jakarta. Dene yen Narsih lan Nanik katon luwih kalem. Semonoa manut pangrasaku, telu-telune pancen kaya kepengin narik kawigatene Mas Raka lan Mas Rinto. Saora-orane Narsih lan Nanik katon luwih sregep adus lan dandan. Katon yen grapyak, nyanak-nyanak, lan bisa luwih kerep cecaketan marang kekarone.Dene aku? Yen aku, aku malah rada gumun dhewe karo kahanan kuwi. Manut rumangsaku, aku ora kepengin narik kawigatene Mas Raka lan Mas Rinto. Ora kepengin narik kawigatene? Tenane, Ni! Mengko kowe gek selak karo batinmu dhewe. Satemene kowe rak ya ngakoni ta yen Mas Raka lan Mas Rinto kuwi mujudake bocah lanang sing nggantheng-nggantheng, pendhidhikan, semanak, lan padha-padha ngancik dewasa. Ketara ta yen kekarone mujudake bocah lanang sing luwes, sopan, kalem, ora kasar, lan ngajeni marang rewange? Apa bocah lanang kaya mangkono kuwi ora bakal narik kawigatene bocah wedok, kalebu kowe? Kowe aja ngapusi batinmu dhewe lho, Ni! Ngono mau uni batinku. Kebak pitakonan lan wangsulan kaya wong ujian. Yen Sumi, Narsih, lan Nanik ketara anggone duwe rasa sir marang Mas Raka lan Mas Rinto, apa satemene kowe ora meri? Apa satemene kowe ora kepengin digatekake dening kekarone, Ni? Coba tantingen, takona marang suwara batinmu sing paling jero! Mengko kowe gek mung ora gelem ngakoni. Upama, iki mung upama, Ni. Upama Mas Raka lan Mas Rinto kae banjur bisa dadi hyange, dadi pacare Sumi, Nanik, apa dene Narsih, apa kowe ya ikhlas, lila temenan, Ni? Pitakonan-pitakonan sing terus nggubel ing atiku kuwi ora bisa sanalika dakwangsuli dhewe. Yen dipikir-pikir banjur ngapa kok aku ndadak mikirake Mas Raka lan Mas Rinto? Apa mung marga aku nate diunekake “wangun” lan didadekake juru ladi ing warung makan, aku banjur kegedhen rumangsa? Ah, iya. Bokmenawa aku pancen kegedhen rumangsa. Kamangka mesthine Mas Raka lan Mas Rinto ngunekake aku “wangun” kuwi ya mung muni biasa wae. Tegese, ora duwe ancas sing kepriye-kepriye kejaba mung supaya aku gelem sinau dadi juru ladi. Dene ancase sing luwih gedhe supaya warunge utawa rumah makane ibune, ya Bu Ngadirah kuwi tambah laris. Ora ana ancas liya kejaba kuwi! Ah, iya. Ora. Ora! Aku ora kena kegedhen rumangsa. Ora! Kegedhen rumangsa kuwi padha karo wong sing gawe jugangan kanggo njeglongake awake dhewe. Kanggo ngubur awake dhewe. Persis kaya wong ngendhat utawa wong nglalu.**Ing sawijining wengi aku glenikan karo Sumi bab anggone dheweke kaya pasang wuwu marang Mas Raka apa dene Mas Rinto.“Mbak Sum, apa Mbak Sum kuwi ora kuwatir apa isin yen kaya dene masang-masang awak kanggo Mas Raka lan Mas Rinto?”“Ni, kabeh laku urip kuwi ana resikone. Ora ana sing tanpa resiko. Mung kari wani nampa resiko kuwi apa ora. Yen kowe ora wani nampa resiko, kowe ora bakal maju. Kowe ora bakal ngerti apa-apa.”“Apa Mbak Sum kepengin dadi pacar utawa jodhone Mas Raka apa Mas Rinto?”“Pengarep-arep kaya ngono kuwi ora nate ana ing pikiranku, Ni. Sing baku, aku bisa macari Mas Raka apa Mas Rinto, utawa loro-lorone.”“Edyan kowe, Mbak!”Sumi mesem krungu gunemku.“Hm. Mumpung isih enom, Ni. Wong wedok kuwi cepet banget tuwane tinimbang wong lanang. Wong wedok kuwi tuwa sethithik wae njur ora payu. Kaya dagangan kedaluwarsa, Ni. Mumpung ana cah lanang nggantheng, pinter, tur durung pengalaman. Kuwi narik kawigaten, Ni. Kuwi sing jenengane tantangan!”Embuh ngapa atiku gumuruh krungu ukarane Sumi sing kaya ngono kuwi. Cetha yen Sumi pancen bisa tumindak apa wae kanggo njiret Mas Raka lan Mas Rinto. Bener, Sumi bakal pasang kala. Pasang wuwu. Ana rasa ora trima lan kuwatir ing atiku. Mengko yen Mas Raka lan Mas Rinto sida kejeglong, kejiret dening apa sing ditindakake Sumi bisa ora 11


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 3 CRITA SAMBUNG ................................ 2Kembang Alas JatiSRUMUWUS ....................................... 4Tanggap WarsaWAWASAN JRONING NEGARA............ 5BorobudurTiket Ngunggahi Candhi Kelarangen?TOSAN AJI .......................................... 6Kawruh DhuwungSASTRA & BUDAYA ............................. 7Dhaerah Luwih GrengsengNgrembakakake Sastra Jawa?WIRANOM........................................... 8Teguh Bangun SatriaPerlu Dilandhesi Semangat MudaPAGELARAN ....................................... 9MangestiPRIBADI BINUKA................................. 10Dr. Peni Candra Rini, S.Sn. M.Sn.Komposer Tradhisional Jawa KangMoncer Ing Manca NegaraPAWIYATAN......................................... 12SMPN 1 SemanuMengeti Dina Lair Pancasila LAPORAN DHAERAH ......................... 14Ruwat Rawat Prasasti SarunggaWANITA & KELUWARGA ..................... 16Nggladhi Putra Amrih Tumindak JujurHERBAL............................................... 17Nangka SabrangJAGADING LELEMBUT ........................ 18Lelembut DheglengKEMBANG SETAMAN........................... 19PUSTAKA ............................................ 20SandiasmaPADHALANGAN................................... 22Ibu Lurah WinihanCRITA RAKYAT..................................... 24MundhinglayaCERKAK............................................... 26Seneng KlurukWACAN BOCAH................................... 28Gajah Kalah Mungsuh SemutAKSARA JAWA ................................... 29MACAPAT ............................................ 30Syawalan ing Mangsa Pandhemi Covid 19TEMBANG DOLANAN .......................... 30Dhenok DheblongGEGURITAN......................................... 31BANYUMASAN .................................... 32Bapa Simur Lunga KajiOH LELAKON ...................................... 33Kapusan Njaba NjeroPENGALAMANKU ............................... 34- Gara-gara Nggoreng Endhog- Dadi RepotNAPAK TILAS ...................................... 35Diserbu Prajurit GabunganLIPUTAN.............................................. 36Festival Dhalang Bocah lan Rumaja Kota YogyakartaTRADHISI............................................ 38Ngalab Berkah Ana Ing PasareyanKanjeng Panembahan PurboyoKRATON .............................................. 40 Museum Sultan HB IX (02)SANJA DESA ....................................... 42Sigit Tri SuhartoyoGuyub Rukun GumregahMbangun SelomartaniWARTA RINGKES ................................ 44PARIWISATA........................................ 46MangliDesa Wisata Ing Perenge Gunung SumbingUTHAK-UTHIK DL................................ 49SATLERAMAN ..................................... 50Damitri ArdianCheff Kang Nate Ngubengi DonyaMajalah Basa JawaNgesthi Budi RahayuNgungak Mekaring Jagad AnyarKababar Seminggu SepisanTerbit saben dina SabtuPENERBIT PT DJAKA LODANG PERSAnggota SPS No. 66/1971/14/B/2002SIUPP: SK MENPEN NO. 109/SK/MENPEN/SIUPP/C1/1986 TGL 22 MARET 1986RacikanPelanggan saha sutresna Djaka Lodang, menawi kintunan DL boten dumugi alamat, kersaa paring katrangan lumantar sms utawi wa nomer: 0878 38 224 646PENDhiri: H. Kusfandi [almarhum] & Drs. H. Abdullah Purwodarsono PEMIMPIN UMUM/PEMIMPIN REDAKSI: KuswinarniPEMIMPIN PERUSAHAAN: Tony Urat SitohangREDAKSI PELAKSANA: Drs. Suhindriyo REDAKSI: Drs. Suhindriyo Tatiek Poerwa Kalingga SEKRETARIS REDAKSI: Maria Nur CahyatiARTISTIK: Tri Listiyono, Wahyu Kadarsih, Lestari Setyani. KEUANGAN:Wiji SukartiPROMOSI & IKLANBariSIRKULASI:Sukarni HeruALAMAT REDAKSI/ADMINISTRASI: Jl Patehan Tengah, 29 Yogyakarta 55133 TELP./FAX. 372950Email: djaka_lodang @ yahoo.co.id SMS: 0878 38 224 646No. Rekening Bank :Bank Mandhiri KH A. Dahlan137-00-1034862-7a.n. PT Djaka Lodang PersBRI Cabang Katamso 0245 0100 2268 307a.n. PT Djaka Lodang • [BUKTI KIRIMAN SUPAYA KAKIRIM, LUMANTAR WA UTAWA EMAIL] • Rega Eceran Rp 13.000,00 [DIY], Rp 13.500,00 [jaban DIY] Rega langganan sesasi Rp 50.000,00 [4 x terbit] • Rega langganan sesasi Rp 62.500 [5 x terbit] • Langganan lumantar pos ing Pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp 10.000,00 lan sajabaning pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp 12.000,00 • iklan Rp 1.500,00/baris• Rega Iklan Display, Paket Sponsor Rubrik bisa sesambungan langsung marang bagian iklan • Foto dikirim file dhewe format TIF/JPEG 200 dpi. “Djaka Lodang” nampa sumbangan tulisan lan gambar saka para maos. Redaksi duwe hak ngowahi tulisan kang bakal dicetak tanpa ngowahi isi. Tulisan, foto, gambar lan sapanunggalane kang kapacak dicaosi sembulih. Kang pidalem ing Yogyakarta bisa mundhut langsung sembulihe seminggu sawise karyane kapacak. Tulisan kang ora kapacak dikondurake yen dikantheni perangko sacukupe. Tulisan bisa kakirim liwat email: [email protected]. Akehe tulisan watara 4.500 karakter (klebu spasi) format RTF (dudu doc). Wanita ayu kang prestasine manjila tekan manca negara iki asmane Dr. Peni Candra Rini, M.Sn, lairan Tulungagung 22 Agustus 1983 kang tansah disengkuyung dening garwa kinasihe Dwi Nugroho utawa kondhang ing manca kanthi sebutan Idud Sentana Art. Para pelanggan saha para maos Djaka Lodang bisa mirsani ing Pribadi Binuka udyana iki uga bab kawegiganne Komposer Tradhisional, Pencipta Lagu uga minangka ‘Singer Kontemporer’ kang bisa gawe aruming bangsa. Ibu Peni, uga pesen marang kaum milenial sarta generasi Z supaya bisa nresnani seni budaya kang adiluhung ing nusantara.(Foto : Dok.Pribadi/DL)


4 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 AlipSugeng ambal warsa Majalah minggon Basa Jawa Djaka Lodang, ingkang kaping 51. Mugamuga tambah luwih profesional, tambah duwé greget, lan terus migunani kanggo masarakat. Tetep njaga ciri-ciriné minangka kalawarti Basa Jawa, kang bisa dadi andelan kanggo nguri-uri budaya lan basa Jawa. Umur 51 minangka umur, kuwi ateges wis kebak energi, akéh pengalaman, lan wis kasil ngatasi alangan sing mesthi akéh jinisé.Minggon Djaka Lodang madeg rikala tanggal 1 Juni 1971, saka prakarsané Bapak H. Kusfandi lan Drs. H. Abdullah Purwodarsono. Djaka Lodang saiki siji-sijiné medhia basa Jawa sing ana ing DI Yogyakarta. Nalika pisanan diterbitaké awujud tabloid 8 kaca. Banjur dadi koran. Pungkasané banjur dadi majalah, ing taun 1978. Minggon Djaka Lodang ing taun 1980-an kondhang lan misuwur. Wektu iku, oplah sirkulasiné nganti tekan 10 éwu nganti 20 éwu saben minggu. Élok tenan ...Minggon Basa Jawa bisa tetep setya marang pemaos, nganti 51 taun iku pancèn prestasi sing kudu diapresiasi. Ora gampang bisa tetep ajeg lan terus terbit nganti 51 taun. Djaka Lodang tetep ngugemi ciri khasé, kanthi ngendelaké rubrik budaya kang ndhidhik masarakat. Uga dadi salah sawijining sarana kanggo nguri-uri budaya lan basa Jawa. Sawetara rubrik andhalan yaiku: Pangudarasa, Naskah lan Sastra, Geguritan, Crita Cekak lan Jagading Lelembut, tansah ajeg lan lumintu dadi klangenané para pemaos.Malah Djaka Lodang uga wis kasil nglumpukaké tulisan saka rubrik Jagading Lelembut lan wis diterbitake minangka antologi, dadi buku sing kandelé 200 kaca. Bab iku uga salah sawijining prestasi sing layak diapresiasi. Buku kuwi bisa nambahi literasi basa Jawa, nambahi réferènsi, uga minangka sarana kanggo ngajak masarakat supaya luwih ngerti basa Jawa.Ing jaman milenial iki, teknologi wis ngrembaka kanthi cepet banget. Bab kuwi bisa dirasakaké saka anané e-book lan e-magazine lan e-liyané. Mula saka iku Djaka Lodang kudu wiwit mikir kepriyé carané mlebu jagad sing bakal teka ing ngarep, jaman sing luwih maju. Kanthi cara kuwi Djaka Lodang bisa netepi semboyané: Ngesthi Budi Rahayu, Ngungak Mekaring Jagad Anyar.Upaya kang nyata dibutuhaké, supaya bisa ngetutaké owahing jaman. Wis kudu wiwit siyapsiyap lan nggrahita kepiyé carané ngungak mekaring jagad anyar. Amarga Djaka Lodang mesthi bakal nemoni jaman e-majalah. Iki mesthi dipikiraké kanthi persiapan lan jembaring pikir.Mekaring jagad anyar mesthi diadhepi kanthi cara anyar. Kaya-kaya dirasakake wis perlu miwiti nyiapaké para mudha, kanggo nyengkuyung kelangsungan lan eksistensi Majalah Djaka Lodang. Amarga kanthi perkembangan teknologi sing cepet banget, uga butuh wektu kanggo miwiti mikir bab ngleboni téknologi anyar, supaya bisa tetep lumintu terbit lan ditresnani déning para pemaos.Salah sawijiné bokmenawa kanthi cara ngajak para mudha karebén dadi sing kawogan ngurusi, lan mélu urun rembug, lan uga dadi penulis Djaka Lodang. Iki minangka upaya, supaya para mudha kang luwih sregep, duwèni pamikiran anyar, kang maju lan spektakulér, bakal bisa ngayahi mekaring jagad anyar. Nanging iki pancén ora gampang. Mula iku mesthi dipikir kanthi serius. Kepiyé carané sinergi lan adhaptasi, supaya tetep cocok karo prekara teknologi, lan mangayubagya Ngungak Mekaring Jagad Anyar.Gegayutan karo babagan iki, akéh sing paring pamrayoga marang Djaka Lodang. Klebu Gubernur Ngayogyakarta Sri Sultan Hamengkubuwono X, kang paring pangandikan ing terbitan No. 1, tanggal 4 Juni 2022. Mugamuga kita kabéh lan para pemaos Djaka Lodang, bisa bareng-bareng ngupaya piyé carané minangkani arahan lan ngendikané Sinuhun Sri Sultan Hamengkubuwono X, karebén kaleksanan. Wis mesthi waé iki ora bakal gampang, nanging iki kudu dadi wigati kita kabéh ngadhepi mangsa ngarep kang mesthi bakal tekan.Pungkasanipun atur, panyengkuyung saha partisipasinipun para pamaos Djaka Lodang temtunipun dipun ajab kanthi sanget. Majalah tanpa pemaos, ora bakal bisa langgeng. Satemené saiki iki angél banget golék majalah Basa Jawa. Mula kuwi, muga-muga Djaka Lodang tetep eksis. Mugi kuncara, lan tetep nguri-uri budaya lan basa Jawa, karebén tansah ngrembaka ... (KPA: 13 Juni 2022)Kartun EditorialSrumuwusTANGGAP WARSADening : Ki Pandan Alas


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 5 Wawasan Jroning NegaraDening Suhindriyo Jupuk dudutan saka kanyatan sejarah mangkono ateges tindak menyang Borobudur iku tumrap panggilut agama Budha ateges tindak jiarah keagamaan (wisata religi) sing nengenake sikap kurmat lan ngaji-aji marang papan utawa obyek wisata sing ditekani. Semono uga pawongan kang ora nggilut agama Budha nanging duweni karep kanggo tindak wisata sejarah menyang papan iku uga pantes duweni adeg-adeg (sikap) ngurmati minangka bangunan keagamaan sing pantes diajeni. Mula nalika nyekseni akehe tumindak kurang pantes saka wisatawan nalika wisata menyang Borobudur kanthi ngorek-orek, nemplekake utawa nyemprotake jat sing angel diilangi, methingkring ing sadhuwure stupa, nuthukake barang marang reca utawa relief temah rusak lan gigis, iku klebu tumindak sing gawe rerusak lan ora jumbuh karo watak bangsa Indonesia sing ngajeni lan tepa slira marang panggilut agama liya (toleran).Wisata menyang Borobudur bali dadi rembug muyeg nalika sumebar Instagram saka Menteri Kemaritiman dan Investasi Luhut Binsar Pandjaitan menawa tumrap wisatawan dhomestik tarif wisata menyang Candhi Borobudur saka Rp 50.000 dadi Rp 750.000 lan wisatawan manca regane karcis mlebu akehe 100 dholar AS. Mesthi wae owah-owahan iku nuwuhake reaksi saka masarakat awit undhake tarip luar biasa. Temah tuwuh pro lan kontra penemu. Pihak kang setuju kanthi landhesan penemu kanggo jaga Borobudur saka kerusakan lan aksi kejahatan, dene kang kontra nganggep menawa dhuwure tarip bisa ngedohake masarakat awam saka pemahaman anane warisan budaya leluhur. Jalaran, aksi perusakan lan vandalisme marang Candhi Borobudur tetep bisa senajan tarip munggah candhi larang banget. Tumrap wong sing duweni watak perusak dhuwure tarip munggah candhi dudu pepalang kanggo nindakake aksine gawe rusake bangunan candhi.Pihak liya aweh penemu menawa bangunan suci sing umure wis ewon taun iku perlu dijaga kelestariane. Jalaran ana lapuran menawa bangunan suci iki kejaba ngalami kikisan watune merga diidak-idak ewon uwong saben dina uga wis mblesek watara 2 cm, sing tegese momotan sing disangga bangunan candhi krana akehe wisatawan perlu diwatesi. Sumber wacan / warta / gambar:https://www.tiket.com/todo/tiket-candi-borobudurhttps://money.kompas.com/read/2022/06/06/135234526/agar-tak-salah-paham-soalhtm-candi-borobudurhttps://travel.tribunnews.com/2022/04/19/harga-tiketmasuk-candi-borobudur2022-BOROBUDURTiket Ngunggahi Candhi Kelarangen?Sebutan Borobudur asale saka tembung Bhumi Sambhara Budhara sing werdine gumuk kanggo muwuhi kabecikan (bukit peningkatan kebajikan). Lire, munggah sepuluh trap Candhi Borobudur iku duweni tujuan saya wuwuh becik pakarti, penggalih, sarta pamikire. Candhi kang rampung diedegake watara taun 825 Masehi dening Raja Medang Syri Maharaja Samaratungga (792-835 Masehi) iki bangunan suci tumrap agama Budha sing ana sambung tepunge karo Candhi Mendut apadene candhi Pawon kang dumunung sawetane. Kepara Borobudur – Pawon – Mendut iku sinebut trisuci candhi sajrone pangibadahan agama Budha. Antarane abad 8-10 Masehi Pulo Jawa iring tengah lan kidul Jawa Tengah madeg Krajan Mataram sing diprentah dening keturunan (dinasti) Sanjaya sing nggilut kapitayan Hindhu lan keturunan Syailendra sing nggilut kapitayan Budha. Mula ora aneh menawa tilas wilayah kukuban Krajan Mataram iki madeg atusan candhi saka pesisir Jawa sacerak Pekalongan terus ngidul ngetan tekan tapel wates Jawa Tengah - Jawa Timur.


6 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip Tosan AjiAgus Wuryanto S.Sn, A FPSI*, Hon E HPPWPenasehat Pusaka Nusantara, Penasehat Wonosobo Heritage, Ketua Paguyuban Tosan Aji Pakuwojo, WonosoboPamor inggih punika dekorasi utawi sekaran wilah dhuwung, ingkang dadosaken dhuwung ketingal endah, saha merbawani. Ing ngandhap nglajengaken seratan babagan dhuwung ingkang sampun kababar minggu kepengker. Anamung nyuwun pangapunten ingkang kathah, amargi kirang teliti anggen kawula nyerat, mila wonten sekedhik ralat kangge seratan ingkang terbitan kepengker.Kangge koreksi, ing minggu kepengker kaserat Pamor Blarak ngirit ingkang leres Pamor Ron Pakis.Pamor Ron PakisPunika pamor nggambaraken endahing Ron Pakis ingkang kathah pinanggih wonten ing perengpereng ardi (gunung). Bangsa kita bangsa agraris mila kathah, karya seni ingkang pikantuk sumber ide utawi gagasan saking kathahing maneka warni kasil bumi ing Nusantara, antawisipun kados ron-ronan saha sato kewan.Ing ngandhap conto pamor saking buku bapa Haryono Haryoguritno “KERIS JAWA” antara Mistik dan Nalar 2006. 1 2 3 41. PAMOR UJUNG GUNUNGPamor punika nglambangaken panguwaos paling inggil, saha nggambaraken pangaribawa ingkang kiat dhateng kiwa tengenipun utawi sakupengipun, mila pamor punika lajeng kagambaraken pucuking gunung. Pamor ingkang nglambangaken panguwaos ingkang paling inggil, anamung ugi wonten pitedah bilih panguwaos punika saget pun lampahi kanthi sampurna, wiwit saking ngandhap lan ing nginggil dumugi wates wilah , ateges panguwaos ugi wonten watesipun.2. PAMOR BLARAK SINERETPamor punika ugi pun sebat Pamor Blarak Ngirid, kadidene blarak utawi ron kajeng klapa ingkang pun seret. Mila menawi garap pamor lajeng kirang dados umpaminipun mboten rapet, saget pun wastani Pamor Blarak Ngirit Wurung. Pamor Blarak Sineret nggambaraken bilih aturan utawi prentah punika kedahipun dipun pundhi sesarengan, kados dene ron janur ingkang nderek atut dumateng gagangipun (pelepahnya) rikala pun seret.3. PAMOR WENGKON UNTU WALANGPamor punika ing bageyan wengkonipun, utawi pamor ingkang pinggir ringih-ringih mila lajeng kasebat untu walang utawi ing basa Indonesia gigi belalang, dene ing tengahipun pamor Sada Saler ingkang kirang langkung nggambaraken hubungan manungsa dhumateng gustinipun inggih Gusti Ingkang Akarya Jagat. Manembah nyawiji, mila kedah pun tamengi, utawi pun jagi kanthi kenceng supados lempeng ing manah.4. PAMOR ADEG RAMBUT-WENGKON BERAS WUTAHPamor ingkang bageyan tengah awujut garis rapet minggah ingkang pun sebut Pamor Adeg Rambut, amargi tipis, rapet lan sap-sapan, dene pinggiripun wonten wengkonipun Pamor Wos Wutah. Nggambaraken kemandhirian ingkang kedah pun antepi utawi pun cepeng kanthi jejeg. 5 6 7 85. PAMOR RI WADFRPunsebat Pamor Ri Wader amargi wujudipun kados eri wader (unjar lepen)6. PAMOR PANDHAN IRIS.Gambaran pamor punika kadidene ron pandhan ingkang pun tumpuk (disusun) lajeng karajang gaman landhep. Kirang langkung wujutipun kados mekaten, mila pun sebat Pamor Pandhan Iris.7. PAMOR TEPEN (WENGKON)Anamung wujud pamor ing pinggir kemawon, ingkang nggambaraken pangayoman, tolak bala utawi tameng.8. PAMOR JUNJUNG DRAJADPamor punika ingkang pun sebut Pamor Junjung Drajad, wonten pamanggih sanes ugi ingkang mastani pamor mekaten kalebet Pamor Raja Abala Raja, Pamor ingkang nglambangaken panguwaos, utawi kawibawan ingkang ageng. KAWRUH DHUWUNG


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 7......Biyasane dhaerah kabupaten misale, luwih bisa grengseng anggone ngrembakakake sastra Jawa. Ana ing tlatah Ngayojakarta wae cetha mangkono. Kanca-kanca sastrawan Jawa ana ing Kulonprogo luwih nggrengseng anggone kiprah sastra Jawane ketimbang kancakanca sastra ing tengah Kutha Ngayogyakarta. Akeh kelompok kang ngemenake acara sastra Jawa. Biyasane kanca-kanca kang sregep olah sastra Jawa uga sregep olah sastra Indonesia. Malah kanca-kanca sastrawan Kulonprogo wis tau ngenengake Malam Rendra. Yakuwi macakake karyane WS Rendra genti genten. Malah wis tau ana pelukis kang bisa nglukis puisi barang. Apa maneh Kulonprogo iki bumi kelairane penyair seangkatan Chairil Anwar kang jenenge Mahatmanto. Mutu puisine kagolong dhuwur. Kanthi kaprigelan ngolah lorolorone basa sastra iki kanca-kanca bisa nggrengsengake karo-karone. Pancen apike ya mengkono kuwi. Loro-lorone dicangking kabeh menawa ana acara sastra. Ora mung siji wae, sastra Jawa thok utawa sastra Indonesia thok. Menawa dicangking kabeh, bisa maju bareng lan bisa saling andum kabecikane sastrane dhewe-dhewe. Iki mungkin kang ndadekake sastra ing Ngayojakarta malah istimewa. Ya sastra Jawa, ya sastra Indonesia kaya sikil loro mlangkah maju. Menawa sikil loro bisa mlangkah kanthi kerjasama, bisa andadekake mlakune luwih cepet.Ana ing kabupaten Bantul rasarasane hiya mengkono. Kanca-kanca kang nyengkuyung sastra Jawa hiya prigel ngolah sastra Indonesia. Padhapadha semangate. Rasa-rasane ya luwih, asyik lan gumyak menawa ing Bantul kanca-kanca nerusake anggone nglestarekake sastra Jawa bebarengan karo nggayengake sastra Indonesia. Kahanan kaya mangkene iki bisa kedadeyan ana ing tlatah Sleman. Malah ana ing Sleman kegiyatane sastra iki nganti serius banget, nganti ana kanca kang sregep nggarap sastra Jawa klasik, kayata Macapatan barang. Malah Mas Bambang Nursinggih bisa nggabungake sastra Jawa karo seni tari lan menawa dipentasake dadi edi banget.Banjur apa sebabe ana ing dhaerah, mligine ana ing kabupatenkabupaten sastra Jawa bisa gayeng ngimbangi sastra Indonesia lan ngrembaka ketimbang ana ing kutha? Sepisan, ana ing desa-desa kabupaten mau wargane isih sregep lan migunakake basa Jawa dadi basa sesrawungan. Antarane warga padha omong-omongan isih migunakake nganggo basa Jawa. Isih akeh kaluwarga kang antarane bapak, ibu, anak, simbah, putu, pakdhe budhe pak lik bulik menawa cecaturan migunakake basa Jawa. Samono uga menawa ana pasamuan, arisan, wiwahan, pengajian, lan rapat rembugan ana ing desa. Dadi basa Jawa isih urip ana ing pedesan kabupaten mau. Warga desa isih bisa menikmati utawa ngrasakake endahe basa Jawa menawa nonton wayang kulit, wayang uwong, utawa kethoprak, utawa ngrungokake sandiwara basa Jawa. Penulis wis tau nonton wayang sing ndhalang Mbah Ki Timbul Hadiprayitna ana ing cedhak puri Parangkusumo. Kang nonton akeh banget. Iki wayang serius, lan sing nonton betah lungguh nonton anggone Mbah Timbul ndhalang, nikmati wayang kulit ana ing ngarep kelir lan lampu blencong. Wayange mantep, gendhinge mantep lan sindhene hiya mantep, sanadyan wis setengah sepuh. Sadurunge nonton lan melu lungguh ana ing pendhapa, ing sela-selane pengrawit, penulis krungu menawa wong kang nonton anggone omong-omongan nganggo basa Jawa mlipis. Semana uga wektu bubar nonton wayang. Wong kang kemriyeg mau kabeh nggunakake Basa Jawa.Semono uga wektu ana ing lapangan Parangkusumo dienengake Kamah Budaya. Ana panggung wayang kulit, banjur dhalange Ki Enthus Susmono saka Tegal ndhalang. Anggone ndhalang migunakake basa Jawa modhel pesisiran lan akeh gojegan sing luwih thok leh, malah kepara akeh sarune pisan. Ananging wong sing nonton malah seneng. Apa maneh wektu limbukan akeh pejabat kang melu munggah panggung, nglagokae lagu langgam Jawa utawa lagu campur sari. Ana kang nglagoake lagu Sewu Kutha, Setasiun Balapan, Randa Kempling utawa lagu anyar kang lagi disenengi bocah enom. Sing penting, anane basa Jawa bisa nggayengake tontonan wayang kulit. Temtu wae basane rada beda menawa dibandingake karo basa Jawa ketoprakan, apa meneh basa Jawa wayang uwong sing pancen banget aluse.Kapindho, Isih anane majalah utawa lembar sastra Jawa kang ajeg macak karya sastra Jawa. Anane majalah Djaka Lodang, lembar Mekar Sari, Panyebar Semangat, Jaya Baya misale pancen akeh migunani lan akeh manpangate kango sastra Jawa. Kanca-kanca kang seneng nggarap karya sastra Jawa dadi bisa milih menyang ngendi ngirimake karyane. Dadi loro-lorone pancen dibutuhake. Kanggo bisa melayani pembaca kang pengin lan kebacut seneng marang wacan basa Jawa iki. Sedulur-sedulur pembaca majalah basa Jawa iki janjane minangka kang nyengkuyung maju mundure majalah basa Jawa utawa lembar sastra mau. Para seulur mau nyengkuyung kanthi cetha. Maca majalahe kanthi tuku. Masarakat pembaca, utawa khalayak media berbasa Jawa iki janjane perlu dikaruhe karo pengasuh majalah basa Jawa lan pengasuh lembar basa jawa. Kanthi dikaruhke, mbuh piye carane bisa andadekake hubungane karo pangasuh majalah basa Jawa bisa sangsaya rumaket maneh.*Dhaerah Luwih Grengseng Ngrembakakake Sastra Jawa?Sastra & BudayaDening Mustofa W Hasyim


8 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip WiranomJejaka kang kapacak iki namane Teguh Bangun Satria, asring ditimbali Tebe. Tebe utawa Teguh lair ing Kebumen, tanggal 11 November 1995 bisa diarani raja panggung jalaran dheweke bisa maneka warna kesenian kayata ndhalang, nembang, joged, ngethoprak lan pranatacara sinaosa dheweke dudu saka keluwarga kang duweni trah seniman. Mangkene critane. “Wiwit cilik simbah iku remen dhateng kesenian, wonten keluwarga boten wonten trah seni, simbah tani nanging kula asring dipunajak simbah ningali kesenian. Wiwit menika kula remen dhateng kesenian. Saking menika kula riyin nate boten pikantuk restu saking bapak ibu amargi awakku seneng marang seni apamaneh bab wayang. Ribut kalihan bapak ibu dumugining kula badhe kuliyah. Sampun kula mlebet kuliyah wonten jurusan Basa Indonesia, nanging satunggal taun kuliah kula dherek dhaftar SBM wonten UNY. Setunggal wulan saderengipun ndherek SBM menika kula karantina wonten BPUN (Bimbingan Pasca Ujian Nasional) wonten Pondok Ora Aji. Alhamdulilah ngibadah kopen lan pikanthuk petunjuk kangge mlebet basa Jawi. Kula katampi katemu kalihan kanca-kanca saking SMKI lan sanesipun. Mlebet basa Jawi kula ugi pikanthuk dosen ingkang sae kangge bab seni lajeng kula ugi dherek UKM Kesenian Kamasetra. Makaten wiwitane.” Critane mantan mahasiswa berprestasi UNY iki. Dene saiki piyambake uwis dadi dwija basa Jawa ing Kebumen, nanging dheweke tetep aktif ing kesenian pedhalangan lan seni swara pranatacara. “Berat ehehe yen ditakoni milih endi antarane wayang karo mc ehehe. Dene nang ati iku marem ana MCne karo dhalange, loro kabeh yen entuk” tandhese Teguh nalika dipunsuwuni prika bab wayang utawa mc. Kejaba aktif ana ing bidhang kesenian dheweke uga dadi dwija basa Jawa ing Kebumen. Kabeh dilakoni dening Teguh karana tresnane marang seni lan basa ing tlatah Jawa. Dene critane dheweke bisa ndhalang uga karana dheweke aktif ing kuliyah, dheweke aktif ing organisasi uga melu maneka warna kagiyatan. Organisasi iku dadi lantaran dheweke bisa tepung lan sinau kesenian, dene organisasi kang gawe dheweke tepung karo kesenian ana Kamasetra uga Hima Jawa. “Wiwitan mayang iku 30 menit kanthi pathet manyura, dene mayang kaping 2 ing kampus uga ana ing adicara PAK HIMA JAWA. Nah karana dhalang iku ana gayutane karo tari tundhone uga melu latihan, dumugine aku kadhapuk dadi buta ing Ramayana yen saiki ya pindhah ing vocal, kira-kira 1-2taun ing Kamasetra.” pratelane Teguh. Sawise lulus saka UNY dheweke banjur ngrintis dadi pranata titilaksana. Dheweke ngandharake yen sejatine wiwit biyen kepingin dadi MC kang misuwur nanging isih wedi jalaran dadi MC kuwi ora gampang. “Aja ganti MC iku dadi pepalang karana kuwi bisa fuatal banget.” Tandese Teguh awit sukses lan orane adicara iku gumanthung MCne. Karier jejaka bagus ing bidhang pranatacara uga kawiwitan kanthi dadakan, ora dinyana-nyana ana salahsijine kanca kang tepung karo Teguh lan nawani dadi MC. “Wiwit sadurunge corona menika mawon dadakan eh malah keterusan, menika wonten kanca ingkang nyuwun prika, Be kowe lak jurusan basa Jawa ta mesthi bisa MC wiwit iku aku mc dhewe, kangge sinau menika wonten tratagan ehehe.” Pratelane Teguh. Kanthi modhal sangu ngelmu kang dientuke rikala kuliah ing mata kuliyah pranatacara dheweke dadi kendel lan percaya dene dheweke bisa. Dene sepisan dadi MC Teguh ngandharake yen durung nate sinau apadene kursus-kursusan. “Nggih sangune saking riyin nalika kuliah. Manawi wonten griya iku melu Permadani (Persatuan Masyarakat Budaya Indonesia) ning ya uga disambi karo tanggapan. Tanggapan sepisanan kangge MC menika wonten Piyungan riyin wonten kakak tingkat satunggal organisasi, kirakira iku h-pirangdina sadurunge PSBB lan lockdown nang ngendingendi kae.Kangge tanggapan MC iku biasane paling akeh iku dijawil saka perias lan rekan cucuk lampah, nanging uga entuk job saka WO lan manten uga. Dene saiki ya uwis melu himpunan pekerja wedding dan Harpi Melati Kebumen Ranting Klirong Petanahan” Pratelane jejaka kang mapan ing Klirong RT 1 RW 1 Klirong, Klirong, Kebumen, Jawa Tengah “Rahasiane ya mung kudu seneng lan motivasi semangat muda, sesantine “sasuwene pepada bisa jumangkah, panjangka bisa ginayuh, nyawa isih dengadhuh, urip kudu bisa dadi urup kang nguripi” Teguh uga duweni tips and trik kanggo para pamaos Djaka Lodang kang kapengin sinau bab pranatacara yaiku sepisan kudu bisa nguwasani materi paham marang materi kang bakale diandharake, kaping loro apresiasi dhiri, kaping telu fokus dening jobdeske lan kaping sakawan sinau lan latihan terus. Dene kanggo acara teknis iku kerep-kerep sinau lan latihan utamane ing ngarep kaca, ora kajaba uga asing latihan lan sinau maca-maca buku supaya mengko bakale apal lan bisa sugih basa lan uga aja lali mriksani referensi video MC uga. Karana kegigihane lan bisa mbuktekake marang bapak ibuke dheweke akhire uga uwis pikantuk restu dening tiyang sepuhe. Tri AsihTEGUH BANGUN SATRIAPerlu Dilandhesi Semangat Mudha


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 9 PagelaranTeguh Yuwono, S.S., M.M.Spiritualitas MotivationSpiritualis MotivatorPemerhati masalah spiritual motivasiSalah satunggaling laku i n g k a n g luhur saha saged n y a k e t a k e n dhumateng Gusti Kang Murbeng Dumadi njih menika mangesti. Mangesti saged dipun arani laku manembah ing tengah wengi kanthi olah rasa lan sujud ngasorake dhiri. Kaya ngelmune pari, sangsaya isi sangsaya dhungkluk winor naraganing manah. Wontening Al-Qur’an dipun serataken bilih “Wong Kang dimulyakake dening Gusti Allah iku yen mlaku ana ing ngalam donya, andhap asor, ora gumedhe, ora gumampang, ora adigang adigung. Dene srananipun supados bisa dadi wong kang andhap asor yaiku kanthi mangesti, utawa sujud tahajut ing tengah wengi sa wise turu. Mangesti utawa tahajud kuwi migunani saha mrayogani tumrap sapa wae sing gelem nglaksanakake, kayata : 1. Bisa Ngangkat Drajat.Allah SWT bakal ngangkat drajate wong kang seneng sholat tahajud. “Wong kang ditresnani Allah kuwi ciri salah sijine yen lelaku nang ngalam donya andhap asor ora gumedhe lan yen di olokolok karo liyan, tansah sabar malah ndongakake kabecikan”. Mekaten kirang langkung ingkang dipun sebataken wontening Kitab Suci Al-Qur’an Surat Al Furqon ayat 63. 2. Dongane Dikabulake AllahWong kang sujud ing tengah wengi kanti khusuk lan ngarepe ridhoning Gusti bakal di sembadani apa kang dadi kekarepane. Amarga pengorbaning upaya tengah wengi sing mesthine kanggo turu nanging malah tangi, wudhu lan sujud ngasorake dhiri nyenyuwun kanthi sabar ing penggalih3. Bisa Nentremake atiNindakake sholat tahajut ing wayah wengi kuwi kapitung mbudayakake urip kang sehat. Amarga sapa wae kang bisa tangi lan netesake luh tangising batin ing sajadah kuwi sajatine ngresikake ati. Banjur kabeh dipasrahake karo Gusti Allah, mula banjur tentrem atine. Kanthi sabar bisa ngaturake kabeh pacoban, Sumangga Gusti kemawon. 4. Bisa ngilangi dosa Wong kang nenuwun, mangesti lan tahajut ing tengah wengi kanthi niat keikhlasaning rasa, ngakoni kabeh kaluputan lan ora arep baleni kesalahan kang nate dilakoni, bakal dingapura. Saben dina terus ngelingi kamurahane Gusti kanthi syukur lan dzikir. Menawa saben wektu ngelingi Gusti Allah satemah kita ngrasa diawasi mula ora bakal nindakake tumindak ala utawa kang ora becik. 5. Nglancarake Iline GetihSholat tahajut uga bisa nglancarake iline getih ing awak kita. Amarga ing tengah wengi antarane jam 1 utawa 2 esukesuk kahanan alam kuwi resik ora ana polusi nyehate paru-paru lan nglancarake peredaran getih lan bisa nyehatake awak. 6. Pikirane JembarYen tengah wengi tangi banjur nindakake mangesti, hening lan rasa kang tentrem, pikirane padhang jembar lan resik. Ing wekdal menika kita saged nyegeraken pikiran satemah gampil nuwuhake katenangan rasa sajroning rasa. 7. Pikantuk Katresnaning GustiDene wong liyan isih sare, kita malah milih nyaketaken dhumateng Gusti, kanthi manembah ing rasa, saged dadosaken raketing manah dumateng Allah lan pikantuk kaberkahan lan katresnaning Allah SWT. Menika kasebat ing AlQuran Surat 25 ayat 64 ingkang kirang langkung tegesipun : “Wong kang ditresnani Allah iku sajatine tansah nguripake wektu tengah wengi kanti sujud” 8. Bisa ngundhakake bandele awakWengi-wengi, ngantukngantuk, adhem-adhem, ngguyur awak ngresike kotoran kang lengket ana ing awak, banjur ndadekakke awak seger lan amarga kulina dadi bandel saka lelara. Wontening salah satunggaling literature buku “Terapi Shalat Tahajud” ingkang dipun serat kaliyan Dr. Moh. Sholeh dipun jlentrehaken bilih tiyang ingkang nglaksanakaken sholat tahajut ing tengah wengi menika saged nurunaken respon sekresi hormone kortisol. Kathahing respon dhumateng penggalih menika saged nuwuhake stress, pramila sholat tahajut menika saged ngilangi utawi nurunaken stress lan saged ngawengi perkawis kanti sikap ingkang sae, sabar, tenang lan positif. MANGESTIKiva


10 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip Pribadi BinukaJare sapa menawa duwe keprigelan ing babagan seni tradhisional kuwi ora migunani kanggo sapadha-padha? Jare sapa seni tradhisional ora bisa ngangkat drajat lan martabate negara?Bab iki dibuktekake dening wanita manis kelairan 22 Agustus 1983 ing Dhusun Ngentrong Tulungagung Jawa Timur, putri kinasih pasangan Bapak Wagiman Condro Carito lan Ibu Sukinem, wanita manis kuwi ora liya Dr.Peni Candra Rini,S.Sn,M.Sn, bokmenawa saperangan masarakat ing babagan seni tradhisional ora tepung, nanging sapa ngira menawa Dr.Peni Candra Rini, wanita ayu garwa saka Dwi Nugroho utawa luwih dikenal kanthi asma Idud Sentana Art iki asmane moncer ing manca, kang wis diparingi putra siji sing diparingi asma Aruna Jagat Anuraga.Dr.Peni Candra Rini rikala nom-nomane ora kaya nomnoman liyane sing seneng dolan, nongkrong, Peni Candra Rini rikala mudha ngangsu kawruh kanggo mujudake gegayuhane kabukti wiwit sinau ing SDN I Ngantrong (1989 - 1995), SMPN I Campurdarat (1995-1998), banjur nerusake sinau ing SMKN 8 Surakarta kanthi jurusan karawitan, S1 seni karawitan ing STSI Surakarta 2001- 2006, S2 \"penciptaan seni\" ing pascasarjana ISI Surakarta (2006- 2008) lan kasil nggegem S3 \"penciptaan seni\" ing pascasarjana ISI Surakarta ( 2018-2022), kepinterane nembang tembang jawa sinau karo ramane, dheweke banjur sangsaya gandrung ora mung nembang tembang jawa nanging gandrung thuthukan gamelan, kawiwitan saka dheweke gabung kelompok sono seni ensemble, wiwit saka kuwi Dr.Peni Candra Rini banjur nyinau bab penciptaan musik.Kejaba kuwi dheweke uga nate dadi pesindhen karya-karyane Rahayu Supanggah bebarengan kelompok Garasi seni Benowo, bab iki nggawe semangate Dr.Peni Candra Rini sangsaya gemreget anggone nyinau.Rikala taun 2008 Dr.Peni Candra Rini kasil ngrampungake study magistere kanthi nampilake karyane kang kaparingan judul \"Bramara\" kanthi komposisi \"an-nahl B r e n g e n g e n g \" “sekar\", \"madu sari\", \"entup\" lan \"tilar\".J u d u l \" B r a m a r a \" k a p u n d h u t saka kamus basa kawi saking seratanipun C.F Winter lan RNG, Ronggowarsito kang duwe filosofi (urip) tawon karya \" B r a m a r a \" iki dadekake Dr.Peni Candra Rini \"komponis\" wanita kang patut diacungi jempol mula ora mokal menawa ing taun 2013 dheweke ngranggeh hibah \"seni kelola katagori karya inovatif\". Dheweke wis wiwit saka cilik katon menawa bocah cerdhas sabensaben melu perlombaan ing tingkat sekolah wis bisa dipesthekake bisa Dr.PENI CANDRA RINI, S.Sn. M.Sn. Komposer Tradhisional Jawa Kang Moncer Ing Manca NegaraATISADU by Dr. Peni Candra Rini, M.Sn.(Foto: Ist)Salah sijine karya Dr. Peni Candra Rini, M.Sn.(Foto: Ist)


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 11ngranggeh juwara, nganti tekan kasil ngranggeh \"Silver Medal For The Best Vocal Performance\" (ngranggeh medali silver rikala tampil anggone nyindhen/nembang kanthi suara sing apik).Ana ing The Spring Friendship Art Festival Pyongyang Korea Utara (2008) kejaba iki dheweke uga asring tampil ana ing sawernane pagelaran seni kang ana tataran Nasional apadene Internasional, Dr.Peni Candra Rini rikala taun 2016 kapilih dadi mascote Solo Internasional Performing Arts, kejaba aktif minangka komponis lan pesindhen, wektu iki Dr.Peni Candra Rini ngasta minangka dhosen komposisi ing ISI Surakarta.Ing babagan seni Dr.Peni Candra Rini klebu wanita kang \"gigih\" bisa ngangkat drajad martabate negara lan bangsa lumantar seni tradhisional jawa uga bisa nepungake kabudayan kang ana ing Indonesia saka festival limang (5) Benua, sing patut kaacungi jempol dheweke klebu seniman kang sarwa bisa kejaba dheweke nyandhang gelar minangka komposer, dheweke uga prigel anggone nulis lagu (tembang), wanita kang pasuryane ayu iki kanugrahan suwara apik mula ora mokal menawa dheweke banjur ambyur ing donya tarik suara minangka sindhen lan penyanyi kontemporer, dheweke beberake: \"Lingkungan keluwarga kula menika sedaya seniman, Bapak, eyang kakung, kangmas kula kagungan profesi dhalang, mbakyu kula profesinipun sindhen, mila kula sampun wiwit alit mireng suwanten gamelan lan tembang jawi sasat saben dinten,\".Dr.Peni Candra Rini, komposer, pencipta lagu (tembang) lan penyair kang wis tampil mubeng Asia kaya ing Korea utara, Korea Selatan, Jepang, Thailand, Malaysia, klebu wis mubeng ing Benua Australia, Africa, Europa lan America, banjur dheweke ngaturake menawa sosok seniman bisa tampil ing luar negeri kuwi idham-idhamaning sok sapaa wae, kang duwe profesi seni, awit bab kuwi bisa nambah pengalaman lan bisa nambahi ngelmu, nanging gegayuhan kang kaya ngono kuwi mesthi wae ora gampang, sarate yakuwi kejaba tradhisi sing wis kagegem kuwat kudu duwe keprigelan anggone basa (komunikasi), kudu pinter anggone diplomasi kabudayan ana ing sangarepe wong asing, bab iki ora gampang kabeh dicawisake kanthi mateng sadurunge duwe niyat \"Go Internasional\"tambahe. tantangane wong seni sing kepengin tampil ana ing manca negara, kudu update lan bisa paham manjelaning jaman, nanging seni lan kabudayan Nusantara sing kepengin kaangkat kudu tetep bakoh supaya bisa ngangkat nilai kabudayan sing ana ing Nusantara lan diakoni wong manca negara.\"Owner\" penggagas lan direktur utama Yayasan Jagad Sentana Art lan Dhosen ISI Surakarta jurusan karawitan iki, uga wis duwe album rekaman, Swarnadwipa (2022), Linggih (2022) Kalabendu (2022), Hedo Hodoh (2022), album single, Anuraga (2022), Twalen (2022), Abad Ubad Ubud (2022), Subak (2021), Album single, Kidung Asmarani (2021), Album single Banyu (2021), Sacred Connection (2021), Karaeng Naba (2020), Ayom (2019), Timur (2018), Agni (2017), Mahabharata - kurusetra War (2016), Doughter of thr ocean (2016), Bhumi (2015), Sekar (2012).Ing purnane wawancara karo Dr.Peni Candra Rini, lumantar telephon, piyambake paring wawasan menawa bab pendhidhikan adab lan unggahungguh kabudayan Jawa kudu kawiwitan saka lingkungan keluwarga, sekolah, masarakat, wong tuwa lan guru kudu bisa paring conto positiv bab nglestarekake budaya tekaning ngrembakakake kabudayan ya kuwi liwat seni budaya seka tradhisi tekan kontemporer (suara alam) sing bisa diakui tekan manca negara, budaya ngene iki sing bisa gawe mongkoging bangsa, mula landhesan kang nomer siji yakuwi tansah gondhelan iman klawan Gusti kang Murba Dumadi, pratelane.B A R I / DLIdud Sentana garwane Dr. Peni Candra Rini, M.Sn.(Foto: Ist)Dr. Peni Candra Rini, M.Sn. “Aja lamis” Washington DC(Foto: Ist)Salah sijine karya Dr. Peni Candra Rini, M.Sn.(Foto: Ist)


12 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip PawiyatanSMPN 1 SEMANU Bhinneka Tunggal Ika, mengku teges sanajan bangsa Indonesia iku bedabeda mungguh kapercayan, adat istiadat, tradhisi, budaya kang ora padha, nanging tetep manunggal nyawiji saiyeg saeka kapti mujudake bangsa kang luhur. Bangsa kang madeg mardika budaya. Crah agawe bubrah rukun agawe santosa. Sesanti kasebut gegayutan karo laire Pancasila. Pramila kanthi ancas kasebut SMP Negeri 1 Semanu Kabupaten Gunungkidul gumregut gumregah nganakake pengetan dina laire Pancasila rikala surya kaping 3 wulan Juni 2022 kapungkur. Kanthi tema Lestarikan budaya dalam Bhinneka Tunggal Ika.Jumbuh karo tema pengetan kasebut, mawerna-werna kegiatan lomba dianani kanggo ngregengake adicara lan nyengkuyung makantaring niyat lan karep an -casing pengetan kasebut. Kaya dene lomba Ngadi Busana Adat Nuswantara, lomba gameutawa dolanan tradhisional kang njunjung kekompakan, karukunan, lan kerjasama. Lomba karesikan, kaendahan lan kalengkapan administrasi kelas. Kegiatan pengetan kasebut mligi thukul saka pengurus OSIS periode 2021/2022 kang di ketuani dening Syahla Ayu Nur Ruwaida. Ketua Pelaksana Olivia, kegiatan; Fecia, Dina, Satria, lan Najwa. Kabiyantu dening Najma, Tiara, Keynov, Destiana, Nasywa, Riki, Anggita azra, Keizya, Vika, Lulan, Lilin, Luvita, Dhiya, Fitia, Vincen, Reza, Yustinus, Moses, Fiorentina, Fitia, Ayu, Septiara, Siti, Arimbi, Rosikawati, lan Renata, sinengkuyung bapa ibu lan karyawan SMP Negeri 1 Semanu.Pengetan mangkono kanggo sarana pasinaon para putra babagan kebangsaan, kerukunan, lan nasionalisme. Kawigaten kuwi minangka sarana kanggo namengi saka pengaruh budaya global imbas negatif saka jaman kang sangsaya maju lan modhern. Aja nganti kawula mudha mligine bocah-bocah sekolah kena faham fanatisme sempit lan egocentrisme budaya kang bisa njalari disintegrasi bangsa. Falsafah ajaran Pancasila iku lair adhedhasar sejarah dumadining bangsa Indonesia iki. Kaya pangandikane kang wus kaaturake para pahlawan kusumaning bangsa, yakuwi; Ir. Soekarno, manawa falsafah Pancasila iku asli saka bangsa Indonesia kang dumadi saka budaya lan tradhisi bangsa Indonesia uga akulturasi budaya saka bangsa India (Hindu-Budha), Barat (Kristen), lan bangsa Arab (Islam). Dene Soeharto ngaturake pamanggih manawa falsafah Pancasila kajumbuhake karo kahanan lan interpretasi kalawan budaya bangsa Indonesia utawa Pancasila truly Indonesia. Sabanjure Ruslan Abdulgani mratelakake manawa Pancasila kuwi falsafah bangsa kang lair minangka ideologi kolektif (gegayuhan) rakyat lan bangsa Indonesia. Sabanjure Notonagoro ngendika manawa falsafah Pancasila mujudake ngelmu pangertosan, kang mengku teges ilmiah babagan hakikat Pancasila, ontologi, kajian filsafat Pancasila kanggo mangerteni hakikat dhasar sila-sila kang sumimpen sajroning sila-sila Pancasila.Ing amanate, Titik Purwanti, S.Pd.,M.Hum minangka pangarsaning pawiyatan SMP Negeri 1 Semanu, njlentrehake manawa sila-sila Pancasila kasebut duweni teges kang kudu bisa kajiwa lan rumasuk sajroning pasinaon. Para siswa lan bapa ibu dwija bisa mangerteni lan paham. Sila kapisan kanggo mujudake bangsa kang religius lan patuh marang Pasarta lomba ngadi busana tradhisional nusantara (Foto: Bambang Susilo Jr)Mengeti Dina Lair Pancasila


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 13Gusti Allah kang Maha Kawasa. Sila kapindho, mujudake bangsa kang tansah anjaga keadilan sosial lan ekonomi bangsa Indonesia. Sila katelu, mujudake bangsa kang ngurmati Hak Azasi Manusia (HAM) lan minangka dhasar nagara lan bangsa Indonesia. Sila kaping papat, kanggo mujudake bangsa kang njunjung drajading dhemokrasi. Dene sila kaping lima bisa mujudake nasionalisme, patriotisme lan cinta tanah air Indonesia. Kasunyatan manawa Pancasila wus meh sa-abad bisa tansah njaga persatuan lan kesatuan nagari. Sanajan ambyur nyawiji ing madyaning bangsa liya kang luwih maju, kang nggawa pengaruh gedhe babagan modernisasi. Tumeka saiki bangsa Indonesia tetep kokoh kukuh bakuh. Ing madyaning pawiyatan mungguh panemu uga falsafah ajaran saka Pancasila kasebut kudu bisa dipahami minangka sumber pengetahuan pakerti luhur babagan kebangsaan. Mula saka kuwi SMP Negeri 1 Semanu kang dipandhegani Pengurus Organisasi Siswa Intra Sekolah (OSIS) periode 2021/2022 kang greget gumregah sengkut taliwanda mujudake adicara pengetan Hari Lahir Pancasila kanthi dianani lomba-lomba kang ngangkat nilai luhur Pancasila yakuwi, Bhinneka Tunggal Ika (kebangsaan, kerukunan, kebersamaan, lan patriotisme). Adicara kasebut dianani tanggal 3 Juni 2022, amarga tanggal 1 Juni 2022 kasebut katetepake dina prei nasional dening pamarintah kanthi kekancingan Keputusan Presiden (Kepres) Nomor 24 Tahun 2016, amrih supaya pemerintah, masarakat, lan komponen bangsa tansah ngeling-eling Pancasila kuwi minangka ideologi bangsa.Lomba kasebut kasil rampung sampurna kanthi mijilake juwara kang bakal nampa hadhiyah sarana motivasi kanggo nyengkuyung gumreguting para siswa SMP Negeri 1 Semanu sinau babagan sujarah bangsa Indonesia. Minangka dewan yuri kang mbiji lomba kasebut saka bapa ibu guru. Yakuwi Syamsudin, Harminto, Prapto Sanjoyo, Ani Fauziah, Ety, Ari, Bambang, Sadmi, Savitri, Sumiyati, Animora, Joko, lan Isna. Dene kang pikantuk juwara Lomba kebersihan Kelas; juwara 1. kelas VIII A, juwara 2 kelas VIII E, juwara 3 kelas VII B. Lomba Ngadi Busana Tradhisional Nuswantara (fashion show); juwara 1 kelas VIII E, juwara 2 kelas VII B, juwara 3 kelas VIII F. Lomba Permainan Rakyat; Ular Tangga juwara 1 kelas VIID, juwara 2 kelas VIII A, juwara 3 kelas VIII B. Lomba Permainan Benar Salah; juwara 1 VIII F, juwara 2 VII A, juwara 3 kelas VIII A. [Bambang Susila Jr)Titik Purwanti, S.Pd.,M.Hum. Kepala SMPN 1 Semanu(Foto: Bambang Susilo Jr)Ngagem bathik bebarengan antarane siswa lan guru ing SMPN 1 Semanu(Foto: Isna)


14 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip Laporan DhaerahRuwat Rawat Prasasti SarunggaNguri-Uri Warisan Kabudayan Luhur Ing Pereng Wetan Gunung Merbabu Prasasti Sarungga (Pasyarungga) saka watu andesit katemokake dening Slamet Marwi, ing dhusun Wonosegoro, desa Cepogo, Kecamatan Cepogo, Kabupaten Boyolali, Jawa Tengah sawetara taun kepungkur. Watu prasasti kasebut ditemokake, amarga pereng lahan kebon ana sing longsor. “Prasasti iki kanthi tulisan aksara Jawa Kuna utawa Jawa Gunung nganggo basa Jawa Kuna,” ngendikane pegiat sejarah Boyolali, Saroja. Watu mawa tulisan (prasasti) mau kaduga digawe ing jaman pamarentahan Rakai Watukura Dyah Balitung raja Krajan Mataram Kuna kang kuwasa rikala taun 898 - 908 Masehi. Ukuran watu prasasti iki, dawane 100 centimeter lan ambane 20 centimeter. Perangan tulisan ing watu mau ana sing rusak, satemah ana aksara sing ora bisa kawaca. Watu prasasti sing umure wis 1.121 taun iki minangka tapak tilas peradaban jaman kawuri ana ing pereng sisih wetan Gunung Merbabu, laras karo sing katulis ing prasasti iki kang nyebutake tanggal 25 wulan Mei taun 901 Masehi utawa 823 Saka.Manut andharane Wahyudi, ahli sastra Jawa Kuna, tulisan ing prasasti kasebut kawaca,”swasti çàka warşàtìta 823 jyaşta màsa, pañcami çukla ha wa so. kàla niki paçarûnga nàma ... .....” . Ana sawetara aksara sing ilang, bokmenawa amarga rusak kagerus. Jarwane, “Sugeng taun 832 wulan jiasta tanggal 5 hariyang wage soma papan iki jenenge Pasyarungga....... (aksarane ilang).”Ing prasasti iki nyebutake papan sing jenenge ‘Pasyarungga’, sawijine padhepokan kanggo nggegulang agama Hindhu kayadene sing nate dicathet dening Bujangga Manik, sing mampir ing ‘karesian’ (papane para resi) ing sukune Gunung Damalung (Gunung Merbabu). Adhedhasar naskah tindake Bujangga Manik yaiku naskah kuna basa Sunda kang ngemot crita laku pangumbaran sawijine tokoh asma Bujangga Manik ing Pulo Jawa lan Bali. Naskah sing diserat ing godhong nipah, saiki kasimpen ing Perpustakaan Bodley, Universitas Oxford, Inggris. Naskah Bujangga Manik kabeh ana 29 lembar godhong nipah, sing isine ana 56 larik ukara, saben ukara ana 8 tembung (suku kata).Naskah iki ngandharake crita tokoh Prabu Jaya Pakuan alias Bujangga Manik, resi Hindu saka krajan Sunda sing luwih seneng nglakoni urip minangka resi. Panjenengane sawijine satria saka kraton Pakuan Pajajaran, ibu negari Krajan Sunda, sing wewengkone saiki ing tlatah Bogor. Minangka resi, panjenengane kaping pindho tindakan saka Pakuan Pajajaran menyang Jawa sisih wetan. Rikala tindakan sing kapindho BuProsesi gunungan lan ubarampe sesaji. (Foto: Amat S)Gunungan lan ubarampe sesaji. (Foto: Amat S)


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 15jangga Manik mampir ing Bali sawetara suwe. Bujangga Manik mertapa ing sakubenge Gunung Patuha nganti sedane.Kanggo mengeti, ngurmati lan nguri-uri anane watu prasasti kasebut masarakat desa Cepogo ngadani acara ‘Ruwat Rawat Prasasti Sarungga’ sing digelar rikala dina Rebo Legi, tanggal 25 Mei 2022 kepungkur, ana ing plataran makam kuna dhusun Wonosegoro. Ing kompleks makam iki uga ana pasareane Kyai Kebo Kanigoro lan Nyai Kebo Kanigoro, sarta makam cikal bakal desa iki, Kyai Rambut. Manut andharane Kepala Desa Cepogo, Mawardi, Ruwat Rawat iki ‘nempil’ tembung (istilah) ‘Ruwat Rawat Borobudur’ sing diadani Paguyuban Pecinta lan Pelestari Budaya ‘Brayat Panangkaran Borobudur’. Kaandharake, ora mung watu prasasti bae sing perlu dirawat, nanging uga tradhisi lan budaya masarakat sing ana ing kene wiwit 1.121 taun kepungkur. “Masarakat desa Cepogo melu nguri-uri tinggalan-tinggalan purbakala lan warisan budaya leluhur minangka cagar budaya. Warga desa Cepogo samekta ngrumat prasasti Sarungga/Pasyarungga,” panandhese. Satemah, perlu panuntun lan panyengkuyung saka instansi, lembaga lan komunitas kang ana sambung rapete.Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Boyolali, H. Darmanto S.Pd., banget nyengkuyung ayahan acara kang ndhudhuk, ndhudhah lan nguri-uri sejarah peradaban ing desa iki. Anane prasasti iki kaajab bisa gawe rejane masarakat kanthi dimekarake minangka obyek wisata budaya. Satemah perlu makarya bebarengan kang becik (sinergi) ing antarane pemerintah pusat, pemerintah daerah, warga masarakat, saweneh komunitas budaya lan seniman.Direktur Pengembangan dan Pemanfaatan Kebudayaan, Kementerian Pendidikan Kebudayaan Riset dan Teknologi, Dr. Restu Gunawan, paring kawigaten marang kegiyatan masarakat desa Cepogo sajrone ndhudhuk lan nguri-uri tinggalan sejarah lan peradaban sing ana ing kene. Alam pereng gunung Merbabu kang endah yen dijumbuhake karo warisan tinggalan budaya iki kaajab bisa aweh kemaslahatan tumrap warga masarakat ing kene.Ritual ‘Ruwat Rawat Prasasti Sarungga’ kawiwitan kanthi pagelaran seni (‘performance art’) ing kompleks makam kanthi majang gunungan hasil bumi loro lan ubarampe sesaji. Ing tengah panggung, ana pawongan kanthi busana putih lenggah sila maos mantra, pawongan liyane lenggah ing pojok panggung nggawa mangkok sarana pangucape mantra. Sawijine penatah reca kanthi temen natah gawe reca dewa. Dene sawijine wanodya mudha lagi nyerat aksara Jawa Kuna ana ing ‘clumpring’. Pagelaran seni iki nggambarake kahanan peradaban lan budaya spiritual masarakat ing tlatah iki ing jaman kawuri.Ritual sabanjure, arak-arakan (prosesi) kang ngusung gunungan asil bumi lan ubarampe sesaji, saka plataran makam sisih wetan tumuju menyang papan acara ing pojokan kompleks makam dhusun Wonosegoro. Donga panyuwunan kaslametan dening sesepuh masarakat, Ki Yoso Thukul. Magas tumpeng dening Kepala Disdikbud Kabupaten Boyolali, H. Darmanto, S.Pd., lan pagasan tumpeng kaparingake marang Kepala Desa Cepogo, Mawardi, lan sesepuh masarakat Ki Yoso Thukul. Acara iki diregengake kanthi pagelaran Beksan Budaya lan joged Maha Ratu & Dasta Ibu dening sanggar tari ing Boyolali.*[Amat Sukandar]Dr. Restu Gunawan, Direktur Pengembangan dan Pemanfaatan Kebudayaan. (Foto: Amat S)Jogeg Maharatu lan Dasta Ibu. (Foto: Amat S)


16 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip Wanita lan KeluwargaJujur bisa ditegesi sawijining tumindak kang denlakoni utawa pocapan kang nyawiji antarane ati lan pakarti. Jujur satemene duwene teges kang jero jalaran thukul saka telenging ati, sapa wonge kang ing pocapan lan tumindake cengkah ora trep, diarani wong kang ora jujur. Jejere wong tuwa temtu duwe gegadhangan besuk gedhe putra-putrane bisa dadi wong kang jujur ing saben tumindake. Wiwit cilik tansah digladhi tumindak jujur, aja seneng goroh lan ngapusi, becik marang awake dhewe uga marang wong liya.Penulis minangka guru SD asring mrangguli bocahbocah kang padha cecaturan ing sajabane kelas samangsa ngaso. “Mamakku tak apusi ora ngerti, aku dolan mrene iki pamitku arep sinau klompok ing ngomahmu!” sawenehe bocah ngomong marang kancane.“Ya padha, aku wingi nyuwun dhuwit kanggo tuku bakso kae aku matur yen kanggo urunan tilik kanca kang lagi sakit!” ngono sijine maneh kandha.Nalika ana kelas penulis ngelikake cecaturane bocah-bocah mau ora bener, jalaran kalebu tumindak kang ora jujur.Dak jarwani menawa kita matur apa anane marang wong tuwa, bab pepenginan tinamtu wong tuwa bakal ngolehi lan marengake sauger pepenginan mau klebu apik lan ora nerak bebener.Kang dadi keprihatinan tumrape penulis, isih asring ana kedadeyan wong tuwa malah tumindak ora jujur marang putrane, tuladhane mangkene;- Marang putra kang wis kelas loro SD, ibuke ngendika arep menyang dhokter lan putrane ora pareng dherek mundhak disuntik, mangka setemene ibune mau arep kondangan.- Dhawuhi putrane supaya gelem turu awan, ibune njanjeni mengko sore arep dijak menyang pasar malem, nanging ora diwujudi.Bocah kang ngerti yen ibune tindak kondangan banjur gela lan nesu jalaran ngerti yen diapusi, mesthine ibune mau waleh wae yen arep tindak kondangan, jalaran wis klas loro dadi ora pareng ndherek, ning yen pas ibu tindak pasar kena dherek.Dhawuh putra supaya turu awan, kena wae dijanjeni arep diajak menyang pasar malem, ning hiya kudu dileksanani. Yen pancen ibune durung arep ngejak menyang pasar malem, aja janji ning kanthi pawadan kang masuk akal upamane banjur ditambahi sangune kanggo dicelengi.Kepriye yen bocah wis nalar lan banjur ngerti saka berita TV utawa saka medsos, pranyata ing jaba kana isih akeh pawongan kang tumindak ora jujur kayata korupsi, pungli lan sajinise?Wong tuwa duweni tanggung jawab menehi pangerten yen samubarang tumindak kang ora bener utawa ora jujur kuwi, bakal ana undhuh-undhuhane, tembunge liya saben pilihan mesthi ana konsekuensine.Nalika isih ana ing alam donya wong kang tumindak ora jujur nerak wewalere negara bakal kapatrapan pidana, yen ora konangan bisa slamet nanging yen wewalere agama kang diterak ora bakal slamet ing tembe burine.Bapak tokoh pendidikan Ki Hajar Dewantara, paring weling “Ing Ngarsa Sung Tuladha”, pamulangan bakal pikoleh samangsa guru utawa wong tuwa tansah paring tuladha kang becik marang murid utawa putra-putrine.Guru utawa wong tuwa anane mung prentah marang murid utawa putrane supaya tansah tumindak jujur, nanging ora tau maringi tuladha lan nyontoni, sengara yen murid utawa putra-putrine bisa dadi wong kang becik.Ing jaman kang sangsaya maju lan pengaruh globalisasi kang sarwa digital lan kabeh seneng kang sarwa instan lan kepenak, nanemake kejujuran dadi sangsaya abot.Luwih-luwih yen bebrayan agung wis kenyut ing Unen-unen “Jaman wis edan yen ora ngedan ora keduman”, nanging bacute unen-unen mau “Sabeja-bejane sing melu ngedan, isih beja wong kang eling lan waspada”. Wusana sumangga.[Agus Suprapto]Nggladhi PutraAmrih Tumindak Jujur


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 17Apese ana piguna cacah enem tumrap kasarasane salira sa -ka tuwuhan uwoh nangka sabrang utawa sirsak (Latin: Annona muricata). Piguna sepisan, amarga ngandhut molekul antioksidan mula dhahar sirsak bisa ngendhani serangan saka radikal bebas sing bebayane ngrusak sel. Klebu molekul antioksidan sajrone sirsak yaiku anin, saponin, pitosterol, flavonoid, sarta anthraquinone. Anti oksidan duweni daya ngrusak sel sajrone awak. Rusake sel dadi jalaran mecungule lelara sing bebayani kaya kanker. Piguna keloro saka dhahar buwah sirsak yaiku awak kuwawa nglawan ancaman infeksi, jalaran sajrone uwoh nangka sabrang tinemu jat anti-inflamasi. Inflamasi sing nahun (kronis) kuwawa nuwuhake sakehe lelara krana awak ora kuwawa nglawan infeksi sing mungsuhi awak. Dhahar sirsak bisa ngurangi aboh lan tatu utawa koreng sing ora enggal mari. Ketelu, dhahar nangka sabrang uga bisa ngudhunake akehe gula dharah. Keluwihan gula dharah sajrone awak bisa nuwuhake sakehe lelara kaya awak kelemon (obesitas) lan lara jantung. Dhahar sirsak kuwawa ngurangi akehe gula dharah temah bisa ngendhani mecungule lelara sing bebayani. Panaliten sing ditindakake dening Pharmaceutical Biology mratelakake menawa dhahar nangka sabrang duweni daya ngudhunake tekanan dharah temah dadi normal. Tekanan dharah sing dhuwur (hipertensi) bisa nuwuhake lara jantung, lara gula (diabetes), apadene stroke. Mula tumrap kang kagungan tensi dhuwur, asring dhahar uwoh nangka sabrang iku becik banget. Panaliten laboratorium kanthi nglebokake uwoh sirsak sajrone sel leukemia (kanker darah) aweh kasil menawa jat sajrone sirsak duweni daya kanggo nglawan sel kanker. Piguna sing kaping enem saka uwoh sirsak yaiku jat sajrone daging uwoh sirsak duweni daya nglawan bakteri sing nyerang salira.Pranyata, ora mung duweni piguna kanggo jaga kasarasan. Jalaran godhong sirsat uga becik kanggo sayuran apadene usada. Masarakat Jawa tradhisional migunakake godhong sirsat sing isih seger kanggo gawe trancam utawa kanggo sayur lodheh bebarengan karo bahan sayuran liyane. Kejaba kanggo bahan sayuran pranyata godhong sirsat bisa kanggo ngusadani asam urat. Godhong nangka sabrang sawetara lembar digodhog kanthi diwenehi gula lan uyah sethithik nganti umob. Sawise banyu godhogan kari mangetmanget bisa diunjuk. Biasane anggone ngunjuk sajrone wektu 3 minggu sedina ngunjuk kaping pindho esuk lan sore. Ngunjuk banyu godhogan godhong nangka sabrang uga bisa kanggo ngusadani wong kang angel ambegan (sesak napas). Pawongan kang duweni lara ambegane mengkis-mengkis (sesak napas) prayoga migunakake banyu godhogan godhong nangka sabrang kanggo ngenthengake lelarane. Amarga godhong nangka sabrang ngandhut astringen sarta jat sing ngleremake rasa ngethok-ngethok mula bisa kanggo ngentheng-enthengi balung ngilu ing ros-rosan balung, mirunggan ing dhengkul. Kejaba iku jat hipoglikenik sajrone godhong nangka sabrang bisa ngudhunake gula dharah temah ngendhani lara gula (diabetes). Akehe kandhutan serat sajrone daging uwoh sirsat gawe becike pencernaan anggone makarya temah nyegah angel bebuwang (sembelit) utawa gampangake anggone bebuwang.Godhong nangka sabrang becik banget dicampur karo godhong manggis kanggo nyegah utawa ngusadani lara kanker kang isih stadium awal. Banyu godhogan godhong sirsat karo godhong manggis sing digodhog bareng uga disebut minangka obat kanggo ngurangi awak sing kelemon. Vitamin C sajrone godhong sirsat menehi pambiyantu marang balung awak saka ancaman kropos balung. Biasane marga pengapuran ing ros-rosane balung sing dialami para sepuh sing akeh lungguhan lan kurang olah raga dayane balung kropos utawa madhet. Kropose balung apadene madhete balung dayani awake uwong dadi mengkeret. Kekurangan vitamin C uga dayani untu gampang kropos, ogek, utawa gigis. Mula ngunjuk banyu godhogan godhong sirsat mujudake upaya kanggo jaga supaya untu ora gampang, gigis, kropos, lan pothol. Akehe untu kang copot utawa ompong kejaba marahi kurang nikmat anggone dhahar, gawe pipi kempot, uga bebayani tumrap jantung. Amarga tilas poke untu sing wis pothole bisa kanggo mlebu hawa sing banjur tumuju jantung lan ngganggu makaryane jantung. (Senggani/DL) Sumber wacan:Dr. C.G.G J. van Steenis, 1987. FLORA, PT Pradjnya Paramita, JakartaDharma, AP (1987). Indonesian Medicinal Plants [Tanaman Obat Indonesia]. https://kesehatan.kontan.co.id/news/inimanfaat-sirsak-untuk-kesehatan-tubuhhttps://www.google.com/search?client=firefox-b-d&q=Sirsak+adalah+jenis+buah+yang+memiliki+banyak+vitaminHerbalNangka SabrangKiva


18 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip Jagading LelembutKali Winanga kang liwat kutha Yogyakarta iring kulon, wektu iki wis dinormalisasi. Kahanane dadi resik, asri, resep disawang. Bambing kali wis ditalud beton semen kiwa- tengene. Dhuwur talud dipager cendhek, dicet manekawarna, lan dibangun dalan ciyut kena kanggo mlaku warga. Kahanan kaya mengkono beda adoh banget karo jaman sewidak taun kepungkur. Taun 1960 penulis nate manggon neng kampung N, sawetan Kali Winanga. Omahe penulis watara satus meter saka lambe Kali Winanga iring wetan. Nalika iku Kali Winanga kahanane isih asli, akeh papan-papan sing serem. Bambing iring wetan apadene iring kulon dumadi watu padhas. Ing sadawaning alur, ing pinggir kali akeh tinemu wit-witan gedhe, godhonge mentiyung, manglung neng tengah kali. Akeh papan ing pinggir kali kang wingit alias angker, dipanggoni dhemit utawa lelembut. Ing jaman iku warga kampung ing kiwa-tengen kali akeh sing manpangatake Kali Winanga kanggo umbah-umbah, adus, lan bebuwang. Ora aneh, saben esuk lan sore, wayahe wong adus lan bebuwang, Kali Winanga dadi rame. Nalika iku taun 1960. Bu Mingun lan anake cacah loro lagi seminggu manggon neng kampung N. Bebara menyang kutha Yogyakarta golek pangupajiwa dodolan pakaian wadon. Randha umur patangpuluh taun, asli Sentolo mau manggon ing omah kontrakan kang durung ana pekiwan lan wc-ne. Kanggone warga asli kampung kono, adus, umbah-umbah, apadene bebuwang neng pinggir kali, wis biasa. Ora ana rasa isin, rikuh, utawa pekewuh. Nanging, bab sing kaya mengkono dirasakake beda dening Bu Mingun. Wadon anak loro mau rikuh lan pekewuh, menawa adus lan bebuwang neng papan tinarbuka, tanpa aling-aling babarpisan. Akibate, anggone bebuwang asring kurang tuntas. Kanggo ngawekani bab mau, Bu Mingun nemokake solusi. Dheweke anggone bebuwang apadene adus, golek wektu ngepasi Kali Winanga ora rame, yaiku ing wayah esuk uthug-uthug utawa sore ngarepake Mahgrib. Esuk iku swasana isih peteng repet-repet. Kalungan andhuk lan nggawa piranti adus, bu Mingun ngetiging tumuju pinggir Kali Winanga. Kaya biasane sing dijujug belik neng ngisor wit ketepeng. Rumangsa ayem, kali isih sepi, wadon mau terus bae jibar-jibur nggebyur awake. Lagi arep sabunan, Bu Mingun kaget. Watara sepuluh meter ing sisih kiwane, ing tengah kali keprungu suwara jleguuur...! Kaya ana barang abot kecemplung banyu. Agahan dheweke ngadeg lan mengo menyang sumbering suwara jemlegur mau. Ya ampun! Dheweke kaya ora Tekan pucuk wit pring, lanang wudha blejet mau terus ambyur neng tengah kali


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 19 Kembang Setamanpercaya marang pandelengane. Suwara jumlegur mau pranyata saka pawongan lanang ambyur ing tengah kali. Wuda blejet tanpa awer- awer nutupi awake. Saekal Bu Mingun kepengin mlayu, medhot anggone adus. Nanging ora kuwawa. Sikile kaya ana sing nggandhuli. Dheweke weruh cetha wela-wela, wong lanang mau minggir ing pinggir sisih kulon. Aneh. Isih ing kahanan tanpa awer-awer, wong lanang mau kanthi trampil lan trengginas menek wit pring apus kang pucuke mentiyung neng tengah kali. Tekan pucuk wit pring, lanang wuda blejet mau terus bae ambyur neng tengah kali. Byuuur...! Keprungu suwara jemlegur kanggo sing kaping pindhone. Katone pawongan mau ora duwe rasa isin, rikuh, utawa pekewuh babarblas. Malah, kayakaya mamerake anggone wani ambyur saka pucuking wit pring. Uga mamerake ketrampilane menek wit pring mau marang Bu Mingun. ‘Atraksi’ kaya mengkono mau diambali nganti kaping lima. Rasane kaya uwong kena hipnotis. Bu Mingun ‘dipeksa’ nyekseni kedadeyan mau kanthi cetha terwaca. Ana kirik njegog-njegog neng cedhak kono, ndadekake Bu Mingun pulih kesadharane. Enggal-enggal dheweke ninggalake papan mau. Bareng karo iku, wong lanang ‘ora urus’ mau ilang saka pandulune. Mrangguli kedadeyan aneh ing esuk uthug-uthug kuwi, sore dina candhake Bu Mingun sowan menyang Mbah Imba, sesepuh kampung. Marang Mbah Imba, wadon mau mbeber kabeh kedadeyan kang diweruhi. Krungu critane Bu Mingun, Mbah Imba ora kaget, ora gumun. Malah sajak mesem. Minangka pawongan kang lair ing kampung kasebut, Mbah Imba pana karakter Kali Winanga dalah lelembut sing manggon ing papan-papan tinamtu ing pinggiring kali kasebut. “Mpun dangu lelembut ‘dhegleng’ wau boten ngaton utawi nggodha warga mriki. Bokmenawi mawon dheweke namung pengin tetepangan. Lha sampeyan rak warga enggal ta? Mugi-mugi mung sepisan niku mawon anggene dheweke ngetingali? Ngono tuture Mbah Imba nggedhekake atine Bu Mingun. Pancen, warga kono menawa nyebut lelembut aneh mau kanthi sebutan lelembut ‘dhegleng’. Isih manut Mbah Imba, anane lelembut dhegleng mau sawise ing ngisor uwit Ketepeng kang godhonge mentiyung neng kali, dumadi kacilakan. Sawijining dina ana pawongan kurang waras utawa gendheng, dudu warga kampung kasebut, mati keblebeg banyu kali kang nalika semana ngepasi banjir. Ewasemono Mbah Imba ora wani mesthekake menawa lelembut dhegleng mau arwahe wong kurang waras sing tiwas neng papan kono. Jer, warga kampung wis bola-bali ngadani acara ngirim donga kanggo arwahe pawongan kurang waras mau. Ora wurunga kedadeyan mau gawe trauma mungguhing Bu Mingun. Krana wis cocog karo omah kontrakan sing dipanggoni, apamaneh uga durung suwe anggone manggon, dheweke ora pindhah papan. Dening Mbah Imba diprayogakake amrih nembung marang sing duwe omah. Nedya gawe pekiwan lan wc ing omah kontrakane. Bu Mingun bungah, dene sing duwe omah ngidini sedya mau. Satemah, saben esuk uthuguthug lan sore ngarepake Mahgrib ora ndadak ngetiging menyang Kali Winanga.*** FX. SoebrotoTapake UripAlur panguripane uwong ikuKayadene ngurutke dalanAna dalan sing lempeng, mudhun, munggahUtawa enggokan sing kudu diliwatiAnanging kang kudu dieling-elingGusti Allah mesthi paring ujian kanggo umateAnggone nglakoni tapake uripSepira dawane anggone kuwat nglakoniSepira semangate jroning ngadhepi tantanganTekan endi anggone sabarNggegem tenanan gegayuhaneNur Chafid. Kalisari, MagelangTembang Kaca MayaSakedheping mripat, bisa dadi owah Sakecaping ilat bisa agawe bubrah Saunting pawarta, bisa agawe crah Satembung bisa nyandhung Sagambar bisa ambabar Saeseman bisa nyipta katentremanKepriye gambar kaca mayamu, mitraku?Ucik FuadfflyahNgisor langit, 2021Kiva


20 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip PustakaPerangan sanget wigati wonten ing naskah kuna utawi manuskrip kejawi sengkalan wonten malih ingkang dipun wastani sandiasma. Sandiasma mujudaken nami ingkang sinandi (dipun rahasiaaken) wonten salebetipun seratan naskah kuna utawi manuskrip. Asma menika menawi wonten basa jawi ingkang kapacak wonten ing naskah kuna samangke ingkang kawastanan nami pengarang. Lajeng kados pundi nami kok dipun damel sinandi (dipun rahasiaaken), manawi samangke nami malah dipun ketingalaken, malah sok kepara dipun kandelaken (di bold) aksaranipun. Wonten ing pinten-pinten pemanggih sandiasma dipun serat gegandhengan kalihan;1 Sanget mboten pantes ngetingalaken asmanipun kasebat wonten ing seratanipun, amargi saged dipun wastani kumalungkung2) Sanget mboten pantes ngetingalaken asmanipun kasebat wonten ing seratanipun amargi nyerat menika saking dhawuhipun piyantun luhur (raja umpaminipun)3) Nambahi kaendahaning basa nanging mboten dipun mangertosi ingkang maos.4) Supados mboten dipun tiru piyantus sanes (plagiarism).Menawi dipun tingali saking ngelmi basa (linguistik), sandiasma ateges nami ingkang dipun samar aken kanthi kodhe-kodhe mirunggan wonten ing ndalem karya sastra. Biasanipun, sandiasma dipun serat wonten ing tembang macapat, lan gancaran ingkang ngemu suraos nambahi endahing seratan lan gadhah perangan sandiya (unsur seni) ingkang inggil. Pujangga kondhang ingkang asring ngginakaken sandiasma inggih menika Raden Ngabehi Ranggawarsita saking Keraton Kasunanan Surakarta.Pambudidaya kangge ngaturaken sandiasma menika maneka warni. Sandiasma saged kaserat wonten ing wiwitaning pada (bait), wiwitaning gatra/ baris, wiwitan saha pungkasaning gatra/ baris, wiwitan pamedhoting tembung, pungkasaning pamedhoting tembung, lan wonten salebeting setunggal gatra wetah. Anggenipun milih lelewaning basa kasebat mujudaken wewenangipun ingkang nyerat, saha temtu kemawaon dipun jumbuhaken kalihan pamilihipun tembung saha pakem tembang ingkang wonten. Mboten sekedhik minongka kangge nemtoaken wujudipun sandiasma, pengarang ngginaaken tembung-tembung Kawi (Jawa kuno). Kejawi nggadhahi fungsi supados mboten dipun tiru tiyang sanes utawi plagiarisme, sandiasma ugi dadosaken karyanipun meniko nggadhahi perangan sandiya (nilai seni) ingkang inggil lan mujudaken kompetensi pengarang wonten ing karya karyanipun. Saderengipun sandiasma kaserat, ingkang kawitan kedah dipun gatosaken inggih menika suraos ingkang badhe kaaturaken. Suraos menika lajeng dipun jumbuhaken kalihan paugeran (aturan) satunggaling tembang (lagu). Saperlu dipun mangertosi, sewelas tembang macapat nggadhahi paugeran (aturan) guru gatra (jumlah baris), guru wilangan (suku kata), guru lagu (rima), saha irah-irahan ingkang ngugemi paugeran. Wonten ing bab menika, suraos tembung kinanthi ateges tuntunan. Tembang kinanthi isinipun kedah awujud nasihat kangge panggesangan. Nah…, sasampunipun migatosaken perangan baken kasebat, nembe kita damel rancangan kasar (draft). Tembung mbaka, tembung anyengkuyung wonten ing kamus basa Jawi sanget dipun betahaken kangge nambahi tembung tembung salebeting nyerat. Kejawi menika, fasilitas \"bantuan\" ugi sanget nyengkuyung dumadosipun satunggalig tembang. \"Bantuan\" ingkang dipun kersakaken inggih menika tambahan guru wilangan uluran (suku kata di awal), wancahan dan plutan (pemotongan suku kata), sarta baliswara (penyesuaian urutan kata). Sasampunipun rampung, nembe dipun taliti malih menapa tembang ingkang dipun damel sampun jumbuh kalihan paugeran ingkang baken. Adhedhasar pengalaman penulis, damel sandiasma kaetang angel menapa malih kanthi tetembungan manca (asing). Perlu dipun jumbuhaken guru wilangan (suku kata) supados langkung \"membumi\" saha gampil kaserat wonten ing aksara JawiPiweling ingkang dipun serat wonten tembang menika sanget moncer. Kewajiban kita minangka titah inggih menika tansah saged damel tatananaing ngagesang dados sae. Nasihat menika kedah kita ugemi lan kita gatosaken. Temtu kemawon, sak sampunipun nglampahi gesang kanthi sae, kita badhe ketingal sae wonten ing sak tengah tengahing masyarakat. Kejawi menika, rezeki temtunipun badhe ngetuttaken kita. Ananging, kawontetan ing ngalam donya sak mangke sampun risak katitik luntururipun nilai-nilai moral. Minangka makhluk ingkang nggadhahi akal budi, Ingkang menika kita kedah ngaturaken syukur dhateng Ingkang Maha Kuwaos. Temtu kemawon kita badhe langkung tetrem bilih tansah dhedhepe wonten Ngarsanipun Alloh SWT.Wangsul bab Sandiasma malih, sakelangkung narik kawigatosan dipun taliti lan dipun kaji ngengeti sangsaya kathaipun karya karya sastra jawa dipun tiru ngasanes (bajak). Ing ngandhap menika saweneh tuladha sandiasma ingkang wonten salebeting tembang, utawi kidungan, utawi karanganAku iki dudu ahli sastra lan pujonggaNanging tukang dongeng gawe critaIng pangajab bisa memetri basa jawaAwit iku basa titilarane luluhur kitaSing pantes diuri uriMargo moncere bangsa ora pisah lan basaAmila wajib kita pepetri mrih kuncaraRawe rawe rantas malangmalang dak dhadhagiAni asmara tetep marsudi basa jawaMenawi dipun gatosaken aksara-aksara ing wiwitaning gatra ing nginggil, nami ingkang nyerat, inggih Menika : Ani Asmara.(Ana candake)SANDIASMA (01)Dening BudiyonoDinas Perpustakaan Dan Arsip Daerah DIY


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 21 Nasib PanjenenganKanggo mangerteni nasib panjenengan ing minggu iki, kaetung dina lan pasaran (weton lan kelairane) banjur kagunggung. Asil gunggungan kasebut kacocogake karo gunggunge neptu dina kaya kang kabeber ing dhuwur. Dina-dina: [Ahad=5], [Senen=4], [Selasa=3], [Rebo=7], [Kemis=8], [Jumat=6], [Setu= 9]. Pasaran: [Paing=9], [Pon=7], [Wage=4], [Kliwon=8], [Legi=5]Neptu 7 Aja seneng ngrerendhe gaweyan sing enggal bisa katandangan, tundhone bisa kuwalahan. Pangupaboga: majune usaha butuh kuwanen mekarake lan nawakake. Rejeki: lumayan. Asmara: cocog. Dina Becik: Selasa Kliwon. Kesarasan: ngurangi dhaharan olahan santen. Memitran: gumyak.Neptu 8 Makarya iku aja grusa-grusu temah nuwuhake kerugian lan kekurangan, sing setiti. Pangupaboga: kalodhangan sing ana manpangatna kanthi becik. Rejeki: sempulur. Asmara: resep. Dina Becik: Minggu Pon. Kesarasan:cukup ngaso, sarapan teratur, olah raga. Memitran: kelingan biyen. Neptu 9 Jejibahan sing kudu disangga enggal ecakna amrih pakaryan bisa rampung kaya rancangane. Pangupaboga: yen ditlateni an digemeni kabeh upaya bakal dadi.Rejeki: nrecel. Asmara: cocog. Dina Becik: Rebo Legi. Kesarasan: sehat iku sarwa pekoleh, minakna kanggo olah raga. Memitran: guyup. Neptu 10 Kesuksesan iku butuh wektu, butuh kupiya, butuh kalodhangan, ora merga kepeneran. Pangupaboga: butuh wektu lan kupiya amrih majune pakaryan. Rejeki: turah. Asmara: tanggap. Dina Becik: Kemis Paing. Kesarasan: sarase raga aja mung gumantung wong liya. Memitran: ora pangling. Neptu 11 Akeh wektu kanggo ngrampungake ayahan sing dadi jejibahan, aja ketungkul dolanan. Pangupaboga: kasil usaha ora miroa gemenana amrih saya derbala. Rejeki: wuwuh. Asmara: marem. Dina Becik: Jumu -wah Pon. Kesarasan: ngurangi pedhes-kecut, penggalih longgar. Memitran: guyup. Neptu 12 Butuh kesabaran lan tlaten kanggo ngrampungake ayahan sing durung ketandangan. Pangupaboga: yen kompak lan maju bareng makarya bisa gayeng. Rejeki: mbanyu mili. Asmara: milangoni. Dina Becik: Setu Wage. Kesarasan: diakehi sayur lan buah, ngaso. Memitran: saya cerak. Neptu 13 Ketungkul marang kesenengan sing ora mekolehake tundhone mung repot burine. Pangupaboga: akeh kalodhangan sing bisa dimanpangatake. Rejeki: dalidir. Asmara: sengsem. Dina Becik: Rebo Legi. Kesarasan: olah raga entheng-enthengan iku becik yen ajeg. Memitran: eling biyene.Neptu 14 Kalodhangan iku mung sepisan tekane, manpangatna temenan amrih gegayuhan katekan. Pangupaboga: sandhang pangan iku tinemu ing sadhengah papan. Rejeki: nrecel. Asmara: kangen. Dina Becik: Selasa Kliwon. Kesarasan: mlaku-mlaku iku olah raga entheng-entehengan. Memitran: rukun. Neptu 15 Ora ana urip tanpa sandhungan, ora ana kasusahan tanpa pungkasan, iku kukum alam. Pangupaboga: yen tlaten lan tliti sakehe gegayuhan bakal katekan.Rejeki: gemrontol. Asmara: nges. Dina Becik: Selasa Kliwon. Kesarasan: sarapan esuk kanggo jaga sehate badan. Memitran: sumadulur. Neptu 16 Akeh pengalaman kepungkur sing bisa kanggo kaca benggala amrih sangsaya wicaksana. Pangupaboga: bayaren karyawanmu sadurunge kringete asat. Rejeki: sempulur. Asmara: tlaten. Dina Becik: Jumuwah Pon. Kesarasan: ngumbar amarah gawe mumete sirah. Memitran: kaya biyen. Neptu 17 Adhepana sakehe tantangan sing ngadhang ana dalan amrih gegayuhan bisa katekan. Pangupaboga: majune usaha perlu tembayatan lan bantuan. Rejeki: dalidir. Asmara: sengsem. Dina Becik: Minggu Pon. Kesarasan: dhahar uwoh-uwohan iku kanggo jaga kasarasan. Memitran: rumaket. Neptu 18 Aja seneng ngurusi pakaryan dudu ayahane temah tembene mung gawe repote dhewe. Pangupaboga: ana dina - ana upa, ana awan - ana pangan. Rejeki: ora kendhat. Asmara: marem. Dina Becik: Selasa Kliwon. Kesarasan: sare ora kewengen, wungu luwih esuk, iku becik. Memitran: gathuk.Kawiwitan Minggu Pon, 26 Juni 2022 (26 Dulkaidah 1955 Alip) ketug Setu Wage, 2 Juli 2022 (2 Besar 1955 Alip). klebu wuku Wuku MANDASIA. Bocah lair minggu iki watake: dewane Bathara BRAHMA, santosa budine, kenceng tekade, panas prabawane. Kayune: asem, dadi pangauban wong akeh, adhem prentahe. Manuke: platuk bawang, kenceng kekarepane, ora sabaran, gemi. Lambange: anggara kasih akayu agung amredapa, pangungsene wong kacintrakan. Candrane: mina kasatan tirta. Sambekalane: kena sanjabaya. Bilahine: kabendu wong gedhe, kelagar geni.Tulak sarike: slametan sega abang dangdangan beras sapitrah, pindhang ayam abang, iwak banyu lembaran. Salawate: 5 keteng,. Dongane: slamet pina. Kala wuku: kidul wetan. Pranata Mangsa: Mangsa KASA. Suwene Mangsa KASA 41 dina, wiwit Rebo Wage, 22 Juni 2022 ketug Senen Wage, 1 Agustus 2022. Candrane Mangsa KASA: “Sesotya murca saka embanan”, Werdine: gegodhongan rontok merga dayane hawa panas, pang-pang ranggas, wiwite mangsa garing utawa ketiga, tuk pampet, akeh wong sambat kekurangan banyu.


22 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip Padhalangan6Nembe kala wingi sonten Ibu Kunthi lan para putra cumondhok ing Giripurwa, saya kathah warga ingkang ndhatengi papan ngriki saperlu nyuwun pangayoman saking panindhesaning raja wengis. Para kawula pitados bilih Bima ingkang sampun mitulungi para pengungsi kwagang nandhingi Prabu Dwaka.”“Rara Winihan, aku wis krungu dhewe saka kulawarga Resi Hijrapa. Aku ora mentala nalikane Rawan saguh dadi korban. Aku iya uwis njaluk tulung Bima supaya mitulungi Resi Hijrapa kanthi dadi silih korban. Ananging Bima durung nyaguhi kanthi pawadan yen Resi Hijrapa ora njaluk tulung mengko dikira nyorohnyorohake bahu. Sapa ngerti yen dheweke mula ora butuh pitulungan, mangkono kandhane Bima. Aku wis apal karo watege anakku sing nomor loro iki, watage prasaja lan jujur. Yen ora dijaluki tulung dheweke sungkan mamerake kaluwihane, awit bab kasebut bisa njalari patrap kang umuk lan ngumbulake badan priyangga.”Adhedhasar ngendikane Dewi Kunthi bab watage Bima, kanthi lantip Rara Winihan nemokake dalan kanggo kasembadane sedya magepokan karo pangarep-arep luwaring kawula Ekacakra saka panganiaya. Dalan kuwi mung ana astane Bima. Sauger Raden Bima saguh mitulungi, mesthi wae Kawula Ekacakra luwar saka kawengisane Ratu. Dene kesaguhane Raden Bima gumantung marang Resi Hijrapa. Sauger Resi Hijrapa kersa ngasihasih nyuwun pitulungane Bima, mesthi Bima bakal lilih penggalihe lan karsa asung pitulung.Mula ora perlu mbuwang wektu maneh, Rara Winihan age-age nemoni Resi Hijrapa ing omah tengah.“Dhuh Sang Resi, menapa panjenengan boten mangertos sinten ta ingkang cumondhok ing pendhapa? Dene njalari kathah para warga dhatengi papan ngriki.” “Ibu Lurah, wekdal menika tiyang-tiyang Ekacakra sami wuru lan bingung, kalebet kula. Manah kula puteg, jalaran kedah ngorbanaken anak kula pinangka dhaharan ratu. Miturut kula ibu saanakipun menika tiyang pepriman ingkang tebih dhangkanipun, lajeng leren lan lerem sawetawis ing pendhapa Giripurwa. Temtu kemawon njalari para warga kang bingung lan ajrih rumaos wonten kancanipun lajeng sami dhateng mriki, saya kathah mesthi kemawon badhe rumaos saya ayem lan tentrem.”“Dhuh Sang Resi Dosa menapa ingkang badhe kasandhang yen ta panjenengan boten mangertos, utawi ethok-ethok boten uninga dhumateng priyayi ingkang cumondhok ing papan ngriki? “Kersanipun?” “Kauningana Bapa Resi Hijrapa, bilih ibu menika injih pun Dewi Kunthi Talibrata prameswari Prabu Pandhudewanata swargi.”“Haah!”Resi Hijrapa mlongo, kamitenggengen. Ature Rara Winihan kaya dene gludhug nyamber ing mangsa ketiga.“Menawi ngaten anak gangsal ingkang ndherek menika Pandhawa Lima?”“Kasinggihan Bapa Resi.”“Adhuh Gusti nyuwun pangapura...”Resi Hijrapa menyat saka palenggahan, ninggalake omah tengah, jumujug ing pendhapa.Kanthi wel-welan lan ngoplok tangane nyungkemi pada dalem Dewi Kunthi Talibrata. “Dhuh Kanjeng Ibu Kunthi, dosa menapa ingkang kula sangga dene ngantos boten mangertos rawuhipun tamu gung ingkang kadherekaken satriya Pandhawa pembengkasing dur angkara.”“Bapa Resi, panjenengan boten dosa, malah kepara sampun motangaken budi kalihan kula lan anakanak kula. Kados pundi samangke anggen kawula badhe males.”“Dhuh Dewi Kunthi gegunungane para putri, kula rumaos lingsem dene boten anggape nalika Dewi Kunthi manggihi kula lan ngendika menawi badhe asung piwales dhumateng kula anggenipun sampun dipun keparengaken cumondhok ing papan ngriki lan dipun paringi tetedhan. Panjenengan ngendika menawi tiyang ingkang namung nampi peparing, lan boten saged caos piwales, tan prabeda kados dene pepriman.Ananging samenika, sasampunipun kawula mangertos menawi papan ngriki dipun rawuhi para satriya kekasihing dewa, kula nyuwun sih palimirma, kersaa mitulungi kawula.”“Bima kepriye? Apa sliramu gelem mitulungi Resi Hijrapa?”“Mitulungi kepriye? Tembunge wae ora cetha. Sing dijaluki tulung dudu aku, nanging satriya kekasihing dewa.”“Bima aja tambuh, sing disebut satriya kekasihing dewa iku ya kowe 8


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 23lan sedulur-sedulurmu, coba rungokna sing trawaca.”“Injih kasinggihan Raden Bima, panjenengan sasedherek menika satriya kekasihing dewa, mila kula nyuwun pangayoman, nyuwun pitulungan, nyuwun dipun luwari saking panjireting ratu wengis.”“Ya tak saguhi, aku gelem dadi gantine anakmu, dimangsak bothok, kareben dibadhok ratumu.” Resi Hijrapa bungah tan kinira, kembeng-kembeng waspa, nubruk sukune Wrekudara, ngaturake agunging panuwun.Sabanjure kuwi Bima kaaturan lerem ing dalem tengah bebarengan karo sedulur-sedulure, lan uga Ibu Kunthi.Kaya ngapa seneng lan bungahe Raden Rawan, dene ora sida dadi banten, dheweke tansah dhepel-dhepel Rara Winihan kang dianggep dadi obor tumrap atine kang nandhang pepeteng. Sawetara iku wongwong sing ana pandhapa lan plataran ngarep padha surak jingkrak-jingkrak, krungu yen Raden Wrekudara dadi silih kurban, ngganteni Rawan dimangsak bothok. Wis tekan mangsakala kawengisan bakal sirna dening budi luhur, mangkono swara batine para warga kang ngumpul ing daleme Resi Hijrapa.Ora gantalan wektu sawise Kunthi saanake diaturi pindhah ing dalem tengah, duma -dakan omahe Resi Hijrapa ditekani sabregada prajurit kuda saka Ekacakra kang racak-racake wengis rupane. Suwasanane dadi malik grembyang, para pengungsi kang nembe wae jingkrak-jingkrak seneng, dumadakan cep klakep tanpa kumecap. Atine miris meruhi tekane bregada prajurit Ekacakra mlebu ing plataran karo bengakbengok ing sandhuwure kuda.“Hai Resi Hijrapa, prajurit sandiku wis mbuntuti yen ing omah kene dinggo ndhelik kraman, yaiku uwong sing arep njongkeng kawibawan ratu, jenenge Bima ya Wrekudara. Yen kowe sakulawarga kepengin slamet, aja ngayomi kraman kuwi. Saiki uga Wrekudara pasrahna marang aku, saperlu dakbanda dakseret menyang kutaraja, kaunjukake Prabu Dwaka” Kanggo nanggapi pamothahe tetunggule prajurit, Resi Hijrapa jumangkah nuju plataran. Pasuryane anteng, sorot kawibawan kang wis suwe ilang saiki timbul maneh. Embuh apa darunane. Bokmanawa amarga sesanggan kang nindhih kulawarga wis digendhong Wrekudara. Sawise tekan ing sangarepe tetunggule prajurit, Resi Hijrapa ngendika alon, ananging cetha.“Ora ana kraman ing omah kene, sing ana trah ngaluhur kang marisi nagara Astinapura.” “Drohun! Aja waton ngucap! Cepet gawa kraman kuwi metu! Tak etungi ping telu, yen Wrekudara ora masrahake dhiri, tak gledhah omah iki, tak obrak-abrik lan tak obong.Siji!.....Nyipati kahanan sing nguthawatiri, Rara Winihan nemokake cara kanggo nengahi prakara iku. Sadurunge etungan ka telu diucapake, dheweke jumangkah maju malangkadhak ing antarane tetunggule prajurit lan Resi Hijrapa, banjur nyuwara sora.”Hai para prajurit, mangertia yen Raden Bima sing dadi underaning prakara lagi dicawisake pinangka sesaji, ngganteni putrane Resi Hijrapa sing durung cukup dewasa. Coba gatekna ombyaking kahanan ing omah iki. Para warga lagi padha ngumpul ing kene saperlu nyawisake ubarampe korban lan prabot-prabot sesaji sing arep dipisungsungake konjuk ing Prabu Dwaka. Salah sijine sing pokok yaiku mangsak bothok manungsa kekaremaning Ratu. Kamangka manungsa kang saguh dimangsak bothok yaiku Wrekudara. Mulane yen Raden Wrekudara arep dicekel lan Wrekudara mberot, mesthi bakal dumadi peperangan ing omah kene. Ubarampe korban lan perabot-perabot sesaji sing wis dicawisake bakal rusak ora bisa di alap. Kanthi mangkono tingkah lakumu padha karo mbubrahake lan jugarake sesaji Bothok manungsa lan ubarampene sing arep diarak sesuk-esuk kaunjukake Prabu Dwaka. Apa iya kaya mangkono karepmu?” [Ana Candhake]Ya tak saguhi, aku gelem dadi gantine anakmu, dimasak bothok, kareben dibadhog ratumu...


24 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip Crita RakyatKori menga sumeblak. Nayakapraja kang kajibah tunggak kemit banjur mrepegi Pangeran Mundhinglaya sarta Sangkut lan Toleh.“Wonten dhawuh saking Sinuhun Prabu Siliwangi, Pangeran Mundhinglaya saha sekabat Toleh sarta Sangkut kadhawuhan sowan salebete pasewakan dinten menika ingkang wekdalipun sasampunipun pratanggapati tengange. Mila kula suwun Kangjeng Pangeran Mundhinglaya tuwin sekabatipun kekalih enggal medal lan cecawis kangge marak sowan ngabyantara wonten pasewakan enjing menika,” biwara ringkese nayaka praja pakunjara. “Inggih, sendika.” Pangeran Mundhinglaya jumangkah ninggalake gedhong pakunjaran. Sangkut lan Toleh tutwuri tindake Pangeran Mundhinglaya. Tetelune banjur dijaga prajurit cacah enem tumuju papan pasewakan sing wis andher ngebaki jembare Pagelaran. Sadurunge Mundhinglaya wus rawuh Patih Lengser Jiwandana, Gusti Ratu Ayu Padmawati, Gusti Ratu Tejamantri. Ora watara suwe Sang Prabu Siliwangi rawuh ginarebeg para emban ceti kang nggawa uba rampene piranti adat pasewakan. Sawise bage binage keslametan banjur Sinuhun Prabu Siliwangi manebar sabda.“Paman Patih Lengser, garwa dalem Gusti Ayu Tejamantri, lan kawulaku kabeh kang samya ngabyantara. Wigatine pisowanan iki kanggo ngrembug pasumpenane Dhiajeng Padmawati sing bakal diaturake marang ingsun lan sentana dalem sarta nayakapraja sing sowan ing dina iki. Mula marang Nini Padmawati ingsun paringi wektu kanggo ngaturake impene,”“Inggih, Sinuhun. Punten dalem sewu, badhe kula aturaken impen kula sawetahipun.”“Iya.”“Watawis sedasa dalu kepengker, nujoni dalu anggara kasih, watawis lingsir ratri kula ngimpi pinanggih satunggaling resi ingkang asma Resi Arcamanik. Salebetipun impen menika kula dipun ngendikani menawi kepengin kawontenan Krajan Pajajaran tata titi tentrem kartaraharja kedah pados sarananipun.” “Apa saranane Dhiajeng?”“Sarananipun inggih menika kedah saged mboyong Layangan Salakadomas.”“Layangan Salakadomas? Gek ana ngendi iku papane Layangan Salakadomas,”“Inggih, Sinuhun. Papanipun wonten Mega Malang satunggalipun papan wonten ing Kahyangan,”“Jagad Dewa Bathara. Dadi Layangan Salaka Domas iku papane ana Mega Malang ing Kahyangan.”“Inggih, kamangka kangge dumugi papan menika ngendikanipun Resi Arcamanik, boten gampil. Amargi ing sadawanipun margi lan papan ingkang kangge nyimpen Layangan Salaka Domas menika dipun jagi para raseksa,” ature Gusti Ayu Padmawati.“Iya. Iya. Paman Patih Lengser, kinten-kinten sinten ingkang saged kautus kangge mendhet Layangan Salaka Domas,”“Mesthinipun para putra menapa dene para wayah, amargi menika ayahan boten gampil lan kebak bebayani.” Ature Patih Lengser. Sinuwun Prabu Siliwangi sakala mendel. Putra dalem kang aran Guru Gantangan iya wong tuwa angkate Pangeran Sunten Jaya mung mendel. Semono uga Sunten Jaya sing adate akeh ature uga tanpa kumecap.“Sinuhun, kula sagah ngupadi, menawi dipunkeparengaken,” ature Mundhinglaya.“Temenan, sira saguh?”Ringkese Crita Kepungkur: Nyritakake kahanane Mundhinglaya ing sajroning pakunjaran sing dikancani sekabate leloro, Toleh lan Sangkut. Sekabat leloro melu dicemplungake menyang pakunjaran krana didakwa nyengkuyung tumindake Mundhinglaya lan malah melu ngrojongi. Amarga papane kang anyep lan kebak lemut mula anggone sare Pangeran Mundhinglaya ora bisa jenjem. Semono uga Toleh lan Sangkut klisikan anggone turu temah banjur padha lek-lekan tekan esuk. Ing kalodhangan iku tetelune banjur ngonceki kedadeyan kepungkur sing jalari mlebu kunjaran. Saka oncek-oncek mau Toleh lan Sangkut duweni pangira menawa sing adul-adul marang Sinuwun Prabu Siliwangi iku Pangeran Sunten Jaya. Pangira mangkene lelandhesan kanyatan menawa Pangeran Sunten Jaya ing ngarsane Sinuhun Prabu Siliwangi ora bela marang Mundhinglaya, malah kepara jlomprongake supaya dipatrapi paukuman abot salawase urip. Caturan nganti parak esuk iki kandheg marga kori pakunjaran ana sing bukak saka jaba. 3


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 25“Kula nuwun inggih,” ature Mundhinglaya karo atur sembah.“Bagus. Menawa sira saguh ngupadi Layangan Salakadomas, kanggo sawetara sira sun luwari saka pakunjaran.”“Inggih Sinuhun.”“Munjuk atur Sinuhun,” Kangjeng Prameswari Padmawati matur.“Matura Dhiajeng,”“Amargi putra dalem menika kalih inggih menika Pangeran Guru Gantangan ingkang mijil saking Kakang Mbok Tejamantri saha Mundhinglaya inggih yoga kula, menapa boten wonten saenipun ingkang ngupadi Pangeran Gurun Gantangan, putra ingkang langkung sepuh,” ature prameswari Padmawati kanthi menggalih menawa ayahan iki abot lan totohane nyawa. “Sinuhun,” Pangeran Sunten Jaya unjuk atur.“Iya, kepiye Sunten Jaya,” “Sedaya rak sampun midhanget kiyambak bilih Mundhinglaya sampun sagah ngupadi Salakadomas. Dados Mundhinglaya menika ingkang kedah ngupadi. Turna wekdalipun kedah dipun watesi. Paling dangu setunggal wulan. Menawi ngantos mblendheng, tanggunganipun inggih Ibu Padmawati ingkang dipun kunjara utawi dipun dhawahi pidana pejah.” “Lancang pangucapira Sunten Jaya,” Prameswari Padmawati mriksani Sunten Jaya kanthi paningalan manther.“Ibu, sampun duka, Ibu,” ature Mundhinglaya karo nyungkemi pepadane ingkang ibu. Ibu Padmawati karo kembeng eluh nyekel pundhake ingkang putra.“Kula sagah, Ibu. Saderengipun satunggal wulan kula kedah sampun rampung nindakaken ayahan kula. Kula nyuwun pangestu paduka, Ibu,“ ature Mundhinglaya ngrerepa.“Iya, dakpengestoni putraku. Muga widada lulus lakunira, bisa antuk gawe, tanpa manggih rubeda,”“Inggih, Ibu.”“Mundhinglaya.” Sinuhun Prabu Siliwangi manabda.“Dhawuh, Sinuhun,”“Senajan colok lintang-sambung obor, budhala dina iki. Ingsun pengestoni.”“Kula nuwun inggih. Pangestu paduka ingkang kula suwun, Sinuhun.” “Ingsun pangestoni, enggal budhala,”Age-age Mundhinglaya atur sembah, lengser saka pasowanan, mrepegi sekabat lelorone, Sangkut karo Toleh. Diajak tata-tata kanggo miwiti ngupadi Layangan Salakadomas menyang Mega Malang. “Pangeran Mundhinglaya,” Patih Lengser Jiwandana mrepegi Mundinglaya lan sekabate.“Inggih, wonten dhawuh Eyang Patih,”“Saderengipun bidhal ngupadi Layangan Salakadomas kula badhe nggladhi ulah kanuragan dhateng Pangeran Mundhinglaya amargi kathah pancabaya ing margi ingkang badhe dados pepalang,”“Inggih Eyang Patih, kula dherek karsanipun Eyang Patih,” ature Pangeran Mundhinglaya. Banjur kanggo sawetara dina Pangeran Mundhinglaya lan para sekabat gladhen ulah kanuragan. Kejaba iku Patih Lengser uga maringi ajiaji sing mengkone bisa dienggo ngadhepi kekuwatan mungsuh ing tengahe marga apadene ing Mega Malang.* (Ana candhake)


26 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 AlipGaji wulan Januari mundur, kabeh pegawe kojur. Iki wus dadi padatan, saben-saben ganti taun mesthi sing jeneng mudhune gaji mundur. Mundure gaji ana ing Januari iki uga kedaden taun kepungkur lan taun kepungkure maneh. Saka saweneh pejabat kandha yen mundure mudhune gaji iki amarga ana owah-owahan data, ana sing wus pensiun amarga umur, mati, ana pegawe anyar sing diangkat lan liyaliyane.Nemahi kahanan sing kaya mangkono iku, Marno unjal ambegan. Dheweke ngrasakake abot sanggane yen gaji sing dadi siji-sijine sumbering rejeki keluwargane iku durung mudhun. Karepe diiritirit, nanging ati tetep wae njerit. Ngetung kabutuhan saben dinane sing kaya-kaya ora sangsaya sithik, nanging malah suwalike, dheweke unjal ambegan maneh. Gajine sing ditunggu-tunggu wis dipantha-pantha kanggo nutup kabutuhane, embuh kuwi tuku beras, tuku sepatu anake, mbayar arisan, mbayar angsuran bank sing ora bisa diselaki, lan kabutuhan keluwarga liyane. Yen kabeh wis dibagi-bagi, ora turah, malah kepara kurang.Yen nemahi kahanan sing kaya mangkono iku, Marno mung kukurkukur. Mumet. Kahanan sing kaya mangkono iku, atine gampang kebrongot, mula sisihane milih meneng, ngalih papan liya. Milih nyingkir kanggo golek cara kareben kahanan ora mawut. Sisihane ngalah, nanging ora kalah, mung pengin uripe kareben ora sangsaya bubrah, nyawang uripe Marno sing kepetung kurang nggenah. Seneng adol rupa, nanging adoh bandha. Ning kabeh rasa mau, mung dibuntel ana ati. Marno ora maelu kabeh mau. Dheweke rumangsa wus ketrima urip lan kabeh angen-angene karana wus kasil dadi pegawe. Dadi pegawe pancen dadi idhamidhamane kawit biyen sawise tetaunan tuwuk anggone dadi pegawe honorer. Mula sawise kasil dadi pegawe anane mung seneng lan seneng sing digutuk-gutukake. Sanajan uripe Marno isih pas-pasan malah kepara kecingkrangan, ning saben-saben esuk arep mangkat kerja, dheweke isih rumangsa bisa tetep kluruk sero-sero minangka saweneh pegawe. Sragam dhinas klambi putih lan kathok ireng, utawa klambi biru dhongker lan kathok biru tuwa, kaya-kaya sing ndadekake atine mongkog lan bombong.Ora saben wong bisa nyandhang sragam kaya mangkene iki! Mangkono iku batine Marno sinambi numpak pit motor metu saka desane kebak rasa mongkog.Marno anggone lungguh sangsaya ndegek, kebak esem mrana-mrene kanggo wong-wong desa sing diprangguli. Wektu iku lagi panen pari, akeh wong-wong desa sing padha menyang sawah. “Wah! Nembe tindak Mas Guru?” saweneh wong nyapa Marno. Sanalika Marno mencet klakson pit motore, ditututi esem sinambi tangane kumlawe tandha uluk salam. No! Marno! Kowe aja rumangsa cukup yen mung antuk pakurmatan sing kaya mangkono iku! Bener nasibmu luwih becik tinimbang wong-wong desa sing padha dadi buruh tani, buruh bangunan utawa nyambut gawe srabutan liyane. Sing mbedakake gaweyanmu disawang alus wong nang kantoran. Ning elinga! Babagan pemetu, kowe ora beda karo wong-wong kuwi, malah kepara luwih cilik. “Ning aku emoh yen kon menyang sawah maneh! Aku iki pegawe!” semaure Marno sajak nesu kanthi swara sora marang swaraswara sing asring dirungu ning ora ngerti saka ngendi asale lan saka sapa sing omong kuwi. Jujur Wae No! Yen kowe ora gelem maneh ambyur nggarap sawah, malah-malah sawahe ditandurake liyan lan kowe ora golek gaweyan liya kanggo tambah-tambah pemetu, uripmu terus wae kecingkrangan!“Wektuku ki wis entek nang kantor!” Marno mbantah.Sapa kandha! Swara iku cepet uga anggone mbantah. Kowe ki mung pegawe rendhahan! Kuwi ateges, kowe kudu ubet kareben bisa ngliwet! Anak lan bojomu, ora cukup mung thok Crita Cekak


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 27pameri sragam dhinesmu iku! Bener kowe ki pegawe, ning sabenere pemetumu durung nutup kabeh kabutuhanmu. Kowe aja keseron anggone kluruk nang tangga-tangga, nuduhake yen kowe kuwi saweneh pegawe! Kuwi mung antuk seneng sakeplasan kanggo rasa, ning babar pisan ora kanggo raga! Raga ora mbutuhake kabeh mau, ning mbutuhake upa! Apa kowe betah sateruse mung trima urip pas-pasan sing kaya mangkono iku? Swara-swara iku dirasa sangsaya sora.Krungu saben-saben omongane diwangsuli, Marno dhadhane munggah-mudhun, unjal ambegan lan dimuntahake sarosa-rosane. Atine wus kebrongot nesu. Kowe apa arep tetep kluruk? Kabukten, gaji mundur, kowe ora bisa suwala! Nggresula ngaru-ara tanpa pedhot marang bojomu. Mung emane, yen metu ngomah, polahmu kaya-kaya wus turah bandha! Swara-swara kasebut kayakaya ora maelu Marno, terus wae omong sageleme dhewe. Marno wus ora bisa suwala, kaya-kaya ora ana pilihan liya, kejaba kudu nampa kahanan nyata. Iku abot, ning kudu gelem lan bisa! Marno unjal ambegan. Atine nangis nglakoni kahanan uripe.*KababarANTOLOGI JAGADING LELEMBUTDjaka Lodang 1991-1994Mawrat crita saking penulis cacah 51Kandel buku 200 kacaRegi Rp. 75.000,- Amargi kababar winates sumangga ingkang kasdu saha remen dhateng crita jagading lelembut enggal pesen dhateng Redaksi Djaka Lodang Jalan Patehan Tengah No. 29 Yogyakarta Telp. (0274) 372950 WA. 087838224646Nyarengi Tanggap Warsa Djaka Lodang Kaping – 51 Tanggal 01 Juni 2022“Wah! Nembe tindak Mas Guru?” saweneh wong nyapa Marno


28 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 AlipGajah jinis kewan alas kang awake gedhe, duwe irung utawa tlale kang dawa, kuping kang gedhe lan gadhing kang dawa. Jaman semana gajah minangka rajane alas sadurunge macan amarga awake kang gedhe lan medeni. Menawa ngamuk apa wae bakal dirusak, ditrajang nganti entek. Wit-witan gedhe bakal ambruk yen disrudug gajah lan dicabut nganggo tlalene sing kuwat. Kewankewan liya bakal sumingkir menawa meruhi utawa ketemu gajah kang lagi ngamuk. Ora preduli kewan cilik apa gedhe bakal ditunjang nganti mati. Amarga kadigdayane kuwi gajah dadi sombong lan seneng pamer menawa dheweke kuwi kewan kang duwe kuwasa lan ora ana kang ngalahake.Sawijining dina gajah lagi kungkum ana ing kali karo rombongane. Gajah lagi wae mlaku adoh golek pangan amarga wektu semana lagi ketrajang mangsa ketiga. Wit-witan alas akeh kang padha garing ora metu wohe. Godhong-godhong padha garing, banyu tlaga asat ora mili kaya yen mangsa rendheng. Gajah padha kepanasen kena srengenge kang cumlorot saben dinane. Gajah senengane kungkum ana ing lemah lendhut kang ora patiya akeh banyune amarga kena kanggo ngilangi kewan-kewan liya kang tumempel ana ing awake.Ing sandhuwure kali ana alas kang wis garing ora ana wit-witan isine amung lemah garing gung liwang-liwung kaya padhang pasir. Ing kono ana kewan semut kang urip lan gawe omah saka lemah kang ditumpuktumpuk dadi gunung kanggo papan ndelik lan panggonan. Semut urip t e n t r e m ayem tanpa n g r a s a k a k e kahanan lagi mangsa ketiga. Semut kulina urip gotongroyong, bantu biyantu siji lan sijine. Ana pangan digawa bebarengan karo liyane lan dipangan bebarengan ing wilayahe.Weruh semut padha mlaku irit-iritan anggone golek pangan gajah nuli marani karo takon. Gajah nakoni semut apa ora kesel mlaku adoh golek pangan. Semut jawab menawa wis kulina urip bebarengan karo liyane anggone golek pangan. Gajah kang sombong nyinyir menawa dheweke kewan kang paling kuwat ora ana sing nandhingi. Golek pangan mesthi antuk akeh ora kaya semut kewan cilik mesthi entuke uga sithik. Nyebut semut kuwi kewan cilik kang ora ana dayane. Dipidak sikil gajah mesthi padha langsung mati. Disebul bakal langsung kabur adoh tiba mati.Rumangsa diremehake semut dadi kemrangga pengin mbales omongane gajah. Semut pengin mbuktekake omongane gajah. Semut nantang gajah apa bisa mungsuh kabeh semut sing ana alas kuwi. Gajah ngguyu cekakakan krungu panantange semut mau. Gajah banjur siyap-siyap bakal ngladeni semut kang cacahe ora bisa kaetung. Gajah ngangkat sikile terus diblegake lemah sing akeh kewan semut ana ngisore. Semutsemut padha kocar-kacir weruh pangamuke gajah. Jebul tenanan, gajah yen ngamuk gedrug-gedrug lemah bakal goyang lan wit-witan padha kemrosak ora karuwan. Meruhi pangamuke gajah mau ratu semut nuli mrentahake yen gajah bakal kalah menawa diserang semut mlebu ana kupinge. Tenan, atusan ewon semut banjur mlaku mrembet ana ing awake gajah tumuju kupinge. Semut kasil mlebu kupinge gajah lan wiwit nyokoti njeron kupinge gajah. Gajah wiwit gedabigan mlayu mrono-mrene nabras-nabras witwitan gedhe supaya semut bisa metu saka kupinge. Gajah rumangsa kelaran, geli lan gatel dicokoti semut-semut mau kang cacahe atusan ewon. Weruh gajah ambruk karo nyekeli kupinge semut saya anggone padha nyerang lan nyokoti gajah kuwi. Gajah bengak-bengok njaluk ngapura marang semut. Gajah wis kelaran kupinge lan ora bisa nguwali panyokote semut-semut mau. Gajah rumangsa ngakoni kalah lan tobat Krungu gajah njaluk ngapura semut-semut banjur nglereni anggone padha nyerang lan nyokot. Gajah wis ngremehake kewan cilik semut. Ketoke cilik, nanging menawa dadi siji barengbareng anggone mungsuh gajah mesthi wae bakal kalah kewan mau. Gajah sarombongan nuli njaluk ngapura lan ora bakal nantang semut-semut maneh. Semut ora jumawa amarga bisa ngalahake gajah mau. Kuwi amung kanggo pangajaran supaya kewankewan gedhe aja padha rumangsa menangan. Dumeh awake gedhe ora bakal bisa dikalahake. Kabeh kewan saalas kudu bareng-bareng anggone urip sesrawungan, golek pangan lan kudu ngurmati siji lan sijine.Gajah sarujuk lan wiwit dina kuwi gajah ora sombong maneh. Gajah tansah mbiyantu kewankewan cilik sing butuh pitulungan. Menawa kahanan kali lagi banjir gajah gelem nyabrangake lan munji kewan-kewan cilik liyane ana ing gegere. Kedadeyan iki kena kanggo piwulangan menawa wong gedhe aja sok ngremehake wong cilik, wong sugih ora kena ngina wong mlarat. Kabeh padha ing donya iki, kabeh dicipta dening Gusti Kang Maha Kuwaos. Dadi ora kena ngelek-elek liyan sing ora padha karo awake dhewe. (TRiLIs-Jogja) Wacan Bocah


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 29 Aksara JawaAgus WepePametri Kabudayan JawaMinangka sambungan rubrik kang minggu kapungkur, edhisi kang saiki uga isih bakal ngandharake bab ater-ater. Yen minggu kapungkur wis ana ater-ater anuswara kang kanggone minangka peranganing wasesa (predikat) sajroning ukara tanduk (kalimat aktif), mula saiki banjur kasambung bab ater-ater kang dienggo nalika gawe ukara tanggap (kalimat pasif), yaiku kang katelah ater-ater tripurusa.Tembung tripurusa klebu tembung camboran, dumadi saka tembung tri kang ateges ‘wilangan telu’ lan purusa kang ateges ‘manungsa’. Kasebut aterater tripurusa awit ater-ater mau minangka sesulihing purusa kang cacah telu, yaiku utama purusa (orang pertama), madyama purusa (orang kedua), lan pratama purusa (orang ketiga).Sepisan, utama purusa, awujud ater-ater dak- minangka sulihing tembung aku. Anggone nulis nganggo aksara Jawa teka kasambungake wae ana wiwitane tembung lingga kang dadi predikat utawa wasesane. Tuladhane. yen kang nglakokake pagaweyan arupa utama purusa (‘aku’), dene pagaweyane upamane mangan (tembung linggane, pangan), tembunge banjur dadi dak- + pangan = dakpangan. Upama tembung linggane kawiwitan aksara ka kaya ing tembung kanthi, aksara mau ora luluh kalawan ater-atere, nanging tetep katulis arupa pasangan ka. Mula dakketemu kanthi banjur dadi dakkanthi.Semono uga tumrap madyama purusa, awujud ater-ater kok- minangka sulihing tembung kowe. Anggone ngetrapake iya padha wae. Yen tembung linggane kawiwitan aksara ka, aksara kang wiwitan mau ora luluh kalawan ater-atere, nanging tetep katulis arupa pasangan.Bab pratama purusa. awujud ater-ater di-, panganggone uga teka ditrapake wae tanpa ngowahowahi tembung linggane.Kajaba ater-ater tripurusa, isih ana maneh kang lumrah dienggo ana ukara tanggap, yaiku ater-ater ka: Panganggone bisa mawa katrangan bab sapa kang nglakokake pagaweyan mau, kanthi ancer-ancer tembung dening, kaya ing ukara “Kakawin Sutasoma kaanggit dening Empu Tantular.Bab tembung lingga mawa ater-ater ka-, yen kawiwitan wanda ha, ana kang bisa dicekakake, nanging ana kang luwese tetep katulis wutuh. Tuladha tembung kaanggit kang ana dhuwur mau, luwese katulis wutuh wae, awit yen kacekak dadi kanggit kalebu ora lumrah. Dene tembung kaya kaapit bisa dicekakake dadi kapit, awit pancen kerep diucapake kaya mangkono. Nanging yen bingung anggone mbedakake ngendi kang bisa dicekakake lan ngendi kang ora, prayoga ditulis wutuh wae.NGATER-ATERI (2)Kiva


30 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 AlipMacapatTembang DolananDhenok DheblongTembang/Cakepan: Sastraliwung1= G, 2 /4, Wirama GregetSekar iki rinonce mrih manisAmurwani syawalan punikaSagunging para warganeTan supe muji sokurAwit saking rahmating GustiKang paring sih nugrahaMring kawulanipunKula tuwin panjenenganPara rawuh kakung sumawana putriLan sutresna sadayaWruhanana ing pandhemi ikiYeku pandhemi covid sangalasAywa lali aturaneKang kudu den anutProtokol kesehatan yektiMaskerira tan lepasYogya kudu wisuhMesthi eling jaga jarakRubung rubung yogyanira den tebihiMugi manggih widadaSyawalan ing Mangsa Pandhemi Covid 19Sinawung Sekar DhandhanggulaDening: SubagyaNgaturaken sugeng ariyadiIdul Fitri ing tahun punikaMasrahken sagung lepateNyuwun aksamanipunWiwit lair tandhesing batinKula lan panjenenganMangga sami nyuwunHing ngarsanipun PangeranSakeh ngamal ing wulan ramadan yektiAllah paring ijabahayn


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 31 GeguritanTresno SukendroAlasku sing Wis IlangIng ngendi alasku sing biyen eyub edhum?Ing ngendi wit kenanga cepaka kang aganda arum?Alasku sing dadi omahe kewan-kewan galakAlasku sing dithukuli wit-witan mrajakAlasku sing dadi pangayomane manuk prenjakSamubarang kukila anaSamubarang kewan walang atagaUrip tentrem sesandhingan tan ana sing munasikaKabeh jalma guyub rukun sepi pamrih mring kinaryaSaiyeg saeka praya memangun raharjaning prajaEndahing alasku nalika cilikankuSaben esuk ocehing kukila edi endah keprunguSwaraning saut-sautan manuk tuhuManeka warna woh-wohan bisa dakluruPang-pang garing padha lugur dakluruCukup kanggo mangsak wibiParisuka aneng jiwangga gawe beninge atiSaiki alasku kuwi wis ilangDadi kampung anyar lan perumahanDadi pabrik, ruko, mall plaza, lan perkantoranHawa resik lan seger wis kelanganAngin sumilir wus gumanti polusi keluk kendharaanDhuh Gusti panjenengan paring pangapuraDhumateng jalma manungsa ingkang angkara murkaSurabaya: Madyaning April 2022Roso Titi SarkoroLumertanganmu alus lumertak gegematiku katremlumer katrem manjing katresnanrasa asih sumanggemlumer lakune praulelangen ombakmiyak segara jroning asmara atiku atimu lumer nyawijimanjing ajur ajermili angler ing gisik bebrayanembuh kapanapa bisa kelakoneman urip mung impenTemanggung, Maret 2022P. Wala TobatGoreh, gela lan kuciwa iki isih katrem ana ing ati.Mendhunge kandel, peteng, urip durung cetha playune.Apa isih ana kanca mitra sing isih sudi dak sapa.Awak reged, pancen reged , lethek, nggedibal lebuneWurung apa mrucut, cabar ora dadi sing dadi panjangkane.Napaki dalan sing ora cetha puchuke ngliwati pacoban lan pandadaran.Kadereng kaendahan pepinganing urip kang kasat mata.Panjangkane bisa nggawa kamulyan lan piguna.Tundhone semu, adoh saka pangira.Maturnuwun Gusti, dene-a isih ngelingi awak iki.Vonis limang taun dakadhepi, telung windu dakliwati.Bungah-e kanca sing pinaringan remisi.Dak arep-arep kebabare remisi king Gusti.Dhuh Gusti pinaringana kawelasan, pun abdi.Lintang panjer esuk wus sumunar, mbukani anyare ari madhangi bumi.Dak adhepi dak sangga pituwase piala ing warsa adi.Wusanane urip kudu pracaya mring astane Gusti, tinimbalan akarya adi. Kasugihan lan kaluhuran iku ana ing pamengkuning Gusti.LP- WB 8:22, napaki taun anyar 2022)Tatiek Poerwa KalinggaSumimpen Jroning Galih SuciNalika ubaling rasa katlikung kahananTan wani kandha nadyan liwat saklimah ukaraSetengah abad sumimpen jroning galih suciAmung pasrahku marang GustiSumendhe tumeka titiwanci ikiLumantar gurit siningit aku blakaMenawa sejatine pengin dakrengkuh nanging tan kuwawaGinarising pesthi wis tinulis nyataTanpa prasapa tandhes cinithak jroning jiwaSinandhing jroning suksma jatiBakal tinemu nyawijiIng jagad kelanggengan kang sayektiLarikan gurit kang katon prasajaSiningit jroning anggit kang angel kawaca…..Pertapan Kalingga, 12 Juni 2022Kiva


32 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip Banyumasan\"ASSALAMUALAIKUM, Ma... Mamane. Rika nang ndi?\" Damirin celuk-celuk bojone. Dhekne nembe dhog seka alas kebon. Mlebu umah lewat lawang buri langsung nang pedangan. Jrigen isi badheg desog nang pipir pawon. Pawon sing wis ana suluhe banjur desumed nganggo rek bensol, gawe geni nggo masak badheg nggawe gula. Bosa pawone murub, kawah utawa wajan gedhe desog dhuwure, banjur badheg sing nang jrigen desuntek. Boled setundhun sing debedhul nang alas uga desog konoSitas, bojone durung semaur. \"Kiye wong wadon maring ndi jane? Deceluki langka suwarane. Ma, Mamanee...! Rika nang ndi...?!\"Egin langka semaure acan. Akhire nyambi masak badheg, kambi nunggu umeb, Damirin mlebu kamar padusan. Let ora suwe, byar byur, swara banyu digebyur. Jan seger pisan, bar nderes terus adus. Maning desa nang ngisor gunung, banyune bening, seger, anyes tur ora mawi tuku.Bar adus, esih jiretan andhuk, Damirin niliki pawon. Badhege nang kawah deudhek nganggo kayu dawa. Suluhe nang pawon detambahi men genine ora mati. Bar kuwe dhekne mlebu senthong, mbukak lemari milih kaos lan kathok sing resik. Sisiran nang ngarep pengilon gedhe sing temempel nang lemari.Damirin balik maning maring pedangan. Kambi ngenteni badhege umeb, dhekne ngonceti boled sing degawa seka alas mau. Lambene kemebul, nglenthar metu kukuse seka rokok linthingan mbako. Lungmayan oleh boled limang mata. Bolede banjur dekumbah resik, dewadahi cething plastik banjur delebokna nang godhogan badheg. Dhekne agep gawe cimplung.\"Kiye biyunge bocah si maring endi ya? Kayonge mau esuk ora pamit nek agep ana acara,\" mbatine Damirin kambi nenggak banyu bening seka kendhi.Meh sejam olehe masak, akhire badhege umeb. Sing maune encer warna putih buthek, siki wis dadi kenthel werna coklat semu abang kaya jenang. Meja amba nang pedangan deresiki nanggo bujur, banjur badhege detitis, decithaki dadi gula jawa.\"Lha Bapane wis meh rampungan olehe nitis. Wis adus, seger, wangi maning,\" ujug-ujug Sitas menthungul seka lawang pedangan.\"Jan, Mamane, seka ngendi si? Deceluk-celuk kawit mau langka suwarane, langka wujude. Mau esuk mbok ko ora pamit, ora ngabari menawa agep lunga ana acara. Nyong balik umah ngasi sore, langka wong acan. Nyong toli maras, mbokan ko kenang apa-apa. Apa maning kuwe, ko olehe lunga nganggo klambi apik pisan. Dandan ayu pisan. Maning nang kanakana, akeh wong lanang sing penjorangan. Mbokan ko deledheki wong lanang liya. Nyong toli maras.\"\"Bapane cemburu yaa...? Mengko dingin. Ora ulih cemburu kaya kuwe sayang. Nyong toli nembe seka nggone juragane rika. Bapa Simur. Ngglidhig rewang-rewang masak.\"\"Lho agep ana apa si nggone juragane?\"\"Mengko mbengi agep slametan. Warga se-erte deundang. Mbokan ngesuk dhekne kambi sing wadon agep lunga kaji.\"\"Owh iya ya. Jebule wis meh bada kaji ya. Nyong kelalen menawa Bapa Simur agep lunga kaji.\"\"Nah, wis ora cemburu maning mbok? Siki bapane nyore dingin. Rika kencoten mbok? Nyong nggawa berkat kiye. Sega, jangan tempe, jangan mi, jangan kare kentang, gorengan tempe, gorengan bregedel kambi pupu ayam telung iris. Nggo bapane, nggo nyong kambi nggo Siroi.\"\"Hehe.. iya darling. Sepura ya. Kesuwun wis degawakna sega jangan. Nyong lagi kencot banget giyeh. Jan ko pancen wong wadon paling ayu.\"***\"Para rawuh, sedherek sedayane, kesuwun uwis padha kersa teka maring gubuge kula. Kula nyuwun pandongane rika padha. Insyaalloh minggu ngarep kula lan biyunge bocah agep lunga kaji, rawuh maring griyane Gusti Allah,\" ujare Bapa Simur.Umahe Bapa Simur kebek wong mbengi kuwe. Wong seRT deundang acara slametan. Kayonge jan bombong pisan wonge. Acara slametan dewacaknya tahlil lan donga depimpin Kyai Rohman.Rampung ndongani, Kyai Rohman banjur ngendika menawa ngibadah kaji kuwe ngibadah sing agung lan mulya. Ora kabeh wong muslim bisa lunga kaji. Panggonane adoh, ragade akeh, dadi ora kabeh wong diparingi kesempatan saking Ngesa Dalem Alloh Subhanahuwatangala nglakoni ngibadah kaji.\"Ana sing nabung turut sithik akhire bisa lunga kaji. Ana sing dhuwite akeh, ningen kretege ati durung mantep. Nah, Bapa Simur taun kiye deparingi anugrah saking Gusti Alloh, anugerah niat lan ragad dadi bisa lunga kaji. Kita sedaya ndongakna, mogamoga Bapa lan Biyung Simur bisa lunga kaji kanthi slamet tekan Baitulloh, lan uga bisa balik maring ngeneh kanti slamet lan dadi kaji mabrur. Nyong uga njaluk maring Bapa lan Biyung Simur, angger wis tekan Mekah, warga nang RT kene ya didongakna slamet lan bisa nyusul ngemben olehe lunga kaji.\"\"Aamiinn....\" para jemangah sing nang kono ndonga bareng.Nang ati, Damirin uga krenteg ndonga nyuwun maring Gusti Alloh supaya bisa lunga kaji ngemben kapan wektune. (Dul Komed van Braling)Bapa Simur Lunga Kaji


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 33Tukijo (jeneng singlon) bocah desa kang nyoba urip ana ing kutha Jakarta. Dheweke lulusan SMKN ing Ngayogyakarta taun 1989. Tukijo duwe kapinteran nglukis lan gawe maneka warna jinis spandhuk, baliho, umbul-umbul, neon box lan sapanunggalane ing donya reklame. Tukijo bocahe lugu lan lagi pisan iki ngambah kutha Jakarta kang kawentar dadi ibukotane negara Indonesia. Dheweke menyang Jakarta numpak sepur ekonomi saka stasiun Lempuyangan kang murah rega tikete. Tukijo pamit karo bapak mbokne ing desa njaluk pangestu pengin nyambut gawe ing Jakarta karana ben uripe luwih apik. Bapak mbokne mangestoni lan weling marang Tukijo menawa wis tekan Jakarta ngabari lan menehi alamat kang cetha kanggo kulawarga ing Ngayogyakarta. Tukijo tekan stasiun Lempuyangan watara jam papat sore diterake kamase numpak pit motor.Ing stasiun Lempuyangan penumpang kang padha nunggu sepur wis akeh. Tukijo pamitan karo kamase lan langsung nuju lawang mlebu stasiun utawa peron. Tukijo paitan nekat anggone mangkat Jakarta kanthi sangu kapinterane ing sekolahe. Ing njero tas isine klambi salin lan surat-surat kang diperlokake kanggo nglamar gaweyan ing kutha Jakarta.Jam lima persis sepur mangkat ninggalake kutha Ngayogyakarta nuju Jakarta. Gerbong sepur katon longgar lan kursine bisa kanggo teturon penumpange. Jam lima esuk sepur wis mlebu kutha Jakarta kanthi slamet ora ana alangan apa-apa. Mudhun stasiun Pasar Senen Tukijo dipethukake Dalijo kancane sekolah biyen sing wis nyambut gawe ana ing Jakarta. Ketemu kancane, Tukijo rangkulan katon seneng banget wis tekan kutha sing dadi impenimpenane. Dalijo terus ngajak Tukijo nuju kos-kosane sing jarake ora patiya adoh saka stasiun.Cekake Tukijo banjur antuk gaweyan kang disenengi lan ing kono dheweke antuk kapercayan saka bos e nggarap gaweyan proyek gedhe. Ana ing kantore Tukijo disenengi kanca-kanca amarga wonge lugu lan semanak. Kancane ora mbedak-mbedakake kuwi wong anyar apa lawas. Yen luwih pinter ora kena sombong lan kudu gelem mbagi ilmune. Tukijo dipercaya bos e amarga sipate kuwi.Bayare Tukijo saya suwe saya gedhe lan bisa ngirimi bapak mbokne sing ana desa. Bapak mbokne bungah antuk kiriman dhuwit saka anake. Bapak mbokne ngaturake panuwun marang Gusti kang wis murbeng dumadi. Tukijo ing Jakarta duwe kenalan cah wadon kang asli saka kutha Jakarta. Tukijo lagi pisan iki duwe kenalan cah wadon lan pengin dadi pacare. Tumini (jeneng singlon) bocah wadon kuwi pawakane ayu lan bangkekane nawon kemit. Dadi Tukijo kesengsem kenal Tumini kuwi lan ngomong marang dheweke yen duwe rasa seneng marang Tumini. Tumini ora nulak lan uga ngomong menawa dheweke uga duwe rasa tresna marang Tukijo. Tukijo seneng banget rasa tresnane ora ditulak.Dina-dina mangkat mulih nyambut gawe Tukijo diterke Tumini. Pit motore Tukijo dipasrahake Tumini kanggo sarana padinane. Tukijo wis kaya bucin alias budak cinta. Tukijo uga wis pasrah kunci omah lan percaya marang Tumini. Tukijo njupuk perumahan ing dhaerah Bintaro. Raketang omah ukuran 36 nanging cukup yen mbesuk kanggo omahomah.Tukijo ora duwe cubriya marang Tumini. Apa-apa wis dipasrahake dheweke, saka kunci omah, motor lan kertu ATMe. Saking tresnane apa sing dadi panjaluke Tumini dituruti. Persasat pendhak dina saba toko gedhe tuku pakaian lan liya-liyane. Pit motor dianggo kulawargane Tumini, Tukijo uga wis percaya lan apa kabutuhane kulawargane Tumini uga diberesi.Ora nyangka jebul ing buri Tumini duwe pacar liya. Tumini macari Tukijo amung pengin moroti bandane kanggo seneng-seneng dhewe lan kulawargane. Tukijo antuk kabar menawa Tumini slingkuh saka kanca nyambut gawene kang meruhi Tumini mlaku karo wong lanang liya. Ora terus percaya nanging Tukijo pengin mbuktekake kabar kuwi. Tenanan, sawijining dina Tukijo muni pamit arep bali desa dheweke pasrah omah lan liya-liyane. Nanging Tukijo ndhelik ing omahe kancane lan pengin weruh dhewe yen Tumini wis slingkuh ing burine. Jebul tenan, Tumini kang dipasrahi omahe laku slingkuh karo wong lanang ing omahe. Dhuwite ing ATM dientek-entekake karo wong lanang kuwi. Pit motore Tukijo uga digadhe lan surat omah dicekelake rentenir kanggo kabutuhan kulawargane Tumini lan dheweke. Tukijo meruhi ngono terus njaluk bubaran anggone hubungan. Tukijo wis kapusan jaba jero, omah lan isine wis diporoti karo kulawargane Tumini.Dhasare wong lanang lugu, Tukijo nggetuni apa sing wis kedadeyan kuwi. Dheweke saiki wis kapok hubungan karo wong wadon. Nganti seprene dheweke wegah duwe bojo kamangka umure wis seket munggah. Pengin urip dhewe tanpa bojo ujare. [Trek-Godean]Oh LelakonKapusan Njaba Njero


34 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip PengalamankuGara-gara Nggoreng Endhog...Kedadeyan iki tak alami nalika aku isih sekolah ana ing SD kelas 3. Keluwargaku jumlahe 6 yaiku: bapak, ibuk, mbah putri, mbakyuku 1, lan adhiku uga 1. Bapak lan ibuku kerja bebakulan ing pasar. Mula kawit esuk bar subuh, bapak lan ibuku wis padha tindak pasar, kondur langsung bukak warung kang ana ing pinggir desa. Anggone kondur ing ngomah menawa kurang luwih tabuh 20.00. Mula, mbakyuku, aku, lan adhiku menawa wis turu, sok ora ketemu ibu bapakku. Aku, adhiku, lan mbakyuku sik ngurusi mbah putri. Ana ing salah sijine dina (aku lali dinane) aku mulih sekolah, kaya biasane aku nyuwun maem mbah putri. Nanging aku kepengin endog ceplok. Padahal simbah mung goreng tempe garit. Simbahku ora kersa nggorengake. Aku kepengin goreng dhewe. Kompor minyak dakuripake, terus wajan dakangkringake, dakwenehi minyak, terus dakgoreng. Sawise mateng dakangkat. Sarehne selak ngelih, kompore ora dakcilikake dhisik langsung dakdamu sarosane. Eeee...alah, genine ora mati malah mbulat munggah kena raiku, untung ora kobong. Nanging, rambutku sing kobong, aku bingung, enggal-enggal dakuyeg. Alhamdulillah terus mati, nanging rambutku sing ngarep-ngarep kobong. Aku banjur ngilo arep delok kahanan rambutku kuwi mau. Eee...la dhalah, sithipku entek, alisku ya entek. Ya allah, aku nangis, aku dadi rasida maem, lan isin metu ngomah. Dina candhake, aku ora mlebu sekolah.Nyuwun pangapunten Mbah putri, uwong kuwi menawa dimangsakake, luwih becik apa anane dimaem, rasah kurang trima, mengko dak ora berkah.Sutarsih, S.PdDadi RepotEsuk kuwi aku mangkat ngantor mruput, jalaran ana pagaweyan tambahan sadurunge jam kantor, tekan papan pegaweyan aku dhisik dhewe, mulane motorku dakparkir ing pojokan.Bareng kabeh wis siyaga aku terus wae nandangi jejibahan, nganti lali kunci kontak durung dakcabut isih cemanthel ing motor.Bu Ida kanca kantor teka saburiku, pirsa kunci kontak mau banjur dicabut lan diamanake ing papan kang kanggo ngaca ing kantor, pamrihe mengko yen aku ngaca ngerti kunci motor mau.Tekan bubar kantor aku durung kelingan bab kunci mau, mula nalika arep mangan, aku nggoleki kunci motor arep njupuk buntelan sega jangan ing ngisor jok motor.Dina kuwi aku kudu lembur gaweyan, mula bojoku banjur nggawani buntelan mangan awan, ning kojur aku ora bisa njupuk, jalaran kunci motor ora ketemu.Arep menyang warung mangan adoh papane, motor ora bisa ditumpaki, aku banjur telpun anak supaya ngeteri kunci serep lan sega rames, nalika anakku teka aku lagi bisa mangan awan lan banjur nutugake pagaweyan kantor.Para maos kuwi pengalamanku kang dakanggep lucu jalaran kurang komunikasi, banjur dadi repot, nuwun.Agus Suprapto,SDN1 Pacor, Kutoarjo, Purworejo


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 35 Napak TilasDiserbu Prajurit GabunganSawise Sultan Hadiwijaya seda, Kraton Pajang tanpa panguwasa. Sing jenenge kutha tanpa paprintahan, kahanan bisa horeg. Bakal ana kedadeyan rebutan panguwasa ing wilayah Pajang. Ngerti yen ing Kraton Pajang ora duwe panguwasa, Sunan Kudus banjur ngangkat raja nyulihi Sultan Hadiwijaya. Sunan Kudus ngangkat putra mantune sing maune dadi adipati ing Demak yaiku Pangeran Pangiri dadi raja ing Kraton Pajang. Sawise ngangkat Pangeran Pangiri, Sunan Kudus banjur ngangkat Pangeran Benawa yaiku putra kandhunge Sultan Hadiwijaya dadi panguwasa ing wilayah Jipang. Pangeran Benawa ora dadi renaning penggalih lan rumangsa kuciwa amarga katetepane Sunan Kudus iku. Rakyat ing Pajang uga ora trima yen sing jumeneng nata Pangeran Pangiri dudu putra kandhunge Sultan Hadiwijaya. Kahanan masarakat ing Pajang saya suwe ilang rasa tentreme, gumanti rasa susah.“Menawi ngaten punika, kawontenan ing Pajang boten badhe tentrem. Ingkang dipun suwun masarakat, inggih punika panjenengan ingkang jumeneng nata, liripun ingkang nyepeng Kraton Pajang, sanes Pangeran Pangiri saking Demak. Kejawi punika Pangeran Pangiri boten migatosaken kawontenan masarakat. Piyambakipun anengenaken usaha kados pundi saged nelukaken Mataram. Pramila kiprahipun Pangeran Pangiri boten damel tentreming masarakat mriki,” mangkono pratelane salah sijining rakyat nguda rasa ing sangarepe Pangeran Benawa. Pangeran Benawa mendel, nata penggalih, sawise nampa pratelane salah sijining rakyat iku. Yen kahanan ngene iki ora gage didandani, akeh rakyat Pajang bakal lunga tumuju papan liya golek panguripan. Makapingkaping Pangeran Benawa unjal napas. Ora tega mriksani kahanan sing mangkono kuwi. Pangeran Benawa atur pangandikan, “Wis leremna atimu. Mengko bakal nemu dalan kang luwih becik kanggo mrantasi kahanan ing kene.”“Supados manah kula lan ugi sadaya rakyat Pajang saged lerem, sageda panjenengan nyuwun pitulungan ing Mataram. Mugi saged andadosaken padhanging manah rakyat ing mriki,” mangkono panambahe.Pangeran Benawa banjur nganakake sesambungan karo Senapati Mataram. Pangeran Benawa luwih seneng lan rila menawa Senopati wae sing jumeneng nata ing Kraton Pajang nyulihi Sultan Hadiwijaya, amarga Senapati Mataram priyantune tegas lan prakosa, ora gigrig ngadhepi sapa wae sing tumindak nyempal. Senapati Mataram nyarujuki panyuwunane Pangeran Benawa. Katentremaning rakyat kudu luwih utama. Tanpa rakyat, ora bakal ana kraton. Ana sing mrintah kudu ana sing diprintah. Supaya ora ana gonjang-ganjinging ing Pajang, Mataram duwe pangarep-arep supaya Kraton Pajang tetep jejeg. Senapati Mataram banjur ngumpulake prajurit Mataram lan Pangeran Benawa uga ngumpulake prajurit Jipang. Sawise prajurit Mataram nggabung karo prajurit Jipang, bebarengan nyerbu Kraton Pajang. Kraton Pajang kaget ana penyerbuan prajurit gabungan. Prajurit sing ana ing kraton ora kuwawa ngadhepi prajurit gabungan iku. Kraton Pajang kalah. Pangeran Pangiri nyerah kalah marang serangan prajurit gabungan. Pangeran Pangiri dijabel kalenggahane dadi raja, banjur dibalekake dadi Adipati Demak maneh. Pangeran Benawa dadi panguwasa ing Pajang lan Jipang, uga ngakoni marang paprintahan Senapati Mataram. [Lis HS]Petilasan Kraton Pajang ing Dukuh Pesanggrahan, Kelurahan Makam Haji, Kartasura, Sukoharjo. Inzet: Pangeran Benawa putra Sultan Hadiwijaya. (repro)


36 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip LiputanPemerintah Kota Yogyakarta lumantar Dinas Kebudayaan Kota (Kundha Kabudayan), ngadani kegiatan arupa Festival Dhalang Bocah lan Rumaja tingkat kota Yogyakarta Festival iki kaadani suwene rong dina dileksanakake rikala tanggal 6 tekan tanggal 7Juni 2022 kepungkur, mapan ing jeron Dalem Ngabean (Jl.Ngadisuryan No. 6 Patehan, Kraton Yogyakarta).Taun iki kuota kang sumadya kanggo pasarta ana sepuluh kanggo dhalang bocah lan sepuluh kanggo dhalang rumaja sing bisa melu Festival Dhalang Bocah lan Rumaja iki, kanthi paugeran dhalang rumaja kang duwe KIA/KTP kota Yogyakarta banjur kanggo pasarta dhalang bocah paugerane para dhalang bocah sing isih umur wolung taun tekan limolas taun, sawetara kanggo dhalang tingkat rumaja sing isih umur nembelas taun tekan rongpuluh taun.Kepala Dinas Kebudayaan Kota Yogyakarta Yetti Martanti S.Sos, MM. ana ing ruwang kerjane paring katerangan menawa Festival Dhalang Bocah lan Dhalang Rumaja se-kota Yogyakarta iki kanthi tujuan yakuwi regenerasi seniman pedhalangan kanggo menehi motivasi, nggugah (membangkitkan) kreatifitas sarFestival Dhalang Bocah lan RumajaKota YogyakartaPara Juri Pambiji Festival Dhalang Bocah lan Dhalang Rumaja. (Foto: Bari/DL)Salah sijining dhalang bocah lagi tampil. (Foto: Bari/DL)


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 37ta bisaa Festival iki nuwuhake katresnan para mudha marang seni pendhalangan awit wayang kuwi ya klebu budaya kang ngandhut filosofi kang luhur, pratelane.Piyambake nambahake pangajab bisaa kegiyatan arupa Festival kaya ngene iki bisa tetep kaadani ing tauntaun candhake. Ana ing taun iki Festival Dhalang Bocah lan Dhalang Rumaja diadani isih nganggo prosedur aturan “Dalam Rangka Pencegahan Covid-19” tambahe.Kejuwaran Festival Dhalang Bocah lan Rumaja iki kapilih 5 pasarta pemenang, Ya kuwi Juwara I- II - III - IV lan V para juwara iki bakal nampa pangaji-aji arupa piagam penghargaan lan arupa dhuwit pembinaan kanthi pembagian, juwara I pikantuk 5000.000, Juwara II 4.500.000, Juwara III 4000.000, Juwara IV 3.500.000, Juwara V 3. 000.000,- .Sabanjure sing kasil pikantuk Juwara I bakal makili Kota Yogyakarta ana ing Festival Dhalang Bocah lan Dhalang Rumaja ing tingkat DI. Yogyakarta (Provinsi).Nalika Djaka Lodang pepanggihan karo salah sijine juri pambiji, Faizal Noor Singgih, S.T.P paring keterangan, “Mbokbilih awit kawontenan ingkang sarwasarwi menika pasarta ing Festival Dhalang Bocah lan Rumaja ing taun menika kepetang menurun.” Sabanjure Faizal Noor Singgih paring atur tambahan menawa pasarta Festival Dhalang Bocah lan Dhalang Rumaja, sing rumaja ana pasarta cacah loro, banjur pasarta Dhalang bocah ana limang pasarta, ature marang DL.Sabanjure piyambake ngendikakake para juri pambiji ing Festival Dhalang Bocah lan Dhalang Rumaja iki kabeh saka PEPADI (Persatuan Pedhalangan Indonesia) Yogyakarta, juri pambiji kanggo dina sepisan rikala tanggal 6 Juni 2022, kepungkur yakuwi; 1. KRT. Probo Prayitno, 2. Fani Rickyansyah,S.Sn. 3. Bayu Aji Nugroho,S.Sn. Banjur ing dina candhake tanggal 7 Juni 2022 para juri pambiji yakuwi: 1. Giyatno Cermogundholo, 2. Gunawan,S.Sn. 3. Faizal Noor Singgih,S.T.P [Bari/DL]Pangaji-aji kanggo para Juwara Festival. (Foto: Bari/DL)Salah sijine pasarta rumaja sing lagi tampil. (Foto: Bari/DL)


38 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 AlipPasareyan Wotgaleh kang mapan ana ing saburine Masjid Sultoni iki, alamate ing Jln. Raya Berbah RT 05,RW 38 Padhukuhan Maredan, Kalurahan Sendangtirto,Kapanewon Berbah, Kabupaten Sleman, Ngayogyakarta Hadiningrat. Dene kang sumare ana kana, yaiku KanjengPangeran Purboyo lair saka garwa selir Niken Purwosari utawa Roro Lembayung kang uga sinebut Ratu Giring. Pangeran Purbaya ya Kanjeng Panembahan Purboyo asmane uwis kawentar tumeka njaban rangkah. Krana duweni kasekten kang ngedhap edhapi, pilih tandhing. Amarga wiwit isih mudha tumaruna uwis seneng lelaku prihatin lan olah kanuragan marang eyange dhewe Ki Ageng Giring. Mula ora mokal, yen saben dina: Malem Senin Kliwon, Malem Selasa Kliwon, Malem Jemuwah Kliwon, Malem Jemuwah Paing lan Malem siji Sura akeh tamu ngalab berkah. Nanging yen Malem Senen Kliwon yaiku minangka surute Kanjeng Pangeran Purboyo. Miturut pangandikane MB. SRS. Muhammad Asrori abdi dalem kraton kang pinercaya minangka Ketua Jurukunci Pasareyan Wotgaleh ngandharake, menawa Kanjeng Pangeran Purboyo rikala isih timur pinaringan asma R a d e n J o k o Umbaran. Kanyata sawise mudha tumaruna duwe kaluwihan samu barange nganti tumeka surute yuswa. Swasana sakiwa tengene pasareyan lan Masjid Sultoni katon endah, regeng, asri krana sumunaring lampu saka Masjid kang madhangi plataran sing kebak kendharaan mobil, pit onthel lan motor. Semono uga ana sangisor wit ringin akeh pawongan padha lenggahan sinambi ngenteni acara bengi kuwi diwiwiti. Ewasemono ana kang lungguh ing pendhapa. Nanging saperangan ana sing wis mlebu ing jero komplek pasareyan Menawa awan lungguh sangisore ringin rasane eyup, sumiliring angin kaya nglela-lela dadi ngantuke*Nalika DL teka kana ngepasi dina malem Jemuwah Kliwon ana seperangkat tamu kang duwe atur penyuwunan marang Gusti Ingkang Akarya Jagad lantaran sawabe Kanjeng Pangeran Purboyo. Dene wujud kendurenan sawise didongani tumuli kanggo kembul bujana klawan para tamu liyane sing ngersakake.Sakehing tamu kang teka maneka warna. Nanging uga ora sethithik pegawe kang atur panuwun merga wis kasembadan munggah pangkat, wong sing ketampa nyambut gawe lan lancar anggone usaha, sing cetha merga kabul pangajabeRikala Djaka Lodang nyambangi ana Wotgaleh kapener lagi ana sing atur panuwun marang Gusti Ingkang Murba Jagad supaya pangajabe klakon. Ing sarean iki, sadurunge kenduren diacarani dening juru kunci kang nglarapake tumuli diwacakake atur panyuwun lan ujube para tamu kang marak sowan ing sangarepe pasareyan kanthi donga lan ngaji bebarengan kang dipandhegani dening para ulama Swasana wening nalika padha memuji Gusti dibarengi swara tumetesing banyu udan grimis kang tumiba nelesi lemah sarean TradhisiNgalab Berkah Ana Ing Pasareyan Kanjeng Panembahan PurboyoPasareyan Kanjeng Panembahan Purboyo dalah Rama lan ibune (Foto: Ist. Ay)MB.SRS. Muhammad Asrori Ketua abdi dalem pasareyan Kanjeng Panembahan Purboyo Wotgaleh(Foto: Ist. Ay)


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 39nambahi khusuk lan sangsaya manther anggone ndedonga. Udakara sajaman, acara pujiyan wis rampung, para peziarah kembul dhahar ngrahapi dhaharan kang uwis dicawisake.Para tamu gilir gumanti lunga teka. Ana sing isih lungguhan lan tirakatan tekan esuk, malah uga ana kang terus mulih.Dene para jurukunci giliran anggone ngayahi jejibahan njaga sareyan kang dikeramatake dening para spiritualis. Amarga ana daya magis (linuwih) kasektene Kanjeng Pangeran Purboyo. Kanjeng Pangeran Purboyo iki, minangka putrane raja Mataram Islam kang sepisanan. Pasareyan peninggalan jaman Mataram uga dipercaya dening para penerbang, ana wewalere lan bakal nemoni cilaka yen nganti mabur sandhuwuring WotgalehKanjeng Pangeran Purboyo wiwit nom seneng lelaku. Kerep nglakoni semedi sarta mengumbara, mula ora mokal duwe kasekten sing linuwih. Temahan pinercaya minangka Panglima kang bisa ngayomi Kraton MataramIng regol kanggo mlebu pasareyan Wotgaleh ana pusakapusaka sarta gambar Pangeran Purboyo lan Kanjeng Panembahan Senopati. Ing pasareyan iki, kang sumare ora mung mligi Kanjeng Pangeran Purboyo.N a n g i n g uga pasareyane Ratu Giring g a r w a n e Kanjeng Pangeran Purboyo lan Ki Wirosobo uga minangka kerabat kraton.Kanjeng Pangeran Purboyo garwane ibu Ratu Giring, Ki Wirosobo lan krabate. W o t g a l e h yaiku salah sawijine pasareyan kang disakralake.Ana kedadeyan kang wis kelakon merga ora ngerti yen ana sareyan sing disakralake secara m i t o s . Hananging d i p e r c a y a dening sake- hing wong. Kayadene tanggal 20 Desember 2015 pesawat TNI T50i Golden Eagle tiba nalika lagi akrobat ing awangawang. Tanggal 29 Desember 2011, pesawat latih jenis Gilder 611 uga tiba ing sacedhake papan pasareyan. Kabeh mau miturut kapercayan mitos merga ngliwati makam Wotgaleh. Uga akeh kedadeyan liyane. Marga ora ngerti yen ana wewalere tanpa tinulis dumadakan ana prahara kang sarwa aneh anehi. Pratelane Bapa Asrori. Ketua Abdi Dalem kang rumeksa pasareyane Kanjeng Panembahan Purboyo sadurunge mungkasi pangandikane, uga ngandharake menawa para abdi dalem kang tinanggenah ngreksa pasareyan putra krajan mataram kang sekti mahambara iki, cacahe ana sanga, antarane: MB Surakso Sriwidarto, MB Surakso Zainudin, MB Surakso Hariyanto, MB Surakso Joko Taufik, MB Surakso Slamet, MB Surakso Walidi, MB Surakso M.J Muh Sawal, M.J Muh Aan Prawoto sarta M.B Muhammad Asrori kang mandhegani wolung abdi dalem. Pungkas pangandikane Ketua Jurukunci Pasareyan Wotgaleh klawan Djaka Lodang. Ay/DLSwasana wengi ing malem Jemuwah Kliwon ana plataran sangarepe masjid Sulthoni Wotgaleh(Foto: Ist. Ay)Para abdi dalem foto bebarengan ana sangarepe regol juru kunci pasareyan Kanjeng Panembahan Purboyo(Foto: Ist. Ay)Para abdi dalem pasareyan Kanjeng Panembahan Purboyo foto bebarengan ana penjagaan juru kunci(Foto: Ist. Ay)Abdi dalem MB.SRS. Haryanto ana sangarepe regol pasareyan Kanjeng Panembahan Purboyo(Foto: Ist. Ay)


40 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip KratonKanggo mengeti sawijining tokoh misuwur, Museum Sultan Hamengku Buwono IX ora mung papan kanggo nyimpen barang-barang mati, ananging kauripake wujud pameran. Barangbarang kasebut dipamerake kalendhesi urutan kedadeyan utawa sejarah. Ditambah label wu -jud katrangan-katrangan satemah mujudake crita sing ngagungake sawijining tokoh sing patut dituladhani. Apa maneh wewangunan museum kasebut wujud arsitektur Jawa kanthi maneka ukiran khas kraton mratandhani sansaya gedhe wibawane sosok Agung Sultan Hamengku Buwono IX.Ing museum kasebut bisa kita priksani bebarengan ing sisih kulon lor seperangkat meja kerja tilarane Sultan Hamengku Buwono IX. Meja kerja iki biyene diagem nyerat sing gegayutan karo ngasta minangka Gubernur lan Raja Kraton. Meja iki isih wujud asli ora ana owah-owahan. Amarga Sultan Hamengku Buwono IX priyantun kang setiti migunakake perangkat kuwi, mula nganti seprene isih wutuh lan pengkuh. Nalika nglenggahi jabatan Menteri Pertahanan lan Keamanan taun 1949, uga migunakake meja kasebut, sing kebak ngandhut nilai sejarah.Kejaba kuwi satengahing museum ana seperangkat meja lan kursi sing dikupengi tali supaya para wisatawan ora ngrusak barangbarang kasebut. Meja kursi kuwi biyene diagem Sultan Hamengku Buwono IX lan Letkol Soeharto nalika ngrancang ngatur strategi arep diadani Serangan Umum 1 Maret 1949. Kejaba kuwi, meja lan kursi kasebut nate kagem manggihi tamu-tamu liyane ing zaman perjuangan. Ing sisih kiwa museum kasebut kapampang marmer cacah telu kang gedhe isine tumrap kita kabeh. Marmer sisih lor wujud ‘Piagam Penetapan’, sisih tengah wujud ‘Amanat Seripaduka Ingkang Sinuwun Kangdjeng Sultan Jogjakarta’, sisih tengen ‘Cuplikan Amanat Penobatan HB IX 18 Maret 1940’. Ing kono uga kapampang penghargaan gelar Pahlawan Nasional nalika tanggal 30 Juli 1990 saka Presiden rikala kuwi Presiden Soeharto amarga jasa-jasane Sultan Hamengku Buwono IX kang gedhe tumrap kemerdekaan Indonesia. Bab iki katulis ing Petikan, Keputusan Presiden Republik Indonesia Nomor: 053/TK/Tahun 1990, tentang Penganugerahan Gelar Pahlawan Nasional, Memutuskan, Menetapkan; Me -nganugerahkan Gelar ‘Pahlawan Nasional’ kepada almarhum Sri Sultan Hamengku Buwono IX, mantan Gubernur Kepala Daerah Istimewa Yogyakarta (1945-1988)/mantan Wakil Presiden RI (1973-1978). Sebagai penghargaan atas jasa-jasanya yang sangat luar biasa dan tindak kepahlawanannya dalam perjuangan melawan penjajah Pemerintah Kolonial Belanda dan Pemerintah Pendudukan Jepang pada umumnya dan dalam perjuangan mempertahankan dan mengisi kemerdekaan pada khususnya, sehingga tindak kepahlawanan yang demikian itu dapat dijadikan teladan bagi setiap Warga Negara Indonesia. Petikan keputusan ini disampaikan kepada ahli waris yang bersangkutan untuk dipergunakan sebagaimana mestinya. Petikan iki katetepake ing Jakarta tanggal 30 Juli 1990 lan ditanda tangani dening Presiden Republik Indonesia, tertanda Soeharto.Kejaba kuwi, ing museum uga dijlentrehake babagan Sultan Hamengku Buwono IX sing aktif ing kepramukaan. Hari pramuka dipengeti saben tanggal 14 Agustus yaiku Hari Pramuka Indonesia. Pramuka utawa Praja Muda Karana sawijining organisasi kepanduan sing wis misuwur ora mung ing Negara Indonesia ananging uga ing negara manca. Rikala isih remaja, Sultan Hamengku Buwono IX wis aktif ing gerakan kepanduan yaiku wiwit saka Sekolah Dasar nganti bangku kuliah. Sultan Hamengku Buwono IX uga aktif nyebarake semangat kepanduan ing masa perjuangan. Amarga kiprahe kasebut Sultan Hamengku Buwono IX dinobatake dadi Pandu Agung (Pemimpin Kepanduan) taun 1960. Sultan Hamengku Buwono IX salah sijining anggota Panitia Pembentukan Gerakan Pramuka sing kabentuk tanggal 9 Maret Museum Sultan Hamengku Buwono IX (2)Bapak Pramuka IndonesiaSultan Hamengku Buwono IX katetepake dadi Bapak Pramuka Indonesia. (Foto: Herry)


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 411961. Bebarengan ditetapake Hari Pramuka tanggal 14 Agustus 1961, Sultan Hamengku Buwono IX kalantik dadi Ketua Kwartir Nasional (Kwarnas) uga karo nglenggahi Wakil Ketua 1 Majelis Pimpinan Nasional (Mapinas). Nganti patang periode nglenggahi Ketua Kwarnas yaiku periode 1961-1963, 1963-1967, 1967-1970 lan 1970-1974) suwene 13 taun. Gerakan Pramuka Indonesia nuwuhake gagasan-gagasan kang migunani sing pungkasane pinaringan penghargaan ing tingkat nasional lan internasional. Sultan Hamengku Buwono IX uga kasil sing nggagas gegayutan karo nilai ‘kepanduan’ dadi ‘kepramukaan’ lewat Renewing of Scouting. Gagasan iki nandhesake bab panyengkuyunge Gerakan Pramuka ing pembangunan masarakat. Terobosan kang luhur iki pranyata entuk tanggapan positif saka kalangan internasional. Ing taun 1973 Sultan hamengku Buwono IX pikantuk anugerah penghargaan paling dhuwur saka World Organization of Scout Movement (WOSM) kasebut Bronze Wolf Award. Saka segudhang prestasi kasebut taun 1988 liwat Surat Keputusan nomer 10/MUNAS/88 bab Bapak Pramuka, Sultan Hamengku Buwono IX katetepake dadi Bapak Pramuka Indonesia ing Musyawarah Nasional Gerakan Pramuka ing Dili, Timortimur. (Herry SG)Seperangkat meja kursi, biyene diagem Sultan HB IX lan Letkol Soeharto nalika ngrancang strategi Serangan Umum 1 Maret 1949. (Foto: Herry)Marmer cacah telu katulis Piagam Penetapan, Amanat Seripaduka Ingkang Sinuwun Kangdjeng Sultan Jogjakarta lan Cuplikan Amanat Penobatan Sultan HB IX. (Foto: Herry)Meja kerja tilarane Sultan Hamengku Buwono IX isih wutuh nganti seprene. (Foto: Herry)


42 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip Sanja DesaNindakake ngibadah iku wajib lan Sholat Tahajud, Sholat Hajad sarta sungkem ana pepadane marang ibu kang nglairake ana ing donya. Temahan bisa duwe kabisan, kepinteran mahanani bisa ngupiya pangopaboga. Semono uga antuk panjurunge bojo sarta penyengkuyunge warga masarakat, satemah Sigit Tri Suhartoyo bisa winisuda minangka Lurah Selomartani, Kapanewon Kalasan, Sleman, Yogyakarta taun 2021-2027.Sigit Tri Suhartoyo winisuda minangka Lurah Selomartani bebarengan Lurah Sumberarum, Moyudan, Sleman dening Bupati Sleman Dra.Hj.Kustini Sri Purnomo tanggal 16 Desember 2021 tabuh 13.00 kang mapan ana Pendhapa Para Samya Kabupaten Sleman. Sarampunge winisuda ana ing Kabupaten tumuli tabuh 15.00 Wib kang mapan ana ing Gedhung Serbaguna Kalurahan diadani serah terima jabatan saka Pj. Lurah Sumijo klawan Sigit Tri Suhartoyo Lurah kepilih.Sigit Tri Suhartoyo, lairan Sleman 11 Maret 1983 bisa kepilih lan winisuda minangka Lurah pancen samesthine, jalaran anggone sesrawungan klawan sapa wae lan sakehing warga masarakat ora tau mbeda-be -dakake status sosial ekonomi, agama lan keturunan. Nanging tansah dianggep kadang sinarawedi. Kejaba kuwi, Mas Lurah Sigit asmane akrab duwe pribadi kang grapyak semanak lan uga duwe rasa tepaslira klawan masarakat. Bebudene kang becik iki ditindakake wiwit isih ana pawiyatan tumeka saiki. Krana Sigit Tri SuhartoyoGuyub Rukun Gumregah Mbangun SelomartaniLurah Sigit Tri Suhartoyo sawise winisuda ana Pendhapa Para Samya Kabupaten Sleman. (Foto: Jono,Hana)Para pamong lan staf foto bebarengan klawan Lurah Selomartani Sigit Tri Suhartoyo sawise Sertijab. (Foto: Jono,Hana)


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 43sakehing pasrawungan, garwane Hj, Aulia Hajar Chairunita, S.Pd kang uwis peputra loro Kiano Achazia Suhartoyo lan Cania Nayasella Suhartoyo iki, asmane kawentar tumeka sajabane Kalasan. Miturut pangandikane Lurah Sigit, kang pidalem ana ing Padhukuhan Kledokan RT 06,RW 02 Selomartani, Kalasan rikala disowani ana Kantor Kalurahan ngandharake, menawa sawise pinercaya masarakat yaiku bakal nindakake pakaryan kanthi becik minangka pelayan masarakat kang linandhesan prasaja (transparan) tanpa tedheng aling-aling klawan masarakat. Saben ngadani sakehing kegiyatan kang magepokan babagan pembangunan pisik lan infrastruktur, kesenian lan sapanunggalane luwih dhisik rerembugan klawan lembaga Kalurahan sing ana. Antarane: BPKal, LPMKal, PKK, Karang Taruna, Para Pamong, Bhabinkamtibmas, Babinsa, Paranpara, Tokoh Masarakat, Budayawan sarta masarakat. Kanthi Musdhus lan Musren iki, samangsane migunakake anggaran dana pamarentah kang tinulis ana RPJMKal bisa jumbuh Klawan APBKal satemah program pamarentah Kalurahan Selomartani sing dumadi saka 20 Padhukuhan, 102 RT, 42 RW bisa maju lan ngrembaka kanthi becik, bener, pener lan masarakat. Kanggo bisa mujudake gegayuhan lan pangajabe iki, Mas Lurah Sigit Tri Suhartoyo ngajak masarakat supaya Gumregah lan Guyub Rukun mbangun Selomartani. Wondene sing ana gegayutane karo seni budaya, Kalurahan Selomartani uwis kapacak ana Disbud Sleman sinebut minangka Kalurahan rintisan budaya. Amarga Selomartani duwe maneka kelompok kesenian tradhisional lan kesenian modheren. Kesenian tradhisional, kayata: karawitan, kethoprak, wayangwong, wayang kulit, srandhul (dhadhung awuk), gejok lesung jathilan, maca patan, bregada, salawatan, hadroh sarta campursari. Nanging yen papan plesiran (wisata) Selomartani kudu kerja bebarengan karo sponsor lan Dinas Pariwisata. Amarga kanthi cara iki papan wisata sing uwis ana ing Selomartani yaiku Monumen Plataran bisa akeh tamu saka luwar dhaerah lan mancanegara padha mirsani monumen kang ngemot sejarah bangsa Indonesia rikala para pejuwang ngusir penjajah. Apamaneh sakiwa tengene wis binangun gasebo, warung kuliner. Amrih warga masarakat kang pakaryane minangka petani, buruh tani, makarya ana perusahaan swasta, wirausaha lan ASN, TNI, Pulisi bisa duwe tambahan penghasilan. Krana asile kang tumanja asile, sakehing kebutuwan uripe saben dinane: Pangan, Sandhang, Papan lan kebutuwan liyane bisa dicukupi kanthi layak. Atur pangandikane Mas Lurah Sigit Klawan Djaka Lodang. [Jono, Hana/DL]Serah terima jabatan lurah, saka Pj.Lurah Sumijo marang Sigit Tri Suhartoyo. (Foto: Jono,Hana)Pj. Lurah Sumijo lan Lurah kepilih Sigit Tri Suhartoyo sadurunge Sertijab.(Foto: Jono,Hana)


44 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip Warta RingkesSangsaya maju peradhaban sawijining bangsa sangsaya dhuwur tradhisi literasi (maca lan nulis) masarakate. Mula pihak kang duwe kawigaten ing babagan literasi kayata instansi pamarintah, penerbit buku, komunitas sastra, GPMB (Gerakan Pemasyarakatan Minat Baca), Perpusdes (Perpustakaan Desa), sastrawan lan sapanunggalane kupiya nggrengsengake tradhisi literasi masarakat kanthimaneka cara. Kayata kupiya kang dilakoni Penerbit Diva Press bebarengan Dinas Perpustakaan lan Kearsipan Kulonprogo (Pussip) kanthi nggelar pameran buku mapan ing plataran Dinas Perpustakaan lan Kearsipan Kulonprogo, Jl. Sugiman Watulunyu Pengasih.Miturut perwakilan Diva Press kang ditemoni DL ing lokasi pameran ngandharake, pameran buku kanthi tajuk “Pameran Buku Murah” kasebut kawit dina Selasa 17 Mei 2022 nganti tekan Setu 4 Juni 2022. Pameran kang digelar kapindho Diva Press bebarengan Dinas Pussip Kulonprogo ing taun 2022 iki, diwiwiti tabuh 08.00 WIB lan tutup tabuh 18.00 WIB. Maneka jinis buku kang digelar kayata buku-buku terbitan anyar Diva Press, buku anak, umum, agama Islam, novel, filsafat, sastra, Iptek, psikologi nganti buku-buku murah rega limang ewunan, sepuluh ewunan, lan sapanunggalane.Salah sawijining pengunjung pameran Sukardi kang pidalem ing Pengasih marang DL ngendikakake rasah bungah kanthi anane pameran buku kasebut. Dheweke kang pancen seneng buku-buku relijius, wus mborong buku-buku sufisme Islam. Kanthi pameran buku, para siswa, anak-anak lan masarakat diajab sangsaya cerak karo bukubuku, sebab buku minangka cendhela ilmu. Kanthi seneng maca masarakat sangsaya ningkat budaya literasine. [Sumarno]Diva Press Gelar Pameran BukuMasarakat milih buku-buku Pameran Buku Diva Press lan Dinas Pussip Kulonprogo. (Foto: Sumarno)Jroning rerangken mengeti dina laire Pancasila tanggal 1 Juni 2022, Panitia Nasional Tribute WR Supratman ngadani ziarah kebangsaan kanthi kawiwitan ziarah marang makame Pahlawan Nasional Sultan Agung ing Makam Raja-Raja Mataram, Pajimatan, Imogiri. Kabacutake ziarah menyang makame seniman musik (komponis) Kusbini kang nyipta lagu ‘Bagimu Negeri’ lan makame Liberty Manik kang nyipta lagu ‘Satu Nusa Satu Bangsa’, ing Makam Seniman Budayawan Girisapto, Imogiri kang dieloni dening para tokoh seniman nalika dina Rebo (1/6) minggu kapungkur.Sigit Sugito pinangka panitia mratelakake menawa paweh pakurmatan marang telu seniman musik (komponis) kasebut kaanggep penting laras klawan falsafahe Wong Jawa yaiku ‘mikul dhuwur mendhem jero’, kang kena diarani mulyakake jalaran lumantar lagu-lagu perjuangan kasebut ketelune wis duwe andhil kang gedhe anggone nuwuhake jiwa nasionalisme (kebangsaan) tumuju bangsa Indonesia anggone nggayuh kamardikan. Malah lagu Indonesia Raya karyane WR S u p r a t m a n wis katetepake pinangka lagu kebangsaan.Dene ke- giyatan ziarah m e n y a n g P a h l a w a n N a s i o n a l Sultan Agung k a s e b u t p i n a n g k a t a n d h a awal saka k e g i y a t a n saka saweneh k e g i a y a t a n kang bakal katindakake jroning paweh pakurmatan (tribute) yaiku ziarah menyang makam WR Supratman ana Surabaya, titi laku saka Jakarta tekan Makasar, ziarah menyang Sumongari papan laire ing Purworejo, sarta bakal pasang ‘tetenger’ ing trap kapitu makam seniman budayawan Girisapto, Imogiri.Sigit Sugito nambahake menawa saben warga bangsa Indonesia bisa dadi ‘pahlawan’ kanggo paweh karya pengabdiane paling apik tumrap negara Indonesia, kayadene telu seniman musik (komponis) kang kanthi musik lan cakepan (syair) satemah bisa nuwuhake semangat kanggo tansah nresnani bangsa lan negara Indonesia. Para seniman kang nindakake ziarah kasebut kayata Yani Sapto Hudoyo, Sigit Sugito, Satriya Wibawa, Sarwoto (mantan direktur Telkomsel) , Nurdi Antoro, para dua keistimewaan, lan anggota seniman kang kagabung ana anggoa Koseta (Koperasi Seniman Yogyakarta). (Nug/DL)Pakurmatan Kanggo Telu Komponis PejuangPara seniman nalika ziarah ana makame Sulatan Agung ing Raja-Raja Mataram, Pajimatan, Imogiri (Foto: Nug)


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 45Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Bantul ngadani kegiyatan pembinaan sastra, pinangka kupiya kanggo ngurip-urip lan mekarakake sastra supaya bisa tansah laras klawan ombyake jaman temah sastra ora mandheg. Pembinaan arupa latihan (workshop) kang katindakake saka tanggal 23 Mei tekan 10 Juni 2022 mapan ana Ros in Hotel, Sewon kanthi 400 pasarta kang dumadi saka 10 jinis kegiyatan latihan (workshop).Manut palapurane Kepala Bidang Sejarah Bahasa lan Sastra Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Bantul, Drs. Dahroni, MM kegiyatan kasebut nyakup pelatihan nulis geguritan, nulis cerita cekak, nulis dongeng, nulis puisi, nulis cerita pendek, tembang macapat, nulis naskah sandiwara radio, latihan pranatacara, maca manusksrip sarta nulis aksara Jawa. Dene pasarta dumadi saka masyarakakat umum srta guru PAUD, TK, SD/MI, SMP/MTS, SMA/SMK kang saben sajinis kegiyatan dieloni 40 pasarta.Sekretaris Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Bantul, Drs. Fauzan makili Kepala Dinas nalika mbuka latihan mratelakake menawa basa Jawa mono banget luwes anggone ngenut lakune jaman, mligine kang padha digunakake dening para mudha ana saben dinane temah perlu digatekake menawa perlu dicathet pinangka ukara utawa tembung-tembugn anyar. Senadyanta basa baku basa Jawa kang ana undha usuke basa, kudu terus dijaga, pinangka srana kanggo nuntun marang tata krama lan budi pekerti luhur.Dene pelatihan diisi dening para narasumber dumadi saka akademisi lan praktisi kayata Suwarsidi, S.Pd lan Bambang Nugroh (geguritan), Prof. Dr. Suwardi Endraswara, M.Hum lan Ardini Pangastuti (cerkak), Umi Khulsum, S.Pd lan Suharmono Arimba (puisi), Tedhy Khusairi lan Joko Santosa (cerita pendek), Dr. Akhir Lusono lan Lephen Purwanto, M.Sc (dongeng), Angger Sukisno, S.Pd lan Dr. Arif Bintoro Johan (pranatacara), Bagus Febianto, M.Hum lan Sri Wahyuningsih (tembang macapat), Prof. Suminto A Sayuti lan Maria Kadarsih (naskah sandiwara radio), Setyo Amrih Prasaja, S.S lan Arif Budiharto, S.Pd (manuskrip) sarta Kingkin Nurdiana Winanti, M.Pd lan Venny Indra Ekowati, S.Pd, M.Lit (aksara Jawa).Salah sijine pasarta pelatihan Titik Ruswanti saka guru SD rumangsa seneng bisa melu latihan engga bisa nambah wawasane babagan sastra Jawa mligine nulis geguritan, amarga pelatihan kasebut ora mung piye carane nulis nanging uga ana praktik nulis sarta maca geguritan kang becik. Kepara uga diwenehi wewarah kapriye carane karya geguritan kasebut, bisa kababar ana media massa utawa media sosial. (Nug/DL)Pembinaan Sastra Disbud BantulPara pasarta nulis cerkak (Foto: Nug)Sekretaris Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Bantul Drs. Fauzan (tengah) (Foto: Nug)


46 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 AlipPariwisataMangli klebu salah sijine desa ing pereng Gunung Sumbing (3.371 meter) sing mlebu kukuban Kecamatan Kaliangkrik, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah. Desa Mangli nyakup telung pedhusunan yaiku Mangli, Bojong, lan Dadapan. Dumunung ing papan sing dhuwure antarane 1.400 – 1.730 diitepus saka lumahe banyu segara, Mangli klebu dalan (jalur) kanggo ngunggahi Gunung Sumbing. Wektu iki dalan n g u n g g a h i S u m b i n g tumuju pucuk g u n u n g (puncak) bisa liwat patang jalur yaiku liwat Bowongso, liwat Garung, liwat Butuh, lan liwat Mangli. Gunung Sumbing duweni sawetara pucuk kayata Pucuk Buntu, Pucuk Kawah, Pucuk Rajawali, lan Pucuk Sejati. Antarane pucuk paling dhuwur lan dianggep pucuk paling pokok Sumbing yaiku Pucuk Sejati sing dununge paling dhuwur (3.371 meter).Antarane dalan ngunggahi gunung sing kaloka yaiku jalur kang liwat Dhusun Butuh ing Desa Temanggung, Kecamatan Kaliangkrik, Kabupaten Magelang, sawenehe dhusun paling dhuwur ing perenge Sumbing. Tatarakite bangunan omah sing nurut munggahe dalan dhusun menehi sesawaangan kang mencutake lan banjur dipadhakake karo perkampungan pepereng Himalaya ing Negara Nepal. Iku sebabe Dhusun Butuh asring disebut Nepal ing Pulo Jawa (Nepal van Java). Kejaba liwat jalur Dhusun Butuh, n g u n g g a h i Puncak Sejati S u m b i n g uga bisa liwat Dhusun Mangli. Mangli m e n c u t a k e ora krana mung hawane sing adhem jekut, nanging sesawangane uga mencutake. Kejaba perkampungan sing tinata becik, uga ana grojogan, ana alas, ana pucuk gumuk, ana guwa watu, lan MANGLIDesa Wisata Ing Perenge Gunung SumbingOmah penginepan ing Mangli (Foto Ist.)Hutan-Pinus-Mangli-Magelang(Foto Ist.)


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 47papan leter bawera sing metha swasana ngangeni. Apa maneh wargane semanak gapyak seneng sapa aruh kepara ngampirake omahe. Cekake, Mangli ora kalah pamor ditandhing karo Dhusun Butuh. Kekarone klebu dhusun ing Kecamatan Kaliangkrik.Sadurunge tekan pucuk Sumbing, dalan unggah-unggahan paling dhuwur ing Mangli nlusup ing tengahe alas pinus. Kepara alas pinus iku bagean paling dhuwur saka Dhusun Mangli sing akeh dimanpangatake kanggo kemping lan wisata wana. Kejaba mirengake ocehe manuk sing urip bebas ing alam kang asri uga bakal mirengake akehe ayam alas kluruk sinambi pethangkringan ing pang uwit gegrumbulan. Mangli sing racak wargane olah tetanen janganan (sayuran) nyuguhake akehe dhadhah ijo royoroyo krana subure tetanduran. Banyu ing mangsa ketiga uga ora kekurangan krana ana kali sing tuke saka pucuk Sumbing. Antarane dhadah sing gumelar akeh gumuk-gumuk cilik sing dimanpangatake kanggo gardhu pandhang. Saka gardhu pandang wisatawan bisa mirsani menyang keblat papat, nyekseni endahe kutha-kutha Magelang - Temanggung – Wonosobo ing wayah bengi. Bisa mriksani jedhule srengenge esuk utawa angslupe pratanggapati ing wanci surup kasumba. Ana gardhu-gardhu pandhang sing cacahe puluhan iku gawe wisatawan bisa mriksani gunng-gunung sing ngupengi Sumbing kaya Merapi – Merbabu – Andong – Telomoyo – Ungaran – Sundoro – Giyanti – Menoreh – Tidar – Telomoyo sing pucuke asring kinemulan pedhut.Tumuju Mangli paling cerak bisa ditempuh saka kutha Magelang tumuju Pasar Bandongan terus tumuju Pasara Kalegen banjur bablas munggah tumuju Mangli. Dalane aspalan becik ana sawetara unggahunggahan sing dhuwur nanging dalane jembar. Mlebu Dhusun Mangli luwih dhisik liwat gapura dhusun banjur mlebu perkampungan sing wus tinata becik. Wisatawan bisa milih paket wisata kaya mlebu gerdhu pandang apadene camping. Keperluan camping bisa nyewa kanggo tendha isi loro utawa papat rega sewane antarane 35 ewu rupiyah tekan seket ewu rupiyah. Uga bisa myewa sleeping bag, matras, kompor PTB, tabung gas, apadene nesting Dene menawa ngersakake mriksani sesawangan ing gerdhu pandhang cukup tuku tiket sing regane limang ewu rupiyah.* (Sanjaya / DL) Sesawangan alam tumuju Dhusun Mangli ing pereng Gunung Sumbing (Foto Ist.)Wayah surup ing Dhusun Mangli (Foto Ist.)


48 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip Crita lan Gambar: Toto Winarno


Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 49Uthak-Uthik DLNENGEN :1. Bengkong tangane - 3. Usreg, tansah rame - 6. Tembung liya: Kalenan - 8. Seneng, Marem atine - 9. Tegese: Owel banget - l0. Jinis ula - 13. Narungake, rebutan sapa sing luwih unggul - 15. Aras-arasen merga kakehan melek - 17. Dadi manten - 19. Bioskop - 21. Istilah ing olahraga Tinju - 22. Metu kringete - 25. Pathokan jejerjejer - 26. Tembung liya: Tumbak.MUDHUN:1. Sandhangan ing aksara Jawa - 2. Dhuwung - 4. 0ra bunder - 5. Endhog semut ngangrang - 6. Anak tawon - 7. Wilangan ganjil - 11. Mubeng nawakake dagangan - 12. Sing mimpin sholat ing masjid - 14. Ngenggarenggar ati sarana mlaku-mlaku - 15. Endhas sepur - 16. Araning dolanan bocah sing digawe saka kayu bunder - 17. Sawang omah kemangga - 18. Diwaca kaping pindho: Araning panganan - 19. Timah sari - 20. Kerengan tumrap sato khewan - 23. Wadhah buku - 24. Kali ing Benua Afrika. SYARAT BATANG UTHAK –UTHIK 04:01. Batangan ditulis ing kartu pos kanthi alamat pengirim cetha, Kupon Uthak-Uthik, No. Telpon, jeneng lan alamat agen. sarta klebu kode pose. Dikirim menyang Redaksi Minggon Djaka Lodang, Jl. Patehan Tengah No. 29, YOGYAKARTA – 55133.02. Saben pemenang (cacah 2) dicaosi bebungah arta Rp 100.000. 03. Kiriman batangan paling kasep tekan meja redaksi dina Setu Legi, 09 Juli 2022.BADHARE UTHAK – UTHIK N0. 52Manengen : 01. SAMARINDA, 05. YEN, 06. AWU, 07. GRENGSENG, 12. GEMBOR, 14. LUDRUK, 16. LA, 17. EA, 18. MEI, 19. KPR, 21. NIP, 23. PANEN, 25. DURGA, 26. INTIP, 27. KASABMudhun : 01. RUYUNG, 02. SONG, 03. AJAG, 04. BLULUK, 08. RIBA, 09. NERAK, 10. SOLAR, 11. NADE, 13. MLINCUR, 15. RANGKET, 18. MEMEDI, 20. PANTES, 22. PALAPA, 23. PYAK, 24.NAIBBatangan Uthak – Uthik Djaka Lodang 52 wus kaundhi lan kang beja nampa bebungah wujud arta Rp 100.000 saka Djaka Lodang:01. Th. Retno Wahyuningsih, d/a Prawirodirjan GM2/558 RT 48/RW 14 Gondomanan, Yogyakarta 5512102. Djarwono, d/a Pucung, Kranggan II 5/32 Jogotirto, Berbah, Sleman, YogyakartaWasita AdiPangeran Kuwi Maha KuwasaPepesthen kang wus diputusake Pangeran, ora bisa diwurungake. Sapa kang bisa ngowahi pepesthen? Ora ana! Manungsa mung kari nampa apa kang kinarsakake Pangeran. Kabegjaning urip ing donya iki mung saka nugrahaning Pangeran kang Maha Welas sarta Maha Asih. (Pitutur Jati)KUPON UTHAK-UTHIK DL NO. 04Kiva


50 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 AlipGUYON FX. SubrotoSatleramanPriya bagus sing duwe pawakan atletis iki asmane Damitri Ardian, priya kelairan tanggal 29 Januari 1991, wektu isih ing bangku Sekolah Dasar tekan SMP wis duwe pepenginan dadi dhalang kang monjo, nanging tibane seneng karo bab \"masak memasak\". Awit ketarik rikala ibune olah-olah apa wae sing bisa dipesthekake rasane enak. Banjur Damitri Ardian asring pitakon bab bumbubumbu mangsakan, nalika ibune lagi olah-olah. Rikala dheweke lulus saka SMA, dheweke banjur duwe krenteg mujudake pepenginane dadi chef profesional. Mula Damitri Ardian nerusake sinau menyang Bandung ana ing Sekolah Tinggi Pariwisata Bandung, dhasare Damitri Ardian iki bocah sing temen lan tekun, rikala durung lulus anggone sinau chef ana tawaran nyambut gawe ing salah sijine perusahaan kapal pesiar kanthi bayar sing murwat.Sanajan mangkono ora ngendhekake niyate tetep mantep bisa ngrampungake anggone sekolah chef luwih dhisik, \"Menawi kula nampi tawaran menika ateges kula kedah medhot anggenipun sekolah,\" pratelane.Ananging sapa nyana managemen sing nawani gaweyan kuwi, tetep nunggu Damitri Ardian tekan lulus, minangka chef. Dheweke sesambungan meneh karo manager kapal pesiar Amerika Diamond Princess Queen. Damitri Ardian ana ing kapal pesiar nglungguhi minangka chef kanthi kontrak suwene 6 wulan. Sawise 6 wulan kontrak, dheweke teken kontrak sing kaping pindho. Banjur taun ke 2 dheweke pindhah kapal Dawn Princess, suwene setaun lan banjur makarya ing Sea Princess. Sasat Damitri Ardian keliling negara-negara Eropa lan Asia minangka chef. Sawise 4 taun uripe sasat mung ana dhuwur kapal, banjur ana \"panggilan kerja\" ing Wynndham Garden Manama Hotel sing mapan ing Bahrain (Timur Tengah). Dheweke kanggo sawetara wektu bali menyang Indonesia, bukak usaha dhewe ya kuwi \"Insalata Sallad\" (Sallad Sayur), sing bisa dibukak liwat Gofood.Priya gantheng lulusan SMPN 8 lan lulusan SMAN 6 iki kegiyatane saben dina Minggu olahraga bareng karo komunitase jenis \"Calisthenic\". Babagan wayang dheweke ngaku isih kesengsem, mula pendhak ana pagelaran wayang kulit tansah nonton. \"Kadhang kula mesammesem piyambak Mas, cita-cita dados dhalang jebul diadang kalihan profesi chef,\" ngono pratelane Damitri Ardian marang DL.B A R I / DLDamitri Ardian CHEFF KANG NATE NGUBENGI DONYA


Click to View FlipBook Version