Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip 51karu-karuwan mengko tembe burine. Bisa kisruh lan bubrah anggone padha kuliyah utawa sekolah.“Ni, arepa aku iki ora bakal dadi bojone Mas Raka lan Mas Rinto, aku wis marem yen bisa macari salah siji utawa loro-lorone. Yen aku bisa kaya ngono aku bakal dadi wanita sing sepisanan sing digepok dening kekarone. Aku yakin kekarone kae Ni, isih jaka thing-thing!”“Mbak?”“Apa kowe ora bangga, ora mongkog, Ni yen bisa macari jaka thing-thing sing nggantheng, sekolahan, lan pinter? Kamangka jejaka mau padha besus-besus, resik, rapi, lan gandane arum lho, Ni. Dedege ya entuk. Atletis, kenceng, lan kulite semu-semu sawo mateng. Ni, aku yakin Mas Raka lan Mas Rinto kae yen ana sekolahan utawa papan kuliyahe mesthi dadi bocah lanang sing digandrungi kanca-kancane wedok ana sekolahan utawa papan kuliyahe. Kowe ora kepengin bisa macari bocah lanang sing kaya ngono apa kepriye, Ni? Yen ora kepengin kuwi tegese kowe ngapusi batinmu dhewe. Yen ora kepincut, kuwi tegese kowe selak. Munafik. Sapa wae sing bisa macari cah loro kae Ni mesthi bakal bombong. Mongkog. Marem. Kepara uga rumangsa bagya mulya, Ni. Yen aku bisa, tegese aku sing bakal dadi juwarane. Wong wedok liyane sing dadi pacare sawise aku, wis kalah dhisik karo aku. Mung nampa tipak utawa sisaku, Ni.”“Mbak Sum, Mbak Sum kok kaya ngono ta? Yen kaya ngono ora apik lho, Mbak. Mbak Sum kok ora mesakake?”“Hm, lha yen dheweke padha seneng karo aku, gelem karo aku, kowe arep ngapa? Ora perduli omongane wong-wong. Sing penting aku seneng lan sing dipacari ya seneng. Beres ta, Ni?”Sawise omong-omongan utawa glenikan wengi kuwi atiku dadi tansah was sumelang. Kuwatir. Sumelang marang Mas Raka utawa Mas Rinto. Kaya kandhane Sumi, wong lanang kuwi umume ringkih yen nyawang kaendahane wanita. Ah, kamangka Sumi tansah mamerake kaendahane awake kanthi mancingmancing terus. Mengko gek Mas Raka lan Mas Rinto kena kepancing. Yen nganti kepancing banjur kepriye. Yen Sumi pancen nyawisake, ngladekake, utawa munjung nganggo dhiri pribadine kanggo Mas Raka lan Mas Rinto banjur kepriye. Sakuwat-kuwate kucing yen ora ana pangan liya mesthi bangsane gereh krosok ya doyan. Ngono kandhane wong-wong kae. Ora kudu iwak bandeng, cakalang, cumi, urang, utawa tongkol. Kamangka yen Sumi, Sumi bisa wae dudu iwak gereh krosok, nanging saora-orane iwak pindhang kranjangan. Bangsane tongkol cilik. Semonoa mesthi luwih ndaging, luwih nyenut, luwih gurih tinimbang gereh krosok. Ah, Mas Raka lan Mas Rinto muga-muga njenengan padha kuwat. Kuwat! Ngono uni batinku sawise ngrungokake gunemane Sumi sing mutawatiri kuwi. Awan kuwi sawise padha rolasan, Bu Ngadirah kedhayohan cah wedok sing manut pangeling-elingku, aku wis nate ketemu. Sing cetha praupane aku wis nate meruhi. Saelingku cah wedok iki mau wis rada kerep tuku lawuh ana warung makane Bu Ngadirah. Semonoa aku durung ngerti tenan, sapa satemene cah wedok iki mau. Sawise cah wedok iki mau padha rembugan sauntara karo Bu Ngadirah banjur unclukuncluk mlebu pawon nemoni aku, Sumi, Nanik, lan Narsih.“Mbak, tempat untuk baju kotornya Mas Raka sama Mas Rinto di mana ya?”Entuk pitakonan kaya mangkono iku, aku, Sumi, Nanik, lan Narsih padha pating plenggong. Sumi banjur njlentrehake menawa wadhah regedan sandhangane Mas Rinto lan Mas Raka ana kamare dhewedhewe. Bubar nampa panjlentrehe Sumi bocah wedok mau nguncluk tumuju kamare Mas Raka lan Mas Rinto karo muni, “Saya Niken, Mbak. Saya tetangga sebelah.”[Ana candhake]Kembang Alas JatiSambunge kaca 2“Apa Mbak Sum kepengin dadi pacar utawa jodhone Mas Raka apa Mas Rinto?”
52 Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 AlipAtur PanuwunInna Lillahi Wa Inna Illaihi Roji’unNgaturaken panuwun ingkang tanpa upami saking sedanipun Garwa, Putra, Wayah, kinasihAlm. Drs. SuharnoYuswa : 61 TaunIngkang seda rikala dinten Rebo, 01 Juni 2022 wonten R.S. Panti Nugroho, Jl. Kaliurang, Yogyakarta.Keluwarga ageng Tatiek Poerwa Kalingga Suharno pidalem wonten Candiwinangun, Sardonoharjo, Ngaglik, Sleman, Yogyakarta, ngaturaken panuwun dhumateng sedaya pihak ingkang sampun paring donga ugi panyengkuyung arupi menapa kemawon , mugi sedaya wau dados amal sae panjenengan. Saha donga panjenengan sedaya dipun ijabahi Gusti Allah satemah Alm. Drs. Suharno kondur husnul khotimah. AamiinAtur panuwun dhumateng1. KADISINFOLAHTA ANGKATAN UDARA BESERTA STAF2. Direktur Djaka Lodang Pers Yogyakarta saha Karyawan 3. Ketua IKWI DIY, Ny. Sri Suryawidati Idham Samawi4. Persatuan Wartawan Indonesia (PWI) DIY5. Keluarga Besar Balai Bahasa Yogyakarta6. Pimpinan dan Karyawan HEPICAR Yogyakarta7. Keluarga Besar SMP N 3 Ngaglik8. Alumni 76 SMP HP Pakem9. Alumni 80 SPG HP Pakem10. Guru dan Karyawan SMP N I Ngluwar Magelang11. Alumni 80 SPG Bogem, Kalasan12. Keluarga Besar SD N Sardonoharjo, Ngaglik13. Keluarga Besar Sekar Pangawikan Yogyakarta14. Keluarga Besar Trah Kromo Pawiro 15. Keluarga Besar Jetakan Magelang 16. Keluwarga Besar Pawirotomo17. Keluwarga Besar Bleber, Prambanan18. Keluwarga Besar Kamas Maryadi, Prambanan19. Kadang Taruna, Bapak Dhukuh, RW, RT, Warga Candiwinangun20. Sedaya pihak ingkang boten saged kula sebat mbaka setunggalIngkang nandhang duhkita:1. Tatiek Poerwa Kalingga (Garwa) Candiwinangun 2. Wita Kurniawati/Doddy (Putra/Mantu) Magelang 3. Hardhika Kurnianto (Putra) Candiwinangun4. Hj. Djuminah Dwijo Sukarno (Mertua) Cilikan, 5. Suharti/Wahyu Astanto (Kakak) Gejayan6. Dwi Rustanto/Sri Rejeki (Adik) Turi7. Edy Triyanto/Atik (Adik) Meces8. Tikno Riyanto/Susana Yuli (Adik) Jakarta9. Alfalah, Jibril, Fathir (Cucu) Magelang 10. Sedaya Brayat Ageng