Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 1 Tintingan BukuSETU KLIWON, 5 NOPEMBER 202232KUBURANE MBAH DIN RENTEN AMBLONGPANGUPABOGASoto Triwindu SoloKlangenane Jokowi TRADHISIFestival Bregada Rakyat DIY
2 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 EheKasambung kaca 51Rampung wilujengan telung ndinanan, Marsono wis bali menyang Yogja. Menyange Yogja kejaba nggawa ati susah merga ditinggal seda bapake, uga nggembol ati cuwa, karo sikepe Sumiati, sing wis disengguh, ora tresna maneh marang dheweke. Mulihe menyang kost-kostan, kena kinaran nggendhong ati semplah.Rasa susahe disokake kanthi crita utawa curhat marang Anwar. Sing dicurhati ora bisa aweh pitutur utawa panemu akeh-akeh, awit pancen isih padhadene enome. Ya, yen perkara pacar, utawa cah wadon, miturut dhekne, aja nganti nggandhuli pangrasane banget-banget, jer pancen isih ana tataran pacaran. Wancine isih padhadene sekolah. Sapa ngerti, liya wektu malah kepethuk bocah wadon sing luwih gemati, tinimbang sing dianggep wis nyidrani tresna. Ujarane Anwar, ora kabeh gawe nglengganane ati, awit tresnane marang Sumiati mono, kepetung tresna kang sepisanan. Ujare lelagon ana sing muwus, menawa tresna sepisanan kuwi rasane digawa nganti tekan pati. Apamaneh tresna sepisanan tresna kang gagal, sok gawe sing nandhang tresna dadi ceklek atine. Nanging marsono uga eling sawenehe ukara, kang muni, donya iki ambane ora mung sagodhong kelor.Kabeh sapolah-tingkahe ujugujug lambene Marsono ngundang jeneng wanita sing dianggep cidra tresna. Saparipolahe neng atine mung tumancep marang jeneng siji kuwi. Nganti-nganti kanthi ora sadhar, ilate ngundang jenenge nalika jagongan karo rewange. Bokmenawa ana sing tegel muni Marsono wis kedanan Sumiati.“Rumangsaku Mas Marsono wengi iki nggone gladhi keroncong kok ora konsentrasi ta Mas Anwar?” alok kang semu takon lan pambadhene Siti Marpuah, kanthi semu bisik-bisik, marang Anwar.“Ya sing sabar lan mangerteni, awake dhewe minangka kanca sagrup. Dheweke rak mentas ditinggal seda bapake! Dadi upama pikirane sik labil kuwi lumrah,” panemune sing dibisiki.“Gek sesuk menawa isih ngene terus kahanane njur dadi apa musike?” tambong tantinge Siti.“Rakya wis beda pangrasane yen suk pentas!” Anwar nggedhekake atine sing was-was.“Wengi iki parah lho!” saruwene Siti maneh.“Ya coba mengko rampung gladhen cedhakana lan tuturana bokmenawa sampeyan bisa mulihake semangate!” srayane sing dijak ngrembug solah-bawane Marsono kang lagi kelangan semangat.“Ya, sampeyan kuwi ngono, sing wis paham aten-atene!” Siti nguncalake kanthi sedya mbalekake panemune Anwar.“Aku ya wis aweh panemu, menawa mati kuwi wis dadi pesthi lan kabeh bakal ngalami,” selake nalika ngerti karepe Siti mbalekake akone.“Yen ngono mengko rampung gladhen mampir dhisik neng angkringe bulikku ayo, Mas Marsono dikandhani lan dituturi barengbareng wong loro!” pangajake Siti. Sing diajak durung kober semaur merga gladhen arep diwiwiti maneh mbaleni lagu-lagu sing durung apik.Nganti entek wektune gladhen, malah Siti sing ora pati konsentrasi. Iki kagawa saka pangrasane ngenani omongane Anwar babagan Marsono. Latihan keroncong wengi kuwi kepetung ora kompak, nganti saenteke wektu latihan. Kuwi uga dirasa lan dikandhakake dening pelatihe.“Yen sampeyan sumadya mengko onthelku sing neng pondhokan kok gawa nyang kost-an ya ora apaapa Mas,” “Hla sampeyan glidhig sesuk nunggang apa?”“Ya nunut angkota, utawa bus kota. Njur sesuk awan sampeyan menyang angkringane bulik nggawa onthel,” katrangane uga panemune. “Ya wis, yen ngono krenah sampeyan nyegat bus kota kari sing pungkasan iki mengko!”Sejatine bus kota sing ditumpaki wong loro kuwi uga metu laladan wetan Karangmalang. Ning embuh ana daya tarik apa, Marsono milih ngancani Siti mulih dhisik ngalahi mengko mbalik kanan kanthi nganggo onthele Siti.Sasuwene neng njeron tumpakan, Siti kanthi nekad takon, yagene neng latihan mau Marsono ora duwe semangat lan konsentrasi. Sing ditakoni mau-maune wegah kandha, menawa atine kabidhung karo sikepe kekasihe. Ning, suwene-suwe, apa sing digawe wadi Marsono, sida kawetu dikojahake marang Siti. Embuh apa sing dirasa Siti nalika iku, kanthi ujugujug tangane ngrangkul pundhake sing wis walaka. Sing dirangkul rada njenggirat awit rasane rangkulan rinasa seje karo panjamah tangane sadurunge.Kaya ana rasa seje, mungguhing Marsono, caturan neng njero bus kota wengi kuwi. Ora krasa lambene ujug-ujug nyeluk jenenge Sumiati.1312
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 3 CRITA SAMBUNG ................................ 2IjasahSRUMUWUS ....................................... 4BanjirWAWASAN JRONING NEGARA............ 5Plus-Minus Kendharaan ListrikTOSAN AJI .......................................... 6Babagan Pamor DhuwungSASTRA & BUDAYA ............................. 7BagongWIRANOM........................................... 8Hapsari Teta RaharjaYen Kepengin Kasil Kudu FokusPAGELARAN ....................................... 9Mbabar CangkirPRIBADI BINUKA................................. 10Kurnia Sari, S.Kep,NSTenaga Kesehatan Sing PeduliPAWIYATAN......................................... 12Siswi SDIT Cendekia BantulSasab Alih Aksara JawaLAPORAN DHAERAH ......................... 14Muludan Ing Desa SumurarumGrebeg Gunungan Lentheng AgungWANITA & KELUWARGA .................16Cepet LalenHERBAL............................................... 17CeplukanJAGADING LELEMBUT ........................ 18Kuburane Mbah Din Renten AmblongKEMBANG SETAMAN........................... 19TINTINGAN BUKU ............................... 20Nyinau Tembang Jawa Kanggo BocahPADHALANGAN................................... 22Lairipun Sri ArjunasasraCRITA RAKYAT..................................... 24MajapaitCERKAK............................................... 26PuspitaWACAN BOCAH................................... 28Magang KerjaAKSARA JAWA ................................... 29MACAPAT ............................................ 30Hari PahlawanTEMBANG DOLANAN .......................... 30SenamGEGURITAN......................................... 31SEMARANGAN .................................... 32Kudu Slametan Model Kepiye Jal?OH LELAKON ...................................... 33Lelakone PainemPENGALAMANKU ............................... 34- Ora Sedhih Nanging Ngelih- Tukang NyrempetiNAPAK TILAS ...................................... 35Saka Kabanaran, Wiwitane Jumeneng NataLIPUTAN.............................................. 36Ratu AdilKanggo Mangayubagya HUT lan DilantikeGubernur/Wagub DI YogyakartaPANGUPABOGA................................... 38Soto Triwindu SoloDadi Klangenane JokowiKRATON .............................................. 40 Sengkalan ing Kraton NgayogyakartaTRADHISI............................................ 42Festival Bregada Rakyat DIYBali Kagelar Secara LangsungLIPUTAN.............................................. 44Temu Kangen Ing CivitaNgronce Crita Endah MilangoniWISATA ............................................... 46Wisata Puncak Saka NanggulanKulonprogoPANGGUNG......................................... 49Dr. Purwadi, S.S., M.HumDhosen Wegig Ngripta TembangUga DhalangSATLERAMAN ..................................... 50Sunarso, S.SnGuru Seni Budaya UgaPengendhang KondhangMajalah Basa JawaNgesthi Budi RahayuNgungak Mekaring Jagad AnyarKababar Seminggu SepisanTerbit saben dina SabtuPENERBIT PT DJAKA LODANG PERSAnggota SPS No. 66/1971/14/B/2002SIUPP: SK MENPEN NO. 109/SK/MENPEN/SIUPP/C1/1986 TGL 22 MARET 1986RacikanPelanggan saha sutresna Djaka Lodang, menawi kintunan DL boten dumugi alamat, kersaa paring katrangan lumantar sms utawi wa nomer: 0878 38 224 646PENDhiri: H. Kusfandi [almarhum] & Drs. H. Abdullah Purwodarsono PEMIMPIN UMUM/PEMIMPIN REDAKSI: KuswinarniPEMIMPIN PERUSAHAAN: Tony Urat SitohangREDAKSI PELAKSANA: Drs. Suhindriyo REDAKSI: Drs. Suhindriyo Tatiek Poerwa Kalingga SEKRETARIS REDAKSI: Maria Nur CahyatiARTISTIK: Tri Listiyono, Wahyu Kadarsih, Lestari Setyani. KEUANGAN:Wiji SukartiPROMOSI & IKLANBariSIRKULASI:Sukarni HeruALAMAT REDAKSI/ADMINISTRASI: Jl Patehan Tengah, 29 Yogyakarta 55133 TELP./FAX. 372950Email: djaka_lodang @ yahoo.co.id SMS: 0878 38 224 646No. Rekening Bank :Bank Mandhiri KH A. Dahlan137-00-1034862-7a.n. PT Djaka Lodang PersBRI Cabang Katamso 0245 0100 2268 307a.n. PT Djaka Lodang • [BUKTI KIRIMAN SUPAYA KAKIRIM, LUMANTAR WA UTAWA EMAIL] • Rega Eceran Rp 13.000,00 [DIY], Rp 13.500,00 [jaban DIY] Rega langganan sesasi Rp 50.000,00 [4 x terbit] • Rega langganan sesasi Rp 62.500 [5 x terbit] • Langganan lumantar pos ing Pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp 10.000,00 lan sajabaning pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp 12.000,00 • iklan Rp 1.500,00/baris• Rega Iklan Display, Paket Sponsor Rubrik bisa sesambungan langsung marang bagian iklan • Foto dikirim file dhewe format TIF/JPEG 200 dpi. “Djaka Lodang” nampa sumbangan tulisan lan gambar saka para maos. Redaksi duwe hak ngowahi tulisan kang bakal dicetak tanpa ngowahi isi. Tulisan, foto, gambar lan sapanunggalane kang kapacak dicaosi sembulih. Kang pidalem ing Yogyakarta bisa mundhut langsung sembulihe seminggu sawise karyane kapacak. Tulisan kang ora kapacak dikondurake yen dikantheni perangko sacukupe. Tulisan bisa kakirim liwat email: [email protected]. Akehe tulisan watara 4.500 karakter (klebu spasi) format RTF (dudu doc). Kurnia Sari, S.Kep. NS Samak Djaka Lodang minggu iki direnggani dening Kurnia Sari, S.Kep. NS, sawenehe tenaga kesehatan sing kebak prestasi. Kepara nate kasil nglungguhi juwara Dimas Diajeng Kabupaten Kulonprogo 2017. Uga nate dadi penampil terbaik Kirab Pawai Budaya Nusantara dalam Jambore Pemuda Indonesia (JPI)Toboali, Bangka Selatan, Provinsi Bangka Belitung taun 2018. (Foto. Ist/DL)
4 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 EheKartun EditorialSrumuwusBANJIRDening : Ki Pandan AlasSaiki banjir mèh ana ing endi waé, mèh sa Indonesia lan uga ana ing sawetara tlatah donya. Déné menawa digatèkake, banjir iku jalarané ana telu, yaiku : saka kersané Gusti Allah, amarga saka alam, lan amarga polahé manungsa. Yèn wis dadi kersané Gusti Allah, manungsa ora bakal bisa apa-apa. Manungsa mung bisa pasrah waé. Kaya crita nyata sing misuwur banget, yaiku prahuné Kanjeng Nabi Nuh. Sandonya klelep kabéh.Yèn jalaran saka alam, manungsa isih bisa nguwasani, ngendalèni lan ngatur banyu, amrih banyu ora marahi dadi bilai lan musibah. Bangsa Walanda misuwur lan kondhang amarga pinter banget ngendhalèni banyu. Akéh tlatah lemah sing ana ing negara Walanda luwih endhèk, tinimbang lumahing banyu. Ananging negara Walanda prasasat ora tau ngalami banjir. Iku amarga nduwéni ilmu manajemen banyu, lan kesadaran sing dhuwur ngruwat lan ngurmati alam.Yèn banjir jalaran saka polahé manungsa, iku pancèn angèl. Manungsa nganggo lan migunakaké alam kanthi sembarangan, sakepénaké dhéwé. Manungsa meksa alam kanggo nyukupi kabutuhané, ora preduli marahi alam dadi rusak. Panjurunging hawa nepsu lan kekarepané manungsa kang ora duwé wates, mbanjur mbeneraké kabéh carané dhéwé. Amarga saka iku, alam banjur dadi rusak. Lan pungkasané alam dadi ngamuk, banjur males marang manungsa. Salah siji wujudé piwales alam yaiku banjir, sing njalari bilai sing nggegirisi!Dadi apa sing kudu ditindakaké? Manungsa kuwi cerdhas, lan mesthi nggawé evaluasi lan bisa nemokaké solusi kanggo banjir sing nggawé rekasa. Nanging amarga saka panyurungé hawa nepsu, uga hedonisme, mula menungsa mbanjur keladuk sajroné nguja hawa nepsu. Kepéngin énggal éntuk akéh, ora preduli marahi rugining liyan lan uga bisa ngrusak alam. Luwih-luwih ketemu wong sing srakah. Yèn mengkono, bakal angèl golèk solusi, sanajan wis ngerti carané!Sawetara cara kanggo nyegah banjir sajané pancén wis dimangertèni déning manungsa. Nanging amarga saka tuntutan kabutuhan, mbanjur sawetara cara ngendaléni banjir iki dadi angèl ditindakaké, kayata: kali lan kalén dikeruk. Rereged disingkiraké karebén banyuné mili kanthi lancar. Reboisasi tetuwuhan. Mliginé jinis tetuwuhan lan wit sing bisa cepet nyesep banyu. Ora ngedegaké omah ing pinggir kali, amarga bakal marahi kali dadi sempit lan dadi ngganggu dalaning banyu. Aja negor wit-witan ing alas kanthi cara ora patrap, lan uga sing ana ing pinggir kali, amarga wit lan oyodé bisa kanggo nyimpen banyu lan bisa menggak banjir. Lan uga nggawé biopori kanggo nambahi panyerepan banyu lan sapanunggalané.Sawetara upaya ing ndhuwur mau iku, bisa kanggo nyegah banjir lan lemah longsor, nanging pancén kudu ditindakaké kanthi tetep lan ajeg. Pemerintah uga wis ora kurang usahané kanggo nyegah banjir, nanging masarakat kudu mélu nyengkuyung kanthi sadar, murih upaya mekak banjir bisa kasil kanthi tuntas.Ana paribasan urip kuwi mili kaya lakuné banyu. Salah sawijiné wujud Hasta Brata kang diwejangaké déning Sang Prabu Sri Kresna marang Arjuna, ing padhang Kurusétra nalika Perang Bharatayudha. Banyu duwéni sipat lerem lan adhem. Banyu kuwi nguripi. Banyu tansah mili menyang papan sing mengisor. Yén banyu meneng lan rata, banyu bisa dadi kaya kaca pengilon. Yén banyu mili gedhé banget, bisa duwé kekuwatan lan daya sing ngédabédabi, Banyu bisa ngremukaké apa waé sing ana ngarepé lan sing ngalangi dalané.Dadi, kudu pinter ngrawat lan ngruwat alam, kepriyé carané murih alam ora nesu. Banjur males lan nggawé bilai lan musibah. Priyé carané dadékaké banyu dadi migunani kanggo menungsa lan titahé Gusti Allah. Ora malah mbebayani lan dadi jalaran tumekaning bilai marang manungsa.Pungkasaning atur, sumangga kita sami ngupadi amrih banyu bisa dadi berkahing Gusti Allah. Banyu kang migunani minangka dadi syarat, kanggo manembah marang Kang Makarya Jagad. Banyu sing menéhi mampangat lan migunani kanggo manungsa, kanggo titahé Gusti Allah liyané, uga alam saisiné. Upaya mau bakal migunani banget kanggo njaga alam, lan mupangat tumrap ing manungsa. (KPA:25 Okt 2022)
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 5 Wawasan Jroning NegaraDening Suhindriyo PLUS-MINUS KENDHARAAN LISTRIKKahanan Anyar sing Ora Bisa DitampikGayutan karo pemasarakatan mobil listrik pemerintah Indonesia babar Peraturan Pemerintah (PP) Nomor 55 Tahun 2019 tentang Percepatan Program Kendaraan Bermotor Listrik Berbasis Baterai (KBLBB) untuk Transportasi Jalan. Sawise iku sawetara aturan turunan saka sakehe kementerian uga kababar. Salah sijine aturan yaiku Peraturan Menteri Energi dan Sumber Daya Mineral (ESDM) Nomor 13 Tahun 2020 tentang Penyediaan Infrastruktur Pengisian Listrik untuk KBLBB. Turunan aturan (regulasi) saka peraturan iki antarane kang ngatur kegiyatan stasiun pengisian kendaraan listrik umum (SPKLU) apadene stasiun penukaran baterai kendaraan listrik umum (SPBKLU).Lelandhesan cathetan sing diduweni Kementerian ESDM tekan sasi Juli 2022 wis dibangun SPKLU cacah 346 lan SPBKLU cacah 369 iji. Lire, kesiapan kanggo mapag mangsa (era) mobil listrik wis disiapake. Bebarengan iku Kementerain ESDM uga menehi insentif tarif pengisian listrik kanggo kendharaan lsitrik, menehi pelayanan gampang kanggo perijinan badan usaha kendharaan lsitrik sarta badan usaha pengisian listrik kanggo kendharaan listrik. Gayutan karo saya grengsenge upaya kanggo masarakate kendharaan listrik Dirut PLN nganggep wektu iki dadi wektu sing pas kanggo mlumpat saka kendharaan bahan bakar fosil tumuju bahan bakar listrik. Wektu iki konsumsi lenga Indonesia 1,5 yuta barel saben dinane sing diramal ing taun 2030 bisa nyandhak dadi 2 yuta barel saben dinane. Bebarengan iku prodhuksi lenga sajrone negara mung watara 660.00 barel saben dinane sing ateges isih kudu nekakake lenga saka mancanagara. Ditandhingake antarane kendharaan BBM karo listrik, rata-rata rega bensin saben liter watara Rp 15.000 / liter iku sebandhing karo 1,5 kWh listrik sing regane Rp.2.300. Lelandhesan bandhingan iki ateges migunakake kendharaan listrik luwih murah lan luwih resik hawane.Era kendharaan listrik kanggo Indonesia wis teka lan ora bisa ditolak. Presidhen Joko Widodo nalika ngendikakake rancangan konsep pembangunan ibu kota negara (IKN) Nusantara sing mujudake kota pintar berbasis hutan dan alam uga mratelakake menawa ing ibu kota anyar iki kabeh kendharaan kudu migunakake listrik (Selasa, 18 Oktober 2022). Lire, dina ngarep kendharaan Indonesia, gelem ora gelem bakal nyrambah era kendharaan listrik senajan kabeh program iku mesthi ana plus lan minuse.* Sumber wacan / warta / gambar:https://www.idntimes.com/automotive/car/seo-intern/kelebihan-dan-kekuranganmobil-listrikhttps://video.kompas.com/watch/197980/jokowi-ikn-nusantara-adalah-kota-pintarberbasis-hutanSenajan kendharaan listrik kaya mobil lan sepedha motor listrik wis dikenal wiwit Abad-19 nanging lagi populer ing enteke Abad-20 utawa ing wiwitane Abad21. Durung kumbule kendharaan listrik ing Abad 19-20 iki krana ana kanyatan rega bahan bakar motor dianggep isih murah lan gampang ditemokake ing sembarang papan. Kejaba iku marga akeh gambaran menawa kendharaan listrik iku sumber daya kekuwatan (energi) iku ing batere durung bisa diendelake kanggo lelungan adoh krana keawetan batune lan sumadhiyane papan pelayanan kanggo ngisi batere. Rega mobil listrik uga tikel lorone ditandhing rega mobil bahan bakar lenga marga regane batu litium sing kanggo nggerakake mobil utawa motor rega batune wis setengah regane kendharaan. Senajan mobil listrik daya tenagane saka bateri nanging papan kanggo gawe batere iki uga mesine migunakake bahan bakar fosil, sing ateges keluke ngregedi hawa (pencemaran,polusi).
6 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Tosan AjiAgus Wuryanto S.Sn, A FPSI*, Hon E HPPWPenasehat Pusaka Nusantara, Penasehat Wonosobo Heritage, Ketua Paguyuban Tosan Aji Pakuwojo, WonosoboBabagan Pamor DhuwungPamor dhuwung wujudipun warni-warni kados ron-ronan, sekar-sekaran, taneman ugi sato kewan. Wonten maleh pamor ingkang awujud gambar rajah, ingkang maksudipun kangge mujudaken donga katur Allah, lumantar Pamor ingkang kadamel ing wilah dhuwung. Umumipun donga sifatipun ihktiar, panuwunan punika saged mawi cara piyambakpiyambak, dene kabul botenipun sedaya mutlak kersaning Allah ingkang Maha Agung. Kita jalma manungsa namung saged nenuwun. Sedaya donga ugi pusaka, mboten bakal tumama, menawi ingkang dedonga mboten khusuk, mboten resik manahipun, mboten nyawiji, sedaya kedah saking kersaning Allah. Ingkang baken, sedaya punika namung kangge seserepan pangertosan, utaminipun kangge tambahan wawasan babagan kabudayan jawi, ing zaman para luhur rumiyin. Ing ngandhap punika gambaraning pamor ingkang kapundhut saking kitab “PAMORDOEWOENG”Pakem Doewoeng Angka II, babon asli saking Cirebon, katerbitaken 2e DRUK ing Solo 1935 :44. Pamor ing ngandhap punika mboten wonten sebutanipun, anamung kaaturaken gadhah donga lan kekajengan sinten ingkang nyepeng bakal yuwono, slamet, menapa ingkang dados kekajenganipun saged kaleksanan, saha saged gadhah ingah-ingahan kewan kathah. 45. Pamor ing ngandhap punika mboten wonten namanipun, anamung nggadhahi donga saha kekajengan sinten ingkang nyepeng bakal slamet, tansah cinatur becik, sarta sarwa bener, mboten purun goroh.46. PAMOR GILMAPamor ing ngandhap punika anami pamor Gilma, Kaaturaken ngggadhahi donga saged ndadosaken ngelihing tiyang utawing sato kewan, menawi dados gegaman landhep boten kenging kaunus, Menawi wonten tiyang nggadahi niyat jahat dumateng piyantun ingkang nyepeng pamor punika, kados ketingal wonten satus rewangipun, ugi menawi pun beta mlampah ndalu kaceluka namining pamor, dados menawi gadhah damel saged ngaling-ngalingi ingkang ngggadhahi pamor. 47. Pamor ing ngandhap mboten wonten namanipun, anamung kacariosaken menawi kangge dagang kathah batinipun, saha slamet sakpiturutipun.48. Pamor ing ngandhap- punika ugi tanpa nama, anamung kasebataken nggadahi donga manfaat sae kangge ngawula, cepet pikantuk palenggahan, saha kathah ingkang nresnani. 49. PAMOR KERIKPamor ing ngandhap punika kawastanan pamor Kerik, menawi pun beta kesah tebih bakal pikantuk rewang saha sedherek kathah.
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 7 Sastra & BudayaMasarakat Jawa wis pana babagan wayang. Lumrahe wayang dipentasake nganggo waton pakem. Tegese manut aluring lakon wayang kang wis baku utawa maton. Nanging nalikane Ki Seno Nugroho taksih sugeng, panjenengane ngadani pagelaran wayang kang rada nyleneh, ora lumrah. Ewa semono, bab kuwi dadi apik lan kondhange Ki Dhalang Seno Nugroho. Ing pakem pedhalangan wayang kulit paraga punakawan statuse minangka batur kang ora bakal dadi paraga tama. Nanging ing pewayangan Ki Seno Nurgoho punakawan bisa dadi paragatama. Tuladhane paraga Bagong lan Petruk. Iki kang sinebut transformasi seni pedhalangan. Sejatine transformasi seni pedalangan mau wis lumaku wiwit mbiyen mula. Nalika lakon carangan dadi sawijining dasar pedalangan. Tuladhane anane lakon Petruk Dadi Ratu utawa Semar Mbangun Kahyangan. Marga sejatinya kesenian mau pancen ngalami transformasi amarga sejatine seni iku ngalami transformasi. Ora ana seni kang ajeg terus wiwit biyen nganti tekan jaman saiki. Ki Seno Nugroho pancen dhalang kang menjila, kang pinter nganggit lakon wayang gaya baru. Gaya transformasi, nganggo paraga Bagong, sauga ngaggo tokoh paraga Petruk. Bagong dicritakake kanthi gaya baru, sok uga nganggo tembung-tembung modhern kanggo gawe sangsaya moncere tokoh Bagong. Bagong ditampilake minangka paraga kang cerdhas, lan duwe kawanen kang nggegirisi. Mula ora mokal menawa paraga Bagong dadi tokoh idaman tumrape penonton. Kepara nalika Ki Seno Nugroho seda, tokoh Bagong melu dherekake sang dhalang tekan alam kubur. Bagong dadi tokoh idola, klebu idholane sang Dhalang Ki Seno Nugroho.ya marga Bagong mau Ki Seno Nugroho dadi kondang kaloka. Kondang minangka dhalang bertalenta. Ana fenomena kang aneh nalika Ki Seno Nugrono munculake paraga Bagong dadi paragatama. Aku duwe pangira menawa bab kuwi kanggo mbalik swasana pentas lan dadi dhasar filosipine. Anggone ndadekake paraga Bagong dadi paraga tama utawa tokoh idhola mau manut pamawasku ki dalang kepengin ndadekake wong cilik minangka paraga sentral. Kepengin ndadekake wong cilik duwe sumbangan pemikiran kang menjila tumrap masarakat. Kepengin ora mung wong luhur wae kang duwe pemikiran modhern. Iki mujudake pembalikan logika pikir saka tokoh sentral marang paraga pinggiran, Wong mung atase Bagong kang dhapur batur utawa punakawan bisa dadi paraga tama kang menjila utawa moncer. Kepara iku minangka kritik kang sinamudana tumraping para luhur kang ora bisa dadi tepa tuladha ing masarakat. Mulane Bagong sok wani adu rembug karo para raja, para pandhita lan pujangga liyane. Bagong mesthi bisa menang lan bener panemune. Iki kritik sosial kang manpangatake wong cilik. Yen anganggo wong cilik ora ana saru sikune. Kabeh dadi ajur ajer. Dasar wong cilik ora duwe tata krama kang jangkep. Lan bab iku malah dadi apike lan moncere paraga Bagong. Babagan iku dari kaluwihane Ki Seno Nugroho anggone gawe eksperimen. Ki Seno kasil nampilke Bagong nganti dadi paraga kang kondhang. Meh saben pentas Bagong lan Petruk dadi paragatama kang dadi underaning lakon. Fenomena transformasi wayang kulit gaya Ki Seno Nugroho mau meh padha karo transformasi Serat Centhini ing novel Centhini: 40 Malang Mengintip Sang Pengantin anggitane Sunardian Wirodono. Ing Serat Centhini, paraga Centhini mujudake batur kaya dene paraga Bagong. Minangka batur mestine kudu sendika dhawuh marang prentahing bendara. Nanging ing Novel Centhini: 40 Malam Mengintip Sang Pengantin, Centhini ditampilake minangka paraga batur kang cerdhas kang duwe pikiran menjila, kaya dene paraga Bagong. Mulane ana benang merah antarane transformasi wayang Ki Seno Nugroho karo transformasi Serat Centhini ing novel Centhini. Ana ing novel Centhini, paraga Centhini ora mung dadi paraga kang sendhika dhawuh, kang manut miturut sapakone bendaharane. Nanging Centhini diperanke dadi paraga kang pinter, kang wani ngritik marang bendarane. Centhini ngritik marang Syekh Amongraga minangka wong kang jahat amarga ninggalake Tambangraras sawise ulah asmara. Malah Centhini nyebut Syekh Amongraga minangka bajingan kelas tinggi. Kapindho, Centhini ngritik masarakat Wanamarta minangka masarakat kang mamah biak amarga senengane mangan, saben-saben kalodhangan mangan mula diarani mamah biak kaya kewan memamah biak. Ora leren anggone mangan. Ketelune, Centhini ngritik yen masarakat Wanamarta ora duwe etika pangibadahan, katone Islami nanging isih seneng nindakake bab-bab kang ngemot takayul lan maksiyat. Kaping papat, Centhini wani ngritik bendharane (Ki Jayengraga) minangka wong kang ora bisa ngampet napsu seke. Mulane disebut dadi priyayi kang lekoh utawa saru ateges porno. Kekarone transformasi wayang lan Serat Centhini mau kena diarani minangka kritik sosial tumraping masarakat.BAGONGTransformasi Wayang Kulit Gaya Ki Seno NugrohoDening Dr. Pardi Suratno, M.Hum
8 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe WiranomKenya kang kapacak ing kene asmane Hapsari Teta Raharja. Putri kinasih saka pasangan Broto Raharjo lan Rini Indarwati kang lair ing Sleman, 26 Oktober 2006 pantes diacungi jempol jalaran dheweke uwis duweni maneka warna prestasi. Mangkene critane. “Sedaya kalawau kawiwitan nalika kula sakit, amargi boten melebet sekolah kula rumangsa bosen, lajeng iseng gambar sarta marnai gambaran kula. Tiyang sepuh kula ningali gambaran menika, piyambake rumaos bilih menika sae uga narik kawigaten. Sabibaripun gambaran kula kalawau dipunkintun ing koran Kedaulatan Rakyat utawa KR. Boten dangu gambaran kula menika dipunpacak wonten koran menika. Wiwit menika bapak ibu lajeng madosi informasi-informasi gayut kalihan even-even lomba supados kula saged ngasah bakat sarta potensi wonten dhiri kula.” Critane kenya manis kang manggon ing Bedingin wetan, Sumberadi,Mlati, Sleman. Wiwit saka kuwi kenya manis iki banjur duweni tekad, usaha kanggo ngasah bakat e. Dheweke uga dibimbing uga disupport dening tiyang sepuhe. Tiyang sepuh kenya manis iki mesthi bakal nyengkuyung apawae kagiyatan kang dilakoni dening putrine menawa kagiyatan kuwi positif. Jalaran tekat lan semangate dheweke akhire bisa ngasilake maneka warna juwara. Kayata ing taun 2013 dheweke nate juwara lomba fashion show bocah lereng Merapi tingkat kabupaten, lomba mewarnai tingkat kecamatan juara 1 lan maju ing tingkat kabupaten, lomba mewarnai dalam kegiyatan gebyar kreativitas tingkat kabupaten juara 1, taun 2014 lomba menyanyi lagu anak juara 2 tingkat kabupaten, taun 2017 juara lomba cergam tingkat kabupaten, taun 2018 lomba tata upacara bendera tingkat SD juwara 2 tingkat kabupaten, lomba cerita rakyat juara 3, 2019 lomba mewarnai wayang juara harapan 1, lomba story telling juara 2, lomba cerdas cermat juara 3, lan taun 2022 lomba kompetisi bahasa Indonesia juara 3, lomba strory telling juara harapan 2. “Rasane seneng lan bungah,” andharane Teta rikala sepisan menang lan entuk juwara. “Bab ingkang gadhah kesan menika rikala sampun usaha kanthi saestu kangge latihan lan ngasilaken juwara wonten ing kompetisi, uga wonten support tiyang sepuh ingkang mesthi dipunsengkuyung nalika kula ndherek lomba. Inggih kula manggihaken passion kula nalika ndherek lomba cergam lan story telling. Wonten lomba kasebut kula rumaos bilih public speaking kula, kapercayan dhiri, imajinasi sarta daya ingat kula dipunuji.” PratelaneTeta. Siswa kelas 9 SMP Pamungkas Mlati iki duweni pangajab supaya bisa nggayuh cita-citane lan apa kang dheweke kepingin bisa kawujud satemah bisa gawe bungah tiyang sepuhe sarta wongwong kang ana sakiwa tengene. “Sasampunipun lulus saking SMP kula gadhah pangajab supados saged mlebet wonten ing SMK Penerbangan lan mendhet jurusan EA (electrical avionics). Kula rumaos bilih wonten jurusan menika public speaking kula saged piguna kangge kula pribadhi lan tiyang sanes.” Dheweke uga duweni pesen kanggo para pamaos Djaka Lodang yaiku “lakoni apa wae kang mbok tresnani, tresnani apa sing mbok lakoni, tetep fokus ing tujuwanmu, boten sah mirengaken tiyang sanes ingkang damel kuciwa” pungkase Teta.Tri Asih/DL HAPSARI TETA RAHARJAYen Kapingin Kasil Kudu FokusHapsari ngagem busana Jawi (Ft. Tri Asih)Hapsari nampa pangaji-aji(Ft. Tri Asih)
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 9 PagelaranTeguh Yuwono, S.S., M.M.Spiritualitas MotivationSpiritualis MotivatorPemerhati masalah spiritual motivasiMBABAR CANGKIR“Th o l e , k o w e kuwi aja dadi lemah sing ora ana regane, dadiya cangkir sing migunani lan diregani . Ngonceki kawruh kabudayan jawi menika kathah sanepanipun lan jero maknanipun. Kayata perkawis kedadeyane cangkir. Menawi lemah lempung utawi siti dipun sade paling-paling reginipun namung 500 sekilonipun. Mandar mbokmenawi mboten pajeng amargi sinten tiyang ingkang betah lemah kanggo apa. Nanging menawi dipun onceki lan dibabar sae saestu kawruhipun, sumangga. Lemah lempung (tanah liat) ingkang mirah reginipun diuwel-uwel, diucel-ucel lajeng digepukgepuk supados lentur lan saget dipun wangun menapa kemawon, salah satunggaling wujud ingkang kawangun menika cangkir. Lajeng menawi sampun cangkir ingkang sae dipun garang mawi mawa ingkang benter sanget. Salajengipun menawi sampun padhet dados rerupan cangkir dipun plitur lan dicet bathik lan pernis supados gilap. Pungkasaning pakarti dados cangkir bathik ingkang mulus alus sae dipun regani awis. Wiwitane lemah rega 500 yen wis dadi cangkir diregani 10.000. Babagan ing nginggil menika negesaken bilih tiyang gesang ing ngalam donya menika kedah miwiti kanthi rekasa, menika kados lemah ingkang diblethat blethot lajeng dibakar utawi digarang kanthi panasing geni. Menawi lemah menika saget sanjang, mbokmenawi bengak bengok kelaranen. Nanging menawi dilereni sampun mboten saget dados cangkir sing apik tur larang regane. Manungsa menawi ulet tahan banting lan gelem rekasa obah awake ben prigel duwe sesurupan lan ketrampilan saha pengalaman kathah temtu sumber dayanipun lajeng sae. Gampil anggenipun pados rejeki lan panguripan. Wonten paribasan : “Berakitrakit dahulu, berenang-renang ke tepian. Bersakit-sakit dahulu, bersenang-senang kemudian”. Nanging cuwanipun kathah tiyang ingkang seneng-seneng rumiyin lajeng sisah samangkenipun. Apa ya ana wong sukses kuwi orang rekayasa dhisik. Paling ora ngupayani, sinau, nyambut gawe, sikil dienggo sirah, sirah dienggo sikil. Banjur yen wis titiwancine kasuskesan bakal mara gawe katentremaning ati. Wangsul dhumateng perkawis cangkir, ingkang migunani kena kanggo ngombe, saget ugi dados sesulih lan pranti nyuguh tamu kanggo wedangan. Para pewaos, sajatosipun cangkir menika gadhah filosofi ingkang jero. Cangkir tegese Nancang pikir. Sedaya kedah dipun pikir rumiyin saderengipun dilakoni. Kabeh sing dipikir ora kudu dilakoni nanging kabeh sing dilakoni kudu dipikir dhisik. Filsuf Yunani Rene Descartes ngendika : “Cogito Ergo Sum” ( Aku mikir mula aku ana) tegesipun menawi tiyang sampun boten purun nggunaake pikirane kasebut sanes manungsa. Kadosta bilih manungsa menika kasusun jiwa lan raga. Jiwa menika kasusun akal, rasa lan kekarepan. Pramila menawi tiyang ingkang mboten gadhah akal ( pikiran ) lajeng dipun arani sakit jiwa. Tiyang ingkang mboten gadhah rasa diarani sakit jiwa lan tiyang ingang mboten wonten kekarepan malih kasebut sakit jiwa. Sumangga sesarengan ngelmu punapa kemawon ingkang wonten kiwa tengen kita, dipun terasaken maknanipun kanti jero dados kawruh supados sedaya menika mboten muspra. Contonipun : Garwa = sigaraning nyawa, tuwa = ngenteni metuning nyawa, lan sapanunggalanipun. Lelandhesan ingkang sampun kaaturaken woten ing nginggil, kita lajeng mangertosi bilih kawruh kabudayan jawi menika endah saestu. Sedaya wonten kawruhipun lan saged ndadosaken paramasastra ingkang sae saha kanthi racikan basa sakeca dipun mirengaken : ireng dha ireng kaya gagak reraton, putih dha putih kaya kunthul neba, sayuk rukun asah asih asuh, lan sapiturutipun. Sumangga, tansah nguri-uri kabudayan kanthi mbudayake kawruh - kawuh ingkang saged dipun wucalaken dhumateng anak putu, satemah saget dados tuntunan utawi pitedah ingkang sae lan mrayogani. Lan pungkasaning seserepan menika saged dados ilmu dene ilmu menika kedah dadi laku. Dene laku sing ndadekake ilmu. “Ngelmu iku kalakone kanthi laku. Wekase lawan kas. Tegese kas nyantosani. Setya budya pangekesing dur angkara”. Mekaten atur seratan menika mugia migunani tumrap kita sedaya. Maturnuwun.
10 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 EheWanita sing duwe kulitan ireng manis iki asmane Kurnia Sari,S.Kep.Ns, nanging cukup di aturi Kurnia wae. Wanita kelairan 2 Juli 1993 iki wanita sing klebu kebak prestasi, lan kegiyatane nalika isih ngangsu ngelmu kabukti, saabreg kegiyatane, antarane:- Indonesia, Mental aritmatika, (Sempoa) 2002 - 2003, Gerakan Pramuka Gugus Depan, Kulonprogo Yogyakarta 2008-2009- Intermedia Computer, intensive computer Course-web Desain tingkat Dasar, (2009 - 2010) English for active comunication (2010-2011), Pusat pengembangan dan pemberdayaan Potensi Daerah (P4D) Workshop medicpreniur, ‘Skin Care in daily practice & Becoming Business (2011).- NIIT Acedemic Council, Advance Diploma, in Engglis Language training for sucses (2014-2015).- TIM Bantuan Medis Mahasiswa PANACEA UGM, Workshop Pertolongan Pertama (2018) lan Pusbankes AGD 188 DIY, pelatihan penanggulangan penderita Gawat Darurat (PPGD)/Basic trauma and Cardiac Life Suport (TCLS) (10-14 Oktober 2018), Kurnia wektu iki mapan ing tlatah Kutan Pedukuhan I RT 005 / RW 002 Brosot, Galur Kulonprogo Yogyakarta.Wanita lulusan SMPN I Galuh, SMAN 2 Wates, jurusan IPA lan Kasil ngrampungake sinau ing Stikes “Aisyiyah“ Yogyakarta, S1 Ilmu keperawatan, jenjang profesi Univesitas ‘Aisyiah Yogyakarta (NISA) .Ners S2 - S3.Nalika Djaka Lodang Patemon karo Kurnia, dheweke ngandharake menawa profesi dadi perawat kuwi wis dadi idham -idhamane wiwit biyen, awit duwe profesi perawat mono ora mung di uji kesabaran nanging diuji anggone bisa tlaten lan profesional, Andharane.Ora mung kuwi Wanita sing kasil dadi juara Dimas Diajeng Kabupaten Kulonprogo taun 2017 iki duwe pengaji-pengaji saka Dinas Pariwisata Kabupaten Kulonprogo Balai pemuda dan Olah Raga Republik Indonesia (Kemenpora RI) sing patut diacungi Jempol, antarane: Pengajiaji wujud piagam awit dheweke kasil juwarai Karawitan tingkat SMP Sa -Kabupaten Kulonprogo rikala taun 2006 saka Dinas pendidikan Kab. Kulonprogo, Jambore Pemuda Indonesia (JPI ) tingkat Propinsi DIY Pribadi BinukaKurnia Sari, S.Kep,NS Tenaga Kesehatan, Sing Peduli Karo Kabudayan JawaKurnia Sari, S. KEP, NS.(Foto. Bari/DL)Foto bareng karo Wismarini,S.E,M.Hum,Kepala Seksi Permuseuman Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) DIY. (Foto: Bari/DL)
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 11taun 2018, purna prakarya Muda Indonesia (JPI) Bangka Belitung taun 2018, Duta Museum Daerah Istimewa Yogyakarta - (minangka) Ambassador Museum Memmorial Jendral Besar HM.Soeharto 2020 - 2022 saka Dinas Kabudayaan (Kundha Kabudayan) Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta.Wujud Prestasi liyane sing ora bisa diremehake yakuwi, Dheweke Wanita sing nampa beasiswa peningkatan Prestasi Akademik (PPA) taun 2012-2014.Pemenang 3.500 Anak Cerdas Minum Club sing di adani dening PT. Tirta Bahagia jalan kelas 1-3 Surabaya Indonesia taun 2013, Pemenang sayembara Novel “100 taun Setelah Aku Mati” karya WN (Wahyu Naufal) 2017, lan penampil terbaik kirab pawai Budaya Nusantara dalam Jambore Pemuda Indonesia (JPI) Toboali, Bangka Selatan, Bangka Belitung 2018.Marang DL Kurnia mratelakake menawa wektu iki kejaba sibuk makarya minangka tenaga kesehatan (Nakes) dheweke uga wis mulai ngasah (sinau) ngolah suarane sinau tembangan Jawa klebu nyinau anggone bisa nyerat aksara jawa, “Menawa tembangan jawa wis dharah daging wiwit cilik, Mas, mula aku mung kari mbaleni wae,” pratelane karo DL, Wanita manis iki uga ngandharake menawa eyange sing duwe asma Somodiyono, alhamdulilah tekan wektu iki isih kaparingan yuswa panjang najan yuswane wis ngancik 90 taun, saben dinane eyang kakunge seneng gawe syair-syair tembang jawa, lan Kurnia sing nembangake .Kurnia nambahi, menawa dheweke prihatin menawa ndelokake sesawangan para mudha - mudhi milih nyinau lagu-lagu K-Pop sing cethacetha kuwi dudu budaya bangsa kita.Bab Pentinge nguri-uri kabudayan jawa, wanita kang duwe esem nengsemake iki nguri-nguri budaya jawa kuwi minangka tanggung jawab kita kabeh, kita kudu duwe rasa handerbeni. Menawa rasa kuwi wis ilang saka ati, budaya jawa mung disingkiri klawan para wiranom, tambahe. nalikaDL pitakon, “Pepinginan apa sing kepingin diranggeh? Kurnia amung paring jawaban sing cekak nanging jero artine. “Jer basuki mawa bea, duwe angen-angen nglestarekake Budaya Jawa, liwat tembang-tembang sing daktembangake tembang jawa kuwi Penting disinau,” Ing pungkasane patemon, karo DL Kurnia paring andharan “ menawa tembang kuwi aja mung di ngerteni ning ora gelem nyinau ya percuma. Tembang iki klebu Budaya jawa sing duwe Filosofi kang adi luhung, mula perlu di jaga lan di uri-uri, nguri-nguri tembang kuwi butuh wektu kanggo nyinau klebu kudu bisa paham isine tembang kasebut menawa dudu para mudha sing gelem jaga sapa meneh. Menawa ora di uri-uri lan di jaga aku yakin Budaya Jawa bakal ketileb jaman” prihatine.Menawa panjenengan arep tetepungan luwih cedhak karo Kurnia diaturi buka, FB : Nia Sari Purwis, bisa uga Ana ing IG : @niasari _kurnia.[BARI/DL]Kurnia Sari nalika nampa pangaji-aji Duta Keistimewaan DIY, dening GKR.Hemas minangka Manghayubagya Pawiyatan Pamong. (Foto. Bari/DL)Kurnia Sari Nalika Interview ing ADI TV Yogyakarta. (Foto. Bari/DL)
12 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe PawiyatanSiswi kelas VI SDIT Cendekia Bantul iki jenenge Amelia Faradila Rizki Nugroho, luwih akrab diundang Amel. Prestasine ing babagan budaya lan sastra Jawa taun 2021 yaiku kasil juwara 2 alih aksara Jawa tingkat SD/MI ing Kompetisi Bahasa dan Sastra Tahun 2021 kang dianakake dening Dinas Kebudayaan Kabupaten Bantul lan bisa ngranggeh harapan 1 tataran Provinsi kang dianakake dening Dinas Kebudayaan Provinsi Yogyakarta. Kompetisi alih aksara Jawa taun 2021 manggon ing Pendhapa Dinas Kebudayaan Provinsi DIY tanggal 21 Oktober 2021 kanthi tema Aksara Jawa Anjayeng Bawana. Putri mbarep pasangan Kukuh Nugroho lan Arum Sutarsih iki gawe mongkog lan bombong bapak ibu, kluwarga lan sekolahane. Kejaba alih aksara Jawa, Amel uga tau menang video tervaforit Perlombaan Baca Puisi dan Geguritan Virtual Tingkat Nasional dalam Rangka Bulan Bahasa dan Siswi SDIT Cendekia BantulSasab Alih Aksara JawaAmel foto bareng Pak Setya Amrih Prasaja, S.S., Kepala Seksi Bahasa dan Sastra Dinas Kebudayaan Yogyakarta lan kanca-kanca 5 besar alih aksara Jawa SD/MI tingkat provinsi DIY nalika nampa piala ing acara Penutupan Kompetisi Bahasa dan Sastra 2022 dan Penyerahan Hadiah (Ft. Fitri) Amel lan kluwargane (Ft. Fitri)
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 13Hari Guru Nasional 2021 kang dianakake dening TBM Kinanthi Bojonegoro. Saka prestasi kuwi, nalika acara wisuda KBIT, TKIT lan kelas VI SDIT Cendekia Taun 2021 Amel didhawuhi dening gurune supaya maca geguritan kanggo ngisi acara. Dheweke nalika iku isih kelas V. “Remen saged tampil ing ngajeng kakak kelas, bapak-ibu guru lan para tamu undhangan. Kula dados mangertos gambaran acara wisudha siswa ingkang insyaAllah taun ngajeng kula dados salah satunggalipun,” ature Amel nalika ditakoni sawise maca geguritan. Ing taun 2022 iki tema kompetisi yaiku Subasita ing Jagad Anyar. Bedane kompetisi ing taun 2022 alih aksara Jawa tataran SMP/MTs lan SMA/SMK/MA kanthi digitalisasi komputer, ora mung manual kaya taun sadurunge. Ananging yen tataran SD/MI isih padha kaya taun wingi, yaiku manual tulis tangan. Amel kasil juwara 2 alih aksara Jawa tingkat SD/MI Dinas Kebudayaan Kabupaten Bantul ing Kompetisi Bahasa dan Sastra Taun 2022. Pasarta kang sasap juwara siji tekan telu banjur maju tingkat provinsi. Lan nalika dibiwarakake lumantar ing tasteofjogja_ akun Dinas Kebudayaan DIY tanggal 12 September 2022, Amel sasap nomer 3 tataran Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Ora nyangka, bungah, mongkog campur dadi siji. Amel seneng bisa gawe aruming sekolahe. Apa kang karanggeh mau ora mung teka ngono wae, ananging kabeh kagayuh kanthi donga, usaha, ora gampang nglokro, sabar, tliti lan panyengkuyung saka wong tuwa, guru, lan pembimbinge. Dina Setu tanggal 17 September 2022 Amel lan kanca-kanca cacahe 29 kang menang tataran provinsi diundhang ing acara Penutupan Kompetisi Bahasa dan Sastra 2022 dan Penyerahan Hadiah kang mapan ing Pendhapa Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) DIY. Dene kompetisi kejaba alih aksara yaiku ana maca geguritan, maca cerkak, sesorah, macapat, pranatacara lan stand up comedy basa Jawa. Kanthi prestasi-prestasi kang karanggeh dening Amel kasebut, Amel kerep dadi pitakonan kanca- kancane, mligine ing materi aksara Jawa. Ana kancane kang uga dolan neng omahe ing Tanjungkarang, Patalan, Jetis, Bantul kanggo sinau aksara Jawa bareng. “Ora angel kok, apa maneh saiki sinau aksara Jawa bisa kanthi digital, nganggo laptop utawa handphone,” kandhane Amel.Nalika tanggal 1 Oktober 2022 Amel ngangsu kawruh kanthi melu workshop penulisan geguritan dan cerkak ing SMK N 2 Sewon kang diadani dening Paguyuban Sastrawan Jawa Bantul (PSJB) Paramarta. Ing workshop kang duweni ancas nglestarekake budaya literasi sastra Jawa lumantar regenerasi panulis lan sastrawan mudha kasebut, Amel dadi pasarta kang paling mudha. Pasarta liyane ana kang SMP, SMA, guru, lan umum. Amel percaya apa wae kang dilakoni kanthi ati seneng mesthi luwih gampang lan entheng, nanging yen dilakoni kanthi ati susah ya dadi abot. Siswi kang duweni kareman maca, nggambar lan masak iki duwe gegayuhan dadi pengusaha. Muga-muga apa kang dadi pepinginane Amel bisaa kasembadan. [Fitri N]Amel nampa bebungah nalika kasil juwara 2 alih aksara Jawa tingkat SD/MI Dinas Kebudayaan Kabupaten Bantul ing Kompetisi Bahasa dan Sastra Taun 2022, kaapit pembimbing lan Bapak Tri Jaka Suhartaka, S.S., M.IP. (Ft. Fitri)Amel nalika maca geguritan ing acara AkhirusSanah & Wisuda KBIT, TKIT, lan SDIT Cendekia Bantul (Ft. Fitri)
14 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Laporan DhaerahAcara tradhisional ‘Grêbêg Gunungan Lènthèng Agung’ ing dhusun Gunung Bakal desa Sumurarum Kecamatan Tempuran Kabupaten Magelang minangka acara Pengetan Dina Wiyosane Nabi Muhammad SAW utawa Muludan. Sajrone rong taun iki acara kasebut diadani kanthi winates sing pasartane mung warga dhusun amarga anane pageblug Covid19. Ing taun iki ‘Grêbêg Gunungan Lènthèng’ diadani rikala dina Setu Pahing tanggal 8 Oktober 2022 utawa 12 Rabi’ul Awal 1444 H. Acara ritual tradhisional iki digelar kanggo masarakat umum lan ngulemi para pejabat sing magepokan karo acara iki saka tataran Provinsi Jawa Tengah, Kabupaten Magelang lan Kecamatan Tempuran. Acara tradhisi iki ayahane difasilitasi dening Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Magelang. Dene siraman rohani kaparingake dening KH Ahmad Muwafiq saka Yogyakarta lan KH Muhammad Yusuf Chudlori saka Tegalrejo, Magelang. Pengetan Muludan iki kawiwitan kanthi maos donga lan sholawat ing serambi mesjid dening ulama ing kene kang sinartan warga dhusun. Dene ing jero mesjid puluhan malah atusan wong gilir-gumanti mlebu metu saperlu ngunjukake dongadonga sinambi mlaku ngubengi Gunungan Lènthèng kaping telu kanthi arah mengiwa. Sing padha teka ing acara iki ora mung warga desa ing kene, nanging uga akeh sing teka saka njaban desa Sumurarum. Gunungan Lènthèng kapapanake ing tengah ruangan jero masjid Baiturrochim. Gunungan iki dhuwure udakara telung meter kanthi atusan kerupuk lènthèng sing ditata telung tataran. Saben kerupuk lènthèng diwenehi gagang sada aren. Ing perangan dhuwur ana ingkung pitik lan perangan pucuk katancepake keris pusaka. Rampung acara, kerupuk lènthèng didumake marang para pasarta ‘Grêbêg Gunungan Lènthèng Agung’.Achmad Jadin Thoyib, kepala dusun Gunung Bakal kang isih trah Muludan ing Desa Sumurarum‘Grêbêg Gunungan Lènthèng Agung’Warga maos donga lan sholawat ing serambi mesjid Baiturrochim. (Foto: Amat S)Pasarta acara Grebeg Gunungan Lentheng. (Foto: Amat S)
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 15keturunan Kyai Raden Sayid Abdullah leluhur dhusun iki ngandharake, acara ‘Grêbêg Gunungan Lènthèng Agung’ iki mujudake acara ritual tradhisional sing wis diadani wiwit taun 1700-an. Mula bukane, Kyai Raden Sayid Abdullah sing asale saka Kasultanan Mataram rawuh ing dhusun iki saperlu syi’ar agama Islam lan panjenengane mbangun masjid Baiturrochim. Rikala semana warga dhusun iki isih akeh sing ngrasuk agama Hindhu lan Buddha. Satemah saben arep panenan asil bumi warga dhusun gawe gunungan minangka ubarampe sesaji sing kapisungsungake marang dewadewa. Laras karo syi’ar agama Islam kang katindakake dening Kyai Raden Sayid Abdullah, gunungan sesaji mau isine nuli diganti nganggo jajanan mirunggan dhusun iki yaiku krupuk lènthèng sing dipepaki wohwohan asil saka desa iki.Lènthèng awujud kerupuk kang digawe kanthi bahan beras ketan asli. Proses panggawene kerupuk lènthèng telu nganti limang dina suwene. Beras ketan dikukus, sawise mateng nuli didheplok nganti lembut lan wulet. Kanggo nggiles ketan sing wis lembut mau nganggo atine (perangan tengah) wit gedhang supaya ora kraket ing piranti nggiles. Nate ana sing nyoba nganggo botol utawa piranti liyane, nanging asile ora apik merga akeh ketan lembut sing padha kraket ing piranti kasebut. Dene alu kanggo ndheplok digawe saka kayu wit langsep utawa kokosan. Kayu wit iki atos lan kuwat ora kakikis yen kanggo ndheplok ketan bahan kerupuk lènthèng. Maknane lènthèng sing digawe saka ketan iki, yen warga dhusun duwe keyakinan supaya lengket ing ati. Kejaba kuwi, uga minangka lambang lan pangajab supaya bisa luwih rumakete rasa ‘persatuan’ lan ‘persatuan’ warga dhusun lan warga masarakat umume.Gunungan Lènthèng dumadi saka telung tataran kang maknane, Iman, Islam lan Iksan. Saben kerupuk lènthèng sing disusun ing gunungan diwenehi gagang saka sada aren kang kuwat nanging ora kaku. Maknane, minangka muslim kudu duwe sipat ora kaku utawa ‘fleksibel’. Tegese, tetep kukuh sajrone keyakinan nanging kudu luwes lan toleran. Ing satengahe kerupuk lènthèng ana woh-wohan lokal, kang ngemu pralambang karaharjan/kemakmuran. Ing perangan dhuwur gunungan lènthèng ana ingkung pitik. Iki pralambange, saben manungsa minangka makhluk ciptaane Gusti Allah SWT sing dilairake kanthi kahanan wuda lan tilar donya uga wuda. Satemah maknane, kudu tansah emut marang ana lan urip ing donya iki kang wajib ngibadah nyembah marang Kang Murbeng Dumadi. Ing pucuk gunungan ana gaman tradhisional keris kang aweh pralambang ketauhidan marang Gusti Allah SWT.Tradhisi iki rikala jaman penjajahan Jepang nate ora diadani sasuwene loro utawa telung taun, amarga warga dhusun ora kuwawa lan kahanan ekonomi sing angel rikala semana. Akibate, dhusun iki katrajang pageblug lan akeh warga sing lara lan tilar donya. Awit saka pengalaman pait mau taun sabanjure warga dhusun Gunung Bakal sing rikala semana cacahe 20 kepala somah bali ngadani ‘Grebeg Gunungan Lènthèng’ tumekane saiki.Gubernur Jawa Tengah sing diwakili Kepala Badan Kesatuan Bangsa dan Politik, Haerudin, SH, MH mratelakake, acara tradhisional grebeg gunungan iki ‘unik’, amarga arupa gunungan kerupuk lènthèng lan wis diadani wiwit taun 1700an. Kaajab warga ing kene bisa nguri-uri budaya iki minangka kearifan lokal sing bisa dimekarake minangka obyek wisata budaya lan bisa nguripake perekonomian rakyat. Welinge, warga masarakat tetep madhep mantep ngibadah lan makarya sarta nggemblengake tekad kanggo ndhedher bedhamen lan karaharjan kanthi tumindak kang becik kanggo masarakat.Bupati Magelang kang disulihi Sekretaris Daerah Drs. Adi Waryanto kagungan pangajab, tradhisi iki bisa dadi wadhah kanggo ngraketake tali silaturahmi lan patembayatan sajrone mawujudake lan njaga kahanan kang aman lan tentrem. Kejaba kuwi, acara tradhisi budaya iki minangka wujud atur rasa syukur marang Nabi Muhammad SAW kang ngasta piwulang agama Islam kanggo nyam p u r n a k a k e akhlak umat manungsa. [Amat Sukandar]Achmad Jadin Thoyib. (Foto: Amat S)Gunungan Lentheng. (Foto: Amat S)
16 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Wanita lan KeluwargaSing jeneng dadi wong lalen, apa-apa cepet lali utawa pikun, kabeh wong mesthi ora gelem yen ditari. Bab iki kedaden, yen dadi wong pikun iku asring dadi guyonan liyan. Upamane lagi ribet nggoleki kacamatane, tiwas wis takon mrono-mrene marang kanca, jebul kacamatane wus dienggo. Uga dadi anyel dhewe, upamane yen lagi ngeling-eling jeneng kanca, awake dhewe yakin gampang banget, nanging rasane kok angel banget dielingeling. Kabeh kuwi mesthi gawe mangkele sing lagi nandhang lalen.Pancen, kabeh wong tundhone uga dadi wong tuwa. Ana ing wektu sing wis tuwa umure iki, kabeh ngalami owah-owahan, embuh kuwi owah-owahan awak, wis ora bisa mlaku cepet, ora bisa cekat-ceket, klebu uga kendho anggone mikir. Kahanan sing kaya mangkono iku sing njalari bisa dadi wong lalen utawa pikun. Mula kareben awake dhewe ora nandhang lalen utawa pikun, mula kita ngerteni apa wae babbab utawa sing jalari kita cepet dadi wong lalen utawa wong pikun, yaiku: 1. Aja seneng ora mikirSing jeneng mikir, iku ngajak nglatih otak manungsa iku kerja kanthi cara mikir. Mula sanajan wis tuwa utawa mlebu mangsa tuwa, sing jeneng otak manungsa kudu asring diajak mikir kareben otak tetep terus biyasa nyambut gawe. Yen ora seneng mikir, ateges otak leren anggone nyambut gawe, ya bab iki sing cepet ndadekake wong dadi lalen utawa pikun. Mikir sing pancen perlu dipikir, aja nganti kakehan pikiran.2. Kurang turuYen wis ngrumangsani dadi wong tuwa utawa wiwit mlebu wayah tuwa, aja seneng lelungan utawa kumpul-kumpul nganti lali wektu. Kabeh mau njalari dadi kurang turu, apa maneh yen anggone lelungan utawa kumpulkumpul kanca wayah wengi. Yen kurang turu, ateges uga ora ana wektu kanggone awak klebu otak leren. Embuh kuwi mung ngobrol, nanging iku tetep wae mbutuhake pikiran. Yen pikiran ora leren amarga kurang turu, ndadekake saraf pikiran rusak. Bab iki sing njalari gampang cepet lalen utawa pikun. Mula kurangi anggone seneng lek-lekan, kareben aja nganti kurang turu. 3. Aja seneng kakehan gaweyan lan ngen-ngenYen wis ngunduri tuwa, uga babagan makarya dikurangi, samadya wae, aja seneng nyambut gawe utawa ngangsa karana meksa awak lan pikiran terus nyambut gawe. Uga aja seneng bangun pengarep-arep sing aengaeng, ora gampang kawujud. Yen kakehan gaweyan utawa ngenngen lan pengarep-arep, dadekake awak lan pikiran iku ngrumangsani abot, kahanan sing kaya mangkene iki sing diarani stress, amarga kakehan pikiran kanggo nyambut gawe. Kahanan iki dadekake saraf otak utawa pikiran dadi rusak lan iki sing njalari wong cepet lalen utawa pikun. 4. Aja seneng omben-omben alkohol lan narkobaSing jeneng omben-omben sing ana alkohole lan uga narkoba iku gawe rusake saraf otak utawa pikiran lan uga ngrusak awak. menawa saraf pikiran rusak, saraf awak rusak, juntrunge ya bakal gampang lalen utawa pikun. Nemahi kahanan sing kaya mangkono iku, mula aja seneng nglakoni omben-omben sing ngemu alkohol lan narkoba. Wong akeh kandha, kabeh mau njalari awak lan pikiran seger. Iku sejatine mung rasane wae, lan awak kepenak lan rumangsa awak seger ya mung satleraman wae ateges mung sedhela wae. 5. Aja seneng kakehan pikiranDadi wong tuwa iku aja seneng dadi wong sing sensitive, kagolan, gampang sujanan utawa cubriya sing ora-ora, apa maneh dadi wong sing angel. Miwiti mlebu umur tuwa iku nglatih urip iku sumarah lan sumeleh, kabeh sing jeneng patrab kagolan, wong angel, seneng sujanan utawa cubriya kabeh dilereni. Bab iku yen diterus-terusake dadi ngebaki pikiran, yen pikiran kebak, angel anggone ngaso, dadekake pikiran uga ora ngaso. Yen kahanan iku diterus-terusake, dadekake saraf pikiran rusak, tundhone dadi wong lalen utawa pikun. Mula senenga mikir sing pancen perlu dipikirake, aja seneng mikirake sing ora perluperlu, mengko ndhak marahi kakehan pikiran.Mangkono iku bab-bab sing njalari wong dadi cepet lalen utawa pikun. Ye kita wis mangerteni babbab sing njalari dadi wong lalen utawa pikun, mula ya age-age dilakoni kareben ora getun tiba buri.&&&Maneka sumber bahanCepet LalenDening Simon Sudarman
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 17 HerbalCeplukan (Latin: Physalis angulata) uga disebut cecendhet, ciplukan, kopokkopokan, leletop, nyor-nyoran klebu tuwuhan uwoh-uwohan sing isih kurang oleh kawigaten. Bokmenawa marga uwohe sing mung cilik, mlenis, lan semu kecut iki sing kurang dudut ati. Mula ora aneh menawa tekan wektu iki akeh tuwuhan ciplukan sing urip diujarake ana alam bebas tanpa kerumat. Untunge ciplukan klebu tuwuhan sing uripan senajan menawa kekurangan banyu banjur gampang alum. Cocog ditandur ing lemah nyabuk lan dhahas (setengah garingsetengah teles). Senajan cocok urip utawa ditandur ing dhadhah kang bawera nanging tetep bisa urip becik lan subur ing papan kang kayoman. Kepara bisa urip ing sangisore uwit gedhe sing n g r e m b u y u n g godhonge. Ing dhadhah subur, dhuwur uwite bisa nyandhak sameter kepara bisa luwih. Titenan liyane saka uwit ceplukan yaiku uwite nggligir, ros-rosan, bolong jerone, lan semu nglugut. Godhonge lemes awangun lonjong endhog semu dawa nanging pucuke lancip sarta pinggirane rata. Kembang ceplukan mecungul saka kelekan gagang sing jejeg, warnane wungu, pucuke dhungkluk, godhohan cacahe lima, kuplukan ngemperi gentha, nekuk. Gagang sari warnane kuning pucet lan endhase warna biru enom. Dene uwoh ceplukan kewungkus glabat, rapet, awangun lonjong endhog pucuke lancip, warna ijo semu kuning. Dene uwohe bunder cilik semu dawa antarane 1,5 – 2 cm, warna ijo lan mengkilat nalika enom. Sawise tuwa lan mateng warnane kuning semu soklat. Rasa uwoh ceplukan legi semu kecut lan seger temah disenengi bocah-bocah. Ing Pulo Jawa, tuwuhan ceplukan ana sawetara jinis. Ana sing uwit lan godhonge sing rambute dawa, sedheng apadene gundhul tanpa rambut. Ing Amerika Kidul, Australia lan Selandia Baru ana jinis ceplukan badhak utawa ceplukan sing uwohe gedhe (Latin: cxxxxx) sing anggone nandur dikebonake lan kasil uwohe dikirim menyang mancanagara. Semono uga ing Meksiko ana jinis ceplukan gedhe kaya Physalis philadelphicalan Physalis ixocarpa sing wis dikebonake wiwit sadurunge Columbus tekan Amerika Kidul. Jinis ceplukan Meksiko iki ana sing dienggo buwah-buwahab, nanging uga ana sing dimasak dadi sakehe panganan klebu kanggo gawe sausGayutan karo pigunane kanggo obat –obatan saka tuwuhan, ceplukan bisa dimanpangatake saka oyod – uwit – godhong – lan uwohe. Oyod – uwit – godhong bisa dienggo kanthi cara digodhog nganggo banyu tawa resik sarta dipipis banjur dijupuk banyu peresane. Dene uwoh ceplukan bisa didhahar mentah tanpa diolah utawa bisa digawe inuman. Uwoh ceplukan akeh diedol ing pasar-pasar tradhisonal kanggo kebutuhan buah-buahan. Sajrone craken Jawa, ceplukan manjur kanggo nambani wong kang kencokan dharah tinggi (hipertensi). Kandhutan asam sitrat lan fisalin sajrone uwohe sarta alkaloid, asam malat, tanin, kriptoxantin, vitamin C, sarta gula buah piguna kanggo nyegah lan ngusadani sawetara lelara. Miturut sawetara tulisan lan panaliten, oyod-uwit-godhong-lan uwoh ceplukan bisa ngusadani lan nyegah lelara kaya jantung koroner, stroke, hipertensi, mripat blabur, koreng, reumatik, ginjel, diabetes, flu, watuk, asma, adhem panas, sarta nyegah kanker. Uwoh ceplukan sing uga ngandhut vitamin A, vitamin C, lan vitamin K becik kanggo jaga kesehatan. Vitamin A becik kanggo kasarasane mripat. Uwoh ciplukan uga ngandhut zat utein, beta karoten, lan karo tenoid sing kuwawa nyegah saka degenerasi makula yaiku kang nyebabake wong wuta sawise umur tuwa. Semono uga jat karotenoid uga kuwawa nyegah gangguan pendelengan. Dene vitamin K bisa nyegah kropose balung awak, becikake kulit awak, sarta bisa njaga tekanan dharah supaya ora mumbul (hipertensi). Kepara vitamin K uga kuwawa ngendhani serangan jantung koroner.* Sumber wacan:Dr. C.G.G J. van Steenis, 1987. FLORA, PT Pradjnya Paramita, JakartaDharma, AP (1987). Indonesian Medicinal Plants [Tanaman Obat Indonesia].https://id.wikipedia.org/wiki/Ceplukanhttps://www.bola.com/ragam/read/4115105/20-manfaat-buahciplukan-untuk-kesehatanCeplukan
18 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Jagading LelembutCrita iki dialami dhewe dening Pangat tanggaku (sebut wae jenenge ngono, kabeh jeneng liyane uga jeneng singlon) sakancane papat sing saguh dadi petugas keamanan lingkungan RW. Wengine sangsaya nglangut. Swasana mamring. Udan salah mangsa sing ceblok wengi iku lagi wae gelem leren. Bebarengan karo terange udan, rembulan sing lagi separo mecungul ing tengah langit merga mendhung putih sing ngaling- ngalingi rembulan mau, sumingkir katiyup angin wengi. Kala-kala keprungu asu jugug saka kadohan kasela swarane manuk kolik sing saut-sautan karo manuk tuhu sing saba ing tengah wengi. Emoh keri kukuk beluk ya melumelu nrambul mamerake swarane sing anteb kuwawa nggeterake jagad raya sing saya nambah tintriming wengi iku. Gug...gug...gug...culik...culik...tuu...culik...culik...tuu. Heer...heer...bluggg! Gangsir uga padha ngenthir ngeres-eresi ati.“Hadhuh! Wiwit mau githokku kok pengkorak-pengkorok ngene, ta! Kathik swarane manuk-manuk kae meden-medeni!” sambate Pangat marang kanca rowange jaga ing pos kampling wengi iku. “Kowe keling-kelingen Mbah Din Renten sing awan mau lagi wae dikubur ayake?” pitakone kanca liyane.“Jujur iya. Kathik saiki malem Jemuwah Kliwon sisan!” wangsulane Pangat sinambi ngusapi kringet sing dleweran ing gulune.“Lha nek malem Jemuwah Kliwon ndang arep enek apa? Nyalimu kok cuilik men, Ngat!” ujare kanca rondha liyane. “Jare wong-wong ngana kae nek malem Jemuwah Kliwon ngene iki akeh barang alus sing padha kluyuran!” ujare Pangat wedi.“Halah jare sapa? Wong nyatane awake dhewe jaga bareng pendhak bengi nganti pirang-pirang wulan kok ya ora tau kepethuk barang alus.” Durung tutug anggone padha omong-omong wis keprungu gemlonthange jam tembok sing dipasang neng pos kampling kono sing nuduhake yen wancine wis tabuh rolas tengah wengi. “Wayahe rondha!” Jayus menehi ada-ada marang kanca liyane.Wong lima menyat ngadeg ora lali padha nyaut sentolop lan kenthongan bumbung sing wiwit mau diglethakake neng lungguhan gerdhu. Sinambi kothekan, wong lima mider mubeng lingkungan RW, kala-kala nggugahi sing diliwati. Ora krasa lakune wong lima mau wis tekan sangarepe regol sareyan desa. Dene swasana uga sangsaya krasa kekes. “Ssst...!” dumadakan Jiran cluluk karo ngendheg lakune kanca-kancane.“Ngapa Ran?”“Rungokna ta!” kandhane Jiran karo nengklengake kupinge nggoleki asale swara bengokbengok sing wose njaluk tulung. Ing sela-selane swara njaluk tulung mau ana swara liya luwih saka limang swara. “Modiar ora kowe saiki...Modiar ora kowe saiki! Iki piwalesku! Hadhuh...hadhuh kapok aku...kapok aku! Wis-uwis kapok aku...” Swara mau keprungu bolabali. Kejaba swara mau keprungu uga swara pating gedebug kaya watu sing dibandhem-bandhemake. Krungu swara-swara mau sakala githoke wong lima mau mengkorok mrinding keweden. Nanging durung ngerti apa sing kudu ditindakake dening wong lima Pangat sakanca mau, saka regol sarean weruh sesawangan sing sasuwene iku durung tau diweruhi. Senadyan mung kasunaran cahyaning rembulan sing lagi separo ing satengahing langit, nanging sesawangan iku katon cetha welawela.Katon ing tengah kuburan sesawangan memper uwong sing kurukuru arai pucet padha mbandhemi sawijining kubur. Malah rumangsane Jiran sesawangan memper uwong mau ana sing memper adhine Mbah Din Renten. Kejaba iku ana uga sing rupane memper tangga sing wis seda dhisiki sedane Mbah Din Renten sing awan mau lagi wae dikubur.Lunga siji ganti liyane, sesawangan rerupan uwong pucet- pu
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 19 Kembang SetamanBanjirora ana tentreme angin semilir sore ikikaya nalika sliramu ngremusi duren ana pinggir ndalannalika langit bubar kirim udandhuwit telung puluh ewu babar kanggo wong teluduren kulit kuning lan kulit abangndadekake pikiran ngrambyangmetani duren kulit abang ana Jawa sebrangsaiki banyu-banyu bedhedheg mandegibere kita krasa mbedhedhegnoleh kana mangling kene, nggrantese padha waenapas sedulur pengungsi sing pating klempeing televisi gambare katon nggegirisidhus-dhus bantuan kesawang dadi rebutanapa mbok cilikku sing katisen isih keduman?Budi WahyonoPahlawankuGuru,Di gugu lan di tiruTumindak becikmu,dadi conto slirakuPitutur alusmu, gawe tentreming atiTanpa rasa lesu, Saben esuk nganti soremenehi piwulang marang muridmuPiwulang becik kang dadi sangumasa depankuIkhlas,mbimbing aku kanthi bisaSabar tanpa sambatngadepi polahku Guru,Mbimbing aku supaya bisa migunanikanggo wong liya,bangsa, lan negaraGuru,Namung rasa maturnuwun kang bisa tak wenehake marangpanjenenganOra nate lali aku marangjasamuPiwulangmu tansah tak simpening jero atiTiara Ayu Hendrawaticet mbandhemi kubur sinambi bengok-bengok modiar kowe...modiar kowe...kaselan swara sambat njaluk tulung saka jeron kubur mau lumaku nganti wanci jago kluruk kaping pindho mathuk subuh. Wong lima padha ngoplok, arep mlayu ora kuwagang sikil abot kaya dibandhuli watu item sagumuk gedhene. Sesawangan mau ilang musna bebarengan swaraning Adzan Subuh sing ngumandhang saka langgar RT sacedhake papan palereman kono mau. Kedadean iku ora mung dumadi ing wengi sing ngepasi malem Jemuwah Kliwon mau, nanging wengi candhake uga ana wong sing omahe cedhak sarean mau mrangguli kedadean sing padha karo sing dialami dening Pangat sakanca. Kabar bab kedadean ing kuburan sing diweruhi dening Pangat sakancane lan warga liyane cepet sumebar ing desane. Desa dadi geger. Pak Lurah sing waskita enggal nglumpukake sesepuh lingkungan sing sabanjure Pangat sakancane jaga uga diajak sanja menyang sarean lan miturut krenteg atine langsung njujug kuburane Mbah Saridin.Saeba kagete para sepuh mau mrangguli kubure Mbah Saridin, amblong. Lemah sing maune mbedhudhug ngurugi kubur nyisih nyang sakiwa-tengene kubur. Kayu trisik morat-marit nganti poconge Mbah Saridin katon. Para sepuh mau gedheg-gedheg sinambi ngelus dhadhane dhewe-dhewe. Ana rasa welas ing manahe.“Njupuka pacul neng cungkup kae. Kubur iki urugana maneh!” pakone Pak Lurah marang Pangat sakancane sing nuli tumandang.“Dhuh Gusti paringa pangapunten dhumateng sedherek kula Saridin!” pandongane para sepuh mau.“Padha elinga ya, goleka pangupa jiwa sing khalal sing kaberkahan dening Gusti Allah supaya adoh saka siksa kubur ngono kuwi,” welinge Pak Lurah marang warga sing melu ngurugi sareane Mbah Din Renten iku.Lebar iku kabar sing sumebar, “Kuburane Mbah Din Reten amblong, mayite Mbah Din Renten dipilara dening wong-wong sing matine ngenes merga kejiret utang marang Mbah Din. Klebu jenate adhine dhewe. [JMV Sunarjo]
20 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Tintingan BukuJudul Buku : Nusantara Bernyanyi jilid 4 Lagu- lagu Daerah Jawa TengahPenyusun : Karl- Edmund Prier Penerbit : Pusat Musik Liturgi, 2012Kandel Buku : 113 halaman Lagu Jawa satemene akeh kêpara ora kapetung. Lire lagu mau mujudake lagu sing wis nyawiji karo urip padinan wong Jawa. Mung emane saiki lagu-lagu kuwi wis arang keprungu merga kadheseg obahing jaman, sing dadèkaké saweneh kesenengan uga dadi beda saben wektune, klebu kesenengan wong rêngêng-rêngêng utawa nembang. Saiki wong luwih cerak karo lagu-lagu anyar, sing satemene manawa dipetani luwih jero maknane katon cethèk, amung ngobrak abrik rasa sing krungu, ananging tanpa ngemu teges lan makna.Kita mesthine isih kemutan marang manéka warna lagu kang karipta déning saweneh pengarang jaman biyen, utamané ngenani lagu. Isi cakepane racake duwèni bobot utawa duwé makna jero. Kuwi sing bedakake lagu jaman kawuri lan lagu jaman saiki. Pancene kabeh ora bisa digebyah uyah, ananging kanyatan mau ora bisa diselaki jer lagu jaman biyen akeh duwé makna kêpara luwih nges kanggone sing mirengake. Bukaki buku “Nusantara Bernyanyi” jilid 4 sing kasusun déning Rm. Karl- Edmund Prier sj pastor klairan Jerman kang duwèni rasa peduli lan tresna marang budaya Jawa, rinasa nemokaké saweneh barang sing naté ilang ananging katon ditemokaké maneh. Pindha emas sing wis burem, bali mengkilap merga diopèni, digosok lan karumat samesthine. Kaya manéka tembang/ lagu Jawa sing ana nanging wis arang kaprangguli lan ditemokake, diopeni kaimpun dadi siji kêpara “diwadhahi” aneng buku iki.Lagu-lagu ing buku iki yen dipermati kanthi teliti nuduhaké akeh lan pepake kekayaan kabudayan Jawa satemene. Kanthi bantuan notasi musik diatonis, apadene not balok, lan uga saweneh dikanthèni balungan gendhing wusana wis pepak manawa kepengin nyinau. Kanggone para guru kesenian buku iki rinasa cocog manawa diajarake ing sekolah merga bisa nambah seserepane anak dhidhik utamane liwat lagu utawa tembangtembange.Ana pengantare diaturake dening penyusun manawa lagu/ tembang iki mujudake kumpulan saka saweneh pangripta/pengarang lagu kaya karyané: Ki Wasitodipuro, Ki Nartosabdo, C. Hardjasoebrata, Ki Hadisukatno, Ki Suratman, Anjar Ani, Paul Widyawan lan Mus Mulyadi. Malah ora mung kuwi ing buku iki kaya wis kasebut ing ngarep uga dikanthèni saweneh notasi gendhing kanggo nggampangake manawa dicoba krana gamelan sing karipta dening M.Siswanto lan Didik Supriyantara.Buku iki kaperang dadi telung bagéan lagu kang bedakake marang jinising lagu kang ana ing kabudayan Jawa mligine, yakuwi lagu/tembang kanggo bocah-bocah sing isiné Lindri, Yo dhå dadi wayang, Ilirilir, Buta cakil untu telu, Go jago, Desaku, Nyeprok buntuté, Gundhulgundhul pacul lan isih akèh liyane yen kagunggung ana patangpuluh nem lagu. Ing bab loro, isi lagu lagu kanggone wong kang wis ngancik dewasa kaya: Witing klapa, Mideringrat, Plek emplek ketepu, Rinumpaka, Numpak prau layar, Yen ing tawang ana lintang, Aja lamislan isih akèh liyane. Gunggunge kabeh ana sangalikur lagu. Anêng bab telu, isine tembang macapat antarané: Mijil, Maskumbang, Kinanthi, Dhandanggula, Sinom, Asmaradana, Gambuh, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pocung, kabeh kagunggung cacah sewelas tembang. Satemene seri buku “Nusantara Bernyanyi” mono ora mung Jawa wae, ananging ana 9 jilid saka dhaérah liya ing Indonésia kang kapantha-pantha miturut wilayahe kaya saka: Sulawesi, NTT, Flores, Jawa Timur lan Bali, Betawi Jabar, Kalimantan, Sumatra, lan Maluku sarta Papua sing kabeh duwé ciri-ciri mirunggan mligine liwat lagune. Ing buku seri papat iki pancene mligi amung dhudhah lagu/ tembang minangka kabudayan Jawa Tengah wae. Nuduhaké Jati Dhirine Wong JawaBuku iki cocog dikoleksi déning pendhidhik kaya guru kesenian, wong atuwa sing gadhah putra alit, pemerhati budaya Jawa, lan sapa waé kang pengin ngudi utawa ngerteni lagu Jawa sing naté ngrenggani lan dadi lagu favorit saweneh bocah-bocah nalika dhek semana. Ewadene manéka tembang mau anêng perkembangané wis wiwit ditinggalake, kêpara wis ora kepireng nadyan anêng bangku pendhidhikan pisan. Kamangka manawa dipetani, saweneh nilai kaya tata krama, pendhidhikan, gotong royong, ngurmati liyan, patembayatan, nilai estetika, etika lan isih akeh liyane pranyata kakandhut anêng lagu sing kaimpun aneng buku iki. Saka kéné bisa dadi tepa palupi marang saweneh jati dhirine minangka wong Jawa. Ora ana eleke manawa bab iki bisa dicoba kanggone para putra ing bangku sekolah. Sumangga.[Danan Mr. SSn.]Pandhemen budaya Jawa, guru kursus karawitan ing PML Kotabaru Yogyakarta.Nyinau Tembang Jawa Kanggo Bocah
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 21 Nasib PanjenenganKanggo mangerteni nasib panjenengan ing minggu iki, kaetung dina lan pasaran (weton lan kelairane) banjur kagunggung. Asil gunggungan kasebut kacocogake karo gunggunge neptu dina kaya kang kabeber ing dhuwur. Dina-dina: [Ahad=5], [Senen=4], [Selasa=3], [Rebo=7], [Kemis=8], [Jumat=6], [Setu= 9]. Pasaran: [Paing=9], [Pon=7], [Wage=4], [Kliwon=8], [Legi=5]Kawiwitan Minggu Legi, 6 November 2022 (11 Bakdamulud 1956 Ehe) ketug Setu Paing, 12 November 2022 (17 Bakdamulud 1956 Ehe). Klebu Wuku WUKIR. Bocah lair minggu iki dewane Bathara MAHAYETI, watake prihatinan. Manuke: Manyar, wateke ora kena kungkulan. Kayune: Nagasari, wateke suka maringi pangauban wong kang nandang papa. Banyune ana ngarep, wateke pradhah lan dhemen ngatonake kadonyane. Lambange: arga wuru, wateke becik saka kadohan nanging yen cedhak balenjani. Ngungkurake gedhong, wateke sareh nanging ora kena disetyani. Sambekalane: merga panganiaya. Bilahine: kena sanjabaya (salah sasaran). Panulake bilahi: sedhekah sega wuduk dangdangan beras sapitrah, iwake pitik putih mulus, janganane werna lima. Slawate: 5 keteng. Dongane: rajukna. Kala wuku: ana kidul wetan.Dongane: kabul. Kala wuku: kulon. Pranata Mangsa: Mangsa Kanem, suwene Mangsa Kanem 43 dina, wiwit Kamis Kliwon, 10 November 2022 ketug Kemis Paing, 22 Desember 2022. Candrane Mangsa KANEM: “Rasa Mulya Kasucian”. Werdine: mangsa rendheng, udan deres saben dina. Asring tumiba bun upas sing ngrusak tanem tuwuh, mula nandur pari ngenteni mecungule Lintang Luku, iwak kali padha mijah.Neptu 7 Kegedhen empyak kurang cagak pancen bisa gawe jomplange ekonomi, sing ngati-ati. Pangupaboga: kalodhanganiku tekane mung sepisan mula manpangatna. Rejeki: gemrontol. Asmara: tanggap. Dina Becik: Jumuwah Legi. Kesarasan: sare aja wengiwengi,ora becik. Memitran: sarujuk .Neptu 8 Ora ana wong sing sampurna, mula ora ana wong sing tumindak salah, iku kanyatan. Pangupaboga: nyambut gawe aja sembrana mundhak uripe sengsara. Rejeki: cukup Asmara: padha karepe. Dina Becik: Minggu Legi. Kesarasan: sarapan esuk sing teratur. Memitran: isih kaya biyene.Neptu 9 Tresnaa marang pepadhamu kaya nresnani awakmu dhewe, iku bakal gawe tentrem ati. Pangupaboga: wis wayahe ngowahe cara biyen sing kurang cocok. Rejeki: akeh. Asmara: anget. Dina Becik: Selasa Pon. Kesarasan: dhahar sayur lan buwah, ngunjuk anget. Memitran: sangsaya cerak..Neptu 10 Pakulinan nundha pakaryan iku mung gawe repote buri, prayoga enggal tandangana.. Pangupaboga: usaha anyar aja setengah-setengah. Rejeki: lumayan. Asmara: cocog. Dina Becik: Jumuwah Wage. Kesarasan: waspada gangguan padharan, ngurangi kecut. Memitran: gawe seneng.Neptu 11 Rancangen dina ngarep kanthi premati upaya jangkahe urip luwih manteb tanpa was-was.Pangupaboga: usaha samben ananging kuwawa jejegake ekonomi.Rejeki: lumintir. Asmara: sengsem. Dina Becik: Setu Paing. Kesarasan: ngumbar kanepson bisa ngancam kesehatan. Memitran: gemati.Neptu 12 Akeh wektu kanggo menggalihake lakune urip kanggo dina sesuk, ora perlu tidha-tidha. Pangupaboga: golek sandhang pangan iku mawa ulat sing padhang. Rejeki: nglumpuk. Asmara: tanggap sasmita. Dina Becik: Rebo Paing. Kesarasan: sarapan teratur, sare ora kewengen. Memitran: waspada.Neptu 13 Lelakon wingi ora perlu digetuni, sing wis kelakon kareben nggawa critane dhewe. Pangupaboga: mandhiri ekonomi iku ora ateges tanpa ora kerja sama. Rejeki: lumayan. Asmara: ngemong. Dina Becik: Senen Kliwon. Kesarasan: aja kemrungsung, sabar sareh. Memitran: semanak.Neptu 14 Aja seneng jagakake pitulungane liyan sing durung karuwan ketululusane, waspada. Pangupaboga: hobi bisa nekakake rejeki menawa ditlateni kanthi premati. Rejeki: sempulur. Asmara: sengsem. Dina Becik: Setu Paing. Kesarasan: diakehi ngunjuk putih, sayur, lan buah. Memitran: sabar. Neptu 15 Adhepana sakehe pepalang sing ngadhang ing dalan amrih gegayuhan bisa kasembadan. Pangupaboga: majune usaha ora uwal saka sesambungan becik karo pelanggan. Rejeki: lumayan. Asmara: kebak asih. Dina Becik: Senen Paing. Kesarasan: waspada masuk angin. Memitran: sarujuk.Neptu 16 Sabarang kalir kang kumethip ing donya ora bakal langgeng, mula aja seneng gegetunen. Pangupaboga: majune usaha butuh tambahan modhal lan tenaga. Rejeki: nglumpuk. Asmara: grengseng. Dina Becik: Selasa Pon. Kesarasan: ngaso cukup, olah raga teratur. Memitran: ora lali.Neptu 17 Kahanan iku owah gingsir, mula sing wis mungkur ora perlu digawe sandhungan. Pangupaboga: rejeki iku diudi, ora mung dienteni. Rejeki: nglumpuk. Asmara: semeleh. Dina Becik: Rebo Wage. Kesarasan: olah raga, ora telat dhahar. Memitran: aja gawe gela.Neptu 18 Seneng ngaturake syukur lan matur nuwun maweh tentreme ati lan pikiran, iku tindakna. Pangupaboga: kalodhangan iku mung sepisan mula aja nganti keliwatan.Rejeki: lumayan. Asmara: langsam. Dina Becik: Setu Paing. Kesarasan: kerep telat dhahar iku ora becik. Memitran: sapenemu.*
22 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 EheSang Prabu Sumali paring jawaban dhateng Rekyan Apatih Lokapala, Banendra, wiyosipun: Heh, Banendra! Apa mulane dene Si Wisrawana arep mbedhah Maespati? Apa arep ngongasake kawidagdan, pamer kasekten?Patih Banendra: Nuwun, Sang Prabu! Boten amargi nedya ngongasaken kasektenipun, punika babarpisan boten. Nanging, amargi kabegta saking kuciwanipun, dene panglamaripun dhateng Maespati dipun tampik Sang Prabu Kartawirya. Kauningana, Sang Prabu! Bilih ingkang wayah Wisrawana, ngersakaken Dewi Danuwati minangka prameswari Lokapala.Prabu Sumali: Lhoooooooo! Yen kaya ngono kersane putu Prabu Wisrawana, ateges ora asung pangaji-aji marang Maespati. Yen kaya mangkono lekase wayah Prabu Lokapala, jeneng nerak pager ayu. Melik lan pamrih marang garwaning liyan. Ah....... eman temen kang kaya Wisrawana! Wis, Banendra! Sira mundura! Satemene ingsun pakewuh sabiyantu karo Wisrawana, jer Maespati kang dadi duweke Prabu Kartawijaya kuwi harak maksih tinemu sedulur! Ingsun kurang sarujuk, ewuh pakewuh, Banendra! Ya...... kanggo gawe mareme Kaki Prabu Wisrawana, ingsun paring bebantu, kanthi ngirimake Ditya Mangliawan.Ringkesing kandha, Ditya Mangliawan sigra tinimbalan sowan, nampi dhawuhipun Sang Prabu Sumali, ndikakaken sung bebantu marang Banendra, kangge ngrabasa nagari Maespati. Kala semana saparipurnaning panangkilan. Sang Prabu Sumali ngersakaken kundur ngedhaton. Tambuhtambuh kang kelakon dening Ditya Mangliawan kang ingirid Patih Banendra.Dereng ngantos Hyang Surya gumlewang ing bang kulon, wayahe lalu tengange. Sang duta Lokapala, Patih Banendra ngirid Ditya Mangliawan kundur dhateng Lokapala. Teka mangkana, lampahe Patih Banendra saha Ditya Mangliawan dumugi tengahing wana, kendel ing sangandhaping prabatang ron ngrembuyung ngrongkop, dhasar karaos wonten sumiliring angin nanduki sariranipun Patih Banendra saha Ditya Mangliawan.Kacariyos, samantara areren, kepati nendra Ditya Mangliawan sinuksman yitmaning diyu Bathara Kala. Kagyat Sang Mangliawan, tan wikan lamun sinuksman yitmane Bathara Kala. Pangudaswaranipun: E....Bojleng bojieng........... Baya sapa kang rumasuk ing jiwanggaku? Muga dadi wewah kasektenku, kanggo ngadhepi krodhane wadya Maespati.....!Ing Lokantara....Bathara Wisnu saha Bathari Sri sami nganglang jagad ngupadi panitisan. Amiling-miling paningale, pan dereng antuk titahing Bathara ingkang sayogi kinarya manitis. Teka mangkana panglocitaning driya Bathara Wisnu dhateng ingkang garwa Dewi Sri, wiyosipun:Wisnu: Yayi Dewi Sri! Apa si adhi wus pramana marang titah ingkang pantes kanggo panti panitisan, Dewi?Dewi Sri: Nuwun inggih kakang! Ri paduka sampun antuk sujanma ingkang pantes dadya wahananipun panitisan. Ri paduka badhe dhateng nagari Magada. Ing riku ri paduka mangke pinanggih malih ing Janaloka, kakang!Bathara Wisnu: Iwang Suksma mangadi luwih! Kalamun mangkono, wus wancine si adhi pisah lan pun kakang, kudu humangkat marang Janaloka, unggyanira si adhi bakal manjanma. Kawruhana, ya dhi! Pun kakang uga wus antuk pilihan kanggo manjanma ing madyapada. Ing pangangkah muga besuk pun kakang kepanggya kalawan si adhi ana ing Maespati, jer ing kono dadya margane pun kakang ketemu maneh lan si adhi. Mula ayo sewang-sewangan lumawat manggihi titah kang pantes kinarya manitis. Pun kakang bakal lumawat menyang Lokapala, dene si adhi apa wus gumolong atinira bakal tumeka ing Magada? Bathari Sri: Ri paduka badhe nganglang dhateng Magada, wus gumolong anteping tekad, kakang!Bathara Wisnu: Sokur mangayu bagya, mugyantuk kayuwanan, nuhoni jejibahan ingkang sinangkul memayu hayuning jagad. Wondene pun kakang bakal manuksma marang Begawan Wisnungkara ing Lokapala. Pusaka Cakrabaswara bakal ngupadi sujanma ingkang pantes kinarya manjanma! Wis ayo yayi Dewi, sowang-sowang ngayahi sesanggeman timbalaning urip karya rahayuning bawana. ..............Wauta! Dewa myang Dewi sami pepisahan, lumawat dhateng janma ingkang pantes kinarya manitis. Gancanging carita gelising kang munggel kawi, ing tengahing marga Dewi Sri kepapag lan Ditya Mangliawan. Sang Dewi nedya pinundhut garwa, purun pinundhut garwa nanging mundhut bebana, mustakane Prabu Kartawijaya ing Maespati. Ditya Mangliawan nyagahi. Dewi Sri bidhal dhateng Magada, Mangliawan dhateng Maespati..... Kacariyos, dedamel Kyai Cakrabaswara, gya murca saking sarirane Bathara Wisnu hanyanggemi jejibahan, manjanma dhateng Maespati, manitis dhateng guwa garbanipun Dewi Danuwati, prameswari Nata Prabu Kartawijaya. Bathara Wisnu lumawat dhateng Lokapala, nedya manjanma dhateng Begawan Wisnungkara. Sang Dewi Sri, Cakrabaswara saha Bathara Wisnu sami manjanma ing titah ingkang pinilih. Sigeg!Arjunasasra lair.Ing kenya puri Maespati. Kacariyos, Sang Prabu Kartawyaya lenggah ing kenya puri saraya mangku ingkang garwa, Kusuma Ratu Dewi Danuwati. Sineba emban cethi parekan ingkang sami nengga badhe miyosipun putra Padhalangan604
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 23nata Maespati.Teka mangkana, Dewi Danuwati ingkang sampun sinuksman dedamelipun Bathara Kresna, kadi sinengkakaken ing Jawata, tan antara dangu, Sang Dewi kraos sampun wancinipun jabang bayi putranipun, miyos ing wegdal punika. Noyah nayuh pada baskara titi mangsa. Kanthi sekeca calon putra Nata Maespati punika uwat saking guwa garba, saksana gya mijil jabang bayi kakung apekik, cenger...... akarya suka bingahipun rama - ibu lan sadaya para abdi emban cethi miwah parekan. Elofang lampah ponang jabang bayi miyos saking guwa garba, sampun ngasta sanjata Cakrabaswara, akarya bombong panggalihipun Sang Prabu. Ing cipta wus wikan jatining kahanan, ing benjing Sang putra, ponang jabang bayi tinitah dadi musthikaning bawana, ngratoni para Ratu. Jroning cipta anggung muji sukur mring Bathara. Ponang jabang gya pinaringan asma: Raden Arjunasasra utawi Raden Arjunawijaya.Kocapa! Sajawining beteng puraya Maespati, sampun kinepung wakul binaya mangap wadya danawa saking Lokapala, tinindhihan Ditya Mangliawan ingkang sekti mandraguna. Bambang Suwandageni gya humatur dhateng Sang Prabu Kartawijaya, bilih sajawining kadhaton sampun kinepung wakul binaya mangap. Kadateng tyas Sang Prabu Kartawijaya, saraya ngampil sanjata Cakrabaswara, mijil saking pura mapag mengsah sajawining kedhaton;Wauta, bala Maespati gya gumregah gumregut ambyur ing palagan, karana mulat Sang Prabu nyarirani manjing pabaratan. Greget greguting prang wadya Maespati, racak sami krodha yayah bantheng atawan kanin. Singa lena kaprawasa. Rame denira rok bandawala arebut pati.Kocapa, angsahing prang Sang Kartawijaya, musthi Cakrabaswara, nrajang Ditya Mangliawan ingkang sekti mandraguna. Singa katrajang tumekeng lalis. Samanten ugi Prabu Wisrawana, hacancut tali wanda nrambul yuda mengsah Prabu Kartawijaya. Dahat anggegirisi campuhing prang Narendra kalih, silih ungkih genti kalindhih, ngumbar pangabaran, sami dene ngunggar kasudiran.Kocapa, Prabu Kartawirya gya ngembat-embat Cakrabaswara, lepas sarana cipta... Lumaraping Cakra nrabas janggane Sang Prabu Wisrawana, thel jangga lir tigas pancing, gumebrug kuwandha ing bantala, sinurak ger bala Maespati. Gugur Sang Prabu Wisrawana. Ditya Mangliawan gya nggebyur ing palagan, nrajang Sang Prabu Kartawirya. Datan antara Ditya Mangliawan ugi pejah, jangga kinarya langkung sanjata Cakrabaswara. Bubar mawut wadya buta saking Lokapala. Kang maksih gesang sami lumaris salang tunjang ngupadi pandhelikan.Teka mangkana, mulat Sang putra tumekeng lena, murina Begawan Wisrawa. Hacancut taliwanda Sang Begawan saraya, mingkis kampung manjing palagan yun pepulih risaking bala buta.Bibar mawut wadya bata Maespati katrajang pamuking Resi Wisrawa. Kacariyos, Bambang Suwandageni, ngampil Cakrabaswara saking Sang Prabu Kartawijaya, gya tumandang jurit ing palagan. Mulat mengsah musthi Cakra, Resi Wisrawa ngoncati palagan, mundur saking pabaratan, nganthi ingkang putra, Raden Dhanapati, boyongan dhateng Lokapala. Sigeg.Pratapan Jatisarana.Bambang Suwandageni kundur saking Maespati, pinethuk garwa Dewi Danuresmi. Datan karaos, bilih anggenipun nggarbini Sang Dewi sampun jangkep sangang candra lumampah. Inggih ing wegdal punika Sang Dewi kraos bilih jabang bayi sampun wancinipun lair ing jagad karamean, Janaloka. Teka mangkana, para parekan emban cethi abdining pratapan Jatisarana, sami tengga mangantya lairipun jabang bayi. Datan katalompen, mulat ingkang garwa kraos badhe ambabar putra, pramila lajeng cinandhak pinangku sinundhang kanthi asih tresna.Bathara paring pepesthening kodrat titahing sujanma, noyah-nayuh pada, datan antara Sang Dewi ingkang pinangku ingkang raka, gya ambabar putra, cenger.... karya suka gambiraning para abdi ingkang lajeng sami tumandang ngupakara ponang jabang. Iba suka gambiraning panggalih Bambang Suwandagni, enggar tyase mulat ingkang garwa wus ambabar putra, mijil kakung apekik. Sasampunipun ingupakareng wewida, ponang jabang bayi sinung kekasih Bambang Sumantri.Wauta. Ari-arining ponang jabang, sigra ingungkulan sanjata Cakrabaswara, paringipun ngampil Sang Prabu Kartawijaya inggih Prabu Kartawirya. Ingungkulan Cakrabaswara, elokoking lelampah, karsaning Bathara, ari-ari santun warni dados janma yaksa bajang, sinung aran Bambang Sukasarana, cinekak Bambang Sukasrana. Kacarita, Bambang Suwandageni. Wikan ampuhing Cakrabaswara, tuwuh raos ingkang bebasan melik nggendhong lali. Ing ngriku, Bambang Suwandageni, katuwuhan niyat awon, nedya nyakethem ponang Cakrabaswara, tekadipun boten badhe ngunduraken dhateng Maespati, boten dipun caosaken ingkang paring ngampil, inggih Prabu Katawijaya. Derenging karsa nedya nyangkerem ponang sanjata, kawijil prasetyanipun:“Aku ora bakal mbalekake sanjata dibya Cakrabaswara marang wa Prabu Kartawijaya.” Kapunggel samanten rumiyin cariyos Rama- Sinta.[Wonten candhakipun]Yayi Dewi Sri! Apa si adhi wus pramana marang titah ingkang pantes kanggo panti panitisan, Dewi?
24 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Crita Rakyat05Peperangan dumadi maneh. Pasukan sing dipimpin dening Raden Wijaya jumlahe ora sepira, nanging kanthi kuwanene padha ngupaya ngrebut istana iku maneh saka tangane Jayakatong. Nanging, kedudukan Jayakatong sangsaya kuat karana pikantuk dukungan saka Ardaraja sing pengkianat. Pasukan Raden Wijaya kepeksa perang kanthi kekuatan kang ora seimbang. Pasukan Raden Wijaya kedheseg lan pungkasane ora bisa apa-apa.Sawetara iku, Raden Wijaya lan sawetara mitrane ngupaya nrobos kepungan mungsuh. Padha ngupaya mati-matian. Raden Wijaya sing rumangsa ora mampu ngadhepi ewon prajurit mung kanthi sawetara wong, banjur mutusake ninggalake perang. Sawetara iku, dheweke kasil merjaya sawetara wong. Raden Wijaya bebarengan karo sawetara pendhereke age-age mlayu. Dheweke slamet lan kasil lolos saka kepungan pasukan Kediri.Raden Wijaya bebarengan Sora, Nambi, Ranggalawe, Pedang, lan Gajah Pagon terus mlayu tumuju arah ngetan. Pungkasane, padha tekan ing Desa Kudadu. Padha mandheg kanggo ngaso sinambi ngrencanakake tindakan sabanjure.Pengiring-pengiringe katon sedhih nyumurupi kahanan Raden Wijaya. Nanging ora ana sing wani omong.“Kita kudu nindakake apa,” kandhane Raden Wijaya sabanjure. “Saora-orane kita oleh prau.”“Prau? Napa ingkang badhe Raden tindakaken?” pitakone Sora kanthi perasaan kormat.“Kita bakal menyang Madura. Kita nyoba njaluk bantuan Kakang Arya Wiraraja.”“Napa Raden mboten emut. Arya Wiraraja sampun ngirim saperangan pasukanipun damel mbantu Jayakatong. Mboten kanthi mekaten kita marani macan?” Nambi protes.“Pancen mangkono. Ning aku ora percaya yen Kakang Arya Wiraraja wis ngianati. Takkira dheweke ngirim bantuan iku mung politik. Aku ngerti sapa Banyak Wide.”Sadurunge Banyak Wide diangkat dadi Bupati Madura dening Kertanegara banjur nduweni gelar Arya Wiraraja. Raden Wijaya wis kenal apik karo dheweke. Raden Wijaya dhewe blajar akeh bab politik saka dheweke. Mula sakja iku, tindakan Arya Wiraraja ngirim prajurit kanggo mbantu Jayakatong dianggep dening Raden Wijaya minangka salah siji teori politik Adipati Madura iku.Sora, Nambi lan Ranggalawe banjur marani Lurah Kudadu. Karana pitulungan Lurah Kudadu iku Raden Wijaya lan mitra-mitrane pikantuk prau. Sabanjure padha nyabrang menyang Madura kanthi prau cilik iku. Sabanjure madhep Adipati Arya Wiraraja, lan ditampa kathi perasaan kaget.“Kakang Wiraraja, sliramu tamtu maklum kahananku wektu iki. Aku yakin sliramu wis ngiraira tekaku iki,” kandhane Raden Wijaya. Bupati Madura mesem sinambi ngaturi tamu-tamune lungguh kanthi tenang.“Adhi Wijaya, sliramu uga tampu wis maca bab tindakanku kanthi saperangan prajurit Madura sing tak kirim iku?”“Iku sing tak sesali. Prajurit sliramu wis ngecoh kanthi genderang perang saka elor, kamangka mungsuh sing sabenere teka saka kidul.
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 25Luwih adoh maneh Kakang wis ngorbanake prajurit bodho iku kanggo mati ing tanganku.”“Iku politik, Adhi Wijaya. Kadangkala politik mbutuhake korban jiwa saakeh-akehe utawa ora babar blas.”“Nanging, khususe aku tetep ora percaya yen Kakang iku pengkianat marang Singasari. Kakang nindakake politik iku mung kanggo nggibur Jayakatong. Kakang wis weruh nadyan tanpa bantuan prajurit Madura, Jayakatong wis menang saka arah kidul.”Arya Wiraraja mesem sinambi njingglengi pasuryane Raden Wijaya. Pandangan politik Raden Wijaya pranyata bener. Tindakan pengiriman pasukan Madura sabenere penyamaran amrih ing mripate Jayakatong. Bupati Madura iku katon nentang Singasari. Apa maneh sadurunge wis dadi kembang lambe yen Banyak Wide sing sabanjure nduweni gelar Arya Wiraraja iku oposisi Kertanegara?“Adhi Wijaya, sumurupana yen keslametan jiwamu wektu iki ana ing tangame Jayakatong. Ing ngendi-endi prajurit mungsuhmu sumebar lan siap nerkam kanthi tombake. Apa maneh sliramu panggah ngukuhi kesetiaanmu marang Kertanegara mula ora mustahil sliramu bakal nemoni nasib kang padha kaya Prabu Kertanegara. Kita pancen wongwonge Kertanegara sing setia, ning kita uga manungsa kang kudu ngukuhi urip.”“Banjur apa sing kudu tak tindake saiki?”“Balia menyang Tumapel, njaluka ngapura marang Jayakatong!”“Kakang Wiraraja!” Raden Wijaya kaget sanalika. “Apa kudu nyembah marang bekas mungsuh? Yen mung ngono aku ora perlu adoh-adoh nyabrang menyang Madura iki!”“Tenanga Adhi Wijaya, sikapmu sing tenang sethithik. Wis tak kandhakake mau yen pengin sliramu slamet. Coba sethithik mikir dawa. Endi sing luwih penting, kesetiaan utawa urip?”Raden Wijaya meneng. Mangkono uga Sora, Nambi, Ranggalawe lan liya-liyane.Tulung Adhi Ranggalawe jawab pitakonku,” pratelane Adipati Madura sabanjure. “Ing ngendi ana kesetiaan iku?”“Ing awake dhewe Kakang.”“Bener. Ing awake dhewe sing tamtune isih bisa urip ora? Sebab ora ana kesetiaan maneh marang manungsa sing wis mati. Kepriye kita bisa setia yen kita ora bisa apa-apa. Cethane yen sing penting iku urip dhisik lagi kesetiaan. Kanthi urip iku, kita bakal ngleksanakake apa wae, kalebu kesetiaan iku. Iku sebabe nyangapa tak saranake amrih Adhi Wijaya njaluk pangapura marang Jayakatong, maksude amrih sliramu dijamin urip. Urip matine manungsa pancen ing astane Gusti allah, ning manungsa bisa merjaya sapadane, kalebu kita kabeh. Politik sing taklakoni yaiku golek urip, kanggo ing tembe mburine keturunan sliramu Adhi Wijaya.” Raden Wijaya sadhar yen apa sing dikandhakake Arya Wiraraja yaiku bener. Kanggo pikantuk pangurpan ing wektu kaya iki pancen kudu kanthi pengorbanan. Raden Wijaya kudu ngorbanake perasaan, kanthi mara nyembah menyang ngarepe Jayakatong sing dadi panguwasa. Pungkasane, saransaran saka Arya Wiraraja iku ditampa kanthi becik. Sabanjure menyang Jawa. Menyang Tumapel kanggo njaluk sepura saka Jayakatong. Tamtu wae sing njamin keslamatane yaiku Arya Wiraraja sing wis pikantuk kapercayaan saka Jayakatong.Sawise kahanan negara wis tenang, Arya Wiraraja ngupaya nyedhaki Jayakatong sing ing wektu iku kabener nggoleki Raden Wijaya lan mitra-mitrane. Arya Wiraraja ngupaya amrih Jayakatong gelem nampa Raden Wijaya lan mitra-mitrane minangka abdi negara. Uga dikandhakake yen Raden Wijaya bakal nyembah lan njaluk sepura marang dheweke. Karana usaha Arya Wiraraja kasedbut pugkasane Jayakatong ngijini Raden Wijaya dalah mitramitrane mara sowan.[Ana Candhake]
26 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 EheCrita CekakOra krasa umurku jebul meh 60 taun. Tanggal 01 Januari taun ngarep aku pensiun. Pensiun saka guru SMA ing tangga kabupatenku. Mesthine menawa wis pensiun gambaran kahanan uripku beda karo wektu isih dadi guru. Menawa wektu iki esuk tangi turu sembahyang, terus ngliwet nganggo panci listrik, jalan-jalan, adus, nyandhang resik, budhal mulang, sawise pensiun mesthine ora mengkono. Menawa bubar mulang terus tekan ngomah ngaso sedhela, ngrumat uwit uwoh-uwohan neng latar lan tegalan, ngrumat angrek, lan kekembangan sarta tanduran pasren, adus, nulis nganti jam 22.30 banjur turu, mesthine sawise pensiun wektu ana ngomah luwih akeh, gambaran urip mesthi beda. Lamuannku buyar nalika krungu hp kedher, ana WA mlebu, daktiliki nomor HPne durung dakwanuhi. Bareng dakbukak saka Puspita sing isine dheweke ketua panitia Bulan Kitab Suci (BKS) paroki grejaku, dheweke jaluk kesaguhanku dadi juri lomba maca kitab suci sing sasarane kawula mudha. Aku nyaguhi. Terima kasih bapak atas kesediannya mengorbankan waktu untuk menjadi juri, ngono wangsulan WA-ne Puspita. Maca WA-ne aku banjur nggambarnggambarake menawa WA iku saka bocah wadon gek ayu pisan, awake lencir kuning, lambene tipis dhamis, rambute sepundhak, mripate blalak-blalak. “Kula Puspita, ingkang WA Bapak minggu kepengker,” kandhane bocah wadon sing nyeraki aku. Edan, gambaranku ora mleset, cocok persis, mung sadurunge aku nggambarake bluse warna soklat peteng nganggo bolero, kanyatan bluse werna kuning kunir, bolerone soklat enom.“Bapak mangga katuran tindak ruang meeting rumiyin kangge pepanggihan kalihan juri sanesipun,” aku gragapan, nanging banjur nginthil Puspita sing dhuwur awake ngluwihi aku. Tugas yuri dina iku lancar, nanging sing ngowah-owahi angenku, rasane aku pengin terus nyawang Puspita. Saparipolahe ketua panitia iku tansah dadi kawigatenku. Anggone mlaku sing trengginas nanging wirama, cara omong ana ngarep sing melu sayembara, lan carane ngaturi tamu sing rawuh dudut atiku. Basane enak dirungu, santun, lan sabar, aweh gambaran cetha wanita Jaman Noiw sing isih cekelen budaya Jawa. Mula nalika rampung ayahanku lan aku pamit bali banjur Puspita menehi kenang-kenangan marang juri lan ngeterake tekan papan parkir motor aku nglegakake takon,“Mbak Puspita lenggahipun pundi?”“Celak kok Pak, nate miyos Peken Cublak, kula celakipun, dhusun kula Jatingarang,”“Inggih, taksih sekolah, menapa?”“Taksih sekolah, Bapak?”“Wonten …..”“Yogya, Bapak,” aku banjur pamitan, dheweke ngulungake tangan ngejak salaman, motor dakstarter karo isih kober nganthuki Puspita sing mesem renyah.Rasaku ora pantes, ing atase umur meh 60 taun isih kayungyun karo bocah wadon sing sajake umur kur-kuran. Ananging aku banjur kelingan lagu-lagu sing diripta Pance Pondaag lan Ebiet G Ade sing jarene, biar kucumbui bayangmu, ngono kae. Mula sing ngerti menawa aku lagi kesengsem karo bocah wadon umur kur-kuran taun mesthine mung aku dhewe. Saking rasa sengsemku marang Puspita aku banjur nyimbingnyimbing liwat kanca sing ngerti dheweke. Banjur aku dadi ngerti jenenge lengkap, sekolahe, keluargane. Puspita umure kirakira 22 taun, mahasiswa psikologi UGM, anak barep duwe adhi siji wadon, bapake kerja kantoran, ibune guru, omahe ing enteke dhusun iiring elor. Banjur aku nyoba liwat dalan ngarep omahe sing lagi ngepasi sepi, jebul omahe
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 27gedhe latare jembar, ngarepan omah kebak uwit uwoh-uwohan lan kekembangan.Kari seminggu aku dadi guru, merga tanggal siji wulan ngarep wis pensiun. Mesthine, sawise pensiun aku dadi luwih pethel dherek mis padinan esuk jam 6, merga wektu esukku luwih longgar. Menawa akire arep dherek misa padinan ora bisa, paling ora bisa dherek misa minggon nanging ajeg, ora bolong-bolong kaya wektu iki. Lagi enak-enake ngalamun karo mlaku saka plataran greja menyang papan parkir kathik miripatku nyandhung blegere Puspita ing kadohan mlaku dhewekan. Persis kaya lagune Ebiet: ”Mengapa jiwaku mesti bergetar/ ……. Mungkin karena kulihat lagi lentik bulu matamu, bibirmu/ dan rambutmu yang kau biarkan jatuh bergerai di keningmu…. He, he tenan kuwi. Banjur aku uga mupus kaya lagune Ebiet ….. “Tapi kau tercipta bukan untukku/ itu pasti ….. biar kucumbui bayangmu, dan kusandarkan harapanku.” Banjur ana perang batin sajrone atiku, nyedhaki apa ora, pantes apa ora, senajan blegerku isih katon ngenomi, he,he. “Halo, Pak Guru,” aku noleh, Bambang putrane ketua lingkunganku nyedhaki aku.“Ana apa Mbang?”“Benjang malem Jumat BKS lingkungan jadwal pemandhunipun penjenengan lho Pak.”“Wow, iya ta,” aku mangsuli karo lingak-linguk nggoleki pernahe Puspita sing ilang saka pendelenganku. Sialan, garagara Bambamg aku kelangan moment. Hih. Ananging iya ora apa, bokmenawa kesempatan esuk methuki Puspita pancen kudu ilang. Mula aku nyengkut jangkahku menyang Pasturan kanggo jupuk buku panduan sarasehan. Bablas menyang parkiran mung kari ana motor loro, siji duwekku. Motor dakcengklak.“Bapak. Nembe kondur?” Hah, Puspita marani motor sing diparkir sandhingku.“Inggih. Inggih, sampeyan ugi nembe wangsul.”“Inggih, Bapak, pinanggih rencang lami, lajeng wicantenan kangen,” arep omong akeh-akeh tutukku rasane angel ngetokake suwara mula tibane mung amem, nganti Puspita mungkur saka sandhingku. Ninggal wewayangan endah sing ngregridhu angenku. Dinane isih esuk nalika aku wis nata daganganku ing bak buri mobil sing dakparkir ing pojok Pasar Selokaton. Limang taun kepungkur, aku wis miwiti nyoba nangkarake bibit anggrek botolan ing pot-pot komuni sing dakpapanake ing greenhouse saburi omah. Hobi dadi profesi kuwi pancen kabukten. Kanyatan sajrone wektu limang taun bibit anggrek sing dakdhedher mekar lan ngrembaka. Sebageyan ana sing wis kembang, ana sing isih rumaja, nanging uga akeh sing isih bibit cilik. Total jendral sing wis kembang kliwat sewu uwit sing nyakup sakehe jenis anggrek, dene sing isih rumaja lan bibit luwih akeh maneh cacahe. Mula nalika wektuku akeh krana wis pensiun, tanduran iku banjur dakenggo bebakulan anggrek secara manual lan online. Secara manual daktawakake ing sacedhak Pasar Selokaton saben dina Minggu, dene secara online dakpasang ing internet. Rasane kaya ora percaya nalika saka kadohan weruh Puspita nyeraki dagangan anggrekku. Aku sing isih wedangan ing angkringan sacedhak pasar sengaja ora cepet meraki. Kareben dheweke milihi anggrek sing disenengi. Ananging nalika dheweke lingaklinguk nggoleki sing bakulam, aku nyeraki.“Mangga.” Puspita sajak kaget ngerti tekaku.“Ooo, bapak njih ingkang kagungan?” aku manthukmanthuk. Puspita banjur milihi anggrek bulan watara telung pot. Anggrek bulan Taiwan lan lokal sing warna kembange ping lan kuning kunir karo jambon sulak abang. “Tindak panggenan kula kemawon menawi ngersakaken kathah pilihanipun?” “Inggih, Bapak, benjang kula sowan.” Puspita milih telung pot. Terus daktata ana bagasi mobile. Anggrek bulan trotol kuning ireng sing mesthine sijine rega kliwat satus ewu mung dakregani seket ewu. Rasaku, pengin dakwenehake wae tanpa perlu dituku, nanging rasaku iku kurang prayoga. Malah bisa semata-mata menawa aku simpati dheweke. Iya menawa dheweke nanggapi, utawa isih legan. Menawa kosokbaline, malah lara atiku.Kagiyatan pelaku usaha cilik lan menengah sajrone Gebyar Usaha Menengah Kecil dan mikrokecil (UMKM) sing digelar ing plataran Greja Pituruh mlebu dina keloro nalika Puspita nyeraki papan anggonku nggelar dagangan. Kari milihi anggrek Dendrobium sing arep dituku dheweke takon cara budidaya anggrek saka botolan tekan dadi kembang. Sawise aku nyritakake cara anggonku budidaya anggrek dheweke nawani aku kanggo nglatih warga ing papane anggone kuliyah kerja nyata (KKN) sing papane ing liya dhaerah. Kanggoku iku kalodhangan kanggo cerak karo dheweke, mula daksaguhi. Apa maneh papane ing wilayah pegunungan rumpil sing papane rada mencil. Jangkah kanggo nyedhaki luwih cerak marang Puspita dadi mangu-mangu nalika aku ketemu Andini, wanita sing nate gawe gonjing miring atiku nanging akire digondhol priya liya. Andini saiki randha anak 2 sing dadi lurah ing Selagribig papane Puspita KKN lan papan aku menehi pelatihan nandur anggrek. Liwat WA Andini ngajak ngrajut maneh tresna lawas sing nate kabuncang angin.Dina pungkasan KKN karo enteke wektu pelatihan dibarengake. Nalika pamit ing acara pepisahan aku dicandhet dening Andini kanggo sawetara wektu mampir omahe. Dene Puspita sakancane langsung tumuju kendharaan sing wis ngranti ing enteke udan plaharan. Ana perang batin jroning atiku, nuruti panjaluke Andini utawa negakake Puspita melu kendharaan rombongan KKN, senajan seminggu kepungkur dheweke wis saguh dakajak bareng bali nganggo mobilku. Aku isih dijagongi Andini nalika aku meruhi Puspita sakancane tumuju kendharaan rombongan KKN. Nanging, sakala bumi kaya horeg nalika gumuk sakiwa kantor kalurahan jugrug nggawa lemah lendhut. Aku agahan mlayu, barengi playune lemah sing campur lendhut cuwer. Mlayu, aku terus mlayu..... Yogyakarta 23 Oktober 2022
28 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 EheWacan BocahSD Inpres Randu Alas, ora suwe maneh sekolahe bakal prei dawa. Pak Guru Dalimin, guru kelas V, menehi tugas marang para muride. Tugase rada aneh, yaiku murid-muride sasuwene ngisi preinan, diwenehi tugas magang kerja. “Ha, magang kerja? Walah, Pak Dalimin iki kok ya aneh-aneh wae, ta. Lha, coba bayangke, bocah-bocah kelas V SD kaya aku iki, ditugasi magang nyambut gawe. Tugas sing aneh banget, ta?” batine Mulyadi, bocah sing kondhang ngeyel kuwi karo nggresula.“Iki dudu tugas sing aneh, bocah-bocah. Kanthi magang kerja, kowe kabeh bisa sinau mandhiri,” ujare Pak Dalimin kaya ngerti batine Mulyadi. Mulyadi babar blas ora seneng diwenehi tugas kaya mangkono. Sok ngonoa, tekan ngomah dheweke crita marang bapak lan ibune.“Wah, apik banget kuwi, Mul. Terus, arep magang nyambut gawe apa lan ana ngendi kowe?” pitakone bapakne Mulyadi temenanan.“Dereng ngertos, Pak. Lha, Pak Dalimin niku maringi tugas kok sing ora disenengi. Kula nggih taksih bingung, je, Pak,” sumaur Mulyadi. “Mul, mbok jajal kowe magang nyambut gawe ana warunge Pak Joned,” usule ibune Mulyadi. Pak Joned kuwi tanggane Mulyadi sing bukak warung dhaharan. Brengose kandel, lan dodolane pepak banget. Ing antarane yaiku sega kanthi maneka lawuh kayata sop, osengoseng, brongkos, gudheg, lodheh kluwih, lan tumis kangkung. Kejaba tangga kiwa tengen, pelanggan warunge Pak Joned iki biasane para tukang becak lan buruh pabrik.Ora ana pilihan liya, Mulyadi wusanane mung manthuk wae nalika bapakne ya nyarujuki usule bojone.Esuke, Mulyadi diterke ibune teka ana warunge Pak Joned. “Pak Joned, arepa iki mung ajar nyambut gawe, ananging yen Mulyadi anggone kerja keset, klelet, ora sigrak, aras-arasen, Pak Joned oleh nyeneni Mulyadi. Kuwi mau ben kanggo pelajaran Mulyadi, Pak,” pesene ibune Mulyadi. Pak Joned manggut-manggut mangerteni.Mulyadi ditinggal, lan ibune kondur. Pak Joned ngandhani Mulyadi apa wae gawean sing kudu ditandangi. Gaweane Mulyadi ing warung kuwi mung siji, yaiku asahasah piring lan gelas sing reged. “Sontoloyo, gaweyan sing paling daksengiti,” batine Mulyadi. Arep protes, Mulyadi ora wani. Mula, kanthi ati nggondhuk, Mulyadi mung meneng wae.Dina kuwi, Pak Joned kanthi sareh ngajari Mulyadi asah-asah piring lan gelas. Ora oleh kesusu, supaya piring lan gelase ora pecah. Pisanane Mulyadi pancen rada semangat anggone nglakoni. Ananging sangsaya suwe, aras-arasene kumat. Pak Joned isih kelingan dhawuhe ibune Mulyadi. Nalika meruhi Mulyadi mung thenguk-thenguk, Pak Joned nyeluk Mulyadi. “Mulyadiiiii. . . ., ngasahi piring!”“Mangke mawon, Pak,” sumaure Mulyadi protes.“Ech, Mulyadi, kae deloken, piring-piring lan gelas reged wis numpuk akeh ing pawon.”Mulyadi ora bisa piye-piye. Mulyadi mung manut, sebabe dheweke wedi yen dilapurake marang ibune. Kanthi aras-arasen, Mulyadi mlaku neng pawon. Mulyadi ngasahi piring lan gelas nganggo awu lan sabun. Ngasahi baka siji, alon-alon, karo raine njlekhetut mrengut elik.Dina-dina sabanjure, nganti dina pungkasan Mulyadi magang kerja, bengokan “Mulyadiiii. . . , ngasahi piring!” bola-bali mlebu metu kuping Mulyadi. Mulyadi nganti apal. Dina magang nyambut gawe wusanane rampung. Sore-sore, Mulyadi dipethuk ibune. Sadurunge mulih, Pak Joned menehi amplop marang Mulyadi.“Mul, wong nyambut gawe kuwi biasane entuk bayar. Kowe uga wis nyambut gawe, kowe uga entuk bayar. Kuwi bayarmu,” ujare Pak Joned.“Amplop punika dipunparingake kula, Pak?” pitakone Mulyadi ora percaya. Pak Joned manthuk karo mesem.“Matur nuwun, Pak,” ujare Mulyadi seneng banget. Ibune Mulyadi mesem karo ngrangkul Mulyadi.Ora let suwe, Mulyadi karo ibune pamit mulih. Tekan ngomah, Mulyadi rasane lega banget. Magang kerja wis rampung. Mulyadi wis bebas saka gawean ngasahi piring lan gelas sing paling disengiti kuwi.Lha, pokale Mulyadi wusanane bali kaya wingi uni maneh. Keset, ora gelem tumandang gawe. Bengi-bengi sabubare dhahar bareng bapak lan ibune, Mulyadi kanthi sante delehake piring reged ana meja. Mulyadi banjur mlayu ana kamar tamu, ndelok Tivi kasenengane. Bapak lan ibune Mulyadi mung pandengpandengan meruhi pokale anake sing keset kuwi. Ananging ora let suwe, bapak lan ibune Mulyadi mbengok sora sakayange. “Mulyadiiiii..., ngasahi piring!!!”***
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 29 Aksara JawaRaden Panji Inu Kertapati Saha Raden Panji SemirangTanpa nilar ing kawaspadan, Sang Pangeran Pati Jenggala gya lumaris ing pakuwonira Raden Panji Semirang tut wuri prajurit utusan. Pranyata sisip panggrahitanira Sang Pangeran Jenggala, awit sawusnya pinanggya sapejagong kalayan Raden Panji Semirang, gya tinampi kanthi tanggap gita.Raden Panji Inu Kertapati sanget anggennya angungun ing galih, dene benceng kabar kang sumebar kalayan ing kanyatan.Gya paring pangandikan mring Raden Panji Semirang:“Kisanak Raden Panji Semirang, kok jebul beda kabar kang dak rungu, lamun Nagara Asmarantaka iku papan cumondhoke para durjana kang dhemen gawe rerusuh.Harya Widada Bs.
30 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 EheMacapatTembang DolananSenamTembang/Cakepan: Sastraliwung, 1=C 2/4 Wirama GregetKabeh warga angawuninganiWulan November tanggal sadasaDinten pahlawan pangeteTansah emut satuhuNgemutaken sedaya yektiPrastawa dumados prangIng antaranipunArek Surabaya YudaNyebrataken janda kang bononceng InggrisNgejeki pulo JawaNggigah semangat warga sayektiRek arek miwah bangsa sadayaIng nusantara lumraheNgantos salajengipunKapireng saindhenging bumiSamya apa mrayogaWan keamanan tutCawe-cawe ing punikaAwit saking berkahing Kang Maha SuciKuncara SurabayaAwit sedaya wau dumadiDen pandhegani dening Bung Tama Mbrastha kabeh penjajaheTekad awujudipunNegari mandhireng pribadiPra pahlawan sedayaKathah samya gugurKurban bandha jiwa ragaAmung kangge Indonesia sayektiMardika salaminyaTumraping para mudha sayektiSasageda tansah anuladhaPangurbanan pahlawane Prayoga aneniruMrih negari tansah lestariAyeni tentrem raharjaTebih kang dahuruGuyup rukun para wargaAdil makmur kang warata sanagariNagari nuswantaraSleman, 2 Nopember 2020Hari PahlawanDening Drs. Supadi
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 31 GeguritanEdy PranotoOra Usah SedhihOra usah sedhih nokPanglipurkuGaweyan iku pancen kaya wahyuKaton cahyaneNing yen disaut sok luputKajaba sing nyaut iku bangsane dewaIsih ana kalodhangan kanggo nggayuh nokSabarLuwih kenceng anggonmu ibadahSholat wajib lan tahajut aja nganti luputYen ndonga ya sing runtutMesthi bakal diparingi gawean sing yahutTri WahyonoTresnaku AmbyarOra ngira ora ngimpiTresnaku ambyar sewalang-walangOh, Gusti kang murbeng jagatTresna kula ajur mumurNalika ibune bocah dipundhutWangsul ing ngarsane GustiTresnaku ambyarTresnaku buyarMawut salang tunjangOh, Gusti paringana kuwatNgrumat bocah ditinggal ibuneOh, Gusti paringana gantiKanggo mecaki donya ikiAmrih bocah-bocahePadha duwe panjangkaMulyake bapa-ibuneTresnaku kang ambyarBisa bali kempel kaya biyenSedurunge ibune tilar donyaAmien...Bambang NugrohoSandhanganGela kuciwaKepenak rekasaBombong mongkogKang rinasaWis dadi sandhanganUripe manungsaKari saderma kupiyaLila legawa nampaMarang kang kelakonMula kudu bisaKudu kuwawaAja nduwaKareben kelakone sedyaNganggo sandhanganeUrip MulyaKebak rasa syokur narimaBantuI, 7 September 2019Em Ha YeOra Bakal BaliJantrane mangsa kalaLumampah angarah arahTansah mantherAmecaki bebondhotan jamanOra perduli marang samubarangMlesat kadya kilatKabeh wus ginarisKabeh wus kinodratKabeh wus dadi pepesthiPrastawa gilir gumantiSungkawa bagya mulyaMinangka pratandhaLaksitaning cakra manggilinganKang tansahAngrenggani panguripanAja nganti kuciwaAja nganti kelangan budiAja nganti nyecenggring atiMring tumindak kang nerak pakartiMerga kang wus kelakonOra bakal bali
32 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe SemaranganIwak ning kolam ngarep omahku padha mlumpat, pas dak uncali pakan printhilan pur. Karo ngalamun, nyawang selayang ngrasakake kumricike banyu ngarep omahku. Pas isih kepenak ngalamun, ibu nimbali aku kanthi rada duka.“Rif!!! Kok ya mbulet iwakmu wae, iki lho ibu direwangi ngisah-isah ning mburi!” ibu radha seru nimbaline aku. Bathinku, “sih penak-penak ngalamun, malah ditimbali ibu, jan… jan….” banjur aku njawab “Nggih bu… kadospundi? Wonten dhawuh?” ibu ora mangsuli, mung nunjuk piring kotor sing biasane dikerjakake Mbak Niti rewangku.“Lho, lha Mbak Niti pundi bu bisane mbak Niti ingkang ngisah-isah? Mbok ampun Arif ta Buk sing ngisah-isah, cah lanang kok kon nandangi kerjani cah wedok” s a m b u n g k u sunguten. Karo males aku mulai nyandhaki piring kotor mau. “Bu… kok piring kotore kathah sanget, ndak wonten slametan?” aku nyoba ngejak ngobrol ibu. “Winginane bapak nembe munggah pangkat Rif, banjur bapak duwe karep gawe slametan, ya gen tangga teparo ya ngrasakke senenge dhewe…” wangsulane ibu.“Tapi ta bu, terose ustad-ustad Youtube niku slametan niku mboten pareng lho… jarene kok bid’ah haram kaya paring sesembahan kanggo sak liyane Gusti” tekonku heran. “Ngene Rif, awak dhewe iki ora urip dhewe, ya karo tanggane barang ta? Saiki yen tanggamu entuk sukses wong jeneng menungsa kuwi irinan mesti dadi paido, karepe slametan kuwi ya kanggo mbagi kesenengane awak dhewe merga entuk rejeki luwih akeh tinimbang liyane, lha yen wong iri terus arep nyilakani dhewe? Kan ora sida merga wes diparingi slametan… Kanjeng Nabi ngendika sing kudu diparingi kuwi sing cedhak-cedhak dhisik”. Ibu mangsuli kanthi sabar.Bareng dakdeloki, jebul ana kembang lan bekas menyan ning pucuk omah, “Lha niki kok wonten menyan, kembang-kembangan, terose musrik ngoten-ngoten niku jal bu?”. Ngene nang Arif, bebrayane menungsa kuwi ora mung karo makhluk kang ketok belaka, ya ana makhluk sing ora ketok, menyan kuwi kanggo nyugati tamu-tamu sing ora ketok, aja ngomongke syirik wae… yen Arif makani iwak mau syirik pora? Kenapa kok makani makhluk ora ketok dadi syirik? Malah sing bahaya kuwi, yen makhluk kuwi krasa kaya Gusti sing ora butuh diopeni”. Jelase ibu, maklum ibuku piyantun Jawa tapi duwe pendhidhikan formal sing dhuwur, dadi mirsani kaya ngono kui dadi simbol budhaya blaka.“ K a p i n g pindhone Rif dhewe iki wong Jawa, kudu ora ilang Jawane, tegese bab kabudayan luhur ngene iki kudu digemateni temenanan, yen dudu awake dhewe iki apa ya wong liya negara bakal melu ngrewangi? Ya wektu saiki pancen akeh wong-wong sing ilang Jawane merga mikire bab kabudayan ngene mesti diarani mistis, wes ora susah mikir kanthi semana, mikir wae yen omah diparingi dupa lan kembang ben wangi, virus-virus padha mati” tambahe ibuku.“Lha nggih buk, yen mboten pareng slametan ngeten njur parenge pripun nggih nggo ambagi senenge dhewe niki?” karo ngentasi piring sing uwes resik. “Yon gene iki, yen Arif durung isa mbagi senenge, yo ngewangi liyane sing susah, kae kumbahane sisan bariki di entasi ya nang…” ibu karo mesem ngacungi kumbahan ning mburi omah. “Aku meneh….” Batinku.Muhammad Rahman Athian S.Pd., M.Sn Kudu Slametan Model Kepiye Jal?
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 33Oh LelakonPainem (jeneng singlon) bocah wedok ireng manis lan duwe pawakan semok nangis sesenggukan. Dheweke nembe wae disidhang karo wong tuwane jalaran konangan anggone mbobot (meteng) tanpa ana bocah lanang tanggungjawab.Bapakne muring ora karukaruwan meruhi anak wadon mbarepe meteng telung sasi nanging ora ana pawongan bocah lanang sing ngakoni metengi anake.Ibune Painem amung ngelus dhadha karo nyebut sabar lan ditata atine bapakne Painem ngadhepi kahanan sing ora disangka-sangka. Anak wadon sing digadhanggadhang gawe kuciwane wong tuwane.Ditlesih lan ditakoni karo bapak ibune Painem ngaku ora ngerti sapa sing ngrudapeksa dheweke nganti meteng telung sasi kuwi. Dheweke ngaku menawa kedadean kuwi nalika dheweke ketemu kanca-kanca ing caffe kang asring kanggo kumpul-kumpul bocahbocah enom.Ing papan kuwi lanang wedok pada ngombe omben-omben kang njalari nganti mabuk ora sadhar. Ing kahanan ora sadhar amarga mabuk-mabukan Painem diglandhang karo bocahbocah lanang digawa mlebu mobil tumuju papan plesiran ing dhaerah Kaliurang. Ing kono grombolan bocahbocah kang mabuk kuwi wis nyiapake penginapan kanggo ngrudapeksa Painem. Painem ora duwe daya kanggo nulak napsu bejate bocah-bocah lanang kuwi. Kena diarani kaya wong pada pesta seks ing papan kuwi. Sawise pada ngumbar napsune bocah lanang-lanang mau pada minggat ninggalake Painem ing papan penginapan kuwi. Painem nganti semaput amarga ngladeni napsu bejate bocah kang pada mabuk mau. Dheweke sadhar terus nangis sesenggukan amarga bubar dirudapeksa ditinggal minggat lan nganti saiki bocah-bocah lanang mau ora ana kang ngetok.Apa maneh bocah-bocah mau amung kenal amarga asring ketemu ana ing caffe kono kuwi. Ora ngerti omahe lan alamate.Krungu critane anake bapakne Painem nuli golek cara supaya bisa nutupi wadi kang wis gawe wirang kulawargane. Aja nganti tangga teparo pada mangerteni wadi kuwi. Bapakne Painem terus lunga metu saka ngomah numpak pit montore. Bapakne Painem klebu wong sugih ing desa kono. Mula piye carane supaya wewadi iki bisa ditutupi. Bapakne Painem golek bocah lanang sing gelem ngrabeni anake supaya bayi sing ana ing njero weteng anake mbesuk ana sing tanggungjawab lan ora gawe wirang.Bocah lanang sing gelem ngrabi anake arep diwenehi pit montor weton anyar kari milih ing toko. Tenanan, ora nganggo suwe bapakne Painem nemu bocah lanang sing gelem ngrabi ethok-ethok kuwi.Painem nuli dirabekake bapakne karo bocah lanang kuwi tanpa pesta resepsi kaya umume wong duwe gawe. Tangga teparo pada diundang nyekseni ijap kabule Painem lan calone. Cukup syukuran kanggo nutupi wadi kuwi nanging ora ngurangi adat sabene wong duwe gawe. Tamu dicepaki dhahar unjukan kang prasaja.Esuk sawise pesta syukuran kahanan omahe Painem biasa-biasa wae. Bocah lanang sing gelem dadi bojone Painem uga wis ditukokake pit montor anyar. Tangga teparo ana sing mbatin kok bojone Painem ora tau ketok sawise dirabekake. Bapakne Painem ngomong menawa bojone nyambut gawe ing njaban kutha.Basan jabang bayine Painem lair bojone Painem mulih lan netepi janjine ngurus suratsurat akte lair lan liya-liyane. Sawise rampungan ngurus surat-surat kuwi Bojone Painem pamit lunga tekan saiki ora ana kabare. Bapakne Painem ora masalahake amarga wis netepi janjine. Ora nganti sasen Painem ngurus surat pegat ing pengadilan agama. Painem saiki urip karo anake sing ora ana bapakne kuwi. Bapak ibune Painem ngrumat putune kaya bocah-bocah cilik umume. Piyepiye kuwi putune. Oh lelakonmu Painem...Painem. (Tetty-Sleman) Lelakone Painem
34 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe PengalamankuOra Sedhih Nanging NgelihDurung ana sewulan iki tangga sisih kiwa omahku jenenge Mbah Marwi (78 taun) seda. Sing sangertiku Mbah Marwi kuwi tresna banget karo putune, sing omahe Jakarta arane Kartika ( 6) taun isih sekolah ana TK nol besar. Amarga covid l9 wis rong taun ora rampung-rampung, njalari Mbah Marwi ora ketemu Kartika nganti tekan sedane. Awit kuwi nalika Mas Darmono (bapake Tika) sakeluwarga teka desa, ya dadi geger. Kejaba padha tangis tangisan, suwe ora ketemu, sawise ketemu kok wis dadi mayit. Apa maneh Kartika malah semaput lan kudu diglethakake ana kamar. ”Ka aja sedhih ya ndhuk, ikhlasna simbah Marwi wis ditimbali Gusti Allah, kowe aja lemes ngene, mengko malah lara lho,” bujukku lirih karo mborei lenga kayu putih ing awake Tika. Tika banjur melek.“Wis ya ndhuk aja sedhih terus, Mbah Marwi wis sepuh banget lan gerah-gerah terus, iki ditimbali gusti Allah kanthi tenang, di ikhlaske wae,” welingku. Kocapa wangsulane Tika malah ngguyokake. “Budhe aku kuwi ora sedhih, wis tak ikhlasake wiwit isih ana Jakarta wingi, aku kuwi ngelih (luwe), bapak anggone nyetir ngebut terus kawit mau bengi metune dalan tol terus, dadi ora sempat mampir warung,“ wangsulane Tika. “Dadi kowe semaput amarga ngelih dudu sedhih,” pitakonku.“Iya budhe,” wangsulane lugu. Kocapa sawise dakcawisi sega lan lawuhan iwak pitik ya dheweke sigrak lan bagas waras. [Tri Rakanti Budiningrum]Tukang NyrempetiTangi turu isih riyip-riyip mripatku, ujug-ujug ana tangga mertamu. Tembunge kebak pengarep. “Nuwun sewu Pak, Panjenengan menapa ngasta kunci pager griya ngajengan?”Aku rada kaget, mesthi ana perlune. Biasane njilih garasi kanggo parkir. Aku jengkel, kok kaya ora ngerti yen sewayah-wayah sing duwe omah teka lan perlu parkir uga. Mula aku gage-gage nebak, “Kangge parkir Mas?”“Inggih Pak, priyayi ingkang kagungan dalem lak boten nate tilik griya ta Pak?” pitakone nggiring kareb. Aku, kosok baline wis dikethik karo sing duwe omah yen parkirane dipanggoni bola-bali kudu nylerekake pager wesi. Iki tegese gawe swara sing ora enak. Apa maneh yen mbukake esuk banget lan bengi wayah mulih saka jaba kutha. Durung tanduran kelor sing daktata saben dina, aja-aja malah dadi korban diidak-idak. Bacute aku mangsuli kaya sing dikethikake Mbak Burjo, sing kagungan omah.Mas Bejo sing lagi wae nembung markirake mobile sajake pancen khawatir tenanan. Mau bengi ana jagongan sisih gardhu, kewetu yen Pak Ngawur sing omahe nunut anake ana omah paling pojok, kedumuk kerep nyrempeti mobil liyane sing parkir ana ngarepan omah. Wis ana korban gunggunge loro lan kudu ngenthengake kanthi ragat sa-yuta setengah lan setengah yuta. Nanging kabeh padha meneng-meneng merga njaga kerukunane tangga. Mula, nalika Pak Ngawur sing umure sewidak eneman taun ngetokake mobil, sing duwe mobil lagi parkir padha gedandapan ngawasi. Wegah yen ketanggor kesrempet maneh.“Wonten menapa ta Pak?” ngerti para tangga padha metu ana ngarep pager, Mbak Larni minangka mantune Pak Ngawur kaget.“Namung berdoa Bu, supados aman kemawon,” semaure Pak Bedor sakecap nanging gawe kaget.“Berdoa kangge tetangga Bu,” semaure liyane.Ora mung pisan-pindho saben Pak Ngawur metu padha gedandapan. Pitakon bacute, apa urip kudu ngawasi polahe Pak Ngawur? Mula bener yen Mas Bejo banjur disaranake nembung garasi omah liyane.“Iya Mas kuwi sing duwe apikan. Yen ora entuk ya kebangeten, semaurku nyengkuyung. Mula wayah awane Mas Bejo banjur nembung karo sing duwe omah liyane. Mbuh lila mbuh ora, sajake diparengake. Mobile Pak Bejo saiki wis langganan parkir ana garasi omah mau. Dalan kampung sing ambane nem meteran katon lega. Yen ngene, apa kudu matur nuwun karo Mbah Ngawur? “Aku malah khawatir yen Mbah Ngawur mengko genti nyrempeti mobil sing parkir ana ndalan,” celathune Bedor gawe kuping panas. [Budi Wahyono]
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 35 Napak TilasIng Kabanaran, Sukawati sisih wetan, Pangeran Mangkubumi matengake rencana strategi perang gedhe lumawan Walanda, sing wis karancang nalika ing Rancang Kencana lan Jekawal. Sawise mateng rencanane, kanthi semangat sing wis ora bisa diendhakake, banjur ngleksanani perang gedhe. Perlawanan ing dhaerah Sukawati wiwit saka Wirasari mangidul kapimpin dening Pangeran Mangkubumi piyambak. Dhaerah Grobogan mangidul nganti Boyolali lor kapimpin dening Raden Mas Said lan Tumenggung Martapura. Sasuwene ing paprangan iku, Pangeran Mangkubumi isih tetep didheseg dening para abdi dalem, kawula, punggawa lan sentana supaya enggal kersa dijumenengake nata, ananging panjenengane isih tetep nampik, amarga tansah ngurmati Sunan Paku Buwono II sing isih jumeneng nata. Sawijining dina, Pangeran Mangkubumi nampa palapuran menawa Sunan Paku Buwono II gerah banget. Ing satengahing nandhang gerah kuwi, Sunan Paku Buwono II dipeksa Walanda, supaya nekeni prajanjen karo Walanda sing diwakili dening Gubernur V. Hohendorff. Rampung nekeni prajanjen, Sunan Paku Buwono II dipeksa uga dening Walanda supaya lereh keprabon. Saploke lereh keprabon, dhampar keprabon dadi kosong. Ora ana raja ing Mataram Tanah Jawa. Sawise Pangeran Mangkubumi midhanget palaporan kasebut lan mirengake usulane Raden Mas Said lan para abdi dalem, panjenengane banjur kersa dijumenengake nata. Ing dina Jemuah Legi 1 Sura, Alip 1675 Jawa (11 Desember 1749) Pangeran Mangkubumi kawisudha raja kanthi gelar ‘Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah Ing Mataram’. Wisudhane mapan ing Kabanaran. Prastawa iki keprungu dening Walanda. Walanda ora dadi karepe. Mula Walanda banjur nobatake putra Mahkota Sunan Paku Buwono II dadi Sunan Paku Buwono III ing Surakarta, tanggal 15 Desember 1749 Masehi. Sunan Pabuwono II sing maune nandhang gerah banget, pungkasane kapundhut dening Gusti Ingkang Maha Kuwasa ing tanggal 20 Desember 1749 lan kasarekake ing Pasareyan Dalem Kyai Ageng Henis, Laweyan, Surakarta. Sabanjure Walanda cepak-cepak arep gempur Kabanaran ing papan lenggahe Pangeran Mangkubumi. Ananging, rencanane Walanda sing arep gempur kuwi kapireng dening Pangeran Mangkubumi lumantar telik sandhi, satemah panjenengane sakulawarga enggal boyongan saka Kabanaran menyang erenge Gunung Sindoro. Sawise kuwi banjur ndhisiki nyerang Walanda ing Ambarawa, kapimpin dening Pangeran Wijil II, Pangeran Krapyak lan Tumenggung Rangga Prawira Sentika, penyerangan ing Kedu sisih lor kapimpin dening GPH Hadiwijaya, uga penyerangan benteng gedhe Ungaran sing kapimpin dening Pangeran Mangkubumi piyambak. Kanthi semangat gumregut, benteng gedhe Ungaran kasil dijebol dening Sunan Kabanaran (Pangeran Mangkubumi). Ing paprangan kang edap-edapi iki, Gubernur Jenderal Baron Van Imhoff ketiban apes, yaiku tiba kanthi luka parah, banjur gage diplayokake menyang Semarang dening serdhadhu Walanda. Ing Semarang, Gubernur Jenderal kasebut wis ora bisa ketulungan (tewas). [Lis HS]Saka Kabanaran, Wiwitane Jumeneng NataPapan tilase Pangeran Mangkubumi Kawisuda ing Kabanaran.(Foto: Herry)Pasareyane Sunan Paku Buwono II ing Pasareyan Dalem Kyai Ageng Henis, Laweyan, Surakarta. (Foto: Herry)
36 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe LiputanKanggo Mengeti lan melu pengetan HUT kaping 266 taun Kota Yogyakarta lan kanggo Mangayubagya di lantike Gubernur lan Wakil Gubernur DIY, Sri Sultan HB X - KGPAA Pakualam kaping X, seniman sing duwe multi talent, priya kelairan Yogyakarta 4 Agustus 1957, penulis Novel lan komik, Petrus Agus Herjaka utawa luwih akrab di aturi Herjaka.HS ngadani pameran Lukisan kang diwenehi tema “Ratu Adil“ di adani ing Galery Kantor Tribun Jogja, Jl. Jend.Sudirman Yogyakarta wiwit Tanggal 7 Oktober 2022 kepungkur lan Pameran Lukis karya Herjaka HS purnane tanggal 16 Oktober 2022. Rikala dheweke paring sambutan Herjaka.HS nembangake,“Rayung-rayung Tangise wong wedi mati,gendhongana, kuncenana wong mati mangsa wurunga”Tembang sing ngandhut filosofi kang jero. Ana suwara tangis kang miris, saka jalma kang wedi ketekan pati, nadyan jiwane (nyawa) wis dilebokake ana ing gedhong (di bungkus kain kafan) lan wis kakunci, sok sapaa wae wis ora bisa nolak menawa wis teka ing titi mangsa kapundhut, kabeh mau mung nunggu wektu saben jalma ing alam donya bakal bali ing alam kalanggengan.Herjaka HS ana ing ature ngandharake menawa sok sapaa wae bisa dadi ratu adil, kanggone lingkupe keluwarga lan kanggo dheweke (diri sendiri), nalika kita bisa nggawa “perubahan” lan bisa manfaat kanggone sapadhapadha, nalika peteng bisa gawe pandhanging kahanan ana ing “sekitar” satemah bisa bangun semangat lan “berkarya“ kanthi leganing manah, andharane Herjaka HS, bab pesen kasebut wis ana ing saben goresan karya-karyane.Herjaka HS ana ing pameran lukise taun iki nampilake liwat tokoh-tokoh wayang nyoba maca konteking jaman kanthi milah visual wayang kasebut, Herjaka HS pancen seniman lukis sing patut di banggakake awit anggone ngolaholah visual liwat goresan karya-karya lukise lan hasil saka pemikirane kang ora gampang kuwi bisa nuwuhake karya-karya sing duweni “demensi” kang anyar, klebu bentuk tradhisi saka figur wayang kulit diolah kanthi bumbu gaya realis dadi siji, bab iki dadi cirikhase karya-karya seniman lukis Herjaka HS.Rawuh ana ing pameran Lukis Herjaka HS, para seniman kondhang lan budayawan, Susilo Nugroho, seniman panggung Den Baguse Ngarso lan Romo Sindhunata.Den Baguse Ngarso mratelakake “Aku klebu sing seneng karo karyakaryane Herjaka.HS, mula aku nang omah duwe koleksi lukisane Herjaka ana 6 lukisan, iki mengko “Ratu Adil”Kanggo Mangayubagya HUT lan Dilantike Gubernur/WaGub DI YogyakartaKarya Herjaka. (Foto:.Bari/DL)Petrus Agus Herjaka. (Foto. Bari/DL)
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 37aku kepengin tambah siji meneh.” Pratelane.Banjur Den Baguse Ngarso nambahi ature, “Koleksi sing aku duwe salah sijine lukisan Pendhawa lima lagi lagi mainake musik keroncong, Werkudara main instrumen biola, para punakawan dadi penonton,” imbuhe.Lukisan Pendhawa Lima main musik iki, ngandhut arti yakuwi Pemimpin kuwi ya kudu bisa paring panglipur kanggo rakyat (masarakat) ora mung mligi menehi arupa bantuan, pemerintah adil kuwi ya kudu, nanging ya kudu bisa gawe panglipur, supaya rakyat bisa tentrem ayomayem, tandhese.Kepala Dinas Kebudayaan Kabupaten Bantul Yogyakarta, Nugroho Eko Setyanto (makili Bupati Kab.Bantul) paring keterangan menawa Herjaka HS salah sijine seniman kang duwe potensi sing ana ing Kabupaten Bantul Yogyakarta, Nugroho Eko Setyanto ngaku nalika nggatekake hasil karya-karyane Herjaka HS rasane mrinding (katon wingit) kaya ana roh kang urip, pratelane. “Nanging saben seniman ki pancen duweni keluwihane dhewedhewe, klebu Herjaka.HS kang nglukisake sawernane bab, mligine tokoh-tokoh wayang.“ Imbuhe.Nugroho Eko Setyanto duwe pangajab bisaa pesen sing di pesenake Herjaka HS liwat goresan lukis bab Ratu Adil iki bisa kawujud, ora ketang tuwuh ana ing manahe dhewe-dhewe, pangajabe.Herjaka.HS ing pameran nampilake 12 karya lukis kanvas, 16 karya kanthi medhia kertas lan 14 tokoh wayang kulit, kang diparingi judhul “Wayang Bangun Desa”.Tema “Ratu Adil“ iki jumbuh karo kahanan wektu iki, andharane budayawan Romo Sindhunata. sabanjure piyambake mratelakake Ratu Adil iki pancen cocog, awit wektu iki para masarakat lagi padha ngantu-ngantu anane Ratu Kang Bisa Adil (pimpinan/penguasa kang mlaku adil) kang bisa ngayomi masarakat, paring kesejahteraan kanggo rakyat, pangajabe Romo Sindhunata liwat pameran iki bisaa nuwuhake “inspirasi imajinatif” Ratu Adil iki ngandut filosofi kang luhur, pratelane. [BARI/DL]Karya-karyane Herjaka (Foto. Bari/DL)Herjaka HS nuduhake karya media kertas (Foto. Bari/DL)
38 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe PangupabogaNgandhakake kuliner soto utawa saoto, racake saben kutha ing Nuswantara iki ana sing dodolan. Soto utawa saoto, menawa dirunut sejarahe wis ana atusan taun kepungkur. Ing jaman biyen, soto dadi kulinere rakyat jelata. Larah-larahe, krana dhuwite cekak, wong cilik kepeksa ngopeni jeroan sapi, kang ora ana ajine lan ora apik kanggo kasarasan. Ora kentekan akal, kepingin mangan enak, dening rakyat jelata jeroan sapi kayata babat, wusanane dadi ubarampe kanggo olah soto. Kanthi bumbu kang sarwa prasaja, wong cilik tetep bisa mangan enak. Saiki soto wis munggah pangkate, dadi klangenane masarakat saka maneka golongan. Malah ing Pulo Jawa dhewe, awak dhewe bisa ngrahabi soto ing maneka laladan. Sebut wae kita bisa ngicipi mirasane soto Betawi, soto Bandung, soto Kudus, soto Semarang, soto (tauto) Pekalongan, soto Lamongan, soto Banjar, soto Madura, (rujak) soto Banyuwangi, soto Yogja, utawa soto Solo. Wiwit Jaman KolonialSebageyan warung soto ing dhuwur, umure ana sing wis setengah abad luwih. Krana iku, warung-warung soto kasebut bisa sinebut ‘legend’. Salah sijine yaiku Warung Soto Triwindu ing Kutha Solo, Jawa Tengah.Soto Triwindu, wis ana wiwit jaman Kolonial Walanda. Cikal bakal Soto Triwindu dirintis dening suwargi Mbah Karyoreja, persise yaiku watara taun 1939. Ing taun semono, Mbah Karyoreja wis dodolan soto nganggo pikulan. Dheweke mlaku mikul kuali isi soto blusukan kampung ing sakiwa tengen Keraton Mangkunegaran Solo. Soto gaweane Mbah Karyorejo iki rasane gurih mirasa. Wektu kuwi prasasat ora ana sing nandhingi. Krana kepranan soto gaweane Mbah Karyoreja, wusanane dening Sinuhun Mangkunegara VII, Mbah Karyoreja disilihi panggonan kanggo dodolan soto. Papan kanggo dodolan soto Mbah Karyoreja, yaiku lemah cilik nyempil ing cedhak parkiran jaran duweke Keraton Mangkunegaran. Papan kasebut ora adoh saka Pasar Windujenar. Kanthi bukak warung soto ing cedhak parkiran jaran, Mbah Karyoreja wis ora ider dodolan maneh, gentenen pelanggane sing padha mara andhok jajan. Ing sawijining kalodhangan, Wati, salah sijining ahli waris Soto Triwindu nyritakake, jaman biyen pancen Mbah Karyoreja anggone dodolan mung mlaku. Wusanane banjur diwenehi panggonan kanggo dodol dening Sinuhun Mangkunegara VII. Sauntara wektu Mbah Karyoreja magrok dodolan ing cedhak parkiran jaran kasebut. Nanging nalika Pasar Triwindu dibangun, miturut Wati, soto lan pikulane uga melu pindhah ing pasar. Wektu kuwi, usaha soto wis diwarisake marang anake wedok Mbah Karyoreja, yaiku Hj Yoso Sumarto. Nalika pindhah ing Pasar Triwindu iki, warung sotone sansaya laris. Pelanggane tambah akeh. Nalika ditakoni kena apa kok warung soto iki dijenengi Triwindu, Wati njlentrehake, satemene biyen jenenge yaiku warung Soto Pringgodani. “ M u n g w a e , pelanggane akeh sing ngarani ‘Sotone cedhak Pasar Triwindu’. Lha, jeneng Pringgodani kesilep karo jeneng Triwindu. Nganti saiki sing digunakake ya jeneng Triwindu,” Soto Triwindu SoloKaldhu Sapine Gurih Dadi Klangenane JokowiWati, salah sijining ahli waris Soto Triwndu (Foto istimewa)Soto Triwindu duduhe bening, rasa kaldhune mantep (Foto istimewa)
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 39ujare Wati nyritakake. Warung soto iki pancen makaping-kaping pindhah anggone dodolan. Bejane, papan dodolane isih tetep ing sakiwa tengen Pasar Triwindu. Krana wis kadhung kondhang kanthi jeneng Soto Triwindu, jeneng kuwi tetep dienggo nganti tekan saiki. Ya, senajan Pasar Triwindu satemene saiki wis ganti jeneng dadi Pasar Ngarsopura. Klangenane JokowiKejaba ora pati wiyar, wewangunan warung Soto Triwindu iki prasaja banget. Nanging aja kleru tampa, senajan panggonane mung prasaja, pelanggan Soto Triwindu iki akeh, ora mung saka Solo wae, nanging uga saka Ngayogyakarta, Jakarta, Surabaya, Malaysia lan papan liyane. Malah, para politisi lan artis, uga dadi pelanggan Soto Triwindu Solo. Sebut wae, suwargi Presiden KH Abdurrahman Wahid alias Gus Dur, Jenderal Purnawirawan Wiranto, Harmoko, Yusuf Mansur, penyanyi Kaka Slank, lan uga Presiden Jokowi lan kulawarga. Kabeh mau nuduhake yen warung Soto Triwindu pancen istimewa tenan.Salah sijining ciri klasik kang isih diuri-uri ing warung iki yaiku meja dhahar sing unik. Pelanggan kang lagi dhahar soto, bakal disedhiyani meja sing cedhake ana etalasene. Etalase iki gunane kanggo nyimpen maneka werna lawuh. Kepingin tambah lawuh apa, pelanggan mung kari milih.Sing mbedani Soto Triwindu lan soto liyane yaiku ing kaldhu sapine sing gurih mirasa. Kanthi kaldhu sing gurih, ndadekake rasa Soto Triwindu istimewa. Kejaba iki, daging sapi uga isih seger, dijupuk langsung saka tukang jagal. Sing ora bisa dilalekake ing soto Triwindu iki, duduhe soto bening seger. Senajan warnane bening, nanging rasa kaldhu lan daging sapine mantep banget. “Sebab, duduh soto kuwi uga digunakake kanggo nggodhok langsung daging sapine,” ujare Wati.Saliyane irisan daging sapi sing gedhi-gedhi, ing mangkok Soto Triwindu iki uga bakal ditemoni sega, thokolan seger, lan kaldhu sapi bening. Kanggo ngancani sak mangkok soto, pelanggan bisa milih maneka lawuh ing etalase, kayata urang, kikil, mendhoan, bakwan, kerupuk, paru goreng, peyek, lan uga lenthuk. Dene unjukane, kejaba teh lan jeruk, warung soto Triwindu uga nyedhiani beras kencur lan gula asem.Sing ndudut ati ing warung Soto Triwindu, anggone masak isih nggunakake kuali. Kejaba iku, anggone masak uga isih nganggo areng, dudu kompor gas. Miturut Wati, kabeh mau kanggo jaga rasane soto, supaya kaya sing diwarisake dening leluhure biyen. Senajan warung Soto Triwindu jenenge wis moncer tekan ngendiendi, ahli waris durung kepikiran bakal bukak cabang warung soto ing papan liya. Miturut Wati, kanthi bukak cabang ing liya papan, dinuga rasa sotone dadi ora padha. Yen rasa soto ing cabang mau beda, apa maneh kurang enak, bisa jalari jeneng Soto Triwindu pamore mbleret. Mula, tekan saiki durung kepikiran bakal bukak cabang ing papan liya. Menawa sutresna DL kepingin leledhang lan andhok jajan ing warung Soto Triwindu Solo, warung iki anggone bukak saka jam 6 esuk nganti jam 3 sore. Papane yaiku ing Jalan Teuku Umar No 43, Surakarta. Babagan rega, aja kuwatir, regane murwat lan ora jalari dhompete pelanggan jebol. *** (Agha)Jokowi lan kulawarga, andhok jajan ing warung Soto Triwindu (Foto istimewa)Anggone masak soto ing kuali (Foto istimewa)
40 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe KratonIstilah sengkalan asale saka tembung ‘Saka-Kala’ (taun Saka). Ana tambahan ambjad keri ‘an’ dadi sengkalan. Sing dimaksud sengkalan yaiku angka taun sing dilambangake nganggo; ukara, gambar utawa ornamen. Sengkalan sing awujud ukara (kalimat) dijenengake ‘sengkalan lamba’ lan sing awujud gambar utawa ornamen dijenengake ‘sengkalan memet’. Angka sajroning sengkalan nyakup taun Saka, taun Masehi, taun Hijriyah lan taun Jawa. Taun Saka lan taun Masehi dijenengake ‘surya sangkala’, amarga itungan (perhitungan) taun kasebut lelandhesan ubenge bumi ngubengi srengenge. Kanggo Hijriyah lan taun Jawa dijenengake ‘candra sangkala’, amarga itungan lelandhesan ubenge bulan (rembulan) ngubengi bumi. Kanggo mangerteni bagian paling wigati ing babagan sengkalan yaiku watak wilangan utawa perangan ukara (setiap kata) kang ngandhut nilai wilangan mirunggan, tegese apa bilangan mirunggan kasebut ing sajroning sengkalan duweni nilai 1, 2, 3, 4, 5, 6, 8, 9, lan 0. Mula ukara (kata-kata) sing digunakake sajroning sengkalan kudu ukara sing ngandhut utawa ‘watak wilangan’. Ringkese ukara sing ngandhut utawa duweni watak wilangan bisa dijelasake;1. Watak siji; samubarang barang (benda) sing cacahe mung siji, samubarang wewangunane bunder, insan (manusia).2. Watak loro; samubarang sing cacahe loro.3. Watak telu; geni (api) utawa samubarang sing ngandhut geni.4. Watak papat; banyu (air) lan ukara-ukara (kata-kata) sing ngandhut teges ‘gawe’ (membuat).5. Watak lima; raseksa (raksasa), panah lan angin.6. Watak enem; rasa (perasaan), ukara-ukara sing ngandhut teges obah (bergerak), kayu lan kewan asikil enem (insect).7. Watak pitu; pendhita, gunung, jaran (kuda) lan titihan.8. Watak wolu; brahmana, gajah lan kewan melata (reptil).9. Watak sanga; dewa lan sambubarang-samubarang (benda-benda) sing berlubang.10. Watak nol; ukara-ukara sing ngandhut teges ‘ora ana (tidak ada)’, langit/angkasa, lan ukaraukara sing ngandhut teges ‘dhuwur (tinggi)’. Pedoman cacah wolu milih tembung kanggo nyusun sengkalan;1. Guru Dasanama (persamaan arti kata). Kata-kata sing duweni teges padha, kayata; gunung, prawata, haldaka, giri lan liyane.2. Guru Sastra (persamaan kata). Kata-kata sing duweni tulisan sing padha dianggep duweni watak wilangan padha, kayata; esthi ateges gajah.3. Guru Warga (persamaan golongan). Kata-kata sing duweni persamaan golongan dianggep duweni watak wilangan sing padha, kayata; matahari, rembulan (bulan), bumi duweni watak wilangan 1. 4. Guru Wanda (persamaan suku Sengkalan ing Kraton NgayogyakartaSengkalan memet ing Bangsal Manis. (Foto: Herry)
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 41kata). Kata-kata sing duweni suku kata utawa unine (bunyi) sing padha dianggep duweni watak wilangan sing padha, kayata; kata dadi lan waudadiduweni watak wilangan padha yaiku 4.5. Guru Sarana (persamaan fungsi). Sarana utawa alat, watak wilangane dianggep padha karo fungsine, kayata; lidah (ilat) karo rasa.6. Guru Karya (persamaan sifat kerjanya). Barang/benda lan kerjane, watak wilangan dianggep padha, kayata; mata karo mandeng.7. Guru Darwa (persamaan sifat). Sifat suatu barang/benda dianggep duweni watak wilangan padha, karo barang/benda iku (sendiri), kayata; api karo panas.8. Guru Jarwa (persamaan arti/makna). Tembung-tembung sing duweni persamaan arti/makna dianggep duweni watak wilangan sing padha, kayata; retu, obah lan horeg.Cara maca sengkalan;Kanggo maca sengkalan, ukara diwaca saka ngarep nganti buri, nanging angka sing kakandhut sajroning ukara sengkalan kasebut diwaca saka buri mangarep. Sengkalan lamba, tegese angka taun sing nuduhake prastawa mirunggan diwujudake kanthi ukara, yaiku sing katatah ing wewangunan utawa sing ora katulis (katulis ing buku, tembang lan liyane), Contone sengkalan lamba sing katulis ing sangarepe Museum Sultan HB IX ‘Kaheksi Nagaraja Manjing Kedhaton’ tegese taun 1992 Masehi (surya sengkala) lan ‘Panca Sembah Dewa Nata’ tegese taun 1925 Jawa (candra sengkala).Sengkalan memet yaiku sengkalan (penunjukan angka taun) arupa gambar, lukisan, ornamen utawa ukiran. Ing kraton Ngayogyakarta akeh sengkalan memet sing terukir ing saperangan bagian bangunan kraton. Meh kabeh sengkalan memet ing Kraton Ngayogyakarta ora dieloni (diikuti) sengkalan lamba sing bisa jelasake arti angka taun sing ana ing sengkalan memet, satemah kadhangkala kangelan anggone nafsirake watak wilangan sing ana ing ukiran gambar, ukiran utawa gambar saka sengkalan memet kasebut, contone; 1. ‘Dwi Naga Rasa Tunggal’,tegese taun 1682 Jawa (candra sengkala), wujude naga cacah loro buntute ubet-ubetan (saling melilit), mapane ing Baturana sisih lor Regol Kamagangan lan uga mapan ing Baturana Regol Gadhung Mlathi, Kamandhungan2. ‘Jagad Asta Wiwara Narpati’,tegese taun 1921 Masehi (surya sengkala), mapane ing pucuke Regol Danapratapa, wujude tangan nyekel bunderan lan bola dunia kanthi simbol Kraton Ngayogyakarta lan candra sengkala ‘Kaluwihane Yaksa Slira Aji’ tegese taun 1851 Jawa, wujude; Godhong Kluwih, Yaksa, Slira (kewan biawak), Aji diwakili dening ‘Cihnaning Pribadi’ (gambar Haba VIII). Kuwi kabeh kanggo mengeti taun Jumenenge Nata Sultan HB VIII.3. ‘Werdu Yaksa Naga Raja’ tegese taun 1853 Jawa (candra sengkala), mapane ing pagere Bangsal Manis, kanggo pengetan pemugarane Bangsal Manis, wujude Naga cacah loro ngagem mahkota lan kemamang ing rambute ana lintah cacah siji. 4. ‘Panca Gana Slira Tunggal’ tegese taun 1865 Jawa (candra sengkala), mapane ing Pagelaran sisih lor, wujude ‘Kumbang cacah lima, biawak cacah siji’ kanggo pengetan pemugarane lan ‘Catur Trisula Kembang Lata’ taun 1934 Masehi (surya sengkala), wujude panah cacah papat bermata trisula, kembang lan godhong (lata). (Herry SG).Sumber: Seratan Sengkalan, Ir KRT H Widya Sengkalan lamba sangarepe Museum Sultan HB X. (Foto: Herry)Sengkalan memet ing regol Danapratapa. (Foto: Herry)
42 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe TradhisiFestival Bregada Rakyat DIYBali Kagelar Secara LangsungAwan kuwi dalan Malioboro ora kaya biasane, masarakat Yogyakarta, enom tuwa, bocah cilik wis padha ngebaki ana ing pinggiran dalan Malioboro Yogyakarta, para masarakat kota Yogyakarta padha ngebaki pinggiran dalan malioboro ora liya duwe tujuan kang padha ya kuwi kepingin nyekseke arak-arakan para seniman keprajuritan rakyat sing cacahe 1000 prajurit sing teka saka 4 kabupaten lan kota DI.Yogyakarta, sing padha melu dadi pasarta Festival Bregada Rakyat DIY kaping 10, para prajurit rakyat DIY kuwi padha baris tan kaya tentara langkahe kang teges, rapi manut suara iringan irama musik khas Mataraman saka wilayahe dhewe-dhewe.Nalika ketua panitia festival bregada rakyat DIY kaping 10 piyambake kelebu ketua Sekber Keistimewaan DIY Widihasto Wasana Putra patemon karo awak media pratelekake menawa pagelaran kang padha lan rutin diadani wiwit taun 2012 kepungkur duwe tujuan kanggo nggedhekake semangat kelompok Bregada Rakyat sing ana ing tlatah DI.Yogyakarta. Kirab para seniman wektu iki dadi “sajian” kanggo ngrengsengake pariwisata kabudayan sing ana wilayah Yogyakarta lan sakiwa-tengene mligine budaya Pasarta Festival. (Foto: Bari/DL)Bregada perjurit Ngestiharjo Kabupaten Bantul.(Foto: Bari/DL)
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 43keprejuritan Kraton Mataraman Ngayogyakarta , kabukti bab iki bisa dadekake “sajian” atraksi kang bisa ngresengake pariwisata “awak dhewe bisa nyawang seka benteng Vredeburg tekan pojoking Dalan Malioboro di kebaki ora mung saka masarakat Yogyakarta nanging saka para wisatawan manca lan lokal,” ature Widihasto.Widihasto nambahi keterangan menawa festival Bregada Rakyat DIY iki uga duwe tujuan yaiku rasa sukur para warga masarakat Ngayogyokarto Hadiningrat, mligine para seniman sing teka saka 4 wilayah (Sleman, Bantul, Kulon Progo, Gunung Kidul) lan Kota Yogyakarta, rasa sukur awit pelantikan Gubernur lan Wakil Gubernur DIY, Sri Sultan HB X lan KGPAA Paku alam kaping X (masa jabatan 2022 - 2027) sawetara kuwi kinurmatan saka ajang festival bregada iki ana telu ya kuwi, dadekake tali simpule dadi luwih kuat ana ing babagan budaya, menehi kesempatan kahanan lan nggendhekake semangat kanggo para pelaku seni keprajuritan.Widihasto wasana Putra duwe pangajab bisaa bab kuwi bisa nambahi semangat kanggo para seniman sing isih gelem nguringuri kabudayan kaprajuritan Kraton Mataraman, pangajabpe.Nalika pandhemi lagi nedhengnedhenge Festival Bregada Rakyat DIY tetep di adani najan anggone ngadani kanti cara virtual “Lega rasane taun iki Festival Bregada Rakyat DIY bisa diadani kanti cara Luring, awit wis anane kelonggaran saka pemerintah”, tambahe. Kanthi kelonggaran kasebut para seniman kaprajuritan saka 4 Wilayah lan Kota sasat kaya duwe semangat kang anyar para seniman saka 4 Wilayah lan Kota padha melu nyengkuyung Festival Bregada Rakyat DIY iki.Nalika DL nemoni salah sijine pasarta Festival bregada saka tlatah Kulon Progo dheweke ngandharake, “Remen sanget saged tumut festival menika Mas, bab saget juara Alhamdulilah mboten juara mboten masalah kanggene bregada Kulon Progo, ingkang baku saget partisipasi lan saget tumut manghayubagya awit dipun lantikipun Sri Sultan HB X lan Wakil Gubernur KGPAA Paku Alam X kanti lancar mboten wonten rubeda satunggil menapa, saestu raosipun sampun mongkog” A Taun iki Widihasto ngaturi 20 kelompok lan 2 kelompok ekbisi saka kelompok bregada Panji Parentah lan Paguyuban Onthel Yogyakarta, ing saben taune pasartone beda-beda, kareben kabeh bisa ngrasakake kepiye nalika Kirab kasebut di seksekake karo masarakat klebu karo para wisatawan sing lagi wisata ing kota Yogyakarta lan tlatah DI.Yogyakarta.Kirab para bregada prejurit rakyat DIY iki kabiji nalika mlebu ing benteng Vredeburg Yogyakarta para juri ana 5, ya kuwi Kanjeng Raden Tumenggung Wiraningrat (saka Kraton Ngayogyakarta), BPH Kusuma Bimantara Saka Kadipaten Pakualaman, Letkol Inf.Helmi saka Danyon 403 / Wirasada Pratista, Tazbir Abdullah saka pemerhati pariwisata lan Rudolf Iten saka pemerhati seni budaya (Saka Negara Swis). Para pasarta Festival Bregada Rakyat DIY kasebut padha “unjuk keprigelane dhewe-dhewe kanggo ngranggeh juwara, pengaji-aji para pasarta festival kasebut arupa piala, piagam lan dhuwit pembinaan sing totale 50 Juta Rupiah.Pambiji (penilaian) ana ing Festival Bregada Rakyat DIY taun 2022 iki, ya kuwi, tata lampah, tata busana klebu serasine lampah karo suwara wirama musikke.[BARI/DL]Bregada Perjurit Kraton. (Foto: Bari/DL)Widihasta wasana putra. (Foto: Bari/DL)
44 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe LiputanSenajan dadi wahana ngangen-angen wektu kepungkur lan nyritakake lara lapa saka sebagean laku jantra panguripane, ananging temu kangen ing Civita Youth Camp sing mapan ing Jl. Cimandiri 50, RT 04/RW 05, Cipayung, Ciputat 15401, Tangerang Selatan, Banten aweh daya surung kanggo tetep mapag kahanan panguripan sing kebak suka gambira. Jalaran, miturut panata adicara Mas Stefanus S Surya Atmaja pawongan kang kagungan yuswa sawise 60 taun bakal tetep sehat sauger penggalih lan pikiran ora akeh kebandholan sanggan (beban). Ing patemon dina sepisan sing lumaku Jumuwah, 14 Oktober 2022 antarane jam 21.00 -23.30 iki Mas Surya mratelakake tresna iku ngalahake sakabehe klebu lelara kang ngamcam. Jalaran, pawongan kang akeh susah lan ngrasa abot ngadhepi kahanan urip iku gampang kaserang lelara klebu kanker sing racake banjur nyerang bagean awak sing paling ringkih kaya payudara, dhadha, lan padharan. Tresna sing banjur nglairake rasa sumarah, rila, ora nyimpen kuciwa, lan pangigit- igit bakal mikuwati santosane salira temah kuwawa ngendhani ancaman lelara luwih-luwih menawi dikantheni cak-cakan panguripan saras (pola hidup sehat). Dudutan sing diaturake Mas Surya gepokan karo adicara udhar rasa (sharing) sing diwiwiti saka Sri Murtini mantana guru sing wis dadi randha nalika umur isih enom banget. Sebutan randha pranyata dadi sanggan ing tengahe masarakat sing patriarkat, wong lanang sing kuwasa sajrone keluwarga. Disusul Sri Hartatik saka Bali sing nyritakake anggone kena kanker payudara lan bisa mari pulih kaya wingi uni sawise butuhake perjuwangan sing suwe. Pratelan saka Lidwina sing lenggahe saiki ana Kemayoran nyritakake beban berat nalika TEMU KANGEN ING CIVITANgronce Crita Endah MilangoniPara alumnus SMPK Klepu lulusan 1969 saka temu alumni ing Civita mampir ing Greja Weleri, papan makaryane Rama Karta Sudarma Pr(Foto: Ist)Tukar pengalaman antarane alumnus SMPK Klepu lulusan 1969 ing Civita(Foto: Ist)
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 45putrane sing ketua OSIS ing SMA Kanisius Jakarta diwetokake saka sekolahan amarga konangan bantu menehi jawaban marang kancane nalika ulangan harian (2003) Beda maneh pengalaman Br Pay wis nate tugas ing sakehe negara Eropa lan Amerika Latin. Nalika dadi kepala sekolah ing sawijine SMP ana muride kejepit lawang. Mula age-age bocah digawa menyang rumah sakit merga jenthike kiwir-kiwir. Bubar iku banjur dieterake bali menyang omahe. Liya wektu nalika niliki bocah sing nemu kacilakan iku ibune bocah mau ngajak tumindak sing ora samesthine. Bokmenawa wanita iku kasepen krana wis ditinggal garwane menyang mancanagara. Mesthi wae nolak pangajak sing nerak kasusilan iki. Nalika pamit arep bali pranyata lawange dikunci dening wanita iku karo tetep ngrimuk Bruder diajak sesambungan kaya dene wong kaluwarga. Kanthi tlaten mula banjur aweh pangerten m e n a w a t u m i n d a k m a n g k o n o kejaba nglanggar angger agama lan nagara uga duweni buntut ora prayoga mengkone (1998). Sawise iku Retno Rahayuning Triwulan sing mantan bidan uga mratelakake menawa sawetara lelara ngencoki dheweke. Saka . kanker payudara (1994), operasi ambeien (1998), tekan operasi saraf kejepit (2010)..Temu kangen alumni SMP Kanisius Klepu, Minggir, Sleman, DI Yogyakarta sing mapan ing Civita Youth Camp, sawenehe layanan pastoral sing arupa omah retret sing madeg taun 1974 sarta ditangani dening Sarekat JesusProvinsi Indonesia bebarengan karo Tarekat Carolus Boromeus iki uga dadi ajang padha dene mikuwati ing babagan kapribaden lan solidaritas. Tekan wektu iki isih watara ana 60 alumni sing manunggal sajrone Komunitas Amemayu Insan Lentera (KAIL) sing lulusan taun 1969 lan alumnine para biarawan (rama, bruder, suster) nate ngayahi jejibahan sumebar menyang sakehe papan klebu ing mancanagara kaya Thailand, Filipina, Chili, Myanmar, AS, Australia, PNG, lan negara-negaras Eropa. Senajan adoh-adoh papane ananging ing kala mangsa temu kangen sebagean padha bisa rawuh. Kanggo nglanggengake paguyuban saben rong wulan sepisan ana patemon sing mapan ing dalem salah sijine alumni secara gilir lan setaun sepisan temu kangen bebarengan. Diajab kekancan sing manjing sumadulur iki aweh gambaran cetha menawa kanggo guyub, rukun, lan perdulen iku perlu sesambungan terus senajan liwat HP utawa langsung temu dharat.*Suhindriyo / DL Sanajan yuswane wis purnakarya nanging isih gaul (Foto: Ist)Foto bebarengan ing sangarepe reca Pieta ing sapinggire tlaga ing lingkungan Civita Youth Camp(Foto: Ist)Foto bareng ing sapinggire tlaga sajroning Civita Youth Camp (Foto: Ist)
46 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 EheWisataPara sutresna pamaos Djaka Lodang, bokbilih saking sedaya pamaos kathah ingkang remen nglodhangaken wekdal tindak sesarengan keluwarga utawa rencang saperlu wisata mirsani suwasana papan ingkang damel remening manah.Kados ingkang pun lampahi penulis menika. Ing wekdal kepengker penulis sareng-sareng keluwarga saha rencang murugi papan wisata ingkang wonten ing tlatah Kulon Progo. Papan wisata menika naminipun: PUNCAK SAKA utawi NEGRI Dl ATAS AWAN. Dene papanipun wonten ing Dhusun Klajuran, Tanjung Harjo, Nanggulan, Kulon Progo, Daerah Istimewa Yogyakarta.Papan wisata menika papanipun wonten ing pucuking Gumuk lan Wisata Puncak Saka Nanggulan Kulonprogo Dalan kanggo mlebu menyang wisata Puncak Saka (Foto: Jumilah)Grup band kanggo paring panglipur marang wisatawan (Foto: Jumilah)
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 47radosanipun wanci nanjak ugi boten saget sliringan kalihan kendharaan rodha sekawan sanes. Nanging para kadang boten sisah kuwatir awit redi nuju Puncak Saka menika sampun dipunjagi kalihan para wiranom ing dhusun kasebat ingkang kapitados ngatur lancaripun lampah para kadang ingkang melancong wonten ing Puncak Saka menika.Mbokbilih menawi dereng nate dumugi Puncak Saka para kadang tasih kathah pitakenan, kados menapa Puncak Saka menika? Nanging menawi sampun dumugi para kadang temtu badhe mbatos; “Wooouw kanyata ingkang ngrawuhi kathah“ he..he...he.., kados penulis ingkang pun raosaken, ing batos ugi mungun dene kendharaan rodha sekawan sampun kathah ingkang parkir lan kathah para kadang ingkang sampun rawuh rumiyin ingkang sama tindak-tindak menikmati suwasana alam Puncak Saka. Wonten ingkang sama lenggahan ing papan pilihanipun piyambak-piyambak sinambi menikmati para musisi ngidungaken tembang kenangan. Ugi wonten ingkang sami dhahar kembul sareng keluwarga miturut pesenanipun. Lan ingkang kalihan putra alit, larene saget renang wonten papan ingkang sampun cumawis. Ingkang nindakaken sholat ugi sampun cumawis papan kangge ibadah sholat.Puncak Saka menika wanci endah lan nengsemaken. Swasana alam menawi nembe padhang, langit biru rinenggan mega putih kang kadya kapas. Larikan sawah kanthi tetanduran sing katon ijo royo-royo dayakake rasa ayem neng ati nadjan ora duweni. Renteping pomahan ing desa-desa saka kadohan disawang wis katon madani lumrahe kutha. Apamaneh yen wektu wis nyedhaki angslupe srengenge, lampu-lampu ing Puncak Saka sing wiwit madhangi alam Puncak Saka, lan saka kadohan sing ora kalah yaiku padhange lampulampu desa sing pating krelip, estu swasana menika sangsaya nambah rasa neng ati tansah eling marang kuwasaning Gusti. *** [Jumilah]Saka Puncak Saka nyawang sesawangan ing sakiwa tengene (Foto: Ist)Punjere papan wisata Puncak Saka (Foto: Jumilah)
48 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe
Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 49PanggungPriya kang duwe profesi minangka dhosen ing Universitas Negeri Yogyakarta iki klebu priyayi pametri budaya kang asmane kawentar ing kalangan akademisi apadene sastrawan lan budayawan. Priya lairan Nganjuk, 16 September 1971 iki asmane DR. Purwadi, S.S.,M.Hum, nanging kondhang kanthi sebutan Pak Pur.Dr. Purwadi, S.S., M.Hum, kang ahli ing babagan Sastra lan Budaya Jawa iki minangka dhosen ing Fakultas Bahasa lan Seni Universitas Negeri Yogyakarta, Jurusan Pendidikan Bahasa Dhaerah. “Wonten donyaning pendhidhikan kula gadhah pengalaman mucal mata kuliah Seni Karawitan I, Folklor Jawa, Ekspresi Lisan Lanjut, Sejarah Sastra, Sejarah Sastra Jawa, Pranata Sosial Jawa, Puisi Jawa Modern, Seni Karawitan II, Sejarah Kebudayaan Jawa, Seni Tembang II, Ekspresi Lisan III, Nyekar Macapat, Nyekar Dolanan, Sekar Gendhing, Filsafat Jawa, Kajian Sastra Jawa, Penulisan Karya Ilmiah, kejawi menika ugi pengajiaji sarta piagam penghargaan minangka narasumber kadosdene ‘Satya Lencana X taun, Certificat as speaker in International Seminar of Oral Traditions VII, Piagam Penghargaan Gebyar Kreasi Perempuan Paguyuban Mustoko Putri Yogyakarta 2012, Piagam Penghargaan Narasumber saking Serdang Bedagai, Sertifikat Seminar Hasil Implementasi Lesson Study FBS UNY, Sertifikat Seminar Nasional UNY, taksih kathah malih penggaji-aji sanesipun,” ngendikane Pak Pur nerangake bab pengalaman lan pengaji-aji kang disandhang.Kejaba iku Pak Pur uga priyayi kang kondhang ing lingkungan mahasiswa utawa mahasiswi (S1) apadene (S2) kang ora pelit marang ilmune. Kepara sapa wae kang kepengin nggegulang seni budaya mligine nyekar utawa nggamel dicawisake papan uga gamelan kanggo gladhen. Papan gladhen ing daleme yaiku Perum Minomartani, Jl. Kakap Raya No. 36 Minomartani, Sleman, Yogyakarta.“Kula remen sanget menawi kathah wiranem ingkang tresna budaya, kejawi gladhen gratis wonten griya kula mangga kula siapaken unjukan ugi klethikan. Saestu kula gadhah pangajab supados warisan leluhur ingkang adiluhun menika tetep lestantun, ngrembaka saindhenging donya saha boten kaseser kalihan kabudayan sanes,” ngendikane Pak Dhosen kang uga dhalang kawentar kanthi semangat.Dr. Purwadi, S.S.,M.Hum pancen pametri budaya kang akeh labuh labete ing jagad seni budaya, piyambake uga akeh ngripta tembang dolanan, tembang macapat sarta tembang-tembang Jawa liyane. Kepara Pak Pur uga akeh pentas nggelar wayang kulit ora mligi ana wilayah Jawa Tengah lan DIY wae nanging uga tekan jaban kutha kayadene Malang, Surabaya, Nganjuk, Madiun, kepara tekan Sumatera Utara (Serdang Bedagai) lan dhaerah liyane.Pak Pur uga tansah disengkuyung dening garwane Sari Indah Setiani, sarta para putra kang kabeh wasis nabuh gamelan yaiku Adityo Jatmiko, Aryo Bimo Setianto lan Anindito Wisnu Prasetyo. Tatiek Kalingga/DLDr. Purwadi, S.S., M.HumDhosen Wegig Ngripta Tembang Uga DhalangKanthi busana padinan(FT : Ist/Kalingga/DL)Dr. Purwadi, S.S., M.Hum sadurunge ana panggung (FT : Ist/Kalingga/DL)
50 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 EheGUYON FX. SubrotoSatleramanPriya kang duwe profesi minangka tenaga dhidhik utawa guru ing maneka sekolahan kang ana Jakarta iki, pancen bisa ndudut kawigaten para penikmat seni tradhisional mligine seni gamelan. Priya kang asmane Sunarso, S.Sn nanging luwih akrab diaturi Pak Narso. Pengalaman ing donyane pendhidhikan pancen wis komplit kaya kang diaturake, “Kula nate ngajar wonten SMP Katolik Damai Hati Kudus Jakarta Barat, ingkang damel mongkog siswa ingkang kula bimbing nate pikantuk juwara nasional wonten Lomba Melukis. Saestu pengalaman ingkang dados kenangan endah ningali siswa dhidhik nyandhang juwara Nasional.”Kejaba iku Sunarso, S.Sn kang lair ing Sragen, 01 April 1965 pancen wis ‘malang melintang’ ing profesi guru kang ditekuni. Akeh siswane kang bisa nyandhang juwara nalika melu sayembara seni budaya, Pak Narso kang nate ngajar ing SMA Katolik Sang Timur Karmel Kebon Jeruk, Jakarta Barat iki uga rumangsa marem menawa anak dhidhike bisa menang lomba.“Kula ugi ngajar karawitan wonten Kompas TV, Mahasiswa Umum, para karyawan, asring kangge Bintang Tamu grup Karawitan Bentara Budaya Kompas Gramedia Jakarta. Kejawi menika ugi ngajar karawitan Grup Duta Bandara Jl. Prancis Tangerang. Saestu tumrap kula pribadi nggegulang seni budaya sampun nyawiji wonten manah, sinaosa kula mapan wonten Jakarta nanging kangge ndherek nguri-uri sarta ngrembakaken seni budaya kula tindakaken dumugi samenika,” ngendikane Pak Narso bab kegiyatan kang ditindakake ing donyane seni.Sunarso, S.Sn klebu ‘pengendhang’ kang pilih tandhing ing Grup Seni Budaya “Sekar Melati’ Jakarta pimpinan Drs. Sumiyarsono, MM. Apamaneh Pak Narso uga asring dadi Bintang Tamu Pengendhang, keahlian mainake alat musik tradhisional Kendhang pancen kawentar tekan wilayah liyane.Tekan wektu iki Sunarso, S.Sn isih aktif ngajar Seni Budaya klebu Karawitan ing SMP lan SMA Cengkareng 1, Cengkareng, Jakarta Barat, sarta ngasta ekstra kurilkuler ing SMP Penabur 2 Jakarta Pusat.Pak Narso uga kagungan pangajab, seni budaya kang dadi warisan leluhur iki bisa tetep lestari lan ngrembaka ora mligi ing Nusantara nanging bisa ditresnani ing manca negara. “Mugi-mugi kawula mudha ugi saged nresnani kabudayanipun piyambak, kepara saged ngrembakaken kanthi cara teknologi ingkang sarwa majeng dhateng para mudha ingkang papanipun tebih. Kanthi mekaten seni budaya badhe tetep ngrembaka boten badhe kagiles lampahipun jaman,” Pak Narso mungkasi pangandikane. Tatiek Kalingga/DLSunarso, S.SnGuru Seni Budaya Uga Pengendhang KondhangSunarso, S.Sn diampingi garwaFT : Ist/Kalingga/DL