Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 51“Mas, aku Siti Marpuah dudu Sumiati!” sing disaruwe kaget lan semu kisinan.Siti Marpuah, kaya melu ngrasakake panandhange mitrane kuwi. Wiwit wengi kuwi, Siti Marpuah tansah taberi nglipur atine Marsono saben ana cedhake. Kaya nalika musike sida main neng ngarepe rombongan touris Jerman, kang luwih saka wong sepuluh, merga panjurunge Siti, penampilane kepetung sukses. Sing kinaran sukses ora mung perkara pentas wengi kuwi wae nanging neng pentas kuwi Marsono nyoba nggawa asil lukisane sing awujud pemandhangan gisike segara lan potrete cewek Jerman sing dilukis dhekemben uga payu dituku sing dilukis. Nggawa lukisan telu cacahe sing didudohake marang touris payu loro. Kejaba kuwi neng dina sateruse bregada kronconge saya akeh sing nyeluk neng sadhengah acara. Ana uga pihak liya kang kasengsem karo kronconge. Sasi candhake, bregadane nate diundang tamu wisata saka Jepang. Manggone ora mung sadrema neng penginepan cilik kaya sing uwis. Malem Kamis pungkasan sasi kuwi diundang pihak hotel kang kapetung gedhe. Arane: Hotel Mutiara, sing mapane ana kiwa-tengene Malioboro. Grupe main kompak lan apik kanthi vocal pasangan utawa dhuwet kang ditandangi dening Marsono lan Siti Marpuah. Malah nate ana pihak hotel sing kepengin ngontrak grupe nanging Marsono sabalane gemang merga rumangsa ora mardika. Gancange crita, suwe-suwe pawongan loro kuwi dadi pasangan mudha-mudhi sing tansah reruntungan menyang ngendi lan lagi apa wae. Kejaba yen wancine Marsono ngeloni pamulangan. Nanging yen Marsono lagi nggarap lukisan neng sajabane jam lan lokasi sekolah, Parang Tritis upamane, Siti Marpuah tansah sumandhing lan sumandhing. Pancen sasuwene iki meh ana patang wulan lelorone durung nate muwus prajanjen kaprasetyan nanging lakune sesrawungan wis kaya kutut kepulut kang saya lulut.“Nggone sampeyan ngancani aku nglukis iki kira-kira sing keri dhewe lho Dhik,” semantane Marsono, nalika dikancani nglukis neng jero Kebon Kewan Gembira Loka.“Kok ngono?” saut takone.“Aku neng Yogja rak kari telung wulanan. Sedhela maneh sapurnane tugas akhirku pameran neng Magelang, aku ujian akhir. Rampung ujian, lulus rakya terus mulih, nggawa ijasah!” kojahe, karo ngaso, saka anggone coratcoret, durung rampung.“Hla apa ora kuliyah neng IKIP utawa ASRI Yogja? (saiki jenenge ISI Yogyakarta)” sing dikandhani, nyelathu sajak kurang eklas.“Dhik, aku kudu bali menyang lemah klairanku. Aku kudu ngancani lan rerewang ibu, ngopeni adhikku sing isih SD lan SMP. Ibuku saiki wis randha,” pratelane karo nyawang teges sing dijak omongan.“Jan-jane aku…” guneme ora tutug, merga ana luh sing ora karancang metu saka pojok mripate.“Aku ngerti kok sampeyan gemati marang aku! Maturnuwun kawigaten sampeyan marang aku sasuwene iki. Aku ora bisa ninggali apa-apa minangka piwales,” tutuge caturan.“Mas..!” mung kuwi sambunge, karo sirahe disendhekake ana pundhake Marsono.“Aku bisa micara basa manca, bisa duwe pengalaman ngroncong, ya lumantar tepung lan srawungku karo sampeyan,” suwara guneme ora banter nanging keprungu tekan telenge ati.“Kuwi mung kapinujon wae Mas. Sing bisa micara minangka guidelan nabuh cukulele rak ora mung aku?” tembunge ngledhehake ati.“Nanging tumrap aku, ya sampeyan sing nggulawenthah aku, duwe akeh kaweruh sasuwene ana Yogja,” srekale gawe bombonge atine sing ditanduki ukarane.“Uga merga sampeyan ta aku duwe kenalan seniman. Gayeng lho caturan lan srawung karo seniman kuwi Mas!” timbangane pangalembana.“Aku durung kena diarani seniman Dhik!” selake.“Njur diarani apa?” Tambuhe.“Senewen, merga dicidrani tresna!” karepe ngrasani Sumiati. Wong loro cekikikan kabacutake…“Aku, ora bakal cidra Mas, aku tresna Sampeyan!” guneme mbarengi ngaras pipine Marsono. Sing diaras njondhil sanalika.[ana candhake]IjasahSambunge kaca 2Sing dirangkul rada njenggirat awit rasane rangkulan rinasa seje
52 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022 Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 EheAlumni SMP Kanisius Klepu, Sendangmulyo Minggir, Sleman, DI Yogyakarta lulusan taun 1969 nalika padha Temu Kangen ing Civita Youth Camp sing mapan ing Jl. Cimandiri 50, RT 04/RW 05, Cipayung, Ciputat 15401, Tangerang Selatan, Banten, tanggal 14-15 Oktober 2022 kepungkur. Saka kiwa ngisor manengen Lidwina, Suwartono, Suparman, Sudarwati, Bruder Petrus, Kiryani, Suryanti, Painem, Suryo Atmojo, Sri Murtini, Purniwati, Sri Mulatsih, Retno Rahayuning Triwulan, Suhartati.