The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

aku wanti-wanti, jaga basa nalika tampil, aku sok ngelus dhadha menawa ana pemain nom sing tampil rikala dipasangake karo wong tuwa.

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ngudiilmuw4, 2025-11-30 09:07:51

Djaka Lodang No 07- 17 JUL 2022 Panggung Yati Pesek Jaga Basa Nalika Ing Panggung

aku wanti-wanti, jaga basa nalika tampil, aku sok ngelus dhadha menawa ana pemain nom sing tampil rikala dipasangake karo wong tuwa.

Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 1 Tintingan BukuSETU PON, 16 JULI 202072GENDRUWO NGROKOK ING DHUWUR OMAHPANGGUNGYati PesekJaga Basa NalikaIng PanggungLIPUTANKHP KridhamardawaNgepyakake Royal Orchestra


2 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 AlipKasambung kaca 51“Ah, kowe kuwi lho Rin, sepira ta abote nggawa sega karo wedang dhewe? Apa kowe isin apa kepriye yen sangu sega bungkusan dhewe? Kowe kuwatir yen mengko nganti ketemu kancamu sekolah banjur diece utawa diisin-isin. Ngono pa? Karo meneh segane dhewe iki sega pulen. Raja lele. Lawuhe tepong sapupune, endhog, tahu, rempela-ati. Sambel trasi lan lalapan. Panganan jajanan ya ana. Yen kowe tuku sega marang bakul ana dalan utawa sing dodolan turut kendharaan kena dipesthekake segane saka beras sing ora patiya enak. Durung maneh lawuhane. Kejaba durung karuwan enake, durung karuwan resik lan sehate, lan uga durung karuwan murahe. Yen kowe kabotan nggawa mengko takgawane dhewe karo Ni. Ngono ya, Ni?”“Nggih, Bu,” aku mangsuli cekak karo nglirik Mas Rinto. Mas Rinto meneng nalika Bu Ngadirah ngendika kaya ngono. Sajak Bu Ngadirah bisa mbatang apa sing ana ing atine Mas Rinto.Nalika wis ana jeron sepur aku lungguh jejer karo Bu Ngadirah. Mas Rinto lungguh karo sawijining penumpang sing umur-umurane bokmenawa padha umur-umurane Mas Raka. Umur-umurane wong kuliyahan. Penumpang sing lungguh jejer Mas Rinto kuwi mau bola-bali katon nglirik aku. Yen aku kandha ngene iki ora merga aku kegedhen rumangsa, nanging pancen priya jejere Mas Rinto mau bola-bali nyawang aku karo mesam-mesem. Atiku risih.“Satu keluwarga ya, Bu?” pitakone priya mau marang Bu Ngadirah.“Iya, Nak. Anak mau kemana ini?”“Surabaya, Bu.”“Itu putrinya yang bungsu atau…?” pitakone priya mau marang Bu Ngadirah, sajak kepengin nlesih marang aku.“Iya, Nak.”“Oh, ini Masnya ini kakaknya?” priya mau nudingi Mas Rinto.“Ya. Saya kakaknya.” Mas Rinto nyaut. Aku dadi dheg-dhegan lan ora tentrem. Kejaba kuwi ana rasa bombong, mongkog ing atiku jalaran Bu Ngadirah ngakoni aku minangka anake. Sing njalari aku luwih mongkog maneh, Mas Rinto ngaku menawa aku iku adhine. Kamangka anggone padha ngaku kaya ngono tanpa nganggo taren luwih dhisik marang aku. Ah, takkira, ya takkira Bu Ngadirah lan Mas Rinto anggone padha ngaku kaya ngono jalaran mung padha kepengin ngamanake aku sing supayane ora digodha dening priya sing lungguh jejer Mas Rinto kuwi mau. Takkira pancen mangkono sing dadi pawadane. “Siapa nama Adik?” pitakone priya mau marang aku. Aku ora enggal-enggal mangsuli. Wedi yen nganti kaluputan anggonku tumindak.“Mase itu kok nanyak-nanyak nama segala memang mau apa?” Bu Ngadirah nyaut mangsuli pitakone priya kuwi mau.“Ibu ini kok galak amat sih. Masak nanyak nama aja nggak boleh?”“Nggak boleh. Nggak sopan. Anak saya ini masih kecil jangan diganggu.”Priya sing kawit mau namatake aku mau banjur meneng wae nalika Bu Ngadirah sajak santak anggone mangsuli omongane priya mau.“Kowe pindhah kene, Ndhuk.” Ngendikane Bu Ngadirah marang aku. Agahan aku pindhah lungguhan sing caket kato jendhela sepur. Dene Bu Ngadirah banjur lungguh ngganteni lungguhanku. Saikine priya kuwi mau wis ora adhep-adhepan karo aku maneh, nanging adhep-adhepan karo Bu Ngadirah. Atiku dadi luwih tentrem lan ora risih maneh. Priya sing mau bola-bali nyawang aku katon isin, kikuk, lan ora omongan maneh.Tembung “ndhuk” sing kanggo nyebut aku dening Bu Ngadirah kuwi sangsaya gawe atiku mongkog. Rasane pancen kaya diceluk dening ibune dhewe. Rasane kaya ditresnani, diayomi. Ora ngira nganti semono anggone Bu Ngadirah gawe kabecikan marang aku. Atiku trenyuh, keranta-ranta. Ing atase mung aku, bocah desa tur ora sekolahan lan mung dadi rewang utawa babune Bu Ngadirah lha kok diceluk nganggo tembung ndhuk dening majikane. Sapa sing ora mongkog yen kaya ngono kuwi? Kepriyea wae rasa mongkog kuwi ora bisa takselaki, arepa aku nyoba nyimpen ing ati sing supayane aja nganti kawistara.Kejaba kuwi atiku ya luwih mongkog dene Mas Rinto uga katon ora lila yen aku digodha dening priya sing lungguh ana ngarepanku mau. Apa iki amarga Mas Rinto pancen ngeman marang aku, apa amerga kepengin njaga kaurmatane rombongan sing dianggep kaya kulawarga, utawa amarga Mas Rinto uga rumangsa dadi priya sing kudu bisa ngayomi marang wanita sing wektu iki klebu dadi tanggung jawabe amarga anggone lunga bareng. Uwal saka kabeh pawadan kuwi mau, apa sing dadi kawigatene Mas Rinto gelem ora gelem uga gawe bombongku. ***Tekan Stasiun Cepu kahanan wis katon padhang njingglang lan panas. Bokmenawa wis jam sepuluhan esuk. Wis lumrah sepur ing tauntaun kuwi pancen kerep telat. Apa maneh sepur kelas ekonomi. Nalika aku, Bu Ngadirah, lan Mas Rinto metu tekan plataran stasiun, bapak karo Wanto wis methuk. “Yu, Ni. Yu, Ni!” Wanto njranthal nyedhaki aku lan agahan arep nggenteni nggawa gawanku. Bapak nututi ana burine Wanto.14


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 3CRITA SAMBUNG ................................ 2Kembang Alas JatiSRUMUWUS ....................................... 4Bandara YIAWAWASAN JRONING NEGARA............ 5Dolanan Bocah TradhisionalTOSAN AJI .......................................... 6Kawruh DhuwungSASTRA & BUDAYA ............................. 7Pendhidhikan Budi PekertiLumantar SeniWIRANOM........................................... 8Daniati Putri SariKonsisten iku WigatiPAGELARAN ....................................... 9Mbabar Idul QurbanPRIBADI BINUKA................................. 10HariyadiNgajab Sidomoyo Sing Luwih MajuPAWIYATAN......................................... 12Pelatihan Tenaga Teknis Asesmen NasionalLAPORAN DHAERAH ......................... 14‘Borobudur Today 2022’WANITA & KELUWARGA..................... 16Ngimbangi Calon SisishanHERBAL............................................... 17KluwihJAGADING LELEMBUT ........................ 18Gendruwo Ngrokok ing Dhuwur OmahKEMBANG SETAMAN........................... 19PUSTAKA ............................................ 20Ajaran Kepemimpinan MiturutSerat Wulang RehPADHALANGAN................................... 22Ibu Lurah WinihanCRITA RAKYAT..................................... 24MundhinglayaCERKAK............................................... 26Ora Nglalekake SejarahWACAN BOCAH................................... 28Kangen Pak BonAKSARA JAWA ................................... 29MACAPAT ............................................ 30Mengeti Riyadi Idul AdhaTEMBANG DOLANAN .......................... 30KayungyunGEGURITAN......................................... 31SEMARANGAN .................................... 32Golek Beja Pas Bada QurbanOH LELAKON ...................................... 33Aku Anake Ibu KuwalonkuPENGALAMANKU ............................... 34- Nganggo Sandhale Selen- Dikira Ora Nganggo Ban NjabaNAPAK TILAS ...................................... 35Rangga KenitenTRADHISI............................................ 36Amir JunawanKirab Agung lan Grebeg TumpengLIPUTAN.............................................. 38‘Macapat Senja ing MalioboroKRATON .............................................. 40 Ageman Sultan HB IXKapamerake Ing Museum HB IXLIPUTAN.............................................. 42KHP Kridhamardawa Kraton NgayogyakartaWARTA RINGKES ................................ 44LIPUTAN.............................................. 46Jagong Bukune PardimanOncek-Oncek Lungite Seni KarawitanPANGGUNG......................................... 49Yati PesekJaga Basa Nalika ing PanggungSATLERAMAN .....................................50Titik Samiarsih, S.Sn, M.SnNgajab Seni Budaya Bisa NgrembakaMajalah Basa JawaNgesthi Budi RahayuNgungak Mekaring Jagad AnyarKababar Seminggu SepisanTerbit saben dina SabtuPENERBIT PT DJAKA LODANG PERSAnggota SPS No. 66/1971/14/B/2002SIUPP: SK MENPEN NO. 109/SK/MENPEN/SIUPP/C1/1986 TGL 22 MARET 1986RacikanPelanggan saha sutresna Djaka Lodang, menawi kintunan DL boten dumugi alamat, kersaa paring katrangan lumantar sms utawi wa nomer: 0878 38 224 646PENDhiri: H. Kusfandi [almarhum] & Drs. H. Abdullah Purwodarsono PEMIMPIN UMUM/PEMIMPIN REDAKSI: KuswinarniPEMIMPIN PERUSAHAAN: Tony Urat SitohangREDAKSI PELAKSANA: Drs. Suhindriyo REDAKSI: Drs. Suhindriyo Tatiek Poerwa Kalingga SEKRETARIS REDAKSI: Maria Nur CahyatiARTISTIK: Tri Listiyono, Wahyu Kadarsih, Lestari Setyani. KEUANGAN:Wiji SukartiPROMOSI & IKLANBariSIRKULASI:Sukarni HeruALAMAT REDAKSI/ADMINISTRASI: Jl Patehan Tengah, 29 Yogyakarta 55133 TELP./FAX. 372950Email: djaka_lodang @ yahoo.co.id SMS: 0878 38 224 646No. Rekening Bank :Bank Mandhiri KH A. Dahlan137-00-1034862-7a.n. PT Djaka Lodang PersBRI Cabang Katamso 0245 0100 2268 307a.n. PT Djaka Lodang • [BUKTI KIRIMAN SUPAYA KAKIRIM, LUMANTAR WA UTAWA EMAIL] • Rega Eceran Rp 13.000,00 [DIY], Rp 13.500,00 [jaban DIY] Rega langganan sesasi Rp 50.000,00 [4 x terbit] • Rega langganan sesasi Rp 62.500 [5 x terbit] • Langganan lumantar pos ing Pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp 10.000,00 lan sajabaning pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp 12.000,00 • iklan Rp 1.500,00/baris• Rega Iklan Display, Paket Sponsor Rubrik bisa sesambungan langsung marang bagian iklan • Foto dikirim file dhewe format TIF/JPEG 200 dpi. “Djaka Lodang” nampa sumbangan tulisan lan gambar saka para maos. Redaksi duwe hak ngowahi tulisan kang bakal dicetak tanpa ngowahi isi. Tulisan, foto, gambar lan sapanunggalane kang kapacak dicaosi sembulih. Kang pidalem ing Yogyakarta bisa mundhut langsung sembulihe seminggu sawise karyane kapacak. Tulisan kang ora kapacak dikondurake yen dikantheni perangko sacukupe. Tulisan bisa kakirim liwat email: [email protected]. Akehe tulisan watara 4.500 karakter (klebu spasi) format RTF (dudu doc). Paraga PunakawanSeni tradhisional tetep diuri-uri dening saperangan seniman Nusantara, kayadene para paraga punakawan ing kesenian wayang wong kaya kang kacetha ing samak DL no 07 iki. Semar diparagani dening Sarmadi, S.Sn, Gareng dening Widodo Gepeng, Petruk dening Sadi Bey, lan Bagong dening Cahyo Kuntadi, S.Sn, M.Sn. Pangajabe kesenian adiluhung iki tetep lestari lan ngrembaka menyang saindhenging donya.(Foto : Groto Triatno/DL)


4 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 AlipDaérah Istiméwa Yogyakarta saiki duwé bandar udara loro, yaiku Bandara Adisutjipto lan Bandara Internasional Yogyakarta ing Kulonrogo, sing luwih kawentar kasebut Yogyakarta International Airport (YIA). Bandara YIA sing anyar iki minangka bandara kang apik banget lan artistik. Duwé landasan dawané 3.250 M, lan bisa ngladéni pesawat sing gedhé banget (widebody) nganti sak ukuran Boeing B-777. Uga bisa nglayani 20 yuta penumpang saben taun.Dina Jemuwah tanggal 27 Januari 2017, Presidén RI Joko Widodo miwiti ground breaking kanggo tandha yén Bandara Internasional Yogyakarta ing Kulonprogo iku wiwit dibangun. Adicara nalika kuwi diringkes ngganggo prosési “Babat Alas Nawung Kridha” sing tegesé mbuka, ngresiki, lan nata lemah. Nalika ing acara iku, Presiden Jokowi ngendika yén iku dudu ground breaking nanging iku minangka pratandha diwiwiti “babat alas nawung kridha”. “Para leluhur ing Ngayogyakarta pancén waskitha, wis pirsa yén mbésuk ing Kulonprogo bakal ana bandara sing gedhé” mangkono ngendikané Présidén Jokowi.Ing acara kuwi, Sultan Hamengku Buwono X, Gubernur Ngayogyakarta paring gambaran babagan bandara iki, gegayutan karo sejarah Mataram. Kanjeng Sultan ngendika yén biyén Ki Ageng Pamanahan, Ki Ageng Penjawi, lan Ki Juru Martani mbabat alas Mentaok kanggo ngadegaké Kerajaan Mataram. Iki minangka tandha owah-owahan peradaban anyar, saka gaya maritim Kasultanan Pajang, menyang Kasultanan Mataram sing agraris.Pergeseran peradaban Mataram sabanjuré ditandhani karo 'babat alas' Beringan, kang dadi cikal bakal Kraton Ngayogyakarta, sing banjur dadi Kutha Ngayogyakarta saiki iki. Momentum abad kaping 18 sejatiné minangka undangan kanggo bangun peradaban anyar, kang tundhoné nggawé rasa seneng kanggo kabéh warga Ngayogyakarta.“Sesuk ing tlatah Temon kéné bakal ana wong dodolan camcao ing awang-awang. Tlatah Temon kéné bakal dadi susuhé kinjeng wesi. Tlatah sak lor Gunung Lanang lan kidul Gunung Jeruk bakal dadi kutha. Glagah bakal dadi mercu suaring bawana.\"Miturut Kanjeng Sultan, “babat alas” ing abad 21 saiki, bakal diwiwiti saka Kulonprogo. Kanthi pratandha pembangunan Bandara Internasional Yogyakarta, sing bakal dadi tandha owah-owahan saka peradaban tradhisional, menyang peradaban kang modhern. Babad alas ditambahi predikat tembung “nawung kridha” ingkang tegesé owah gingsir, revolusi mental, kanggo mulihaké jati diri, minangka bangsa ingkang agung.Anané bandara bakal bukak kalodhangan kanggo transaksi perdagangan, sing bakal nguripaké industri, pariwisata lan nambah investasi. Efek domino saka tuwuhé séktor telu kuwi, diajab bisa nyengkuyung nyepetaké pembangunan sing kondusif, berkualitas, tuwuh kanthi luwih cepet, lan uga bisa nyiptakaké lapangan kerja.Bandara YIA wis ngadeg kanthi megah, lan wiwit beroperasi penuh tanggal 29 Maret 2020. Nalika Pandemi sumebar, uga ana pengaruhé marang bandara YIA. Saiki bareng karo lunturé éfék Pandemi, Bandara YIA wis siyap-siyap nglayani penumpang sing wis wiwit normal manéh. Rata-rata saben dina ana udakara 8 éwu wong kang teka lan mabur saka Bandara YIA.Wiwit Pandemi, kegiatan penerbangan suda akéh banget. Sawetara maskapai penerbangan pada bangkrut, amarga jumlah penumpangé ora nyukupi. Lan mesthi banget mengaruhi operasi bandara. Kejaba pandemi sing wis luntur, aksés dalan tol Solo - Yogya - YIA bakal dadi mélu nggampangaké transportasi menyang lan saka Bandara YIA. Fasilitas infrastruktur iki bakal luwih gampang kanggo ngganti moda transportasi saka darat menyang udara lan kosok baliné.Ingkang pungkasaning atur, mugi-mugi jagad penerbangan énggal wangsul normal malih. Dumugi saged ndamel langkung kathah priyantun ingkang tindak ngagem sarana montor mabur. Salajengipun, prakawis punika badhé nggadhahi sumambrahing ékonomi dhumateng masarakat lan industri ing tlatah Daérah Istiméwa Yogyakarta. Mugimugi saged teras mekaten sa lajengipun. Nuwun. (KPA: 4 Juni 2022)Kartun EditorialSrumuwusBandara YIADening : Ki Pandan Alas


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 5 Wawasan Jroning NegaraDening Suhindriyo Kesurung rasa prihatin saya kesingkire dolanan bocah tradhisional ing Nusantara temah anggota Komisi A DPRD Jawa Tengah, Stephanus Sukirno, ngundang sawetara bocah ing Ndalem Djojokoesoeman, Kelurahan, Gajahan, Pasar Kliwon, Surakarta (Setu, 18 Juni 2022). Tujuane, bocah-bocah mau sawetara wektu diajak ninggalake gawai kanggo baleni meneh rame-rame dolanan tradhisional kaya engklek, petak umpet, betengan, congklak utawa dhakon, apadene gangsingan. Miturut Sukirno, dolanan bocah (permainann tradisional) ora kalah tumanja kanggo nggeggulang bocah ing babagan budi pekerti lan sesurupan. Kepara dolanan bocah tradhisional duweni keunggulan mungguhe pitutur luhur gayutan karo unggah-ungguh, urmat kinurmatan, bareng-bareng (kebersamaan), persatuan, kerukunan, saekapraya (kekompakan), katetepan (kedisiplinan), apadene kasatriyan (sportivitas) sing wektu iki saya luntur krana Dolanan Bocah TradhisionalIsi Pitutur Luhur lan Unggah-UngguhMinangka tuladha sajrone dolanan dhakonan, gatheng, benthik, nekeran, adu gambar, byok, butuh kejujuran lan tinarbuka (keterbukaan) temah bocah sing main siji karo sijine bisa gonta-ganti lan etungane ora salah. Paedah gedhe saka dolanan bocah iki sangsaya rumesep nalika dijodhokake karo tembang kaya jamuran, blara-blarak sempal, waru-waru dhoyong, pong-pong bolong, soyang. Manunggale gerak awak karo kekidungan bakal nuwuhake swasana sing ngresepake (sensasi) tumrap bocah-bocah sing nindakake dolanan apadene wong-wong delengake.Budaya luhur sing sinimpen sajrone masarakat sing isih ngugemi kabudayan luhur para leluhure iki (kearifan lokal) emane saya kaglingsir kahanan. Mlebune budaya manca sing jalari bocah ora duweni wektu kanggo marisi budaya lokal sing isih sinimpen sajrone masarakat tradhisional iki dinuga dadi jalaran tuwuhe simpangansimpangan moral. Derbalane rasa sesengidan merga prabeda (suku, agama, ras, adat istiadat - SARA), tindak kekerasan, korupsi, rebut kuwasa, menehi gambaran cetha menawa mlebune budaya manca merbawani marang adeg-adeg sajrone panguripan (sikap hidup) ing keluwarga, masarakat, lan bangsa. Kamangka, atusan taun kepara ewon taun kepungkur leluhur bangsa Indonesia wis yasa lan marisake wos-wosing panggulawentah lan pitutur sing bisa kanggo tuntunan sajrone panguripan ing kaluwarga, masarakat, lan bangsa. Emane krana saya sentosane lan kuwasane budaya manca dadi jalaran wos-wosing budaya warisan leluhur dadi keglingsir minggir kepara saya kependhem jero lan ora akeh sing gelem ngopeni. Mula samesthine tumrap sing eling lan gelem nggemeni anane budaya leluhur sing saya kesingkir iki perlu disengkuyung amrih mawujude. Dolanan bocah sing ngemot kearifan lokal samesthine isih dilestarekake kanggo tetep nglestarekake warisan leluhur sing kebak budaya luhur. Mlebune budaya manca sing tekane kaya banjir sengara diendhani, nanging ora ateges tanpa disaring. MInangka bangsa sing ngenut ideologi Pancasila, prayoga menawa kabeh budaya disaring nganggo Pancasila supaya jumbuh karo kahanan lan kemajuane bangsa. Bebarengan iku budaya lokal minangka bagian saka nasional sing diduweni perlu terus dijaga uripe lan dimekarake temah bisa diwarisake marang generasi sing turun temurun.Sumber wacan / warta / gambar:Kompas.comhttps://www.tokopedia.com/blog/permainan-tradisional-asli-indonesiahttps://www.gramedia.com/literasi/15-permainan-tradisional-seru-yang-perlu-kamucobahttps://hot.liputan6.com/read/4622861/20-macam-permainantradisional-indonesiaKiva


6 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip Tosan AjiAgus Wuryanto S.Sn, A FPSI*, Hon E HPPWPenasehat Pusaka Nusantara, Penasehat Wonosobo Heritage, Ketua Paguyuban Tosan Aji Pakuwojo, WonosoboNglajengaken serat babagan Pamor Dhuwung. 1 2 3Urut saking kiwa:1. PAMOR RON KENDHURU SUNGSANGRon Kendhuru Sungsang utawi wonten ingkang nyebat Ron Gendhuru Sungsang. Pamor punika kalebet pamor rekan utawi pamor ingkang pun rancang saking awal, ugi klebet pamor miring amargi mapanipun pamor miring, mboten mlumah. sami kalihan Ron Kendhuru ingkang kaserat kepengker, anamung riki Gambaraning sekar Ron Kendhuru Sungsang motif ron-ronanipun mbalik mangandhap tumuju dhateng sor-soran dhuwung.2. PAMOR RON KENDHURU SUNGSANGWINENGKUSami kalihan Ron Kendhuru Sungsang, inggih punika Ron Kenduru ingkang motif gambaran ron-ronanipun madhep tumuju mangandhap anamung ketambahan wonten lis-lisanipun ing pinggir ingkang pun sebat wengkon utawi bingkai. Pamor punika ugi klebet pamor miring saha pamor rekan. Makna saking Ron Kendhuru Sungsang inggih punika supados ingkang nggadhahi dhuwung pamor punika tansah pikantuk kawibawan, anggadhahi jiwa pemimpin, lan tansah pikantuk pangayoman saking Gusti Ingkang Hakarya Jagat.3. PAMOR NAGA RANGSANGMotif gambaraning sekar Naga Rangsang ugi asring sinebat Blarak Ngirid Sungsang, amargi KAWRUH DHUWUNGcorak gambaraning pamor kados pamor Blarak Ngirid anamung madheping pamor tumuju mangandhap, nuju wonten sor-soraning dhuwung. Pamor punika anggambaraken kaprawiran, kasiyagan rikala manggihi sedaya prekawes ingkang bebayani.4. PAMOR LAR GANGSIRIng nginggil wonten tiga jenis Pamor ingkang kalebet Pamor Lar Gangsir. Pamor punika pun sebat pamor Lar Gangsir amargi motif gambaraning sekaran utawi gambaraning pamor punika kalangkung-langkung remit anggenipun damel ngantos dadosaken wujudipun sekaran kadidene suwiwi Gangsir (sayap Gangsir), sawijining kewan alit, memper kalihan jangkrik namung ukuraning badan langkung ageng sekedhik, kewan punika biasa manggen ngerong ing siti. Dene gambaraning jenis pamor cacah tiga ing nginggil inggih punika menawi ingkang kiwa radi agal utawi kasar, ingkang tengah sedeng dene ingkang paling tengen punika klebet pamor Lar Gangsir ingkang alus ateges Pamoripun sami-sami Pamor Lar Gangsir anamung kelas garapanipun langkung jlimet.Ilustrasi Foto Saking Buku “KERIS JAWA” antara Mistik dan Nalar, Harono Haryogiritno


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 7 Sastra & BudayaIng era global kaya saiki pendhidhikan budi pekerti pancen perlu kanggo nyaring budaya, lire bisa kanggo mbendung pengaruh saka iptek sing wis lumebu jroning urip padinan tumrape manungsa ing ngendi papan. Pendhidhikan budi pekerti kaya wis trêp manawa bisa antuk porsi sing jembar kêpara mirunggan utamané ing madyaning pendhidhikan sekolah. Saweneh “krisis moral” saya katon cetha lan ngegla kepara wis biyasa katon mêcungul tanpa tedheng aling-aling ing madyaning lapisan masarakat. Saka wong cilik, pelajar nganti pejabat kang tumindakake ora ngremenake amarga korupsi. Ing donyaning pendhidhikan asring uga ditemokaké bab sing gampang mbrongot para siswane, kepara dadi rame tumrape para pelajar wusana kerengan mbelani kanca sing durung mesthi lupute. Perkara iki mesthine dadi prihatine kita kabeh. Sing gawe gumun kenangapa bab iki kedadéyan kaya mangkono? Manawa nintingi sabab musababe sabeneré pancene akeh penyebabe. Miturut P.Tommy YS Suyasa (2004) sakehe sebab pengaruh sing bisa nyurung pasulayan antarane: pengaruh saka lingkungan, kurangé pengawasan saka wong tuwané lan guru, pengaruh televisi, film, game sing nyuguhaké kerengan utawa peperangan, faktor emosi anak kang dhuwur, kurange rasa asih tresna saka wong tuwa marang putra putrine merga jejibahan padinan, amung nengenake karya tanpa mangerteni kegiyatan putra putrine saben dinane lan liyaliyane. Sawernaning bab kang mrihatinake lan gawé miris ing dhuwur mau salah sijiné amarga saka wujud pendhidhikan kang gagal krana kurang bisa mangun budi sawutuhe, kanggo duweni wewatekan sing merdika lan mandiri. Pendhidhikan amung ngatonake marang kecerdasan pikir lan minggirake kecerdasan rasa, kecerdasan budi satemah nglirwakke kecerdasan batin. Saka kéné nglairaké wong-wong kang pinter, wong kang duwèni prestasi sacara kwantitatif akademik, ananging tanpa dibarengi kecerdasan rasa lan tanpa dikanthèni anané kecerdasan budi. Kamangka miturut ature Ki Hadjar Dewantara kaya ditedhak Syaiful Hermawan (2021) dikandhakake manawa pendhidhikan kuwi bisaa dadekake manungsa kang sejati sing duweni patrap budi pekerti luhur, seimbang jasmani lan rohani pikire lan duwèni rasa, utawa gampange bisaa dadekake manungsa berbudi sawutuhe. Nalikane amung aspek kognitif wae, sing diasilaké amung masarakat gegedhen mustakané ananging duwèni ati kerdil, karana akeh kelangan aspek kamanungsane.Seni: Pendhidhikan Budi PekertiSinau babagan seni kaya dikandhake Martin Sardi (1985) klebu pendhidhikan humaniora; seni musik, karawitan, seni lukis, seni suara, bathik lan liyane tumrap masarakat umum dadi duwèni citarasa harmoni sing dhuwur. Merga kabeh bidang seni sabeneré umumé nuntut sakabehe rasa, nengenake detil-detil wusana ndhidhik wong kang sinau seni mau duweni rasa kang peka lan seneng marang keteraturan sarta keluwesan, duwèni rasa welas asih lan nuduhaké kepara nuntun marang jeroning sikap kang duwèni kwalitas budi pekerti kang luhur.Pelajaran seni sing dileboni déning misi pendhidhikan budi pekerti bakal katon endah, saka wiwitan, proses tumekane prodhuke, krana karya seni mau duweni isi utawa ngandhut nilainilai moral. Karya seni mau sing kaya iki bakal “menginspirasi” wong liya, lan ora suwaliké kang nyulet marang perilaku tumindak kang ora becik. Satemene pancen pendhidhikan budi pekerti mono mbutuhake saweneh panyengkuyung saka maneka warna pihak terkait, ora mung anêng pendhidhikan wae ananging utamané saka keluwarga, tokoh masarakat, tokoh agama, kontenkonten sing nyuguhaké babagan positip ing medhia sosial, medhia elektronik lan uga saka masarakat umume.Kanyatan sing asring keprungu aneng lapangan, ing akehe sekolah utawa bangku pendhidhikan isih nengenake marang nilai kapinteran, status, ranking lan liyane, babar blas tanpa nengenake pendhidhikan budi pekerti. Babagan iki dadekake saweneh manéka perkara kaya kasebut ing dhuwur mau mecungul lan gawe miris tumrap bebrayan ing masarakat.Salah sijiné pengarep arep kanggo ngurangi lan kanggo ngikis bab mau ing dhuwur, miturut penulis isih bisa digadhang krana ngundhakake praktek pendhidhikan kanthi olah rasa ing antarane; nyoba ngrumusaké kêpara nambah lan nengenake pelajaran budi pekerti krana muatan lokal kang diajarake mligi ing sekolah, sing bisa disisipake ing saweneh pelajaran kesenian apa wae. Kaya wis disebut ing dhuwur pelajaran seni wis trêp dileboni marang budi pekerti. Amung perkarane babagan iki wis kaleksanan apa amung kanggo tambahan wae? Merga akèh pelajaran seni sing ana amung kakehan teori, ananging kurang praktek sanyatane kêpara adoh saka “rohe seni” mau. Manawa perkara mau bisa diusahake lan kaleksanan, percaya ing tembe manawa pendhidhikan budi pekerti bakal antuk dalan, wusana bisa nyithak kepara dadekake pawongan kang duwèni moral lan profesional ing samengkone.[Danan Mr. SSn]Pendhidhikan Budi Pekerti Lumantar Seni


8 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip WiranomWiting tresna jalaran saka kulina, sapa sing nate mireng tetembungan iku. Iya bener tegese anane rasa tresna kuwi jalaran saka kulina. Dene rasa tresna iku ora among marang lawan jinis nanging uga marang kabudayan. Prakawis kuwi uga kang agawe Daniati Putri Sari tresna marang kabudayan. Putri kinasih Margiyati iki asring ditimbali Iput utawa Putri. Wiwit cilik umur udakara 4 taun saben minggu dheweke uwis diajak ibuke ningali pagelaran lan latihan beksan tari, karana iku agawe dheweke tuwuh rasa tresna marang beksan. “Inggih riyin rikala umur 3,5 menapa 4 taun menika saben minggu enjing kula dipunajak dening ibu ningali latihan beksan wonten ing Padhepokan Seni Bagong Kusudiharjo (PSBK). Injih wiwit saking mriku asring ningali lajeng kula rumaos kepengin sinau nari, ibu lajeng dhaftaraken kula wonten PSBK. Sawise iku kelas 1 SD kula dipundhaftaraken ibuk wonten Yayasan Pamulangan Beksa Sasmita Mardawa (YPBSM) lan Art For Children wonten Taman Budaya Yogyakarta. Dumugi samenika kula taksih sinau wonten ing PSBK, YPBSM, lan Art For Children TBY.” Cariyose kenya kelahiran Bantul, 2 Oktober 2007.Kenya manis pidalem ing Bergan Rt 1, Wijirejo, Pandak, Bantul iki ngandharake yen dheweke bisa tarian modheren lan uga tarian klasik, nanging yen ditakoni bab endi kang luwih gawe dheweke seneng yaiku beksa klasik utawa tradhisional gagrak Yogyakarta. “Menapa nggih amargi rikala kula sinau tari khususipun tari klasik gaya Yogyakarta lan nekuni. Wonten mriku kula kaya menemukan sesuatu untuk jiwa saya, lan saking tari uga kula saged berekspresi kangge gerak gerak ingkang wonten mriku kangge ngolah rasa. Saking tari klasik menika kula saged mendhet, mendapatkan keindahannya. Sanesipun menika manawi sinau tradhisional menika saged nguri-uri budaya supados boten cures,” pratelane Putri kang nate dadi pambeksa ing adicara Tari Kolosal PORDA DIY taun 2019 marang DL. Kabeh apa kang diandharake dening juwara 2 Pemilihan Putri Citra Indonesia Tingkat Provinsi DIY Kategori Remaja buktine nyata yaiku dhewe uwis apal lan bisa maneka warna jinising tarian kayata Nawung Sekar, Tari Kusuma, Tari Golek Sulung Dayung, Tari Golek Kenyatinembe, Tari Retno Asih, Tari Golek AyunAyun, Tari Srikandi, Tari Golek Bawaraga, Tari Rengga Mataya lan liya-liyane. Dheweke uga ngandharake kanggo sinau beksan anyar iku bisa nganti sasen-sasen. Saka maneka warna tarian tradhisional sing wis nate dipentasake dening Iput ana 3 tarian kang gawe dheweke seneng yaiku Tari Golek Rengga Mataya, Golek Sulung Dayung lan uga Golek Kenyatinembe. “Sebabe krana ing Rengga Mataya menika durasinipun langkung dangu, 25 menit lan uga wonten perangipun,” Pratelane kenya manis kang nate dadi partisipasi Gugus Bagong Cantrik Mentrik Se-Asia Tari Mentog Megol. Sanajan dheweke isih sekolah SMP nanging kabeh iku ora pepalang kanggo dheweke sinau bab beksa. Kabeh dilakoni Iput kanthi ati kang bungah, karana dheweke uwis tresna marang beksan. Kejaba iku dheweke uga terinspirasi saka ibune sing biyen uga nate dadi pambeksa. “Inggih saking ibu, riyin nate latihan mbeksan wonten kraton andadosaken langkung remen lajeng uga termotivasi saking Soimah amargi manawi kula ningali menika kadosta seni menika asyik. Tipsnya manawi saking kula menika kedah konsisten lajeng manawi boten lare enom jaman samenika sinten malih ingkang badhe nglestantunaken kabudayan menika.” Pungkase Putri.[Tri Asih]Daniati Putri SariKonsisten iku Wigati


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 9 PagelaranTeguh Yuwono, S.S., M.M.Spiritualitas MotivationSpiritualis MotivatorPemerhati masalah spiritual motivasiUmat Islam s e k e d h a p m a l i h badhe mengeti riyaya Idul Qurban tahun 1443 H. Dipun sebat Idul Qurban amargi wontening riyaya menika umat Islam ingkang sampun nyekapi kawontenan ragatipun saget berkurban, inggih kedah kurban, saget sapi utawi wedhus. Ngonceki perkawis kewajiban qurban menika kita kedah saged nulada Kanjeng Nabi Ibrahim as. Dene oncekanipun mekaten : piyambakipun Nabi Ibrahim, sampun dangu anggenipun omah-omah kalihan Siti Sarah dereng pikantuk putra, pramila tansah nyenyuwun dhumateng Allah SWT mugiya saged dipun paringi momongan. Asilipun, sasampunipun krama malih kalihan Siti Hajar, nembe dipun paringi momongan putra ingkang asmanipun Ismail. Dene salajengipun saking Siti Sarah pikantuk momongan ingkang asmanipun Ishak. Bingah raosipun manah, saben ndinten putra ingkang digadhanggadhang tansah ngglayut sareng wonten pundi kemawon. Piye-piye wis suwe ora duwe putra, banjur diparingi putra temtu senenge ora jamak. Kanthi dumugi titi wancine, satunggaling wekdal Nabi Ibrahim ngimpi ananging kaya nyata dipun utus dening Allah SWT supaya nyembelih putrane kang ditresnani, yaiku Ismail. Sapa wae sing nresnani anak, sanak kadang, barang, lan sapiturute terus kudu kelangan, temtu bakal gela lan bakal nandang sengsara kelara atine. Sing sapa sangsaya tresna marang liyan, sangsaya wedi kelangan. Pramila kita mangertosi bilih rasa wedi kelangan menika amargi wonten rasa tresna kang ageng wontening sajroning manah. Lajeng Nabi Ibrahim ngendika dhumateng kang putra Ismail perkawis impen ingkang nyata menika. Wonten mriki kita sampun pikantuk ilmu, bilih musawarah utawi rerembugan wontening kaluwarga menika penting. Rinaosa kang putra Ismail malah yakinaken ngendika bilih menika titah Gusti, sumangga dipun laksanaaken. Temtu benten kaliyan Siti Hajar ingkang sampun ngandung 9 wulan kaya sumedot mireng kabar menika. Putra kang dilahirke arep disembelih karo bapake dhewe. Ora tinemu nalar, apa ya bener perintahe Gusti kudu nyembelih anak kang diantu-antu lan ditresnani. Kahanan menika dados kawruh bilih perkawis tiyang g e s a n g m e n i k a namung wonten ati. Sajroning ati ana malaikat lan setan, swasanane kaya pasar, tarik ulur, gemuruh sumpeg. Salajengipun Nabi Ibrahim mbeta kang putra wonten salah satunggaling papan ing nginggil bukit ingkang dipun sebat bukit Jabal Qurban ing Arab Saudi. Saderengipun nyembelih kang putra, gaman dipun asah, kanthi takbir “Allahu akbar…Allahu akbar…Allahu akbar”. Pramila wonten idul qurban rikala kita badhe nyembelih kewan qurban dipun sunahaken maos takbir. Lajeng titi wancinipun wekdal Ismail badhe dipun sembelih, setan nggoda dhumateng Ibrahim saha Ismail nanging mboten mempan, lajeng nggoda Siti Hajar, malah dipun balangi watu. Kawruhipun njih menika, kita kedah ikhlas nindakaken ibadah rinaosa awrat saha dospundi nebihaken saking godanipun setan. Lajeng kanthi kamurahaning Allah Ismail dipun gantos kaliyan qibas ( domba besar). Perkawis menika saget kita kawruhi bilih “Katresnaning manungsa dhumateng liyan menika kedah dipun kerangkakaken penghambaan dhiri dhumateng Allah SWT. Sampun ngantos ngiwakake katresnaning dhumateng Allah”. Berqurban menika wujudipun katresnan manungsa dhumateng Allah, kadosta pengorbanan dhumateng tiyang-tiyang ingkang kita tresnani supados tambah cerak rumaket. Katresnan wanci boten saged dipun tingali wujudipun, nanging saged dipun raosaken kanthi pengorbanan, supados kita mangertosi sepinten katresnanipun dhumateng Allah SWT. Sumangga kita sedaya paring pangorbanan lajeng dipun dum-dumaken dhumateng para sederek, tangga tepalih, sanak kadang, lan sanesipun supados nggadahi jiwa kesalehan sosial. Intinipun pengetan idul qurban menika saged ndadosaken rekaketanipun manungsa dhumateng Allah ( habluminallah), njih menika kanthi berqurban. Saha reraketanipun manungsa dhumateng liyan ( habluminannas), njih menika kanti sedhekah hewan qurban ingkang sampun dipun sembelih, racik mawi tas plastik lan dipun aturaken dhumateng sapadha-padha. Mugiya kita sedaya tansah pinayungan saha luber kaberkahan saking Allah SWT, satemah saged nglampahi titahipun Gusti kanthi ikhlas berqurban. Nuwun. Mbabar Idul QurbanKiva


10 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip Pribadi BinukaLumantar kabudhayan kang linandhesan guyub rukun. temahan Pamarentah Kalurahan Sidomoyo bisa cepet maju. Iki dibuktekakedening Hariyadi rikala njabat Lurah Sidomoyo, Godean sepisanan taun 2014-2020. Sasuwene njabat sepisanan, uwis bisa mujudake program kerjane marang masarakat kanthi becik tanpa nerak pranatan hukum sing lumaku ana negara Indonesia. Amarga saben nindakake program kerja, kang magepokan bidhang pamarentahan, perekonomian lan kesejahteraan sosial masarakat sarta pembangunan fisik lan infrastruktur sing migunaake anggaran dana pamarentah kang asale saka Dhana Dhesa, digunakake samesthine kaya sing kepacak ana ing RPJMKal jumbuh karo APBKal. Jalaran sadurunge nindakake program kerja, saben padhukuhan ngadani musdhuk tumuli Pamarentah Kalurahan ngadani MusRenKal saperlu ngrembuk sakehing program kerja kanthi ngajak lembaga Kalurahan sing ana. Antarane: BPKal, LMKal, PKK, Karang Taruna, Bhabinkamtibmas, Babinsa, Pamong Kalurahan, Gapoktan, Tokoh Agama, Paranpara, Budhayawan, masarakat. Mula sarampunge program kerja di tindakake kanthi becik lan prasaja, sakehing program bisa dadi kasunyatan lan wis dirasaake masarakat kanthi adil warata tumeka 11 Padhukuhan, 49 RT, 24 RW.Gegayudan karo pakaryane warga masarakat Sidomoyo, anggone ngupiya pangopaboga amrih bisa nyukupi lan nyembadani sakabehing kebutuhan keluwargane saben dina, yaiku maneka pakaryan. Kayata: olah tetanen(Buruh Tani), wirausaha, indhustri omahan, jasa pelayanan UMKM sarta ASN, TNI, Pulisi, tenaga kesehatan, guru, dhosen lan sapanunggalane. Wandene kang magepokan babagan nglestarekake seni budhaya kang adiluhung supaya ora cures tumeka anak putu isih ditindakake kanthi becik. Sakehing kelompok kesenian tradhisional, antarane:jathilan, kethoprak, sala watan, hadroh, karawitan, macapat, campursari,bergada, emprak lsp. Semono uga upacara adat, kayadene merti desa , nyadranan, kendhuren, kupatan, selikuran, suran lan bakda besaran. Ana ing upacara adat merti desa, barengan nggelar wayang kulit dhalang swargi Ki HARIYADINgajab Sidomoyo Sing Luwih MajuLurah Hariyadi bebarengan foto karo Bhabinkamtibmas, Babinsa lan para pamong (Ft: Jono, Hana)Lurah Sidomoyo Hariyadi sawise winisuda (Ft: Jono, Hana)


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 11Seno Nugroho kerabat Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat KPH Wironegoro nandur sawo kepel lan jambu ana sangarepe Kalurahan.Rikala wayangan para penjabat pamarentah kang rawuh, yaiku GBPH Yudaningrat,Wabup Sleman Dra.Hj. Sri Muslimatun, M.Kes,Dra.Harjanti Disbud DIY sarta anggota dewan Kabupaten, DIY lan DPR RI. Antarane:H.Hanafi Rais,Koeswanto, S.IP,Nandar Winoro, Sofyan Darmawan lan Bambang.Pratelane Lurah Hariyadi klawan Djaka Lodang kang diampingi Dwi Atmadi Kaur Tata Laksana, Supriyadi Kaur Pangripto lan Pardiyono Dhukuh Simping. Saka kasile Hariyadi anggone ngatur lan nata pamarentahan Sidomoyo sangsaya maju lan ngrembaka kanthi becik satemah ana ing taun 2020-2026 winisuda lurah maneh dening Bupati Sleman Dra.Hj.Kustini Sri Purnomo ana ing Pendhapa Parasamya Kabupaten Sleman bebarengan 32 Lurah kepilih sa-Kabupaten Sleman. Kanthi nglungguhi lurah kang kapindho iki, garwane Umi Kusmiati lan wis peputra loro duwe gegayuhan sarta pangajab, yaiku bakal mujudage Sidomoyo sing luwih maju lan ngrembaka sakehing bidhang sadurunge mungkasi pangandikan, Lurah Hariyadi uga mratelakake, menawa adeging Kalurahan Sidomoyo, dipengeti saben tanggal 28 Nopember, pungkasing pangandikan Lurah Hariyadi, klawan Djaka Lodang.(Jono, Hana/DL)Lurah Hariyadi bebarengan foto klawan warga masarakat lan garwa putra (Ft: Jono, Hana)Lurah Hariyadi makili wargane kang antuk juwara 1 acara motocross (Ft: Jono, Hana)Lurah Sidomoyo Hariyadi maringi bantuwan langsung tunai marang masarakat sineksen Bhabinkamtibmas lan Babinsa (Ft: Jono, Hana)Lurah Hariyadi maringi sembako marang warga masarakat Sidomulyo (Ft: Jono, Hana)


12 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip PawiyatanKabeh tumindak bakal dibiji. Manungsa tumitah ana ngalam donya iki, ora bisa urip ijen. Kudu tembayatan karo sapadhaning manungsa. Mula tumindake manungsa mau bakal dibiji dening wong liya, lan sing paling abot, dibiji dening Gusti Kang Akarya Jagad kang tundhone bakal digawa menyang pengadilan besuk ana ing alam kelanggengan.Semono uga kanggo bocah sekolah. Bedane, manungsa dibiji tumindake ora kanggo ngundhakake drajad, dene bocah sekolah dibiji amarga kanggo tetimbangan ing raport.Pambiji ing pungkasaning pawiyatan diarani ujian. Bocah-bocah sekolah bakal diuji, kepriye anggone padha nampa piwulang sasuwene ngangsu kawruh ing sekolah kasebut. Sepira jero cetheke utawa akeh sethithike kawruh kang ditampa. Ujian mau ing wektu saiki diarani asesmen. Asesmen yaiku sawijining cara kanggo golek katerangan saka asiling pamulangan utawa lakuning pamulangan. Uga kanggo ngukur, kawruh sing ditampa, wis trep apa durung karo ancas wis ditetepake.Asesmen sing dieloni bocahbocah sekolah saiki isih asipat dhaerah. Jenenge ASPD cekakan seka Asesmen Standar Pendidikan Daerah. Wiwit 2022 bakal ana asesmen kang asipat nasional diarani ANBK utawa asesmen nasional berbasis komputer. ANBK sasuwene iki mung mligi kanggo siswa-siswa SMA utawa SMK. Saiki siswa-siswa SD bakal diuji kanthi cara mangkono. Muridmurid SD wiwit awal kudu wis parek karo komputer, merga iku pancen kabutuhan.Rehning ANBK tumrap SD iku klebu aturan anyar, mula Dinas Pemuda dan Olah Raga (Dispora) DIY makarya bebarengan karo Pusat Asesmen Pembelajaran, ngadani Pelatihan Tenaga Teknis Asesmen Nasional Jenjang SD sederajad taun 2022, nalika dina Senen Legi, 30 Mei 2022 utawa 29 Sawal 1955 mapan ing LPP Depok, Kapanewon Depok, Kabupaten Sleman.Senajan isih suwe, udakara sasi September 2022, nanging persiapane kudu luwih mateng. Tebahan garapane ora mung sasekolahan rong sekolahan. Sa- Indonesia ana 34 provinsi. Watake priyagung ing saben provinsi beda-beda. Mula wiwit saiki wis cecawis. Cecawis piranti-pirantine lan uga sing “mengoperasikan”. Piranti lan akehe murid kudu timbang. Menawa ora timbang apa maneh kurang, bakal nguciwani sakabehe.Kanggo provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta, bokmenawa ora patiya nuwuhake reribed. DIY mung ana sa-kotamadya lan patang kabupaten, Sleman, Kota Yogyakarta, lan BantuI, let-lete ora adoh. Panggonane uga ora mendhak mendhukul kebak jurang trebis. Gunung-gunung dhuwur iku merbawani signal kang pancen kabutuhan pokok. Beda ing Kabupaten Gunung Kidul kang kondhang kanthi Pegunungan Seribu ateges dhaerah kang kebak gunung. Kulon Progo ing lengkehing Pegunungan Menoreh uga kebak gunung lan jurang.Sing jeneng peraturan iku kadhang ora mawas sapa-sapa. Kahanane kepriye. Indonesia tebahe jembar. Saka Sabang tekan Merauke. Kabeh dianggep kaya Jakarta. Aturan asesmen nasional iku kangPELATIHAN TENAGA TEKNIS ASESMEN NASIONAL JENJANG SD SEDERAJAT TAUN 2022Calon proktor kudu duweni greget dhuwur kanggo pelatihan (Ft: Komarudin)Pelatihan tingkat provinsi (Ft: Komarudin)


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 13go murid-murid SD sa Indonesia. Malah-malah SD-SD ing plosok bisaa ngleksanani ANBK iki. SD-SD sing kangelan utawa isih nunut ing SMP utawa SMA/SMK supaya bisa-bisa utawa luwes anggone nata jadwal.Sing jeneng aturan pancen ora kena kaku banget. Awit kudu ngengeti “situasi lan kondisi”. Pranyata ANBK sing dadi kekudangane pamarentah supaya dadi “edhukasi” amrih siswa SD ora banget-banget “gaptek” utawa gagap teknologi cara basa kasare blas ora ngerti kenthang kimpule teknologi, digampangake kanthi cara ANBK iki bisa digarap nganggo online full ateges bocahbocah nggarap soal nganggo laptop utawa computer buka akses Kemendikbud lan semi online. Nggarap soal, sawuse rampung, banjur lagi dikirim.Kanggo ngadhepi ANBK iku, saperangan guru dilatih. Guru-guru kang dilatih ing provinsi iku wajib nularake kawegigane ing kapanewone dhewe-dhewe lan mranata lakuning ANBK ing kapanewone dhewedhewe. [Komarudin]Mesem SithikSalah sijine proktor sing dilatih (Ft: Komarudin)Calon-calon proktor kapanewon kang kudu siap dadi paran pitakonan bab ANBK (Ft: Komarudin)


14 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip Laporan DhaerahJagad seni rupa ing Kabupaten Magelang mligine ing dhaerah tujuan wisata Borobudur wiwit gumregah, sawise kandheg kegiyatane sasuwene ana pageblug Covid-19. Ana ing acara ‘Borobudur Today 2022’ digelar pameran seni rupa ing ‘Limanjawi Art House’ dhusun Tingal Kulon, desa Wanurejo Kecamatan Borobudur Kabupaten Magelang. Pameran seni rupa iki kabuka dening Heri Dono, rikala dina Minggu Kliwon, tanggal 3 Juli 2022 kepungkur sing digelar sewulan nganti tanggal 3 Agustus 2022. Pambukane pameran iki diregengake kanthi pagelaran kesenian lengger saka Bundengan, Wonosobo.Umar Chusaeni sing kagungan galeri senirupa ‘Limanjawi Art House’, mratelakake pameran seni rupa kanthi sesirah ‘Titik Balik’ iki sinartan seniman cacah 18 saka Magelang, Yogyakarta, Jakarta, Padang, Jawa Timur lan Bali. Para seniman mau yaiku Abdi Setiawan, Arie Kadarisman, Bambang Pramudiyanto, Bambang Prasadhi, Deskhairi, Hadi Susanto, Januri, Joko Sulistiono, Katirin, Lugas Syllabus, Made Toris Mahendra, Melodia, Miko Jatmiko, Nanang Widjaja, Sri Lestari Pujihastuti, Umar Chusaeni lan Yasumi Ishii.“Pameran seni rupa kang asesirah ‘Titik Balik’ iki minangka kegiyatan seni rupa sing udakara rong taun lawase mandheg amarga pageblug Covid-19. Kita nyoba gumregah maneh kanthi mbukak papan ekspresi seni rupa lan nyoba gawe normal maneh kegiyatan seni budaya lan pariwisata ing kawasan wisata Candi Borobudur, sawise pandemi iki menda,\" pratelane Umar Chusaeni. Manut Umar, pameran iki minangka budidaya pepenginan bebarengan para seniman kanggo miwiti lan mawujudake pepenginan sing sasuwene rong taun kependhem. Satemah, karya-karya lukisan sing dipamerake mujudake ekspresi visual asil saka ngeningake rasa lan pamikiran para seniman rikala ana ing ‘titik nadir’ akibat pageblug Covid-19. Pangajab lan pandongane, pageblug sigra sirna lan panguripane masarakat bisa bali normal. Pameran iki uga minangka wujud rasa syukur awit bisa kaleksanan maneh kegiyatan pameran seni rupa sing uga minangka sarana interaksi sosial sawise rong taun pinisah dening pageblug Covid-19. Karya-karya seni rupa sing kapajang ana ing ‘Borobudur Today 2022’ Nggelar Pameran Seni Rupa ‘Titik Balik’ ing Limanjawi Art HousePara sutresna seni rupa mirsani pameran (Ft: Amat S)'Ancient Legacy' karya Made Toris Mahendra, 2021, acrylic on canvas, 170 x 125 cm(Ft: Amat S)Kesenian Lengger saka Bundengan, Wonosobo (Ft: Amat S)


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 15pameran iki akehe 28 karya seni rupa, arupa 25 lukisan lan 3 patung.“Para seniman perlu nguwatake rasa toleransi. Amarga kanthi semangat toleransi sawernane karya seni rupa bisa dipamerake. Karya-karya seni rupa kasebut kanthi maneka konsep pamikiran lan ngeningake pikir sing diwujudake ana ing karya-karya seni rupa. Ana kekuwatankekuwatan sing tansah kacipta ana ing saben karya seni rupa,” panandhese Aa Nurjaman, kurator seni rupa.Kepala Dinas Dinas Pariwisata Kepemudaan dan Olahraga Kabupaten Magelang, sing rawuh ing acara pambukane pameran, Slamet Achmad Husein SE.MM, paring apresiasi marang upaya para seniman sajrone ngisi kakosongan kegiyatan seni budaya ing tlatah Kabupaten Magelang saiki iki. “Kanthi kegiyatan iki kaajab bisa dadi panjurung para seniman lan pelaku wisata liyane kanggo ngadani kegiyatan kaya mengkene iki,” pangajabe. Pameran lukisan iki uga kaajab bisa mangaribawani akehe wisatawan sing teka ana ing Kabupaten Magelang, sawise pageblug Covid19 mendha lan bisa dadi awal gumregahe ekonomi sektor ekonomi kreatif ing Kabupaten Magelang. (Amat Sukandar) Oei Hong Djien, Umar Chusaeni lan Heri Dono (Ft: Amat S) Swasana pameran seni rupa ing Limanjawi Art House (Ft: Amat S)Seniman Aa Nurjaman (Ft: Amat S)'Enjoy Life' acrylic on canvas, karya Umar Chusaeni - 2021 - 150 x 180 cm (Ft: Amat S)Seniman Umar Chusaeni (Ft: Amat S)


16 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip Wanita lan KeluwargaTumrap pawongan sing duweni rencana omah-omah asring nenimbang anane babagan bibit, bobot lan bebet. Tegese, yen tetelune wis kecekel, diajab urip bakal mblandhang kepenak tekan tuwek keklek. Nanging kaya ngapa titise anggone nyekel siset gegondhelan mau, urip kadhang kala ngalami nasib ketlisipan. Kaya bebejan sing pathokan ukara “mbrojol ing selane garu.” Jebule nasib sing ora kepetung uga bisa brojol. Salah sijine anggone lali babar blas ngetung imbang apa ora awake dhewe karo calon sisihan mau.Kedadeyan sing mengkono krasa nggrenjel, lan nglenggana nyadharake jebule salah petungan babagan ngimbangi. Imbang ing babagan pendhidhikan, cara mikir, ekonomi, mantebe nekuni agama, cara mangan/blanja, gayane urip lan sapenunggalane. Prekara sing ora imbang mau saumpama dijereng, paling ora bakal nemokake kahanan sing gawe ora penak ana ing njero ati. Contone menawa lulusan S2 bisa wae sawijining dina kepencut karo calon sisihan sing mung lulusan SMP. Sadawane jaman pacaran/penjajakan, krasa apikapik wae merga calon mung lulusan SMP duweni pengalaman sesrawungan saumbruk, lan terus nyambung nalika diajak ngomong apa wae. Nanging ora eling menawa jaman pacaran, sing diomongake sewates sing apik-apik. Durung tarung alesan nalika mengkone bakal ngadhepi tantangan- tantangan sing kudu dipikir bareng lan bisa sarwa nggiring sarujuk ing panemu. Kabeh sandhungan mau yen dipikir kanthi mantheng, jebule babar blas ora krasa njedhul nalika kita ana mangsa pacaran/penjajagan.Ing babagan agama, sanadyan agamane wis padha, bisa beda nalika wis nikah mengko. Munggah-mundhune karep lan kahanan lingkungan bisa dadi salah sijine penyebab. Sing siji kranjingan nekani acara-acara ing babagan agama tekan tengah wengi, njaban kutha sisan -sing siji luwih seneng ndableg sakemenge ana kursi ruwang tamu merga kebius nonton televisi. Wis bola-bali dikon nyedhak gelem mikir timbangan urip ana akherat merga ngunduri tuwa, lha kok ana-ana wae alesanne. Bacute banjur sisihane wegah ngelikake. Iki kahanan sing kerep gawe getun lan kegawa nganti kedawa-dawa.Mangkono uga nalika entuk rejeki banjur klinthong-klinthong ngecakake blanja. Sing lanang luwih tentrem bludhusan pasar gojegan karo para bakul merga bisa nganyang dagangane, sing wadon blas ora seneng lan sarwa golek praktise. Ing mal dalane ora tahu jeblok, panggonane wangi sisan. Durung mengko menawa ketemu kanca sing sugih-sugih, sapa ngerti banjur kepengin sugih?! Pambeda mangkene ki bakal kejereng kanthi cetha ana ing pirang-pirang petungan. Yen wujude mung masalah sepelesepele bisa cepet dirampungake merga sijine gelem ngalah lan ngemong. Cilakane menawa padha ngotote, hawane mung ngajak tukaran.Asale KeluwargaSrimpungan ora anane imbangan lelorone ora mung saka calon sisihane awake dhewe. Brayat saka calone dhewe uga kudu dijlimeti piye polah uripe. Ing sawijining surup, umpamane, penyerat nate mrangguli anane wong wadon sing metu saka omahe maratuwane tanpa pamit. Raine mbrambang, tangga teparone padha balapan ngeneng-eneng. Bareng ditakoni wong akeh, mara tuwane jebul crewete ora karuwan ditambah seneng nyacat. “Kula mboten kuwat Bu, isine kok namung komentar awon terus,” semaure negesi. Kabeh sing krungu padha ndlongop. Malah ana sawjining sesepuh menehi pitutur: “Ya wis, dikuwat-kuwatake wae Nak, durung mbakyu-mbakyumu kuwi, ora beda karo Ibune, seneng nyacat. Tangga kene lak wis ora ana sing seneng?” pitakone landhep.“Iya Mbak, kaya tugelan sinetron wae. Nanging kabeh kudu diadhepi. Sing teteg lan mantep mawon. Dipundhut apike mawon, umpamane sugihe. Ning niku malih, panjenegan ya kudu lila yen diece merga kalah sugih wau,” pituiture Pak Ketua RT rumangsa kudu aweh sokongan moral.Negesi wong nikah ora mung winates nyawijekake wong lanang lan wong wadon sarimbit ana gegayuhan mbangun omah-omah – nanging uga “ngawinake” keluwarga gunggung loro sing luwih omber sifatsifat kemenungsane. Pancen ora mesthi saben dina ketemu, nanging tetep dipikir kepriye kita bisa sumeleh ayem lan tentrem kanthi paitan sabar lan dhewasa nalika aweh sikep. Kita kudu netepi janjine katresnan bilih wong bebrayan uga duweni semangat kamardikan. Ora perlu direpoti utawa diatur karo derese karep para sedulur. Ajar omah-omah kudu duweni pikiran sing nggenah. Teteg anggone nduweni lelandhesan, piye supaya teges anggone ngetung langgeng ngimbangi sisihan. (Budi Wahyono)Ngimbangi Calon SisihanKiva


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 17 HerbalKluwih utawa kulur (Latin: Artocarpus camansi) kaprah minangka janganan utawa bahan sayuran. Kepara masarakat Jawa tradhsi nglungguhake kluwih minangka panganan suguhan saka ubarampe sajen utawa kendhuri slametan tumrap wong ajal. Mula tumrap masarakat, olahan sayur (jangan) kluwih iku banget diwanuhi lan akeh sing karem olahane. Amarga menawa disayur bumbu lodheh mirasa banget rasane luwih-luwih menawa dijodhokake karo sega liwet sing emput saka beras raja lele, gropak, menthik susu, apadene IR 64.Kamangka kasenengan ngrahapi jangan lodheh kluwih pranyata duweni keuntungan dhobel yaiku mirasa anggone ngrahapi nanging uga duweni kasiat usada (obat saka dhaharan utawa herbal). Kluwih ora ngemungna daging uwohe sing duweni kasiat usada, nanging uga isine utawa betone kang asring sinebut bethem, sarta godhonge. Sakehe kasil panaliten menehi bukti menawa daging uwoh kluwih sing lembek, empuk, lan kasap, pranyata dadi usada tumrape wong kang angel bebuwang. Dhahar jangan kluwih menehi kasil gampang anggone bebuwang. Kandhutan kalium lan vitamin A,B,C, sajrone daging kluwih nglancarake makaryane usus (pencernaan) lan nggampangake nalika bebuwang. Semono uga akehe kandhutan gajih sing becik (lemak tidak jenuh, (high-density lipoprotein, HDL) uga ngurangi ancaman lara jantung apadene akehe kolesterol jahat low-density lipoprotein-LDL). Akehe kolesterol jahat bakal muwuhi kenthele getih temah dalan getih dadi kaku lan bisa mampet utawa pedhot. Gangguan kolesterol jahat iku sing nyurung dumadine serangan jantuing utawa stroke. Bethem utawa beton kluwih uga piguna banget tumrap kesehatan. Bethem ngandhut nutrisi kang seimbang nyakup karbohidrat (52,7 gram), lemak (5,9 gram, protein (9,8 gram), lan mineral (53 miligram). Sarta magnesium (100 miligram). Bethem bisa didhahar kanthi digodhog utawa dibakar, piguna mbantu makaryane pencernaan lan nggampangake anggone bebuwang. Mula, kang nandang mag becik banget dhahar bethem krana pencernaan makaryane dadi luwih becik. Daging uwoh kluwih sarta betone kuwawa ngudhunake gula dharah. Mula tumrap panandang lara gula (diabetes) becik banget dhahar sayur kluwih utawa dhahar betoneKasiat obat uga dumunung ing godhonge. Banyu godhogan godhong kluwih piguna kanggo nyegah lan ngusadani sakehe lelara kaya stroke, gangguan pencernaan, muneg-muneg, tatu tenggorokan lan lambung, lara adhem panas, balung ngethok-ethok, nyegah lara jantung, ngudhunake kolesterol, lan ngudhunake tekanan dharah tinggi. Godhong kluwih sing isih enom, dikumbah resik banjur digodhog banyu patang gelas nganti umob kari mung rong gelas, diedhemake nganti semu panas utawa manget-manget lagi diunjuk esuk lan sore. Becik uga anggone nggodhog diwenehi kunir, gula aren, lan uyah sethithik.Kluwih klebu sayuran rakyat temah gampang ditemoni ing pasar-pasar tradhisional. Regane murah banget saben kilo mung watara Rp 3.000 – Rp 5.000. Kanggo ngolah daging uwohe luwih dhisik nyingkirake kulite sing ana erine ora landhep kanthi dionceki. Kluwih sing durung tuwa banget betone isih empuk temah durung kenthel utawa mempur betone. Kluwih klebu tuwuhan sing gampang ditangkarake nganggo betheme. Bethem sing uwis tuwa, banjur dipepe nganti garing, terus diseleh ana papan kang umes. Biasane sawise telung minggu utawa sesasi banjur thukul. Sawise thukulan utawa anakan umur watara telung wulan bisa ditandur ing papan kang bawera. Uwite sing branggah nganti dhuwure kliwat 15 meter lan godhonge sing megar jembar dadi jalaran kluwih gampang ngeyomi tuwuhan liyane sing luwih cendhek. Biasane sawise umur 5- 7 taun uwis awoh. Kembange sing molemole dawa (ontel), sawise gogrog lan garing, bisa dimanpangatake kanggo nundhung lemut. Carane kanthi diobong nanging aja nganti genine ngalad-alad, cukup mung mrambat lan ngetokake kukus temah disingkiri lemut sing sesaba.*(Senggani/DL) Sumber wacan:Dr. C.G.G J. van Steenis, 1987. FLORA, PT Pradjnya Paramita, JakartaDharma, AP (1987). Indonesian Medicinal Plants [Tanaman Obat Indonesia]. https://id.wikipedia.org/wiki/Kluwihhttps://kecipir.com/blog/tipsdan-trik/10-manfaat-kluwih-untukkesehatanKluwiHKiva


18 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip Jagading LelembutPengalaman iki dialami dening penulis nalika isih cilik dherek Pakdhe-Budhe ing kutha T (disamarke). Nalika kuwi aku melu Pakdhe wiwit umur patang taunan. Pakdhe-budhe ora kagungan putra banjur ngopeni putra-putrane adhiadhine saka Pakdhe lan Budhe. Kabeh diopeni lan disekolahake ana ing sekolahan kutha kono. Saka TK nganti tingkat SMA diragati nganti padha lulus lan duwe ijazah.Pakdhe kagungan dalem sing gedhe lan jembar tinggalane wong tuwane. Pakdhe karo Budhe dodolan ing kios ngarep pasar T. Dagangane maneka warna saka beras, kedhele, gula lan liya-liyane. Asile lumayan bisa kanggo nguripi putra-putra sing diopeni. Aku karo sedulur-sedulur urip akur ora kurang apa-apa. Kabeh kebutuhan wis dicukupi karo Pakdhe Budhe saka sandhangan lan maem bendinane. Pakdhe klebu bakul kang sugih amarga anggone bakulan temen.Daleme Pakdhe klebu omah kuno lan katon angker yen durung tau manggon. Pancen daleme Pakdhe angker. Ing kono tangga-tangga kerep diweruhi wewujudan kang medeni. Aku kerep weruh glibete wong kang mlaku mlebu pinuju kulah. Nalika dak parani ora ana apa-apa. Ing pojokan ngomah jaba sing ana grojogan kalen saka blumbang jero omah kerep ana pawongan wong wedok rambute dawa lungguh s a c e r a k e grojogan. Ing ngarep omah ana wit jambu lan pelem uga kanggo p a n g g o n a n g e n d r u w o . Dadine aku lan sedulursedulurku wis ngerti nanging durung tau diweruhi.Welinge pakdhe sing penting aja ngganggu lan aja diganggu. Menawa ngepasi pengin nang kulah apa dhapur mesthi ngajak barengbareng kudu ana sing ngancani. Kahanan kuwi nganti mataun-taun wiwit aku ndherek Budhe Pakdhe. Wayah bengi kahanan jaba peteng durung padhang kaya saiki amarga listrik isih 110 durung 220. Lampu dalan mung siji loro sing katon murup amarga isih dibatesi. Nalika semana aku didhawuhi Pakdhe tuku obat ana ing toko obat Cina sing cerak kreteg kali K (disamarake). Pakdhe menehi cathetan ing kertas lan dhuwit kanggo tuku obat sing dikersakake. Cathetan lan dhuwit daktampani terus aku bukak lawang metu saka ngomah. Kahanan ing jaba rada peteng lan aku sangu senter kanggo pepadhang ing dalan. Welinge pakdhe aja mlayu lan kesusu mundhak tiba. Ing dalan aku mlaku alon-alon semu wedi amarga ora ana sing ngancani. Dalan desa katon sepi ora ana wong padha metu saka ngomah. Ora suwe aku wis tekan toko obat mau lan age-age ngulungake cathetan mau karo pegawene. Pegawene toko banjur nampani cathetan mau banjur memburi saperlu njupuk obat sing arep dituku. Obat sing dikersakake Pakdhe wis ketemu aku banjur ngulungake dhuwit kanggo mbayar. Sabanjure aku terus mlaku mulih karo nggawa obat sing dituku mau. Ing dalan aku ketemu wong kang arep menyang pasar lan wong padha rondha. Aku mlayu-mlayu alon karo rada wedi amarga kahanan saya sepi lan peteng. Ora nganggo suwe aku wis tekan pekarangan daleme Pakdhe. Basan delokake dhuwur omah mak tratap aku kaget meruhi ana pawongan gedhe ireng matane abang lagi ngrokok


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 19 Kembang SetamanLayang BiruIsih daksimpen layang birusing nganti saiki durung dakkirim marang sliramuKadhangkala nggawe swasana syahduNanging uga kerep nukulake haru lan tatuKadhangkala nggawe ati marem lan ayemNanging uga kerep nukulake swasana suremApa ngene iki sing jenenge tresna?Nganti seprene sliramu isih daktenggaDudu maksudku ngrembakakne arep-arepanJalaran kanyatane arep-arepan mung nukulake kelaranKajaba arep-arepan marang Gustising ora bakal kliru lan wus pesthiNaima Janatin AkbarLampu Bang Jonalika abang atimu mbranangrencem kaya kasabet pedhang.nyandhak kuningrasamu ndadak koming kelingan kang bakal ngglindhing.tiba byar ijonjenggirat rinasa lega kang kok anti yagene malah koktinggalna.Gampang PrawotoSastrowidjojo, 11112020MalihSemilir Angin wengi ing wulan JanuariTansah gawe adhem ing atiKelingan sliramu sing gematiAnanging Kabeh mau namung ing buriPadhanging lintang lan rembulanMarakake kelingan.....Sliramu sing daksayangNanging saiki wis ilangSaiki Kabeh wis bedaAku karo kowe wis udu sapa-sapaNamung kanca biasaYa uwis ora papa aku wis lilaRatna Khoirun NisaPikirkuAbang putih kajunjung dhuwur ing langit pratiwiGarudha Pancasila pralamambang pamersijiBangsa kang apik ing budi lan tutur, pikirku...Bangsa ingkang minulya lan makmur, pikirku...Saiki apa?Para panggedhe ngapusi, para panggedhe korupsiSing jarene para wakil rakyatNyatane?Kowe sugih, rakyatmu mlaratKowe lemu, rakyatmu kuruAyo brastha korupsi, ayo padha gumregahMbangun bangsa IndonesiaBangsa kang apik ing budi lan tuturBangsa ingkang minulya lan makmurAnis DiantarGodean, 26 Januari 2022Aku ayem wis tekan ngarep omah. Nanging dumadakan tanganku mrinding saawak kaya wong keweden. Aku lingak-linguk deleng kiwa tengen kok kaya ana wong sing ngematake aku. Aku saya mrinding amarga ora nemoni sapa-sapa ing papan kono. Nalika nyawang dhuwur omah mak tratap aku kaget meruhi ana pawongan gedhe ireng matane abang lagi ngrokok. Aku mlayu nabrak lawang karo bengok-bengok njaluk dibukakake amarga saking wedine. Budhe saka jero omah ageage bukak lawang lan nakoni aku ngapa kok nganti nabrak lawang karo bengok-bengok.Aku matur Budhe yen ana dhuwur omah ana wong lagi ngrokok matane abang. Aku batin kuwi mesthi maling sing arep mlebu omah ngenteni sing manggon padha turu. Budhe karo Pakdhe banjur metu saka ngomah pinuju latar ngarep. Karo nggawa senter lampune disorotake ana ing dhuwur omah lan ora nemoni apa-apa kaya sing dikandhakake aku mau. Ora ana pawongan sing lungguh ana dhuwur omah lan ngrokok.Pakdhe banjur ngajak aku mlebu ngomah lan crita kuwi mau satenane wewujudan mau gendruwo sing manggon ing wit pelem lan apese meruhi awakku. Aku sanalika kamigilanen wedi krungu ngendikane Pakdhe. Pancen yen ngepasi sepi lan panggonan peteng gendruwo bakal ngetoki wong-wong kang padha liwat ngarep daleme Pakdhe.Wis akeh wong kang diweruhi wewujudan gendruwo kuwi. Ana wong kang lagi rondha mlayu girapgirap diweruhi gendruwo. Kadhang mambu-mambu bakaran tela sadurunge wewujudan gendruwo kuwi metu. Nanging saiki kahanan wis beda ora kaya biyen. Lampulampu akeh sing dipasang ana ngarep omah lan dalan-dalan. Dadine katon padhang saiki desa T sing biyen katon peteng lan singup angger liwat omah-omah lan kebonan. Gendruwone wis ora tau meruhi wong-wong maneh. Sajake pindhah panggonan amarga kagusur bangunan-bangunan anyar lan padhang dalane. [Mas Trie-Sleman]


20 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip PustakaPara sutresna budaya ngaturi pirsa, bilih koleksi langka ingkang sumimpen wonten ing Balai Layanan Perpustakaan Dinas Perpustakaan dan Arsip Daerah DIY, dumugi wekdal samangke gunggungipun langkung saking 15.000 judul. Pangertosan langka/kuna/lama nedahaken ukuran wekdal ingkang lelandhesan Monumen Ordonansi STBL 238 tahun 1931 lan UU Cagar Budaya No.5/1992 inggih menika paling mboten umuripun 50 tahun. Ateges buku langka menika seratan utawi karangan ingkang sampun nggadhahi umur 50 tahun utawi langkung.Wonten ing kalodhangan menika badhe kaaturake salah satunggaling koleksi langka, ingkang awujud manuskrip. Manawi cithakan sa derengipun ingkang kaaturaken babagan wujudipun manuskrip, sa mangke ingkang badhe kababar isinipun ingkang nami Serat Wulang Reh ingkang rinipta dening Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IV.Serat Wulang Reh makaten kalebet seratan asta mawi aksara Jawi rinipta ing sekar macapat rikala jamanipun Kasunanan Surakarta Hadiningrat, serat menika kalebet istimewa inggih amargi dipun serat dening satunggaling raja ing Surakarta inggih menika Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IV ingkang kagungan gelar Senopati Ingalaga Sayidin Panatagama Kalifatullah. Serat menika sampun wongsal wangsul dipun tedhak, malah ugi sampun dipun cithak mawi aksara jawi utawi aksara latin. Kalebet serat ingkang moncer wonten ing madyaning masarakat Jawi, saperangan ageng isinipun ngewrat babagan kepemimpinan.Serat Wulangreh ngewrat ajaranajaran ingkang migunani tumraping ngagesang, kadosta: utaminipun saben tetiyang nggadhahi p a n g e r t o s a n / p e n g e t a h u a n . Tumindak kesaenan wonten ing madyaning sesrawungan. Awisan nindakaken kanisthan. Ajaran ngabekti, tatacara ngabdi dhateng pamarintah, awisan nyatur ngasanes. Saben tumindak kedah waspada. Njagi sesrawungan, nampi takdir kanthi samesthinipun, kados pundi pemimpin utawi pejabat pamarintah menika anggenipun mimpin lan ngabdi dhateng pamarintah. Ajaran tiyang sepuh dhateng putra wayahipun.Wonten ing Serat Wulangreh menika meh saben gatra, pada, pupuh wonten ajaran babagan kepemimpinan lan taksih jumbuh utawi relevan kalihan jaman samangke. Ajaran kepemimpinan langkung gamblang wonten ing pupuh XI tembang Asmarandana. Wonten ing pupuh menika ngewrat wejangan dhateng nayaka luhur utawi pemimpin masarakat. Ajaran kepemimpinan wonten serat Wulang Reh kaperang dados 5:1. Pemimpin kedah mangertos babagan halal, haram2. Pemimpin kedah nggadhahi sifat prasaja3. Pemimpin kedah loyal kalihan negari4. Pemimpin kedah boten nggadhahi watak sudagar/ pedagang5. Pemimpin kedah lembah manah saha adilI. PEMIMPIN KEDAH MANGERTOS BABAGAN HALAL SAHA HARAMPemimpin, kedah mangertosi pranatan negari kanthi sae. Serat Wulang Reh kaserat rikala panguwaos Tanah Jawi wonten ing kapitadosan Agami Islam, pramila kedah mangertosi babagan halalharam wonten ing pasuwitanipun. Halal-haram miturut pangertosan inggih menika mangertosi pranatan ingkang kapacak wonten kitab suci, undang-undang, saha kawicaksanan pamarintah. Halal maksudipun; padamelan ingkang pareng dipun tindakaken dening pimpinan. Haram maksudipun padamelan ingkang dipun awisi menawi dipun tindaaken, sarta mboten pantes dipun tindakkaken dening pemimpin. Tumindak ingkang pareng dipun tindaaken kedah adhedhasar pranatan saha moral utawi kode etik kepemimpinan. Pemimpin badhe saged ngontrol pribadinipun kangge nindakaken ingkang halal lan nilaraken ingkang haram sak dangunipun piyambakipun anggadhahi ngresepi lan ngamalaken nilai-nilai keagamaan ingkang sae. Menawi pemimpin menika hanggadhahi kapitadosan agami Islam, samesthinipun nindakaken sholat wajib, kejawi gegebengan kitab Suci Al-Qur’an ugi kedah mangertosi pranatan sanesipun kadosta Hadist Nabi. Kanthi makaten sedaya pranatan kedah adhedhasar agami. (Ana candake)AJARAN KEPEMIMPINAN MITURUT SERAT WULANG REH (01)Dening BudiyonoDinas Perpustakaan Dan Arsip Daerah DIY


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 21 Nasib PanjenenganKanggo mangerteni nasib panjenengan ing minggu iki, kaetung dina lan pasaran (weton lan kelairane) banjur kagunggung. Asil gunggungan kasebut kacocogake karo gunggunge neptu dina kaya kang kabeber ing dhuwur. Dina-dina: [Ahad=5], [Senen=4], [Selasa=3], [Rebo=7], [Kemis=8], [Jumat=6], [Setu= 9]. Pasaran: [Paing=9], [Pon=7], [Wage=4], [Kliwon=8], [Legi=5]Neptu 7 Kabecikan iku ora mawang kalungguhan, kasugihan, lan prabeda, mula becik tiindakna. Pangupaboga: usaha nayar bisa maju yen ora mung seneng tlecekan. Rejeki: wuwuh. Asmara: marem. Dina Becik: Selasa Legi. Kesarasan: dhahar lan ngunjuk anget, ngurangi gorengan. Memitran: ora lali.Neptu 8 Aja seneng ngemnbe wong liya, ora becik ditindakake, mundhak keweleh mengkone. Pangupaboga: akeh wektu kanggo mekarake usaha anyar. Rejeki: nglumpuk. Asmara: greget. Dina Becik: Rebo Paing. Kesarasan: diakehi dahar sayur lan buwah-buwahan. Memitran: padha ngertine.Neptu 9 Akeh kesenengan sing murakabi kanggo mbangun dina ngarep sing luwih becik, pilihen. Pangupaboga: ora ana kesuksesan teka tanpa tenaga sing kemringet. Rejeki: nomplok. Asmara: gayeng. Dina Becik: Setu Kliwon. Kesarasan: sare ora kerep kewengen, ngurangi gorengan. Memitran: ketemu. Neptu 10 Akeh pilihan sing bisa dimekarake kanggo mbangun kesuksesan sajrone karya lan urip. Pangupaboga: yen ditlateni bakal dadi. Rejeki: dalidir Asmara: katrem. Dina Becik: Kemis Pon. Kesarasan: diakehi ngunjuk putih, sayur, lan ngurangi legi. Memitran: kekancan iku sing pandak.Neptu 11 Kabeh wong iku kanggonan lali, murka, salah, lan apes, mula sing ngati-ati lan waspada. Pangupaboga: rejeki tinemu ing sembarang papan, aja sumelang. Rejeki: lumayan. Asmara: lulut. Dina Becik: Jumuwah Wage. Kesarasan: olah raga kanggo jaga kasarasan iku kembali. Memitran: sumadulur.Neptu 12 Wektu sethithik manpangatna kanthi becik supaya rancangan urip bisa mawujud. Pangupaboga: aja ngopeni dhuwit panas, bilaheni. Rejeki: nrecel. Asmara: kangen. Dina Becik: Selasa Legi. Kesarasan: dhahar lan ngunjuk ora telat, ngurangi kegiyatan, ngaso cukup. Memitran: saya cerak.Neptu 13 Akeh pakaryan sing kudu enggal dirampungake, aja seneng ngendhong-endhong. Pangupaboga: yen didalateni lan ditekuni bakal dadi. Rejeki: nomplok. Asmara: gregut. Dina Becik: Jumuwah Pon. Kesarasan: ngurangi, sare ora kewengen, penggalih semeleh. Memitran: ora nate owah.Neptu 14 Pakaryan sing bisa ditindakake enggal rampungna supaya ora ngregoni lakune urip. Pangupaboga: yen wekel bakal nyekel, yen tlaten wekel bakal nyekel Rejeki: lumayan. Asmara: kompak. Dina Becik:Kemis Pon. Kesarasan: aja ngaya, ngurangi tindakan wengi. Memitran: cocok.Neptu 15 Ngati-ati ngecakake gunem lan patrap sing merbawani marang kawicaksanan. Pangupaboga: rejeki iku diudi aja mung dienteni sinambi ngimpi. Rejeki: turah. Asmara: waspada. Dina Becik: Setu Kliwon. Kesarasan: aja kemrungsung, dhahar perlu gizi seimbang. Memitran: saya cedhak.Neptu 16 Aja seneng nggembol pangigit-igit, iku gawe rugine dhewe, ngringkihake raga lan jiwa. Pangupaboga: akeh pakaryan anyar sing butuhake kawigatewn mirunggan. Rejeki: akeh. Asmara: sengsem. Dina Becik: Jumuwah Wage. Kesarasan: ngurangi legi, kecut, pedhes. Memitran: kaya biyen.Neptu 17 Ora ana urip tanpa sandhungan, ora ana susah lan bungah tanpa watesan, elingana. Pangupaboga: usaha anyar butuh penanganan lan kawigaten mirunggan.Rejeki: mbanyu mili. Asmara: sareh. Dina Becik: Rebo Paing. Kesarasan: dhahar anget, ngurangi gajih. Memitran: ora beda biyene. Neptu 18 Akeh pengalaman kepungkur sing bisa dienggo nglelimbang kawicaksanan sing dicakake. Pangupaboga: yen ditlateni lan ditekuni kabeh bakal mekar lan dadi.Rejeki: ora kendhat. Asmara: sreg. Dina Becik: Senen Kliwon. Kesarasan: aja ngumbar amarah, bisa mumetake sirah. Memitran: kelingan.*Kawiwitan Minggu Wage, 29 Mei 17 Juli 2022 (17 Besar 1955 Alip ) ketug Setu Kliwon, 23 Juli 2022 (23 Besar 1955 Alip). Klebu Wuku KURUWELUT Bocah lair minggu iki dewane Bathara WISNU, padhang paningale, lepas budine, waskita atine. Kayune : parijatha, bagus rupane, tresna asih marang sanak kadang pamitrane, nanging rada prihatinan. Manuke: sepahan, wanter sarta werit budine, gedhe kabegjane. Gedhonge ana ngarep: pradhah sarta seneng ngetokake raja donyane. Nganggar sanjata cakra: wateke wanter marang kaprajuritan. Lambange tirta wening ing jembangan : rahayu ing budi, karem olah kasucian. Candrane: kapas ngarang. Sambekalane: krana panasten. Bilahine: jalaran panganiaya. Panulake sambekala: sedhekah iwak wedhus tujah (wedhus kang sikile ngarep putih), kaolah werna-werna.Slawate: 100 keteng,. Dongane: slamet kakula. Pranata Mangsa: Mangsa KASA. Suwene Mangsa KASA41 dina, wiwit Rebo Wage, 22 Juni 2022 ketug Senen Wage, 01 Agustus 2022. Candrane Mangsa KASA : “Sesotya murca saka embanan”, Werdine: gegodhongan rontok merga dayane hawa panas, pang-pang ranggas, wiwite mangsa garing utawa ketiga, tuk pampet, akeh wong sambat kekurangan banyu.


22 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip Padhalangan6Ing kalodhangan kasebut Resi Hijrapa mrayogakake marang Wrekudara supaya anggone grukti kwandane Prabu Baka dipisahake ing antarane gembung lan sirahe. Ancase kanggo ngedohake lan ngilangake pangaribawa ala ing bumi Ekacakra. Wrekudara nayogyani kersane Resi Hijrapa. Sawise kwandhane Prabu Baka kapethak, Bima lan Arjuna disubya-subya kawula Ekacakra. Luwih-luwih warga desa Sendhang Kandhayakan lan dhusun Giripurwa sing wingi melu ngarak kurban sesaji tumuju kuthagara Ekacakra. Kabeh kang disipati kuwi padha crita kanthi ngetuprus kebak kabungahan. Dheweke rumangsa nampa kabegjan tanpa upama, dene kepareng melu ngalami luware kawula Ekacakra saka bebendune ratu lan wiwit lumebu ing jaman anyar kebak katentreman lan kabungahan.Sasurude Prabu Dwaka nagara Ekacakra lumebu ing jaman anyar. Ora mung kawulane sing ngrasakake bungah, ananging uga punggawa lan prajurite. Pranyata akeh sing ora seneng marang tumidake Prabu Dwaka, ananging mung trima meneng lan merem marang apa kang ditindakake ratu, nadyan nerak angger-angger kamanungsan. Prabu Baka ya Prabu Dwaka sing dadi sumbering rasa wedi wis kelakon di pugut uripe dening Bima. Kwandane dipendhem dibalekake ing bumi Ekacakra. Napase wis entek, manunggal bali ing angin, getihe bali ing banyu, lan tenagane bali ing geni. Gugure Prabu Baka mahanani tatanan nagara Ekacakra malik grembyang. Yen sadurunge kawula Ekacakra kaweden bab-bab sing nggegirisi, kaya dene siksa lara lan mati, saiki sing ana mung seneng, marem, ayem lan tentrem. Lemahlemah sing maune bera ditinggal ngungsi saiki wiwit digarap maneh.Para warga desa padha kelingan ngendikane Ibu Lurah Rara Winihan sing gegayutan karo impene. Yen ora suwe maneh kawula Ekacakra bakal nemu kamulyan lan kabegjan gedhe. Mula bareng wis kedadeyan temenan kamulyan mau, asmane Rara Winihan saya kuncara mbuntuti asmane Wrekudara lan Arjuna. Sawise Prabu Dwaka surud, mesthi wae ora ana maneh kurban bothok manungsa, sing gawe miris kawula. Kurban kang dicawisake Resi Hijrapa, senadyan ora kelakon didhahar prabu Dwaka, dadi kurban panutup. Kaya ngapa bungahe kulawarga Resi Hijrapa dene wis luput saka panganiaya ratu. Kajaba Raden Rawan anake ora sida dadi kurban, Resi Hijrapa uga antuk pamecut lan pepadhang supaya bisaa dadi wong tuwa sing nglenggahi dadi saka gurune balewisma. Saka guru mono kudu jejeg, pengkuh, bakuh ora mingkuh anggone nggoceki kaadilan brayat. Ora kena mban cindhe mban siladan. Supaya brayat iki bisa kanggo jujugan, lan pangauban kanggo sapa wae kang mbutuhake rasa adil. Ing dina candhake, nalika kabeh padha ngumpul, Resi Hijrapa, Rawan, Lurah Sagotra lan Rara Winihan ngaturake gunging panuwun kang tanpa pepindhan marang Ibu Kunthi, Raden Bima, Raden Arjuna lan uga Raden Puntadewa. Ora mung mandheg tekan atur panuwun, ananging dikantheni prasapa, yenta mengkone kedadeyan perang gedhe kang sinebut Bharatayuda, Resi Hijrapa, Raden Rawan sumadiya dadi tawur sepisanan kanggo jaya-jayane Pandhawa. Ki Lurah Sagotra dan Rara Winihan dadi seksi prasapa mau. Kunthi lan Pandhawa banget trenyuhe nampa prasapa kasebut. Bareng kahanane wis rada mendha, kawula Ekacakra bali marang urip padinane. Sing tetanen padha bali nggarap sawahe, sing dedagangan padha bali dagang, sing nggilut ing kesenian padha pentas maneh, babagan pasinaon wiwit lumampah kanthi ayem tentrem, Ibu Kunthi lan Pandhawa Lima nyuwun pamit ninggalake Giripurwa saperlu nerusake laku. Sejatine para kawula kepengin Pandhawa nunggoni lan ngayomi Ekacakra, ananging mesthi wae kekarepan mau ora bakal kasembadan. Jalaran Pandhawa duweni kuwajiban agung, kanggo memayu hayuning bawana. Ora ngemungna bumi Ekacakra ananging uga bumi-bumi liyane. Gegandhengan karo gegayuhan kasebut Kunthi lan Pandhawa isih kudu mlaku adoh kang rumpil dalane, kebak sanjabaya ing kiwa tengene.Kanthi rasa nggregel lan sumedhot warga Kabayakan lan Giripurwa nguntapake tindake Ibu Kunthi lan Pandhawa. Tumetesing luh ora bisa dibendung. Luh tandha katresnan. Luh mau nelesi bumi Ekacakra, andadekake bumi Ekacakra ayem tentrem kebak rasa katresnan.Sing padha nguntapake rumangsa eman yen ta nganti ngedhepake mripate, jalaran wedi 11


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 23manawa kelangan enggok. Mula panyawange ora pedhot ngener tindake Kunthi lan Pandhawa sing saya adoh nganti ora bisa dinulu.Senajanta wis ora katon maneh, gegambarane Pandhawa malah saya ngegla ing ati. Sinatriya sing sepi ing pamrih rame ing gawe, mbelani kawulane kanthi legawa ora ngetung pringga-bayaning marga kuwi nabet ing atine para kawula.Tindake Kunthi, Puntadewa, Bimasena, Arjuna dan sikembar Nakula Sadewa wis adoh saka Giripurwa. Piyambake durung kersa kondur ing Hastina. Prastawa Bale Sigala-gala sing nggegirisi isih mbayangi uripe. Luwih-luwih si kembar Nakula Sadewa. Nganti saiki isih wedi marang pletike geni.Iya kanthi mangkono Kunthi lan kalima anake gembleng tekade urip satataning brahmana sing lagi nindakake laku tapa ngrame. Mlebu metu alas, menganggo sandhangan kulite sato kewan, lan memangan woh-wohan kang diprangguli sajroning alas. Rina wengi Bima lan Arjuna datan pegat kaprayitnan njaga Kunthi lan sedulur-sedulure saka serangan kewan galak lan uga buta alasan. Kabar gugure Prabu Dwaka sumebar adoh tekan ing negara Pringgandani. Prabu Arimba raja raseksa Pringgandani sing kaetung dadi mitraning Prabu Baka, kobong atine. Geneya ana jalma manungsa sing wani merjaya marang Prabu Baka. Mula saka kuwi, dheweke ngutus Arimbi adhike, kang wujud raseksi, golek sisik melik sapa ta sing mateni Prabu Dwaka. Yen wis ketemu, Arimbi diparingi purba wasesa kanggo ngrangket satriya mau saperlu disowanake ana ing Pringgandani. Dene yen mbandakalani Arimbi diwenangake mateni satriya mau. “Ananging yen kowe ora bisa mateni wong mau, enggala bali ing Pringgandani, mengko aku dhewe sing arep nyaur patine sumitraku.” Ngendikane Prabu Arimba marang rayine.Ora gantalan wektu Arimbi nyuwun pamit nilarake Pringgandani dhewekan nuju negara Ekacakra. Satekane ing Ekacakra Arimbi antuk katerangan yen sing mateni Prabu Baka asale saka Giripurwa. Arimbi njujug Giripurwa. Ananging Giripurwa komplang, suwung. Gela rasane durung ketemu sing diupadi. Mula banjur nglumpukake katerangan magepokan karo ciricirine sing mateni Prabu Dwaka. Salah sijine warga Giripurwa karo wedi-wedi nyebutake ciri-cirine Wrekudara marang Arimbi. “Kang, kena apa kok blakani Buta Wedok mau. Katone dheweke duwe niyat ala, sedya gawe cilakane Raden Wrekudara” Celathune warga Giripurwa marang sedulure, sapungkure Arimbi.“Amarga aku wedi dipilara yen ora mangsuli pitakone.”“Ananging bisa wae ta Kang, kowe mangsuli pitakone Buta Wedok mau kanthi nyebutake ciri-cirine Raden Wrekudara sing beda karo sanyatane. Upamane, Raden Wrekudara iku cilik, cendhik lan cungkring. Rambute abang arang, mripate rembes.” “Huuu... kuwi jenenge goroh, mblusukake, aku wiwit cilik diajari karo wong tuwaku kudu jujur, ora pareng goroh, utawa ngapusi.”“Ngapusi kuwi oleh wae Kang, sauger kanggo bab-bab sing becik.”“Sing ngolehake sapa? Kanthi alasan apa wae, omong goroh lan ngapusi kuwi ora becik.”“Lha yen tujuane supaya Raden Wrekudara ora kecekel lan ora dipilara nganti tumekeng pati dening Buta Wedok mau, apa kuwi ora becik?”“Dhi, tak omongi ya, Raden Wrekudara kuwi digdaya, sekti mandraguna. Selagine Prabu Baka sing gagah ronggah-ronggah wae kalah, apa maneh buta wedok kae, mesthi ora bangga sepiraa yen tanding karo Raden Wrekudara.” Adhine manthuk-manthuk, tandha nayogyani karo apa sing diomongake Kakange.[Tancep Kayon]Salah sijine warga Giripurwa karo wediwedi nyebutake ciri-cirine Wrekudara marang Arimbi


24 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip Crita RakyatPangeran Mundhinglaya banjur golek papan kang prayoga kanggo mesu budi. Banjure ngawe sekabat lelorone, Sangkut karo Toleh.“Kene, Paman padha cedhaka karo aku,” pangandikane Pangeran Mundhinglaya kanthi aris.“Inggih, Ndara.” Kekarone mangsuli bareng.“Ewang-ewangana aku semedi kanggo tumuju Mega Malang ing Langit Sapitu.”“Menika papanipun wonten ngandhap menapa nginggil, Ndara?” Pitakone Sangkut.“Mesthine ya ana dhuwur, jenenge wae Mega Malang ing Langit Sapitu. Mega biasane rak ana langit ta. Langit kuwi ana dhuwur,”“Terus kanggo mabur dhateng langit menika mawi menapa Ndara?”“Iku sing aku durung ngerti. Merga aku karo Jonggrang Kalapitung mung dikongkon semedi wae supaya bisa tekan Mega Malang. Mula kang wigati awake dhewe semedi wae bareng-bareng. Mesthine anggone semedi temenanan, ora mung karo prenesan utawa guyonan. Miturut Jonggrang Kalapitung kanggo tumuju Mega Malang ing Langit Sapitu iku kudu ngliwati papan Sajabane Langit. Papan Sajabane Langit iku dumunung ana awakku lan bisa digayuh kanthi semedi. Mula kanggo mapan ing Sajabane Langit lan tumuju Langit Sapitu, padha semedi, sira sakloron ngewang-ewangi. ”“Inggih Ndara.” Kekarone mangsuli bareng.Pangeran Mundhinglaya banjur sedhakep saluku tunggal. Lenge cipta, nedya meminta sihing Bathara kanggo maringi sarana bisane nggayuh pusaka Layangan Salaka Domas. Pandenging netra mung tumuju pucuking grana, talingan rinucat saking kehing suwara jaba krana kang kamireng mung keteg salebeting dhadha kang mratandhani lajuning ludira mecaki sarandhuning sarira. Semono uga pangrasane napas mung rinasa ing pucuking mustaka kadya wirama kedaling jangkah lumuh kasranta. Dene Sangkut lan Toleh sing racake guyonan peprenesan uga meleng semedi muhung karsane Hyang. Lungguh ing sawingkinge Pangeran Mundhinglaya kalayan nulad cara semadine bendarane.Eloking kahanan, datan rinasa salirane Sang Abagus kaya kaangkat munggah alon-alon. Nguningi bendarane uwal saka palungguhane, Sangkut lan Toleh bebarengan nggondheli Pangeran Mundhinglaya temah kekarone melu mumbul alon-alon kaya abure kapas katiyup mandra. Sawetara wektune, ngerti Pangeran Mundhinglaya wus dedunung ing papan kang durung nate dingerteni kang kinupeng dahana kang mangalad-alad.“Ndara menika wonten pundi?” ature Sangkut lirih.“Aku dhewe durung ngerti, Paman. Ananging pangiraku awake wus dumunung ing Langit Sapitu. Banjur ngendi dununge Mega Malang mau, aku uga ora ngerti. Mula becik ayo semedi maneh, meminta sihing Kang Kawasa amrih awake ngerti dalan kanggo tumuju Mega Malang.”“Inggih, Ndara.” Banjur Pangeran Mundhinglaya mangsah semedi dieloni sekabat lelorone. Sawise sawetara anggone semedi, ing talingan kiwane Pangeran Mundhinglaya ana suwara dumeling “Heh kaki Pangeran Mundhinglaya, aja sira emeng tumuju Mega Malang. Geni kang mangalad-alad iku dumunung ing laladan Sabuk Geni, lambang mubale hawa napsu. Sing sapa wani ngiwakake hawa napsu, lan Ringkese Crita Kepungkur: Ing Krajan Muaraberes, Pangeran Mundhinglaya katampa sajrone pasewakan agung. Lenggah tinangkil Prabu Surawisesa ingampingan garwa padmi Kangjeng Ratu Gambirwangi kang ingadhep Patih Kawung Pandhak lan manggalayuda Kentrik Manik sarta para mantri bupati sarta nayaka praja kang pepak andher anyekseni sowane calon jatukramane sekar kedhaton Dewi Asri. Nalika Pangeran Mundhinglaya uga ngaturake jejibahan praja kanggo ngupadi pusaka Layangan Salaka Domas, Prabu Suryawisesa karenan sarta paring pratikel lan piyandel. Wujud piyandel kang kaparingake marang Pangeran Mundhinglaya yaiku Kujang Kembar Asirah Sima sing klebu salah sijine pusaka Krajan Muaraberes. Sawise sawetara dina cumondhok ing Muaraberes, Pangeran Mundhinglaya kairing para prajurit Muaraberes budhal ngupadi pusaka Layangan Salaka Domas. Ing tengahing marga tumuju menyang Sajabane Langit, Pangeran Mundhinglaya dipalangi dening bekasakan Jonggrang Kalapitung. Bekasakan iki meksa Pangeran Mundhinglaya ora liwat dalan sing dadi baureksane temah nuwuhake pasulayan. Jonggrang Kalapitung bisa ditelukake dening Mundhinglaya kanthi migunakake pusaka Kujang Kembar Asirah Sima. Bekasakan Jonggrang Kalapitung uga menehi weruh menawa papan ing Sajabane Langit iku dumunung ing anggane Pangeran Mundhinglaya dhewe mula kanggo tumuju papan iku mung kudu semedi. 06


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 25nengenake tresna asih bakal unggul jurite. Menawa kaki kuwawa nyirep ubaling geni ing Sabuk Geni bakal ana dalan tumuju Mega Malang.” Gragapan Pangeran Mundhinglaya midhanget dumelinge suwara ing talingane. Nuhoni piweling liwat talingane iku Pangeran Mundhinglaya arsa nindakake maneh puja bhakti.“Paman Sangkut lan Toleh,” pangandikane Pangeran Mundhinglaya aris.“Inggih, wonten dhawuh Ndara,” ature abdi kekarone. “Awake dhewe dening jawata kadhawuhan maneh ngeningake cipta kanggo meper hawa napsu kanggo sumadhiyane marga tumuju Mega Malang, Paman.”“Inggih, Ndara. Sendika.”“Peperen kabeh angern sing tumuju nuruti pepenginane awak utawa daging sing malangi kanggo mujudake asih tresna sajerone urip,”“Inggih. Dirungokake ya Kang Sangkut,” Toleh jawil Sangkut.“Iya. Aku ya ngrungokake kok, dipadhakake ….”“Wah. Aja glendhengan Kang, karo Ndara didhawuhi meper hawa napsu ta supaya tresna asih sajrone jiwa sangasaya ngrembaka.” “Iya ayo. Dipunjerake pancadriyane,”“Pancadriya kepiye,”“Wah kowe ki, pancadriya kuwi ya pangrasa cacah lima yaiku mripat sing kanggo deleng, irung sing kanggo ngganda, kuping sing kanggo mirengake, canthoka sing kanggo bebuwang, lan kamacipta sing kanggo kemareman.”“Walah, kok kowe dadi pinter nyurasakake Kang, banjur kuwi kabeh dikapakake,”“Dipeper, disidhem. Ayo.” Kekarone banjur melu mangsah semedi. Meper babahan sanga.Saka paningal, grana, karna, tutuk, pambuwang, lan pamarem. Geturing semedi Pangeran Mundhinglaya kalawan Sangkut lan Toleh sakala nuwuhake kaelokan. Sakala dahana mangalad sirep tanpa tabet, sing katon dalan padhang terawangan ing tengahe ara-ara. Geni papan pangrantunan, papan kanggo ngresikake jiwa wus bisa diliwati. Ananging arahing keblat ora cetha. Bakal mlaku menyang ngendi kanggo tumuju Mega Malang. Marga sing saya cetha gumelar wujude ara-ara jembar kang mayamaya kadulu. Sapandurat katon cetha ngegla, sapandurat musna malih wujud halimun samun.“Dhuh Dewa sesembahan kawula, karsaa paring pitedah dhateng kawula, dhateng pundi kawula kedah lumampah,” Pangeran Mundhinglaya manages sajrone batos ing salebete semedi. Sakala ana angin banter kepara mesus kaya lesus. Lebu katiyup mumbul wor lan plajare samirana kang kumendhal antalantalan. Swarane gemrubug metha sindung riwut wor lan kumelape thathit. Angkasa metha mendhung kekuwung kadi ombaking tirta jaladri arsa angeleb bumi. Bebarengan iku ana prakempa sing gawe horeging bumi kaya gawe ambrole kisma kang karasa amentulmentul arsa amblong. Ananging Pangeran Mundhinglaya datan osik pancadriyane anggone mangsah semedi. Kepara saya manther anggone muhung kersane Hyang. Sakala sindung riwut sangsaya lembek, prakempa alentrehlentreh, dene thathit leliweran ilang saka pandulu. Jagad dadi tidhem. Banjur ing talingane Pangeran Munhdinglaya kapireng piweling supaya enggal bangkit lumaku ngliwati dalan ing tengahe ara-ara jembar. Langit sing biru ngatonake wewayangan kumelap wujud layangan raseksa sing lagi mumbul awiyat asepuh salaka lan domas. Buntute sing anglawir pindha kluwung kuning kumelap balerengi gilape. Gawe jengere Pangeran Mundhinglaya. Jalaran antarane papan kang kanggo jumeneng karo langit papan muluke Layangan Salaka Domas pinisah dening langit kang jembar agilargilar temah sengara jalma wantah kuwawa ngliwati papan iku.* [Ana candhake]


26 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 AlipPak Rinto karo anake mlaku turut dalan cilik ngisor wit-wit pring buri omahe Bu Wignyo. Dheweke neng buri dene anake umur enem taun lan patang taun neng ngarepe ngurutake galengan tumuju omahe Pak Kadi. Sawuse tekan pinggir sawah dalan cilik mau njojrog nuju kali. Pak Rinto lan anake nyabrang kali kang akeh watu-watu krakal uga watu blabagan amba-amba. “Metu watu kene Ning, tak gandheng, ayo mlumpat... yak, trus rene ...” tangane Utari nggandheng adhine, Nining supaya mlumpat saka watu siji menyang watu sijine maneh. Tekan pinggir kali munggah dalan cilik maneh. Omahe Pak Kadi wis katon saka kali. Omahe gedheg sasat dikupeng kali lan sawah. Ngarep omah ana kali garing mung yen udan ana banyune. Dene kulon omahe keletan kebon uga ana kalen sing ngilekake banyu menyang sawah-sawah lor desa.“Kula nuwun Mbakyu,” Pak Rinto uluk salam nalika wis mlebu kerun ngarep pekarangan.Kling..kling.. kling kling...ssssk.. kling..kling..kling kling sssk!!! Suwara tenun manggake tekan pak Rinto lan anak-anake. “Mangga pak, Ayo ndhuk rene-rene,“ Yu Suti lan mbok Kadi manggakake Pak Rinto sakanake kanthi grapyak semanak.Merga isih esuk biasane pak Kadi menyang sawah niliki tandurane.Pak Rinto mlebu omah, njereng klasa maca buku kang digawa saka ngomah. Dene bocah loro sing dijujug ceplukan buri omah. Neng kebon buri ana wit blimbing, mundhu uga ana wit cabe.Bareng ceplukan mateng wis entek bocah loro golek blimbing. Mbok Kadi weruh bocah-bocah njupuki gogrogan blimbing banjur gage-gage metu saka anggone nenun “..: Sik ndhuk Utari, tak opekke. Aja maem sing gogrogan, ora seger.“ Mbok Kadi njupuk genter. Blimbing pating tlepok, akeh kang pecah. Blimbing dikumbah ing kalen kulon omah banjur dimaem.Wis seminggu iki wong desa ora jenjem. kabar warga kono digawa punggawa ‘Uwong’ menyang ngendi, ana apa, padha salah apa, sing bener lan sing salah sapa, yen wis digawa lunga banjur dikapakake ora padha mudheng. Wong-wong wadon sumelang saupama ujugujug bojone uga dijupuk. Anak bojo sing padha ditinggal bojo mung bisa mbrebes mili, legog-legog, bingung. Ana saperangan banjur mulih kanthi waras wiris sawise pirang-pirang dina ora ana ngomah.Rasa was sumelang ngebaki dhadhane Pak Rinto lan bojone uga. Dheweke kaget nalika mbukak lawang kelase. Lemari menga, gemboke dibedhat, buku pating slebar. Meja wis ora mapan kaya biasane lan kursi guru kang biasane dilungguhi njempalik ana tenger gambar tengkorak balung tangan malang. “Oh..... tandha bebaya,“ Rumangsa entuk pralambang supaya ndhelik lan diakehi olehe dedonga. Neng ngendi anggonku bakal ndhelik? Bojoku, anakanakku njuk piye? Sawuse nglimbang-nglimbang wusana omahe Pak Kadi kang dituju kanthi pasrah sumarah karo Kang Murba Gesang, nyuwun pangayoman tumrap kulawarga supaya kabeh diparingi slamet. Bu Rinto tetep ana ngomah momong anake kang cilik dhewe. Pak Rinto lagi rong taun manggon ing desa iku mondhok daleme Pak Sastra awit mundhi dhawuh pimpinan supaya mulang SD kang wis ngadeg sadurunge Indonesia merdika.Muride akeh, saka sakiwa tengeni SD nganti tekan adoh jaban desa, kira-kira nem kilometeran. Ana uga sing luwih adoh. Jejere guru, Pak Rinto lan kulawargane urip prasaja. Yen njagakake gaji ora cukup, mula kebon ditanduri apa wae sing bisa kanggo nyukupi kebutuhan pangan. Mula ing bab mangan saben dina ora beda karo tangga-tangga umume sega thiwul jangan lombok.Mula nalika neng nggone Pak Kadi disuguh sega thiwul jangan lombok wis banget maturnuwun, nadyan pekewuh dadi repote Pak Kadi sakulawarga saben dina. “Ngantos kapan Kang, Mbakyu kula ngrepoti penjenengan?” Panggresahe Pak Rinto marang mbok lan Pak Kadi sawise seminggu nyingkiri omah.“Boten sah dipenggalih Mas Guru. Pun sasekecane. Ingkang baken sedaya slamet. Mugi-mugi boten enten sing ngertos yen Mas Guru teng mriki,” semaure mbok Kadi.“Sasekecane Mas Guru. Wong tiyang gesang niku nggih lung tinulung. Mumpung kula saget lan gadhah wekdal kangge tetulung Penjenengan. Tiyang gesang niku rak boten mesthi, kala mangsane kula nggih ngrepoti Sampeyan.“ Pak Kadi nambahi.“Mas Guru, jane niku enten napa Crita Cekak


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 27ta?” pitakone Pak Kadi.“Kulo boten ngertos Pak. Mung enten tiyang ngandhani kula supados kula kesah seking nggriya riyin.” Iku jawaban paling aman kanggo pitakonan mau nadyan ngerti yen negara lagi gawat, negara lagi kisruh miturut siaran radhio. Negara pancen lagi horeg, kudu ngati-ati rembugan bab negara. Luwih becik meneng. Meneng iku emas apa maneh wektu kang gawat iki. Uga ora dicritakake bab kelase kang diobrak abrik lan ditengeri tandha ‘bebaya’ ing kursine. Bu Rinto uga ora dingerteni. Disidhem mundhak kedawa-dawa. Sesuk wae yen wis aman lagi dicritakake.Dina kang kaping sanga, Utari lan Nining ora melu menyang omahe Pak Kadi. Bocah loro dolanan mangsakmangsakan neng kebon. Ibune kang ana jero omah ora nglegewa apa kang kedadeyan. “Dhor!!!!!!!” Kaget. Utari ngrangkul adhine, alon-alon digeret ndhelik sela-selane tumpukan kayu buri pawon. Driji tangane ditemplekake lambe supaya Nining ora omong utawa ora nangis. Ing prapatan sisih lor ngisor wit asem gedhe polisi loro cacahe siaga bedhil siap dikokang. Dalan prapatan sisih kidul uga polisi loro.Wetan kreteg polisi uga loro siaga, sisih kidul polisi telu siaga. Ana loro maneh kang mlaku gegancangan mlebu omahe Pak Pono.“Dhor!!!” bocah loro njondhil maneh ”Angkat tangan! jangan bergerak!” Perintahe saka wetan. Sajake neng kali sisih wetan. Kaline mula neng sisih wetan omahe Pak Rinto kira-kira telung atus meter nanging keletan kebone Pak Admo. Kali mau urutane kali ngisor omahe Mbok Kadi. “Ngapa Mbak kae? Apa Bapak...?“ Ning wiwit prembik-prembik.“Ora, dudu. Bapak ora neng kali etan. Bapak neng.......“ nuding sisih lor. Nining mudheng kang dikarepake yen bapake neng nggone Yu Suti.“Ayo rana Mbak, mengko nek Bapak.... Mbak ayo Mbak,” bocah loro bisik-bisik.“Kosik, nek polisi loro kae wis lunga ndhuk. Mengko ndhak ngerti awake dhewe ndhelik neng kene. Neng kene sik wae.”Bocah loro banjur meneng nunggu wektu kang ora mesthi. Let sauntara keprungu suwara mesin kendharaan ninggalake dalan ngarep omah. Utari, metu saka pandhelikane, aling-aling pojokan omah nginjen isih ana polisi apa ora. Milangmiling kok polisi wis ora ana ngisor wit asem. Banjur mlaku alon-alon menyang ngisor wit sawo, nginjen ngiwa banjur nengen. Rada mlayu marani adhine maneh.Tangane nggandheng Nining, bisik-bisik: ”wis ora ana. Ayo metu kene wae”. Nining nggandheng adhine.. Saka anggone ndhelik banjur memburi nylingker kebone Mbok Atemo, mlipir kandhang sapi mengalor tumuju kali, gage-gage enggal ketemu bapake neng omahe Pak Kadi.Tekan omahe Pak Kadi padha krenggosan, dirangkul Bapake. “Sokur ngger padha slamet,” Pak Kadi, mbok Kadi lan Yu Suti sautsautan. Kabeh padha muji syukur dene padha slamet. Bocah loro genti genten nyritakake bedhil sing ngaget-ageti. Dene Ibune jik neng ngomah ora metu-metu, polisi uga ora menyang ngomah. Sawise polisi wis ora ana lagi wani metu saka anggone ndhelik. Bareng surup lagi padha mulih.Tekan ngomah muji sukur dene bojo saanake kabeh diparingi slamet.Seminggu sabubare kedadeyan iku, Senin Kliwon, theng! Theng! Theng!, bel wesi sekolahan jam setengah wolu wis muni maneh sawise sauntara dina sekolah tutup mertandhani bocah-bocah mlebu sekolah. Rasa prihatin lan was sumelang wis ganti esem lan guyu suka gambira. Ana sing bal-balan, gatheng utawa playon oyak-oyakan. Kursi kang ana tandha tengkorak tangan malang ora digagas maneh, tetep dinggo amarga ora ana dhuwit kanggo ndandakake utawa tuku kursi anyar. Ngawali mlebu sekolah kabeh kerja bakti reresik kelas lan sakiwa tengene sawise pirang-pirang dina tutup. Sawise Utari, Nining lan Ratih nerusake SMP ing kecamatan kirakira telung kilometeran. Sabanjure banjur metu saka desa mondhok merga sekolah neng kutha liya. Wiwit padha lulus SD mau ora padha dolan ngomahe Pak Mbok Kadi lan Yu Suti nganti padha cekel gawe. ****“Yu, nek bapak ora ngeyup neng ngomahmu wis embuh dadine. Aku biyen ijik digendhong Sibu, ngerti crita jaman semana merga Mbak Utari karo Mbak Nining padha nyritakake kedadeyan desane dhewe. Wektu ana bedhil muni jare Sibu ya kaget nganti meh tiba, mongko nggendhong aku,” Suti lan Riyanti ngusap luh, trenyuh. “Maturnuwun banget ya Yu. Gusti Allah sing males. Muga Pak Kadi karo Simbok tentrem ing kalanggengan”“Kabeh ora ngerti kok ndhuk Ratih. Sabisa-bisa wong urip mono lung tinulung, ngono kandhane Bapak biyen. Ora sah mikir dibales apa ora. Ning kowe rene aku wis seneng. Dene kowe isih kelingan karo Bapak, Simbok, karo aku sing omahe neng dhuwur kali, pinggir kalen. Kawit biyen ya kaya ngene iki.““Disyukuri ya Yu. Iki ana rejeki sithik nggo tumbas uyah.”“Lha wong wis nggawa pepak ngene kok ijik ditambahi wae.““Mung sithik kok Yu. Iki ora sepiraa karo pitulungane bapak karo Simbok .Muga Penjenengan sehat ya Yu. Lancar rejeki, wis pokoke dongadinonga. Aku nyuwun pamit.““Maturnuwun ya ndhuk. Semono uga kowe muga gangsar anggonmu nyambut gawe, tansah sehat tansah kaayoman dening Gusti Allah Kang Maha Kuwasa.“Wanita loro padha rangkulan, kekarone netesake luh maneh. Suti ora nyangka ketamon wong ayu sing biyen sak mbakyune saben dina playon lan penekan wit blimbing etan omah. Saiki wis padha dadi wong nanging ora nglalekake sejarah sing wis kelakon. Nadyan dadi wong mulya ora padha nglalekake sejarah supaya kabeh entuk berkah.***


28 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 AlipWacan BocahFikri bola-bali kerut irunge. Sanajan wis nganggo masker kanggo nutupi irunge, ambune kamar mandhi tembus tekan irung. “Parah! Kamar mandhi iki ambune pesing banget! Mung rong dina Pak Bon ora mlebu, wis reged ngene. Hah, bocahbocah ora tau nyiram sawise pipis pa?” sambate Fikri. “Iki nembe kamar mandhi siji, kamar mandhi liyane piye?”Pak Bon, dadi tukang kebon lan tukang reresik ing sekolahe Fikri. Jenenge Pak Zaenuddin. Pak Bon wis rong dina ora nyambut gawe amarga lagi lara. Arep kepriye maneh yen Pak Bon ora langsung mlebu? pikir FikriKanthi upaya sing bisa ditindakake, Fikri pungkasane ambegan lega ing ngarep kamar mandhi. Rasane getun, kok wingi dheweke ora mlebu Pramuka tanpa izin? Sawise pelajaran, dheweke mulih. Fikri wis ora sabar ketemu Mbah Putri sing bakal teka lan nginep ing omahe wong tuwane. Ibu wis ngelingake Fikri supaya melu kegiatan Pramuka amarga Mbah Putri rawuh sore. Sepur nembe tekan stasiun kira-kira tabuh 16.00 WIB. Fikri sing uwis kangen karo eyange, ngeyel yen dheweke bakal methuk Mbah Putri ing omah, mula dheweke kudu mulih luwih awal.Lha, saiki Fikri getun amarga ibune bener. Fikri kudu ngenteni suwe nganti Mbah Putri rawuh. Amarga dheweke bolos Pramuka, dheweke dihukum ngresiki kamar mandhi mambu sing ditinggalake Pak Bon. Fikri lega amarga tugase wis rampung. Dheweke lagi wae nyruput wedang putih saka botol sing digawa nalika ana pengumuman saka pengeras suara sekolah. Kabeh siswa didhawuhi guru gugur gunung ngresiki sekolah. Saben kelas mesthi resik amarga petugas piket sregep ngresiki. Nanging, platarane katon reged banget karo godhong sing sumebar. Mangsa iki kadhangkala nggawa angin kenceng satemah godhong-godhongan terus rontok. Apa maneh koridhor sing bledug kandel lan ruwang liyane sing ora didemek petugas piket. Tetanduran ing sakubenge pekarangan uga wis garing“Pancen susah yen Pak Bon lagi lara. Dadi kangen karo Pak Bon,” sambate Fikri. “Nembe lungguh ngaso, dikon resik-resik maneh,” raine mrengut.“Ciyee...kangen...biasane ora tau nggatekake Pak Bon,” ujare Umar.“Ewadene kanca-kanca ora kangen? Pak Bon lagi lara mung rong dina, sekolahe wis reget banget. Delengen kamar mandi, hiyy ambune ra karuan. Awake dhewe isih gumantung marang Pak Bon. Yen lara nganti pirang-pirang dina, kepiye dadine sekolahan?” pitakone Fikri,“Iya, saiki awake dhewe rumangsa kelangan, biasane ora perduli. Pranyata Pak Bon nduweni peran gedhe ing sekolah iki,” ujare Yoga.“Tugas Pak Bon ora beda karo guru. Tanpa wong-wong mau awake dhewe ora kuwat,” Umar kaget.“Dhewe nembe ngrasa yen Pak Bon ora ana,” sambunge Fikri.“Kepriye yen sore iki tilik Pak Bon,” saran Yoga.“Bener kuwi, kas kelas bisa kanggo tuku oleholeh,” sambunge Rani, bendhahara kelas sing lagi ngrungokake ora adoh saka bocah-bocah mau.“Sarujuk, budhal sekolah langsung mrana,” Umar sing dadi ketua kelas mutusake. Rampung rembugan, bocah-bocah banjur padha metu saka kelas kanggo gugur gunung.“Lho kok Bapak boten rawuh, kula kangen Pak,” Umar miwiti nyapa Pak Bon sawise tekan omahe budhal sekolah.“Bapak lara, vertigone kumat maneh. Ora bisa apa-apa. Piye sekolahe?” Pak Bon kaget karo tekane bocah-bocah.“Wah semrawut, Pak. Menawi boten wonten Bapak, sekolahe reged, Pak,” sambate Fikri.“Dingapura, insya Allah sesuk mlebu. Alhamdulilah wis mari,” kandhane Pak Bon.“Nyuwun sewu Pak, kita asring kesupen lan boten perduli kalihan karesikan. Bapak boten rawuh, ketingal benten sekolahan,” ujare Yoga.“Dongakna supaya bapak ora lara maneh, bocah-bocah. Dadi bapak bisa ngurusi sekolah,” ujare Pak Bon. “Nanging, aku uga njaluk tulung. Bocah-bocah uga duwe tanggung jawab kanggo njaga karesikan sekolah. Yen wis biasa ngopeni lan njaga lingkungan awake dhewe mesthi kepenak sinau.”“Nggih Pak, janji badhe langkung nggatosaken karesikan,” kandhane bocah-bocah meh bebarengan.“Hmm... maturnuwun wis teka, dadi tambah semangate bapak,” Pak Bon mesem seneng. Bocahbocah uga seneng bisa tilik Pak Bon.*


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 29 Aksara JawaAgus WepePametri Kabudayan Jawa Tembung sa, yèn saiki klebu sawijining ater-ater utawa awalan, ing jaman kunamakuna duwèni teges ‘wilangan siji’. Mula ora gumun yèn ing jaman saiki, tembung sawadhah ngemu teges ‘nunggal wadhah’, tembung siji (sa + iji) ngemu teges ‘tunggal’, sabrayat ateges ‘ngiras karo brayat’, awit kabèh ater-ateré mau sumberé ya siji.Ater-ater sa-, yèn diucapaké bareng lan tembung lingga, bisa nduwèni wujud manéka warna. Aterater sa- bisa tetep diucapaké sa- (mawa a miring/rubuh), nanging uga bisa diucapaké se-, sak-, su-, apa déné luluh karo tembung linggané, gumantung saka aksara kang murwani tembung linggané. Nanging kang lumrah ditulisaké amung awujud sa-, su- (mawa suku), utawa kang luluh baé.Ater-ater sa- bakal luluh lan tembung linggané yèn tembung lingga mau kawiwitan swara utawa aksara ha. Upamané, tembung andhahan kang kadadéyan saka sa- + iket, swara a lan i bakal luluh dadi è, mula diucapaké sèket. Nanging ora kabèh ater-ater sa- yèn katututan tembung apurwa swara bakal luluh. Tuladhané kaya tembung sauger, sairib, saéngga, saèmper lan sapanunggalané.Lumrahé, ater-ater sa- wujudé bakal ajeg yèn ditemokaké tembung lingga kang kawiwitan aksara konsonan. Nanging yèn konsonan mau awujud aksara wa, ana mangsané ater-ater sa- bakal malih swara dadi su-. Tuladhané kaya tembung suwau lan suwidak. Panulisané bisa nganggo sandhangan suku. Kang ora malih disuku kaya tembung sawadya, sawantah, lan sapanunggalané.Kadhangkala, ater-ater sa- bisa diwaca sakutawa se- (dipepet) yèn surasané arep mbangetaké utawa nuduhaké wilanganing barang kang dadi tembung linggané. Tuladhané kaya sajagad, sawadhah, sepiring, semana. Kang kaya ngono mau beciké tetep ditulis sa-, manut saka paugeran kang wis ana, senajan pocapané sak- utawa se-.NGATER-ATERI (04)


30 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 AlipMacapatTembang DolananKayungyunTembang/Cakepan: Sastraliwung1=G 4/4 Wirama GregetMengeti Riyadi Idul AdhaSinawung ing sekar Pocung Dening Nini KlenyemRumentahe nugraha peparingipunKang Maha KuwasaMangga sami den syukuriDipun udi mrih lumintu dugi mbenjangSanyatane Gusti Ingkang Maha AgungWelas asih nyataMring manungsa kabeh nikiPinaringan sakabehing betahiraBuwana gung kisma miwah isinipunIngkang kebak branaPinaringaken umat samiAja srakah eling sanak mitra kadangSaenipun ndherek dhateng dhawuhipunAllah Maha KwasaKang lumantar Kanjeng NabiSuka kurban dhateng mitra ingkang cingkrangAllah tuhu peparing tansah lumintuMring sedaya umatIngkang remen dana yektiIng mbenjang den paringi suwarga mulyaKiva


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 31 GeguritanSri Adi HarjonoBiyungsaben jalma menungsa mesthi lair sakaguwa garbaning biyung sarana perangsabil mungkasi alam kandhutan lanwiwit tumapak urip ing alam donyabiyung: mbobot, mbabaran, nyusoni,ngupakara, nggedhekake, nggulawenthahanak kongsi diwasa bisa bawa dhewebiyung temtu katon teka, yen anabot repote kulawarga lan anak putunglipur, ngampingi lan aweh iguhbubuhan miwah kuwajibane datanpaana pundhate nadyan wus lalu yuswakang ana ing atine mung masrahakesawutuhing uripe kanggo kulawarga kalayan anak putu tinresnalah iku kodrat sawijining biyungmula biyung uga sinebut ibuiketan kalbu iya ibarat babuwondene kinurmat-kinurmate babuGunung gamping, Desember 2018Roso Titi SarkoroKali Kebak Critalangit abang jingga maya-mayangrangin suwara ngungun sore sinamunsemribit angin asung kidung lamat-lamat sinambet arum kembang bakunggemeter tangan nggegem suwekan kalawartising ngemot gurit mijil seka jagat alitkeseret anak kali oncat seka gunungngrenggani lubering segara sajroning dhadha ing sadawane kali kebak critabocah lanang kemleyang numpak prau dluwangpucet kumel kebuntel jejel riyel aksara tanpa padablereng nyawang mega nggegulang piwulangbocah ngliga kejiret ukara ruwet pating sluwirkaya oyot-oyot suket ketendhang banjirdriji ucul uwal seka cekelan zikir pasirkeblebeg banyu butheg mbludak kebak sangkrahlakune prau dluwang rendhet miring meh ngglewangkeplorong srengenge manglung ngulonawak krempeng kuru nguwuh diuntal kahanansurup sinamun layung kroncalan kesempyok ombak Temanggung, Maret 2022R. Bambang Nursinggih, S.Sn.Gurit Panyapih KingkinNiyat ingsun miwiti mbabar gurit werit,gurit panglipur galih perih mrih pulih king sedhihTan kelimengan mbabar riwayat kepungkur,mangka kaca benggalane urip, niscaya tumindake datan nisipIng pangajap babaring gum lan riwayat bisoa minangka panglipur,ing wanci ratri tur nganggur, dimen ora nglangut lan kuwur agawe panjang umurDhandhanggula Gurit werit panyapihe kingkin. Riwayat nyata lamun kababar.Imbuh jembar wawasane. Riwayat gawe guyu. Krana sairib datan sisip.Najan ta nggepok rasa. Kang miarsa rujuk. Krana critane kadriya.Gurit murang krama angsare tan becik. Gawe runtike nala.Kalimah kang sinawung endah, king esthining kayunarsa urun rembug, ngurip-urip kabudayan Jawakang wiwit kaendhih lakune jamanLenging cipta memuji gurit lan Riwayat kang prasaja rinacik mathis,ngajap wose dadia tepa tuladha tumrap putra wayahLinge sesepuh, nglenggana lamun karyane prasaja durung pakra lan durung nggenahKanthi nyerat gurit lan Riwayat kawuri, senajan wis simbah semangate kagugahSokur bage bisa gawe tentreme pamiarsa, lan nyengsemake jiwa-jiwa kang aking king sarakMinomartani, 20/10/2021Angsar = daya, esthi= niyat, Irib = memper. Kaca Benggala = tuladha, Kadriya = klebu ing ati, Kayun = karep, Kelimengan = kelalen, Kingkin = sedhih, Kuwur = bingung, goreh, Miarsa = krungu, Murang Krama = ora nganggo tata krama, Niscaya = mesthi, Nisip = menceng, Riwayat = crita, Rujuk = pora sulaya, Runtik = serik, Sarak = angger-angger pranatane agama Islam, Sisip = luput, Werit = wingitKiva


32 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip SemaranganKas Anto riwa riwi kaya wong bingung sak lebare shalat Idul Adha, kamangkal liyane kawit mau padha khusyu ngrungakake wejangan para kyai kanggo maknai qurban. Nanging wong kuwi kok geragapan karepe dhewe. Jenengku Triyanto, biasa diceluk Tri. aku duweni prinsip cah nom kudu prigel, isa ngupayakke kegiatan kampungku, ora beda kaya riaya Idul Adha iki. Kas Anto sedhelok mlayu ngetan sedhelok meneh ngulon, jarene nguber uba rampe persiapan Idul Qurban. Aku sing uga panitia qurban kampung melu ndherekake kas Anto, karo mbathin \"Iki uwong ngapa ta jane, kari mbeleh wedhus wae kok digawe angel men, liyane padha santai kok iki geragapan dhewe\". gumunku karo ngestokke karepe kas Anto.Karo nyangking bagor Kas Anto ngongkon aku ngaturi rawuh Pak Kyai kanggo nyembeleh wedhuse. Aku banjur mlayu ora kanggo suwe, kaletan sedhiluk aku wis tekan griyane Pak Kyai, banjur ngaturi kagem nyembeleh wedhus qurban. \"Kula nuwun Pak Kyai, mangga dipun aturi dhateng jagalan\" undangku kanthi karep, \"Yo nang, dilut neh ya Iki seh ngasah gaman, bariki tak mrana yen wis landhep\". wangsulane Pak Kyai. Aku banjur mlayu laporan karo Kas Anto, karo ngos-ngosan aku tekon \"Kas jan-jane kok ndadak mbeleh wedhus barang ki ngapa ta? pesta kari pesta, ndadak ngulemi Pak Kyai mbarang ta?\" karo setengah protes mergo uba rampene ora lebarlebar.“Kowe mesti bingung ta Tri karo sing dak lakoni iki?” iki qurban Tri ora sembarangan urusane karo wong akeh tok, ning ya karo Gusti! Minangka tembung qurban kuwi kanggo mbuktikake kasetyaan awake dewe. Gusti, ngijinake para malaikat mateg-iman lan taqwa ne dhewe, ben ora kebablasen kedunyan lan ora ndadekake dheweke luput saka ketaatan marang Gusti”. Banjur aku mbatin “ngerti ngene aku mending ning omah wae kumpul keluarga, nyate-nyate enak, ndadak ngetutke Kas Anto barang, wis kesel diceramahi meneh” batinku ngomel, karo lirak lirik Kas Anto. Bareng kuwi seka adohan Pak Kyai, mlaku karo gawa gaman, kayane kok landhep tenanan, ngawe-awe aku, banjur nyedhak ning Pak Kyai. Karo mlaku, Pak Kyai tekon “Piye kesel Tri, ngrewangi si Anto nyiapke uba rampe qurban?”. “Lha nggih ta Pak Kyai, kula niku bingung mutarmuter nyiapke uba rampe qurban, dhuh Kyai antep rasane mlampah niki” tegesku ngeluh. Pak Kyai karo ngrangkul aku maringi pangerten “Ngene lho Tri, jenenge qurban kuwi ora mung sing tuku wedhus utawa sapi wae, awak dhewe sing diutus dadi panitiya ngene iki uga ketung qurban, merga hakikate qurban kuwi ora mung bagi-bagi rejeki lewat daging ben ora kedunyan wae, nanging luweh seka kuwi, ngukur keikhlasane dewe paring sesembahan kagem Gusti kang maha pinaring”.“Lajeng kula niki nggih angsal begjane qurban nggih pa Kyai? Iya merga kowe mau diutus Anto rana rene tetep mbok lakoni, kuwi sebenere Gusti ngetes awakmu, tekan ngendi sih ikhlas ngrewangi acara Qurban iki… Dadi Anto mau ora salah, pancen wes mesthine awakmu eling yen iki kabeh kuwi pramila ibadah, Gusti mboten mirsani gedhi cilike, tapi ikhlas legane rasamu bekti maring Gustimu” sambung Pak Kyai mbela Anto. Aku rada kepama, banjur langsung mlayu nututi Kas Anto sing iseh kangelan gawa areng pirang-pirang Goni, banjur arenge tiba ning awakku, sak awak ireng kabeh… seko adoh aku karo mbathin “yen iki qurban harga dhiri mesthi…” Muhammad Rahman Athian S.Pd., GOLEK BEJA PAS BADA QURBAN


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 33Oh LelakonAku Anake Ibu KuwalonkuDalijo karo Paini (jeneng singlon) anggone omah-omah wis ngancik sepuluh taunan. Nanging durung diwenehi keturunan saka sing gawe urip. Lelorone uga wis golek usada ana ngendi wae nanging durung ana asile. Dalijo karo Paini ngarep-arep tenan duwe anak sing bisa nerusake garis keturunane. Pendhak bengi nyenyuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa supaya diparingi anak. Wong tuwane uga golekake tetamba supaya wetenge Paini anake endang isi.Beda karo bapakne Dalijo sing ngoyak-oyak wae supaya anake endang duwe keturunan. “Wis puluhan taun omah-omah kok ora endang diparingi anak, gek-gek Paini wong wadon gabuk (mandul: ora bisa duwe anak)” batine Tukijo, bapakne Dalijo. Nganti ora sengaja bapakne akon Dalijo rabi meneh golek wong wadon sing bisa menehi keturunan. Dalijo meneng wae keprungu suwarane bapakne. Dalijo ora tegel karo Paini bojone. Dheweke tetep setya karo bojone. Sedulur-sedulur ana sing ngandhani supaya Dalijo karo Paini mupu anak kanggo mancing kareben mengko Paini bisa meteng. Dalijo karo Paini durung mikir nganti semono.Kahanan ngomahe Dalijo karo Paini uga apik-apik wae ora tau ribut masalahake bab kuwi. Kabeh lumaku kaya biyasane lan lelorone tetep sabar lan tlaten golek usada supaya bisa antuk keturunan. Ana kantor Dalijo uga dikandhani kanca-kancane supaya mara ana ing tabib iki lan kuwi sing wis kondhang ngusadani wongwong kang durung duwe keturunan nganti kasil duwe putra. Dalijo matur nuwun karo sapa wae kang menehi saran apa wae. Nanging kabeh kudu dirembug karo bojone.Sawijining dina ngepasi tekan ngomah bali nyambut gawe Dalijo diajak bojone lungguhan karo rembugan bab mupu anak. Paini ikhlas menawa Dalijo duwe kepenginan mupu anak kanggo mancing dheweke supaya ketularan duwe momongan. Paini nakoni Dalijo kirakira anake sapa kang bakal dipupu. Dalijo ngomong menawa ing desa asline biyen dheweke duwe kanca bocah wadon sing duwe anak akeh nanging uripe kesrakat. Wong wadon kuwi jenenge Tumini lan manggon ana desa Beji asale Dalijo, kepara yen diturutake Tumini kuwi isih sedulur karo dheweke. Nanging crita mau sing ngerti mung keluwargane Dalijo.Paini sarujuk karo idhene Dalijo, dheweke banjur ngajak Dalijo marani omahe Tumini sing adohe lumayan adoh saka ngomahe. Dalijo banjur siyap-siyap ngetokake pit motore saperlu lunga karo Paini mara ana ngomahe Tumini. Ora nganggo wektu suwe wong loro wis padha tekan omahe Tumini. Tumini karo bojone ngaturi pinarak mlebu omahe. Ing ruwang tamu sing prasaja Dalijo ngomong maksud lan tujuwane dheweke karo bojone tekan omahe Tumini. Dalijo pengin mupu anake Tumini sing nembe wae dilairake. Anak wadon sing durung dijenengi. Tumini karo bojone ora kabotan menawa anake arep dipupu Dalijo. Sidane bayi dipasrahake Dalijo lan liya dina anak kuwi distatus adhopsi ana kantor kang duwe wewenang.Paini karo Dalijo bungah tenan saiki wis duwe momongan ora ketang anak mupu. Sapa ngerti mengko Paini ketularan bisa duwe anak. Bocah bayi kuwi banjur diwenehi jeneng Wulan amarga bocah wadon. Wulan diopeni Dalijo karo Paini kaya anake dhewe. Kabeh kabutuhan saka sandhang lan pendhidhikan dicukupi kanthi komplit. Wulan ngancik diwasa lan wayahe omah-omah amarga wis duwe calon bojo. Wulan banjur dirabekake karo calone kanthi pesta gedhen ana gedhung ing tengah kutha. Sawise rabi Wulan banjur pamit arep urip mandhiri karo bojone ana ing kutha U (singlon). Dalijo karo Paini pisanan ya kabotan nanging ya piye maneh ora bisa nglarang. Dalijo karo Paini saiki urip wong loro meneh. Omah sing biyasane rame malih dadi sepi. Setaun sawise ngrabekake Wulan, Paini dadakan loro komplikasi. Paini kena diabetes lan jantung nganti semaput ora sadhar. Dalijo banjur nggawa Paini ana rumah sakit ing kuthane. Seminggu dirumat ana rumah sakit nyawane Paini ora ketututan. Wulan nangis kekejer meruhi ibune mati. Paini mati ninggalake anak lan bojo sing ditresnani. Paini banjur dikubur ana pasareyan cerak desane.Ngepasi patangpuluh dinane Dalijo ngomong karo Wulan menawa dheweke pengin rabi meneh supaya bapakne ora kasepen dhewe ana ngomah. Krungu bapakne duwe karep ngono Wulan ora wani nglarang. Dalijo banjur rabi karo salah sawijining wong wadon jenenge Tumini. Tumini uga wis randha tinggal mati duwe anak telu. Wulan sarujuk bapakne rabi karo Tumini sing dikenalake. Dalijo banjur ngrabi Tumini randha anak telu sing asline ibune Wulan. Sabubare ijab qabul Dalijo ngundang Wulan karo bojone ing ruwang tamu. Ing kono Dalijo blaka karo anake menawa bojone saiki kuwi ibune Wulan sing asli dudu ibune (Paini) sing wis mati. Tumini biyen duwe ubungan karo bapakne (Dalijo) nganti meteng si Wulan kuwi nanging ora sapangerten bojone Tumini. Bojone Tumini ngertine kuwi anake nanging satenane anak Tumini karo Dalijo. Krungu critane mau Wulan banjur nangis ngekep ibune. Jebul ibu kuwalone kuwi ibu asline dheweke. Oh lelakon. [MasTri-Sleman]


34 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip PengalamankuNganggo Sandhale SelenAnggonku makarya dadi guru udakara 10 taun kepungkur. Sasuwene iku kira-kira wus kaping telu anggonku nemahi ganti KS. Ora maido yen beda pemimpin uga mesthi beda pangajab kang dikarepake tumrap pawiyatan kang lagi dipandhegani. Semono uga babagan watak wantu kepemimpinane.Sawijining dina, nalika iku aku ngepasi piket ing gagasanku kepengin tekan sekolahan luwih gasik, yen bisa sadurunge KS rawuh. Ancas liyane supaya enggal nunul finger print kanggo cek dhaftar hadir kang mung bisa ditindakake dening awake dhewe, ateges ora bisa disulihi dening wong liya. Nanging merga maneka warna bab kang kudu daksiapake ing ngomah sadurunge budhal, ora krasa wektu wus nuduhake pukul 06.15 WIB. eba kagetku, “Wadhuh. . . kepiye iki yen mengko tekan sekolahan telat,” batinku. Nalika iku aku mung sandhalan merga wingi udan, satemah sepatu daktinggal ing sekolahan. Wus siaga anggonku ngegas sepedha motor, jebul helm durung dakanggo, banjur motor dak standarake maneh, age-age mlebu jupuk helm. Sandhal sing mau dakcopot banjur dakanggo, lan motor age dak gas mlaku. Kira-kira 30 menit lagi tekan sekolahan merga dalan wus rame karana pancen wus rada awan. Tekan parkiran motor age dakparkir banjur nuju ruwang TU lan absen. Sabanjure age ajak-ajak kanca piket liyane. Dumadakan kancaku mau kandha, “Bu, iku anggone nganggo sandhal apa pancen selen? Kok kiwa ijo, sing tengen ireng?” karo nggatekake sandhal sing dakenggo. “Ya Allah. . . Ya Robbi. . .”, celathuku sinambi ndemek sirah. Jebul anggonku budhal sasuwening numpak sepedha motor mau nganggo sandhale selen ta. “Halah. . . ora usah digagas, paling uwong ya ora ngerti merga sing ketok mung sesisih nalika motore mlaku.“Hua. . ha. .ha. . ha”, wong loro ngguyu ngakak bareng.[Herlinda Pranandari]Dikira Ora Nganggo Ban NjabaSanajan aku iki mung wong desa kluthuk, nanging kepengin banget bisa sekolah sing dhuwur. Pepenginanku kasebut antuk sengkuyungan wong tuwa lan aku kasil kuliyah ana ing saweneh perguruan tinggi ana ing kutha Jogja ing taun 1991.Amarga aku mung saka keluwarga sing ekonomine pas-pasan, mula kuliyah ana Jogja iku aku kudu gelem prihatin. Janjiku marang wong tuwaku, sanajan aku wus kuliyah, nanging kudu tetep ngarit kanggo sapi. Aku pancen diwenehi tanggungan ngingu sapi dening wong tuwaku. Mula saben aku mangkat kuliyah, yen mulih babar pisan aku ora isin terus ageage ngarit ing tlatah kutha Jogja. Wektu semono sing jeneng suket gampang banget diprangguli satemah anggone ngarit cepet oleh akeh. Mula ana ing njeron tasku, kejaba ana buku kanggo kuliyah, uga ana arit, topi lan kaos kucel sragam dhines kanggo ngarit.Amarga kahanan ekonomi mung pas-pasan wae, pit motor sing penting ana bensin kanggo mlaku. Aku ngertine mung bisa numpaki wae, kejaba ora sempat nggatekake, embuh kepiye oline, rem klebu ban lan liya-liyane. Kabeh ora antuk kawigaten sing mligi, sing penting pit motor kasebut bisa mlaku lan ora rewel.Ing saweneh dina, aku lagi wae tekan kampus. Pit motor kaya padatan dakparkir sadurunge mlebu kuliyah. Sadurunge dakparkir, aku distop nang ngarep parkiran. Petugas parkir kasebut nggatekake pit motorku. Wiwitane sajak ngalem, dheweke kandha yen pit motorku apik tenan. “Wah, motormu kuwi istimewa tenan. Ya lagi nemoni pisan iki pit motor ora nganggo ban jaba!” kandhane sinambi demok rodha pit motorku sisih ngarep sing alus banget babar pisan wus ora ana batikane.Gandrik! Aku malah dadi kaget dhewe. Aku lagi ngerti yen ban njaba pit motorku wus alus banget, saemper kaya ban jero amarga babar pisan wus ilang batikane. Aku klecam-klecem sajak isin.[Simon Sudarman]


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 35 Napak TilasSawise Retna Dumilah digarwa Panembahan Senapati, kekuwatan Mataram sangsaya gedhe, apa maneh keris Kyai Gumarang sing dadi piyandele Madiun wis nyawiji ing papan Kraton Mataram. Panembahan Senapati kagungan sedya arep ngelar panguwasane ing Pasuruan. Tekad gedhe Panembahan Senapati ora bisa dipalangi, Pasuruan kudu ditelukake kaya dene Madiun. Prajurit Mataram sing arep nyerang Pasuruan wis siyaga. Kabeh kalengkapan perang wis dicawisake, kari ngenteni aba-aba dibudhalake tumuju palagan paprangan ing kutha Pasuruan. Adipati Pasuruan mireng menawa prajurit Mataram arep tumuju ing Pasuruan saperlu ngadani paprangan. Adipati Pasuruan ngerti yen kasektene Panembahan Senapati ora ana sing nandhingi. Supaya ora dumadi paprangan sing mengkone bakal akeh kurbane, mula Adipati Pasuruan arep ngajak bedhamen wae katimbang ana mungsuhan apa dene paprangan sing mengkone bisa nyengsarakake kawulane. Ananging Rangga Keniten, sing dadi pangarsane prajurit Kadipaten Pasuruan rumangsa sekti, kumawani nandhingi marang kasektene Panembahan Senapati. “Kula boten sarujuk menawi panjenengan gadhah pinuwunan bedhamen dhumateng Senapati,” Rangga Keniten gage matur marang Adipati.“Apa karepmu, Rangga?” Adipati mundhut priksa nalika Rangga Keniten sakala ngadhep ing ngarsane.“Kula boten rila Senapati badhe ngelar wilayah dumugi mriki. Mila kula sagah ngadhepi Senapati. Senapati kedah suyud ing ngajeng kula.Krungu tekade Rangga Keniten, Adipati kaget. “Aja! Aja diterusake tekadmu kuwi. Sliramu bakal kalah ngadhepi Panembahan Senapati kang misuwur kasektene. Apa maneh Keris Kyai Gumarang wis nyawiji ing Mataram. Sapa wae sing ngadhepi bakal kalah,” mangkono Adipati menggak tekade Rangga Keniten.“Senaosa piyambake gadhah kasekten, ananging kula boten gigrig ngadhepi. Kula inggih gadhah kasekten ingkang boten wonten tandhingane,” wangsulane Rangga Keniten kanthi sombong ing sangarepe Adipati.“Sepisan maneh aja nekad, mengko bakal akeh kurbane,” Adipati rumangsa was-was marang tekade Rangga Keniten sing angel dikandhani.Ananging tekade Rangga Keniten ora bisa dipenggak. Nalika prajurit Mataram midak bumi Pasuruan, Rangga Keniten ngalang-alangi arep ngadhepi Panembahan Senapati. Perang ora bisa diendhani antarane Rangga Keniten lumawan Panembahan Senapati sing nyamar dadi prajurit Tumbak Ireng. Rangga Keniten nyuntak kasektene kanggo ngadhepi mungsuhe. Paprangan dumadi nganti sawetara suwene, awit Rangga Keniten migunakake kasektene. Ora kanyana, dhengkule Rangga Keniten kena Tombak Kyai Pleret. Rangga Keniten lumpuh. Para pendhereke gage bopong Rangga Keniten ninggalake palagan tumuju Pasuruan maneh. Adipati sangsaya duka ngerti Rangga Keniten mulih, malah dhengkule tatu kena Tombak Kyai Pleret. Amarga rasa jengkel sing ora bisa diendhakake, Adipati Pasuruan banjur merjaya Rangga Keniten sing katelah sombong kuwi. Pasuruan lan sakiwa tengene banjur ngakoni kekuwasaan Mataram. Dhaerah-dhaerah liya sing ngakoni ing panguwasane Mataran yaiku Ponorogo, Kediri, Surabaya lan sakiwatengene.[Lis HS]Rangga KenitenNgadhepi Panembahan SenapatiKutha Pasuruan saiki wis dadi reja. [repro]


36 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 AlipKapanewon Berbah, Kabupaten Sleman, Yogyakarta minangka salah sawijine Kapanewon, kang maju lan ngrembaka. Kapanewon Berbah, dumadi saka Kalurahan cacah papat yaiku: Sendangtirto, Tegaltirto, Kalitirto, Jogotirto. Patang Kalurahan iku, duweni maneka kelompok seni budaya sing meh padha tata carane anggone nglestarekake warisan leluhur kang adiluhung supaya ora cures. Salah sijine Sendangtirto, kang mapan ana Padhukuhan Sribit. Kalurahan iki, dumadi saka padhukuhan cacah 18, Rukun Tetanggan cacah 99 (RT), lan Rukun Wilayah cacah 43 (RW).Kalurahan Sendangtirto pancen maju lan ngrembaka sakabehane. Wiwit saka babagan pamarentahan, perekonomian lan kesejahteraan sosial masarakat lan bidhang pembangunan.Babagan pamarentahan anggone ngladeni masarakat babagan apa wae, kanthi becik, semanak lan bener. Punggawa Kalurahan, wiwit saka Lurah, pamong lan staf anggone nindakake pakaryane sarwa tinarbuka klawan masarakat. Semono uga babagan perekonomian lan kesejahteraan masarakat. Warga masarakat anggone bisa nyukupi kebutuwane keluwarga saben dina kanthi maneka pakaryan kang ditindakake. Antarane ASN, TNI, PULISI,Tenaga Kesehatan,Bank lsp. Ananging uga ana kang dadi anggota DPRD Sleman sarta olah tetanen, buruh tani, buruh pabrik, wirausaha mandhiri, indhustri omahan, kerajinan, kuliner, jasa pelayanan kang ditindakake dening para ibu ibu PKK,Dasa Wisma,KWT, Lansia, wiramudha utawa Karang Taruna. Kanthi gemblenge tekad sing wis nyawiji anggone usaha lumantar UMKM antuk kawigatene Pamarentah Kalurahan lan calon pelanggan masarakat saka jaban rangkah. UMKM Kalurahan Sendangtirto anggone ngundhakake ekonomi masarakate, lumantar pelatihan-pelatihan ketrampilan saka asile sinau lan kursus. Wandene kang magepokan babagan pelestarian seni budaya, Kalurahan Sendangtirto wiwit isih dijabat dening Lurah sadurunge, saben taun sepisan tansah ngadani upacara adat merti dhusun lan merti desa. Upacara mau kanthi ngetokake maneka potensi sing ana ing 18 Padhukuhan.Kayata kuliner, olahan panganan, pentas kesenian tradhisional. Antarane:Kethoprak, Wayang Kulit, Karawitan, Kethoprak, Gejok lesung, Macapat, Salawatan, Hadroh, Campursari lan Jathilan. Kanthi nganakake festival kesenian jathilan kanthi pasarta 8 kelompok. Sendangtirto bakal saya misuwur jenenge tumeka njaban daerah. Apamaneh saben ngadani kirab agung bergada lan grebeg tumpeng sing wiwit dibudhalake saka plataran kapanewon tumuju Pasareyan Gusti Panembahan Purboyo, kang minangka papan wisata reliji sing saben dina malem Senin Kliwon, Selasa Kliwon, Jemuwah Kliwon lan Sura akeh para spiritualis, kyai, masarakat saka luwar dhaerah padha dedonga bebarengan. Magepokan babagan pembangunan fisik lan infrastruktur, kang migunaake dhana saka pamarentah, yaiku DD (DKal) lan ADD (ADKal) yaiku kanggo Pamberdhayaan masarakat, padhat karya, BLT, penanganan Amir JunawanKirab Agung Lan Grebeg Tumpeng Pralambang Manunggaling Kawula GustiTradhisiLurah Sendangtirto Amir Junawan foto bebarengan klawan Danramil , Babinsa lan para pamong ana plataran pendhapa kapanewon Berbah (Ft: Ist/Jono, Hana)Amir Junawan sawise winisuda minangka lurah Sendangtirto taun 2021-2027 dening Bupati Sleman Dra.Hj. Kustini Sri Purnomo (Ft: Ist/Jono, Hana)


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 37Covid-19 sarta kanggo ngganti jeneng Kantor Desa dadi Kantor Kalurahan,wujud papan bangunan kang uwis permanen. Pengalaman kang uwis nate dialami Kalurahan Sendangtirto ana ing taun 2019, antuk juwara 1 Evaluasi Penanggulangan Kemiskinan sa Kabupaten Sleman. Pangaji-aji lan bebungah kejuwaraan kuwi, mahanani Sendangtirto saya becik sarta maju lan ngrembaka. Kejaba program kerja taun anggaran 2023 kang ditindakake dening Lurah Amir Junawan uga migatekake warga masarakat. Apamaneh wargane kang nandhang dhuhkita tumuli diwenehi Akte Kematian lan santunan . Ana ing rencana program kerja taun anggaran 2023 Pak Lurah ngadani Musyawarah Penyusunan RKPKal bebarengan klawan Badan Permusyawaratan Kalurahan (BPKal). Kanggo ngleksanakake Musyawarah Kalurahan(MUSKal). Amrih anggone nyusun Rencana Kerja Pamarentah Kalurahan(RKPKal) Sendangtirto Taun 2023 bisa lumaku kanthi becik lan lancar, para pasarta kang melu musawarah, yaiku: Kapanewon Berbah, Kepala Jawatan Umum Lan Kepala Jawatan Praja Kemakmuran Kapanewon, Lurah, Pamong Kalurahan, Lembaga Kalurahan, Kepala Puskesmas, Bhabinkamtibmas, Babinsa, Tokoh MasarakatKanthi diadani Muskal, sakehing program kerja kang bakal ditindakake dening Pak Lurah Amir Junawan, priya Lairan Sleman 12 Januari 1968 Kalurahan Sendangtirto tambah maju lan ngrembaka. Sadurunge nglenggahi lurah saka sisihane garwane Listiana Rahmawati, S.Sos sing ngasta ana ing Aparatur Sipil Negara (ASN), minangka Kepala Jawatan Umum Kapanewon Berbah lan uwis peputra papat, yaiku Muhammad Alif Mufiz. Muhammad Rizky. Muhammad Fauza Latif lan Muhammad Yazid Asy Syakur iki, minangka Kasi Kesra suwene 20 taun. Mula ora mokal Lurah Sendangtirto Amir Junawan utawa Pak Amir asmane akrab, kang pidalem ana ing Padhukuhan Maredan RT 06,RW 041 Sendangtirto, Berbah duwe gegayuhan lan pangajab anggone bakal nindakake program kerja taun anggaran 2023 bisa kasil kanthi lancar. Jono Hana/DLLurah Sendangtirto Amir Junawan foto bebarengan karo garwa lan putra-putrane (Ft: Ist/Jono, Hana)Lurah Amir Junawan lan garwane, diampingi panewu Berbah Rohmiyanto, AP, H.Nurcholis DPRD DIY, Bhabinkamtibmas, relawan rikala acara gelar seni budhaya (Ft: Ist/Jono, Hana)Lurah Amir Junawan maringake akte kematiyan lan santunan karo ahli waris (Ft: Ist/Jono, Hana)


38 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 AlipKanthi ancas njaga anane tembang macapat tetep diremeni sajrone kawula mudha, mula lumantar gelaran macapat kanthi paraga cacah wong 50 kang diracik karo gelaran seni wektu iki (kontemporer) Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kota Yogyakarta bebarengan para seniman mudha pelestari budaya Yogyakarta ngadani acara ‘Macapat Senja’ ing Malioboro kanthi mapan ana ing Teras Malioboro 2 iring kulon (Selasa, 28/6).Ing acara kasebut kejaba kapireng unining suwara tembangtembang macapat sekar Kinanthi kang isine ngenani prawan sing mblenjani janji. Uga sekar Asmaradana kang isi tresna marang Malioboro kairing Mantradisi Band. Kaisi uga wawan pirembugan (talkshow) babagan macapat dening pamicara Sekretaris Daerah Kota Yogyakarta, Aman Yuriadijaya, Muhammad Bagus Febriyanto, S.S., M.Hum. (Komunitas Jagongan Naskah / Dhosen UIN Sunan Kalijaga) lan Rudy Wiratama, S.IP., M.A. (Dosen Prodi Sastra Jawa UGM). Dene pinangka modherator Gundhi, S.Sos.Kepala Bidang Sejarah Permuseuman Bahasa lan Sastra Drs. Dwi Hana Cahya Sumpena kaampingan Kepala Seksi Bahasa dan Sastra Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kota Yogyakarta, Ismawati Retno, SIP, MA mratelakake, menawa acara kegiyatan kasebut uga pinangka kupiya kanggo njaga larase budaya akulturasi ing tengahe budaya modern. Kejaba iku kanggo nguriuri marang anane sastra lokal sajroning tembang macapat marang kawula mudha sarta ngurip-urip maneh tradhisi macapat sajroning urip padinan laras klawan budaya Jawa.Ana ing wawan pirembugan (talkshow) Muhammad Bagus Febriyanto, S.S., M.Hum mratelakake menawa tradhisi nembang macapat wis wiwit dhisik sumebar saka Jawa, Bali lan Lombok katitik saka tinemune manuskrip crita kang arupa macapat. Dene Rudy Wiratama, S.IP., M.A. mratelakake menawa nguri-uri utawa nglestarekake mono minangka maujudake isi ‘Macapat Senja’ ing MalioboroMantradisi Band kang gawe regenge suwasana laras jiwane kawula mudha (Ft: Nug)Para pamicara (narasumber) lan modherator (Ft: Nug)Liputan


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 39klawan kahanane macapat ing Kota Yogyakarta kang duweni ciri tradhisi lan budaya Jawa. Dene Pemerintah Kota Yogyakarta lumantar Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kota Yogyakarta ngajab supaya acara kasebut bisa diterusake.Para seniman paraga macapat ing sore kasebut dumadi saka kelompok kawula mudha juwara macapat kayata Hilma Aulia Isna Dewi, Andrea Pramesti Putri, Stephanie Emmanuela Putri, Devandrea Darmadipa, Rahmadini Vania, Ivana Trea Invioleta, Orivanesya Audrey, Almira Sahda, Aliya Nirwasita, lan Vinsama Krisna. Uga saka kelompok seniman macapat mudha Tamansiswa, paraga seni ‘Macapat Challenge’ kayata Danang Fitrianto (Marto Paidi), Maria Ratna Anggraini Santoso, Sri Yuwaningtyas Sukma Putri, Anggraini Puspita Imani, Rahmat Edhy Purnomo lan Rizki Nur Hakiki. ‘Macapat Free Style ‘ dening kelompok seni Mantradisi, pimpinan Paksi Raras Alit kanthi pranatacara Ferian Fembriansyah. (Nug/DL)Para kawula mudha paraga macapat sangarepe para warga ing Teras Malioboro 2 (Ft: Nug)Para kawula mudha Yogyakarta nembang Macapat ing Teras Malioboro 2 (Ft: Nug)Para paraga kawula mudha kang nembang macapat (Ft: Nug)


40 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip KratonIng kene arep mratelakake babagan ageman Sultan HB IX ing kraton, ageman nalika dikhitan, ageman siniwaka, ageman Mataraman, lenggah dadi pejabat negara lan ageman kamiliteran. Nalika yuswane ngancik akhil baliq, Sultan HB IX dikhitan. Ing gambar foto sing kapajang, Sultan HB IX dikhitan ngagem ageman khusus khitanan. Ageman iki beda karo klambi sing dienggo tumrap bocah liyane sing dikhitan, yaiku nganggo klambi biyasa (koko utawa bathik) lan nganggo ngisoran sarung. Nanging ing lingkungan kraton mligine putra Sultan agemane kaya ing foto lan kaya sing dikatonake. Ageman inggil warna ijo, ngagem nyamping diprada benang emas. Ing kene uga dipamerake ageman padintenan sing diagem Sultan HB IX. Ageman padintenan iki ora mung diagem nalika ing kraton wae, nanging sanajan panjenengane lenggah ing Jakarta nalika nindakake tugas negara, yen wis kondur ing daleme, asring ngagem ageman padintenan kaya dene ageman sing dipamerake ing museum. Sultan HB IX tansah nguri-uri budaya Jawa. Sultan HB IX uga remen olah raga berkuda. Hobi berkuda wus nurun saka Sultan HB I sing nalika berjuwang uga nitih kuda. Mula ora mokal menawa HB IX uga remen olah raga berkuda. Ing olah raga iki, Sultan HB IX asring ndherek balap kuda nalika yuswane isih rumaja. Ing kene kapajang foto nalika nitih k u d a AGEMAN SULTAN HB IX KAPAMERAKE ING MUSEUM HB IXFoto lan ageman nalika dikhitan (Foto herry)Ngagem busana militer kanthi pangkat Letnan Jenderal (foto: herry)Sultan HB IX ngagem ageman Jawa Mataraman (foto: herry)


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 41jangkep karo kalengkapane berkuda. Sepatu sing diagem olah raga berkuda isih wutuh nganti seprene. Kalengkapan ing kudha antarane; sutri, apus, sarungan lan cemethi. Uga kapajang foto nalika Sultan HB IX lenggah siniwaka ngagem ageman Sultan lengkap ngagem Kuluk Raja. Kejaba iku dipamerake uga Sultan ngagem ageman Jawa Mataraman yaiku ageman nalika ora siniwaka. Ageman iki uga diagem nalika nampi tamu, nalika nampi ngabekten saka garwa, putra, sentana, abdi dalem ing acara Syawalan. Kejaba gambar foto, maneka ageman Sultan HB IX uga mantel. Ageman-ageman iki sing nate diagem nalika Sultan HB IX ing kraton, utawa ing Jakarta lan diagem nalika anjangsana menyang mancanegara nindakake tugastugas negara. Uga foto Sultan HB IX ngagem busana militer kanthi pangkat Letnan Jenderal (Tituler). (Herry SG)Foto berkuda lan kelengkapane (foto;herry)Maneka ageman Sultan HB IX nalika ing kraton, Jakarta lan kunjungan ing negara manca (foto: herry)Sultan HB IX lenggah Siniwaka lengkap ngagem Kuluk Raja (foto: herry)Ageman padintenan sing diagem Sultan HB IX (Foto; herry)


42 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 AlipKawedanan Hageng P u n a k a w a n ( K H P ) Kridhamardawa Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat salah sijine ‘divisi pertunjukan’ durung suwe iki ngepyakake Royal Orchestra mapan ing Kagungan Dalem Bangsal Pagelaran Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat.Kawedanan Hageng Punakawan (KHP) Kridhamardawa uga ‘ngrilis’ Gendhing Soran Volume 1 ing Uyon-uyon Hadiluhung kang ajeg digelar saben Senin Pon malem Selasa Wage sesasi sepisan.Kepyakan Royal Orchestra lan ‘rilis’ album iki minangka perangan saka pengetan ‘Hari Musik Sedunia’ (World Music Day/La Fete de la Musique) kang dipengeti saben 21 Juni kang uga kanggo ngormati musisi saindhenging donya.‘Peluncuran’ Royal Orchestra iki disengkuyung dening Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta.KPH Notonegoro minangka Penghageng Kawedanan Hageng Punakawan Kridhamardawa ngendika, “Hari Musik Sedunia ingkang dipun pengeti saben tanggal 21 Juni, taun menika kapinujon sesarengan kalihan dinten Senin Pon malem Selasa Wage ingkang sampun dados padatan, Kawedanan Hageng Punakawan Kridhamardawa, nggelar uyon-uyon Hadiluhung kagem pengetan wiyosan dalem utawi dinten wiyosipun Ngarsa Dalem.”Kejaba iku KPH. Notonegoro uga nambahi pangandikan, “Menika kapinujon ingkang endah ingkang saestu eman menawi boten dipun mumpangataken, saha saged kangge nyegahaken bab-bab ingkang istimewa, ingkang sampun dados impen ugi sampun dipun rancang dangu inggih menika Royal Orchestra sarta Album Gendhing Soran Volume 1.” Paniradya Pati kang uga ngrangkep minangka Plt. Kepala Dinas Kebudayaan DIY, Aris Eko KHP. Kridhamardawa Kraton NgayogyakartaNgepyakake Royal Orchestra lan Album Gendhing Soran Vol. 1Saperangan paraga Royal Orchestra (Ft: Ist/Kalingga/DL)LiputanPagelaran Kraton Kasultanan Ngayogyakarta (Ft: Ist/Kalingga/DL)


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 43Nugroho nandhesake menawa agenda iki minangka wujud panyengkuyung Dinas Kebudayaan DIY nggarap lan nglestarekake budaya dhaerah.Miturut Aris Eko Nugroho, Dinas Kebudayaan utawa Kundha Kabudayan duwe tugas kaya kang kacathet sajroning Perdais No. 3/2017 bab Pemeliharaan dan Pengembangan Kebudayaan.“Kula panjenengan kasuwun supados jagi saha ngrembakakaken sedaya objek kabudayan. Wonten obyek kabudayan cacah pitu ingkang kedah dipunmekaraken, salah setunggalipun inggih menika seni, orchestra dados peranganipun. Babagan sanes ingkang boten kepareng dipun supekaken inggih menika tradhisi luhur utawi sedaya bab sae ingkang asalipun saking Kasultanan saha Kadipaten,” ngendikane Pak Aris tandhes.Magepokan karo Albun Gendhing Soran Vol 1 bisa dibukak ing maneka ‘platform digital’ kayata sporty, iTunes, lan uga kanal Youtube Kraton Jogja, kanthi total 11 gendhing. Saka 11 gendhing kasebut yaiku : Gendhing Aji Saka, Gendhing Babar Layar, Gendhing Babat, Gendhing Bangun Sore, Gendhing Kagok Liwung, Gendhing Mara Seba, Gendhing Nawa, Gendhing Panji Pengasih, Gendhing Tri Tunggal, Gendhing Udan Mas lan Gendhing Wulan Karahinan.“Gendhing ingkang cacahipun wonten 11 menika sedaya dipun rekam pungkasan Mei 2021 kepengker wonten ing Kagungan Dalem Bangsal Kasatriyan, kanthi gangsa Kanjeng Kiai Madumurti saha Kanjeng Kiai M a d u k u s u m a ingkang dipun ripta jamanipun Sri Sultan Hamengku Buwono VIII,” ngendikane MW Susilomadyo, Penghageng Abdi Dalem golongan Wiyaga KHP Kridhamardawa.Sumber : mediacentre.kratonjogja.idYouTube.Kraton JogjaTatiek Kalingga/DLRoyal Orchestra ing pagelaran (Ft: Ist/Kalingga/DL)KPH Notonegoro Penghageng KHP Krida Mardawa (Ft: Ist/Kalingga/DL)


44 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip Warta RingkesKerjasama Sastra-Ku lan Dinas Pussip Kulonprogo Nggrengsengake LiterasiKomunitas Sastra-Ku Kulonprogo ngadani kerjasama bareng Dinas Perpustakaan lan Kearsipan (Pussip) Kulonprogo kanggo nggrengsengake budaya literasi. Prajanjian kerjasama (Memorandum of Understanding) ditandhatangani Ketua Sastra-Ku Wahyu Purwadi SPd MPd lan Kepala Dinas Perpustakaan lan Kearsipan Kulonprogo Drs Duana Heru Surpiyanta MM rikala dina Ahad Pon 26 Juni 2022 mapan ing Aula Dinas Pussip Kulonprogo Jl Sugiman Watulunyu Pengasih. Acara kasebut uga dirawuhi Pembina Sastra-Ku Drs. Marjudin Suaeb lan Marwanto MSi, Ketua Gerakan Pemasyarakatan Minat Baca (GPMB) Kulonprogo Kawit Mujiana SE saha Kabid Perpusda Dinas Pussip Kulonprogo Siti Nurhayati SIP.Wahyu Purwadi SPd MPd marang DL ngandharake Komunitas SastraKu kang madeg 27 Januari 2019 tansah kupiya nggrengsengake literasi satengah masarakat, ing antarane Ngobarin Sastra, sinau nulis, bedhah buku karya anggota komunitas, pemuatan karya ing laman, nerbitke buku antologi lan sapanunggalane. Kanthi kerjasama bareng instansi Dinas Pussip Kulonprogo kasebut diajab bisoa sangsaya ningkatake budaya literasi satengah masarakat.Kepala Dinas Perpustakaan lan Kearsipan Kulonprogo Drs Duana Heru Supriyanta MM paring apresiasi lan panjurung supaya anggota Komunitas Sastra-ku terus berkarya. Kanthi berkarya kang migunani, generasi mudha kang saben dina ora bisa uwal saka hape (internet). bisa ngembangake hobi lan jati dhiri saengga ora kapilut bab-bab kang ora maedahi.Ing kalodhangan kasebut uga digelar bedhah buku antologi puisi “Jika Hujan Berwarna Biru” karya anggota Komunitas Sastra-Ku Evita Eka Septiani (20 taun) kang pidalem ing Pedhukuhan Kempleng, Karangsewu Galur Kulonprogo kanthi narasumber Pembina SastraKu Drs Marjudin Suaeb. [Sumarno]Wisuda purna siswa kelas XII SMK Muhammadiyah Bangunjiwo Taun Ajaran 2021/2022 kang kasil lulus sekolah cacah 54 dumadi saka siswa jurusan Teknik lan Bisnis Sepeda Motor (TBSM) sarta siswa cacah enem Tata Busana (TB) diadani ana Gedhung Sastro Sukarno Kalurahan Bangunjiwo, Kapanewon Kasihan, Bantul nalika dina Kemis (16/6). Wisuda purna siswa kanthi pratandha pasang samir sarta paweh Surat Keterangan Lulus (SKL) tumrap para siswa dening Kepala SMK Muhammadiyah Bangunjiwo Panjang Triyono, S.T, M.Eng sineksen para tamu undhangan saka Balai Dikmen Kabupaten Bantul diwakili Kepala TU Nur Zuhaida, S.Pd, saka Majelis Pendidikan PDM Bantul Drs. H. Sunarto, saka PCM Kasihan Drs. H. Sudarman, M.Pd, Ketua Ranting Muhammadiyah Bangunjiwo Barat Agus Mulyono, S,E, Ketua BPH Drs H. Singgih Sudarmanto, M.PD, Pengurus Komite Sekolah sarta para wong tuwa/wali siswa. Ing kalodhangan iki uga dipasrahake bebungah tumrap siswa kang duwe prestasi biji saka urutan siji tekan telu yaiku Rohmat Asril Danu Ramdhan saka kompetensi keahlian/jurusan TBSM kanthi biji 82.33, Nesti Andarbeni Karomah Jati S saka kompetensi keahlian/jurusan TB kanthi biji 81.61 sarta Irvan Yuki Pradana saka kompetensi keahlian/jurusan TBSM kanthi biji 80.09.Kepala SMK Muhammadiyah Bangunjiwo Panjang Triyono, S.T, M.Eng ana kalodhangan kasebut mratelakake menawa SMK Muhammadyah Bangunjiwo kang madeg ana taun 2012 kanthi Nomor Pokok Sekolah Nasional (NPSN) 69775326 saiki duwene siswa 127 saka jurusan TBSM lan 22 siswa saka jurusan TB, terus kupiya ngundhakake layanan kanggo nggayuh kuwalitas lan prestasi sekolah kang luwih becik.Dene prestasi kang kasil direngkuh dening SMK Muhammadiyah Kasihan antara liya juwara 1 Jemparingan tataran PWM DIY taun 2016, juwara 2 sesorah bahasa Jawa tataran Kabupaten taun 2017, juwara 2 Lomba karya tulis inovasi tataran PWM DIY taun 2019, juwara 3 Pencak Silat Kejurnas Tugu Muda Championship, juwara 3 Lomba Kepala Sekolah SMK beprestasi tataran Kabupaten Bantul taun 2019 sarta juwara 2 Tik Tok Islami FAI UMY. [Nug/DL]Wisuda Purna Siswa SMK Muhammadiyah BangunjiwoKa Din Perpustakaan lan Kearsipan Kulonprogo nalika tapakasma bareng ketua Sastra-Ku. (Foto: Sumarno)Para siswa berprestasi foto bareng Kepala SMK Muhammadiyah lan Pengurus Komite Sekolah. [Foto: Nug]


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 45Jroning rerangken pengetan Hari Keluarga Nasional (Harganas) kaping 29 taun 2022 Pemerintah Kabupaten Bantul lumantar Dinas Pemberdayaan Perempuan lan Perlindungan Anak (DP3APPKB) ngadani Festival Kampung KB kang disengkuyung stand Kapanewon cacah 17 saka tanggal 27 tekan 28 Juni 2022 mapan ana ing komplek wisata Pasar Seni Gabusan, kang kabuka dening Wakil Bupati Bantul Joko B Purnomo dina Senin (27/6) minggu kapungkur.Kepala DP3APPKB, Dra. Ninik Istitarini, Apt, M.PH paweh palapuran menawa tumindake program ‘bangga kencana’ ing Kabupaten Bantul bisa lumaku kanthi becik katilik saka pasarta aktif KB kang ana taun 2021 nyandhak 73,73 persen dene pasarta KB anyar ana 26.86 persen. Asil kasebut ora uwal saka usahane kanthi temen para PLKB, Kadher KB, kabeh lembaga ing masrarakat padesan sarta kabeh wae wis kang nyengkuyung program KB. Dene ana dina Selasa (28/6) minangka tempuking gawe (puncak acara) pengetan Harganas kaping 29 taun 2022 ing Kabupaten Bantul kang mapan ana papan kang padha yaiku Wisata Seni Pasar Gabunsan, ditekani Bupati Bantul H. ABdul Halim Muslih kang mratelakake menawa pengetan Harganas tumrape kulawarga banget wigati amarga bisa dadi srana sosialisasi kanggo nyuda tuwuhe bocah stunting (kunthing). Apamaneh kulawarga pinangka dadi cagake bangsa.Ing kalodhangan kasebut Bupati Bantul H Abdul Halim Muslih kaampingan Ketua TP PKK Kabupaten Bantul Emi Masruroh uga masrahake bebungah turap para pemenang maneka lomba Kegiyatan jroning pengetan Haragans nyakup lima tribina BKB, BKR, BKL, PLKB Non PNS Teladan, IMP Teladan, KB Lestari 20 taun, Kampug KB paling becik sarta bebungah tumrap juwara loro PLKB Non PNS Nasional yaiku Sri Rahayu, S.Pd saka Kapanewon Sedayu. (Nug/DL)Pengeti Harganas, Bantul Adani Festival Kampung KBBupati Bantul H Abdul Halim Muslih (tengah) bareng para pemenang lomba Harganas 2022 (Ft: Nug)Wakil Bupati Bantul Joko B Purnmo ana satengahe stand kampung KB (Ft: Nug)


46 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip LiputanMapan ing dhusun Karangjati Bangunjiwo Kapanewon Kasihan Bantul DIY, Setu sore 18 Juni ’22 seniman karawitan Accapella Mataraman Pardiman, utawa sing duwèni jeneng kondhang Pardiman Djoyonegoro kasil “njagong buku” utawa launching buku kang sesirah “Nabuh Rasa, Membangun Peradaban Batin”. Kanthi metuné buku iki dikandhakake Pardiman mujudake rasa syukur lan lêgane, merga bisa mbabar “nabuh rasa” sesuwene iki ngenani theg kliwere gamelan saka sudhut pandhang pelaku senine piyambak (pengrawit). Lire sasuwene iki akèh bab-bab kang durung dingerteni ngenani “jeroane karawitan” dening masarakat sacara umum. Wusana akeh penganggep manawa karawitan amung dadi perangan kang dideleng/duwèni sipat sing adiluhung. Nanging ora ana sing ngrembug utawa mbabar luwih jero apa kuwi adiluhung, apa amung dadi barang antik, apa bisa diowahi, lan piye mengko perkembangan sateruse? lan isih akèh bab sing diuthik ing bukune. Akeh pengangene sing metu saking “gemesing rasa” sasuwene iki, lan dheweke kepengin melu cawé-cawé marang donyane karawitan. Kaya sing diaturake Pardiman manawa sabeneré gamelan kanthi olah karawitane duweni potensi sing gedhe kanggo menginspirasi urip manungsa sarta mbangun rasa ayem tentrem jroning mbangun bebrayan agung ing masarakat.Sasuwene iki kanggone nom noman, karawitan amung asring di pirsani minangka barang antik, angel disinau, kolot lan isih akèh liyané kanthi panyaruwe kang ora ngremenake. Kanyatan iki saya adoh saka pengangene sing dirasa déning Pardiman minangka pawongan kang saben ndina campur, nggulet utawa ngutheki gamelan ing sanggare “Omah Cangkem” kang asri, sing mapan aneng sisih kulon watara 500 meter saka Desa Seni Kasongan Bantul.Babagan mau dadi salah sijiné alasan Pardiman ngetokake buku. Pancen sabeneré ora bisa disalahake ngono wae para wiranom tanggapane kaya mangkono, ananging amarga kurang pangertene sing satemene saka pawongan kang pana babagan karawitan. Wusana babagan karawitan amung antuk separoseparo saka wong sajabane pelaku seni utawa pengrawite. Pardiman minangka pengrawit kaya kausik atine bi­ saa duwèni cara njelasaké Jagong Bukune PardimanOncek-oncek Lungite Seni KarawitanPardiman Djoyonegoro pamrakarsa njagong buku kanthi mbeber buku anyare Nabuh Rasa ing sanggare Omah Cangkem (FT : Danan Mr)Buku Nabuh Rasa karyane Pardiman Djoyonegoro (FT : Danan Mr)


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 47marang sapa wae, lan kuwi amung bisa kaajab saka wujud tulisan. Pengalaman kang jembar merga saka dhidhikan seni karawitan wiwit SMKI (Sekolah Menengah Karawitan Indonésia) -setingkat SLTA, nganti kuliyahe jurusan karawitan ing ISI Yogyakarta, kejaba akeh Sanggar Seni karawitan/tari kang dieloni minangka olah karawitane, dadi alasan kanggo nulis. “Iki bisa kanggo tetenger saka asil olah seniku sasuwene iki, perkara ana sing maca, apa amung mlebu laci, ya ora papa,” kandhane karo gemujeng. Dhidik Bocah Kudu SabarIng sanggare kang aran ”Omah Cangkem” Pardiman wis sawetara srawung marang pawongan kang asring kepengin nyinau babagan karawitan. Wiwitan saka bocah cilik, remaja nganti kasepuhan. Pardiman dadi duwèni akèh pengalaman kang manéka warna saka anggone ngasta karawitan. Saka bab kang lucu nganti sing bisa gawe eseme kang krungu. Kaya nalikane arep mulang bocah cilik nanging malah ditinggal lunga murite merga kepengin bal-balan, “kula bal balan riyin nggih pak.., kula nggih nggih ..” wusana gagal ora sida nabuh gamelan merga ditinggal dhewekan neng kono. Nek kelingan marai ngguyu, jlentrehe.“Ing kene aku ndhidhik bocah ora merga kepeksa, ananging saka krentege ati bocah.” Ana bocah sing rada angel merga kakehan polah, lan iki dadi tantangane, krana takon karo garwané kepriye bisane ndadekake bocah anteng lan nggatekake? “Wo njenengan (Pardiman) kudu duweni cara piye si bocah dadi seneng,” kandhane garwané sing ngasta ing SD Tarakanita Bumijo. Ing wektu semono pancen lagi ungsum dolanan tamiya, mula bocah sing arep diwulang malah padha dolanan tamiya, saka kono ben rasa senenge bocah bisa kasalurake dheweke nyipta gendhing tamiya, sing sigrak nganggo irama ngerap. Saka kuwi kanggone Pardiman antuk pituduh ndhidhik bocah kudu bisa lumebu lan ngerti donyane bocah, dikanthèni rasa sabar, kandhane aweh katrangan.“ M b a y a r ” Nganggo BukuKanggone Pardiman karawitan wis dadi pilihane, wusana anane Sanggar iki pancen dadi sumber utama kanggo nggegulang ilmune. Nadyan duwèni pirang-pirang murid sing nyinau sasuwene iki ing sanggar mau, pranyata ana bab kang unik kepara langka. Seje karo sanggar liyane, kepara bisa dadi tuladha, lire sinau ing Sanggar Omah Cangkem pranyata ora ditarik arta, ananging kudu “nyerahake buku wacan” apa wae kanggo perpustakaane minangka daya tarike. “Aku pancen kepengin pawongan sing sinau gamelan ing kene ora mung bisa nabuh, nanging bisa minterake wong liya uga krana seneng maca buku apa wae, sastra, novel, esai ngenani manéka ilmu lan liyane. Mula ora mokal manawa ing kene muride krasa kaya anane ikatan batin amarga uga diwenehi kesempatan sinau, sharing klawan kanca lan kegiatan liyane ing perpustakaan kang ana ing kene, lan iki sing dadi kekuwataning Sanggar Omah Cangkem tumekane saiki,” kandhane Pardiman mitêrang mungkasi rembug ing saselane peluncuran bukune sore kuwi. [Danan Mr Ssn.]Pentas karawitan bocah-bocah Sanggar Omah Cangkem (FT : Danan Mr)Perempuan Berkebaya Indonesia Yogyakarta ngramekake Njagong Buku Nabuh Rasa (FT : Danan Mr)


48 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip


Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 49PanggungWanita kang duwe asma asli Suyati iki lair ing Yogyakarta, 8 September 1952, piyambake kaloka lumantar pemain panggung, dhagelan lan aktris, Yati dikenal kanthi jeneng panggung Yati Pesek. Minangka seniman dhagelan, Yati tampil saka panggung ing panggung, piyambake uga pemain tetep ana program Kethoprak Humor sing digiyarake lumantar salah sijine TV Swasta. Ora mung kuwi Yati Pesek uga asring tampil ing program-program acara “komedi TV Swasta“ karana piyambake uga wis tau duwe peran ana ing film “layar lebar“ antarane film sing judule Lawang sewu (2007) lan Wakil Rakyat (2009) mula Yati Pesek, dudu mung seniman dhagelan nanging piyambake uga Aktris. Lumantar perane ing film kasebut jenenge sangsaya misuwur ing Indonesia.Nalika DL pitakon bab kemajuane kesenian tradhisional kethoprak, wayang wong lan kesenian tradhisional liyane, piyambake paring keterangan kesenian Kethoprak, Wayang wong, klebu kethoprak humor kanggo wektu iki bisa bakal ngrembaka, awit wis akeh senimanseniman mudha sing padha ketarik “Aku ngrasakake seneng banget, nyawang para nom-noman jaman saiki padha gandrung marang kesenian tradhisional, ora kaya jamanku sasat golek pemain kethoprak sing isih enom angel banget.“ pratelane.Yati Uga ngalembana bab kreatife bocah nom saiki nalika tampil ing panggung malah luwih prigel.Miturut Yati Pesek “bab kemajuane Kethoprak lan Wayang wong, pancen kudu nuting jaman nanging tanpa ngglingsir seka pakem, menawa ora ngeli ing jaman ya ora menarik, ta Mas?“ pangandikane.Piyambake ngendika, menawa unggah-ungguhing basa kudu tetep dijaga, awit kesenian tradhisional jawa iki budaya kang adi luhung, mula nalika kethoprak klebu kethoprak humor, wayang humor nyuguhake, ora mung bisa dadi tontonan nanging kudu bisa dadi tuntunan kanggo para pandhemen sing padha mirsani, andharane.Yati pesek, duwe pangajab kanggo para mudha sing wis ambyur ing donya kesenian kethoprak, wayang uwong, klebu penyanyi campur sari, maju terus, disinau terus aja gampang marem mekarna kabisanmu. Aku wanti-wanti, jaga basa nalika tampil, aku sok ngelus dhadha menawa ana pemain nom sing tampil rikala dipasangake karo wong tuwa, supaya lucu terus ana ukara Matamu! senajan kuwi lagi tampil nalika awakmu lagi dipasangake karo wong sing luwih tuwa golek ukara lan basa sing tetep jawani ananging bisa gawe guyu, basa sing bisa dhagel ki akeh ora kudu basa sing kasar”, pesene.Purnane patemon karo DL, garwa saka Maryo (dhalang) lan Ibu kandhung saka aktris sinetron Ikatan Cinta Ayya Renita iki, ngendikakake, “Rikala mangsa pandhemi sing gawe morat-mariting ekonomi, Yati malah pikantuk tawaran syuting film “Yo Wis ben 3“ lan film “Teluh“, Alhamdulillah najan aku iki wis klebu seniman tuwa nanging isih ana sing gelem ngaturi Aku dadi peraga film layar lebar, tampil sing awujud Event, menawa ora dhagelan, ya minangka penyanyi Campur sari, ning ya tetep wae aku kudu dhagel Mas,” Ature.[BARI/DL]Yati Pesek Jaga Basa Nalika ing Panggung


50 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 AlipGUYON FX. SubrotoSatleramanWanita ayu kang lair ing Magelang 10 Maret 1983 iki salah sijine seniwati kondhang kanthi profesi minangka waranggana. Asmane komplit Titik Samiarsih, S.Sn, M.Sn. Saka cilik wis seneng ing donyane seni budaya. Dharah seni diturunake saka rama lan ibune, mula saka SD wis dadi juwara ing seni Macapat.Putri kinasih saka pasangan Ki Hadi Tarlan lan Nyi Sukitri iki pancen duwe bakat seni apamaneh keng rama minangka dhalang kondhang lan keng ibu uga waranggana kaloka. Saka ‘kahanan’ keluwarga kang kabeh seniman dadekake Titik Samiarsih minangka waranggana pilih tandhing. Prestasine ing donyane seni budaya bisa dadi tuladha kaum mudha. Kejaba manjila ing seni sindhen, Titik uga minangka seniwati kethoprak, wayang wong, sarta wasis beksa.Titik Samiarsih rumangsa bungah lan mongkog, menawa anggone ambyur ing jagad seni bisa migunani tumrap masarakat. Akeh wewarah luhur kang bisa dibiwarakake lumantar seni, mula kanggone Titik seni budaya iku wis trep lan pas tumrap piyambake kang pancen nresnani kabudayan. Titik klebu waranggana kang laris, lan asring ngampingi suwargi Ki Seno Nugroho saben ana pagelaran wayang kulit.“Kejawi ndherek suwargi Ki Seno Nugroho kula inggih asring ngampingi dhalang sanesipun kadose dene Ki Mantep Sudarsono, Ki Sigit Aryanto, Ki Tatut, Ki Entus Susmono (suwargi), Ki Anom Dwijangka uga Ki Cahyo Kuntadi. Kula remen saged nambah wawasan sarta pengalaman ingkang saestu boten saged kabayar arta,” pratelane Titik.Titik Samiarsih kang kawentar kanthi sebutan Titik Samisami kejaba seniwati kondhang lan laris nanging piyambake uga salah sijine pamong ing Pawiyatan Sinden Murya Widyaswara Kadipaten Pura Pakualaman ing taun 2020. Titik uga kagungan pangajab muga-muga seni budaya bisa tetep lestari lan ngrembaka sanajan ancaman seni modhern ora uwal saka obah mosiking jagad seni.Tatiek Poerwa Kalingga/DLTitik Samiarsih, S.Sn, M.SnNgajab Seni Budaya Bisa NgrembakaNalika ngagem busana Jawi (FT : Ist/kalingga/DL)


Click to View FlipBook Version