The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

aku wanti-wanti, jaga basa nalika tampil, aku sok ngelus dhadha menawa ana pemain nom sing tampil rikala dipasangake karo wong tuwa.

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ngudiilmuw4, 2025-11-30 09:07:51

Djaka Lodang No 07- 17 JUL 2022 Panggung Yati Pesek Jaga Basa Nalika Ing Panggung

aku wanti-wanti, jaga basa nalika tampil, aku sok ngelus dhadha menawa ana pemain nom sing tampil rikala dipasangake karo wong tuwa.

Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 Alip 51“Wadhuh, sugeng rawuhe ing Cepu, Bu Ngadirah, lan Mas Rinto.”“Ya, Dhik Pawiro. Rak ya padha slamet, ta?”“Inggih sami wilujeng, Bu. Sakonduripun Ibu sami wilujeng sedaya?”“Ya, sehat.”“Ngapunten, kula ndherek mbektakaken barang-barangipun, Bu.”“Ya, Dhik. Sing iki.”Gawan utawa barang-barangku saka Jakarta pancen lumayan akeh. Mligine, satemene, sing akeh ya gawane Bu Ngadirah. Aku ora pati ngerti marang gawane Bu Ngadirah lan aku ora kepengin ngerti marga pakewuh. Gawan utawa barangbarang kuwi mau akeh-akehe gawan kanggo nyumbang kulawargaku ing Cepu. “Wis ngundang dhokar ta, Pak?”“Wis, dhokare Lik Giman. Kae wis nunggu. Mangga Bu, Mas, sampun ditengga dhokar.”Barang gawan ditata ing dhokar. Semono uga penumpange nata awak ing kono. Dhokar rasane dadi sumpeg marga barang sing digawa pancen akeh. Kuwi wae isih ketambahan penumpang cacah lima, durung klebu kusire. Dhokar mlaku alon-alon ninggalake Stasiun Cepu tumuju Jatibang. “Mas Rinto sampun ngantos kaget nggih kantenan wonten ndesa.” Bapak sajak kuwatir yen nganti gawe kuciwane tamune.“Malah seneng, Pak Lik. Pemandhangane sae. Kula malah kepengin dolan, blusukan teng alas jati.”“Wadhuh, mangke gatelen lho. Panggenane resek.”“Boten napa-napa. Kula kepengin ngerti.”“Wadhuh.”“Boten napa-napa, Pak Lik.”“Kamangka bibar numpak dhokar, niki mangke taksih kedah mlampah nrabas wana jati, Mas Rinto amargi marginipun nggih namung margi kagem mlampah kemawon. Begja yen wonten ojek.”“Mpun, malah keleresan. Idhepidhep olah raga teng tengah alas jati.”“Gayamu, Rin. Kuwat pa kowe?” Bu Ngadirah nengahi.“Dicoba ta, Bu.”Dhokar mandheg nalika wis tekan dalan tumuju desaku sing ciyut lan nrabas alas jati. Ing kono ora ana ojek. Semonoa Simbok lan Wanti katon wis ngadhang ana kono. Semono uga tangga-tanggaku. Kabeh katon seneng lan sumringah nalika sing ditunggu wis tekan. Simbok, Wanti lan tangga-tanggaku agahan nyalami tamuku lan kabeh sing nembe mudhun saka dhokar. Barang-barang gawan banjur padha disaut. Karepe pancen kepengin ngentheng-enthengi gawane sing padha nembe teka. Bu Ngadirah katon rada bingung. Semono uga Mas Rinto. Dheweke katon yen kikuk lan ora ngerti kudu omong lan tumindak kepriye. Sidane dheweke malah mung mesam-mesem lan mlaku nginthil ana burine Simbok, Wanti, Bapak, lan tangga teparoku.“Wah, anake kang Pawiro wis dadi wong Jakarta. Wis bisa omong cara Mlayu. Tambah ayu kowe saiki, Ni.” kandhane tanggaku, Lik Sarji sing melu nggawa gawan. Bokmenawa apa sing dikandhakake Lik Sarji kuwi ya mung minangka wangunwangune wong sesrawungan, wong tetanggan sing wis suwe ora ketemu. Ananging kandhane Lik Sarji kuwi keduga gawe mongkog lan isinku. Rasa kuwi campur adhuk dadi siji. Bokmenawa yen ora ana Mas Rinto aku ora bakal rumangsa isin kaya isinku dina kuwi. Anane Mas Rinto sing mlaku jejeran karo aku njalari aku ora bisa ndhelikake abang semburate pipiku. Ya nalika mlaku nrabas tengah alas jati kuwi katon yen Mas Rinto kaya ngresepi kahanan alame alas jati. Bola-bali dheweke namat-namatake tanduran lan apa wae sing diweruhi ing sadalan-dalan. Krosake godhong jati garing sing kepidak sikil kaya malah gawe kawigatene Mas Rinto. Sajake malah kaya ngrungokake suwara aneh sing durung nate diprungu. Suwe-suwe katon yen kringete Mas Rinto wiwit nelesi kaose. Bening kringete uga wiwit ndlewer ing palarapane. Mbuh, ana rasa welas, asih, lan uga kurmatku sing dumadakan tuwuh ngono wae ana atiku nalika meruhi Mas Rinto sing kaya mangkono.[Ana candhake]Kembang Alas JatiSambunge kaca 2‘Tekan Stasiun Cepu kahanan wis katon padhang njingglang lan panas. Bokmenawa wis jam


52 Djaka Lodang No. 07v 16/7/2022 Setu Pon, 16 Besar 1955 AlipMawrat crita saking penulis cacah 51Kandel buku 200 kaca Regi Rp. 75.000,- Amargi kababar winates sumangga ingkang kasdu saha remen dhateng crita jagading lelembut enggal pesen dhateng Redaksi Djaka Lodang Jalan Patehan Tengah No. 29 Yogyakarta Telp. (0274) 372950 WA. 087838224646Nyarengi Tanggap Warsa Djaka Lodang Kaping – 51 Tanggal 01 Juni 2022KababarANTOLOGI JAGADING LELEMBUTDjaka Lodang 1991-1994


Click to View FlipBook Version