The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Jaman paprintahan Sultan
Hamengku Buwono VI, kajaba tinemu
tumatane lampahe paprintahan
kang bisa nuwuhake kahanan ayom,
ayem, tentrem, golong­gilig tansah
manunggal dadi siji. Tanpa kinira
katitimangsa dina Senen wage 4
wulan Sapar warsa Ehe 1796 Jawa
utawa 10 Juni 1867 ing jam 5
esuk, Kutha Ngayogyakarta diterak
lindhu gedhe. Lindhu iki mahanani,
tugele ‘Tugu Golong­gilig’, jugruge
saperangan gedhe pasanggrahan
‘Tamansari’, rusake gedhong
karesidenan ‘Loji Kebon’ (saiki
Gedhung Negara) rungkate wit­witan
gedhe sarta rusake pomahane para
kawula. (Lis HS).

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ngudiilmuw4, 2025-12-10 00:32:47

Djaka Lodang No. 29-17 DES 2022 Napak Tilas Sultan HB VI Mundhut Kereta 'Kyai Garudha Yaksa'

Jaman paprintahan Sultan
Hamengku Buwono VI, kajaba tinemu
tumatane lampahe paprintahan
kang bisa nuwuhake kahanan ayom,
ayem, tentrem, golong­gilig tansah
manunggal dadi siji. Tanpa kinira
katitimangsa dina Senen wage 4
wulan Sapar warsa Ehe 1796 Jawa
utawa 10 Juni 1867 ing jam 5
esuk, Kutha Ngayogyakarta diterak
lindhu gedhe. Lindhu iki mahanani,
tugele ‘Tugu Golong­gilig’, jugruge
saperangan gedhe pasanggrahan
‘Tamansari’, rusake gedhong
karesidenan ‘Loji Kebon’ (saiki
Gedhung Negara) rungkate wit­witan
gedhe sarta rusake pomahane para
kawula. (Lis HS).

Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 1 Tintingan BukuSETU PAING, 17 DESEMBER 202292GEMBUNG TANPA SIRAHNAPAK TILASSultan HB VI Mundhut Kereta‘Kyai Garudha Yaksa’KULINER LEGENDARISSop Empal Bu Warno


2 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 EheKasambung kaca 51Nalika ana sing takon, biyene saka lulusan sekolah musik ngendi? Marsono walaka menawa kabisane seni musik kagodhog anane dheweke melu crash programe kang nate diadani pamarintah. Neng kojahane, dheweke jujur menawa satemene dheweke kuwi lulusan sekolah, kanthi ijasah seni rupa, njupuk jurusan seni lukis. Ganti dina njur dheweke oleh pesenan lukisan kang arupa potret. Sing pesen seneng weruh asil lukisane Marsono, njalari saya kalokane Marsono, minangka pelukis potret.“ D u g i b o t e n ngedegaken sanggar menapa kursus nglukis, Pak?” sawenehe pawongan sing neka, perlu njupuk pesenan lukisane, neng omahe Marsono. Parape, Pak Heru.“Walah, gek wonten pinggiran ngaten, sinten, lho, ingkang badhe purun kursus nglukis, Pak Heru?” sauté. “Nggih wonten, mesthinipun. Gandheng wonten pinggiran menika dereng wonten ingkang bikak, bokmenawi, taksih sami bingung. Menawi wonten kitha ageng, pancen prasasat pating tlecek. Wonten pinggiran, rak dereng wonten?” kojahe. Sing dikojahi, mbenerake ujare Pak Heru. “Nggih cobi, mangke, gantos dinten, kula gagasipun,” jarene.“Menawi ngaten, upami wonten tiyang badhe kursus nglukis, saget dipun ladosi?” tambuhe, Pak Heru.“Nggih sakgaduk kula, tiyang kula inggih dereng winastanan pelukis,”“Hla kula, kedah mastani panjenengan menapa, menawi dede pelukis?”“Kula namung saget nggambar utawi nglukis ngaten mawon, dede pelukis. Saget kula inggih krana sekolah, wonten bidhang menika, dados nggih namung kinaran limrah,” tanggapane kanthi ora njur sombong.“Dhil, lho, nggih?” “Dhil, babagan menapa?” sing di dhil, bingung. “Nggih perkawis sumadya panjenengan leladi, menawi wonten tiyang utawi lare badhe kursus nglukis, ta!” “Mugi-mugi, kula gadhah wekdal, Pak Heru,” saguhe.“Nggih saenipun, dipun tengenaken, ta!”“Insaa Allah, Pak!”“Kula tumut remen, menawi ingkang kursus kathah,” semantane, sajak seneng.“Maturnuwun, Pak Heru!”Kanthi kawiwitan gelem nampa pasarta kursus putrane Pak Heru, sing kursus nglukis neng omahe Marsono saya akeh. Melu ajune jaman, anggone dhaftar pengin dadi cantrikke Marsono, wis ora kudu mara thunuk-thunuk, nanging cukup lumantar HP. Nomer ha-pe-ne Marsono saya sumebar, nganti tekan ngendi-endi, klebu kanomankanoman sing omahe adoh saka kukuban kecamatan kono. Kabeh ditampa kanthi prajanjen mlebune seminggu kaping loro, wancine sore. Dheweke uga janji ora ngetokake tandha rampung kursus, arupa sertifikat munggahe tekan kinaran ijasah. Dina Minggu sing wis dijanjekake, omahe Marsono ketekan prawan loro, nunggang pitmotor. Lelorone ayu kabeh. Mung bedane, sing siji kaos biru rambute wates sapundhak, sing liyane nganggo hem werna kothak-kothak ireng, rambute luwih dawa. Marsono takon, sing arep kursus, sing endi, lelorone kabeh pengin bisa nglukis. Sadurunge miwiti pakaryan ngursus, Marsono takon jenenge prawan loro mau, kanggo ngisi dhaftar pasarta kursuse. Sing kaos biru jenenge Ratih, dene sing klambi kothakkothak arane Riyanti.Piranti apa wae sing wis digawa, dheweke wong loro beda wangsulane. Sing akaos biru sumadya kertas lan pastel krayon, sing kothak-kothak nggawa cat air. Sadurunge nglukis kawiwitan, Marsono nerangake tata carane nglukis, karo kala-kala nuding lukisane dhewe, sing cumanthel ana ruwang kuwi, kanggo conto. Lelorone ketoke ngerti karo karepe sing nerangake. Pakaryan kawiwitan, Marsono aweh conto carane gawe gambar seket. Sing siji sajak wis kulina nggambar, katitik seketane wis kabiji apik. Dene sing sijine maneh, pijer ngowahi coretane, kang kaanggep durung kaya sing dikarepake. “Nglukis mono, ora kudu langsung dadi, Mbak. Kabeh nganggo proses, tliti, tlaten lan sabar,” Marsono aweh pitutur marang lelorone, neng sela-selane tumandang.“Sketan kula niki pripun, Pak?” sing klambi kothak-kothak takon.“Sampun sae, namung kirang kendel, goresanipun!” katrangane.“Kirang kendel? Kendel, pripun, maksudipun,” semantane, sing disaruwe.“Nglukis niku, boten wonten salah utawi benere, Mbak! Ingkang wonten, sae kalihan boten sae. Kendel sing kula karepne, anggene nggores menapa ngecet sampun mangu-mangu!” jlentrehe.“Warna kula dugi boten kados lukisan niku, Pak?” pasarta sing nganggo medhia cat air takon, karo nuding lukisan sing cemanthel. Sing ditakoni, mesem.“Niku, merga benten bahan utawi medhiane, Mbak. Kagungan sampeyan niku cat air, dene sing kula damel niki, cat minyak,” bacut unine.“Cat minyak niku awis, Pak?” sing takon genti sing sijine.“Gumantung merkipun,” jlentrehe.“Lukisan panjenengan niku, ndamel merk napa, Pak?” takone maneh. Sing ditakoni uga njur 1318


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 3 CRITA SAMBUNG ................................ 2IjasahSRUMUWUS ....................................... 4Dina IbuWAWASAN JRONING NEGARA............ 5Masarakat Adil MakmurTOSAN AJI .......................................... 6Babagan Pamor DhuwungSASTRA & BUDAYA ............................. 7Omah Tumrap Wong JawaWIRANOM........................................... 8Nadhif AuliaSiswi SMPN I Imogiri Sugih PrestasiPAGELARAN ....................................... 9Sabar Ing Pacobaning UripPRIBADI BINUKA................................. 10Siti Marwiyah, S.IP.Pustakawan MAN 1 Yogya TAMU DL............................................. 12Mahasiswa FIB UGM Kuliyah Lapanganing Djaka LodangLAPORAN DHAERAH ......................... 14Erina Gudono Nindakake Gladhi Adat JawaSEJARAH............................................. 16Dalem JayadipuranSeksi Kongres Perempuan IndonesiaKapisanHERBAL............................................... 17BeluntasJAGADING LELEMBUT ........................ 18Gembung Tanpa SirahKEMBANG SETAMAN........................... 19TINTINGAN BUKU ............................... 20Prof. Dr. Martono, S.U.Pendhidhik SejatiPADHALANGAN................................... 22Lairipun Sri ArjunasasraCRITA RAKYAT..................................... 24Bedhahe MadiunCERKAK............................................... 26Aja Wedi Gagal Aja NglokroWACAN BOCAH................................... 28Putri Delima lan Kaca PengiloneAKSARA JAWA ................................... 29MACAPAT ............................................ 30Kabar IkiTEMBANG DOLANAN .......................... 30Kembang ApaGEGURITAN......................................... 31BANYUMASAN .................................... 32Ambal Warsa Kaping 192 Kab. PurbalinggaOH LELAKON ...................................... 33Menang Ora Kondhang Kalah WirangPENGALAMANKU ............................... 34- Nyilih Tanpa Nembung- Salah SebutNAPAK TILAS ...................................... 35Sultan HB VI Mundhut Kereta‘Kyai Garudha Yaksa’LIPUTAN.............................................. 36Posyandu Kunci II GoloNampa Predikat Pakarti IKULINER LEGENDARIS........................ 38Sop Empal Bu WarnoKRATON .............................................. 40 Ragam Hias Ing Saka Bangsa-BangsalKaraton NgayogyakartaPANGUPABOGA................................... 42Wanita Kuwat, Pejuwang Kanggo Djaka LodangWARTA RINGKES ................................ 44LIPUTAN.............................................. 46Kajuwaraan ‘Balapan Jaran Piala Raja HB X’ ka-12PANGGUNG......................................... 49Ratna MonicaSaka Dhangdhut-CampursariMenyang Panggung KethoprakSATLERAMAN ..................................... 50Niken Meilani S.Si.T., S.Pd., M.Kes:Ibu Kudu Bisa Dadi Patuladhan Putra-PutraneMajalah Basa JawaNgesthi Budi RahayuNgungak Mekaring Jagad AnyarKababar Seminggu SepisanTerbit saben dina SabtuPENERBIT PT DJAKA LODANG PERSAnggota SPS No. 66/1971/14/B/2002SIUPP: SK MENPEN NO. 109/SK/MENPEN/SIUPP/C1/1986 TGL 22 MARET 1986RacikanPelanggan saha sutresna Djaka Lodang, menawi kintunan DL boten dumugi alamat, kersaa paring katrangan lumantar sms utawi wa nomer: 0878 38 224 646PENDhiri: H. Kusfandi [almarhum] & Drs. H. Abdullah Purwodarsono PEMIMPIN UMUM/PEMIMPIN REDAKSI: KuswinarniPEMIMPIN PERUSAHAAN: Tony Urat SitohangREDAKSI PELAKSANA: Drs. Suhindriyo REDAKSI: Drs. Suhindriyo Tatiek Poerwa Kalingga SEKRETARIS REDAKSI: Maria Nur CahyatiARTISTIK: Tri Listiyono, Wahyu Kadarsih, Lestari Setyani. KEUANGAN:Wiji SukartiPROMOSI & IKLANBariSIRKULASI:Sukarni HeruALAMAT REDAKSI/ADMINISTRASI: Jl Patehan Tengah, 29 Yogyakarta 55133 TELP./FAX. 372950Email: djaka_lodang @ yahoo.co.id SMS: 0878 38 224 646No. Rekening Bank :Bank Mandhiri KH A. Dahlan137-00-1034862-7a.n. PT Djaka Lodang PersBRI Cabang Katamso 0245 0100 2268 307a.n. PT Djaka Lodang • [BUKTI KIRIMAN SUPAYA KAKIRIM, LUMANTAR WA UTAWA EMAIL] • Rega Eceran Rp 13.000,00 [DIY], Rp 13.500,00 [jaban DIY] Rega langganan sesasi Rp 50.000,00 [4 x terbit] • Rega langganan sesasi Rp 62.500 [5 x terbit] • Langganan lumantar pos ing Pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp 10.000,00 lan sajabaning pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp 12.000,00 • iklan Rp 1.500,00/baris• Rega Iklan Display, Paket Sponsor Rubrik bisa sesambungan langsung marang bagian iklan • Foto dikirim file dhewe format TIF/JPEG 200 dpi. “Djaka Lodang” nampa sumbangan tulisan lan gambar saka para maos. Redaksi duwe hak ngowahi tulisan kang bakal dicetak tanpa ngowahi isi. Tulisan, foto, gambar lan sapanunggalane kang kapacak dicaosi sembulih. Kang pidalem ing Yogyakarta bisa mundhut langsung sembulihe seminggu sawise karyane kapacak. Tulisan kang ora kapacak dikondurake yen dikantheni perangko sacukupe. Tulisan bisa kakirim liwat email: [email protected]. Akehe tulisan watara 4.500 karakter (klebu spasi) format RTF (dudu doc). Barengi pengetan Hari Ibu, 22 Desember 2022 rasa bagya mulya katon ing guwayane para ibu-ibu sing makarya bebakulan janganan iki. Kanyatan kabagyan iku ora marga turah-turah bandha donyane, nanging tentreming ati. Saka gambar iki bisa ditonton guyon parikenane para ibu sing sadina-dinane padha bebakulan ing pasar kanthi dagangan kang prasaja wujud jejanganan. (Foto Groto)


4 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 EheKartun EditorialSrumuwusIng Indhonésia, Dina Ibu dirayakaké saben tanggal 22 Désémber lan ditetepaké minangka perayaan nasional. Ing Amérika lan luwih saka 75 negara Mother’s Day utawa Dina Ibu, dirayakaké ing minggu kaping pindho ing wulan Méi. Ing sawetara negara Eropah lan Timur Tengah, International Women’s Day utawa Dina Wanita Internasional, dirayakaké saben tanggal 8 Maret.Hari Ibu ing Indhonésia dirayakaké tanggal 22 Désèmber. Tanggal iki diresmèkaké déning Présidén Soekarno, ing péngetan 25 taun Kongrés Wanita Indonesia 1928. Tanggal kasebut dipilih kanggo ngrayakaké semangat wanita Indonesia lan kesadaran babagan bangsa lan negara.Dina Ibu ing Indonesia dirayakake ing péngetan pembukaan Kongres Wanita Indonesia sing sepisanan, tanggal 22-25 Désèmber 1928. Konggrés kasebut dianakaké ing Dalem Jayadipuran, sing saiki dadi kantor Pusat Pelestarian Sejarah Dan Nilai Tradisional ing Jl. Brigadir Jenderal Katamso, Yogyakarta. Konggrés iki dirawuhi watara 30 organisasi wanita saka 12 kutha ing Jawa lan Sumatra.Ing Indonesia, organisasi wanita wis ana wiwit taun 1912. Diinspirasi saka pahlawan wanita Indhonésia ing abad 19 kayata: R.A. Kartini, Martha Christina Tiahahu, Cut Nyak Meutia, Maria Walanda Maramis, Dewi Sartika, Nyai Ahmad Dahlan, Rasuna Said, lan sapanunggalané. Kongrés iki nduwé tujuan kanggo ningkataké hak-hak wanita ing babagan pendidikan lan palakrama. Kongrés iki dadi rapat kang wigati, amarga dipandhégani déning organisasi wanita ing saindhenging Indonesia, kayata: Wanita Oetomo, Aisyah, Poetri Indonesia, Wanita Katoliek, Budi Wanito, lan liya-liyane.Sadurungé, wanita Indonésia wis ngupaya hak-haké. R.A. Kartini lan Dewi Sartika, malah wis ngedegaké sekolah khusus kanggo bocah-bocah wadon, kanggo persamaan hak ing masarakat.Tanggal 22 Désèmber 1928, sawisé dianakaké Kongres Wanita Indonésia sing kapisan, dadi tandha nalika wanita Indonésia wiwit mlebu ing babagan perjuwangan politik praktis. Gerakan sing sadurungé ora kena kanggo wong wadon. Wiwit kuwi para Wanita mbanjur padha aktif mikiraké hak-hak wanita. Kongrés Wanita nuntut owah-owahan ing posisi wanita ing budaya patriarki. Nalika iku, wanita isih dadi wong sing ditindhes lan dikendhalèni déning mawarna warna struktur sosial.Saiki iki makna Dina Ibu wis owah. Dina Ibu saiki dipèngeti kanggo nuduhaké rasa tresna marang para ibu. Ana manèka warna acara, lomba-lomba, hadhiah, lan nganggo sandhangan adat; nganggo jarik lan kebaya.Kejaba saka iku, ing jaman émansipasi iki, kelungguhane wanita lan priya wis padha. Akéh wanita sing wis mandhégani lan duwé peran sentral lan penting. Para wanita duwé peran aktif ing babagan kemajuan bangsa lan negara.Ing Kabinét Indonesia Maju saiki, ana 6 menteri wanita. Para menteri kuwi yaiku : I Gusti Ayu Bintang Darmawati - Menteri Pemberdayaan Wanita lan Perlindungan Anak, Ida Fauziyah - Menteri Tenaga Kerja, Retno Marsudi - Menteri Luar Negeri. Siti Nurbaya Bakar - Menteri Lingkungan Hidup dan Kehutanan. Sri Mulyani Indrawati - Menteri Keuangan. Lan Tri Rismaharini - Menteri Sosial.Ana ing KTT G20 ing Bali kepungkur, ana loro Menteri Wanita Indonesia ingkang duwé peran penting ing acara internasional kuwi. Nalika pidhato pambuka lan panutup Presidén Jokowi diapit Menteri Wanita loro. Retno Marsudi lan Sri Mulyani, sing katon ngapit, sanajan lungguh ana ing mburiné Présidén.Ing jaman modern iki, para ibu diaturi luwih mangerténi, peran penting ibu ing kulawarga lan uga ana ing masyarakat. Luwih prayoga manéh menawa para ibu terus ngetutaké perkembangan jaman lan mélu adaptasi, amrih tetep update. Bab iki penting, menawa arep ménèhi pitutur bisa cocok, amarga pamikirané ora kéri kadohan.Pungkasaning atur, para ibu beciké bisa mangerténi modél lan kekarepané putra-putrané Generasi Z. Generasi kang owahé cepet banget. Yén ora ngono, apa manéh yén kadohan anggoné kéri, bakal kangèlan manawa arep ménèhi pitutur, utawa urun rembug. Para ibu mangga sami siap, nyengkuyung marang polah lan kekarepané putra-putra generasi Z kuwi. (KPA, 7 Dhésember 2022).DINA IBUDening Ki Pandan Alas


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 5 Wawasan Jroning NegaraDening Suhindriyo Mula tekad pemerintah kanggo paring subsidi kendhil listrik lan subsidi kanggo tuku kendharaan listrik iki ora uwal saka upaya mujudake janji pemerintah ngurangi kebul bakaran lenga sing saya numpuk ing angkasa. Kanthi ngalihake kegiyatan gawe pangan utawa ngliwet sing biyene nganggo kayu obong lan kompor lenga. Watara wektu kepungkur semuwa kabar menawa pemerintah bakal paring subsidi warga kanggo tuku kompor listrik. Ananging menurut Kompas.com banjur nyusul kabar menawa subsidi kompor listrik bakal diganti rice cooker. Banjur wektuiki pemerintah nyiapake 680.000 unit penanak nasi sing bakal katujokake marang kelompok penerima manfaat (KPM). Kanggo nyedhiyakake biaya tuku penanak nasi iki bakal dingengreng liwat rencana anggaran APBN Kementerian ESDM taun anggaran 2023. Dijlentrehake menawa tujuan ngedumake penanak nasi secara gratis iki kanggo mujudake pigunane energi bersih, ngundhakake konsumsi listrik perkapita (e-cooking), lan nggemeni beaya ngliwet tumrap warga abangsa.Bebarengan iku Menteri Koordinator Bidang Kemaritiman dan Investasi Luhut Pandjaitan mratelakake menawa pemerintah lagi ngrampungake rencana subsidi kanggo tuku sepedha motor listrik sing akehe Rp 6,5 yuta. Kabar sabanjure nyebutake menawa subsidi uga bakal nyakup mobil listrik. Kanggo biaya iku kabeh miturut Menteri Perindustrian Agus Gumiwang Kartasasmita, pemerintah duweni kalonggaran keuangan (fiskal) kanggo menehi bantuan (subsidi) sing dibutuhake.Mesthine saya semuwane subsidi pemerintah marang warga ora uwal saka saya sehate keuangan negara. Tnadha –tandha sehate keuangan negara wektu iki uga bisa ditonton saka pratelane Menteri Keuangan Sri Mulyani Indrawati saya nyurung pemerintah nggenjot blanja ing enteke taun 2022 iki. Miturut Sri Mulyani, pemerintah ing sasai Desember 2022 iki isih bakal blanjakake dhuwit cacah Rp 537,2 trilyun sing isih sumimpen ing APBN lan APBD. Ing taun 2022 iki pemerintah duweni anggaran blanja Rp 1.119,5 trilyun ananging dhuwit semono mau tekan enteke sasi November 2022 lagi diblanjakake Rp 876 trilyun temah sing durung diblanjake ana Rp 537,2 trilyun. Wektu iki APBN sing durung diblanjakake Rp 203 trilyun lan APBD durung diblanjake Rp 294 trilyun. Nintingi biwara sing nuduhake becike keuangan negara iki menehi rasa bombong menawa upaya mujudake negara kesejahteraan iku nyata, ora mung tiba ing omong lan kanyatane kosong mlompong. Nutup enteke taun 2022 kanthi anane pengarep-arep ekonomi kang becik iki gambaran nyata menawa gayuhan tumuju masarakat adil makmur iku kudu terus diudi lan diwujudake.*Sumber wacan / warta / gambar:https://www.merdeka.com/uang/pemerintah-bakal-belanjakan-rp537-triliundi-desember-2022https://www.kompas.com/tren/read/2022/11/28/133000065/pemerintahakan-beri-bantuan-rice-cooker-gratishttps://www.google.com/search?client=firefox-bd&q=subsidi+rice+cooker+MASARAKAT ADIL MAKMURDesember 2022 Pemerintah Blanja Gedhen-GedhenanSemuwane pakabaran menawa pemerintah ing taun 2023 bakal dundum kendhil liwet listrik (penanak nasi, rice cooker) lan maringi subsidi kendharaan listrik aweh lamuk lamun ekonomi negara sajrone kahanan becik. Kabar mangkene iki mesthi wae gawe bombongane ati warga bangsa ngelingi bebarengan iku ekonomi donya kaancam resesi krana isih mubale perang antarane Rusia karo Ukraina. Akeh penemu menawa rencana pemerintah iki ana gepok senggole karo upaya pemerintah kanggo mujudake energi bersih sing bisa ngurangi emisi karbon ing atmosfer bumi. Emisi (tumpukan) rereged saka kasil obongobongan lenga bumi (emisi karbon) sing metu saka knalpot motor lan pipa pabrik iki sing dadi sebab hawa bumi sangsaya panas temah nuwuhake sakehe tandha-tandha kerusakan alam klebu owahe mangsa sing nuwuhake sakehe bencana alam.


6 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe Tosan AjiAgus Wuryanto S.Sn, A FPSI*, Hon E HPPWPenasehat Pusaka Nusantara, Penasehat Wonosobo Heritage, Ketua Paguyuban Tosan Aji Pakuwojo, WonosoboBabagan Pamor DhuwungKejawi wujud pamor ingkang kaaturaken ing terbitan ingkang sampun kepengker, wonten malih pamor ingkang tumrap mapan wonten ing dhuwung, sanajan dhuwung leres utawi luk sami kemawon kados ing ngandhap punika, gambaraning pamor ingkang kapundhut saking kitab “PAMORDOEWOENG”Pakem Doewoeng Angka II, babon asli saking Cirebon, katerbitaken 2e DRUK ing Solo 1935 :70. SISIKSEWUPamor ing ngandhap punika kasebat pamor Sisiksewu, ing rikala rumiyin kaaturaken pangageming senopatining perang, nggadahi donga pangangkah punapa ingkang kasuwun saged katurutan, saha mboten kekirangan sawijining punapa, luhur ing kekajengan, kathah kabegjanipun. 71. Pamor ing ngandhap punika mboten kasebut namanipun pamor, anamung kaaturaken bilih pamor punika agemaning priyayi gung. Ginanipun pamor kangge tetrulak, ugi ndhatengaken rejeki, , ambek ardja, lila anamung mboten ketingal, lembut adilipun.72. Pamor ing ngandhap punika boten kasebut nama pamoripun, anamung kaaturaken bilih pamor punika ing rikala rumiyin manggen ing ratuning prajurit ingkang nggadhahi kaluwihan ing palagan, menawi kangge dagang katah batinipun, agemaning ratu ingkang pun ajrihi tiyang kathah, saha saged kangge nulak mengsah.73. Pamor ing ngandhap punika ugi boten kasebut nama pamoripun, anamung kaaturaken menggah ginaning pamor inggeh punika, menawi kangge dagang kathah untungipun, den tresnani tiyang estri, menawi kabeta seba marak, karesepan piyantun ageng, saha punapa kekajenganipun saged kelampahan.74. Pamor ing ngandhap punika ugi mboten wonten sebutanipun, anamung kaaturaken bilih pamor punika nggadahi keginaan, ngerejekeni, bakal dumugi punapa kekajenganipun, dados agemaning prajurit, saged pados bala, saha pun ajrihi den mengsah, ugi kathah prabawanipun.


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 7 Sastra & BudayaOmah, ing kamus Basa Jawa weton Balai Bahasa Yogyakarta (2001) sinerat, yeyasan mawa payon sing kanggo dedunung utawa kanggo keperluan liyane. Saka kéné wis cetha kanggone bebrayan umume pancen mujudake keperluan kang wigati minangka kabutuhan papan panggonan kang baku (primer) kanggone uripe manungsa, kalebu tumrap bebrayan Jawa.Kanggone wong Jawa, omah ing wektu semana bisa dadi tandha lan tetenger kêpara nduwèni pangaribawa gedhé marang sapa sing nglenggahi. Upamane omah kuwi ing ngarepane ana pendhapa, latare jembar racake nuduhake sing nglenggahi duwe jabatan penting jroning masarakat. Bisa minangka perabot désa kaya , carik, lurah, panewu lan liyane. Anane pendhapa utamané kanggo nampa tamu penting saka sanak kadang lan liyane, malah saka kuwi racake asring ing pendhapa mau diadani maneka kegiatan tumrap masarakat kiwa tengen kono. Wujud kegiyatan sosial jroning masarakat, rapat utawa pertemon warga, nganti acara mirunggan kaya kegiyatan kesenian, m a c a p a t a n , slawatan, karawitan lan liyane. Bisa d i k a n d h a k a k e anane pendhapa pancen bisa gawe regeng, lire dadi wadhah saka kegiyatan masarakat kacakup ing kono, wusana krasa gayeng tlonjonge nuwuhake rasa patembayatan nyawiji jroning masarakat. Wujud OmahIng tlatah padésan jaman kawuri, omah racake wujude amung siji nanging dilenggahi déning \"kaluwarga ageng\" bebarengan. Ing kene bisa ditegesi omah tumrap kaluwarga kuwi dadi omah utama/ mligi minangka sumber panggonan baku jroning kaluwarga ageng kasebut. Koentjaraningrat (1994) miterang, tumrap bebrayan Jawa omah utama (pusat) dadi punjering maneka kegiatan kaluwarga. Omah mau dilenggahi déning keluwarga senior lan saweneh keluwarga mudha. Sing mbedakake panggonan kaluwarga mau amung saka kamar kang disekat papan triplek utawa gedhek, wusana kaluwarga mau biyasa disebut kaluwarga gedhé utawa brayat ageng, amarga asring nganti turun temurun keluwarga sing nglenggahi, ananging duwéni wates dhewe-dhewe saka \"teritoriale\" wilayah sanadyan amung saomah. Ana kalane sawise nikahan, kaluwarga mudha mau nembe ninggalake papan asline saka wong atuwane lan pindhah ing wewengkon sakiwa tengene utawa ing kutha liya. Biyasane amung putra putrine sing keri manggon ing omah mau kanggo ngancani bapa biyunge nganti sepuhe, pawongan iki sing bakal marisi omah saka wong tuwané nalika ditinggal tilar donya saka wong atuwane. Babagan iki dadi ciri khas tumrap bebrayan Jawa, lan asring ditemoni anêng padésan ing tlatah Jawa.Kaya wis kasebut ing dhuwur gedhene omah, bentuké uga dadi cirine wong Jawa sing nglenggahi. Iki bisa dipirsani saka wujud /bentuk payon omahe. Dijlentehake Kodiran (2010) ciri omah tumrap bebrayan Jawa bisa dipirsani saka bentuk payone sing duwé wujut mirunggan : model omah kampung, srotong, daragepak, panggangpe, macan njerom, klabang nyander, omah tajuk, kutuk ngambang, omah sinom apadene trojogan.Payon limasan apadene joglo racake amung dienggo déning wong sing duweni keturunan asli sing sepisanan, utawa kaum \"elite\". Sing duwé omah kanthi payon model limasan, ing jaman kawuri pancen amung ditemtokaké kanggo omah para pamong praja ing wewengkon kutha apadene trah kraton wae.Jamane Wis BedaOmah kanggone wong Jawa jaman saiki wujud/ bentuké wis beda adoh karo jaman kawuri. D i j u m b u h a k e fungsi lan piguna jroning kaluwarga sing pas lan ringkes. Malah ing padésan akeh modhel omah modheren maelu ombyaking jaman. Wong padésan sing cukup ekonominé duwé pepinginan ngenani modhel omahe. Omahe ora modhel srotong apadene model kampung wae, ananging modhel limasan, joglo nganti modhel Eropa saiki uwis ana. 0mah \"asli Jawa\" kaya kasebut ing dhuwur saiki racake wis arang ditemoni. Upama ana mung ing wewengkon tertemtu wae, kaya ing papan \"cagar budaya\" minangka prasasti /tetenger kanggo nyinau sejarah bangunan jaman kawuri.Saka kéné nuduhake manawa bebrayan Jawa nate duweni omah mligi kang dadi cirikhase wong Jawa, sing pranyata duwéni makna sarta nilai sejarah tumrape urip bebrayan Jawa.Danan Mr.SSn Omah Tumrap Wong Jawa


8 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe WiranomSajake wis dadi garising pepesthen. Pranyata kanyatan iku uga tumimbal marang Nadhif Aulia iki. Omahe Siluk, Kalurahan Selopamiara, Kapanewon Imogiri, Kabupaten Bantul. Dununge Siluk iku cedhak gunung. Cedhak watu adoh ratu. Ewa semono, prestasine ora nguciwani. Sajake kawegigane putra kinasihe Bapak Yumanto iki ora nate diasah. Nanging malah moncer. Ndaheba menawa tansah diasah, mesthi prestasine bocah iku bakal luwih kuncara.Siluk iku uga mepet. Mepet Kali Oya lan Kali Opak. Mepet antarane Kabupaten Bantul lan Kabupaten Gunung Kidul. Kahanan iku njalari bocah sing lagi wae ambal warsa kang kaping lima las iki bisa mikir kanthi wening. Weninging pikir mahanani tumindake ora kemrungsung ora grusa-grusu. Ana tetembungan tumindaka sing sareh dimen pakoleh. Pitutur luhur iku tansah dumeling ing karnane Nadhif. Ramane kang kulina nyekel alat berat, tansah nandur pitutur luhur iku marang putra-putrane. Lan putra-putrane uga tansah tuwajuh marang pituture wong tuwa lorone. Bocah kang kulina prihatin iku uga nyebabake gagayuhane tansah dijangkung dening Gusti Ingkang Maha Agung. Bocah sing sasuwene iki prestasine ora ketok. Ing omah, bapakne ora tau mulang muruk piye carane maca cerita cekak. Ibune kang asesilih Yuliani, mung tansah sengkut ngayahi gawean ngomah. Ibu rumah tangga iki uga ora kober ngajari carane maca cerita cekak. Dadi kena dianggo dudutan menawa Nadhif Aulia anggone bisa maca cerita cekak iku kanthi “otodidak”utawa seka sinau dhewe. Nek ngelmu biyen jenenge laduni. Upamane ana polesan sithik rong ithik saka guru iku ora ngowahi sakabehaning “penampilan”. Awit jeneng seni iku ora bisa disinau kanthi dadakan. Kudu duwe bakat saka lair. Semono uga putra barepe Pak Yumanto iki. Nalika didhawuhi maju Kompetisi Bahasa dan Sastra tingkat Kabupaten Bantul, ana rasa minder utawa cilik ati. Wiwit mlebu sekolah ana Sekolah Dasar durung tau melu lomba utawa kompetisi kaya ngono iku. Dadi iki minangka pengalaman kang sepisanan. “Aneh bin Ajaib”, ngono tetembungan kanggo nggambarake kahanan prawan kang seneng boneka Panda seka Cina iki. Kenya kang seneng warna pink iki bisa menang ana ing Kompetisi Bahasa lan Sastra Tingkat Kabupaten Bantul nomor panggulu. Sejatine ora ngareparep bisa sasab. Ananging jalma tan kena kinira. Pranyata maju sepisan langsung menang. Senajan mung juara loro. Wus dadi paugeran saka Kundha Kabudayan utawa Dinas Kebudayaan Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta yenta pemenang utawa juara siji, loro, lan telu kudu makili kabupatene dhewe-dhewe. “Dilalah kersane Allah “, ngono ngendikane Pujangga Agung Surakarta, Raden Ngabehi Rangga Warsita ana ing tembange Sinom. Sing seka nomor loro ing kabupaten, seka tememene “Anak Baru Gede” sing duwe adhi lanang siji iki.Arep maju ing Kompetisi Bahasa Tingkat Provinsi iki sekolah uga isih berjuang kanthi tememen. Bocahe kaya ora “percaya diri”. Perjuangane Guru bimbingan konseling lan kabeh pihak, sidane bocah isinan iki uga gelem maju makili Kabupaten Bantul lan malah entuk juara siji. Pancen Sekolah Menengah Pertama Negeri I Imogiri sugih prestasi. Pantes dadi conto patuladhan sekolah-sekolah liyane. (Komarudin)Nadhif AuliaSiswi SMPN I Imogiri Sugih PrestasiSang juwara nalika ing taman sekolah(Ft. Komarudin)Bocah taat iku mbopong piala ing kompetisi bahasa sastra tingkat kabupaten(Ft. Komarudin)


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 9 PagelaranTeguh Yuwono, S.S., M.M.Spiritualitas MotivationSpiritualis MotivatorPemerhati masalah spiritual motivasiSabar Ing Pacobaning Urip“At i - a t i n g g e r , j a m a n kalabendu iki arep akeh pacoban, sing sabar. Sabar pancen angel nanging yen kowe kelangan kesabaran bakal luwih angel uripmu”. Mekaten ngendikanipun simbah paring wejangan dhumateng putra wayah. Dereng ical saking pengetan wekdal minggu kepengker wonten gempa bumi ing Cianjur. Kathah korban jiwa saha harta benda, griya kathah ingkang ambrug. Lajeng kala wingi mireng gempa bumi malih wonten Garut lan wursita enggal gunung Semeru mbledhos lan sanesipun. Sumangga dipun tlisik menika wonten sasmita menapa kok kathah sanget pacoban ingkang dipun alami nagari kita. Menapa wanci namung perkawis konstruksi lemah lan wewatuan ingkang arupi lempengan nggeser, utawi wonten perkawis sanes ingkang ndadosaken kedadean ingkang nggegirisi menika. Kita mangertosi lan nyakini bilih mboten wonten salembar godhong ingkang saged dhawah saking rantingipun tanpa ijinipun saking Gusti Kang Akarya Jagad. Sementen ugi kedadosan-kedadosan kayata gempa bumi, banjir, tanah longsor lan liya-liyane temtu ugi karana dikersakake. Wontening Al-Qur’an Allah SWT asring ngendhika perkawis ‘bala’ contonipun wontening Surat AlAnbiya ayat 35 nyebataken ingkang tegesipun kirang langkung : “Aku arep menehi/nguji klawan kowe kabeh kanthi perkara kang ala (bala) lan perkara kang apik supaya dadi pacobaning urip (kang bener-bener pacoban). Lan marang Aku bakalane sira kabeh mulih”. Ayat menika negesaken bilih bala lan perkawis ageng dipun paringaken Gusti Allah SWT dhumateng manungsa supados mangertosi dumugi pundi kesabaranipun anggenipun nampi sedaya kedadosan ingkang arupi bala utawi pacoban. Pramila sajatosipun wujud pacoban menika saged perkawis ingkang ala (perkawis ingkang mboten dipun remeni), saged ugi perkawis ingkang sae (perkawis ingkang dipun remeni).. Sajatosipun pacoban menika sampun dipun tampi wiwit rumiyin rikala jaman para nabi. Pacoban menika wanci saged dados perkawis ingkang ewet, nanging Allah ngangkat drajate para nabi lan tiyang-tiyang ingkang beriman saha nyirnakaken kaluputane lan dosane tiyangtiyang sholeh karana pacoban menika. Kados ingkang sampun dipun sebataken wontening AlQur’an Surat Al-Baqarah 155 -157 kirang langkung mekaten: “Lan wis dadi pepesten Kowe kabeh mesthi diparingi pacoban kanthi perkara kang medeni, ngelih wetenge, kekurangan bandha, jiwa lan buah-buahan. Nanging kandhanana wasita wara kang nyenengake marang wong kang sabar, yaiku wong kang umpama diwenehi pacoban musibah matur innaalillahi wainnaailaihi raaji’uun. Sajatosipun kita sedaya asalipun saking Allah lan badhe kondur dumateng Allah. Tiyang-tiyang ingkang mekaten menika ingkang badhe pikantuk ampunan saha rahmat saking Pangeranipun karana wontening petunjuk”. Hikmahipun bilih Allah mbentenaken wontening tiyang ingkang awon lan tiyang ingkang sae menika supados dipun mangertosi rikala ngadepi pacoban sing diparingake, bisa sabar ora. Pramila pacoban menika mboten ngicalaken keimanan nanging malah nguji sepira dhuwure keimanane manungsa. Pacoban menika kangge mangertosi (milih) pundi tiyang ingkang paling sae, pacoban menika mboten tumujon mbinasakaken. Rasulullah piyambak ngendika bilih wonten pahala ingkang kalipat jumlahe gumantung saka gedhe cilike pacoban marang manungsa ing ngalam donya. Menawa manungsa bisa sabar lan ngarepake pahala amarga diparingi pacoban, pramila Allah badhe maringi kanugrahan. Kesabarane manungsa iku ndadekake panyawang kang becik marang takdire Allah. Semono uga menawa manungsa diparingi pacoban malah nggresula, nesunesu marang Allah, Temtu Pangeranira bakal gawe susahe wong kuwi. . Musibah, pacoban, wabah penyakit, gempa bumi, kuwi ora bakal terusterusan. Kabeh kesusahan urip kuwi ana hikmahe kang arupa kaluwihan. Saben kesempitan ya ana kalodhangane. Lan kabeh pacoban yen diadhepi kanthi sabar arep diganti karo kenikmatan utawa kanugrahan saka Allah SWT. Wanci menawi dipun gagas, sabar menika ewet saestu. Nanging sinten tiyang ingkang kelangan kesabaran malah badhe ngraosaken langkung ewet gesangipun. Pramila sumangga para pewaos kita tansah eling lan waspada kanthi sabar. Mugia Allah SWT tansah paring pinayungan dening tiyang-tiyang ingkang tansah sabar. Nuwun.


10 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe Pribadi BinukaWanita kang aktif ing maneka kegiyatan mligine aktif minangka pegiat literasi ing Pengurus Daerah GPMB (Gerakan Pemasyarakatan Minat Baca) DIY, Pegiat Satgas Antikorupsi uga minangka Pustakawan MAN (Madrasah Aliyah Negeri) 1 Yogyakarta kang asmane Siti Marwiyah, S.IP minangka putri nomer papat saka pasangan Bapak Mudjamil lan ibu Sri Suryati lairan Banjarnegara. “Kula namung nunut lair wonten Banjarnegara, pendhidhikan kula ngrampungaken SD wonten SD N Minomartani 1, SMP N 2 Depok Yogyakarta, tataran SLTA wonten MAN 1 Yogyakarta lajeng S1 Ilmu Perpustakaan UIN Sunan Kalijaga Yogyakarta kula lulus taun 2011,” ngendikane pustakawan kang akeh nyimpen prestasi iki.Siti Marwiyah minangka pustakawan akeh pengaji-aji kang nate disandhang kayata Juwara 1 Pustakawan Berprestasi tingkat provinsi DIY taun 2019, Tenaga Kependhidhikan Inovatif Taun 2021 sarta Penghargaan Tenaga Kependidikan Inovatif, Kreatif lan Inspiratif taun 2022.Kejaba iku Siti Marwiyah uga sosok wanita kang ora sethithik karya tulise yaiku Antologi Puisi kanthi irah-irahan Lentera Asmaraloka taun 2021, Antologi Puisi kanthi judhul Sejuta Asa Guru Indonesia taun 2021, Antologi Puisi kang asesirah Semerbak di Taman Melati taun 2022, Antologi Cerita Inspiratif bareng Asma Nadia judule ‘Di Pesawat’ taun Siti Marwiyah, S.IP.Pustakawan MAN 1 Yogya Nyandhang Prestasi NasionalBareng para juwara lan peserta liyane sa Indonesia (Ft : Ist/kalingga/DL)Bareng Kepala Madrasah (Ft : Ist/kalingga/DL)


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 112022, ‘Flash Fiction Bersama Gol A Gong’ kanthi judhul Tukang Parkir taun 2022.Siti Marwiyah kejaba aktif nulis puisi uga crita ‘inspiratif’ piyambake uga minangka Fasilitator Bimtek Pustakawan taun 2022, Narasumber/Pemateri kegiyatan literasi Perpustakaan.Minangka Pustakawan Berprestasi kang bisa nyandhang Juwara 3 Nasional, Siti Marwiyah nandhesake, “Kula kedah nyiapaken dokumen ingkang laras kalihan juknis, kejawi menika ingkang paling penting nyiapaken mental saha kesehatan fisik. Amargi kathah bab ingkang perlu dipun cawisaken kadosdene saderengipun presentasi kedah siap power point arupi infografis, damel buku profil dhiri, ‘banner’ babagan karya tulis. Minangka pasarta Anugrah Guru dan Tenaga Kependidikan (GTK) Berprestasi menika kula mendhet Judul ‘Literasi Asyik dengan Gerakan Ramah Literasi di Perpustakaan MAN 1 Yogyakarta’, Alhamdulillah sasampunipun lolos tahapan- tahapan ingkang dados paugeran kula saged pikantuk Juwara 3 Nasional, ingkang puncak acara Penganurahan Guru dan Tenaga Kependidikan (GTK) Tahun 2022 dipun leksanakaken dinten Jemuwah 25 November 2022 mapan wonten Ball Room Hotel Holliday Inn Kemayoran Jakarta Utara. Acara dipun bikak dening Menteri Agama RI Bapak Yaqut Qoumas sarta hadhiah saha sertifikat dening Direktur GTK Madrasah Bapak Mohammad Zain.”Siti Marwiyah, S.IP. minangka pustakawan kang bisa nyandhang prestasi nasional duwe pengalaman kang paling ‘berkesan’, “Kula saestu mongkog bingah saged p i n a n g g g i h peserta saIndonesia kanthi mawarni latar belakang, karakter, ugi budaya. Saben peserta kedah nedahaken hasil karya inovatif. Saking ngriki kula saged nyimpulaken bilih kathah bab ingkang saged dipun tindakaken minangka pustakawan kangge ngindhakaken literasi.”Tatiek Kalingga/DLNalika nampa pengaji-aji saka Direktur GTK (Ft : Ist/kalingga/DL)Siti Marwiyah, S.IP.(Ft : Ist/kalingga/DL)Diampingi mbakyu kandhunge Siti Solechah, M.Si. (Ft : Ist/kalingga/DL)


12 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe Tamu DL‘Kunjungan Kuliyah L a p a n g a n ” s a k a mahasiswa Fakultas Ilmu Budaya (FIB) UGM Program Studi Sastra Jawa kanthi Ketua Prodi Sastra Jawa Dr. Daru Winarti, M.Hum, kunjungan mahasiswa cacah 32 lan 1 dhosen pendhamping kaleksanan dina Kemis, 1 Desember 2022 ditampi langsung Pemimpin Umum kang uga Pemimpin Redaksi Kuswinarni kang diampingi Redaksi yaiku Drs. Suhindriyo lan Tatiek Poerwa Kalingga mapan ing Kantor Minggon Basa Jawa Djaka Lodang, Jl. Patehan Tengah No. 29 Yogyakarta.Magepokan dileksanakake kunjungan kuliyah lapangan saka mahsiswa Prodi Sastra Jawa Angkatan 2020 ing rerangken ‘pembekalan pengetahuan’ ngenani proses penulisan basa Jawa ing jagad jurnalistik. Kegiyatan kang dileksanakake kanthi mirunggan nanging tetep ora ninggalake ancas lan tujuan iki akeh diisi kanthi diskusi lan ‘tanya jawab’ mligine ing babagan proses penulisan, mlebu metune naskah kiriman nganti tumeka proses cetak sarta distribusi majalah sawise rampung cetak.Salah sijine dhosen pendhamping yaiku Imam Prakoso, S.S., M.A. nandhesake, “Kunjungan tanggal 1 Desember 2022 dadosaken pengalaman ingkang saestu migunani tumrap Program Studi Sastra Jawa UGM. Babagan menika saged bikak ‘cakrawala’ bab pakaryan ingkang gayut kalihan jurnalistik basa Jawi ingkang dumugi samenika taksih dipun tindakaken dening Djaka Lodang. Program Studi Sastra Jawa UGM gadhah pangajab mugimugi kunjungan mahasiswa FIB UGM menika dados langkah awal ingkang saged nyengkuyung para mahasiswa kangge njembaraken kawruhipun laras kalihan sedaya potensi ingkang saged dipun dhudhah saking donyanipun jurnalistik, mliginipun wonten ing Mahasiswa FIB UGM Kuliyah Lapangan ing Djaka LodangSanja ‘Dapur’ Medhia Basa Jawa Paling Tuwa ing JogjaFoto bareng Djaka Lodang lan Mahasiswa FIB Program Sastra Jawa UGM (FT : Bari/DL)Kahanan ing acara diskusi (FT : Bari/DL)


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 13babagan penulisan basa Jawi. Kejawi menika, diskusi ingkang sampun kaleksanan kalihan Djaka Lodang mugi saged dados panyengkuyung tumrap pihak Program Studi Sastra Jawa UGM kangge nyiptakaken satunggiling kurikulum pembelajaran wonten kampus ingkang saged dipun larasaken kalihan keahlian wonten bidhang jurnalistik.”Diskusi kang lumaku kanthi prasaja nanging mentes iki pancen akeh bab kang dirembug mligine ing donyane jurnalistik basa Jawa. Mahasiswa uga akeh nguncalake pitakon magepokan donyane ‘tulis menulis’, uga ana pitakon ‘kriteria’ apa kang bisa ditampa dadi karyawan ing Djaka Lodang, dana Djaka Lodang kuwi saka ngendi lan sapanunggalane. Kabeh pitakon dijawab dening redaksi uga pemimpin redaksi, muga kanthi diskusi kang wis kaleksanan bisa nambah wawasan tumrap mahasiswa kang tundhone para mahasiswa ora kabotan ngirimake karyane kanggo melu nguri-uri basa Jawa lumantar Majalah Minggon Basa Jawa Djaka Lodang. Majalah kang paling tuwa ing Jawa Tengah lan Yogyakarta uga siji-sijine majalah basa jawa kang tetep setia marang para maos uga pelanggane wiwit taun 1971 tumeka wektu iki.Pemimpin Redaksi Djaka Lodang Kuswinarni uga ngaturake panuwun dhumateng pihak FIB UGM Prodi Sastra Jawa kang wis percaya marang Djaka Lodang kanggo ngadani kuliyah lapangan mligine ing ‘dhapur’ medhia Basa Jawa Djaka Lodang. “Kula ugi gadhah pangajab mugi-mugi tembayatan FIB UGM kalihan Djaka Lodang saged ‘berkelanjutan’ sokur kangge para mahasiswa saged asung pambiyantu nyerat minangka freelancer utawi penulis lepas,” ngendikane Pemred DL ing pungkasane acara.Tatiek Kalingga/DLPemimpin Umum/Pemimpin Redaksi Djaka Lodang ngaturake ‘kenangan’ kagem FIB Program Sastra Jawa UGM (FT : Bari/DL)Imam Prakoso nalika atur pangandikan (FT : Bari/DL)


14 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe Laporan DhaerahGladhi Upcara Adat Jawa digelar ing dalem keluwarga Erina Gudono sadurunge akad ningkah karo Kaesang Pengarep putra wuragil saka Presiden RI Joko Widodo. Upacara gladhi Adat Jawa iki mapan ing Dhusun Purwosari, Sinduadi, Mlati, Sleman, Yogyakarta, Rebo sore tanggal 7 Desember 2022. Gladhi utawa latihan iki ditindakake kanggo nyiapake maneka rerangken prosesi adat kang kudu ditindakake dening Erina sadurunge akad ningkah kang bakal dileksanakake 10 Desember 2022 ing Pendhapa Ambarrukmo, Yogyakarta.Pimpinan ‘Wedding Oranizer’, Pengantin Production dene kang mandhegani gladhi yaiku dr. Wigung Wratsangka nandhesake, “Wonten ing gladhi menika sedaya anggota keluwarga kalebet Erina Gudono inggih ndherek gladhen. Gladhi dipun wiwiti kanthi upacara majang tarub, ingkang kedadosan saking upacara masang ‘atribut pernikahan’ kadosdene bleketepe, tuwuhan sarta bucalan.”Sawise iku keluwarga Erina nindakake prosesi Adang Sepisanan lan Cethik Geni. “Prosesi Adang Sepisanan ugi Cethik Geni lumebet wonten ing prosesi amargi babagan menika minangka acara mantu ingkang sepisanan wonten ing keluwarga Erina,” ngendikane dokter Wigung bab prosesi kang ditindakake.Sawise acara Adang Sepisanan lan Cethik Geni diterusake kanthi prosesi ‘Ngracik Tirta Perwita Adi’ utawa ngracik toya (banyu) kagem Siraman Pengantin’ kang asale saka pitung sumber toya (7 mata air) kang toya saka sumber Erina Gudono Nindakake Gladhi Adat JawaKawiwitan Adang Sepisanan Tumeka LangkahanKeluwarga Erina Gudono ing Sleman nalika gladi upacara adat Jawa (FT : ist/kalingga/DL)Pasangan calon manten Kaesang Pangarep karo Erina Gudono (FT : ist/kalingga/DL)


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 15cacah pitu (7) banjur dicampur kembang setaman.Prosesi sabanjure arupa tata cara Nata Lemek Palenggahan u t a w a n y i a p a k e papan kagem posisi l e n g g a h a w u j u d maneka godhong (ron). Saka prosesi iku, gladhi diterusake kanthi upacara ‘Majang Pasarean’ utawa ngrias papan sare calon penganten putri kang ana ing daleme Erina. Diterusake sungkeman, yaiku Erina nindakake sungkem marang anggota keluwarga liyane minangka simbol nyuwun donga pangestu.Ana gladhen upacara adat jawa, Erina uga nindakake prosesi Langkahan jalaran Erina nglangkahi sedulur tuwa (kamase) kanggo ningkah luwih dhisik. Sawise kabeh proses iwis ditindakake pungkasane upacara adat jawa kasebut dipungkasi kanthi Siraman.Sawise rampung prosesi Siraman, acara bakal diterusake kanthi Midodareni. Ing bengi midodareni, kekasih Erina, Kaesang Pangarep uga bakal teka kanggo melu nindakake prosesi nyantrik utawa nyantri.Nanging ing prosesi nyantri/nyantrik Kaesang Pangarep durung dikeparengake ketemu Erina kang isih nindakake pingitan utawa dipingit ana sajroning kamare wektu nyantrik iku. Erina dikeparengake ketemu ibu keluwarga calon penganten kakung lumantar prosesi ‘Tilik Nitik’.“Salebetipun proses nyantrik menika Mas Kaesang ugi boten nyipeng wonten dalemipun Mbak Erina, dados renc a n a n i p u n kondur Solo,” ngendikane Wigung Wratsangka.M a n u t d o k t e r W i g u n g Wratsangka, n y a n t r i k iku minangka tradhisi ningkahan Jawa wektu calon penganten kakung teka saperlu nyipen ing calon maratuwa ing malem midodareni utawa sedina sadurunge digelar resepsi ningkahan. “Salebeteipun prosesi nyantrik menika supados pikantuk wejangan tiyang sepuh, mas Kaesang badhe dipun segahi toya ‘Tirta Wening’, ingkang maknanipun ilmu pengetahuan saha kawruh gesang, kejawi menika Mas Kaesang ugi bakal nampi wejangan Catur Laksita Tama tegesipun sikap nilai ingkang sejatosipun dipun agem pemimpin keluwarga babagan wejangan saking duta keluwarga Erina Gudono.Tatiek Kalingga/DLPasangan calon manten Kaesang Pangarep karo Erina Gudono nganggo busana adat (FT : ist/kalingga/DL)Saperangan keluwarga Erina (FT : ist/kalingga/DL)


16 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe SejarahSangangpuluh papat taun kepungkur yaiku tanggal 22 Desember 1928 para wanita Indonesia nganakake Kongres Perempuan Indonesia (KPI) kapisan ing Yogyakarta Hindia Belanda (Indonesia). Kongres diwiwiti dina Setu wengi 22 Desember tekan 25 Desember 1928, ditekani watara wong 1.000 sing kecakup sajrone organisasi wanita cacah 30 saka kutha-kutha ing Pulo Jawa lan Pulo Sumatra, sarta sawetara organisasi kaum priya sing duweni tujuan merjuwangake hak-hak kaum wanita mirunggan ing babagan pendhidhikan lan pernikahan. Kongres digelar ing Dalem Jayadipuran kagungane R.T. Joyodipuro. Dalem iki saiki dadi kantor Balai Pelestarian Sejarah dan Nilai Tradisional sing banjur salin jeneng dadi Balai Pelestarian Nilai Budaya DI Yogyakarta sing mapan ing Jalan Brigjen Katamso No. 139, Yogyakarta. Nyekseni lakune sejarah pergerakan kaum wanita sajrone Jaman Kolonial Walanda iki aweh dududan menawa Dalem Jayadipuran sing uga disebut Dalem Dipowinatan duweni andhil gedhe mungguhe pergerakan nasional Indonesia. Dalem Jayadipuran (Ndalem Jayadipuran) biyene dadi papan lenggahe salah sijine abdi dalem Bupati Anom Kesultanan Yogyakarta Raden Tumenggung Dipawinata kang duweni hak anggadhuh lemah kagungane Sri Sultan Hamengku Buwono VII. Dibangun taun 1874 lan disebut Ndalem Dipowinatan nunggak semi karo priyayi kang anglenggahi. Sabanjure kampung papan lenggahe RT Dipowinata uga disebut Dipowinatan lan jeneng Kampung D i p o w i n a t a n iku tetep lestari senajan m e n g k o n e D a l e m D i p o w i n a t a n d i l e n g g a h i p r i y a g u n g liya yaiku Kangjeng Raden T u m e n g g u n g (KRT) Jayadipura. Taun 1911 RT Dipowinata murud kasidan jati lan diganti dening RT Dipowinata II nganti tekan taun 1914 lan hak anggadhuh lemah kapasrahake bali marang pihak kraton. Sabanjure taun 1917 pihak kraton anggadhuhake marang KRT Jayadipura sing wektu iku dadi putra mantu Sri Sultan Hamengkubuwono VII.KRT Jayadipura sing duweni jeneng cilik Raden Mas Kobar lair taun 1878 putra saka pasangan Raden Tumenggung Jayadipura karo Ny. Ria Seganda lan nate nyekel kalungguhan bupati Bantul. Nalika Raden Kobar nglungguhi kalungguhan abdi dalem jenenge banjur salin dadi Raden Mas Prawiranadi. Marga wasis lan temen anggone makarya mula banjur kaangkat minangka wedana malah kasengkakake minangka bupati anom nganggo jeneng anyar KRT Jayadipura. Piyambake kaparingan nggadhuh Dalem Dipowinatan sing wektu iku kahanan bangunane kurang becik amarga suwe ora dienggoni. Mula bangunan banjur d i b e c i k a k e maneh lan sawuse becik banjur jenenge dadi Dalem Jayadipuran.Pranyata KRT Jayadipura ora mung seneng l e l u m b a n ing donyane seni budaya, ananging uga ing donyane pulitik. P i y a m b a k e n g e d e g a k e organisasi pulitik Sangkara Mudha sing cekakan saka Sang Kadang Ratu Mulyaning Dhatulaya. Piyambake remen paring pambiyantu marang sakehe organisasi pergerakan pulitik klebu nyedhiyakake daleme, Dalem Jayadipuran, kanggo kegiyatan diskusi, rapat, apadene kongres. Mula Jong Java nalika ngadani kongres taun 1919, 1923, lan 1924 mapan ing pendhapa Dalem Jayadipuran. Semono uga kongres Jong Islamieten Bond sing diadani taun 1925 Kongres Pemuda Indonesia taun 1927 uga diadani ing pendhapa dalem iku. Dalem Jayadipuran dadi seksi nalika pemudha Soekarno utawa Bung Karno medhar sabda ing rapat umum Partai Nasional Indonesia (PNI) taun 1927. Sabanjure tanggal 25-28 November 1928 Kongres Perempuan Indonesia sing diketuai Ny. Soekonto ngadani kongres sepisanan ing Dalem Joyodipuran.KRT Jayadipuro murud kasidan jati taun 1939 tanpa ninggalake putra wayah temah Dalem Jayadipuran dirawat dening kerabate cerak. Antarane taun 1950-1983 dalem Jayadipuran disewa dening Departemen Kesehatan kanggo bale usada Penanggulangan dan Pemberantasan Penyakit Frambusia. Banjur dilenggahi KRT Yudokusumo, dipundhut Direktur Kedaulatan Rakyat Soemadi Martono (1983) dienggoni Balai Pelestarian dan pemeliharaan Peninggalan Sejarah dan Purbakala (BP3) DIY taun 1984. Saiki dalem sing ngandhut sejarah perjuwangan iku diagem Balai Pelestarian Nilai Budaya (BPNB) Yogyakarta.* Suhindriyo / DLDALEM JAYADIPURANSeksi Kongres Perempuan Indonesia KapisanGelaran Kongres Perempuan Kapisan ing Yogyakarta 1928 (Foto: Istimewa)Ir. Soekarno nalika ngestreni Kongres Perempuan Indonesia ing Yogyakarta (Foto: Istimewa)


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 17 HerbalBeluntas (Latin: Pluchea indica) klebu salah sijine tuwuhan obat (herbal) sing akeh pigunane kanggo ngusadani sawetara lelara. Miturut buku Cabe Puyang 01 tulisane Sudarman Mardisiwojo lan Harsono Rajak Mangunsudarso, beluntas utawa bluntas, lamutasa utawa luntas bisa kanggo ngusadani wong kang lara adhem panas. Uga bisa kanggo ngusadani kang kagungan abab mambu, kringet mambu, urat saraf kendho, koreng ora mari-mari, borok, getih reged, nggarap sari ora ajeg, angel metu kringete, m e n c r e t g e t i h , kringeten w a y a h sare bengi, a p a d e n e n g u y u h getih. D a y a guna luntas kanggo usada krana sajrone godhong, uwit, lan oyote ngandhut sakehe jat kaya alkaloid, tannin, natrium, minyak atsiri, kalsium, flafonoida, magnesium, lan fosfor.[1] Dene oyode, ngandhut flafonoida lan tannin. Uga ngandhut campuran (senyawa) fenolik sing duweni daya kanggo nyuwak radikal bebas, sawenehe jat sing nekakake sakehe lelara angel tambane kaya diabetes, jantung, darah tinggi, apadene kanker. Kejaba dienggo usada, luntas uga becik banget kanggo bahan trancam sing bisa dicampur karo bahan trancam liyane wiji mandhing, boros (godhong kencur), godhong jambu monyet utawa jambu mete, kobis putih, kacang panjang utawa kacang gleyor, godhong kates, timun, thokolan utawa kecambah, pete mentah, jengkol, apadene buncis enom. Trancam luntas iki bisa kanggo ngusadani abab mambu, kringet mambu, gawe becik makaryane pencernaan. Lenga atsiri sing dikandhut sajrone godhong luntas kuwawa ngalang-alangi tuwuhe bakteri Staphylococcus aureus lan bakteri Escherechia coli.Migunakake luntas kanggo ngusadani lelara bisa kanthi cara diagem lalap utawa kuluban. Uga bisa kanthi digodhog lan digawe teh sarta digawe glepung. Menawa kanthi cara digodhog, bisa mundhut godhonge sing isih seger watara satekem, diseleh panci, diwenehi banyu watara patang gelas, digodhog nganti umob, dientas, sawise panase kari manget-manget lagi diunjuk. Banyu godhogan oyot, godhong, lan uwit luntas bisa ngusadani kang kagungan kolesterol dhuwur, dharah tinggi, gula dharah, tatu angel mari, kurang lancar anggone bebuwang utawa sembelit, lan gangguan pencernaan, Luntas gampang ditangkarake kanthi coklekan uwite utawa kanthi cara stek. Tugelan uwite, mirunggan ing bagean pucuke iki diseleh dhisik ing papan kang edhum lan anyep watara seminggu. Biasane banjur thukul trubuse lan bisa diceblokake lemah sing umes nanging ora jemek banyu. Biasane sawise sawetara dina godhong ing pucuke bakal jenggelek lan trubus godhong anyar. Cocok ditandur ing papan kang bawera sing akeh kasunaran sorote srengenge. Bisa tuwuh becik ing lemah pasir campur watu, lemah bongkah, lemah masir utawa mawur, lemah lempung, lemah nyabuk sing dhuwur papane ora kliwat 1.000 ditepus saka lumahe banyu segara. Tuwuhan grumbulan (semak) sing dhuwure nyandhak telung meter iki akeh sing dienggo kanggo turus pekarangan utawa wates p e k a r a n g a n lan uga asring d i e n g g o pager latar. Minangka pager saka t u w u h a n , l u n t a s bisa ditata kanthi becik, kaya dipapras r a m p a k ngemperi pager beteng saka tuwuhan.Uwit luntas, ngayu, kayu semu wulet, godhonge mawa gagang cendhak, godhonge tuwuh selang-seling, awangun bunder endhog utawa lonjong, nanging pucuke lancip. Pinggir godhong nguntu graji, rupane ijo padhang. Kembange thukul saka pucuk pang lan poke godhong, rupane ungu, mawa gagang. Dene uwohe awangun gasing rupane soklat, pojoke rupane putih. Senajan luntas sentuk gandane semu langu, nanging tuwuhan iki mujudake bahan usada herbal sing becik banget kanggo kasarasan.*Sumber wacan:Dr. C.G.G J. van Steenis, 1987. FLORA, PT Pradjnya Paramita, JakartaDharma, AP (1987). Indonesian Medicinal Plants [Tanaman Obat Indonesia].https://id.wikipedia.org/wiki/Beluntashttp://darsatop.lecture.ub.ac.id/2015/09/tumbuhan-beluntaspluchea-indicaBELUNTAS


18 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe Jagading LelembutPara sepuh asring paring piweling, menawa sira arsa lelungan metu ngomah, aja lali ndedonga nyuwun keslametan marang Gusti Allah, miturut agama saha kapercayan kang diyakini. Ancase supaya didohake saka girigodha kang bakal gawe bilahi. Girigodha wujud manungsa apadene girigodha wujud badan alus kang ora kasat netra. Yono (jeneng singlon) bengi iki kepengin njagong bayi panggonane adhine kang pidalem ing Sentolo Kulonprogo, kang mentas wae tambah batih ponang jabang bayi. Dhisike anggone mangkat njagong arep karo Narti sisihane, nanging Narti sore mau nalika mulih saka sawah awake greges-greges ora kepenak. Mula katimbang dadi gawe ing dalan, Yono pilih mangkat dhewe.Udakara tabuh pitu bengi Yono budhal saka ngomah, numpak pit motor tuwa duweke. Hawa adhem pating trecep ngenani awak, nanging ora direwes dening Yono, daya-daya ndang tekan panggonane adhine ing Sentolo. Kahanan dalan-dalan isih rame pating sliwer kendharaan, warungwarung pinggir dalan uga isih padha bukak. Yono nyebal metu dalan desa, ancase bisa luwih cepet tekan nggone. Pancen tenan, udakara tabuh wolu kurang seprapat, Yono wus mlebu pekarangan omahe adhine. Ing ruwang tamu, tangga teparo lanang padha mara njagong, cacahe udakara wong sepuluh. Sawise bage binage k e s l a m e t a n marang adhine lan tamu kang padha rawuh, Yono banjur melu njagong. Ora lali Yono ngaruhke kahanane adhine ipe saha prunane kang mentas lair. Wus umum ing desa, saben ana tangga lairan, w o n g - w o n g lanang padha mara njagong ing wektu bengi nganti sepasar suwene, dene w o n g - w o n g wedok tilik bayi ing wektu awan. Wong njagong mono tujuane padha melu tirakatan, ndongakake mugamuga emboke bayi ndang pulih sehat, dene sibayi muga-muga dadi bocah kang sholeh sholehah mbangun miturut marang wong tuwa, migunani tumrap agama, keluwarga, bangsa lan negara.Udakara tabuh sepuluh bengi, nalika tangga teparo padha pamit bali, Yono uga banjur pamit marang adhine. Mulihe Yono milih dalan kang beda karo nalika mangkat mau. Saiki liwat dalan aspal alus senajan kudu ngalang luwih adoh. Kahanan wus sepi, ora katon kendharaan kang liwat sijisijia, kamangka lagi tabuh sepuluh wengi kliwat sethithik. Yono terus wae mlayokake motore. Nalika ngliwati dalan tengah bulak, krasa angin sembribit. Dumadakan klekek! Motore Yono macet satengah bulak, digenjot bolabali durung gelem urip. Yono nyetandarake motore. Untung wae kahanan padhang mbulan nylirit ing angkasa, dadi senajan remengremeng mripat isih weruh. Yono njupuk kunci ing jero jok banjur kanggo mbukak busi. Biasane nalika macet, busine “mbanjir” teles kebes. Busi diresiki banjur dipasang maneh. Bareng digenjot, motor meksa tetep durung gelem urip.“Blaik tenan!” Yono thengerthenger ing pinggir dalan satengah bulak. Menawa nggawa hape, bisa njaluk tulung adhine supaya nusul. Nanging Yono pancen ora tau nyekel hape, kang nyekel hape biasane Narti. Yono unjal ambegan. Arep nuntun motor mbalik nyang nggone adhine maneh, kok ya lakune wus separo dalan tekan ngomah. Sadawane pandelengan ketlorong cahya rembulan “Tumbas....” kandhane Yono alon


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 19 Kembang SetamanTembange Simbok Aku nyawang rupane simbok Marang langit sing njereng mega Biru kangenku Kaya eluh sing tumetes ing banyu segara Ombak gemuruh mbuncah ing jero dhadhaAku ora faham kenapa suketKobong nalika daksawangLemah tandus lan kali asatJurang-jurang padha gersangNanging yen krungu suaramu tetembanganmuRasane tetep ayem lan tentremSimbok kangenku wis nganti klawuRasa kuwi tumancep tambah kepatriIng jero dhadha ikiEwadene kowe wis ora bakal baliAmarga wis mukti ing alam swarga kang abadi[Soleh Hadi S]Udan Sore IkiLangit mendung sore ikiSaya ireng ngumpul dadi sijiSembribit angin kang ngrasuk atiNambahi ati tansah gregesiTumetes banyu gerimis ikiGawa rasa tangis ing atiEluh mata saya miliNgelunturake rasa perih ikiUdan sore ikiSaksi bisu tangiskuNutupi sedhihkuNglalekake crita laraku[Aulia Widiyanti]Moyudan, 26 Agustus 2022Sembah BektiMawi layang gurit ikiIsun ngaturaken sembah bektiMring malaikat kang sejatiTulus sajroning pusakaning jalmaJanma minta jembaring segara pangapuraKrana asring suwala agawe cuwaDatan luput sabendinaSun nglugas pandongaMugia bisa piguna mring Bangsa, Negara lan Agama[Tri Asih]Anakmu sing ragil, 29 April 2022Kawah Candradimuka Nalika kawula manembahIng wektu kang ijabahKanthi tansah istingarahMring kang maha mirahHilal wus katon ngegiaPratandha wektu kang tansah diantu antu tekaEba endah eEba bungah eEba mulya neKawula kang tansah bisaManungku puja ing sadawane mangsaMangsa kang ginunggung aweh pisungsungNgudhari mertapane ungkrungAmbabar elareAMBABAR SEDYANEBinarkahan pangeran samubarang tumindake[Em Ha Ye]Griya Piyungan Asri, 27032remeng-remeng mung katon bulak tanduran pari mratak. Swara jangkrik ngerik saut-sautan. Yono nuntun motore alon-alon satekane. Senajan angin sembribit satengah bulak nanging awake Yono ora ngrasakake adhem. Bokmenawa kegawa swasana ati kang mejelu nggenjot motor ora urip-urip. Isih ndadak nuntun motor mlaku adoh. Awak dadi kemringet. Kang dadi gumune Yono, sasuwene nuntun motor babar blas ora kepethuk kendharaan liwat apadene nglancangi.“Aneh, kamangka iki durung kliwat tengah wengi...” batine Yono maspadakake kahanan kiwa tengen. Sawise kurang luwih setengah jam nuntun motor, dumadakan saka kadohan Yono weruh pelik-pelik lampu mlaku. Lampu iku saya suwe saya cedhak. Yono rikat anggone nuntun motor. Bareng wus cedhak katon gerobag bakso kang dipasangi lampu padhang ing pojok dhuwur. Wah, kebeneran, awak kesel sawise nuntun motor, ketemu bakul bakso, ngono batine Yono.“Tumbas...” kandhane Yono alon. Gerobag mandheg persis sangarepe Yono. Nalika Yono nyedhaki bakule kang nyurung ana buri gerobag, kayangapa kagete Yono. Dheweke njenggirat kaget weruh kahanan kang banget nggegirisi. Bakul bakso iku wujud gembung tanpa sirah. Sandhangane suwek-suwek, tangane loro godres getih katon cetha wela-wela ketlorong lampu. Yono wel-welan keweden. Arep mbengok tulung-tulung swarane kandheg, mung metu swara au..au .. .ora cetha. Sikil kang arep nggo mlayu krasa abot kaya ana kang nggendholi. Merga saking wedine, Yono pet-petan banjur ambruk semaput sacedhak kono. Anggone semaput nganti wayah gagat raina, ditulung wong kang arep mangkat pasar.***Sumarno


20 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe Tintingan BukuJudul Buku : Sekar RinonceArtikel Persembahan 70 TahunProf. Dr. Marsono, S.U.Penyunting : Tular SudarmadiSaeful AnwarPenerbit : Program Studi Sastra Jawa FIB UGM 2019, YogyakartaKandel Buku : X + 330 Kaca, 15 x 23 CmCetakan : Cetakan I, Oktober 2019ISBN : 978-602-587396-6Buku kanthi irah-irahan “Sekar Rinonce” wujud ‘ Artikel Persembahan 70 Tahun Prof. Dr. Marsono, S.U.” Dicetak kang sepisanan kanthi Bahasa Indonesia dening Program Studi Sastra Jawa FIB Universitas Gadjah Mada 2019, Yogyakarta. Fakultas Sastra Budaya UGM, nalika dina Setu 10 Agustus 2019 minangka wektu purna tugas Prof. Dr. Marsono, S.U.ngabdi kanthi institusional ing lembaga pergurua tinggi paling tua lan paling gedhe ana Indonesia.Prof. Dr. Marsono, S. U. yaiku putra dhaerah kang dilairake ing Kabupaten Temanggung Provinsi Jawa Tengah tanggal 10 Agustus 1949, Prof Marsono ngrampungake S1 (1976), S2 (1985) lan S3 (1997) ing Universitas Gadjah Mada. Studi Pra-3 ing Universitas Leiden, Belanda (1986-1987). Minangka guru besar linguistic (wiwit 1 Mei 2000) ing Fakultas Ilmu Budaya UGM, ngajar program S1, S2 lan S3 mata kuliyah Linguistik (Fonetik Fonologi, Linguistik Jawa, lan Seiotka) Imu Sastra Budaya Nusantara/Jawa an Ilmu Pariwisata (Pengantar Ilmu Pariwisata, Manajemen Sumber Daya Manusia Pariwisata, Budaya sebagai Daya Tarik Wisata, Psikologi Pariwisata, sarta gro an Desa Wisata). Prof. Dr. Marsono, S.U. uga minangka pendhiri Program Studi Pariwisata(20072009) lan Ketua Program Studi Pariwisata (20102015) ing FIB UGM sarta Ketua ICPI (Ikatan Cendekiawan Pariwisata Indonesia) Wilayah DIY - Jateng (2014 – tumeka wektu iki).Kejaba iku Buku “Sekar Rinonce” uga macak seratan saka I Dewa Putu Wijana (On Javanese Riddles), Hendro Kumoro lan I Dewa Putu Wijana (Unique Morphs In Javanese), Sangidu (Puisi ‘Ala’ Al-Ma’arry), Taufiq hmad Dardiri (Pelepasan Unsureunsur Kalimat Daam Al-Quran), Suhandano (Fokus Dala Kalimat Tanya YaTidak Dalam Bahasa Jawa), Maharsi (Keselarasan Islam Dan Budaya Jawa Kajian Terhadap Teks Babad Tanah Jawi), I Nyoman Suarka (Berbakti Kepada Guru), Yosephin Apriastuti Rahayu (Kakawin Arjunawiwaha : Pohon Dan Bunga Di Antara Sang Pertapa) sarta isih akeh penulis liyane kayata Wisma Nugraha Christianto R, Sulistyowati, Dhananjaya Sajjana Adhiwijna, S.R Saktimulya lan Ony Setyaningrum, Sugihastuti, Zakariya Pamuji Aminullah, R. Bima Slamet Raharja, Tular Sudarmadi, Daru Winarti lan Fiduhirani Tigatma Rustam, Yulita Kusuma Sari uga Faruk. Kanggo kang kepengin maos kanthi cetha lan gamblang bisa mundhut Buku “Sekar Rinonce” terbitan saka FIB UGM.Minangka wujud pangormatan kagem Prof. Dr. Marsono, S.U. kang ngadhepi purna tugas mula para akademisi saka maneka lintas bidhang ilmu kang nate srawung uga makarya bareng caos ‘persembahan’ tulisan ing buku iki. Buku iki macak artikelartikel saka bidhang keilmuan kebahasaan (linguistik), sastra, filologi utawa penaskahan lan ilmu kepariwisataan. Muga rena ing penggalih lan mumpangat tumrap ngrembakane ilmu ing wektu candhake.Tatiek Poerwa KalinggaWartawan Djaka LodangSastrawan uga Anggota PWI DIYProf. Dr. Marsono, S.U. Pendhidhik Sejati


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 21 Nasib PanjenenganKanggo ngerteni nasib panjenengan minggu iki, ngetunga dina minggon lan dina pasaran (weton lan kelairane) banjur digunggung. Kasil gunggungan dicocokake karo gunggunge neptu dina ing ndhuwur. Neptu dina minggon: Minggu-5, Senen-4, Selasa-3, Rebo-7, Kemis-8, Jumuwah-6, Sabtu-9. Neptu dina pasaran: Paing-9, Pon-7, Wage-4, Kliwon-8, Legi-5. Kawiwitan Minggu Pon , 18 Desember 2022 (24 Jumadilawal 1956 Ehe ) ketug Setu Wage, 24 Desember 2022 (30 Jumadilawal 1956 Ehe). Klebu wuku JULUNGWANGI. Bocah lair minggu iki dewane Bathara SAMBU, watake kineringan wong agung. Manuke: gothilang, wateke micara lan akeh omonge. Kayune: cemara, wateke akeh kang dhemen. Ngadhep jembangan, watake rila paweweh supaya digugu kandhane. Ngadhepake umbul-umbul: wateke cepak kamulyane kineringan wong agung. Sambekalane: kena sanjabaya. Bilahine: tinebak kewan galak utawa kacilakan ing dalan. Panulake bilahi: sedhekah sega kebuli, iwake pitik abang diemorake segane. Slawate: kucing. Dongane: tolak bilahi. Kala wuku : ana kidul kulon. Pranata Mangsa: Mangsa KANEM manjing KEPITU, suwene Mangsa Kapitu 43 dina, wiwit Jumuwah Pon, 23 Desember 2022 ketug Jumuwah Kliwon, 03 Februari 2023. Candrane Mangsa KAPITU: “Wisa kentar ing maruta” Werdine: akeh lelara nular, udan deres tanpa leren ingga nuwuhake banjir lan lemah longsor, wayahe panen duren lan manggis, tanduran pari gaga wiwit gumunggung. Neptu 7 Pengalaman wingi dadi pemut amrih tumindak ing dina ngarep luwih ngati-ati. Pangupaboga: kasile usaha butuh wektu lan tenaga sarta beya. Rejeki: ajeg. Asmara: kangen. Dina Becik: Rebo Legi. Kesarasan: waspada mumet, pilek, watuk, dhahar sing anget. Memitran: saya cerak.Neptu 8 Kahanan iku ora ajeg sarwa owah lan beda, mula perlu waspada lan prayitna ngadhepi godha.Pangupaboga: akeh kalodhanagan sing bisa dimanpangatake amrih majune usaha. Rejeki: tetep. Asmara: cocok. Dina Becik: Jumuwah Pon. Kesarasan: waspada masuk angin. Memitran: semanak.Neptu 9 Beja lan cilaka iku ora uwal saka tumindake dhewe ing wektu kepungkur sing ngati-ati. Pangupaboga: rugi lan bathi iku wis anggon-anggonane wong bebakulan. Rejeki : akeh. Asmara : anget. Dina Becik: Selasa Kliwon. Kesarasan: olah raga teratur, ngaso cukup. Memitran: ora bisa lali. Neptu10 lan dicakake kanthi petungan becik bakal daradasihi. Pangupaboga: tlaten lan sabar ngadhepi pelanggan anyar. Rejeki: sempulur. Asmara: sreg. Dina Becik: Jumuwah Pon. Kesarasan: ngurangi dhaharan ngandhut gajih, oleh raga teratur. Memitran: bombong. Neptu11 Ngimpi panguripan mulya iku samesthine, nanging kabeh gegayuhan butuh perjuwangan. Pangupaboga: tertib makarya, tertib wektu, tertip administrasi. Rejeki: turah. Asmara: greget. Dina Becik: Minggu Pon. Kesarasan: diakehi dhahar sayur lan buwah supaya lancar. Memitran: ora bisa lali.Neptu12 Wis wayahe wani urip mandhiri tanpa akeh campur tangane liyan supaya enggal diwasa. Pangupaboga: akeh kalodhangan sing bisa dimanpangatake amrih majune usaha. Rejeki: turah. Asmara: gathuk. Dina Becik: Jumuwah Pon. Kesarasan:ngurangi lek-lekan, dhahar teratur. Memitran: sumanak.Neptu13 Dalem iku papan ngangeni nalika mulih saka lelungan, mula udinen amrih saya jenaki. Pangupaboga : yen ditemeni kabeh bakal dadi lan ngrembaka.. Rejeki: turah. Asmara: tanggap. Dina Becik: Selasa Kliwon. Kesarasan: waspada angin wengi, dhahar lan ngunjuk anget. Memitran: supeket.Neptu14 Akeh pakaryan sing kudu enggal dirampungake, aja beboros wektu lan kalodhangan. Pangupaboga: tekun lan teliti iku bakal nguwohake akehe rejeki. Rejeki: lumintir. Asmara: marem . Dina Becik : Jumuwah Pon. Kesarasan: diakehi dhahar sayur lan ngunjuk anget. Memitran: gawe kangen. Neptu15 Ora ana urip tanpa sandhungan, ora ana kabagyan tanpa wasana, mula sing waspada. Pangupaboga: pakaryan sing kurang kopen perlu enggal dirampungake. Rejeki: sempulur. Asmara: grengseng. Dina Becik: Selasa Kliwon. Kesarasan: aja ngumbar amarah, ora beccik. Memitran: sabar.Neptu16 Akeh kalodhangan bisa dimanpangatake kanggo dandani dina ngarep sing luwih becik. Pangupaboga: perlu tambahan modhal amrih majune usaha. Rejeki: cukup. Asmara : marem. Dina Becik: Senen Wage. Kesarasan: waspada watuk pilek, waspada angin wengi. Memitran: sumadulur.Neptu17 Sing bisa momong kahanan sing terus obah owah lan angel dingerteni kabul wusanane. Pangupaboga: luru sandhang pangan sing padhang ulate, sing bening pikire. Rejeki: luber . Asmara: pasrah. Dina Becik: Kemis Paing. Kesarasan: olah raga teratur amrih kasarasan jinaga. Memitran: ajeg.Neptu18 Akeh pengalaman kepungkur sing bisa kanggo nglelimbang jangkah urip sing bakal dumadi. Pangupaboga: miwiti usaha anyar iku perlu kuwanen, dudu ngengrengan wae. Rejeki: nrecel. Asmara: marem. Dina Becik: Minggu Pon. Kesarasan: olah raga aamrih sarase raga lan jiwa. Memitran: cocok.


22 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe Padhalangan6Nagari Ngalengka.Ingkang kinarya purwakaning kandha, nenggih adeging Nagari Ngalengka. Nagari kondhang kinajrihan sesamining nagari, awit sami ering dhateng ambeging nata Ngalengka, dene ambeg degsura angumbar angkara murka, ngububi karsa priyangga. Bebasan sapa wani aku!Eling-eling dumadining Narendra Ngalengka sakadang sinusupan kumaraning Bathari Durga. Kacariyos, kala samanten Dewi Sukesi, inggih ingkang putraputri Narendra Ngalengka, Prabu Sumali, nampi wejangan Aji Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating diyu, saking Resi Wisrawa. Sastra Jendra wau estunipun ngelmu ingkang dados kekeraning Jawata, tan kepareng winejangaken dhateng titah wanita. Awisan makaten dipun terak dening Resi Wisrawa, kanthi mejang Sastra Jendra wau dhateng Dewi Sukesi. Wisrawa kena walat kekeraning Jawata. Ringkesing kandha, Hyang Jagad Giri Nata.manjing ing Resi Wisrawa, Dewi Uma manjing ing Dewi Sukesi. Kekalih sami katetangi asmaranipun, satemah sami kinobar latuning asmara, Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi, nilar patunggon manjing tilam sari. Tambuh-tambuh roncening kang sami panca bakah ing papreman. Dewi Sukesi lajeng anggarbini.Kacariyos nalika Resi Wisrawa murud ing tepet suci, Sukesi dahat denira kaget, anjrit......anjalari lairing jabang bayi, nanging datan kadi salimrahipun, wujud tengkelan daging warni abang ireng kuning lan putih. Daging sinidikara dening Prabu Sumali, kang abang dadi Rahwana, kang cemeng dadi Kombakarna, kang kuning dados Sarpakenaka, kang pethak dados Wibisana. Makaten ringkesipun para putra Ngalengka lair ing jagad. Wondene Rahwana, dipun pitados jumeneng Nata ing Ngalengka, samangke wiyos ing dhampar keprabon nimbali: Patih Prahastha, Raden Kombakarna, Sarpakenaka tanapi Raden Wibisana, sumawana ditya Kala Marica.Sawatawis lenggah sinewaka, dereng kawijil pangandikane Nata Ngalengka Prabu Rahwana, inggih Dasamuka. Mila Patih Prahastha murwakani atur:Patih Prahastha: E,e.... putrane paman! Baya apa darunane, dene anak Prabu wus lenggah sawetawis, durung karsa paring pangandika! Ingkang mangkono gawe tingtriming para kang padha sumewa, ngger!Rahwana: Paman Prahastha! Paman bener! Mula aku ora enggal medhar sabda, awit ana kang dakpikir! Aku iki mentas tapa aneng Gohkarna. Aku bakal nyoba kasekten kang daktampa nalika aku tapa kuwi, Sumurupa, paman! Aku bakal nyoba andeling kasektenku. Aku bakal mbedhah kahyangan Suralaya, paman!Prahastha: Ngger......Manut panemune paman, iku ora prayoga. Durung wancine anak Prabu ngrabasa Kahyangan. Rak ya ngono ta ngger Kombakarna apa dene Wibisana.Kombakarna: Kasinggihan, pamanggihipun paman Prahastha! Kombakarna durung sarujuk manawa kakang Prabu saiki arep ngrabasa Suralaya.Wibisana: Samanten ugi, kula! Pamrayoginipun paman Prahastha sampun leres. Dereng wancinipun kakang Prabu ngrabaseng Kahyanganing para Dewa.Dasamuka: Heh.... padha ora enak panemune! Kala Marica! Dakjaluk rembugmu. Aku arep nyoba kasektenku! Aku arep ngrabasa Suralaya, piye panemumu, Marica?Kala Marica: Hong thethe kala rodra! Pamanggihipun gusti Patih lan kadang-kadang paduka ingkang Sinuwun, mapan leres. Boten prayogi, manawi gusti kula samangke badhe nggebag Kahyangan. Langkung prayogi, mangga kula aturi nggebag pratapan Sonyapringga, rumiyin, Sinuwun, gusti kula!Rahwana: Apa ngono, paman Marica!Marica: Inggih leres makaten. Mangke sasampunipun ngasoraken Resi Subali ing Sonyapringga, lajeng tata-tata dhateng Kahyangan utawi dhateng Lokapala, nyobi kasekten dhateng ingkang raka piyambak, angger Prabu Dhanapati, ngger!Dasamuka: Teka bener aturmu Kala Marica. Mula, paman Prahastha, metu jaba paman, tatatata prajurit Ngalengka, kanggo ndherekake jengkarku saka praja, niyat nggebug pratapan Sonyapringga, paman!Prahastha: Naaaa. Ngono kuwi, aja nggugu karepmu dhewe! Wis apa dhawuhmu, paman bakal ngestokake, tata-tata ngayuda, ngger!Purna gatining pasewakan, Prabu Dasamuka sakedhap kundur ngedhaton.Tan karonce ing sajroning puraya Ngalengka. Samangke Patih Prahastha gya ngondhangaken dhawuh dhateng wadya raseksa Ngalengka. Sasampunipun tata barising danawa, gya umyung swaraning bendhe beri gong maguru gangsa, tineteg kadi butulbutula.....mangka tengeraning prajurit..............Budhal kang prawara kuswa, magora gra gumiwang nggegeteri,Swaraning teteg gumuruh, wor pangriking turangga,10


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 23Bendhe beri munya sauran mangungkung, pracihna humangkat ing prang,Gambira tyasing prajurit.........Sigra budhal untaping pra wadya danawa Ngalengka. Wantuning buta kang buteg betah mrawasa, teka mangkana ing samarga-marga anggung njejarah bandhaning kawula. Maneka warna solahe buta. Ana kang guncal sela gedhene sagajah, sela mumbul dhawah tinampi mustaka, ana ingkang sabuk ula lanang, ana ingkang mbegta wadhah rah......Maneka solahe, gumeder ngebeki dalan.Rikat lampahing rata, samantara tekeng sukuning arga, eram tumingale......Pakuwon asrine, nggenggeng saengga praja, umyung kang pradangga,Busekan kang jana.........Kasaputing ratri, untaping bala buta Ngalengka. Saksana kendel yasa pakuwon ing sukuning arga, kinarya ngleremaken raga, Watak buta, nadyan sami ngleremaken raga, paran dene, kathah ingkang sami medal saking pakuwon ngupadi memangsan. Watak buta buteng betah magawe ala, kathah ingkang sami njarah rayah bandhaning kawula ingkang manggen ing sacelaking pakuwon. Sigeg, gentya ingkang winarna, ingkang wonten ing pratapan Sonyapringga.Pratapan Sonyapringga.Satriya ambegawan ing ngriku, nenggih Raden Gowarsa inggih Resi Subali. Maratapa ing Sonyapringga, muhung nganthi cantrik Kapi Srani. Resi Subali satuhu putra Nata Anggrastina Prabu Gotama, ingkang samangke madeg wiku bebisik Resi Gotama. Sang Resi kagungan putra tiga: Dewi Anjani, Raden Gowarsa, Raden Gowarsi.Nalika samana, Resi Subali nampi sowanipun Narendra Ngalengka Prabu Rahwana. Wantuning Rahwana, ingkang datan darbe subasita, dhasar kumarane Bathari Durga, Rahwana nantang perang mengsah Resi Subali. Panantangipun:Dasamuka: Heh, Resi! Aku teka kene arep nyoba baya tekan ngendi bobot kasektenmu? Sepira kadigdayanmu, dene anggonmu tapa ngalong wus pirang-pirang taun? Kaya ngapa kadigdayanmu! Mara jajal aku kepengin weruh! Aja meneng wae, ayo tandhingana! Iki Rahwana, Narendra Ngalengka, kang kondhang sekti mandraguna. Ora sumaur tak trajang mangsa gandraa!Datan kanyana, Dasamuka ngrangsang Sang Resi Subali. Panubruke ngiwa-nengen dipun endhani Resi Subali. Resi Subali den candhak binanting-banting, nanging datan gigrig wulune salamba. Genti tumandang Sang Resi! Asta tengen kumlawe nempiling mustakane Dasamuka, Dasamuka dhawah njungkel ing jrambah. Tangi gregah, nedya nubruk Sang Resi!Nanging tinadhahan ing tendhangan sukune Resi Subali. Dasamuka dhawah krengkangan. Dereng ngantos tangi sampun kacandhak, pinuter ing akasa, gya binuwang dhawah Sang Dasamuka krengkangan.Subali: Ayo Dasamuka! Katogna budimu! Datan ana prakara, tekateka ngajak kerengan! Aku iki mratapa ing kene ora nedya golek mungsuh. Heh Dasamuka, kang kaya kowe. Tekamu mung arep mbarang amuk, ngoglengake kadigdayanmu! Ayo majua legane atiku!Dasamuka: Adhuh Resi! Aku rumangsa kleru! Aku njaluk ngapura! Malah yen dadi kersamu, aku idinana puruhita marang Resi! Aku rumangsa kalah, rumangsa kleru, Resi!Resi Subali: Ora ana prakarane, sira sakepenakmu dhewe nantang prakara, golek mungsuh sing mesthine dudu mungsuh! Yen mula kowe tobat, rumangsa kleru lan rumangsa kalah, saiki kepengin puruita marang aku, yen Jawata paring idi, aku ya gelem nampa puruitamu! Dadia siswaku kang ngowahi degsuramu, nantang kerengan tanpa nganggo prakara, Dasamuka.Ringkesing kandha, Dasamuka katampi puruita, nggeguru dhateng Sang Resi Subali. Tan antara dangu, Resi Subali kurang prayitna. Dasamuka ingkang mila Narendra kinadar dadya Ratu angkara, karana ilining ludira Sang Bathari Durga. Dasamuka kinodrad dadi Ratu memalaning jagad, pinaringan Aji Pancasona. Suka gambira marwata suta sira Sang Dasamuka. Gya tilar Sang guru tanpa subasita. [Wonten candhakipun]“Heh, Resi ! Aku teka kene arep nyoba baya tekan ngendi bobot kasektenmu ? Sepira kadegdayanmu, dene anggonmu tapa ngalong wis pirang-pirang taun ?


24 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe Crita RakyatSabanjure padha sumbarsumbaran, tantangtantangan antarane prajurit Mataram karo para prajurit ing Bang Wetan. Guneme wong Bang Wetan padha kasar, ngatonake nesune, ora sabar, dene wongwong Mataram nadyan lageane alus, semanak, nanging emoh kalah karo wong-wong Wetanan sing seneng ndhisiki rame. Saka hawa panas lan panasing ati, ora sranta prajurit saka wetan ana sing ndhisiki nlorongake tumbak, ngenani prajurit saka Mataram sing kalah akeh cacahe. Nanging cekatan dibales, namakake tumbak. Kagawa saka jengkele, temah prajurit Bang Wetan padha nyabrang bengawan, temah perange adu arep, banjur padha pedhang pinedhang, suwarane nganti pating krincing. Ana prajurit Mataram sing kepeksa ketumbak nganti mati, ana sing kapencas landheping pedhang, satemah tugel tangane. Pangamuke prajurit Mataram uga ora kalah trampil, satemah prajurit Bang Wetan sing mati ngluwihi prajurit Mataram. Tumenggung Bocor sing meruhi yen prajurit Bang Wetan saya ngangseg lakune, satemah kridha, kanthi numpak turangga, karo ngobat-abitake pedhange, jaran nrajang barisan prajurit Bang Wetan, temah padha bubar mawut. Nanging ora pantara suwe, penggedhene prajurit saka Kedhiri, uga ngamuk, temah prajurit Mataram kadheseg mundur. Penggedhene prajurit saka Tulungagung uga melu ngamuk. Yen cacahing prajurit timbang, genah padha kuwate. Nanging gandheng prajurit Mataram mung ana sapra wolune, kepeksa dhadhal, ora bisa ngesuk prajurit Bang Wetan.Saka petungane Tumenggung Bocor, aluwung mundur dhisik, perlu matur marang Panembahan Senapati, anggone ngatur laku murih bisa menang. Tumenggung Bocor kepeksa aweh tengara, supaya prajurit Mataram mundur, mulih ngulon, mandheg ana pasanggrahan Kali Dhadhung.Para prajurit Mataram padha lerem maneh ana pasanggrahan. Sing mati diupakara kanthi tata cara adat, sing nandhang tatu padha diborehi racikan jampi saka godhong-godhongan, sing bagas waras padha ngaso, gumlethak kanggo nglancarake ilining getih.Racake wong-wong Mataram sing padha maju perang iku, ora duwe rasa miris, nadyan ana sing mati kena gamane prajurit saka Bang Wetan, amung sawetara duwe rasa gela, dene cacahing prajurit kalah akeh katandhing para prajurit saka Bang Wetan, yaiku 8 kadipaten padha makarya bareng.Sajroning padha ngudarasa, teka kasaru rawuhe Panembahan Senapati lan Patih Mandaraka. Tumenggung Bocor aweh sasmita marang para prajurit supaya menenga dhisik, awit Panembahan Senapati nembe rawuh.“Tumenggung Bocor, kepriye anggone dakdhawuhi maju perang methukake para prajurit saka Bang Wetan?” Pandangune Panembahan Senapati.“Adhuh Sinuwun. Kaparenga matur tiwas. Kala wau kula kalihan para prajurit sami methukaken para bupati ing Bang Wetan ingkang sampun samapta saprajuritipun, ingkang kepara estu sami boten purun nungkul dhateng Mataram, satemah dados perang. Namung, prajurit Mataram ingkang semanten kathahipun punika, kasunyatan kawon kathah menawi katandhing kalihan para prajurit saking wolung kadipaten ing Bang Wetan. Prajurit Mataram estu boten sami gigrig, nanging badhea kendel, mempeng, prigel solahipun, amargi kalah kathah sanget, kepeksa mundur, katimbang saya kathah ingkang pejah. Pramila, cumadhong duka ingkang kathah-kathah, kula matur punapa wontenipun. Wusana, kantun nyumanggakaken sampeyan dalem Ingkang Sinuwun ing Mataram, Kanjeng Panembahan Senapati.”“Hiya Tumenggung Bocor, ora ndadekake dadi ngapa, pancen kasunyatan kaya mangkono. Paman Mandaraka, kados pundi pamanggih ndika, punapa badhe cabar namung dumugi semanten, napa badhe nekat wantun pejah?” Pangandikane Panembahan Senapati sing kudu sarembug karo warangka nata.“Anak angger Panembahan Senapati. Menawi namung kandheg dumugi semanten, ateges, badhe ngowahi kodrat. Tekad kalihan kuwanen ingkang tanpa petang, punika nama cabar, temah nglingsemi tumrap janma sa Tanah Jawi, lah dene Panembahan Senapati punika janma ingkang pinunjul, kok boten saget nelukaken para ratu sa Tanah Jawi? Tentunipun takdiripun Gusti Allah punika boten badhe ewah. Kamangka Kanjeng Sunan Giri kalihan Kanjeng Sunan Kalijaga kemawon, pangandikanipun sami, sampun ngandika, mangertos saderengipun winarah, lamun sampeyan dalem badhe 04


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 25dados ratu ageng ingkang turun maturun. Cobi pun galih kanthi wening, mbok bilih nemokaken panggalihan ingkang tumuju dhateng kesaenan.”“Inggih paman Mandaraka, leres pamanggih ndika. Ngaten paman. yen cara okol njalari cabar, aluwung ngginakake akal. Tumenggung Bocor! Sekirane wong Mataram kejaba prajurit sing maju perang iki, apa ana wong wadon, sing duwe kekendelan kaya wong lanang?”“Inggih, kados wonten, cobi badhe kula padosi ingkang nama Nyi Adisara.”“Lha ya kuwi sing ndak kersakake, yen pancen melu menyang papan kene, mara timbalana supaya marak ana ngersaku kene.” dhawuhe Panembahan Senapati kanthi cetha.“Dateng sendika.” Tumenggung Bocor mundur saka ngersane Panembahan Senapati, saperlu ngupadi Nyi Adisara. Sawuse ketemu, banjur kasowanake ana ngersane P a n e m b a h a n Senapati.“Sinuwun, punika Nyi Adisara kula sowanaken, ngersa sampeyan dalem Kanjeng P a n e m b a h a n Senapati.” Ature T u m e n g g u n g Bocor.“Yoh. Adisara! sira kaget, daktimbali mangarsa?”“Sewu lepat nyuwun samodra pangaksami, dosa punapa kalepatan punapa, namung nyumanggaken, ingkang abdi pun Adisara, pasrah jiwa raga.”“Ora luput. Iki ana gawean mirunggan tumrap sira Adisara. Iki surat tandha panungkul, aturna ana ngersane Panembahan Jumena ing Madiun. Kowe dandana sing becik, nganggo sandhangan sing apik, nganggo wewangen, embuh kepriye caramu, gawe sengseme Panembahan Madiun. Wicaramu gawenen sing manis, merak ati, amrih Panembahan Jumena, bisa lilih panggalihe, matura yen Panembahan Senapati rumangsa kalah. Tekamu mrana numpak jempana, dhimen dikanthi dening Tumenggung Bocor.”“Inggih dhateng sendika.” Ature Nyi Adisara.“Lan kowe Tumenggung Bocor, ganti sandhangan lan ganti jeneng, amrih ora ngetarani, kanthinen Nyi Adisara, marak ana ngersane Panembahan Jumena. Yen ana pitakonan wong-wong Madiun utawa Bang Wetan liyane, matura apa anane, yen Mataram kalah, banjur nungkul ana Madiun. Jenengmu gantinen, Jaya Antaka.”“ I n g g i h dhateng sendika.” W a n g s u l a n e T u m e n g g u n g Bocor, karo ganti jeneng dadi Jaya Antaka.Nyi Adisara ganti busana kaya putrining ratu sing lagi mekar, siyaga kalamar dening kakung sing wus ngersakake palakrama. Adisara ora kaya padatan, nanging katon ayu, temah gawe narik kawigaten sing padha nyawang. Nyi Adisara numpak jempana, dipanggul dening pawongan Mataram, lakune ana ngarep dhewe, ditutake dening Jaya Antaka, sing wis seleh gaman. Para bupati Bang Wetan saprajurite, padha gumun meruhi, dene ana putri sing ayu rupane, kanggo pisungsung ana ngersane P a n e m b a h a n Madiun minangka tandha panungkul. Mula sing percaya lamun Mataram nungkul ana Madiun, banjur mulih ana papane dhewe-dhewe. Dianggep perang wis rampung, kamenangan ana Bang Wetan. Mataram kudu ngakoni kalah. [Ana candhake]Tumenggung Bocor sing meruhi yen prajurit Bang wetan saya nganseg lakune, satemah kridha kanthi numpak turangga


26 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 EheIng sawijining dina ana bocah loro kang asring runtangruntung bebarengan ana nang ngendi wae, jenenge Supri lan Paimin. Dene Supri asale asli saka kutha Yogyakarta yen Paimin asale saka kutha Reog Ponorogo. Bocah loro iki ketemu ana ing sekolahan rikala SMP nalika Paimin pindhah ing kutha gudheg iki. Wiwit saka iku banjur akrab wis kaya tunggale dhewe dumugi saiki lagi ngancik kelas telu SMA.Wayah sore nalika muter-muter kutha gudheg iki Supri weruh ana pamflet kang lagi wae ditempel ana ing papan pengumuman. “Eh... ehh... apa kae Min,” kandhane Supri sinambi nepuk pundhake Paimin. Paimin banjur mandheg grek nyetandarke motore. Lagi wae Paimin arep mangsuli omongane Supri, nanging Supri langsung mlayu narik Paimin. “Min ... Min haiki Min mayan iki hadiahe, yen bisa menang bisa mangan bakso satumekku, mipik ana ing Bringharjo saben minggu wahaha.” Ature Supri sinambi nudhingi pamflet sayembaran cerkak. Merga ature Supri uga Paimin dadi penasaran lan maca kanthi permati sayembaran cerkak iku.“Lomba sayembara cerkak, kanthi tema pendidikan pancasila. Peserta kanggo SMA/SMK Sa-DIY. Karya durung nate dipublish. Pendaftaran gratis. Pemenang akan mendapatkan piala, uang pembinaan 5 juta rupiyah. Weh 5 juta lumayan iki kanggo biyantu simbok. 20 karya terbaik akan dibukukan dan di translet dalam 3 bahasa Indonesia, Inggris, Jawa. Syarat karya sendiri bukan karya orang lain, tidak mengandhung SARA.” Wacane Paimin ana ing jero ati.“Hufftt” Paimin sadhar yen dheweke mesthi ora bisa menang karana durung tahu-tahune melu lomba kayata mangkono, kejaba iku basa Jawane Paimin isih durung pener lan bener“Aah uwis lah Pri, lagian ya awak dhewe durung mesthi menang, wis ayo madhang wae golek-golek sega gudheg nang dhaerah Wijilan selak luwe aku,” ature Paimin sinambi ngeslah motor. Nanging ing dalan Paimin banjur kepikiran karo kahanane uripe kang lagi sere, dheweke uga butuh dhuwit iku kanggo bayar sekolahe karana uwis 3 sasi bapake ora kirim arta. Rejeki ing kana uga lagi sendhet karana pageblug corona iki.“Hee Min awas.” Celuke Supri sero sinambi nepuk pundhak. “Astagfiruallah ngapunten Pak.” Kandhane Paimin.“Semprul kowe ki, durung rabi aku Min. Untung wae ora nabrak. Wis medhun kene sik leren madhang-madhang sajake wis ngelih banget kowe.“ Ature Supri sinambi ngajak Paimin.Paimin banjur nyetandarke motore lan bocah loro mau padha mandheg mangan bakso.“Heh Min sambel. Lo lah bocah edyan diceluke mung meneng wae. Min ngapa kowe ki.’” Celuke Supri sinambi jiwit awake Paimin.“Ngene lho rek, sajane aku ki kepengin melu nanging aku dhewe ya sadhar yen aku ki ora bisa nulis, basa Jawaku kowe ya ngerti dhewe, ning aku butuh dhuwite.“ Critane Paimin.“Bapakku wis 3 sasi ora kirim dhuwit ki kepiye iki, SPP ku nunggak. Dene simbok ya mung nyambi anggone nyambut gawe. Kamangka awake dhewe sedhela maneh uga ujian.” Pratelane Paimin sinambi nyucup es teh kang wis cumawis.“Alah-alah nelangsa temen kancaku, kaya ra duwe kanca wae.’’ Kandhane Supri sinambi nglulu Paimin. “Weleh cen kancaku sing jenenge Supri ki well tenan. Duwe cara apa kowe wahaha?” Pitakonane Paimin.”Apa ya wahaha ora duwe, mung aku eling yen Bulikku Sri, ngerti ta kowe. Dheweke nate criyos yen dadi juri ing sayembara cerkak kayane iki. Kejaba iku dheweke uga redaksi ing majalah basa Jawa.“ Omonge Supri.“Terusss?“ Omongane Paimin durung paham maksude Supri.“Woalah ya sing pinter sithik kaya aku ngene ki lho Min. Jarene Paimin bocah pinter sakelas nyatane mikir ngono we ora nyandhak. Ya sing cetha njaluk wewarah marang Bulik lah, syukur-syukur digaweke sisan cerkake wehehe. Piye apik ra ideku wahaha.“ Kandhane Supri Crita Cekak


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 27sinambi guyu.Krungu ide saka kanca kenthele iku, agawe semangat anggone melu sayembara.“Wis ayo Pri enggal sowan Bulik Sri saiki nang omah, wis ayo delehke sendhoke.“ Ajake Paimin sinambi geret tangane Supri, karana saking senenge “Woo wedhus kok, sik aku ngelih baksoku meh tak entekke sik.” Paimin lan Supri banjur sowan ana ing daleme Bulik Sri.Kanthi ngucap salam Supri lan Paimin banjur dibukake lawang lan didhawuhi mlebu. Supri banjur ngandharake kapinginane. Nanging jawaban kang ditampa dening Supri ora padha kaya kang dikarepake.“Ngaten Bulik, wau kula ningali wonten sayembara cerkak, la menika rencana kula kalihan kanca kula badhe ndherek dhaftar Bulik, nanging nggih menika Bulik ehehe kula kalihan kanca badhe nyuwun pambiyantunipun Bulik kangge damelke menapa saged? Bulik ugi nate cariyos ta menawi Bulik badhe dados juri lomba sayembara cerkak,” ature Supri blakasuta marang bulike siji-sijine iku. Sinambi mbukaki toples panganan Bulik Sri banjur ngendika“Ladalah bocah, aneh-aneh wae. Ora, Bulik ora bisa wong ya Bulik jurine. Ora Bulik ra saguh. Ngene ya Le ponakanku sing kementhus turne ora bagus. Nang sayembara kuwi lak ya uwis kaserat ta nilai pendidikan Pancasila. Salah sijine lak ya mesthi ana jujur. Bener ra?” Krungu andharane Bulik Sri agawe Supri lan Paimin ora bisa sumaur apa-apa, karana isin lan sadhar dene lelakon kuwi ora pener. Bocah keloro iki amung dhungkluk mesem isin marang Bulik Sri.“Lagene yen sing gawe bulik apa kuwi klebu jujur? Sinaosa idene saka kowe. Ning lak ya uwis klebu ora jujur? Banjur Bulik ki jurine, la nggih kedah adil ta? Yen Bulik mbiyantu awakmu apa Bulik adil? Ha a ora. Terus saupama wae Bulik nyaguhi kowe lan Paimin banjur menang apa khalal rezekimu. Bulik ora nyeneni mung ngandhani bocah bagus dombe sik.” Pratelane Bulik Sri ngandhani bocah enom iku.’’Eheheh inggih Bulik ngapunten wau lepat. La lajeng kadospundi Bulik saenipun,” pitakonane Paimin marang Bulik Sri.“Ngene Le kowe saiki wacanen kowe dakwenehi iki, tulisan-tulisan Bulik. Mbok sinau sing tenan. Gawea ide sakreatifmu. Tulisen, sawise ditulis kok waca bolan baleni dene isih wagu bahasane diwaca eneh. Terus wae nganti manteb atimu ngrasa kuwi wis apik. Gawe ide sing beda saka liyane, ora perlu akeh ukara sing penting padha syarate ya ra hahaha. Sing penting kowe kabeh gelem sinau. Aja wedi gagal lan anggonmu sinau aja nglokro, lakoni ndhisik perkara kasil kuwi bonus. Kowe kudu ngecakake ndhisik nilai Pancasila iku ing uripmu lagi mbok tulis. Nyo majalahe gawanen kabeh.” Jelase Bulik sinambi maringake majalah.Sawise sowan saka daleme Bulik Sri, Paimin lan Supri ngrasa yen dheweke pikantuk dalan padhang. Udakara wektune isih 20 dina dimanfangatake kanthi tenanan dening Supri lan Paimin. Nanging merga Supri kulina pikantuk apa wae kanthi cara gampang dheweke banjur nyerah. “Ah kesel aku Min, bola bali di waca ora tahu pas. Meh tak kirim ngene ki wae lah sakanane menang kalah luweh.” Dene Paimin kanthi modhal semangat lan restu saka bapak ibu sarta wong sakiwa tengene dheweke tetep tekun lan sabar anggone gawe cerkak iku. “Ya wis ning aja salahke aku ya yen besuk sing entuk juwara siji aku wahaha.” Guyonane Paimin marang Supri.“Alah Min, kita kan saudara. Kowe entuk juwara aku tetep seneng sing penting aku ditlaktir bakso seminggu wahaha.” Guyonane Supri.Uwis sesasi kepungkur, dina iki wancine pengumuman. Dene para paserta sayembara uga padha kumpul ing ruwang pagelaran Dinas. Dumugi titiwancine pengumuman ora nyana lan ora ngira yen Paimin pikantuk juwara 3, sanajan ora juwara siji nanging dheweke marem marang asil cerkake kang wis digawe.“Wehhh kancaku kae, kancaku huuuu,“ alok Supri sinambi keplok nalika Paimin didhawuhi munggah podium. “Selamat Min, bakso seminggu iki wkwk.” Kandhane Supri sawise adicara rampung.“Kuwi lak yen juwara siji ta Pri, ning iki telu je dadine es teh wae ya wahaha. Wis yoo bali ora sabar aku caos kabar marang bapak ibuku.“ Ajake Paimin.“Gasss bakso sik.” Bocah keloro iku banjur padha bali kanthi ati sumringah. *“Yen Bulik mbiyantu awakmu apa Bulik adil ?”


28 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 EheWacan BocahRaja Sanjaya kagungan putra kakung sadurunge putri Delima lair, asmane pangeran Manggala. Pangeran Manggala digadhang-gadhang dadi putra mahkota sing bakal ngganteni tahtane raja Sanjaya. Emane pangeran Manggala seda amarga kacilakan nalika umur patang taun. Nalika iku prajurite raja Sanjaya kudu perang nglawan mungsuh. Prajurite raja Sanjaya meh kalah, njur swasana kraton ora aman, amarga kraton meh kabeh dikupengi para prajurite mungsuh. Mula kabeh krabate kraton cepet-cepet metu sadurunge kraton dikebaki para prajurite mungsuh. Pangeran Manggala kena panah saka prajurit mungsuh nalika digendhong ratu Gayatri munggah kreta sing digeret sapi. Raja Sanjaya lan ratu Gayatri sedhih.Setaun saka sedane pangeran Manggala, putri Delima lair. Putri Delima tansah dijaga kanthi tumemen dening raja Sanjaya lan ratu Gayatri. Nganti anggone njaga kliwat wates njalari kapribadene putri Delima ora becik, aleman lan apa-apa kudu diladeni. Putri Delima tansah nggawe para krabat kraton susah. Apa maneh putri Delima ora perduli marang bot repote para dayang kraton, lan kabeh sikepe nggugu karepe dhewe.“Dayang Bandiani lan dayang Banurasmi, sesuk aku pengin nyang sapinggire tlaga cedhak alas kanthi numpak kreta. Sesuk kancanana aku ya!” ngendikane putri Delima marang dayang cacah loro ing sawijining dina.Dayang Bandiani lan dayang Banurasmi padha sawang-sawangan. Dayang Bandiani nyuwun pirsa marang putri Delima, “Menapa putri sampun idin dhateng Rama kalihan Ibu?” “Wis. Rama karo ibu wis ngidini.” putri Delima njawab entheng.Esuke raja Sanjaya lan ratu Gayatri nguntapake budhale putri Delima nitih kreta sing digeret sapi loro. Putri Delima budhal kadherekake dayang Bandiani, dayang Banurasmi, lan kusir kreta sing jenenge Harjita. Dayang cacah loro lan kusir iku diwanti-wanti dening raja Sanjaya lan ratu Gayatri supaya njaga putri Delima, amarga rama lan ibune ora pengin putri Delima tiwas kacilakan kaya pangeran Manggala biyen, lan kekarone pengin tahta kerajaan sabanjure bisa diterusake putri Delima.Awane tekan sapinggire tlaga, putri Delima gage-gage mudhun saka kreta. Piyambake kepranan penggalihe. Pancen sasuwene iki piyambake durung nate diidini rama lan ibune tindak menyang tlaga. Amarga sadurunge kahanan sacedhake kerajaan akeh perang lan bebayani, mula putri Delima ora diidini tindak adoh, kejaba mung ing sacedhake kraton.Putri Delima enggal lenggah ing pinggire tlaga, ora perduli dayang lan kusire wis mudhun saka kreta apa durung. Putri Delima kepranan marang banyu tlaga sing bening, lan anggone mirsani ora uwisuwis. Sabanjure piyambake ngilo nganggo kaca pangilon sing diasta, banjur ngrasa dadi putri sing paling sulistya. Nalika lagi enak-enak ngilo, dumadakan ana monyet ngrebut kaca pangilone. Putri Delima karo jelih-jelih langsung mlayu nututi playune monyet iku. Dayang Bandiani, dayang Banurasmi, lan kusir Harjita, uga melu mlayu nututi parane putri Delima lan monyet sing wis mlebu alas.Wong telu wis adoh anggone mlebu alas, nanging nganti ngancik wayah surup durung kasil nemokake putri Delima. Kabeh padha dhelegdheleg, ora wani mulih nyang kraton. Pungkasane wong telu bali menyang tlaga, lan turu ing sapinggire tlaga. Wong telu bakal mulih nyang kraton yen putri Delima wis ketemu. Nalika wis rong dina mlebu metu alas kanggo nggoleki putri Delima lan panggah durung ketemu...“Apa awake dhewe bisa mulih saka kene?” sambate dayang Bandiani.“Awake dhewe bisa mulih saka kene bareng putri Delima.” jawabe kusir Harjita.“Sangune pangan sangsaya tipis. Sapi loro sing nggeret kreta uga butuh pakan.” kandhane dayang Banurasmi.“Awake dhewe bisa nggolek bahan pangan ing sakuthege kene,” jawabe kusir Harjita.Dayang Bandiani lan dayang Banurasmi mung bisa ngiyani. Dina candhake nalika isih esuk, ana monyet nyalawadi sing wujude manungsa nanging praupane lan kulite kaya monyet, nekani katelune. Wong telu kaget bareng ngerti yen monyet nyalawadi iku putri Delima.Putri Delima terus crita... Sapungkure dheweke mbalangi monyet sing wis nyolong kaca pangilone nganggo watu, wujude malih dadi monyet daden-daden. Wis telung dina putri Delima urip ing jero alas bareng kewan-kewan alas, karepe murih bisa kepethuk karo monyet sing nyolong kaca pangilone. Putri Delima percaya yen monyet iku bisa mbalekake wujude dadi manungsa maneh.Putri Delima didherekake dayang lan kusire terus mlebu alas nggoleki monyet iku. Digoleki nganti sore durung kasil ketemu. Dumadakan keprungu swara “Tulung” saka sawijining wit sing ora adoh saka papan kasebut. Putri Delima banjur nyedhaki wit iku. Jebul ana kurcaci sing mlebu ing luweng sangisore lemah. Putri Delima gage nulungi kurcaci iku nganti bisa munggah. “Matur nuwun. Kowe monyet ayu lan apik,” ujare kurcaci iku.“Putri Delima. Pasuryan panjenengan sampun malih kados sakawit.” ujare dayang lan kusire.Putri Delima sing ora percaya yen wujude pulih dadi manungsa, ngajak dayang lan kusire tumuju tlaga. Sawise ngilo ing banyu tlaga, Putri Delima remen pirsa yen wujude pulih dadi manungsa. Esuke putri Delima kadherekake dayang lan kusire kondur menyang kraton. Tekan kraton, raja Sanjaya lan ratu Gayatri remen penggalihe pirsa yen dayang, lan kusire mulih. Sabanjure, putri Delima ora ugungan lan wis ora ngrasa paling sulistya. Putri Delima uga luwih perduli marang masarakat ing sakuthege kraton.***


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 29 Aksara JawaRaden Panji Inu Kertapati lan Dewi Galuh Candra KiranaSang Nata Kedhiri paring dhawuh mring sadaya para punggawa Kraton supaya samapta ing karya mangayu bagya bakal dhaupira Raden Panji Inu Kertapati kalayan Dewi Galuh AjengGapura Kratin pinacak ing rerenggan kang sarwa edi peni. Diyan diyan pating calorot pating galebyar maneka warna rupa. Ing alun-alun kayasa panggung kaseniyan minangka ajanging pagelaran seni lan kagunan kang bakal ngramekake lampahing pahargyan.[Harya Widada Bs]


30 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 EheMacapatTembang DolananKembang ApaTembang/Cakepan Sastraliwung1=C 4/4 Wirama SigrakKabar Iki(Dhandhanggula)Dening Drs. SupadiMundhak rame kabar wektu iki Sing kaemot ing koran harian Mumet yen dipikirkePadha tumindak kleruOra mikir resiko buriTansah nguja angkaraBarang engko embuh Mangsa ora ngrewes dosaSing tundhone malah nganti tekan pati Susah pungkasanira Ana maneh sing meden medeniLunga wengi bebaya ing margaKumat maneh ya klithihePedhang klewang le sanguGolek kurban ing tengah margiTan ngarah apa-apaKaton kumalungkungSeneng yen ginunggung kancaYen bisa gawe kurban nengendi-endiKamanungsane sirnaWonten malih kang ngedab-edabiJumedhuling krajan tumarunaEnggal raja lan ratuneJebul mung apus apusJare ngaku dharahing ajiNyata titah sawantahDudu turun ratuGegedhen pangangepiraPengin dadi ratu saindhenging nagariJangka pangimpeniraNadyan mangkono kathah priyayiKang kapilut impen janjiniraTemah ngetoke artanePengin pangkat mentri kuApa dene prajurit yektiMung keh okehan artaMilih sakarepmuNgono kekancinganira Ratu enggal amangkurat Tanah JawaBul mung ngayawara


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 31 GeguritanSriyanaNggoleki SibuSibu, iki anakmu kang ngelak mring welas asih panjenengankapang marang dongeng sibu kang kababar dungkap mapan turudongeng kancil nyolong timun, gajah karo semut utawa manuk sriti lan perkututdongeng kang ngajari aku bisa kendel, bandel lan ngedohi laku ora patutSibu, iki anakmu kang kapang wewarah panjenengannalika muruki ngetung dina pasaran uga lakuning mangsawiwit pasaran kliwon, legi, pahing, pon, lan wageing mangsa kasa, karo, ketiga, kapat, kalima, kanem nganti sadhaSibu uga nggladhi basa ing tatakrama, unggah ungguh sarta subasita“age matur bapak, pak mangga kaaturan dhahar sampun cumepak,”mangkono sibu paring tuladha saben wayah ing tengah kulawargaSibu, iki anakmu kang wis kelangan kaca benggalaing welas asih, tatakrama apadene laku-lakune wong jawangendi maneh aku nguluru panjenengan ibutetela ing saben wanci, iki anakmu kagulawenthah undhaking teknologikothak kemat sing dadekake anak panjenengan lali wewarah kawuriSibu, maksih gawang-gawang nalika padhang mbulanwanci bengi ing tengah plataran akeh pangandika panjenenganprayoga nyukuri nugrahaning Gusti wujud kaciptaning alamnyawang rembulan ndadari klawan atur pepuji kalamun urip kudu gujengan edining budi lan manembah GustiSibu, trus saniki panjenengan wonten pundi...?Solo, November 2021 Tatiek Poerwa KalinggaLelabetan Dakjunjung Dhuwur, IbuGumelare sejarah kawuri cetha terwaca tumrap anak bangsaIbu-ibu berjuwang kanthi pasrah jiwa ragaTanpa pamrih tanpa golek pangalembanaNuladhani wanita sa NuswantaraNgusir penjajah bareng para priyaAkeh wanita Indonesia antuk gelar pahlawan wanitaSaka Maluku Martha Christina Tiahahu,Laksamana Malahayati lan Cut Nyak Meutia sarta Cut Nyak Dien saka Aceh,Raden Adjeng Kartini saka tlatah Jepara Jawa Tengah,Saka Jawa Barat aran Dewi Sartika,Andi Depu Maraddia Balanipa saka Tinambung Polewali Mandar Sulawesi BaratSulawesi Utara duwe wanita utama asma Maria Walanda Maramis saka MinahasaSumatera Barat ana Siti Manggopoh saka Manggopoh, AgamUga HR. Rasuna Said saka Maninjau, Agam, Sumatera BaratFatmawati Soekarno saka BengkuluNyi Ageng Serang saka Purwodadi, Jawa Tengah,Opu Daeng Risadju saka Sulawesi SelatanNgayogyakarta duwe Nyai Ahmad Dahlan kang kalokaSaka Krajan Samudera Pasai ana Ratu NahrasiyahRohana Kuddus saka Padang Sumatera BaratSiti Hartinah uga sinebat Ibu Tien Soeharto pejuwang wanita tekan pungkasane yuswa.Ibu-ibu misuwur kanthi bebuden luhurNdakjunjung dhuwur jasamu, IbuNdaktuladhani perjuwangan kanggo kalokane kaummuIbu, mugi langgeng ing suwargane Gusti Kang Maha Agung.Candiwinangun, 22 Desember 2022


32 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe BanyumasanBAR ngisa jemangah, Kaki RT ujug-ujug menyat banjur maju maring ngarep. Tangane nyaut mik. Cempuleke dhekne agep menehi pengumuman maring para jemangah langgar lan warga sekitar nganggo toa.\"Assalamualaikum warohmatulloh wabarokatuh...\"\"Wangalaikum salam warohmatulloh wabarokatuh...\" semaure jemangah.\"Sedulur-sedulur jemangah langgar lan warga RT, siki wis mlebu wulan Desember. Ngesuk tanggal 18, daerahe dhewek, Kabupaten Purbalingga ulang taun sing ke-192. Mageh padha deramekna. Andhi wingi biyung Bupati wis ngendika agep ana akeh acara. Ana lomba-lomba, festival kenthongan, festival ebeg, ana pengajian, uga ana konser musik artis terkenal,\" ular-ulare Kaki RT.Damirin kambi jemangah liyane nang langgar mugur manthuk-manthuk n g r u n g o k n a pengumuman seka ertene. Kayonge semanger pisan olehe ngrayakna hari jadi Kabupaten Purbalingga.Dhekne pengin nonton festival kenthongan lan festival ebeg. Kayonge rame pisan. Ngajek bojone, Sitas lan anake, Siroi. Wis suwe dhekne lan anak bojo ora nonton acara rame-rame. Kambi nggo refreshing, iloke saben dina uripe mugur maring alas nderes badheg kambi nitis gula. Kayonge langka variasine nemen.\"Dados kados niku nggih para jamangah lan para warga. Ampun kesupen. Desane dhewek uga agep nggawe acara. Dados mangga sami dipun sengkuyung. Wassalamu'alaikum warohmatulloh wabarokatuh...\" Kaki RT nutup pengumuman.\"Wassalamu'alaikum warohmatulloh wabarokatuh...\"Para jamangah langgar banjur padha bubar. Balik maring umahe dhewek-dhewek.*Nyata, malem Minggu, Damirin, Sitas lan Siroi nguja-nguja teka maring Alun-alun Purbalingga. Jan rame pisan. Pancen malem kuwe ana festival kenthongan nang alun-alun.Sedurung acara demulaih, biyung Bupati maringi sambutan. Piyambake ngendika, warsa kaping 192 udu yuswa sing enom. Ningen egin akeh pegaweyan sing kudu delakoni ben masarakat Purbalingga pada makmur. Bar sambutan, acara demulaih. Jan sing tampil maen-maen pisan. Tabuhane kepenak, sing ngibing maen. Damirin malah melu ngibing. Sitas ngasi njiwiti wetenge Damirin merga ngisin-ngisina.Rong jam lewih atusan warga padha nonton. Bosa kesel olehe njanggleng, Damirin ngajek anak bojone mbakso nang Gang Mayong. Ngesuk Minggu Damirin wis duwe rencana agep ngajek anak bojone nonton festival ebeg nang salah wijine objek wisata.\"Sugeng ambal warsa kaping 192 Kabupaten Purbalingga.\"(Dul Komed van Br)Ambal Warsa Kaping 192 Kabupaten Purbalingga


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 33Kahanan manungsa kuwi sawang sinawang, ana kang katone uripe adhem ayem kebak rasa bungah saben dinane nanging nyatane suwalike. Lelakon nyata kang bakal kabeberake iki dialami dening Fredy salah sijine guru swasta ing wilayah Yogyakarta. Priya lajang iki umure pancen wis ora mudha maneh, kurang luwih 40 taun. Fredy sengaja teka ing Redaksi Djaka Lodang kepengin nyuntak pangunegunege kang sasuwene iki dipendhem ing atine.Fredy dikancani adhik kandhunge sebut Fian nemoni ‘penjaga gawang’ Oh Lelakon saperlu nyuda rasa kang gawe seseg dhadhane. “Saestunipun bab menika perkawis lumrah sanes babagan ingkang bebayani, nanging tetep dados pikiran siang dalu tumrap kula pribadi. Menapa malih urusan menika magepokan kalihan raos, harga dhiri ugi pasedherekan,” Fredy miwiti crita nyata kang dialami marang Redaksi.Manut keterangane Fredy kang disekseni Fian adhine, lakune urip kuwi pancen nemoni pahit manis, bungah susah uga kesandhunging perkara. Wis kurang luwih telung taun suwene Fredy sesambungan tresna marang kenya ayu sebut wae jenenge Rani asli Klaten. Sasuwene gandheng karo Rani ora nate ana tandha-tandha kang gawe cuwa siji lan sijine, kepara anggone sesambungan rasa iku katon adhem ayem.“Rani kekasih kula ugi sampun kula tepangaken kalihan bapak ibu, semanten ugi pihakipun kula sampun pitepangan kalihan keluwarganipun Rani. Boten wonten bab ingkang ngganjel, sedaya sampun sarujuk namung nengga wekdal Rani rampung anggenipun kuliyah, nanging wekdal ingkang boten kula nyana kedadosan wonten ngajeng kula,” Fredy ora nerusake critane kaya ana bab kang gawe mandheg ing tenggorokane.Fredy ora nyana menawa Rani kekasihe kang katone setya tulus nampa kanthi kekurangan lan keluwihane Fredy, jebul Rani nyimpen rasa marang kanca rakete Fredy sebut wae jenenge Andrian. Kanggone Fredy, Andrian kuwi ngluwihi adhik kandhunge. Saka SMP nganti rampung kuliyah tansah bareng kepara sering nginep ana ngomah gentenan.“Kula boten nginten menawi Rani lan Andrian dhelikan wonten buri kula sami sesidheman gadhah sambung tresna. Nalika Rani boten kuliyah lan kula kapinujon boten jadwal mucal, kula boten ngabari lajeng tumuju kost ipun Rani ingkang caket kampus. Kados disamber bledheg kula kaget setengah mati, kamar kost ingkang bikak sekedhik wonten priya ingkang nembe andon asmara kalihan Rani. Pranyata priya wau Andrian kanca raket kula,” kandhane Fredy groyok ngampet rasa kang gawe lara.Andrian lan Rani padha kagete sebab ora nyangka menawa Fredy bakal teka ana papan kono, Andrian noleh karo nguwali tangane Rani kang isih dikekep kenceng ing dhadhane, Rani benerake lungguhe karo nyawang Fredy kang teka dadakan. Tanpa ana suwara, wong telu padha kagete lan kabeh kelangan ukara. Tanpa tembung dawa Fredy kandha, “Terusna sesambunganmu, Rani. Dipunggel tekan semene wae antarane aku lan awakmu.”Ing batine Fredy ana rasa cuwa kang jarem kanggo kekasihe uga kanggo kanca rakete, menawa diladeni rasa muntab lan nesune Fredy bakal ngasorake profesine minangka guru. “Saestu kula namung kedah nampi kahanan menika, amargi menawi kula ajak gelut lanang padha dene lanang kula menang boten kondhang nanging menawi kula kalah malah damel wirang,” kandhane Fredy mungkasi lelakon nyata kang dialami.[Tatiek Poerwa/DL]Oh LelakonMenang Ora KondhangKalah Wirang


34 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe PengalamankuNyilih Tanpa NembungJam nem esuk rombongan mancale Pak Mun wis budhal menyang gunung Kekep. Kejaba mancal, Pak Mun lan kanca-kancane uga arep nindakake upacara pitulasan. Pancen dina kuwi ngepasi tanggal pitulas Agustus. “Pak Mun, kopine ora lali, ta?” Pak Man, salah sijine anggota takon nalika wis meh tekan panggonan. “Beres. Kopi, jajan, karo mangan ora usah bingung. Yen rokoke mikir dhewe-dhewe,” wangsulane Pak Mun. “Lha genderane pun wonten?” Pak Man takon maneh.“Gusti Allah, genderane lali. Kamangka mau wis dakcepakake,” Pak Mun kaget sanalika, banjur mandheg.“Pripun, Pak?”“Lha ya, jenenge wae lali. Wiwit esuk ngrewangi mbok wedok nyepakake sarapan iki.”“Ngaten mawon. Pun, ngga dipancal malih. Mangke saderenge unggah-unggahan mlebed gunung Kekep, ngampil gendherane warga,” usule Pak Man. Sadurunge munggah menyang gunung ana omah cacahe loro. Pak Mun age-age uluk salam, perlune arep nembung nyilih. Diceluki makaping-kaping ora ana wangsulan. Semono uga omah sijine. Kamangka lawange padha bukak. Ora wurunga gendhera kang ana ngarepan langsung dijupuk. Udakara jam sewelas awan, acarane Pak Mun wis rampung. Dheweke ageage mudhun lan mbalekake gendhera kang disilih. “Nyuwun sewu nggih, Bu. Wau kula ngampil gendherane kangge upacara teng nginggil mrika. Badhe matur kok boten wonten tiyange,” kandhane Pak Mun karo menehake gendhera.“Oalah, njenengan ta ingkang mendhet? Nggih sampun nek gendherane wangsul malih. Kula niki taksih thenger-thenger. Wangsul saking pados ramban kok gendherane pun ical malih. Kantun cagak ngadeg jejeg niki. Lha niki mawon sesasi pun kaping gangsal tumbas gendhera,” kandhane sing duwe omah.“Wah, ngapunten saestu lo. Niki wau critane nyilih tanpa nembung,“ wangsulane Pak Mun lan disusul gemuyune wong-wong, klebu sing duwe gendhera. [Gayuh R. Saputro]Salah Sebut.....Dina Minggu kepungkur..... aku mlaku-mlaku karo kancaku neng pasar kewan Pasty, Bantul. Sepedha motor dakparkir, aku lan kancaku banjur mubeng pasar karo namati kewan-kewan. Eeeh..... kancaku ngejak mlebu neng pasar manuk.“Manuk napa niki, pak?“ pitakone kancaku karo bakule manuk.“Manuk Jalak Bali“ jawabe bakule manuk karo ngedunake kurungane manuk.Kancaku banjur namati manuk Jalak Bali karo siul-siul persis swarane manuk. Kancaku bukak tas lan bayar manuk Jalak Bali. Bakul manuk iku nampani dhuwite karo mesam-mesem. “Kenapa kowe ora takon luwih dhisik pira regane manuk Jalak Bali iku?“ pitakonku karo gumun lan bisik-bisik.“Aku mau wis krungu regane manuke lan ora oleh dienyang maneh,“ jawabe kancaku karo lirih lan nggawa kurungane manuk.Aku tuku tandurari suruh, pesenane simbah kakung. Aku lan kancaku mlaku neng parkiran. Sepedha motor dakstarter lan mlaku alon-alon amarga kancaku nggawa kurungan manuk. Nalika sepedha motor tekan prapatan, tanpa kanyananyana..... “Wadhuuuh..... manukku mabuuur.....!“ pambengoke kancaku. Aku banjur ngendhegake sepedha motor neng pinggir prapatan. Wong-wong kang krungu pambengoke kancaku banjur padha ngguyu kepingkel-pingkel. “Hehehe.....lawange kurungane iku digembok kareben manuke ora ucul, Mas!“ celathune sawijining pawongan lanang kang bagus rupane karo marani aku lan kancaku.“Aku iki wanita dudu lanang, mas..... “ panyentake kancaku karo nyopot helme. Pawongan lanang iku banjur njaluk pangapura amarga salah sebut..... “Mas“. [Titiek Concat]


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 35 Napak TilasAmarga Sultan Hamengku Buwono V kawisuda yuswane isih timur, Walanda dadi melu cawe-cawe mranata lumakune praja, sawetara wilayah kabupaten manca negara dipretheli baka siji dening Walanda. Ing jaman paprintahane Sultan Hamengku Buwono V uga ana kedadeyan kang ngedab-edabi yaiku anane perang Diponegoro lumawan Walanda ing taun 18251830 Masehi.Ing jaman Sultan Hamengku Buwono V, tansah nengenake kasusastran lan seni; yaiku penulisan naskah-naskah (babad), karawitan, macapat, wayang lan beksan (contone beksan Renggawati, beksan Srimpi Kandha lan liyane). Emane yuswane Sultan Hamengku Buwono V ora dawa, taun 1855 Masehi puput yuswa, banjur diganti dening Rayi Dalem asmane GRM. Mustojo kawisuda dadi Sultan Hamengku Buwono VI ing tanggal 5 Juli 1855 (20 Sawal, Dal 1783 Jawa) olehe jumeneng sarampunge perang Diponegoro. Wektu semana kahanan sajerone kraton lan kahanan tlatah Karesidenan Ngayogyakarta tinemu aman, ayom, ayem, tentrem lan tata raharja. Semono uga sing dirasakake dening Pemerintah Kolonial Walanda, uga krasa lan rumangsa aman anggone mapan lan manggon ana ing Ngayogyakarta. Rikala semana kang lungguh pinangka Residen Ngayogyakarta angka urut 37 jenenge Adolphc Jean Phillipe Hubert Desire Bosch. Ing jaman Sultan Hamengku Buwono VI wis mrambat tumuju mekaring kraton lan Kutha Ngayogyakarta, yaiku mundhut titihan rata Kereta Kencana ‘Kyai Garudha Yaksa’ saka negara Walanda sing digawe ing taun 1861 Masehi. Ananging andadekna kuciwane penggalih jalaran kereta iki tekan Ngayogyakarta, Sultan Hamengku Buwono VI wis kapundhut ing Ngarsane Gusti Kang Maha Kuwasa, satemah durung nganti bisa nitihi kereta iku, pungkasane sing nitihi putra wayahe nganti seprene. Sultan Hamengku Buwono VI uga mundhut kereta titihan kagem Pangeran Adipati Anom (Putra Mahkota). Kereta kasebut kaparingan nami ‘Kyai Wimanaputra’, kereta iki uga gaweyane Walanda uga. Ing jaman Sultan Hamengku Buwono VI iki uga, panjenengane maringi idin marang Walanda ambangun ril (dalan sepur) kang sepisanan ing Ngayogyakarta. Ril iki dipasang sepisanan saka Desa Kemijen, Semarang mangidulngetan tekan Stasiun Sepur Tanggung, Desa Tanggung, Kecamatan Tanggungharjo, Kabupaten Grobogan adohe udakara 30 km sing dikepyakake tanggal 10 Agustus 1867. Sabanjure diterusake gawe ril saka Tanggung tumuju Ambarawa liwat Magelang tumuju Ngayogyakarta. Proyek iki rampunge ing taun 1872 Masehi. Ing Ngayogyakarta sing kapilih kanggo papan stasiune yaiku ing tlatah Tegal Lempuyangan, dikepyakake tanggal 2 Maret 1872. Stasiun Sepur Lempuyangan iki dudu Stasiun Sepur Lempungan kang saiki, amarga papane ana ing sisih lor. Saiki wis ora dienggo stasiun penumpang, mung kanggo nglangsir sepur barang.Jaman paprintahan Sultan Hamengku Buwono VI, kajaba tinemu tumatane lampahe paprintahan kang bisa nuwuhake kahanan ayom, ayem, tentrem, golong-gilig tansah manunggal dadi siji. Tanpa kinira katitimangsa dina Senen wage 4 wulan Sapar warsa Ehe 1796 Jawa utawa 10 Juni 1867 ing jam 5 esuk, Kutha Ngayogyakarta diterak lindhu gedhe. Lindhu iki mahanani, tugele ‘Tugu Golong-gilig’, jugruge saperangan gedhe pasanggrahan ‘Tamansari’, rusake gedhong karesidenan ‘Loji Kebon’ (saiki Gedhung Negara) rungkate wit-witan gedhe sarta rusake pomahane para kawula. (Lis HS). Sumber:Kawedanan Widyabudaya, Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat.SULTAN HB VI MUNDHUT KERETA‘KYAI GARUDHA YAKSA’Sultan Hamengku Buwono VI kawisuda taun 1855 (Foto; repro)Kereta Kencana ‘Kyai Garudha Yaksa’ yasan saka negara Walanda (Foto; herry)


36 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe LiputanTema Hari Kesehatan Nasional (HKN) ing taun iki \"Bangkit Indonesiaku, Sehat Negeriku, Pulih Jogjaku\" kang di maknai kanthi balekake rasa kang optimis lan semangat murih sehat luwih sehat saka sadurunge. Bab iki didadekake \"titik tolak\" murih nuwuhake semangat anyar ing tengah tuwuhe masalah kesehatan, ing pangajab dina-dina candhake tansah luwih apik.Bab semangat kasebut bisa katon saka antusiase lan atensi ana ing pelaksanaane pengetan Hari Kesehatan Nasional taun iki (2022) kaping 58 ing Kota Yogyakarta wiwit persiapan tekan pelaksanaane rerangken kegiyatan HKN - 58 kang di punjerake ing Grha Pandawa Balaikota Yogyakarta wulan November kepungkur.Sawetara, mapan ing bangsal Kepatihan Yogyakarta perwakilan Posyandu saka Kabupaten/Kota Sa-DIY ngrawuhi ana ing rerangken acara penyerahan Pengaji-aji lomba posyandu taun 2022, adi cara kalaksanakake ketepakan karo puncaking hari kesehatan Nasional sing kaping 58.Pemenang Lomba Evaluasi Posyandu kesaring saka hasil biji paling dhuwur saka sakabehe tahapan, pambiji saka bab akumulasi sakabehe tahap biji perlombaan, evaluasi Posyandu saka tahap administrasi, paparan nganti klarifikasi lapangan, hasil biji saka dewan pambiji hasil paling apik kanthi total biji 1375,49, keranggeh Posyandu Glatik Becici Turi Sleman Yogyakarta kanthi predhikat Juwara Pakarti Madya II lan duweni hak nggawa mulih dhuwit pembinaan, akehe 25.000.000,- Biji sadhuwure Posyandu Glatik Sleman POSYANDU KUNCI II GOLONampa Predikat Pakarti IFoto Ketua Posyandu Kunci II Golo bebarengan pokjanal kota Yk, pokjanal kemantren UH & pokja kel.Pandeyan YK (Ft. Bari/Foto bareng Ketua RW 02 Golo Pandeyan UH Yogyakarta (Ft. Bari/DL)


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 37Yakuwi kanthi total biji 1377,47 di wenehake karo Posyandu Mawar Semenrejo Wonosari Gunung Kidul, kasil ngranggeh Pakarti Madya I lan duwe hak nggawa bebungah arupa dhuwit pembinaan gedhene 30.000.000,- sabanjure Posyandu Kenanga Kroco pengasih Kulon Progo kasil nyabet predikat Pakarti Utama III lan bebungah wujud dhuwit pembinaan gedhene, 35.000.000,- dadi hak Posyandu Kenanga.Posyandu Mekar I Jomegatan Kasihan Bantul kasil ngranggeh predikat pakarti II sarta hak nggawa dhuwit pembinaan gedhene 40.000.000,PUNCAK PREDIKAT PAKARTI UTAMAIng taun iki Predikat Pakarti I diranggeh klawan Posyandu Kunci II Pandeyan Umbulharjo Yogyakarta kanthi poin biji 1603,89, jumlah poin iki ngungguli pasarta saka 4 Kabupaten ing DI.Yogyakarta lan duwe hak nggawa dhuwit pembinaan gedhene, 50.000.000,ditambah pangaji-aji arupa piagam lan tropy.Kepilihe Posyandu Kunci II Golo Pandeyan Umbulharjo makili Kota Yogyakarta maju ana ing tingkat provinsi, awit rikala lomba Posyandu tingkat Kota (lomba administrasi) pokja posyandu 2022 ana ing lingkup kemantren Umbulharjo, posyandu Kunci Golo II Pandeyan Umbulharjo duweni (cakupan) data paling lengkap, inovasi/partisipasi kader uga klebu dhuwur, posyandu Kunci II Golo Pandeyan Umbulharjo kasil juwara I. Rajwan Taufiq (Mantri Pamong Praja) duwe pangajab bisaa Posyandu Kunci II Golo Pandeyan UH dadi conto kanggo posyandu liyane supaya mujudake posyandu kang tertib lan jangkep administrasine. Pengaji-aji wujud piagam, tropy lan dhuwit pembinaan di paringake langsung klawan Gubernur DI.Yogyakarta ing bangsal Kepatihan Yogyakarta, Sri Sultan Hamangku Buwono Kaping X. marang para juwara lomba Posyandu Tingkat Propinsi 2022.Ana ing atur sambutane Gubernur DIY, Sri Sultan HB X paring pesen karo para pasarta bisaa lomba Posyandu iki minangka pengelingeling kanggo sakabehe menawa program lomba posyandu iki dudu mung nggolek pemenang, nanging Gubernur kagungan pangajab bisaa dadi inspirasi lan \"pemacu\" kanggone para kader-kader posyandu supaya bisa menehi (perfoma) sarta layanan sing luwih apik satemah bisa ningkatake kesejahteraan masarakat, mligine ing wilayah DI.Yogyakarta, pangajabeSaefudin Zuhri Ketua RW 02 Golo sing seka wiwitan lomba tingkat Kota tekane Tingkat Propinsi melu nyengkuyung lan ngawal posyandu Kunci II Golo, lumantar majalah Djaka Lodang iki ngaturake panuwun klawan Ketua Kelompok PKK RW 02, kader posyandu Kunci II Golo, sarta warga RW O2 Golo sing wis melu menehi suport lan \"dorongan\" Saefudin Zuhri uga ora lali ngaturake panuwun marang Tim pokjanal Kota Yogyakarta, pokjanal kemantren Umbulharjo, pokja kelurahan Pandeyan lan Puskesmas Umbulharjo 1 sing wis paring pambiyantu wujud \"pembinaan\" ature. B A R I / DLKetua Posyandu Kunci II Golo, nalika nampa pangaji-aji saka Gubernur DIY, Sri Sultan HB X (Ft. Bari/DL)Suginah Ketua Posyandu Kunci II Golo (Ft. Bari/DL)Wujud Pangaji-aji Lomba (Ft. Bari/DL)


38 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe Kuliner LegendarisMenawa panjenengan liburan tindak ing kota Yogyakarta kurang lengkap menawa durung ngicipi salah sijine menu kuliner sing padha di goleki para wisatawan ora liya sega empal Bu Warno.Sego Empal Bu Warno wujud mangsakan sing bahane saka daging sapi sing di mangsak kanthi bumbu-bumbu rempah pilihan, cita rasa empal Bu Warno sing bisa beda karo empal-empal liyane, awit anggone milih daging sapine, amerga ora kabeh jenis daging sapi bisa dimangsak di olah dadi empal sing nyuss, Sega Empal Bu Warno mung gunakake daging sapi bagian pupu (pangkal betis) lan (paha) wae, daging bagian kasebut sing paling cocok di gunakake awit bagian kuwi ora ngandhung lemak, bagian-bagian liyane di olah mangsakan liya, kanggo nambah wernane menu pilihan ana ing warung segoa Bu Warno.Unggule empal Bu Warno iki, daging empale kang empuk, lembut, rasa gurih, legi lan asin dadi siji, luwih lengkap di dhahar nganggo sambel korek ala Warung Sega Bu Warno, Jiaan Nyamleng tenan, menawa panjenengan ora seneng empal ana ing warung Sega Empal Bu Warno para generasi peneruse wis (berenovasi) nyuguhake menu olahan daging sapi sing diolah dadi menu olahan sing ora kalah enake, lan ana uga Sop Empal, Sop Paru, sayur lodeh lan sapiturute. Nalika DL patemon karo Era Noviana salah siji pengelola warung sega empal Bu Warno (Beringharjo), Era mratelakake menawa pelanggan ing warung sega empal Bu warno ora tau sepi, pratelane.Era uga nambahi andharan \"Menawi kula namung karyawan Mas, boten wonten hubungan sedherek kalihan Bu Warno,\" andharane.Sapa sing ora kenal karo Warung Empal Bu Warno kang wis monjo awit rasane sing gurih nendhang ana ing ilat, anggone ngolah daginge uga bisa ngasilake Daging kang empuk nambahi sengsem para pelanggane. Usaha Empal Bu Warno iki wis dirintis karo Ibu Prawiro Suwarno wiwit taun 1960 tekan seprene isih dadi jujukane para pelanggan lan (pencinta) kuliner, saka kota Sop Empal Bu WarnoPawon Luweng Empal Bu Warno sing wis disulap dadi warung Sop Empal Bu Warno(Ft. Bari/DL)Empal lan sambel korek topping lalapan (Ft. Bari/DL)


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 39Yogyakarta lan para wisatawan saka luar Yogyakarta. Warung Empal Bu Warno wiwit taun 1960 tekan saiki isih ajek, mapan ana ing Pasar Beringharjo, biyen Warung Sega Empal Bu Warno papane ana ngingsor, nanging rikala taun 1986 Pasar Beringharjo kobongan gedhe, pasar Beringharjo sawise kobongan kuwi ora bisa di gunakake, banjur sapurnane renovasi pasar Beringharjo taun 1991, bisa bali operasi meneh, sabanjure Warung Sega Empal Bu Warno pindhah papan ana ing lantai 2 (Los Timur PA 1) tekane saiki, nanging ana ing lakune taun rikala Ibu Prawiro Suwarno lan garwane seda, usaha diterusake karo putrine Sumarsih, usaha Empal Bu Warno wis ngliwati 2 generasi, wektu iki usaha empal Bu Warno wis diterusake karo wayah-wayahe Bu Warno yakuwi cabang sing mapan ana ing Jl.Brigjend Katamso di cekel Pungky lan garwane (Pungky wayah Prawiro Suwarno) lan ikon Warung Sega Empal Bu Warno sing ana ing Pasar Beringharjo, sawetara pawon Empal Bu Warno sing ana ing Beji Jagalan di kemunah karo Ilham Ade Saputro,SE klebu cabang sing mapan ana ing Condong Catur Jl.Sukoharjo. Ibu Prawiro Suwarno duwe Putra 1 lan putri 4, yakuwi, Sukil (mapan ing Jogja), Suradal (Alm.mapan ana ing Jakarta), Sumarsih (Jogja), Suciningsih (Jogja) lan Sulistyaningsih (Jogja). Nalika DL nyambangi ing pawon Empal Bu Warno, DL di manggakake karo wayah kinasih Ilham Ade Saputra,SE.Banjur priya lulusan UPN Yogyakarta iki paring keterangan \"kenging menapa Pawon empal Bu Warno mapan Ing Jagalan Beji? Awit Eyang putri kula panci asli kelairan ing kampung Jagalan Beji menika Pak,\" pratelane.Banjur Ilham mratelakake menawa wiwit taun 2015/2016 pawon luweng Empal Bu Warno sing mapan ana Jagalan Beji PA 1/ 423 - RT/RW 12 / 033 Kel./ Kec. Purwokinanti / Pakualaman, di sulap dadi warung SOP EMPAL BU WARNO, Ilham Ade Saputra mratelakake gagasan kuwi, gagasane Ibune Sulistyaningsih, tujuane supaya pelanggan sing seka arah wetan bisa luwih cedhak menawa arep ngersakake dhahar Empal Bu Warno, keterangane Ilham karo DL. Ilham Ade Saputra duwe pangajab muga-muga tinggalane eyang Putrine wujud usaha kuliner sega empal Bu Warno, bisaa tetep jaga anggone ngolah nganggo sistem tradhisional, awit bab kuwi sing bisa bedakake empal Bu Warno dibanding empal liyane, dheweke uga duwe pangajab bisaa usaha kuliner iki ing tembe tambah ngrembaka, pangajabe.B A R I / DLEmpal Bu Warno (Ft. Bari/DL)Inovasi menu sayur lodeh(Ft. Bari/DL)Bumbu di lebokake supaya ngresep ing daging(Ft. Bari/DL)Proses ngolah empal daging sapi(Ft. Bari/DL)


40 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe KratonKaraton duweni akeh makna yaiku saka babagan wewangunan (bangunan), wit-witane, ragam hias, upacaraupacara, tata letak filosofine. Kabeh ragam hias ing wewangunan umum lan individual duweni nilai kaendahan, spiritual lan pralambang.Ragam hias ateges jinis hiasan awujud motif-motif (ornamen). Ragam hias sing ana bangsabangsal Karaton Ngayogyakarta yaiku motif-motif tradhisional sing diukir langsung ing saka (tiang) bangsal kasebut. Fungsi ragam hias yaiku:1. Estetika; gawe endahing wujud wewangunan satemah pengolah, pemilihan lan penempatane kaetung adhedhasar kaidah estetika, gayut marang gaya, motif, ritme, warnane, keseimbangan lan kepriye bisa gawe kesatuan kang harmonis antarane ragam hias karo susunan, ukuran lan bentuk rangka wewangunan. 2. Kultural; asil imaginasi para pangripta sing umure wis maabad-abad, saiki wis nganti tingkat klasik tradhisional. Kabeh iki aset perangan keaneka ragaman budaya Nusantara, amarga bangsal-bangsal ing kraton kanthi motifmotif hias kasebut karya leluhur sing adiluhung, ing kene mujudake perkembangan budaya, teknik, karakter, tingkat penguasaan (keterampilan) lan uga kebesaran sing kagungan w e w a n g u n a n (Sultan).3. Fungsi sosial ekonomi; kanthi anane ragam hias bakal nambah nilai finansial bangsal kasebut. 4. Fungsi spiritual; anane ragam hias duweni teges lan nilai-nilai simbolis utawa pandangan hidup lan pralambang/simbol sing didhasari falsafah lan tujuan spiritual. Ragam hias duweni makna pituduh/piwulang, sanepa (sindhiran), sugesti, kekuatan moral kanggo sing kagungan, ngandhut nilainilai pendhidhikan tumrap masarakat.Ragam hias ing kraton miturut jinis lan motife:1. Saka bangsal sing dihiasi motif; saton, praban, putri mirong, sorotan. Sing migunakake motif iki yaiku Bangsal Kencana, Bangsal Manis, Gedhong Jene, Bangsal Pancaniti, Bangsal Witana, Bangsal Mangunturtangkil.2. Saka bangsal sing dihiasi motif; saton, tumpal lan lung- lungan yaiku Bangsal Pengrawit.3. Saka bangsal sing dihiasi motif mung siji, yaiku motif ‘wajikan’, yaiku Bangsal Srimanganti lan Bangsal Pengapit.Motif lan makna ragam hias ing saka bangsal ing Karaton Ngayogyakarta:1. Motif Saton; saton asale saka ukara ‘satu’ yaiku ‘kuwe’ (sawijining panganan) sing digawe kanthi cara dicetak, bentuke bujur sangkar utawa empat pesegi panjang kanthi motif ‘gegodhongan’ utawa ‘kembangkembangan’. Motif ‘saton’ mapan ing saka sisih ngisor. ‘satu’ ateges ‘persatuan’.2. Motif Praban; asale saka bahasa sansekerta tegese ‘sinar’. Praban iki mujudake sinar kebesaran marang tokoh sing kagungan bangsal.3. Motif Sorotan; wewujudan sinar sing memancar. Bentuk fisik cabang telu irip (mirip) senjata ‘trisula’, duweni teges rangkaian RAGAM HIAS ING SAKABANGSAL-BANGSALKARATON NGAYOGYAKARTAMotif/ornamen ing Saka Bangsal Kencana (Foto herry)Saka Santen lan Saka Penanggap ing Bangsal Kencana(Foto herry)


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 41aksara Arab ‘mim-ha-mim- dal’ lan uga ngemu teges ‘alif-lammim’. Motif Sorotan mapane ing sangisore ornamen praban nanging sandhuwure putri mirong. 4. Motif Putri Mirong; bisa ateges putri sing madhep memburi, ‘putri mirong’ uga duweni teges yaiku bentuk aksara Arab (alif-lammim-ra). Motif putri mirong kagunakake ing bangsal sing dilenggahi Sultan. Ornamen putri mirong iki mapane ing saka guru, saka penanggap, saka penitih uga saka emper lan mapane ing sangisore ornamen sorotan, sandhuwure ornamen praban. 5. Motif Tumpal; uga kasebut motif ‘pinggiran’ awit asring diseleh ing sisih pinggir. Kejaba motif sing dumunung ana ing saka, uga ana ornamen (motif) sing kaukir ing umpak saka, lengkung jaba lan jerone mujudake ‘stilisasi’ saka huruf Arab ‘mim-ha-mim-dal’ cekakan saka Muhammad (Rosul pungkasan).Ornamen Nanasan, ornamen Tawonan, ornamen Kebenan diukir ing pucuke saka Bentung lan blandar Lumajang. Saliyane ornamen-ornamen ing dhuwur mau uga ana ornamen Kemamang sing duweni fungsi kanggo ‘tulak balak’, contone sing ana ing ‘Baturana Kori Srimanganti’. (Herry SG).Sumber:KRT Widya Anindita (Ir. Yuwono Sri Suwito, MM). Ornamen Nanasan ing Bangsal Kencana (foto;herry)Saka Emper lan Saka Santen Emper ing Bangsal Kencana (foto: herry)Saka Emper lan Saka Santen Emper ing Bangsal Kencana (foto: herry)Ornamen Wajikan ing Saka Bangsal Srimanganti (foto: herry)


42 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 EhePangupabogaWanita peputra 2 iki asmane Sri Handayani, klairan 17 Januari 1966, wanita iki najan yuswane wis ngancik 50 taun punjul nanging anggone \" Berjuang \" ngupaya Upa, kanggo biyantu garwa patut di acungi jempol, Sri Handayani iki ora liya salah sijine Agen Majalah Djaka Lodang kang duweni Loyalitas kang dhuwur.Sri Handayani sing pidalem Ana ing per Bale ari Blok i No.17 Gamping Sleman Yogyakarta iki nalika patemon karo DL, paring keterangan menawa wis Wiwit taun 2018 ketarik dadi Agen Djaka Lodang, pelanggane ana ing wilayah Jogja, Sleman lan Bantul. Nalika DL pitakon Jumlah pelanggane piyambake ngaturake,\" Menawi Pelanggan tetep kula niku mboten kathah Mas, namung 20-nan pelanggan tetep, engkang kathah niku malah pelangganpelanggan engkang mboten tetep \" ature.Tegese pelanggan ora tetep kuwi sing di karepake Sri Handayani, para pelanggan sing saben terbit padha tuku eceran, miturut Sri Handayani anggone ngedol Majalah Djaka Lodang saben minggune kurang luweh 120 eks Pratelane.Najan pelanggan tetepe Jumlahe 20 Pelanggan, sing patut kaacungi jempol nanging Sri Handayani klebu Wanita kang bakoh, ora wegahan, lan wanita kang tanggung jawab, bukti ne pelanggan sing cacahe 20 kuwi, dheweke kudu ngeterake ana ing pendhak pelanggane sing daleme mlencar-mlencar, ana ing wilayah Kota Yogyakarta, Sleman lan Bantul, Nalika DL pitakon Sri Handayani paling Adoh kudu ngeterake Majalah Djaka Lodang ing pelanggan pidalem endi ? Sri Handayani kanthi ngusap bathuke ngelap kringet kang dleweran ana ing pasuryane banjur ngandharake \" Pelanggan Kula engkang paling tebih niku, daleme wonten wilayah Sleman iring ler, daerah Denggung Mas, nanging mbok tebiha, kula kedah tanggel jawab nganter, pelanggan menika kangge kula anggep Raja, kedah pun service kanti becik \" . Andharane marang DL.Sri handayani nambahi andharan menawa Rejeki kuwi embuh sithik embuh akeh wajib disukuri, tambahe.Wektu iki Mangsa rendheng, saben dina sasat udane ora leren, kanggo nanggulangi gawan majalah Djaka lodang ora kudanan, awit menawa majalah Djaka Lodang kudanan wis mesti dadi bubur, ature Sri Handayani karo Ngguyu marang DL, DL mung melu ngguyu karo ngangkat topi, tandha DL menehi hormat awit perjuangane Agen Sri Handayani sing wis melu ngrembakake Majalah Djaka Lodang , najan penulis DL ora nganggo Topi.Ing pangajab garwa kinasih Sigit Triwiyono iki bisaa Djaka Lodang tetep bisa dadi majalah siji-sijine media basa jawa sing istimewa lan duweni kualitas ana ing rubrik-rubrike saben minggune, Djaka Lodang tetep bisa bakoh, bisa bertahan lan ngrembaka ana ing lakune seka taun mataun, Pangajabpe.Ora beda karo Agen Djaka Lodang, Tri Suryani Supersuma Andayani, sing pidalem ing Sentolo Kidul RT 22 /11, Sentolo Kulon Progo.Wanita sing wis peputra 3 ( 2 Sri Handayani nalika foto karo pelanggane (foto: Ist)Wanita Kuwat, Pejuwang Kanggo Djaka Lodang


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 43putra kandung , 1 putra angkat ), wektu DL pitakon wis pirang taun anggone dadi agen Majalah Djaka Lodang \" kula nerasaken bapak kula Mas, menawi sampun pinten taun dados Agen, kirang langkung sampun 32 taun \", pratelane garwa kinasih Pak Parno ( alm ) marang DL.Sabanjure Tri Suryani menehi keterangan ora beda kaya Sri Handayani, wektu iki pelanggane cacahe 45 pelanggan, nanging anggone dodolan eceran kelebu apik, para pelanggane rata-rata ana ing wilayah lingkup Kecamatan Sentolo , sing paling adoh? \" daleme pelanggan Kula engkeng paling tebih njeh namung wilayah saudi Sedayu Poplang Porjo ( Purworejo )\" andharane Wanita klairan 14 April 1967 iki , sak suwene mlaku dadi agen, rumangsa seneng, awit bisa duwe tambahan hasil kanggo kebutuhan putra-putrine, Eloke Tri Suryani iki sak suwene mlaku dadi agen, rumangsa seneng, awit bisa duwe tambahan hasil kanggo kebutuhan putra-putrine, Eloke Tri Suryani iki najan kelebu wanita \"singgle peren\" kudu ngrampungi kebutuhan saben dinane lan ngragati pendidikan putra-putrine ora tau kumecap sambat, bab kuwi dadi pitakone DL, piyambake kanti esem paring jawaban \" Sedaya niku menawi dipun lampahi kanti, raos engkeng sabar, Ihklas lan manah engkeng remen, sedaya saget lumampah sae kok Mas, kajenge Gusti Alloh engkeng paring biji, kaliyan k e t e m e n a n i p u n anggen kula ngusada gesang kangge larelare kula \" DL krungu jawabane Tri Suryani kaya ngono kuwi dadi melu trenyuh, nanging penulis rumangsa ana tambahing ngelmu urip, jempol 2 kanggo para wanita pejuang kanggo Majalah Djaka Lodang.Ing Purnane wawancara Karo DL, Tri Suryani duweni pangajab bisaa Majalah Djaka Lodang ing lakune sing wis meh 52 taun iki bisa tambah Ngrembaka lan tambah di tresnani marang para maos kelebu pelanggan-pelanggane, Tri Suryani uga duwe pangajab menawa ana pelanggan anyar sing ana ing wilayahe bisaa di diparingake karo dheweke, Tri Suryani tansah Siap! nganter majalah Djaka Lodang kanggone para pelanggan Anyar, Pratelane. Menawa wanita klairan Sleman, tgl.2 Febuari 1960 iki asmane Lucia Haryani, awit kesibukane Lucia Haryani Ora bisa menehi keterangan bab Data pelanggane marang DL, nanging DL tetep menehi apresiasi kang dhuwur kanggo Lucia Haryani, awit wis melu nyengkuyung lan ngrembakake Majalah Djaka Lodang, marang DL piyambake mung paring keterangan menawa wis wiwit taun 1990, anggone dadi Agen Majalah Djaka Lodang, rikala garwane isih sugeng uga kelebu Agen Djaka Lodang, dadi tekan seprene Lucia Haryani wis ngabdi dadi Agen Djaka Lodang suwene 32 taun.Ora Lali saka pimpinan Redaksi Djaka Lodang Kuswinarni, ngaturake panuwun kanggo para wanita-wanita kuat sing wis melu berjuang kanggo Majalah Djaka Lodang, ing pangajab Kuswinarni ngaturake mugo-mugo hasil saka Djaka Lodang sing ora sepiraa kuwi bisaa dadi berkahing keluwarga, Aamiin Aamiin YRA.B A R I / DLTri Suryani nalika siap-siap ngeterake Majalah Djaka Lodang ana ing pelanggane(foto: Ist)Loper lan agen Djaka Lodang Ibu Lucia saka wilayah Moyudan lagi ngayahi pakaryane (foto: Suhindriyo)


44 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe Warta RingkesDinas Pariwisata Kulonprogo nggandheng Dewan Pimpinan Daerah Perhimpunan Usaha Taman Rekreasi Indonesia (DPD PUTRI) DIY nggelar acara Safari Pariwisata Kulonprogo 2022. Acara diadani ing Desa Wisata Segajih Hargotirto Kokap Kulonprogo dina Jemuwah-Setu 1819 Nopember 2022. Talkshow pariwisata ing Griya Budaya Segajih rikala dina Jemuwah 18 Nopember 2022 dirawuhi Ketua DPD PUTRI DIY Gusti Kanjeng Ratu Bendara, Kepala Dinas Pariwisata K u l o n p r o g o Joko Mursito SSn MA, PT Angkasa Pura II, Asisten Perekonomian Pembangunan lan Sumber Daya Alam Pemkab Kulonprogo saha tamu undhangan.Ketua DPD PUTRI DIY Gusti Kanjeng Ratu Bendara ngendika Safari Pariwisata Kulonprogo 2022 diajab bisa ngenalake pariwisata Kulonprogo berbasis masarakat. Kaangkah jejaring pariwisata kayata tour travel, hotel, lsp saha calon investor bisa bebarengan desa wisata ngembangake pariwisata ing Kulonprogo. Kanthi masarakat kang isih nggegem kenceng patembayatan agung saha panorama alame kang endah nengsemake, bisaa ningkatake gunggung wisatawan kang rawuh saha suwene wisatawan plesir lan nginep, satemah bisa ngangkat kesejahteraan ekonomi masarakat Kulonprogo.Dene Kepala Dinas Pariwisata Kulonprogo Joko Mursito SSn MA ngandharake ing acara Safari Pariwisata Kulonprogo 2022 uga dikepyakake Wayang Wisata Istimewa minangka sarana edhukasi wisata kang dieloni udakara 75 seniman Kulonprogo kanthi bintang tamu Rio Srundeng Angkringan saha Ari Purnomo Angkringan saha dhalang Irfan lan Rivan saka Ngargosari Samigaluh Kulonprogo.* [Sumarno]Safari Pariwisata Kulonprogo 2022 GKR Bendara (tengen) nalika mirsani bazaar UPPKA Istimewa Kulonprogo ing Segajih Hargotirto Kokap Kulonprogo. (Foto: Ist)Dewan Pimpinan Pusat (DPP) Forum Tutor Pendidikan Kesetaraan Nasional (FTPKN) ngadani Rapat Kerja Nasional (Rakernas) kapisan mapan ana Hotel POP Timoho, Yogyakarta saka tanggal 11-13 November 2022 kapungkur dieloni dening utusan pengurus DPP, DPD lan DPC FTPKN sa-Indonesia. Ora kurang saka 130 pasarta kang melu kanthi tema Rakernas “Komitmen Tutor Indonesia Mensukseskan Penerapan Kurikulum Merdeka”. Rakernas kabuka dening Plt. Direktur PMPK Kemendikbud Ristek RI, Aswin Wihdiyanto, S.T, M.A kanthi virtual, diestreni Asisten I Sekda Kota Yogyakarta Drs. Yunianto Dwi Sutoto makili Pj. Walikota Yogyakarta, Pengurus DPP-FPTKN, Kepala Dinas Pendidikan Pendidikan, Pemuda, Olah Raga Kota Yogyakarta, Kepala BPGP DIY, sarta tamu undangan liyane mapan ana Ruang Bima Komplek Kantor Balaikota, Yogyakarta.Ketua Panitia Rakernas DPP-FTKN, Rohmat Nurhadi, atur palapuran menawa Rakernas kejaba kaisi kanthi seminar babagan “Implementasi Kurikulum Merdeka” bakal ngrembug babagan evaluasi kegiyatan, program kerja sarta nyiapake bahan kanggo ngadani Munas. Dene tujuane kejaba pinangka amanat organisasi, uga pinangka kupiya kanggo ngundhakake kompetensi para tutor pendidikan kesetaraan anggone bakal nindakake kurikulum merdeka.Ana kalodhangan pambukaning Rakernas kasebut uga kaisi kepyakan kanthi simbolis arupa pasrah kain batik seragam Forum Tutor Pendidikan Kesetaraan Nasional (FTPKN), Kartu Tanda Anggota (KTA) sarta buku karyane para tutor dening Asisten I Sekda Kota Yogyakarta, Ketua DPP FTPKN Lilik Subaryanto sarta Kepala BPGP DIY.Rakernas kang uga kaisi seminar kasebut nyakup babagan ‘Kebijakan Kurikulum Merdeka’, ‘Implementasi Kurikulum Merdeka Pendidikan Kesetaraan’, ‘Platform Medeka Mengajar untuk Pendidikan Kesetaraan’. Banjur kaisi babagan Latihan Kepemimpinan lan Managemen Organisasi (LKMO) mligine babagan kepemimpinan, AD/ART, managemen organisasi, Kelompok Kerja Tutor (KKT), KTA, sidangsidang komisi lan siding pleno sarta rekomendasi asil Rakernas.Pambukaning Rakernas kagelar tari gambyong dening warga belajar Paket B PKBM Bima Mandiri Sleman, sarta tari ‘Profil Pelajar Pancasila’ dening para tutor. Dene pinangka rerangken Rakernas kaisi kanthi pameran produk lan bursa asil karyane warga belajar pendhidhikan kesetaraan, sarta olah raga lan rekreasi dening para pasarta menyang dalan Malioboro. (Nug/DL)Rakernas DPP-FPTKN ing YogyakartaRakernas DPP-FPTKN ing Yogyakarta (Ft. Nug)


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 45Kalurahan Segoroyoso, Kapanewon Pleret, Kabupaten Bantul sawijining kalurahan kang dumunung ing pojok saka Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Apa maneh menawa dideleng ing peta Kabupaten Bantul. Wetane iku wis Kapanewon Dlingo. Wetan Kapanewon Dlingo wis wewengkon kabupaten liya. Kalurahan Segoroyoso nyakup sangang padhukuhan. Paling kidul kulon-dhewe iku Padhukuhan Dahromo II. Padhukuhan kasebut adu kikis kalayan Padhukuhan Sindet, Kalurahan Trimulyo, lan uga wewatesan kalayan Kapanewon Imogiri.Durung suwe iki padhukuhan kasebut kasil mbangun dalan sing dawane nyandhak 205 m. jembare 3,5 m. Dadi nek dietung ukurane 715 m2. Pembangunan dalan ikil nggunakake corblock. Ngentekake wragad 75.000.000,00 (pitung puluh lima juta rupiyah). Wragad semono mau dijupuk saka anggaran BKK lan swadaya masarakat kang ora sethithik.Menawa dideleng ekonomi wargane, dudu ekonomi kelas menengah ke atas. Ewasemono bisa ngecakake dana kang ora sethithik. Padhukuhan kang saperangan lemah peperengan iku darbeki dhukuh kang peng-pengan.Ubet anggone “nglobi” bebadanbebadan kang pancen saguh biyantu pembangunan ing wilayah pojok Kalurahan Segoroyoso iku. Dhukuhe pancen isih timur nanging wis bisa nyeraki piyayi-piyayi golongan “papan atas”.Pak Dhukuh iki uga kondhang minangka piyayi kang ora gelem mandheg. Tansah mbudi daya amrih rakyate makmur “sejahtera’Nalika ana musyawarah rencana pembangunan desa, namung panjenengane kang kritis marang asiling keputusan kang wus dadi cengkorongan APBKal. Mula tekan kabupaten, ing kalangan Pandu utawa paguyuban dhukuh sa-Kabupaten Bantul klebu dhukuh kang tansah dipetungkake.Pembangunan dalan ing Padhukuhan Dahromo II wingi dipungkasi kanthi tasyakuran. Tasyakuran iku diadani ing dina Setu Paing, 12 November 2022 utawa 19 Bakdamulud 1956 Ehe. Ora keri ing malem tasyakuran iku warga masarakat Dahromo II mligine lan Kalurahan Segoroyoso umume dicaosi panglipur awujud ringgit wacucal sedalu natas. Rehning tasyakuran pembangunan, mula lakon sing dijupuk yaiku Semar Mbangun Kayangan. Lakon kasebut dibabar dening Ki Dhalang Sumarno Purbocarito, saka Padhukuhan Gari, Kapanewon Wonosari, Kabupaten Gunung Kidul.Tasyakuran iku tambah regeng awit diestreni dening anggota Dewan Perwakilan Rakyat Kabupaten Bantul uga saka Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Ora keri uga digayengake nganggo “bintang tamu”. *[Komarudin]Semar Mbangun Kayangan Mungkasi Adicara PembangunanBapak Lurah paring sabda pangandika.(Foto: Komarudin)Ki Dhalang ngasta Kyai Semar.(Foto: Komaruddin)


46 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 EheLiputanSawise sepi meh rong taun amarga anane pandhemi Covid-19, lapangan (sirkuit) ‘Pacuan Kuda’ ing komplek Stadion Sultan Agung, Bantul dina Minggu (27/12) kapungkur bali rame maneh bareng diadani kajuaraan ‘Pacuan Kuda Piala Hamengku Buwono X’ kaping 12 taun 2022 kang dieloni dening 157 jaran saka 10 daerah sa Indonesia sarta disekseni dening ewon wong kang seneng marang ‘pacuan kuda’ saka laladan DIY, Jawa Tengah, Jawa Timur uga daerah liyane.Kajuaraan ‘pacuan kuda’ kang diadani dening Pordasi DIY tembayatan klawan Dinas Pariwisata DIY kasebut kabuka kanthi resmi dening Kepala Dinas Pariwisata DIY, Ir. Singgih Raharjo, MED sineksen tamu undangan saka Ketua Umum Pengurus Daerah (Pengda) Pordasi DIY, Kanjeng Pangeran Haryo Yudanegara, Paniradya Pati DIY, Aris Eko Nugroho, Kepala Badan Pengelola Keuangan lan Aset (BPKA) DIY, Wiyos Santosa, wakil saka Forum Komunkasi Pimpinan Daerah (Forkompimda) Bantul dalah tamu liyane.Ana kalodhangan kasebut Wakil Ketua Umum Persatuan Olah Raga Berkuda Seluruh Indonesia (Pordasi) DIY kang uga Wakil Ketua Penyelenggara, Dr. drh. Yuriadi, MP paweh palapuran menawa kajuaraan dumadi saka 21 balapan (race) kanthi nyedhiyani bebungah arupa dhuwit gunggung RP 224 yuta, sarta juwara utama kanggo balapan 2.000 meter bakal nampa piala bergilir Piala Raja Sri Sultan HB X.‘Sirkuit Pacuan Kuda’ ing komplek Stadion Sultan Agung, Bantul mono nduweni dawa 1.200 m sarta ana 12 lintasan, kang wis digenepi nganggo kamera video lan layar amba ing sangarepe tribune satemah bisa kanggo nyawang lakune balapan sing lagi Kajuwaraan ‘Balapan Jaran Piala Raja HB X’ ka-12Jaran mlayu saka garis start (Ft. BamNug)Ketua Panitia M Burhanudin masrahake Piala Raja HB X marang HM kang duwe jaran (Gambar tengah)(Ft. BamNug)Jaran Eclipse Stable juwara 1 kelas umum 2.000 m (Gambar ngisor) (Ft. BamNug)


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 47lumaku dening para penonton mligine kang lungguh ing tribune uga penonton liyane. Kejaba iku penonton uga bisa nyawang playune jaran saka bageyan dhuwur Stadion Sultan Agung sing ana sawetane sirkuit. Ora nggumunake menawa penonton rumangsa padha seneng lan krasan nyawang lakune balapan, satemah nganti rampung lumakune balapan saka esuk tekan sore penonton tetep isih akeh. Apamaneh panitia uga paweh kalodhangan kanggo bakul panganan lan minuman padha mbuka dagangane, dadi penontonn ora kuwatir kaluwen utawa ngelak.Bab kasebut pancen wis laras karo ancas tujuane kajuwaraan yaiku saliyane bisa antuk bakal calon atlit-atlit anyar ana olah raga ‘pacuan kuda’, uga kanggo narik para wisatawan pada teka ana DIY maneh kejaba kanggo ngundhakake ekonomine rakyat. Jalaran anane ‘pacuan kuda’ bisa nambah daya tarik wisata ing DIY saliyane wisata kang wis ana yaiku wisata alam lan wisata budaya, ngono tambahe katrangan saka Kabid Industri Pariwisata Dinas Pariwisata DIY, Fitri Diah Wahyuni.Quana Eclipse21 Race (balapan) kang katindake nyakup kelas 800 meter, 1.000 meter, 1.300 meter, 1.800 meter dan 2.000 meter dene saben balapan dieloni paling sethithik 4 lan paling akeh 11 jaran kabage ing kelas-kelas kayata kelas I 1.000 m, kelas F, G, H 1.000 m, kelas A sprint 1.300 m, kelas B sprint 1.200 m, kelas C sprint 1.100 m lan kelas D sprint 1.000 m. Saliyane iku ana kelas D 1400 m, kelas perdana 600 m, kelas perdana 800 m, kelas remaja 3 taun 1.400 m, kelas calon derby 3 taun 1.600 m, kelas mini B 1000 m lan pinangka balapan kanggo nggayuh Piala Bergilir Raja HB X yaiku kelas umum kang dieloni 4 pasarta dumadi saka jaran 1Artha 999 (Jateng), Super Star (DIY), Gagak Lumayung (Jateng), lan Quana Eclipse (Jateng). Kang kasil dadi juwara 1 (Quana Eclipse, Jateng), juwara 2 (Super Star, DIY) lan juwara 3 (Gagak Lumayung,Jateng). Kanthi mangkono Quana Eclipse, Jateng) kasil mboyong Piala Raja Sultan HB X ka-12.Kasil dadi juwara kayata kanggo kelas Sprint 1.300 m pinangka juwara 1 (Galgara, Jateng), juwara 2 (Super Bachama, Jabar) lan juwara 3 (Ice Man, Jateng). Dene kelas Derby 3 taun 1.600 m yaiku juwara 1 (Bintang Maja, Jabar), juwara 2 (Al Ward, Indramayu) sarta juwara 3 Dariva (Jateng). Para juwara nampa tropi dan bebungah arupa dhuwit kang dipasrahake dening panitia. (Bambang Nugroho/DL)Kuda mlayu sineksen penonton (Ft. BamNug)Tropi Bergilir Piala Raja HB X (Ft. BamNug)


48 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe


Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 49PanggungIng sela-selaning gelaran kethoprak ing Dhukuh Pajangan, Kalurahan Sumberagung, Kapanewon Moyudan, Kabupaten Sleman, DI Yogyakarta, tanggal 28 Oktober 2022 kepungkur ratu panggung Ratna Monica, ngladeni Djaka Lodang kanggo wawancara. Wiwite Djaka Lodang ora ngira menawa Ratna sing wengi iku dadi primadona sajrone pentas kethoprak rakyat iku pranyata wektu-wektu kepungkur akeh ngladeni job minangka penyanyi dhangdhut lan campur sari. Diwiwiti taun 2001 nalika isih sinau ing bangku SMA wis munggah panggung ing Pura Wisata minangka penyanyi dhangdhut bebarengan OM Kalingga. Banjur diterusake yasa album lagu dhangdhut Mabuk Janda, terus taun 2004 gawe album kompilasi Kalimantan Timur kanggo Kabupaten Kutei Kertanagara,. Taun 2006 wiwit gawe album-album kompilasi dhangdhut lan campur sari bebarengan karo Dunia Record. Ing taun 2006 uga Ratna hijrah menyang Jakarta lan isih terus makarya minangka penyanyi sarta host ing stasiun TV Matrixs. Taun 2016 bali Wates, Yogyakarta, nanging vacuum watara rong taun temah lagi taun 2018 dadi penyanyi maneh lan taun 2021 lagi mlebu sanggar kanggo nresnani seni panggung kethoiprak tekan wektu iki.Senajan lagi setaun mlebu donyane seni kethoprak nanging Ratna sing saiki lenggahe ing Jogoyudan, Wates, Kulonprogo kuwawa dadi magnet tumrap penonton. Lire, senajan lagi setaun kiprah ing donyane kethoprak nanging wus kuwawa manjing minangka sripanggug sing ndudut ati. Ana dudutan mungguhe wus gandhes luwese Ratna nindakake jejibahane yaiku krana pengalaman kepungkure sing ora uwal karo donyane panggung. Jejibahan minangka sripanggung ing pagelaran dhangdhut lan campursari ora adoh kahanane karo seni panggung minangka seniwati sajrone seni kethoprak. Bedane, menawa gelaran panggung dhangdhut lan campur sari luwih nengenake tetembangan, dene ing donyane seni panggung kethoprak asipat ngabehi. Lire, seniwati kethoprak kejaba kudu wegig nembang lan ngetutake wiramane gamelan uga kudu blater olah gunem sing muyege ora kalah ditandhing nalika kiprah ing donyane seni sandiwara kaya drama lan sinetron.Amarga kabisane mumpuni mula tumrap Ratna Monica utawa asring uga diceluk Ratna Wijayanti makarya minangka seniwati kethoprak apadene penyanyi campursari bisa dilakoni bebarengan. Lelorone padhadene mlebu ing donyane seni hiburan ( e n t e r t a i n m e n t ) . Wanita sing lagi mekar pamore iki diajab saya gawe semuwane donyane seni hiburan ing panggung rakyat minangka seniwati kethoprak apadene panggung campursaridhangdhut. Luwih-luwih krana album lagune wus cukup akeh tebane jangkahe bakal sangsaya jembar. Nalika tulisan iki lagi ditulis, Monica ngirim lagulagu ing albume marang Djaka Lodang sing uga wis diunggah liwat youtube.Miturut Ratna, seni panggung kethoprak bakal isih tetep oleh kawigaten gedhe saka masarakat marga tontonan iki dadi tontonan komplit nyakup seni tembang lan seni gunem. Kethoprak ora adoh karo donyane sandiwara kaya sing banjur nyurung mekar tumangkare seni sinetron. Tumrap Ratna, jangkahe isih jembar lan kalodhangane isih omber, temah tembene diajab dadi paraga seni sing manjila. Muga-muga. *(Willibrordus / DL)RATNA MONICASaka Dhangdhut- Campursari Menyang Panggung Kethoprak


50 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 EheGUYON FX. SubrotoSatleramanJejere ibu ing satengahe keluwarga kudu bisa dadi patuladhan tumrap putra-putrane. Minangka wong tuwa, ibu kudu duwe kesehatan kanthi cara ‘holistik’ (sakabehe) yaiku sehat jasmani lan sehat rohani. Sawijine ibu kudu bisa aweh rasa aman marang keluwarga lan putra-putrane kanthi linambaran rasa asah, asih lan asuh. Jejere ibu ana ing madyane bebrayan yaiku minangka ‘pendhidhik’ (asah), tansah aweh katresnan (asih) lan aweh panuntun (asuh) marang putraputrane. Mengkono andharane Niken Meilani S.Si.T., S.Pd., M.Kes., Ketua Tim Penggerak PKK Kecamatan Sawangan Kabupaten Magelang kang uga sawijine dosen ing Politeknik Kesehatan Kementerian Kesehatan Yogyakarta, magepokan karo ‘Hari Ibu’ sing dipengeti saben tanggal 22 Desember.Miturut andharane Niken Meilani, sawijine ibu minangka pendhidhik sajrone bale wisma (rumah tangga) kudu ‘pinter’ lan bisa ngupadi ngelmu kang migunani tumrap keluwarga. Kejaba kuwi, ibu kudu tansah aweh kawigaten marang owah-gingsire kahanan kang bisa mangaribawani panguripane balewisma lan tuwuh-mekare putra-putrane. Magepokan karo pambangunan karakter generasi mudha, sawijine ibu kudu duwe kapribadhen. Amarga polah-tingkahe ibu bakal diconto lan ditiru dening putrane.Sajrone upaya ngupadi lan nambah ngelmu, Niken Meilani nandhesake, sawijine ibu kudu seneng lan sregep maca buku, mbuh kuwi buku-buku fiksi apadene buku-buku non fiksi. Budaya literasi iki perlu dimekarake lan diajab bisa dadi pakulinan ing satengahe keluwarga. Kanthi mengkono, sawijine ibu bisa duwe wawasan kang jembar lan sugih kawruh. Bab iki bakal migunani kanggone ibu magepokan karo sakehe jejibahan ing keluwarga. Ing kene ibu kudu pinter ngatur wektu.Ing bab kahanan ibu (kaum wanita) wektu saiki diandharake, sawijine ibu ora mung mbangun dhiri lan keluwargane, nanging uga mbangun masarakat lan negara. Imbangan (kesetaraan) ‘gender’ wis diperjuangake lan sairing lumakune kahanan jaman, kaum wanita wiwit gumregah lan kasil mbuktekake ing sakehe sektor akeh kaum wanita kang ngayahi jejibahan kayadene kaum priya. Amarga, kaum wanita bisa dadi ‘aktor strategis’ sajrone pembangunan ing tataran desa, tataran kabupaten apadene tataran nasional.Magepokan karo mangsa pageblug Covid-19 kang saiki wis wiwit menda, jejere ibu gedhe lelabuhane tumrap keluwarga. Tegese, kejaba ngayahi jejibahan domestik (rumah tangga), ibu uga dadi ‘guru’ tumrap putra-putrane sing rikala semana kudu sinau lumantar cara online. Tugas-tugas sekolah sing diparingake dening guru marang putrane, ibu kudu melu mbiyantu ngrampungake. Ibu uga kudu bisa njaga kasarasan keluwargane sapaya kalis saka pageblug mau, kanthi nyawisake sarana kanggo ngudi kasarasan kayadene masker, sanitizer lan dhaharan kang sehat.Rikala taun 2021 kepungkur, Niken Meilani kasil nggayuh predikat ‘Bunda PAUD’ ing tataran Kabupaten Magelang lan Provinsi Jawa Tengah. Dene taun 2022 nampa piagam penghargaan ‘Bunda PAUD Tingkat Nasional’ minangka Teladan II. Piagam penghargaan mau kaparingake dening Plt. Direktur PAUD Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan, Komalasari M.Pd., ing Jakarta.*** (Amat Sukandar)Niken Meilani S.Si.T., S.Pd., M.Kes:Ibu Kudu Bisa Dadi Patuladhan Putra-PutraneNiken Meilani, S.Si.T., S.Pd., M.Kes (foto, Amat Sukandar)


Click to View FlipBook Version