Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 Ehe 51ngandhakake, merk cet, sing dienggo.“Yan, Yanti!” Ratih ngundang Riyanti, kanthi bisik-bisik, nalika gurune kursus, njingglengi ha-pe.“Ngapa?” sing diundang nyauri, kanthi bisik-bisik uga.“Saka rumangsaku, lho, lukisan sing kiwa dhewe kuwi, wajahe teka mirip wajahmu, ta,” clathune.“Ora, ah, genah poto kae ayune kaya ngana, teka dipadhakke aku! Ngenyek, pa?” gunemane, setengah gligak-gligik.“Tenan, lho! Yen rapercaya, coba takokna sing nglukis kuwi!” panjaluke. Riyanti sing ayune dipadhakake karo lukisan kuwi atine setengah bombong. Nanging nganti suwe, sing dikon takon ora metu ukarane.Nganti ambal nglukis maneh, Riyanti neng utege isih kemliwer ujare kancane. Kanthi rada nyolong kahanan, bola-bali, Riyanti namatake lukisan mau. Neng batine mojar, rumangsane kaya wis nate nyrawungi pawongan sing neng lukisan kuwi. Nanging, sapa? pikirane durung bisa nemokake. Tinimbang dadi pangangenangene, mengko menawa wektu nggambare wis entek, arep nyoba takon, cewek ngendi, sing dilukis kuwi. Jalaran dina kuwi sing kursus mung cacah loro, mula anggone mapanake cukup neng jero ruwangan, kang bisa kinaran studio nglukis. Menawa dina-dina liyane, pasartane diwenehi kamardikan ana papan ngendi anggone nglukis, waton isih ana kiwa-tengene omahe. “Badhe tanglet, Pak!” suwarane Ratih, nalika lelorone wis reringkes pirantine, arep bubaran.“Babagan menapa?” sing ditakoni, tambuh.“Nglukis potret, kados ingkang kiwa piyambak ngaten menika, menapa angel?” isine pitakonan.“Menawi nggambar utawi nglukis potret, menika, seketipun kedah tepat, kangge supados gambaripun, dados mirip. Ingkang langkung rumit malih, menawi sampun nyandhak tata cahaya.”“Dangu, Pak, rampungipun?”“Gumantung,” saure, cekak.“Gumantung dospundi?”“Nggih gumantung skillipun pelukis,” katrangane.“Caranipun, dospundi?”“Nggih kanthi asring ugi kathah latihan,”“Mbenjing Minggu, kula nyuwun dipun paringi materi nglukis potret, nggih, Pak!” sing kemrepyeg, isih suwarane Ratih. Dene Riyanti, mung ngrungokake, nanging batine nyathet sing diterangake.“Saget! Medianipun, menapa?” Marsono, miterang.“Nggih kados lukisan kiwa piyambak, niku!”“Menawi gadhah pepenginan kados ngaten, panjenengan mbenjing, kedah mbeta kanvas ugi catipun!”“Ingkang panjenengan lukis niku, tiyang pundi, Pak? Kula dugi kados sampun nate nyawang wajah menika!” ujug-ujug, Riyanti, nylethuk, micara.“Inggih, Pak, wajahe dugi mirip kalih Riyanti, niki?” sakala neng ruwangan utawa studione Marsono, krungu guyune wong telu, sing kaya semayanan mangkate. “Menawi ingkang tengenipun menika rak potret panjenengan ta Pak?” Riyanti mbatang. Sing diwenehi batangan ora ngluputake. “Upami modhel tatanan rambut, rasukan, ingkang dipun damel kados Riyanti saniki kintene mawon kathah ingkang mastani niku potrete Riyanti,” unine Ratih. Ora krasa Marsono uga rada nyawang lan mbandingake lukisane karo praupane sing diarani Ratih, mirip. Batine Marsono uga setengah mbenerake, nadyan ora satus persen. Ati utawa batine dhewe uga gumun yagene teka ana pawongan sing mirip karo lukisane.Jroning nggunakake wektu pungkase kursus, dumadi rembugan ngalor ngidul. Marsono uga nyandhak tekan lukisan sing padhadene dirembug ana ruwangan kuwi. Embuh krasa apa ora, embuh disengaja apa ora, Marsono kojah apa anane. Lukisan kuwi digawe wis ambal kaping loro. Sepisan rikala dhekne isih arep sekolah nggambar, sing keri, nalika dhekne lagi mulih saka Yogja. Dene sing dilukis, ujare kanca srawunge, sing rikala gawe lukisan kuwi ora nate kepethuk.“Wo, ngerti, aku, Yanti!” Ratih, ujug-ujug nylonong omong. “Piye?” sing dijak omong semaur.“Potret kuwi garwa utawa calon garwane!”“Ah, sok tahu!” sambunge Riyanti.“Garwa, napa calon garwa, Pak?” Ratih ndheseg takon.“Niku, sanes semah kula,” wangsulane.“Calon garwa, Pak? Napa, naming pacare?” Ratih, miterang.“Haa..?” unine Marsono, semu njomblak. [ana candhake]IjasahSambunge kaca 2Kanthi kawiwitan gelem nampa pasarta kursus putrane Pak Heru, sing kursus nglukis neng omahe Marsono saya akeh.
52 Djaka Lodang No. 29v 17/12/2022 Setu Paing, 23 Jumadil Awal 1956 EheMawrat crita saking penulis cacah 51Kandel buku 200 kaca Regi Rp. 75.000,- Amargi kababar winates sumangga ingkang kasdu saha remen dhateng crita jagading lelembut enggal pesen dhateng Redaksi Djaka Lodang Jalan Patehan Tengah No. 29 Yogyakarta Telp. (0274) 372950 WA. 087838224646Nyarengi Tanggap Warsa Djaka Lodang Kaping – 51 Tanggal 01 Juni 2022KababarANTOLOGI JAGADING LELEMBUTDjaka Lodang 1991-1994