Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 1 Tintingan BukuSETU L EGI, 17 SEPTEMBER 202162ROH MALING SENENG NUTHUK LAWANGNAPAK TILASPANGERAN PUGERPengamping Setiya Sunan Amangkurat IITRADHISITradhisi Merti KomboranIng Kalurahan Kricak
2 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 EheKasambung kaca 51Sadurunge mbacut kandha, Marsono nglungani papan lungguhe. Pamite arep menyang toilet. Iki saya gawe penasarane Sumi, ngrantu sing arep dikandhakake Marsono. Samungkure Marsono, Sumiati dikagetake karo tekane kanca loro cacahe. Sing teka ora liya sing aran Fitri, karo Pamuji. Ora elok, menawa Sumiati plongaplongo. Nganti sawetara suwe ora kumecap apa-apa, mung kamitenggengen, nyawang sing teka.“Hlo?” mung kuwi, semantane Sumi.“Hlo, apa halo, karep sampeyan kuwi, Mbak Sum?” semantane Fitri, semu ngguyu, kepara nyengenges.“Jare, arep bali nyang Slahung?” clathune, sawise Pamuji, Fitri lungguh ana ngarepe. “Acaraku gagal, Mbak Sum,” sambunge karo nyeleh gawane, neng meja warung sing diadhep. “Gagal piye?” “Nalika aku arep budhal mau, ana wong mara, nitip barang iki, ujare kanggo sampeyan,” katrangane. “Apa, kuwi?” takone semu kaget. Saka rumangsane, dhekne ora nate pesen apa-apa, marang sapa wae.“Ora weruh, aku. Aku rakya ora wani mbukak, wong iki kanggo sampeyan!” mandhese. “Sapa, sing titip?” pitakonan sing durung kober diwangsuli, ketrujel mlebune Marsono, neng warung meneh. Ngono maneh, sik disusuli karo ucape Marsono, sinartan ngajak salaman, ngucapake selamat ulang taun, marang Sumiati. Sing disalami njomblak lan krasa mak prinding, nemahi sarandhune awak. Durung mari njomblake, kasusul maneh, tangane Fitri ngelungake gawan sing digawa, karo mocap sing padha karo unine Marsono. Ora keri Pamuji, nyusul aweh ucapan selamat marang Sumi. Sumi dadi kaya wong bingung. Dhekne ora nggagas babar pisan, menawa dina iku mau, tanggal lan sasi kelairane. Ora krasa luh dleweran nelesi pipine, sing gembil. Fitri karo Pamuji, ngguyu ngakak, meruhi sikepe Sumiati.“Sing titip barang iki, ya Dhik Marsono. Kiraku wae iki hadhiyah ulang taun sampeyan,” jlentrehe.“Ben saya krasa meriah, becike, hadhiyahe, dibukak ana kene!” usule, Pamuji.Tangane Sumi, gemeter, nalika nyoba mbukak wungkusan sing jare hadhiyah ulang taune. Kahanan sing kaya ngono, njalari Pamuji ora sranta, nuli mbukakake, wungkusane. Isine wungkusan jebul lukisan, lukisan kanthi objek apa durung ana sing weruh, awit dening Pamuji, kanvas lukisane diwalik, ora kinawruhan sing padha menthelengi, pengin meruhi.Karo mocap siji, loro, telu, Pamuji, malik lukisane. Sing nonton njomblak, mligine Sumiati. Lukisane arupa praupane Sumiati, sing dilukis dhewe dening Marsono. Lukisane wis nyedhaki mirip, nganti sangang puluh persen. Sing dilukis datan kuwawa mocap apa-apa, tan liyane mung ngumbar luhe, mbanjiri, pipine.Wulan-wulan nyedhaki pungkasan taun 1977, uga pucuke taun ajaran taun semana, ana owah-owahan kang lelandhesan karo keputusane Mentri Pendidikan dan Kebudayaan. Ujian pungkasan pawiyatan mundur setengah taun. Yen sadurunge taun ajaran anyar diadani neng Januari. Rikala kuwi diganti Wulan Juli. Dadi sing kudune Desember wis kudu unggah-unggahan, rikala kuwi owah neng sasi Juli. Ateges Marsono, anggone sekolah STM, calone kanthi wektu telung taun setengah, lagi bisa oleh ijasah. Pangrasa bosene njingglengi buku, saya ndadra. Nanging sesambungane karo Sumiati, ora nate bosen.“Rong taun setengah maneh, awakmu wis dadi PPL, ya, Dhik?” aloke Marsono, nalika bareng mlakumlaku, turut pinggire Tlaga Ngebel.“Muga-muga, Mas, sekolahku, lancar!” ucape greget.“Kuliyahe, yen wis nyambut gawe, apa kuliyah dhisik nembe kerja?”“Kerja wae, Mas, dimen enggal ngrasakake tetuku nganggo asile dhewe. Yen sampeyan?” saut kasambung pitakone.“Jujur wae, bareng wektune sekolah diwuwuhi setengah taun ngene iki, aku saya males, sinau!” nggresulane.“Aja ngono, ta, Mas! Mesakake wong tuwa!” panemune Sumiati.“Kudune mesakake aku, ta! Angkan-angkan telung taun wis bisa nampa ijasah, kedadak diowahi, tatanane!” clathune.“Kudune rakya malah seneng, wong dadine mengko tambah mateng pikirane?” aloke.“Males aku sinau!” pupuse.“Hla pancen sekolah kuwi ya kudu sinau je. Ya ora oleh males!” sambunge Sumi kang laras aweh saruwe.“Aku mangkel jebul nggambar teknik kuwi ngremit!” nggresulane“Hlo, sampeyan wasis nglukis ngono lho!” aloke.“Kuwi rak nglukis dudu gambar teknik?” selake.“Kok biyen ora sekolah lukis 1305
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 3 CRITA SAMBUNG ................................ 2IjasahSRUMUWUS ....................................... 4BBMWAWASAN JRONING NEGARA............ 5Kutha Budaya lan SeniTOSAN AJI .......................................... 6Babagan Pamor DhuwungSASTRA & BUDAYA ............................. 7Modernitas serat Wedhatama Karya Mangkunegara IVWIRANOM........................................... 8Ahmad Warih NurlabibaPAGELARAN ....................................... 9Kamanungsaning UripPRIBADI BINUKA................................. 10H. Syaifudin, S.H.IBebarengan Masarakat Mbangun PotoronoPAWIYATAN......................................... 12AkhirussanahSD Unggulan ‘Aisyiyah Bantul’LAPORAN DHAERAH ......................... 14Bantul Museum Expo 2022WANITA & KELUWARGA .................16Supaya Tangga Dadi SedulurHERBAL............................................... 17Alang-AlangJAGADING LELEMBUT ........................ 18Roh Maling Seneng Nuthuk LawangKEMBANG SETAMAN........................... 19LIPUTAN ............................................. 20PAKASA Jepara Napak Tilas LeluhurIng Kabupaten SlawiPADHALANGAN................................... 22Kilat BuwanaCRITA RAKYAT..................................... 24Putri Mandalika Dadi CacingCERKAK............................................... 26Pangapura Kang Durung TelatWACAN BOCAH................................... 28Manuk Guweg, Kidang lan MacanAKSARA JAWA ................................... 29MACAPAT ............................................ 30Haornas 2022TEMBANG DOLANAN .......................... 30Baru KlinthingGEGURITAN......................................... 31BANYUMASAN .................................... 32Bensin Mundhak ManingOH LELAKON ...................................... 33Lelakone MukiyemPENGALAMANKU ............................... 34- Semaput- KlengerNAPAK TILAS ...................................... 35Pangeran PugerPengamping Setiya Sunan Amangkurat IILIPUTAN.............................................. 36Nikah Bareng Kang UnikEntuk Jodho Lumantar MediaLIPUTAN.............................................. 38Drs. PardiyonoGilangharjo Tumuju MasarakatKang Makmur SejahteraKRATON .............................................. 40 Beksan Gagrak NgayogyakartaTRADHISI............................................ 42Tradhisi Merti Komboran ingKalurahan KricakWARTA RINGKES ................................ 44WISATA ............................................... 46Relief-Relief ing Candhi MendutWASITA ADI ........................................ 49SATLERAMAN ..................................... 50Asih LestariSeniwati Kondhang Kang Mrambat Saka NgisorMajalah Basa JawaNgesthi Budi RahayuNgungak Mekaring Jagad AnyarKababar Seminggu SepisanTerbit saben dina SabtuPENERBIT PT DJAKA LODANG PERSAnggota SPS No. 66/1971/14/B/2002SIUPP: SK MENPEN NO. 109/SK/MENPEN/SIUPP/C1/1986 TGL 22 MARET 1986RacikanPelanggan saha sutresna Djaka Lodang, menawi kintunan DL boten dumugi alamat, kersaa paring katrangan lumantar sms utawi wa nomer: 0878 38 224 646Christine Oktavia Mirafiori (Jia Lee)Mahasiswi kang uga model lairan 26 Oktober 2001 iki duwe prestasi ing maneka seni sarta aktif ing maneka organisasi kayata Organisasi Kebudayaan Kamasetra bidang tari. Kenya ayu iki asmane Christine Oktavia Mirafiori (Jia Lee) nanging luwih akrab disapa Christine. Kejaba ing babagan tari, Christine uga aktif ing Komunitas Lingkar Studi Sejarah Arungkala (LSS Arungkala), sarta Freelance minangka model lan talent. Christine ngajak kaum mudha supaya bisa jaga lan ngrembakakake seni budaya warisan para leluhur.(Foto: Dok.Pribadi/Kalingga/DL)PENDhiri: H. Kusfandi [almarhum] & Drs. H. Abdullah Purwodarsono PEMIMPIN UMUM/PEMIMPIN REDAKSI: KuswinarniPEMIMPIN PERUSAHAAN: Tony Urat SitohangREDAKSI PELAKSANA: Drs. Suhindriyo REDAKSI: Drs. Suhindriyo Tatiek Poerwa Kalingga SEKRETARIS REDAKSI: Maria Nur CahyatiARTISTIK: Tri Listiyono, Wahyu Kadarsih, Lestari Setyani. KEUANGAN:Wiji SukartiPROMOSI & IKLANBariSIRKULASI:Sukarni HeruALAMAT REDAKSI/ADMINISTRASI: Jl Patehan Tengah, 29 Yogyakarta 55133 TELP./FAX. 372950Email: djaka_lodang @ yahoo.co.id SMS: 0878 38 224 646No. Rekening Bank :Bank Mandhiri KH A. Dahlan137-00-1034862-7a.n. PT Djaka Lodang PersBRI Cabang Katamso 0245 0100 2268 307a.n. PT Djaka Lodang • [BUKTI KIRIMAN SUPAYA KAKIRIM, LUMANTAR WA UTAWA EMAIL] • Rega Eceran Rp 13.000,00 [DIY], Rp 13.500,00 [jaban DIY] Rega langganan sesasi Rp 50.000,00 [4 x terbit] • Rega langganan sesasi Rp 62.500 [5 x terbit] • Langganan lumantar pos ing Pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp 10.000,00 lan sajabaning pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp 12.000,00 • iklan Rp 1.500,00/baris• Rega Iklan Display, Paket Sponsor Rubrik bisa sesambungan langsung marang bagian iklan • Foto dikirim file dhewe format TIF/JPEG 200 dpi. “Djaka Lodang” nampa sumbangan tulisan lan gambar saka para maos. Redaksi duwe hak ngowahi tulisan kang bakal dicetak tanpa ngowahi isi. Tulisan, foto, gambar lan sapanunggalane kang kapacak dicaosi sembulih. Kang pidalem ing Yogyakarta bisa mundhut langsung sembulihe seminggu sawise karyane kapacak. Tulisan kang ora kapacak dikondurake yen dikantheni perangko sacukupe. Tulisan bisa kakirim liwat email: [email protected]. Akehe tulisan watara 4.500 karakter (klebu spasi) format RTF (dudu doc).
4 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 EheKartun EditorialSrumuwusBBMDening : Ki Pandan AlasPungkasané, pamréntah ngumumaké rega BBM mundhak wiwit tanggal 3 Séptèmber, jam 14.30. Rega Pertalite saka Rp. 7.650,- dadi Rp 10.000,saben liter. Solar Subsidi saka Rp. 5.150,- mundhak dadi Rp6.800,- saben liter, lan Pertamax saka Rp. 12.500.- dadi Rp. 14.500.- Keputusan sing krasa angèl iki kudu dijupuk déning pamréntah amarga subsidi BBM Rp. 502 Triliun, bakal entèk Séptèmber iki. Lan yén ora ana subsidi, kudu ana tambahan subbsidi BBM Rp. 198 Triliun, nganti pungkasan taun 2022.Sebab apa BBM kudu mundhak regané? Amarga ada gangguan pasokan BBM minangka anané perang Rusia lan Ukraina sing diwiwiti tanggal 24 Februari 2022. Banjur ana kompetisi hegemoni ing Laut China Kidul antarané China lan Amérika. Konflik iki nyebabaké China nganakaké gladi perang gedhén ing perairan Taiwan. Latihan perang iki njalari gangguan jalur pasokan BBM internasional.Iki amarga pokalé Amérika kang mbangun image ing babagan common enemy, utawa ”mungsuh bebarengan”. Lan sing dianggep mungsuh bareng kuwi yaiku China! Kanthi nggawé common enemy iki, bakal nambah Amérika luwih populér ing donya internasional.Pamréntah Indonesia cukup ngati-ati anggoné nggawé keputusan kanggo mundhakaké rega BBM iki. Amarga nganti saiki dikira yén ana salah sasaran ing babagan subsidi BBM. Sejatiné subsidi BBM iki malah luwih akéh dinikmati déning masarakat tingkat menengah atas. Akéh wong mobilé apik lan méwah, nanging isih nganggo BBM Pertalite. Dadi senajan mobilé wis milyaran, nanging tetep milih tuku BBM sing murah. Mesthi waé iki banjur nyuda jatah kanggo masarakat sing sejatiné luwih pantes nampa subsidi, yaiku masarakat kelas menengah mengisor.Mula kuwi pamréntah luwih milih ménèhi subsidi langsung. Pamrèntah bakal menèhi bantuan Rp. 600 éwu kanggo saben kepala rumah tangga; suwéné 4 sasi ditujokaké kanggo 22,6 yuta jiwa. Banjur uga subsidi diwénéhaké kanggo 16 yuta pekerja.Muga-muga kanthi cara ménèhi langsung subsidi iki, bisa langsung tekan marang sapa sing pancèn kudu nampa subsidi. Kajaba iku, pamrèntah njaluk marang Pamrèntah Daérah supaya nggunakake 2% saka Dana Transfer Umum; kanggo nyengkuyung transportasi, uga kalebu ojék.Kekurangan BBM saben dina tansah saya tambah akèh. Lan penggunaan energi fosil wis wanciné kudu diganti karo Energi Baru dan Terbarukan (EBT). Pamréntah kudu wiwit mikir owah-owahan iki. Yén perlu nyedhiakake dana sing cukup kanggo risèt lan ngembangaké EBT, ora mung ngendelaké BBM sing saka energi fosil. Energi fosil iki saya suwé saya suda, lan uga ngasilaké emisi sing ngrusak hawa. Kanthi ngowahi dadi EBT, negara-negara ing saindenging jagad bisa ngirit luwih akeh babagan energi fosil, utawa malah ngalih menyang EBT, BBM kang luwih resik lan ramah lingkungan.Ana maneh cara liyané yaiku ngembangaké energi nuklir. Nalika mbiyén ana rencana arep nggawé réaktor nuklir ing Gunung Muria, nanging rencana iki ora diterusake. Mbok menawa dibayangi musibah Chernobyl tanggal 26 April 1986 lan Fukushima Daichi tanggal 11 Maret 2011. Musibah réaktor nuklir iki marahi sawetara negara dadi ragu-ragu, arep ngganggo tenaga nuklir minangka sumber listrik, kalebu Indonesia.Mundaké rega BBM iki mesthi bakal njalari rada ana gégér ing masarakat. Rega BBM iku ”pandeganing reregan” (price leader). Yén regané mundhak, kabéh rega bakal padha mélu mundhak. Apa manéh kita nembé waé uwal saka Pandemi Covid, ékonomi during jejeg. Mundhaké rega BBM bakal nyebabaké golongan masarakat sing bagéyan ngisor, nandang tekanan ekonomi sing abot lan ora gampang.Rega BBM kang mundhak iki, mesthi bakal marahi pro lan kontra ing masarakat. Ana argumentasi lan penjelasan sing dijléntrèhaké dening para ahli, ing babagané dhéwé-dhéwé. Mbanjur uga bakal ana unjuk rasa lan demonstrasi, amarga ora sarujuk karo mundhaké rega BBM. Muga-muga demonstrasi kuwi, ora mbanjur dadi anarkis. Apa manéh disusupi déning pihakpihak sing duwé agenda liya.Pungkasaning atur, muga-muga kita bisa cepet mentas saka masalah kang rumit lan marahi prihatin iki. Mangga sami-sami nyenyuwun mugi Gusti Allah, tansah paring ridha dumateng Indonesia. (KPA : 5 Sep 2022)
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 5 Wawasan Jroning NegaraDening Suhindriyo Kutha Budaya lan SeniUga Kutha Pelajar lan Kutha GudhegKejaba landhesan UU RI tanggal 15 Agutus 1950 kelungguhan miirunggan kang istimewa mungguhe Yogyakarta yaiku anane UU Keistimewaan Daerah Istimewa Yogyakarta kaya kang kamot sajrone Undang-Undang Nomor 13 Tahun 2012 tentang Keistimewaan Yogyakarta. UU Nomor 13/ 2012 menehi kewenangan istimewa marang DIY kanggo ngisi jabatan, kelungguhan, ayahan, lan wewenang Gubernur sarta wakil gubernur, kelembagaan Pemerintah DIY, kabudayan, pertanahan, sarta tata ruwang. Ngeblat marang UU RI tanggal 16 Agustsu 1950 sarta UU Nomor 13 Taun 2012 mula samesthine Yogyakarta minangka kutha budaya. Budaya kang sumbere saka Kraton Ngayogyakarta lan Kadipaten Pakualaman sing banjur mekar tumangkar lan lestari urip ing tengahe masarakat Daerah Istimewa Yogyakarta.Mungguh underane budaya kang urip lan tumangkar ing DIY iku ora uwal saka tradhisi Kraton Kasultanan Yogyakarta - Kadipaten Pakualaman sing nglungguhake budaya Jawa minangka sumber budaya kang adiluhung (beradab). Ing babagan unggah-ungguh utawa tatakrama / sopan santun, adat, seni, tradhisi, kagunan, kriya, kabeh iki ora uwal saka keblat sing punjere dumunung ing Kasultanan Yogyakarta lan Kadipaten Pakualaman minangka pancer. Budaya ing Daerah Istmewa Yogyakarta iku budaya sing urip lan mekar ing sajrone kraton lan tengahe masarakat sing ora bisa dipisahake saka tradhisi keistimewaan.Mula menawa Yogyakarta uga sinebut minangka kutha pelajar (Kota Pelajar) lan Kota Gudeg iku ora uwal saka lingkungan kabudayan sing terus urip lan tumangkar. Tekan wektu iki isih akeh papan sinau (sekolah) ing tataran SMP sing ngudokake siswane mangkat lan mulih sekolah ora diidinake nunggang sepedha montor marga isih klebu umurumuran sing durung bisa duwe surat ijin mengemudi (SIM). Kejaba aturan iki lelandhesan kukum sing aja dilanggar uga duweni tujuan sosial lan lingkungan krana siswa bisa mangkat lan mulih sekolah migunakake sepedha sing bisa ngraketake kekancan antarane siswa siji karo sijine. Akehe sepedha kanggo alat transportasi wektu kepungkur tekan wektu iki mapanake Yogyakarta minangka kutha sepedha. Semono uga isih akehe jajanan sing dikemunah nganggo masakan pawon klebu gudheg lan jangan lodheh mapanakle Yogyakarta minangka Kutha Gudheg lan Kutha Lodheh. Keistimewaan Yogyakarta sangsaya manjila menawa nyemak isih akeh seni adat, seni tradhisi, seni kriya, seni kerajinan, seni lakon, seni panggung, seni swara lan akeh seni liyane kang lelandhesan kabudayan Jawa sing tetep urip lan mekar ing lingkungan kraton lan tengahe masarakat Daerah Istimewa Yogyakarta.*Sumber wacan / warta / gambar:https://www.kompasiana.com/gneoga/550acfea813311ff63b1e471/yogyakarta-kota-budayahttps://www.iwarebatik.org/yogyakartacity-of-culturehttps://www.goodnewsfromindonesia.id/2018/10/28/kota-ke-lima-dengangelar-kota-budaya-asean-jatuh-padakota-kratongneoga/550acfea813311ff63b1e471/yogyakarta-kota-budayahttps://www.iwarebatik.org/yogyakartacity-of-culturehttps://www.goodnewsfromindonesia.id/2018/10/28/kota-ke-lima-dengangelar-kota-budaya-asean-jatuh-padakota-kratonGala Performance of The ASEAN Festival of Arts di Prambanan Open Air Theatre patang taun kepungkur (Rebo, 24 Oktober 2018) netepake kutha Yogyakarta minangka kutha budaya Perhimpunan Bangsa-Bangsa Asia Tenggara. Landhesan saka tetepan iki krana Yogyakarta sukses minangka kang kagungan gawe (tuan rumah) patemonan cacah loro yaiku ASEAN Ministers responsible for Culture and Arts Meeting lan 14th Asean Senior Officials Meeting for Culture & Arts and Related Meeting. Julukan kutha Yogyakarta minangka kutha budaya lan seni wis suwe rinungu secara ora resmi merga ana sing nganggep luwih kaloka kanthi julukan Kota Pelajar. Kejaba iku julukan Yogya kutha budaya uga wus mlebu sajrone tetepan Undang-Undang Republik Indonesia tanggal 15 Agustus 1950 kang ngesahake Yogyakarta minangka daerah istimewa sing duweni hak ngatur awake dhewe lan duweni budaya kanthi ciri-ciri mirunggan.
6 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe Tosan AjiAgus Wuryanto S.Sn, A FPSI*, Hon E HPPWPenasehat Pusaka Nusantara, Penasehat Wonosobo Heritage, Ketua Paguyuban Tosan Aji Pakuwojo, WonosoboBabagan Pamor DhuwungPamor dhuwung wujud-ipun warni-warni sanget, kejawi ingkang sampun kawula aturaken awujud gambaraning ron-ronan, sekar-sekaran, taneman ugi sato kewan, wonten maleh pamor ingkang awujud gambar rajah. Pamor punika kadamel ingkang maksud-ipun kangge mujud-aken donga katur Allah lumantar Pamor ingkang kaserat saha kadamel ing wilah dhuwung. Umumipun donga njeh sifatipun ihktiar, panuwunan punika saget mawi tata cara piyambak-piyambak, dene kabul mbotenipun sedaya sampun mutlak kersaning Allah ingkang Maha Agung, mboten nenuwun dateng sanesipun kejawi saking Alla Ingkang Maha Esa. Sedaya punika namung kangge seserepan pengetahuan, utaminipun babagan kabudayan jawi ing zaman para luhur rumiyin.Ing ngandap punika gambaraning pamor ingkang kapundut saking kitab “PAMORDOEWOENG” Pakem Doewoeng Angka II, babon asli saking Cirebon, katerbitaken 2e DRUK ing Solo 1935 :13. PAMOR MIKKRAPPamor punika pangagemipun para priyayi ageng, nggadahi donga saha pangajeng menawi pun agem dagang saget kaloka, saget kangge rencang kesah dateng sanes nagari, gampil pun tresnani para pangageng, saha napa panyuwunanipun bakal pun sedyani para panguasa. Pamor punika menawi pun beta dhateng lautan, lampahing prau langkung kebat, menawi pun beta ing ngalaga saget ngical rikala kaunus, tuwen saget kangge mbungkem mengsah saha sato galak. Menawi wonten padudon saget mbancarakaen wicara, nalika pun beta kesah rumaos kathah ingkang ngiringi. 14. PAMOR GEDONG MINGKEMIng ngandap punika Pamor Gedong Mingkem, nggadahi donga lan pangajeng menawi simpen arto saget mbantu pados tambah rejeki, saha pun tresnani para pawestri.15. PAMOR SIRATIng ngandap punika Pamor Sirat, nggadahi donga saha pangajeng sinten engkang nyepeng punika menawi dibeta ngawula bakal dipun tresnani ing Ratu. Menawi dados prajurit padangan aten, bakal karawuhan para priyagung, saha saget kathah garwanipun, dipun tresnani pawestri. 16. PAMOR PAKARIng ngandap punika pamor Pakar, sinten ingkang ngsta bakal pun ajrihi den mengsah, sanajan kathah mengsahipun saget kekes sedaya, saget ngiyataken anggen angkat junjung, Yen kangge damel saget murub, mboten kenging diwaneni dening sesami.
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 7 Sastra & BudayaSerat Wedhatama klebu anggitan kang cendhak kang mung ngemot 100 pada tembang macapat. Serat Wedhatama ngemot puwilang becik kang kena kanggo garan nglakoni urip kanthi cara budaya Jawa. Ana warna-warna piwulang ing Serat Wedhatama, kayata wong urip perlu nindake sembah lima, lan sanguning urip ing alam modern. Manut isining Serat Wedhatama, Kanjeng Pangeran Mangkunegara IV wis mlebu ing alam pikir modern. Kamangka wektu semana isih akeh wong kang adhedasar pikiran tradisional. Pikiran tradisional iku salah sijine isih ngandelake pangkat lan drajat priyayi. Mula isih akeh pawongan kang kerayaraya kepengin dadi priyayi. Akeh pawongan kang direwangi sekolah supayane bisa dadi priyayi luhur. Tegese dadi wong pangkat dhuwur, priyayi kang labuh utawa dadi abdine negara. Wektu semana Mangkunegara IV ngowahi cara pikir tradisional mau kanthi paring andharan yen ing jaman modern utawa jaman kemajuan iki wis ora patiya dibutuhake pangkat maneh. Supaya wong bisa kepenak uripe perlu nduweni sangu wirya, arta, lan winasis. Sangune urip kang arupa wirya iku tegese ngudi usaha murih antuking penghasilan utawa blanja kanthi tumemen. Kapindho arta tegese dhuwit.Tegese ing jaman modern pawongan kudu sregep anggone ngudi golek majune ekonomi utawa dhuwit. Sing sapa dhuwe dhuwit uripe bakal kepenak. Lan sok sapaa kang ora dhuwe dhuwit bakal kacingkrangan uripe. Mula saka iku, Mangkunegera IV ngendika saben pawongan ing jaman modern kudu nggolek dhuwit kanti temenan. Nalikane wong ora dhuwe banda donya prasasat uripe ora kajen babar pisan. Kena winastan aji godhong jati aking tegese isih aji godhong jati garing. Godong jati garing isih dhuwe manpangat kena kanggo mbuntel apa to apa. Nanging nalika wong ora dhuwe bandha donya babar pisan ora duwe pangaji. Kaping telune wong urip kudu winasis tegese duwe kapinteran. Kanthi kapinteran mau wong urip bisa kanggo garap golek dhuwit. Ora kudu dadi priyayi. Kepara bisa dadi pedagang utawa pengusaha kang asile luwih akeh tinimbang dadi priyayi utawa pegawe pemerintah. Winasis tegese duwe kapinteran kang lumantar kudu sekolah. Selagine duwe kapinteran utawa pengetahuan dheweke bisa golek pangan kanthi becik.Pikiran modern mangkono mau ditransformasekake ana ing novel Jawa modern kang asesirah Tri Jaka Mulya anggitane Hardjadisastra (1932). Telung pemuda kang duwe watak wirya, arta, lan winasis. Tundhone telung pemuda mau bisa urip kanthi becik. Kajaba saka iku pamikiran sangune urip wirya, arta winasis mau dijupuk minangka tema ing novel Gambar Mbabar Wewados karangane Djaka Lelana (1932) lan novel Gawaning Wewatekan karangan Kusumadigda (1928). Perubahan pikiran ing novel Tri Jaka Mulya dialami dening paraga Sujana. Wong Jawa modern wis ora ngandhalke drajat utawa kedudukan, nanging luwih nengenake semat utawa bandha. Drajating wong ditemtokake dening kapinteran lan dhuwit, dudu amarga kelungguhane. Ana ing novel Gambar Mbabar Wewados disebutake kaum mudha kang niru utawa orientasi marang pamikiran Barat gayut karo paham perlunye wirya, arta lan winasis mau. Perlune modal urip ing jaman modern arupa wirya arta lan winasis ing Serat Wedhatama kaya kasebut ing petikan ngisor iki.Bonggan kang tan mrelokake, mungguh ugering ngaurip, uripe tan tri prakara, wirya, arta, tri winasis, kalamun kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati aking, temah papa papariman ngulandara.Mula aka iku, wong modhern perlu sengkut anggone golek dhuwit. Para pedagang ora kalah kajen karo pegawai pemerintah. Kepara dadi pegawai pemerintah itu kalebu ing paribasan garang garing katone sugih nanging sejatine kropos ora duwe bandha kang nyukupi. Mula saka iku, jaman modern nuntut kabeh pawongan kudu ekonomi oriented, lan ora bener lamun wong Jawa isih tetep priyayi oriented. Mangkono mau kaya panemune Lurah Karangganjing anggone mbiji marang wong kang priyayi oriented mangkene.Sajake iya njenggarang duwe motor barang, nanging dugaku mburine kropos. Jaman wingiwingi mula nyata, drajat ngalahake semat, nanging jamanmu saiki dununging kajen keringan ana ing kapinteran lan dhuwit. Dadi panggolekmu nyang bandha iya kudu nggregut temenan, awit wis kawasesa dening kanan kering utawa kagawa saka jaman, kudu mangkono. Saiki tuladhane LandaLanda dagang, utawa tuan-tuan tanah, iku kajene ora kalah karo bangsane sing padha pangkatpangkat… (novel Gambar Mbabar Wewados, 1932: 16—17). Babagan manut alam pikiran modhern mau uga disebutake ana ing novel Gawaning Wewatekan karangan Kusumadigda (1928). Sinebut ing novel mau ana pemudha kang dadi priyayi utawa pegawe pemerintah kang tundhone metu saka gaweyane. Dheweke pilih mbukan usaha dagang utawa swasta. Pemuda kang aran Hartana mau bisa kasil dadi pedagang kang sukses. Dheweke niru usahane Tuan Ford ing Amerika kang suskses minangka wiraswasta. Kanthi niru sikape Tuan Ford mau Hartana lan Sujana bisa dadi penguasaha kang sukses. Kang nggumunake nalika semana Mangkunegara IV wis duwe pamikiran kang manjila kanggo sangu urip ing jaman kemajuan kang winastan wirya arta lan winasis.MODERNITAS SERAT WEDHATAMA KARYA MANGKUNEGARA IVDr. Pardi Suratno, M.HumBadan Riset dan Inovasi Nasional
8 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe WiranomSenajan wong-wong saiki akeh sing kuwatir awit anane bocah sing seneng nglithih, nanging pranyata isih akeh uga wiranomwiranom kang nggunakake wektune kanggo tumindak kang becik. Salah siji saka wiranom iku, yaiku Ahmad Warih Nurlabiba. Bocahe ya ora anteng banget, nanging ora nyemelangi. “Anak Baru Gede” kelahiran Ponorogo, Jawa Timur iki, saiki isih sekolah ing MANTAB cekakan seka Madrasah Aliyah Negeri Tiga Bantul. Mangkat lan mulih sekolah asring uga trima mlaku. Amarga omahe ora adoh saka sekolahane. Mulih sekolah udakara jam 4.00 sore, bocah kang celukane Warih iki nuli nerusake kegiyatan positife yaiku latihan yudo ing papan utawa daleme Bapak Dain Santosa. Papan kanggo latihan yudo mau aran Wira Mataram. Ing Wira Mataram uga diwejang bab budi pekerti. “Apa gunane duwe ngelmu bela diri kang mumpuni menawa mung kanggo sesongaran, dhuk dheng sama ladheng. Sapa wani aku. Kabisan bela diri iku kanggo ngayomi sing ringkih. Kanggo njaga menawa ana mungsuh sing arep munasika marang awake dhewe”, ngono ngendikane Bapak Dain kang tansah ditirokake dening murid-muride. Kanthi yudo iki, kekuwatane tansah digunakake kanggo kegiyatan-kegiyatan sing becik. Putra kinasih saka Bapak Anas Mahfudh lan ibu Siti Bahriyah pranyata wis kasil nggondhol pirangpirang medhali lan piala. Bocah kang banget ngajeni bapa lan ibu gurune iki ora keri anggone tansah ngudi ngelmu agama. Pak Anas Mahfudh pancen kena tinulad anggone nggula wenthah putraputrine. Warih kang tansah asih tresna marang adhine iki ora nate nggresula sambat kesel. Anane mung seneng lan seneng. Iku katon saka polatane kang tansah sumringah. Sorot mripat kang tajem, minangka pangeja wantah saka kekarepan kang tansah makantar-kantar. Remaja priya kang mung duwe adhi siji iki, pancen kena kanggo piandel tumrap pagurone, sekolahane lan tangga teparone. Bocah gantheng kang umure durung ana rong puluh taun iki, sedhela maneh bakal maju tandhing ing Pekan Olah Raga Daerah (Porda) lan uga Kejuwaraan Nasional (KejurNas). Kemenpora Cup. Ing Porda, bocah sing wiwit cilik pancen punjuling apapak mbrojoling akerep iki bakal makili Kabupaten Bantul. Dene anggone maju menyang KejurNas Kemenpora Cup makili Pengurus Daerah Yudo Indonesia. Lumantar kala warti iki, bocah kang sregep ngaji iki nyuwun pangestu supaya porda lan Kejurnas bisa sasab, mahanani aruming nama kutha pelajar. [Komarudin]Ahmad Warih NurlabibaAhmad warih Karo trophy kejuwaraan sing dimenangake (FT : Komarudin)
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 9 PagelaranTeguh Yuwono, S.S., M.M.Spiritualitas MotivationSpiritualis MotivatorPemerhati masalah spiritual motivasiKamanungsaning UripDawane titiktitik kuwi dadi garis. Dene garis-garis kuwi mbentuk bidang. Lan sabanjure bidangbidang kuwi mawujud ruang sahenggo dadi pribadi. Owahing pribadi karana anane ruh kang di sebulke Karo Gusti Kang Murbeng Dumadi ning awake manungsa kang isih dadi jabang bayi ing kandutan . Mulane manungsa kuwi dudu makhluk kang mlaku jroning laku spiritual, nanging makhluk spiritual kang laku jroning kamanungsan. Ruh kuwi manjing ana ing raga nanging ora dimangerteni ning sisih ngendi. Amarga ruh kuwi sejatine koridor limit manungsa. Sajatine sadurunge ruh disebulke nang awak wonten pitakenan saking Gusti : “Alastu birobbikum ?” (seksenana Aku iki Gustimu). Lajeng ruh menika wangsulan “Qoolu balaa syahidnaa ”(Njih leres kawula nyekseaken). Pramila salajengipun ruh menika dumunung wontening raga nglampahi lelakon kanthi laku ing linakonan dumugi samangke kondur dumateng Ngarsaning Gusti malih. Ruh menika pemantik owahing jiwa ingkang nggadahi unsurunsur : akal, rasa lan kekarepan. Kanthi akale manungsa nglakoni kekarepan sipat loro, dadi makhluk sosial lan makhluk individu. Dene kedudukane yo loro dadi makhluk pribadi lan makhluke Gusti. Mula, Gusti tansah Ngendika marang manungsa “afala ta’qilun” (gunakna akal sehatmu). Pramila sumangga gesang dipun tata kanthi titi supados tentrem mawi akal. Wondene rasa menika saget kagem ngraosaken uruping urip nyengkuyung tumindak utawi laku ing ngalam donya. Kadosta bungah lan laraning ati kang dirasake sakjroning rasa. Pramila tiyang gesang menika asring reraosan dumateng sapadhapadha tumujon jembarake ati. Dene kekarepan menika wujudaken anane panggayuh sing dipingini. Nanging boten kenging duwe kekarepan kang bebas sabebas-bebase. Kedah eling bilih sedaya menika wonten pungkasanipun, lan sedaya tumindak menika nggadhahi tanggeljawab. Gesang ing ngalam donya menika saged milih badhe dados menapa kemawon. Nanging sajatosipun perkawesipun menika sanes leres lan lepatipun pilihan, hananging konsekuensinipun ingkang kedah dipun mangertosi. Sumangga menawi nggadhahi alesan ingkang kiyat tumrap sinten kemawon ingkang nindakaken menapa kemawon, nanging kathah tiyang mboten gadhah alesan ingkang kiyat nampi kasunyatan ala utawi wursita wara ing samangke. Pramila sumangga sedaya tumindak ingkang sae ingkang sampun kalakonan dipun semelehaken (tawakal) dumateng Gusti. Boten wonten tiyang ingkang sampurna, nanging tiyang ingkang utami menika tiyang ingkang mangertosi bilih piyambakipun menika gadhah kekirangan saha kalepatan, nanging purun ndandosi sipat kirang lan lepat saben wekdal supados langkung sae. Sumangga milai nata rasa lan negesaken bilih kita menika hambanipun Gusti pramila sedaya tumindak kedah tansah ngelingi sapa ingsun, seka ndi lan arep nangdi. Wiwitane urip menika sanes rencacanipun kita piyambak, mekaten ugi pungkasaning urip njih sanes keputusanipun kita. Hananging tugas kita menika ngisi antarane wiwitan lan pungkasan sabecik-becike. Sapa nandur bakal ngundhuh. Sing sapa duwe pakaryan kang apik, migunani, mrayogani mesthi bakal ngundhuh kabecikan. Ngundhuh wohing pakarti. Mekaten ugi sing sapa duwe pemikiran apik lan tansah gawe wasita wara marang sapadha-padha njih dados pepadhang tumrap manungsa liyan, menika ateges ngundhuh wohing pakerti. Lan salajengipun sintena ingkang tansah reraosan lan ngraosaken perkawis sae temtu badhe wangsul kesaenan dumateng piyambakipun. Menika ingkang diarani ngundhuh wohing pekerti. Dados ngundhuh wohing pakarti, pakerti lan pekerti menika gumantung saking dospundi wiwitanipun. Niate apik dalane bener tumindake mrayogani lan migunani sampun menika sae saestu. Urip ki ora usah digawe sengsara lan direka-reka. Ndherek menapa kemawon ingkang dipun prentahaken saking Gusti tanpa nggresula. Tandhangi, syukuri apa anane, aja ana apane. Sumangga gesang ing kamanungsan, manungsake manungsa supados saget raket nyedulur lan gawe paseduluran mrayogani sapadha-padha. Nglumpuke balung apisah asah asih asuh tumrap tiyang sanes. Mekaten seratan menika mugia sedaya tansah karahayon lan kaprayogan. Nuwun. Trie
10 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe Pribadi BinukaBantul.Kolomnews com Kalurahan Potorono, kang dumadi saka 9 Padhukuhan, 84 Rukun Tetangga (RT). Wondene 9 Padhukuhan kasebut, antarane: Potorono, Prangwedanan, Salakan, Condrowangsan. Nglaren, Mertosanan Wetan, Mertosanan Kulon, Banjardadap, Balong Lor, Wondene ambane wewengkon Kalurahan Potorono 435,46 Ha lan cacahe pendhudhuk udakara: 12.072 jiwa utawa: 3.392 KK sing kaperang saka pendhudhuk priya: 6.030 jiwa lan pendhudhuk wanita: 6.042 jiwa. Kalurahan Potorono, minangka salah sawijine Kalurahan sing duwe potensi lan uga sinebut Kalurahan rintisan budaya sarta duweni papan plesiran kang awujud: Wisata Telaga Embung Potorono, Taman Dinosaurus Potorono Edupark, Balong Water Park sarta wisata reljji lan wisata kuliner liyane kang dikelola dening Pokdharwis bisa tumata kanthi becik. Temahan akeh wisatawan padha teka mirsani endahing embung sinambi ngrahapi panganan lan menu mangsakan olahan wong desa. Apamaneh saben preinan sekolah, riyaya para wisatawan sangsaya rame. Mula ora mokal, menawa Kalurahan Potorono kang mapane klebu pinggiran diwastani desa kang mengkutha utawa kuthane Banguntapan, Bantul, Yogyakarta. Kalurahan Potorono wiwit madeg nganti tumeka saiki pancen sangsaya maju lan ngrembaka, mligine babagan pembangunan fisik lan infrastruktur wis tumata lan warata tumeka saben RT. Nanging karana dina Jemuwah tanggql 2 September 2022 Lurah Prawata purna tugas bebarengan karo penetapan nomer urut Calon Lurah. Satemah sakehing program kerjane durung bisa rampung. Amarga ing dina Ahad Wage, 25 September 2022 Kalurahan Potorono nggelar Pemilihan Lurah serentak bebarengan 20 Kalurahan sa Kabupaten Bantul. Salah sijine warga kang pidalem ing Padhukuhan Mertosanan Kulon RT 01 Potorono, duwe krentek maju Calur asmane H.Syaifudin, S.H.I.Maju Calur tumrape H. Syaifudin, S.H.I utawa Pak Iput asmane akrab, Priya kelairan Bantul, 4 Oktober 1962 pancen ora bisa diselaki maneh. Amarga antuk panjurunge keluwarga uga panyengkuyunge masarakat sarta maneka kelompok sosial masarakat sa Kalurahan Potorono, murih ana kemajuwan. Kejaba kuwi Pak Iput uga pensiunan ASN sing ngasta minangka Pengulu ana KUA Piyungan. Tanggal 10 Oktober 2020 lan Pak Iput asmane akrab, uga tau dadi anggota BPD Kalurahan Potorono suwene sepuluh taun lan PPS kaping pindho (Rong Periodhe) rikala Pilpres, Pileg lan Pilkada (Pilbup/Wabup). Ketua Takmir Masjid Al Busyro. Ketua FKUB Antar Suku. Rohaniawan kang minisuda Panwascam Banguntapan uga tansah sengkut gumregut nindakake pakaryan ngrampungake lemah wakaf nganti tuntas.Pak Iput ngandharake klawan pawarta, rikala ditemoni ana daleme.Miturut Calur Nomer:2 H.Syaifudin,S.H.I. garwane, Ibu Hj. Kasinah, S.Pd. PAUD sing uwis peputra telu, Heny Fatmawati, ST. Evi Nurhalimah, SLB. Muh. Helmi Mustofa, AP. Uga wis kagungan wayah telu. Menawa anggone maju CaH. Syaifudin, S.H.IBebarengan Masarakat Mbangun PotoronoH. Syaifudin, S.H.I. CALON Lurah Potorono Taun 2022-2028.(Foto.Ist: Jono,Hana)
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 11lur duwe gegayuhan lan pangajab, kanggo Potorono luwih maju sarta ngrembaka. Ewadene gegayuhan (visi) kasebut, yaiku mujudake tata kelola pamarentahan kang becik, jujur, semangat, prasaja (transparan). Lan tanpa nerak saka pranatan hukum. Dene pangajab (misi) antarane: Nglayani sakehing kepentingane masarakat kang luwih becik kanthi menehi informasi sing dibutuhake masarakat kang migunani kanggo ningkatake kesejahteraan uripe. Kejaba iku, uga nyawisake sarana lan prasarana amrih bisa nindakake tugas pelayanan sing cepet, pener, bener lan trep karo aturan kaya sing dikarepake masarakat.Ngundhakake pembangunan dalan-dalan, wiwit dalan desa lan nuju lahan pertanian sarta dalan lingkungan. Uga ndandani lan ngoptimalake Bale Kalurahan Potorono murih luwih bisa tumata. Ngundhakake lan nata papan kanggo ngelola uwuh (sampah). Nata sarta ngundhakake papan plesiran (wisata) murih kanggo sinaon. Ngundhakake pembinaan lan pemberdhayaan para pemudha (Karang Taruna). Ngundhakake kerukunan antar umat beragama sarta suku lan golongan. Ngundhakake kinerjane para pamong lan stap, supaya luwih harmonis. Ngundhakake pelayanan Prima kanthi Nyiptakake sumber daya manusia (SDM) amrih anggone nglayani masarakat migunakake medsos kang tepat guna. Nyiptaake Sumber Daya Alam (SDA) supaya papan plesiran (wisata) sangsaya regeng. Nglestarekake seni budaya tradhisi kang ana ing saben Padhukuhan murih ora cures tumeka anak putu.Saben setaun pisan ngadani acara merti desa lan mengeti adeging Kalurahan. Gegayuhan (Visi) lan Pangajab (Misi), bakal ditindakake minangka program kerja sing diprogramake suwene njabat enem taun, sawise kepilih lan winisuda minangka Lurah Potorono taun 2022-2028.Kanggo bisa mujudake gegayuhan lan pangajab kasebut. Pak Iput lan keluwarga nyuwun donga pangestu sarta panyengkuyung swara ing TPS. Mula lumantar pamaos Majalah Basa Jawa Djaka Lodang mligine masarakat Potorono mahanani. Warga masarakat Potorono ora wigah-wigih milih Lurah kang amanah. Pungkasing pangandikan Calur Nomer:2 H. Syaifudin, S.H.I (Iput) Pawarta:Jono,Hana/DLCalur H. Syaifudin, S.H.I.rikala diwinisuda minangka Panwascam dening rohaniawan. (Foto.Ist: Jono,Hana)Calur H.Syaifudin,S.H.I foto bebarengan klawan garwa, putra lan wayah(Foto.Ist: Jono,Hana)Calur H. Syaifudin, S. H. I foto bebarengan klawan garwa.(Foto.Ist: Jono,Hana)
12 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe PawiyatanSD Unggulan Aisyiyah Bantul kang mapan ana ing Bantul Karang, Ringinharjo, Kapanewon Bantul, Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta 55712 durung suwe iki ngadani adicara akhirussanah kanggo siswa-siswi kelas VI. Akhirussanah minangka pratandha siswa wis paripurna anggone ngangsu kawruh ana ing SD Unggulan Aisyiyah Bantul wiwit kelas I tumeka kelas VI. Sasuwene enem taun siswa-siswi diparingi maneka warna ngelmu saka bapak, ibu guru lan karyawan. Kawiwitan saka maneka warna karakter siswa, ing pungkasane sinau ana ing SD Unggulan Aisyiyah Bantul dadi siswa sing duweni karakter sing becik lan bisa diconto tumrap siswa saka sekolah liyane. Ngelmu kang ditampa saka bapak ibu guru kanggo para siswa kayata ngelmu akademik lan non akademik katambah ngelmu kanggo bangun karakter siswa yaiku ngelmu aqidah, ngelmu akhlaq lan pakulinan ngibadah. Ngelmu kang diparingake iku duweni pangajab supaya siswa saparipurna lulus saka SD Unggulan Aisyiyah Bantul bisa nerusake lan dadekake pakulinan AKHIRUSSANAH SD Unggulan “Aisyiyah Bantul”Siswa diwisuda dening pangarsa SD Unggulan Aisyiyah Bantul. (Foto: Rohmadi)Siswa caos panglipur ana ing adicara wisuda.(Foto: Rohmadi)
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 13kang becik ana ing ngendi-ngendi papan. Kabeh siswa-siswi kelas enem kanthi gunggung 115 siswa dumadi saka 52 siswa lan 63 siswi wis nglakoni ujian sekolah teori, praktik akademik, praktik ibadah, ujian tahfidz juz 30 lan assesment standarisasi pendidikan daerah. Kejaba saka kuwi ana bab kang dadi bombonging ati, prestasi kang direngkuh ing taun pelajaran 2021/2022 iki SD Unggulan Aisyiyah Bantul minangka sekolah kang oleh biji ASPD paling apik Kapanewon Bantul.Akhirussanah mapan ana ing Joglo Yoso Palbapang, Bantul, Yogyakarta. Acara kawiwitan tabuh 13.00 WIB paripurna tabuh 17.00 WIB. Pranatacara miwiti adicara kanthi pambuka, pangandikan saka pimpinan dhaerah aisyiyah, pimpinan dhaerah Muhammadiyah, pangarsa Dinas Pendidikan Kabupaten Bantul, pangarsa SD Unggulan Aisyiyah Bantul, wakil saka tiyang sepuh lan wakil saka siswa. Kajaba saka kuwi uga ana pentas kreasi siswa kanggo ngre g e n g a k e acara akhirussanah ana ing taun 2022. Para siswa kanthi lir gumanti diwisuda dening pangarsa SD Unggulan Aisyiyah Bantul. Para siswa kaparingan ijazah minangka surat tandha lulus, maneka warna piagam lan piala kanggo menehi semangat para siswa kang wis bisa ngrampungake sekolah sasuwene enem taun. Suwardi, M.Pd. ngandharake bilih wontenipun “akhirussanah tahun 2022” menika nggadhahi pangajab ngaturaken para siswa dhumateng tiyang sepuh awit sampun paripurna lan sampun pitados ngangsu kawruh wonten ing SD Unggulan Aisyiyah Bantul. Sinau ing pawiyatan supaya siswa lan siswi ing pawiyatan SD Unggulan ‘Aisyiyah Bantul duweni wawasan babagan ngelmu akademik lan non akademik, wawasan kabudayan Jawa lan ngelmu agami kang pinunjul. Kajaba duweni ngelmu babagan akademik uga ngerteni babagan kabudayan Jawa kang adiluhung. Muga-muga siswa-siswi jaman saiki tetep duweni unggah-ungguh kang becik tumrap bapa/ibu lan tiyang sanesipun. Uga kanthi wontenipun “akhirussanah tahun 2022” minangka pratandha siswa wis purna amarga wis ngrampungake sinau ana ing SD Unggulan Aisyiyah Bantul lan bisa dadekake para siswa lan siswi tresna marang teknologi modhern, kesenian-kesenian Jawa uga ngelmu agama kang bisa kanggo sangu paripurna ngangsu kawruh ana ing pawiyatan SD Unggulan ‘Aisyiyah Bantul. Menika sedaya minangka wujud saking sekolah Islam Multitalenta wonten ing pawiyatanpawiyatan SD Unggulan ‘Aisyiyah Bantul. Ana ing kegiyatan “akhirussanah tahun 2022” pawiyatan SD Unggulan ‘Aisyiyah Bantul paring maneka warna bebingah marang siswa antarane yaiku, siswa kanthi biji ASPD paling apik, biji kanthi biji ASPD piwulangan matematika paling apik, biji kanthi biji ASPD piwulangan basa Indonesia paling apik, biji kanthi biji ASPD piwulangan IPA paling apik, siswa kang kerep oleh prestasi kejuwaraan tataran Kabupaten, Provinsi, menapa dene Nasional. Kanthi paringipun bebingah, kaajab para siswa bisa seneng lan tansah eling marang Bapak, Ibu Guru lan staf karyawan saha sekolah SD Unggulan Aisyiyah Bantul. Sawise dadi alumni kaajab tetep bisa menehi tuladha kang becik marang adhi-adhi kelas kang isih ngangsu kawruh ana ing SD Unggulan Aisyiyah Bantul. “Kula aturaken matur nuwun sanget dhumateng sedaya pangrembag, PDA, PDM Kabupaten Bantul, Dinas Dikpora Kabupaten Bantul lan bapa/ibu ingkang sampun paring pambiyantu lan bimbingan awit saged lumampahipun “akhirussanah tahun 2022” pawiyatan SD Unggulan ‘Aisyiyah Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta. Mugi “akhirussanah tahun 2022” pawiyatan SD Unggulan ‘Aisyiyah Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta bisa lumampah ana ing taun-taun candhake. Kula minangka ingkang dipunsepuhaken wonten ing pawiyatan SD Unggulan ‘Aisyiyah Bantul minangka pangarsa SD Unggulan ‘Aisyiyah Bantul nyuwun pangapunten saestu bokbilih kathah lepat anggenipun nyamektakaken sedayanipun. Kula minangka pangarsa pawiyatan rumaos mongkog dhumateng Guru, Staf tata usaha lan para siswa lan siswi ingkang taksih remen nguri-uri budaya Jawa kang adiluhung. Kanthi pangajab, mugi kanthi lumampahipun “akhirussanah tahun 2022” pawiyatan SD Unggulan ‘Aisyiyah Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta saged nggugah generasi mudha ing sadhengah papan supaya seneng marang, teknologi, ngelmu agama lan kabudayan Jawa. Babagan menika uga kagem patuladhan tumrap pawiyatan-pawiyatan sanes supados saged dados pawiyatan ingkang pinunjul” Pratelane Suwardi, M.Pd. [Rohmadi]Pangarsa, Guru lan Karyawan SD Unggulan Aisyiyah Bantul. (Foto: Rohmadi)
14 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe Laporan DhaerahDinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Bantul makarya bebarengan klawan 15 museum ing Kabupaten Bantul kang kagabung ana Forum Komunikasi Museum Bantul (FKMB) ngadani pameran bareng, kanthi jeneng ‘Bantul Museum Expo 2022’ lumantar undheran utawa tema ‘Pustaka Raya’, mapan ana ‘The Ratan’ ing dalan Ring Road Selatan, Panggungharjo, Sewon saka tanggal 20 tekan 22 Agustus 2022 kang antuk kawigaten gedhe saka masarakat mligine para siswa sekolah.Miturut palapurane Kepala Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Bantul Nugroho Eko Setanto, S.Sos. MM, pameran ‘Bantul Museum Expo 2022’ diadani kanthi tujuan kanggo ngenalake museummuseum kang ana ing Kabupaten Bantul, ngundhakake pengetahuan marang museum lan menehi ngerti Bantul Museum Expo 2022Pasrah tumpeng saka Ketua FKMB marang Asisten I Sekda Bantul. (Foto: Nug)Suwasana dhialog (wawan rembug) permuseuman. (Foto: Nug)
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 15isi utawa koleksi museum marang masarakat, nyawijikake (kolaborasi) antarane pameran seni rupa klawan pameran museum sarta kupiya kanggo ngundhakake masarakat padha gelem teka menyang museum.Bupati Bantul kang diwakili dening Asisten I Sekda Bantul Drs. Didik Warsito, M.Si kejaba paweh apresiasi marang anane kegiyatan kasebut, uga ngajab bisa dadi pamecut tumrap masarakat supaya ngerti marang pigunane museum. Amarga museum duwe fungsi pinangka papan pawiyatan (edukasi), panaliten (survey) sarta plesiran (rekreasi) kang banget mumpangati pinangka srana kanggo ngungak sarta mangerteni kaya ngapa kahanane Bantul ana ing wektu kapungkur kanggo nuju Bantul kang luwih becik ana wektu bakal teka. Adhedhasar underan utawa tema ‘Pustaka Raya’ kasebut ana ing pameran ‘Bantul Museum Expo 2022’ banjur kaperang dadi 7 sub tema yaiku lambang negara Garuda Pancasila diwakili Museum Rumah Garuda, prastawa diwakili Museum TNI AU Dirgantara Mandala lan Museum Bantul Masa Belanda, jaman Mataram Islam diwakili Museum Sejarah Universitas PGRI, Museum Pleret lan Museum History of Java, tokoh diwakili Museum Memorial Jenderal Besar HM Soeharto, Museum Taman Tino Sidin lan Museum Padepokan Sumber Karahayon, seni budaya diwakili Museum Wayang Kekayon, Museum Wayang Beber lan museum Tembi Rumah Budaya, tetanen diwakili Museum Tani Jawa Indonesia lan Museum Chocolate Monggo sarta sains teknologi diwakili Museum Gumuk Pasir Geomaritime Science Park.Manut katrangane kurator museum, Tomi Firdaus, pameran ‘Museum Bantul Expo 2022’ kanthi undheran utawa tema ‘Pustaka Raya’ kasebut jalaran sasuwene iki menawa nyebut pustaka mono mesthi tumuju marang buku utawa kitab kang ngemot maneka ilmu pengetahuan sarta kawruh-kawruh liyane embuh iku babagan agama, sejarah, seni, budaya, astronomi, resep masak lan sapanunggalane. Ananging buku utawa kitab dudu sijisijine sumber ilmu pengetahuan, jalaran isine (koleksi) museum uga bisa dadi salah sijine sumber ilmu pengetahuan. Mula banjur kajupuk pinangka tema pameran katambah kaya kang duwe makna gedhe sarta jembar ing babagan ilmu pengetahuan.Kejaba pameran uga diadani dhialog (wawan rembug) babagan permuseuman kanthi narasumber Prof. Heddy Shri Ahimsa Putra, M.A, M.Phil sesirah ‘Museum pinangka medhia kanggo nyengkuyung keistimewaan DIY’, Dr. Mikke Susanto, S.Sn, M.A sesirah ‘koleksi museum pinangka idhe pameran kontemporer’, Ki Bambang Widodo, S.Pd, M.Pd sesirah ‘museum lan ngrembakane ing DIY’ sarta Dr. Ayu Helena Cornellia sesirah ‘strategi pemasaran museum ana jaman milenial’ kang dieloni dening para pengelola museum sarta komunitas seni budaya liyane.Gelaran pameran museum ‘Bantul Museum Expo 2022’ jroning wektu telung dina kasebut klebu sukses, katitik saka akehe kang padha saperlu teka mligine para siswa sekolah SD. Mula Ketua Forum Komunikasi Museum Bantul (FKMB), Gatot Nugroho, S.Pt ngajab menawa kepengin luwih mangerteni isine museum-museum kasebut bisa langsung teka menyang museum kang dikarepake. Jroning pambukaning pameran kang uga ditekani Kepala Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) DIY, Kepala Bappeda Bantul, Ketua Jurusan Tata Kelola Seni ISI Yogyakarta, Ketua Forum Komunikasi Museum Yogyakarta sarta tamu undangan liyane kasebut uga diadani upacara ambal warsa Forum Komunikasi Museum Bantul (FKMB) ka-4 kanthi pagas tumpeng katindakake dening Ketua FKMB, Gatot Nugroho, S.Pt banjur kapasrahake marang Asisten I Sekda Bantul Drs. Didik Warsito, M.Si.[Nug]Koleksi museum saka Museum tani. (Foto: Nug)Tomi Firdaus, kurator museum. (Foto: Nug)
16 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe Wanita lan KeluwargaAna tetembungan, sedulur paling cerak iku tangga kiwatengen. Bab iki kedaden, amarga yen ana keperluan sing mendadak, mesthi njaluk tulung tangga, ora bakal njaluk tulung sedulur sing mapan ing papan liya. Iku pancen bener, mung emane, ora sethithik sing ngalami gagal duweni tangga sing dadi sedulur. Malah-malah rumangsa urip sesandhingan karo tangga babar pisan dirasa ora tentrem. Malah ora kenal babar-pisan karo tanggane kasebut. Senajan kumpul lan cerak dadi siji, nanging rasane adoh amarga kita durung kasil bangun kahanan urip marang tangga sing nyenengake siji lan sijine.. Yen urip sesandhingan karo tangga wae wus ora cocok, mesthi wae yen ana apa-apa sing mendadak, kayata anak sing lara mendadak utawa butuh bantuwan liyane, dadi malah bingung dhewe. Sejatine, karo tangga kiwa-tengen iku aja nganti jothakan utawa malah neng-nengan. Kudune dadi dulur sing kepenak yen diajak rembugan utawa omong-omongan. Mula kanggo gawe kahanan sing nyumadulur karo tangga iku, luwih becik yen diwiwiti saka awake dhewe. Mula kita anggone srawung karo tangga kudu duweni maneka sifat, kayata: 1. Gapyak lan SemanakDadi wong sing grapyak, semanak mesthi wae dadi senenge kabeh wong sing ditemoni. Saben-saben ana tangga liwat ing ngarep omah, nalika kita lagi nyapu teras, ya age-age aruharuh. Sanajan mung omongan sakecap wae, nanging iku wigati banget. Aja nganti saben-saben kepethuk duweni sifat sing mung meneng wae, utawa yen mesem, meseme sethithik tur satleraman wae. Yen kita duweni sifat sing kaya mangkono iku, aja-aja dadi salah paham, kita dicap wong sing angkuh utawa umuk, kamangka iku dudu sifat kita. Sifat gapyak lan semanak iku dadekake kahanan rumaket lan nyumadulur. 2. Aja Seneng Nggrenengi LiyanSing jeneng saweneh rumah tangga iku mesthi kabeh duweni masalah lan mesthi wae masalah sing sifate pribadi ing rumah tangga iku mesthi wae ora seneng nganti dingerteni liyan. Mula sanajan kita ngerti masalah tangga kasebut amarga tanpa sengaja krungu anggone padu upamane, aja nganti kita sebarake liyan. Nggrenengi utawa ngomongake eleke liyan iku ora ana entheke lan rasane asik banget. Mung wae sing perlu dimangerteni, durung mesthi sing seneng nggrenengi iku luwih becik karo sing digrenengi. Kabeh wong mesthi duweni masalah pribadi ing keluwargane dhewe-dhewe, yen awake dhewe ora seneng masalah awake dhewe diubal-ubal semebar, ya awake dhewe aja uga seneng ngubal-ubal masalah tangga karo liyan. Yen awake dhewe ngerteni masalah sing lagi dirasa tangga, awake dhewe simpen wae lan malahmalah awake dhewe lalekake. Aja nganti awake dhewe iki seneng mangerteni masalahe liyan, wong awake dhewe uga duweni masalah dhewe kok sing kudu dirampungi. Tinimbang ngurusi masalah liyan, luwih becik ngurusi masalahe dhewe.3. Seneng Weh-wehPangan iku bisa dadekake ati akur. Mula yen ngepasi kita karejeken akeh pangan embuh saka ngendi asale, aja nganti pangan sing akeh iku mung dadi bosok ana ing jeron kulkas. Yen dina iku uga ana rejeki, dina iku uga tangga kiwa-tengen lan mligine sing banget butuhake diwenehi. Aja nganti menehi nunggu dina liya, amarga bisa wae tangga rumangsa mung diwenehi turahan. Pokoke embuh sithik rong ithik, weweh pangan iku dilakoni dina iku uga kareben bisa mangan bebarengan lan dadi crita kanggo bahan omongan.Kejaba babagan pangan, yen ana tangga sing arep nyilih dhuwit kanggo nyukupi butuh sing banget dibutuhake, ditulung yen pancen ana, ning yen ora ana omong apa anane lan melu golek cara mungkasi masalah kasebut. Menawa kita nyilihi tangga, aja pisan pindho dikandhakake wong liya lan aja nganti menehi bunga. 4. Melu Kegiatan DesaSing jeneng urip barengbareng karo tangga, mesthi wae uga ana masalah sing diadhepi bareng-bareng, kayata masalah uwuh ana njeron got, uwuh ing pekarangan, dalan rusak, lan liyaliyane. Amarga iku dadi masalah bebarengan, mesthi wae diadhepi bebarengan, kanthi cara ngadani gotong-royong. Mula ana ing gorong-royong iku, kita uga kudu melu gotong-royong. Gotongroyong iku srana kanggo srawung, kita bisa ngobrol ngalor-ngidul ngomongake apa wae. Mung wae, ana ing kegiyatan gotong-royong iki, kita kudu tumandang, aja mung omong utawa malah mung mandhori tundhone kita malah mung dadi omongan. Kejaba iku, uga aktif ana ing babagan rapat utawa pertemuan kampung, hajatan, rondha lan kegiyatan sing sifate sosial liyane. 5. Empan Papan lan Tanggap KahananSenajan ngarep teras omah kita sing kanggo parkir pit motor iku duweke awake dhewe, nanging aja nganti yen nguripake mesin pit motor nganti swarane digembor- gemborake. Sanajan kita duweni tape recorder sing apik, terus aja nganti anggone nyetel sero-sero utawa jagongan nemoni tamu nganti anggone ngguyu sora dirungu tangga. Apa maneh yen kabeh iku dilakoni nalika kahanan lagi padha ngaso turu, utawa wayah wengi sing kudune kanggo ngaso. Mesthi wae kabeh swara iku babar pisan ora dikarepake tangga. Bab iki kedaden, amarga wektu sing wayahe kanggo ngaso, nanging arep ngaso ora bisa amarga kebrebegen swara sing sero-sero kasebut. Mula ana ing kene, yen nyetel tape recorder, tipi, pit motor, guyon karo tamu, angon wayah lan swarane samadya wae. Yen kabeh mau bisa dilakoni, awake dhewe menehi tuladha utawa conto luwih dhisik, kanthi pangangkah kareben tangga kiwa- tengen uga melu-melu, mesthi wae kahanan anggone kita bangun tangga iki dadi tentrem lan kebak rasa nyumadulur. Anggon kita urip tetanggan bakal krasa rumaket banget lan dadi keluwarga gedhe sing tansah lung-tinulung nyumadulur. Supaya Tangga Dadi SedulurDening Simon Sudarman
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 17 HerbalAlang-alang (Latin: Imperata cylindrica) utawa kambengan klebu suket-suketan sing godhonge dawa pucuke lancip (lanset). Godhonge keras semu nglugut, lan bisa mbeler menawa gesrekan karo godhonge sing tuwa. Anakan alang-alang, thukul nylolor dawa pucuke lancip landhep ngemperi eri menawa ngenani sikil bisa natoni. Semono uga godhonge sing nglingir menawa ngenani sikil krasa perih merga mbeler. Kembang alang-alang mawa gagang dawa, kembang werna putih semu ungu, menawa katiyup angin gampang rontok, katut playune angin lan sumebar tekan endi-endi. Marga angina lan entheng bobot wijine mula alang-alang gampang sumebar gampang ngrembaka ing sakehe papan. Senajan miturut panaliten alangalang bisa urip becik ing lemah kang jemek, kekembang banyu, apa dene ing papan kang kedhuman uwit lan angel kena panase srengenge.A l a n g - a l a n g gampang urip ing lemah bukakan alas anyar, penuh kasunaran sorote srengenge, subur, temah metha glagah alangalang sing godhonge bisa dawa nyandhak 1,5 meter. Godhong alang-alang wis wiwit kuna makuna dimanpangatake kanggo payon gubug, omah, apadene ranggon sing bisa taun - taunan suwene. Biasane panas srengenge lan banyu udan dadi mungsuh welitan utawa empyak sing digawe saka alang-alang. Kejaba bisa kanggo welit payon omah, alang-alang uga duweni manpangat tumrap kesehatan. Miturut sakehe panaliten alangalang bisa kanggo ngusadani beser, nguyuh getih, radhang ginjel, watu ginjel, nguyuh nanah, rajasinga, sifilis, tatu ora marimari, adhem panas, dharah tinggi / hipertensi, urat saraf kendho, lan kurap. Kejaba godhonge sing dienggo obat yaiku oyot cranggahe utawa rimpange.Kanggo ngusadani infeksi saluran kemih lan anyanganyangen bisa migunakake oyot (rimpange) sing digodhog nganggo banyu tawa. Biasane adonan utawa ramuane yaiku oyot alang-alang watara bobot 6 gram, kunci pepet bobot watara 6 gram, lan godhong kumis kucing bobot watara 4 gram. Sawise dikumbah resik adonan iki banjur dicemplungake banyu sing arep dienggo godhog. Bisa telung gelas a k e h e , digodhog nganti umob nganti banyune mung kari 2 gelas. Ngunjuk godhogan iki diunjuk sedina kaping pindho esuk lan sore samarine. Tumrap kang gerah mutah getih bisa migunakake rimpang alangalang bobot 6 gram, godhong sendhokan bobot 6 gram, godhong andong 2 lembar, dikumbah resik banjur digodhog nganggo banyu 3 gelas nganti umob mumpalmumpal. Sawise kira-kira kari 3 gelas dilereni anggone nggodhog, dilerebake nganti banyu panas manget-manget akehe 2 gelas, lagi diunjuk esuk lan sore nganti mari lelarane. Oyot alang-alang uga bisa dimanpangatake kanggo ngusadani tumrap kang gerah mutah getih kanthi campuran godhong alang-alang cacah 6 gram, godhong sendhokan 6 gram, lan godhong andong 2 lembar, digodhog nganggo banyu akehe telung gelas, diturahake nganti 2 gelas, lagi diunjuk esuk lan sore nganti mari lelarane.Alang-alang ampuh kanggo ngusadani radhang ginjel, tatu ing saluran teturas, hipertensi, asam lambung, cacing pita, lan saluran pencernaan krana ngandhut sakehe zat kang asipat obat. Ana manitol, glukosa, sakarosa, asam malik, asam sitrat, tanin, lan polifenol, flavonoid. Sing bisa dienggo ngusadani sawetara lelara. Marga ngandhut glukosa mula ngunjuk banyu godhogan oyot alangalang iki rasane seger, luwihluwih menawa anggone nggodhog diwenehi gula aren sethithik. Biasane ngunjuk banyu godhogan alang-alang sing isih manget-manget banjur lancar anggone teturas lan lancar anggone bebuwang. Kanggo ngudhunake tensi sing dhuwur, gula dharah sing dhuwur, lan kolesterol sing dhuwur uga bisa kanthi cara ngunjuk banyu godhogan oyod alangalang sing bisa dicampur karo gegodhongan liyane kaya kumis kucing, godhong demung, kunir, sledri sing menehi daya gedhe kanggo ngudhunake tensi, nyendhekake gula dharah sajrone awak, lan ngurangi lemak jahat sajrone awak. Kepara adonan saka godhogan iki uga kuwawa nyegah lan ngusadani ambien, dhengkul ngethok-ngethok, lan gampang kesel utawa ngantukan.*Sumber wacan:Dr. C.G.G J. van Steenis, 1987. FLORA, PT Pradjnya Paramita, JakartaDharma, AP (1987). Indonesian Medicinal Plants [Tanaman Obat Indonesia].https://www.kompas.com/sains/read/2021/05/17/100400923/manfaatalang-alangALANG-ALANGTrie
18 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe Jagading LelembutDina kuwi, Kampung Gurami padha geger maneh karo tumindake Darmadi sing pancen seneng maling barang-barang duweke para warga. Wektu iki dhuwite Pak Mantri ilang. Dheweke gembar-gembor lan langsung nuding Darmadi sing dadi pelaku.“Mesthi dheweke sing wis maling dhuwitku! Endi Darmadi! Endi!”“Pak, wis, lak ora ana bukti yen dheweke sing jupuk ta,” ujare garwane Pak Mantri nyoba nenangake.Bebarengan kuwi para warga dumadakan padha ngrubung lan melu ndelengake. Pak Mantri tetep nesu. Dheweke isih wae ngeyel kepengin nyekel Darmadi. Nanging, sawise kabeh warga terus-terusan nggoleki, Darmadi ora bisa ditemokake ing endiendi, kaya-kaya ilang. Pancen kaya ngono saben ana warga sing kemalingan. Amarga rumangsa ora duwe pengarep-arep, Pak Mantri nyerah lan kepeksa ngeculake dhuwite sing ilang kuwi.Dina sabanjure, sapa sing ngira, warga kemalingan maneh. Yaiku Susi sing kelangan kothak perhiasan. Garwane Pak RT kuwi uga tumindak sing padha kaya Pak Mantri, cubriya yen Darmadi sing nyolong perhiasan kasebut. Warga langsung ngumpul lan setuju arep nggoleki Darmadi. Ora kaya biasane, Darmadi pancen gampang digoleki. Dheweke lagi ndandani gendheng omahe sing bocor. Pak RT, Susi lan warga langsung ngarak dheweke menyang tengah kampung, sanajan wis meh jam siji esuk.“Heh, Darmadi! Balekna perhiasanku!” jarene Susi katon praupane ngamuk tenan.“Perhiasan apa? Aku ora mudheng apa sing mbok omongake!”“Halah ... ora usah mbalik takon kaya ngono, aku lan kabeh warga uga wis ngerti tingkah lakumu sing ala kuwi!”“Maling tetep wae maling!”Bag! Bug! Bag! Bug!Warga ngadili Darmadi tanpa welas. Nganti ana sing nggunakake pacul kanggo ngrampungake ngadili Darmadi. Kabeh warga ora ngerti, gebugan mau nyebabake Darmadi tiwas. Kulawarga Darmadi ora bisa nindakake apa-apa lan pasrah nampa kahanan kasebut tanpa nuntut. Sawise nglakoni macem-macem kesepakatan, pemakamane Darmadi ditindakake lan mlaku katon lancar.Nanging, ing sawijining dina sawise kedadeyan kasebut, Kampung Gurami dumadakan katon sepi sawise Isya. Ora ngerti apa sebabe warga padha keweden. Lawang-lawang ditutup kanthi kenceng. Ora ana bocah-bocah sing dolanan neng jaba. Apa maneh ngaji menyang omahe Pak Rohani, guru ngaji neng Kampung Gurami. Nganti sawijining dina, ana sing nuthuk lawang omahe Pak Mantri.Tak-tak-tak! Pak Mantri mbukak lawang lan ora ana wong neng jaba. Angin nggegirisi gulune. Wulu ing githoke dumadakan mengkorog lan dheweke gagegage nutup lawang. Dina esuke, Pak Mantri meneng wae babagan kedadeyan kasebut.Nanging, maneh ana sing nuthuk lawang. Yaiku lawange omahe Pak RT. Susi sing mbukak. Dheweke uga ora weruh sapa-sapa. Sanalika dheweke banjur mlebu maneh lan nutup lawang kanthi kenceng. Ing jero, dheweke ngintip saka sawalike langsir. Kaya-kaya, saka sakiwa tengene dalan, ana wong sing nglambangi dheweke. Dheweke ngusap mripat pirangpirang kali lan weruh. Nanging, wong kasebut wis ilang. Amarga keweden, Susi langsung tumuju menyang kamare. Munggah kasur, kemulan rapet karo ndedonga sabisane. Pak RT sing nembe wae metu saka jedhing nuli nakoni. “Loh, ana apa ta, Bu? Kok kemulan rapet? Apa awakmu isih ora kepenak?”
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 19 Kembang SetamanAnginSumiyut saka segaraSumilir rinesep ing rasaSwara ombyaking toya rinunguNggawa wartaSegara wis ora biruSayuta warna rinenggaSabarang apa wae tinampaAngin swara sagaraDatan sinyaring nggawa memalaWarta warta becik alaManungsa tan kuwawa nduwaNalika donya kebak angkaraGusti dukaDonya sinapu angin sakedhepe netra musnaMinangka pepeling elinging manungsaAja pada duraka.Yayuk WahyudiNeo, 27 Nopember 2019Lumebu ing Urip AnyarPawiyatan ngadeg jejeg sumadya nandur kawruh pigunaNgentasake para murid saka wuta sastra lan wuta aksaraMawujudake kapribadhen utama kanggo ambyur ing masarakatNgudi sangu kanggo ngadhepi owah-owahane jaman tumuju urip anyarJarene yen ora ngedan bakal ora komanan kalungguhan mirungganApa aku wis duwe aji kawegigan kanggo lumebu ing urip anyar?Lamun sangu bandha donya datan cukup kanggo nggayuh urip anyarSucining pangucap lan polah lumaku bebarengan tanpa bisa dipisahSeneng ngegarake tangan njunjung pepadha mentas saka jurange papa cintrakaMempeng ndedonga kinanthen asung pepancasan mring pepadha kesasarMurih bali lumaku ing dalan padhang sanajan akeh pepalang kang ngadhangSaben wektu greget makarya luru sandhang pangan kinanthen rasa asih tresnaMuga mawujud gegayuhan lumebu ing urip anyar awit nugraha saka Kang Maha Kuwasa.Marciana SarwiSD Kanisius Kintelan I YogyakartaIlangWis ilang endahing wengi,Wis ilang padhanging awan,Wis ilang legining madu,Wis ilang sumunaring purnamasidi,Peteng ndhedhet gung leliwengan.Wis ilang garising dalan,Wis ilang paraning laku,Wis ilang kasantosaning badan,Wis ilang punjering jiwa,Wis ilang marang wektu,Wis ilang weninging pikir,Dayaning rasa,Pengkuhing jiwa,Lantiping indriya,Kasampurnaning manungsa piniji titahing Gusti.Kabeh wis ilang.Peteng ndhedhet gung leliwengan.Kapilut legi memanising Jagad,kagilut sawernaning pepaesing urip.Bandha donya, Kaluhuran, lan Wanita.Wis ilang sumunaring Purnamasidi,Peteng ndhedhet gung leliwengan.Najan mung sawetara wektu.Bambang Susila JrSusi ora semaur, tetep kemulan rapet. Ora wani mbukak sithik wae. Pak RT penasaran, banjur mbukak kemul kuwi.“Astagfirullah!” ujare Susi katon kaget banget nganti mbengok.“Ana apa ta, Bu?” “Ora apa-apa, Pak. Ora ana apa-apa. Ayo, gek ndang merem wae!”Pak RT isih gumun. Nanging, ora takon maneh. Dheweke nuli nuruti prentahe garwane kuwi. Merem lan turu gasik.Dina kaping telu, ana sing nuthuk lawang omahe Sarmin. Nalika Sarmin mbukak, ana sosok pocong isih ngadeg persis ing ngarepe. Nanging, dheweke ora bisa ndeleng, mung krasa panas sing ora biasa. Nalika kumpul, Pak Mantri crita yen nate ana sing nuthuk lawang omahe. Ditututi karo Susi lan Sarmin. Warga liyane uga padha ngrungokake. Saka kana, dheweke nyimpulake yen kuwi sejatine rohe Darmadi. Manawa wae dheweke kepengin kabeh warga ngapura lan ndongakake kesalahane dheweke nalika wektu urip. (Reni Asih Widiyastuti)Kiva
20 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe LiputanRombongan Pengurus lan warga Pakasa Cabang Kabupaten Jepara kang dipimpin dening KMT Susanti Purwaningrum napak tilas (nglacak) jejak leluhur masarakat adat Mataram nganti tekan Kabupaten Slawi/Tegal. Ing selaning upacara adat Jamasan utawa larap kelambu makam penerus raja Mataram Islam, yaiku Sinuhun Amangkurat Agung (1) kang ana ing kompleks Astana Pajimatan Tegalarum, Desa Paseban, Kecamatan Adiwerna. Kegiyatan digelar dina Selasa 23 Agustus 2022, kang sadurunge uga jiarah ing Makam rayinipun RA Kartini yaiku RA Kardinah kan mapan ing kompleks makam kasebut. Sawise nindakake napa tilas ing makam kasebut banjur napak tilas ing RSUD Kardinah kang ditampi langsung Direktur Rumah Sakit yaiku drg. Agus Dwi Sulistyantono.KMT. Susanti Purwaningrum uga nandhesake, “Rumah sakit menika dados monument jasa-jasa leluhur warga peradaban. Kalebet masarakat adat Mataram, mliginipun warga Pakasa Jepara. Amargi, RA Kardinah ingkang dipungarwa dening Bupati Tegal Reksonagoro (1908-1930), nilaraken satunggiling karya inggih menika sekolah Pemudi. Satemah asmanipun dipunagem minangka asma rumah sakit (RSUD) Tegal. Rayi saking RA Kartini menika dipun makamaken dados setunggal kompleks kalihan makam Sinuhun Amangkurat Agung (I) wonten Astana Pajimatan Tegalarum. Sejatosipun niyat badhe napak tilas madosi jejak leluhur sampun dangu namung kemawon nembe kelampahan samenika.”Kejaba iku sapa wae warga Kabupaten Jepara mligine warga Pakasa caban Jepara bisa paham marang apa kang diwarisake para leluhur uga jasa tumrap masarakat Kabupaten Jepara. Magepokan karo Ratu Kalinyamat kanthi asma agunge sarta nilai-nilai spiritual religious kang diajarake, kejaba iku uga ana asma – asma leluhur kang gedhe labuh labete tumrap masarakat Jepara kayadene RA Kartini lan rayine RA. Kardinah, sanajan jasa-jasa kasebut uga dirasakake masarakat wilayah liyane lan jasade disarekake ing jaban Kabupaten Jepara.Menawa RA Kartini lan RA Kardinah, padha ‘berjasa’ ing ‘Pergerakan merintis kemerdekaan’, sebab kahanane sajrone wilayah otoritas “ Nagari” Mataram Surakarta nalika Sinuhun Paku Buwono X jumeneng nata utawa minangka “Kepala Pemerintahan” kang uga minangka “Kepala Negara” ing taun 1893-1939 kang akeh paring penyengkuyun maneka pergerakan kanggo mujudake lahire NKRI (Negara Kesatuan Republik Indonesia). Kepara Ratu Kalinyamat kang durung suwe iki uga diusulake minangka Pahlawan Nasional dening masarakat Jepara. Panjenengane berjuwang ing zaman antara Kraton Pajang kang dipimpin denin Sultan Hadiwijaya lan Kraton Mataram kang dipimpin dening Panembahan Senapati abad 15-16.Tatiek Kalingga/DL PAKASA JeparaNapak Tilas Leluhur Ing Kabupaten SlawiGKR Wandansari diampingi KMT. Susanti lan KMT Fitri ing Cungkup Makam Sinuhun Amangkurat Agung (FT : Ist/Kaling/DL)Rombongan Pakasa Jepara dipimpin dening KMT. Susanti Purwaningrum ditampi Direktur RSUD Kardinah Slawi/Tegal drg. Agus Dwi Sulityantono(FT : Ist/Kaling/DL)
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 21 Nasib PanjenenganKanggo ngerteni nasib panjenengan minggu iki, ngetunga dina minggon lan dina pasaran (weton lan kelairane) banjur digunggung. Kasil gunggungan dicocokake karo gunggunge neptu dina ing ndhuwur. Neptu dina minggon: Minggu-5, Senen-4, Selasa-3, Rebo-7, Kemis-8, Jumuwah-6, Sabtu-9. Neptu dina pasaran: Paing-9, Pon-7, Wage-4, Kliwon-8, Legi-5. Kawiwitan Minggu Paing , 18 September 2022 (21 Sapar 1956 Ehe ) ketug Setu Pon, 24 September 2022 (27 Sapar 1956 Ehe). Klebu Wuku WUGU Bocah lair minggu iki watake : dewane Bathara SINGAJALMA, jembar budine, sugih ngelmu lan kawruh, nanging tansah mamang, laire andhap asor, gelem ngalah, nanging atine tansah cubriya kemeren. Ngungkurake gedhong minep, wateke cethil. Manuke: podhang wateke gedhe sujanane,mung nggedhekake butuhe dhewe, ora dhemen srawung wong akeh. Kayune: wuni nedheng awoh, sing sapa weruh kepengin ngalap ilmune, nanging suwe kelakon, malah dadi cuwa, nanging gedhe rejekine.Lambange: wangkawa suwung, wateke rada jembar budine. Candrane: sereng, wateke asring kacilakan sebab kerengan. Bilahine: dicokot ula. Panulake bilahi : sedhekah dangdangan sega beras sapitrah. Iwake bebek putih sejodho diolah lembaran, jadah lan jajan pasar pepakan. Slawate: 10 keteng. Dongane: slamet lan donga kabul. Kala wuku : ana kidul.. Pranata Mangsa: Mangsa KEPAPAT. Suwene 25 dina, wiwit Senin Pon, 19 September 2022 ketug Kemis Paing , 13 Oktober 2022. Candrane Mangsa KEPAPAT : “Waspa kumembenging kalbu”. Werdine: langit kebuntel mendhung, wiwit ana tuk amarga udan uwis tiba, disebut mangsa labuh, sawah tadhah udan wiwit digarap, tetanen tegalan nyebar winih, manuk gawe susuh, panen woh pelem, angin tumiyup saka lor kulon nuju kidul wetan. Neptu 7 Sabarang tumindak dipikir luwih dhisik, aja grusa-grusu sing bisa gwe rugine dhewe. Pangupaboga: sabar lan tlaten iku kunci miwiti usaha anyar. Rejeki: mbanyu mili. Asmara:kangen. Dina Becik: Selasa Wage. Kesarasan: waspada gangguan padharan, ngurangi pedhes. Memitran: cocok . Neptu 8 Ucapna rasa syukur marang Pangeran nalika ngarepake sare utawa gregah saka nendra. Pangupaboga: rugi bathi iku wis kukune wong bebakulan. Rejeki: akeh. Asmara: anget. Dina Becik: Setu Pon. Kesarasan: ngurangi asin lan kecut, dhahar teratur, ngaso. Memitran: aja gampang kagol. Neptu 9 Akeh wektu lan kalodhangan kanggo dandani urip anyar sing kebak tantangan, aja kuwatir. Pangupaboga: yen ditlateni mesthi dadi, aja sumelang. Rejeki: wuwuh. Asmara:marem. Dina Becik: Jumuwah Paing. Kesarasan:ngurangi dhaharan sing akeh ngandhut gajih. Memitran:sangsaya cerak.Neptu 10 Gampang kebrangas tundhone gawe rugine dhewe, ora perlu nuruti ati panas. Pangupaboga: aja keyungyun gonta-ganti usaha sing ora cetha Rejeki: akeh. Asmara: manteb. Dina Becik: Selasa Wage. Kesarasan: aja ngumbar amarah, perlu ngendhaleni ati. Memitran: sumeleh. Neptu 11 Piala iku gampang derbala, kabecikan iku mbangun pengareparep, aja mangro tingal. Pangupaboga: akeh papan kanggo mekarake usaha anyar sing dirancang. Rejeki: lumayan. Asmara: marem. Dina Becik: Senen Pon. Kesarasan: sarapan esuk becik kanggo kasarasan. Memitran: guyup. Neptu 12 Kabagyan iku ora salawase, kasusahan uga ora tanpa pungkasan, buktekna. Pangupaboga: ana dina ana upa, rejeki tekane saka ngendi-endi. Rejeki: gangsar. Asmara: marem. Dina Becik: Rebo Kliwon. Kesarasan:olah raga. Memitran: rukun. Neptu 13 Seneng gawe wisuna tundhone mung gawe sengsarane dhewe, alam sing ora trima. Pangupaboga: pelanggan iku raja mula perlu digatekake. Rejeki: turah. Asmara: waspada. Dina Becik: Kemis Legi. Kesarasan: waspada gangguan padharan lan sirah. Memitran: senenga ngapura. Neptu 14 Akeh pengalaman wingi sing bisa kanggo kaca benggala ing dina mengkone, gatekna. Pangupaboga: majune usaha butuh modhal lan tenaga. Rejeki: dlidir. Asmara: nges. Dina Becik: Jumuwah Paing. Kesarasan: diakehi dhahar sayuran lan buah. Memitran: tetanggan iku sing akur.Neptu 15 Akeh kalodhangan sing bisa dimanpangatake kanggo mapag dinangarep sing luwih becik. Pangupaboga: ora perlu spekulasi ngadhepi owahe reregan lan pasokan. Rejeki:akeh. Asmara: kebak asih. Dina Becik: Senen Pon. Kesarasan: ngumbar angkara gawe ringkihe raga. Memitran: rukun.Neptu 16 Kosek dhompo iku lumrah angger ora dadi adhakane crah, iku dinamika pasrawungan. Pangupaboga: rejeki ketemu buri, rekasa wiwitane. Rejeki: lumayan. Asmara: mothah. Dina Becik: Selasa Wage. Kesarasan:padharan iku sumbere kesehatan. Memitran: aja ngurus perkarane liyan. Neptu 17 Meper hawa nepsu iku dudu perkara gampang nanging bisa disinau sauger tlaten. Pangupaboga: yen gelem tumandang rejeki kecekel tangan. Rejeki: mbanyu mili. Asmara: ngemong. Dina Becik: Setu Pon. Kesarasan: ngurangi dhaharan ngandhut gajih. Memitran: samad sinamadan. Neptu 18 Pinter lan julika dikaya ngapa ora bakal ngalahake tibaning pesthi, mula aja kumaruk. Pangupaboga: bayaren tenaga kerjamu sadurunge kringete asat. Rejeki: nomplok. Asmara: gathuk. Dina Becik: Senen Pon. Kesarasan:olah raga teratur, ngurangi asin-pedhes. Memitran:sing sumeleh.
22 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe Padhalangan6Kocap kacarita, nenggih tatandhinganing satriya lumawan para yaksa sampun dumugi ing wasana. Sakehing raseksa ingkang angarubut dhateng sang binagus Raden Abimanyu dadi kwandha, kauntir janggane dening Raden Gathutkaca. Mulat lawan pepalanging marga wus dumugi sirna, tumuli satriya kekalih densapejagong. Boten kantun klawan repat panakawan catur. Lamun wus sami satata, ing mangkana wedharing wardaya ingkang kawijil ing lesan.Jrudemung ingela-ela/ Kawilet lang-langan lalu/ Leng-leng kalingan kalulun/ Kalangen langening brangta/ Ngarang mirong rangurangu/ Karungrungan maring driya/ Driyaning tyas lir tinutus.Raden Gathutkaca: “Dhimas Abimanyu, aja sengit rasamu lamun kakangmu, aku, wus wani ngrebut sakehe raseksa kang dadi mungsuhmu. Satemene, aku ora negakake lan Yayi Abimanyu kang prang tandhing kalawan para yaksa. Aku ora lila manawa yaksa ambebanger sarirane si adhi.”Raden Abimanyu: “Nun inggih, Kakangmas. Boten dados punapa. Malah ingkang rayi pun Abimanyu, angaturaken agenging panuwun. Sembah bekti kula katur, Kakangmas ing Pringgodani.”Raden Gathutkaca: “Iya daktampa gawe gedhening atiku.”Petruk: “Lah, iya kaya ngono kuwi jejere waris, Gong. Ana sedulure lagi ketaman reribet, ya kudu direwangi. Ora kok kaya kowe, sedulure lagi nandhang susah, malah banget anggonmu ngece karo ngembe!”Bagong: “Witekna yen ora dakece, senenganmu mbagusi!”Raden Gathutkaca: “Yayi, kang yektine si adhi arep tedhak menyang ngendi, Dhimas Abimanyu?”Raden Abimanyu: “Kakangmas, ingkang rayi bibar sowan saking Pertapan Saptaharga, marak dhumateng eyang buyut Begawan Abiyasa. Ingkang wigatos minta pepajar karana ing ri kalenggahan samangkih, para pepundhen Pandhawa cumondhok wonten ing Nagari Astina. Tetela sami lagya nandhang kalepyan.”Raden Gathutkaca: “Adhuh, Yayi. Nora kanyana dene pepundhen Pandhawa lagi kena apus krama dening para Kurawa. Sabanjure, eyang buyut ing Saptaharga maringi dhawuh apa, Dhimas?”Raden Abimanyu: “Dhuh, Kakangmas. Yektosipun ingkang rayi kalayan paduka kakangmas kinen cinaket mring para pepundhen Pandhawa. Saha ketang amung ing sajawining rangkah, kula klawan paduka supados nyaketi ing Astina.”Raden Gathutkaca: “Iya, Yayi Abimanyu. Daya-daya nedya dakestokake lan dhawuhe kanjeng eyang buyut Abiyasa.”Raden Abimanyu: “Uwa Semar, pejah gesang dakaturake ing ngarsa paduka. Sayektine ora ana janma kang asipat jawata, kajaba amung Kakang Semar. Mula, Kakang, nuli kinaryaa pepadhang marang lelakon kang kasandhang.”Raden Gathutkaca: “Oh, Wa Badranaya. Aku klawan Yayi Abimanyu amung pasrah marang kepareng jengandika.”Semar: “Aeh, ndaraku wong jlonet! Iya mung ndika wong loro kang weruh kalawan jatining wajib. Iya mung wong loro kang bangkit nurasake trah tumerah mrabawani ing yadawa. Tekaning turun satriya loro iki datan ginggang sarambut. Ndara Abimanyu lan Ndara Gathutkaca, mara diage ndika temumpanga ana ing epek-epek kula. Bakal dakbalangake sarta daksangoni, gage udharana lelakon kang lagi kasandhang dening pepundhenmu Pandhawa!”Petruk: “Adhuh, Ma! Ha thik ndara arep kokbalangake?”Semar: “Petruk, kowe menenga! Ndara, aja tiba-tiba yen durung tiba aneng Taman Kadilengleng Praja Ngastina!”Ing sakala satriya kakalih nenggih Raden Abimanyu sarta Raden Gathutkaca temumpang wonten ing epek-epekipun Kyai Lurah Semar. Sigra satriya kakalih kasawataken kadi dene sela krikil. Temah dadya gawoking para panakawan.Gareng: “We lah, Pakk! Ndara malah kokbalangake!”Bagong: “Ma, ndara kokuncalake menyang ngendi!”Petruk: “Gek kowe arep nemoni lelakon apa, Maa!”Semar: “Thole, iya pancen kudu mengkono lakone bendaramu loro kae! Aja padha kaget panyawangmu!”Petruk: “Kosik ta, Ma! Kae ki bendaramu, sesembahanmu, lha kok malah koksawatake ki, gek karepmu piye ta, Ma! Yen panakawan kena walat, banjur kang tanggung sapa!”Semar: “Eh, sawutuhe kang tanggung mengko aku dhewe!”Ri wusnya Kyai Lurah Semar Badranaya anyangeni kalawan satriya kakalih inggih ingkang putra Pandhawa, daya-daya repat panakawan anglajengaken lampah, nedya anututi lan satriya kang wus kabucal. Ing satengahing margi, repat panakawan kaadhang dening priyagung saking Ngatasangin. Nenggih Raden Bramakara miwah Raden Indrasekti. Sakala kandheg lampahing repat panakawan. Ing mangkana wedharing sabda.Bumi gonjang ganjing/ Langit kelap-kelap/ Katon lir kincanging alis/ Risang maweh gandrung/ Sabarang kadulu/ Wukir moyagmayig/ Saking tyas baliwur/ Lumaris sang gandrung/ Dhuh ari Sumitra/ Tan naya paran reh/ Kabeh sining 09
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 23wana nangsaya maringsun.Raden Bramakara: “Oo, lha dalah! Iya pancen manawa wus dadi pesthine iku, mesthi ya gampang kecekele. Ora susah ngubengi jagad nganti tepung gelang. Nadyan rada watara suwe anggone lumaku, nanging mapan ing mangsa kala iki nyata wus kadungkap. Yayi Indrasekti, yen dakrasa iki kaya panakawan. Mapan bener apa ora, Dhimas?”Raden Indrasekti: “Nun inggih, Kakangmas. Manawi nenitik lan busana ingkang dipunangge, pancen leres punika jejere panakawan ingkang dipunkajengaken Rama Begawan Kilat Buwana. Yektosipun kaluhuran klayan dhawuh pangandika paduka.”Raden Bramakara: “We, lha dalah! Hahaha! Yen mangkono mara diage dangunen para kere-kere kuwi, Dhimas Indrasekti!”Petruk: “We, pancen menus! Lha wong kepethuk lagi pisan iki kok le nyaru wuwus kebangeten eram! Kepiye iki, awake dhewe diunekake kere lho, Reng!”Gareng: “Keparat! Tepung wae durung, lha kok kaya ngono!”Bagong: “He, Mas! Aja sewiyah-wiyah ucapmu! Nadyan aku karo dulur-dulurku kere, nanging sabenere pancen sekeng!”Petruk: “Wo, nyat cah edan! Ha kok malah dicethakake, hara! Ma, iki satriya ngendi, kok wis dhenger karo awake dhewe?”Semar: “Eh, aku dhewe pancen ya durung wanuh, Thole! Oh, kisanak, jengandika punika sinten? Dene nyandhet kalayan lampah kula lan anak-anak kula?”Raden Bramakara: “Aku putrane Begawan Kilat Buwana ing Ngatasangin. Bramakara kang dadi kekasihku.”Raden Indrasekti: “Dene aku adhine. Lan aranku Indrasekti.”Semar: “Ae, inggih, inggih. Prandene wonten kersa menapa, kisanak kekalih mapagaken kalawan kula?”Raden Bramakara: “Hahaha! Dadi kang praupane keladuk tuwa iki arane Semar?”Semar: “Inggih leres. Niki anak kula Nala Gareng.”Raden Bramakara: “Lha dedege dhuwur, irunge dawa, kuwi kang jenenge Nala Petruk?”Petruk: “Mung Petruk mawon. Boten ngangge Nala.”Raden Indrasekti: “Oh, dadi kang buri dhewe kuwi Bagong?”Bagong: “Boten! Yen ing buri dhewe niki jenenge bokong!”Raden Indrasekti: “We, lha pancen blawanan!”Raden Bramakara: “He, panakawan! Ngertiya, aku kalawan adhiku iki yektine nggoleki karo kowe!”Semar: “Eh, wonten perlu menapa, Gus?”Raden Bramakara: “Ing kalungguhan iki kowe kudu manut, bakal dakrangket, daktugel gulumu dadi pangewan-ewan!”Semar: “Lae, gek lepat kula menapa? Teka jengandika kok badhe mentala dhateng kula!”Raden Bramakara: “Kawruhana, kowe lawan anak-anakmu kuwi minangka pepalange laku lan paduka rama Begawan Kilat Buwana, anggone duwe pangajab nedya ngrukunake Pandhawa sarta Kurawa!”Semar: “Menawi ngaten mangga, kapurih mengsah kalihan anak kula tetiga!”Petruk: “Ma! Mokal bisane menang yen aku tetandhingan!”Semar: “Eh, kowe daksangoni! Bisaa kowe unggul mungsuh lawan para satriya iki. Gareng karo Bagong iya daksangoni. Mara diage adhepana!”Raden Bramakara: “Ayo, majua bareng! Kelakon,”Petruk: “Wirang lelakonmu!”Sigra Ki Lurah Petruk Kanthong Bolong andugang kalawan pasuryaning Raden Bramakara. Sareng Nala Gareng miwah Bagong anenubruk angganing Raden Indrasekti. Tuhu rame tetandhinganing panakawan kalihan satriya putra Begawan Kilat Buwana. Ingkang sejatosipun Lurah Semar Badranaya sampun muningani lawan sejatining Raden Bramakara lan Raden Indrasekti, pramila densangoni sanggya panakawan.Yekti unggul kaprawiraning Lurah Petruk, Nala Gareng, lan Bagong anggening prang. Kang sakala satriya kakalih asor ing yuda. Tumuli mesat saking unggyaning prang, nanging kabujung dening panakawan. Prandene ingkang wonten ing saperanganing tebih, mulat Raden Arjuna kalayan kang kabujung tuwin kang ambujung. Sigra sang pamadyaning Pandhawa anjabel curiga saking jroning warangka, sinartan ngengucap, “Panakawan, kowe aja mlayu!”[wonten candhakipun]“We, lha dalah! Ha ha ha! Ten mengkono mara di age paweha pandonga lawan para kere-kere kuwi, Dhimas Indra Sekti
24 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe Crita Rakyat“Tepungake aku Gde Ubaya saka padhukuhan ing perenging Gunung Punikan. Anggonku lunga ninggalake padhukuhan mung arep sowan ana ngarsane Raja Selaparang.”“Takmelu ndedonga muga-muga rancak lakumu, lan ketekan sedyamu.”Bubar iku Kerti lan wadya gerombolan padha budhal tumuju Gunung Punikan. Sikile Kerti kedhengklangan lan diamping-ampingi Rigma lan Raksana. Anggara lan Garanta uga wus pulih otot bebayune, mula banjur melu ngetutake lakune Kerti. Ora gantalan wektu, Gde Ubaya enggal ngajak Baoq lan Ocong ninggalake papan kono. “Paman Baoq lan Paman Ocong, aja kesuwen. Ayo enggal-enggal budhal mbacutake laku,” pangajake Gde Ubaya.“Mangga kula dherekaken.”Lakune wong telu digelak. Nalika kesel padha leren ing ngisore wit gedhe, lan ngaso sawetara. Bubar ngaso rasane awak wis pulih seger, kabeh mbacutake laku. Sedawane dalan Baoq lan Ocong padha geguyonan kanggo nglipur dhiri. *****Tan kocap lakune Gde Ubaya sing didherekake Baoq lan Ocong napaki dalan tumuju kuthagara Selaparang. Kang dadi sambunge crita ora kaya kang ana madyane Praja Selaparang. Pangeran Maspahit kaampingan prameswari lagya lenggah ing singgasana. Ing ngarsane katon sowane para punggawa lan sentana praja. Kabeh padha sumuyut sumungkem ana ngarsane Sang Raja. Katon sowane Patih Tuhina lan Tumenggung Abiyaka. Kekarone minangka punggawa agul-agule Raja Selaparang. Sawise padha ngaturake sembah pangabekti, punggawa loro kadhawuhan lenggah kanthi mardikaning tyas. Dina iku ana bab wigati kang kudu dirembug bebarengan. Akehe para panglamar kang ngayunake Putri Mandalika ora wurung agawe kodheng penggalihe Pangeran Maspahit.“Patih Tuhina lan Tumenggung Abiyaka, mundhak dina kang nglamar anakku Putri Mandlika ora suda nanging tambah akeh. Kirakira piye prayogane?” pandangune Pangeran Maspahit. “Nuninggih kepareng matur Pangeran; ningali lelampahan ingkang limrah dumados ing pagesangan, menawi panglamaring putri menika sakalangkung kathah, prayogi dipunwontenaken sayembara Kangjeng,” ature Patih Tuhina.“Kula sarujuk kalih aturipun Patih Tuhina kalawau. Kanthi wontenipun sayembara, para panglamar mboten badhe kuciwa menawi lamaranipun dipuntampik,” ature Tumenggung Abiyaka.“Mbok menawa bener aturmu sakeloron. Mula coba aturana Putri Mandalika ngadhep ing ngarsaku kene Dhiajeng Prameswari,” dhawuhe Pangeran Maspahit.“Nuninggih. Mangga kula ature nengga sekedhap,” ature Prameswari Ayu Sunihati.Raden Ayu Sunihati terus pamit madal pasilan saperlu nimbali ingkang putra. Ora antara suwe Putri Mandalika wus ngadhep aneng ngarsane ingkang rama. Sawise ngaturake sembah lan tinampa, Putri Mandalika lungguh kanthi tumungkul sirahe. Pangeran Maspahit enggal ndangu putri kinasihe kuwi.“Ngger anakku Putri Mandalika, iki mau para punggawa lagi ngrembug bab akehe putra punggawa lan jejaka kang nglamar sliramu. Pun rama kodheng ing pikir yen kudu mutusake salah siji saka panglamar kuwi. Mula iki mau aku njaluk tetimbangan Patih Tuhina lan Tumenggung Abiyaka. Saka ature punggawa loro iku diprayogakake becik yen diadani sayembara. Piye mungguh pinemumu Ngger?” pandangune Pangeran Maspahit.“Nggih Rama. Kula ndherek sakersa paduka,” ature Putri Mandalika.“Yen nyata manut pun rama, coba piye wujude sayembara kuwi?”“Kula gadhah pemanggih prayogi sedaya panglamar dipunaben olah bela dhiri saha kaprigelaning perang. Panglamar ingkang paling unggul kedah tandhing lawan kula. Menawi mimpang menika ingkang kula tampi panglamaripun.”“Aku sarujuk. Wis saiki enggal diadani wae. Patih Tuhina, enggalenggala nyebarake wara-wara iki marang kabeh panglamar!”“Nggih Kangjeng Pangeran.”“Marang sira Tumenggung Abiyaka, sira kang dakpasrahi nyamektakake ubarampe lan papan blabar kawat kanggo mupu sayembara 05
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 25iki. Kabeh kudu disiyagakake kanthi sabecik-becike. Aja nganti nguciwani.”“Sendika dhawuh Kangjeng.”Kang nampa dhawuh enggal ngayahi karya. Patih Tuhina nemoni para panglamar sing wis manggon ing Kuthagara Selaparang sawetara wektu. Ana panglamar cacah sewelas asal Pulo Lombok sakiwa tengene. Ing antarane panglamar ana siji sing asale saka njaban rangkah, lan wus sawetara wektu cumondhok ing Pulo Lombok. Lagi wae rampung nyebar warawara, Patih Tuhina banjur disowani nom-noman bagus aran Gde Ubaya. Tekane Gde Ubaya ora liya uga kepengin nglamar Putri Mandalika. “Yen kowe kepengin nglamar Putri Mandalika, mula kudu wani adu olah bela dhiri mungsuh panglamar liyane,” dhawuhe Patih Tuhina.“Nggih. Kula sumanggem dhawuh,” ature Gde Ubaya.“ S a w e n e h e sawetara ing papan pemondhokan. Adu tetandhingan olah bela dhiri bakal ditindakake ing blabar kawat dina Anggara Kasih sing arep teka. Iki isih ana wektu telung dina ngaso ing papan kene.”“Ndherek kemawon dhawuhipun Ki Patih.”*****Anggara Kasih kang padha dienteni wis teka. Kabeh panglamar wis mlumpuk aneng blabar kawat kang bakal digunakake kanggo tetandhingan. Panglamar cacah rolas wis mlumpuk. Sawise njupuk urutan angka sing digulung ing godhong lontar, kabeh diedu tetandhingan mungsuh pasangane dhewedhewe. Sayembara iku digelar ing blabar kawat lan bisa ditonton sapa wae sing kepengin nonton. Adu olah bela dhiri iku ana pranatane. Sajrone adu olah bela dhiri, wong kuwi kena nyerang mungsuh nggunakake tangan lan sikil, nanging serangan mau ora kena ngenani sirah. Sapa wae sing nglanggar pranatan kuwi dianggep asor mula ora kena nerusake tetandhingan. Nganti nyedhaki bedhug tengange wis ana panyarta papat sing nglanggar pranatan, mula panglamar papat iku sanalika ditetepake asor, lan kudu ninggalake blabar kawat. Nganti srengenge nggliwang mangulon isih ana panglamar cacah wolu sing kudu ngrampungake adu kaprigelan olah bela dhiri. Ing antarane wong wolu iku banjur ana panglamar cacah papat sing kentekan tenaga, mula ora bisa nerusake tetandhingan. Tetandhingan mung kari diterusake dening panglamar cacah papat klebu Gde Ubaya. Ing antarane para panglamar iku katon yen Gde Ubaya duwe kekuwatan kang ngedab-edabi. Dheweke pancen dhug dheng, tur pinter silat. Pangeran Maspahit lan Putri Mandalika ngematake tandange Gde Ubaya sing nyata trengginas. Kekarone duwe pengajab muga-muga Gde Ubaya kang bisa unggul ing sayembara.Nganti serap surya adu tetandhingan iku durung rampung. Meh serap surya ana panglamar cacah papat sing isih mempeng adu atosing balung wulete kulit. Nalika diwenehi pedhang lan tameng kang kudu digunakake ing olah yuda iku, kabeh kuwawa nggunakake gegaman iku kanthi becik. Suwara pating krompyang keprungu saka blabar kawat nalika wong papat iku tetandhingan nggunakake pedhang sing ditadhahi tameng. Nganti meh serap surya durung ana tandhatandha sapa sing bakal menang ing sayembara tandhing kuwi. Patih Tuhina rumangsa khawatir, mula dheweke terus matur ana ngarsane Pangeran Maspahit.“Kangjeng, ngantos meh serap surya dereng wonten tandha-tandha sinten ingkang mimpang ing sayembara tandhing menika,” ature Patih Tuhina.“Jagad dewa bathara. Teka mejaneni temen. Yen ora ana sing unggul ing tetandhingan, terus piye babare sayembara iki?” pangandikane Pangeran Maspahit. [Ana candhake]
26 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 EheBu Marto mrebes mili eluhe saka netrane kang wis sepuh yuswane ngancik udakara pitung puluh taunan. Piyambake urip ijen nang Desa Tonalan lemah kelairane amarga putra-putrane wis sumebar urip nang jaban kutha kang adoh. Ana sing urip ana Jakarta, Bandung, Banjarmasin ngayahi tugas gaweyan saka kantore anggone nyambut gawe. Putraputrane padha dadi pegawe sing uripe paspasan lan urip prasaja. Dadine putra-putrane arang bali ana desa kelairane amarga kudu nyelengi pirang taun kanggo ongkos.Sasi iki wis ngancik wulan Pasa. Wis ngancik telung bada iki putraputrane ora ana kang padha mulih niliki ibune. Kejaba ongkos sing kudu dibayar larang lan prei kantor kang mepet putra-putrane, jalari bu Marto nangis yen ngelingi urip ijen ora ana sing ngancani. Saben kangen bu Marto amung krungu suwarane saka hape jadul sing ora bisa weruh raine putrane kaya hape-hape weton saiki kang wis canggih. Nanging kaya mangkono wis rada nyuda kangene wong tuwa marang anak-anake. Yen ditakoni Bada iki arep padha mulih ora? Kabeh padha jawab ora bisa. Ana sing jawab sibuk, repot lan liya-liyane. Sangsaya nambahi kangen lan mrebes mili eluhe saka netrane.Pasa iki sangsaya sepi daleme Bu Marto. Ora ana glibete putra wayah kang padha bali. Bu Marto ditinggal garwane wis udakara sepuluh taunan amarga gerah sepuh. Iki uga kang jalari Bu Marto saya kasepen ora ana sing dijak ngobrol. Kegiyatane Bu Marto resik-resik omah, makani kewan ingon-ingonane kayata pitik, bebek, iwak banyu. Kena kanggo ngisi wektu nylamurake ngen-ngene kangen anak putu. Bu Marto asring dikancani Yu Jilah tanggane kang uga wis randha. Ya mung wong loro kuwi mau kegiyatane saben esuk tangi subuhan bareng nang mesjid banjur mlaku-mlaku turut desa kareben sisan olahraga. Tangga-tangga kang mirsani Bu Marto karo Yu Jilah mlaku-mlaku saben esuk banjur padha melu-melu. Dadi saiki saben esuk akeh sing ngancani mlakumlaku.“Lare-lare boten sami wangsul napa Bu?” ature yu Jilah.“Ora je Yu, jare padha repot gaweyan,” wangsulane Bu Marto.“Kula pirsani sampun tigang riyaya boten sami wangsul nggih Bu?” yu Jilah matur maneh.“Hoo je Yu, dadine sepi pirangpirang bada iki,” wangsulane Bu Marto.“Mugi-mugi putra-putra sami sehat lan saged wangsul nggih Bu?” yu Jilah jawab.“Aamin,” wangsulane Bu Marto.Ora krasa lakune wis tekan daleme Bu Marto. Piyambake banjur pamit arep mlebu daleme arep reresik plataran omah kang akeh godhong-godhong padha tiba neng lemah. Yu Jilah dherekake pamite Bu Marto lan dheweke uga bali menyang omahe sing ora adoh saka daleme Bu Marto.Mau bengi Bu Marto dhahar saur kirimane Yu Jilah. Jangan bayung lawuh tempe garit wis cukup kanggo saur dina kuwi. Apa maneh Bu Marto wis sepuh ora nate nekaneka anggone dhahar. Satenane sabendina yen mung lawuh mesthi ana. Pengin mangan pitik goreng kari mbeleh, pengin bebek kari nyekel, pengin iwak goreng kari njaring. Sayuran apa maneh. Kiwa tengen daleme ditanduri wit-witan kang bisa kanggo nyayur sabendinane, ora perlu blanja menyang pasar. Menawa putra wayahe padha teka rakya rame banget swasana daleme. Mesthi bungah atine Bu Marto diparani putra wayahe. Nanging Pasa iki padha Pasa taun-taun sadurunge, sepi amarga putra wayahe ora padha mulih.Dina-dina Pasa sateruse kahanan padha wae ing daleme Bu Marto. Saben bubar wayah buka Pasa dalan-dalan desa dadi sepi amarga kabeh wargane padha menyang mesjid salat tarweh jamaah. Memper kaya atine Bu Marto kang tansah sepi yen kelingan putra wayahe. Pengine urip dikancani dening putra wayahe nanging kahanan kang ora bisa dilakoni. Kabeh padha sibuk dhewe-dhewe karo penggaweyane lan wayahe padha sibuk anggone sinau nuntut ilmu kang dhuwur.Saben bubar salat tarweh Bu Marto donga nyuwun pangapura marang Gusti Kang Murbeng Dumadi lan nyuwunake putra wayahe sing ana paran tansah diparingi sehat. Karo netes eluhe anggone ndedonga amarga saking khusuke anggone nyenyuwun marang Gusti Allah. Diterusake ngaji Qur’an kanggo ngisi wektu uga bisa nambah ilmu lan ganjaran kang matikel-tikel ing wulan Pasa iki. Kanthi dedonga lan ngaji Bu Marto uripe tansah katon ayem tentrem.Ngancik Pasa selikur dina ora ana tandha-tandha menawa putra wayahe padha arep mulih. Bu Marto saya nggrantes atine. Daleme wis direresik saben dinane nganti kongkonan wong kanggo ngecat tembok lan lawang-lawange kareben ketok resik lan anyar nanging putra wayahe durung padha ngabari bisa mulih apa ora.Bu Marto tansah nunggu-nunggu kabar liwat hape sing dicekel sabendinane. Nganti mlebu pasa pungkasan kok tetep ora ana kabar. Ngerteni bu Marto katon nggrantes, yu Jilah mara ing daleme bu Marto saperlu paring panglipur.Malem takbiran wis kumandang ana ngendi-endi papan. Mesjidmesjid wis padha sesautan ngumandangake takbir nyebut Asma Gusti Kang Maha Ageng. Bocah cilikcilik padha mlayu menyang mesjid sinambi gawa oncor lan lampion kanggo pepadhang. Swasana malem takbiran katon rame lan gayeng. Sesuk wis dina riyaya kang diantuCrita Cekak
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 27antu bocah cilik-cilik mundhak selak pengin nganggo klambi anyar sing dipundutake wong tuwane.Dina kuwi bubar buka syiam bu Marto arep tindhak kamar mandhi saperlu arep njupuk banyu wudu. Dumadakan piyambake dhawah kepleset ana ngarep kamar mandhi. Piyambake dhawah nganti semaput ora ana sing nulungi. Yu Jilah kang biyasane mara kaget weruh ana pawongan turu nglemprak ana ngarep kamar mandhi. Yu Jilah banjur bengok-bengok njaluk pitulungan tangga kiwa tengen. Keprungu yu Jilah bengok-bengok njaluk pitulungan tangga-tangga banjur padha teka lan paring pitulungan. Bu Marto banjur dibopong ramerame kaangkat nang dhuwur papan sarene lan ditunggu anggone sadhar kanthi diambon-amboni lenga putih. Sanalika netrane Bu Marto melek ndelok ngarep kiwa tengen kok dirubung wong akeh. Yu Jilah banjur maringi unjukan toya pethak marang Bu Marto. Bu Marto nuli ngunjuk lan kelingan menawa dheweke mau tiba kepleset nang ngarep kolah.“Yu, yen aku ditimbali Gusti Allah aku titip weling marang anak-anakku ya,” panjaluke Bu Marto.“Istiqfar bu Istiqfar.....Bu Marto dereng badhe pun timbali Gusti,” semaure yu Jilah.“Aku wis tuwa, wis kesel, awakku wis ra kuwat yu,” semaure Bu Marto.“Pun, samenika kangge lerem sare rumiyin bokmenawi wau tasih sakit anggenipun dhawah,” panyuwune yu Jilah.Bu Marto banjur nyoba sare kareben suda anggone mumet sirahe amarga kejebles lawang kolah mau. Yu Jilah nunggoni karo uthak-uthik hape sinambi ngubungi putra-putrane Bu Marto. Nanging wiwit mau telpon ora ana siji putra kang nyaut. Ketoke padha sibuk apa ora gelem nampa telpon saka hapene ibune. Wayahe saya bengi, kahanane Bu Marto saya ngawatirake. Dhokter uga wis diundang kanggo ngecek kahanane Bu Marto. Dhokter weling menawa Bu Marto nembe masa kritis kudu ditunggoni.Esuke ngepasi dina riyaya ana rombongan mobil mlebu pekarangane Bu Marto. Putra wayahe Bu Marto padha teka lan ora ngerti menawa Bu Marto nembe gerah nganti kritis. Yu Jilah methukake putra-putrane saperlu paring kabar menawa Bu Marto wingi tiba nang ngarep kolah bubar buka syiam. Putra-putrane banjur mlayu marani ana ing peturone ibune kuwi. Kabeh padha tetangisan meruhi kahanane ibune saiki. Wingi pancen ora kabarkabar yen putra-putrane sarujuk arep bali nanging ora ngabari ibune. Pengin dadakan ben ibune seneng lan kaget ditekani anak putu. Nanging kahanan dadi beda ora kaya sing dibayangake.Ana ing jero kamar putra-putrane padha ngrubung peturone ibune saperlu pengin matur marang ibune. Dumadakan ibune netrane melek lan undang-undang sapa wae sing ngrubung dheweke.“Sapa iki? Kok aku dirubung wong akeh,” Bu Marto takon.“Kula ibu Indro, Bram, Tyas lan wayah sedaya,” panyaute putraputrane.“O kowe kabeh padha mulih ta?” pitakone Bu Marto.“Nggih Bu, nyuwun ngapunten kawula boten maringi kabar rumiyin amargi pengin dados surprise kangge ibu,” jawabe putra-putrane.“O ya nuwun ya anakku kabeh. Kowe wis padha gelem bali niliki ibumu iki. Nanging aku wis ora kuwat, aku wis ditimbali dening Pengeran. Aku titip weling kanggo kowe kabeh. Menawa aku wis mati kowe kabeh kudu rukun lan ora kena congkrah siji lan sijine. Aku njaluk ngapura menawa aku akeh luput karo kowe kabeh,” Bu Marto katon saya lirih anggone ngendikan.“Sampun Bu, ibu boten sah matur kathah-kathah rumiyin. Kula sarombongan putra wayahe ugi nyuwun pangapunten dhumateng ibu menawi kathah dosa lan tindaktanduk kula ingkang boten leres. Menapa malih samenika dinten riyaya, dinten ingkang sae kangge nyuwun pangapunten dhumateng ibu,” panjaluke putra-putrane.Nanging kahanan wis ora bisa ketulungan. Bu Marto saya lemes lan njaluk dituntun supaya anggone maos kalimah sahadat lancar. Putra wayahe sinambi tetangisan banjur nuntun Bu Marto. Sawise ngucap kalimah sahadat Bu Marto makles seda. Tangis banjur keprungu saka jero kamar peturone Bu Marto. Tangga-tangga kang krungu menawa Bu Marto wis tilar donya banjur nyiapake uba rampe kanggo ngurusi jisime Bu Marto. Ana sing mlayu marani mbah kaum lan uga ana kang mara panggonane juru kunci saperlu ngabari menawa Bu Marto seda dina iki. Dina riyaya kang biyasane regeng sanak sedulur anak putu padha teka malih dadi swasana dhuhkita amarga sedane Bu Marto. Bubar salat Dhuhur jisime Bu Marto disarekake ana ing makam pinggir desa Tonalan diderekake putra wayah sanak kadang tangga teparo.* Sleman-2022“Yu, yen aku ditimbali Gusti Allah aku titip weling marang anak-anakku ya”
28 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 EheWacan BocahSawijining esuk, sato kewan kang aran kidang metu saka susuhe kang ana ing tlatah Gunung Merapi.“Waaah..... segere hawa esuk iki!“ guneme kidang karo mesem.“Ayo..... tangi, nak! “ pambengoke kidang karo anake lanang.“Aaah..... isih adhem, biyung!“ jawabe anake kidang saka susuhe.“Ayo..... golek pangan, mumpung isih esuk!“ pangajake kidang karo mlaku alon-alon.“Haaah..... aku isih ngantuk, biyung!“ panyaute anak kidang karo metu saka susuhe. Anak kidang banjur ngetutake biyunge saka buri, kidang noleh anake karo mesem.“Horeee..... kae ana wit jambu dersana, nak! “ pambengoke kidang karo ngruket anake.“Endi..... biyung?“ pitakone anake kidang karo lingak-linguk. “Wit jambune dumunung ing sacedhake kali nak,“ jawabe kidang karo mlaku rikat tumuju neng kali.Anak Kidang banjur mlayu keponthal-ponthal nututi biyunge. “Waaah..... jambune akeh lan gedhe-gedhe nak!“ kandhane kidang karo opek jambu.“Heeeh..... heeeh..... sikile kesel biyung!“ panyaute anak kidang karo nglekar neng ngisor wit jambu dersana kang rindang.“Jambune legi lan seger, iki kanggo kowe,“ kandhane kidang karo ngulungake jambu marang anake.Anak kidang banjur nampani jambune lan mangan kanthi nikmat. “Heeem..... jambu dersana iki pancen legi lan seger!“ guneme anak kidang karo mangan jambu kanthi nikmat.“Opek jambune kanggo mangan mengko uga biyung,“ panjaluke anak kidang marang biyunge.“ Y o o o h . . . . . jambune tak wadahi tas nak!“ panyaute kidang karo opek jambu.“Heeem..... tas iki wis kebak isi jambu, bisa kanggo mangan nganti dina sesuk!“ guneme kidang karo mesam-mesem. “Adhuuuh..... wetengku wis wareg biyung!“ kandhane anak kidang karo ngelus-elus wetenge.“Srengengene wis arep angslup neng sisih kulon, ayo..... mulih!“ pangajake kidang marang anake.Kidang lan anake mlaku glendheh-glendheh tumuju neng susuhe.“Haaah..... aku wis ngantuk biyung,“ kandhane anak kidang karo nglekar.“Aku dakdelehake jambu iki dhisik neng pawon,“ panyaute kidang karo mlaku neng pawon.“Haaah..... mataku uga wis ngantuk!“ kandhane kidang lirih karo mapan turu jejeri anake kang wis turu nglempus. “Kluthuk..... kluthuk..... “ swara weteng ngelih kang asale saka anak kidang.“Adhuuuh..... aku luwe, kayane mau wis mangan akeh!“ grenenge anak kidang karo ngelus-elus wetenge.“Aaah..... mumpung biyung isih turu, aku arep mangan jambu!“ kandhane anak kidang karo tangi lan mlaku tumuju neng pawon.Anak Kidang banjur mangan jambu nganti ora krasa jambu satas wis dientekake dhewe.“Hehehe..... wetengku wis wareg maneh lan saiki turu maneh!“ kandhane anak kidang karo mapan turu neng sacedhake biyunge maneh. [Ana sambunge]
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 29 Aksara JawaAgus WepePametri Kabudayan JawaPANAMBANGAN (04)Yèn wingi wis kaandharaké panggoné panambang -an tumrap ukara kang sipaté tanduk, panambang -an uga kena kanggo bebantu sajroning ukara kang asipat pakon utawa ngongkon, yaiku kang mawa panambang -ana. Panganggoné padha karo panambang -ané kang wis kaandharaké wingi. Yèn tembung linggané mawa pungkasan vokal utawa wanda menga, tinulungan panambang -an kang pocapané luluh. Yèn pungkasané arupa wanda sigeg, ora susah. Mung bédané, yen wingi olèhé nulis panambang -ané kapérang dadi an + né, yèn panambang -ana ora prelu kapérang manèh, awit wandané kabeh muni swara a jejeg.Tuladhané, yèn arep pepréntah nganggo tembung wanda pangan, cukup kasambungaké baé nganggo panambang -ana. Panyigeging wanda pungkasan mau kagawé rangkep, mula yèn ditulis nganggo aksara Jawa dadi pangan + nana.Déné upama tembung linggané tampa, ateges pungkasané wanda menga, kasambungaké panambang -an dhisik sadurungé panambang -ana. Dadiné tampa + an + ana = tampanana. Olèhé maca, tampan (tampa + an) diwaca rubuh, nana diwaca jejeg.Kajaba kuwi, panambang -an uga kena dadi bebantu tumrap ukara tanggap, kayata kang mawa ater-ater tripurusa lan panambang -i. Kanggoné padha-padha tumrap wanda menga ing pungkasaning lingga. Mungguh kang pungkasané wanda sigeg, sigeganing wanda kagawe rangkep. Tuladhané, tembung kaya dakkandhani, koklakoni, diajèni, kabèh mau mawa pambantuning panambang -an, déné tembung kaya daksusuki, kokjupuki, ditututi, ora nganggo bebantu -an.Bebantu panambang -an, kadhangkala olèhé nyeselaké patrapé ora padha ing saben panambang pungkasan, malah-malah ana kang nyebal saka padatan. Tuladhané yang tumrap panambang -aké, bebantuné panambang -an banjur malih. Ing kono sesigegé na malih dadi sesigeg ka (-an dadi -ak). Mula yèn tembung linggané laku, dadiné ora dilakonaké nanging dilakokaké. Ing kono sigeg ka ora karangkep, nanging diterusaké pasangan ha minangka wiwitané panambang -aké mau, awit manut saka ungelé rimbag mau.Ana manèh kang nyebal saka padatan, yaiku tumrap tembung takon. Senajan linggané dudu taku, nanging yèn ditrapaké panambang -aké, sesigegé na katut malih dadi sigeg ka. Mula di + takon + aké = ditakokaké.
30 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 EheMacapatTembang DolananHAORNAS 2022Sinawung Sekar Dhandhanggula Pengasih Lrs. Sl. Pt. SangaDening Siswata GiwanganBaru KlinthingTembang / Cakepan: Sastraliwung1= C, 2 / 4, Wirama Greget
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 31 GeguritanSri WintoloSinau Marang Kucing Sinau marang kucingsupaya bisa nyampurnake satrukanthi wicaksana. Ora nrajang saka buriapa maneh juwing-juwingnatkala satru isih kuwagang bengok soraKucing tan beda kaki guru kangasung piwulang menawa luwih landhep granasarta mripat tinimbang waja sarta kenaka: sanjata pamungkas kanggo analiti tepak utawa papanpandhelikane satru sajrone gedhong waja tanpa cahyaNganti tumekane wektu, kucing tan beda aku lan kowetansah tut wuri marang lakune matengga, rikalajiwane wus nglungguhake ukum wana dadisesembahan. Ing kono antarane satru klawan mitratan bisa dinulu ana ngendi garis wateseNgayogyakarta, 2021Faisal Al FarisCelengan Gajah Ing dhuwur bufetCelengan gajah lenggah piyambakBledug lan rereget kandelKapandeng sepiTanpa ngempret-ngempretOra ana swara ing kanaBolongan petengKasepen abadiDhuwit-dhuwit ora tau rnlebuBokmenawa bakal selawaseMung kala mangga nggawe omahIndramayu, 2020 Tatiek Poerwa KalinggaNgrakit Rasa SiningitTembung endah kang rinakit ing gurit ngilangi rasa kingkinUkara kang rinacik nyimpen rasa siningitNadyan rasa kuwi tetep ngleleda saka langitBisa karasa rumasuk tunjem ngruket galih sepiLumantar gendhinge maruta wayah ratriSuksma sajodho njlimeti garising pesthiNglakoni kodrat saka Gusti Kang Murbeng Dumadi..Narima yekti piandel pusaka sektiBisa mbeset kingkine atiNuwuhake kidung pamuji kang suciPuguh suksma manunggal janjiNadyan amung ngrantu tejaning wengiKanthi damar mecaki kodrat IllahiMuga manggih kamulyan jati....Pertapan Kalingga, 29 April 2021Y.P.B. WiratmokoLumaku Ing Dalan PadhangLumaku ing dalan padhangAja nganti ndedawa wirangAja dhemen sangga uwangApa maneh mung sila ndhangklangUrip kudu sregep tumandhangMung kabecikan kang rinancangBasuki kang kaesthiSembada kang sinedya20 Januari 2021
32 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe BanyumasanMBENGI-MBENGI rong dina kepungkur, Damirin lunga plencing maring pom bensin. Ngegas montor banter pisan kaya sapi bigar. Nang sak sangu dhuwit satus sewu. Niate agep ngebeki tengko montor. Mergane dhekne ulih kabar menawa pemerentah agep ngundhakna rega bensin. Tekan pom bensin, jebule antrine dawa pisan. Montor sing padha agep ngisi bensin dawane ora eram ngasi butul gili gedhe. Ora mugur montor, ana uga mobil sing melu antre ngisi bensin.\"Mumpung durung mundhak rega pertalite. Deiseni ngasi kebek,\" ujare Damirin maring wong sebelahe sing uga melu antri.\"Iya kang. Terpaksane ya antri kaya kiye,\" semaure wong kuwe mau sing mbuh sapa jenenge.Seprapat jam liwat, akhire Damirin teyeng tuku bensin full tank. Kayonge mongkog nemen nang ati. Angger tangkine isi full paling ora dadi ora mawi ngisi nganti telung dina. Wong nyatane pedinane ora mesthi nek lunga nganggo montor. Maring alas pas nderes paling mlaku.Esuk-esuke, ana kabar nang tivi, jebule bensin ora sida mundhak. Nang ati jane Damirin mandan gela. Tiwas tengah wengi atis-atis antri dawa pisan tuku bensin, malah ora sida mundhak.*Let rong dina, Damirin balik seka alas. Rengasrengos nggawa pongkor isi badheg. Tekan umah liwat lawang mburi, Sitas lagi nggawe geni nang pawon nggo nggodhog badheg. Bosa badhege desuntek nang kawah wajan, Damirin langsung mlebu padusan, adus kambi nembang.\"Wong ko ngene kok dibanding-bandingke, saing-saingke ya mesthi kalah. Kuberharap engkau mengerti, di hati ini hanya ada Jokowi...\" Damirin nembang melu-melu lagi sing lagi viral denyanyikna penyanyi cilik nang Istana Merdeka Jakarta pas bar upacara 17 Agustusan wingi.\"Halah kaya suarane rika apik-apika Pa. Maraih bodhol kupinge,\" seka pedangan, Sitas mangsuli tembangane bojone.\"Poran. Nyong toli mbiyen mantan vokalis grup hadroh. Angger labuh pas acara pengajian nang majelis apa nang RT, suarane paling merdhu,\" semaure Damirin seka kamar padusan.\"Rika nyanyi-nyanyi kayong bombong nemen. Ora ngrasakna siki mangsane tambah susah. Kae miki ana berita nang tivi, jam setengah telu, presidene ngundhakna rega bensin.\"\"Haa!!! Apa Ma? Bensine mundhak? Ujare wingi tanggal 1 ora sida mundhak, jebule siki tanggal 3 malah mundhak?\" Damirin kaget ngasi sabune mencolot.\"Iye kae. Bensine mundhak. Sing maune 7.650 mundhak dadi 10 ewu.\"\"Tiwas nyong andhiwingi wis antre, terus mandan bombong bensine ora sida mundhak. Eh cempuleke olehe ngundhakna awan-awan.\"\"Jarene Presidene, mundhake mergane subsidi selama ini mugur depangan nang wong sing nduwe. Ngesuk subsidine deganti BLT nggo wong sing ora duwe kaya awake dhewek,\" ujare Sitas.\"Lah kaya dhewek tau ulih BLT. Mbokan dhewek jenenge ora tau nyanthel nang daftar bantuan seka pemerentah? PKH be ora ulih mbok? Sing ulih mugur sedulure perangkat kambi ertene. Padahal umahe pada kramikan, montore ngasi loro.\"\"Ya brati keluargane dhewek deanggep wong sugih Pa.\"\"Sugih seka Arab.\"\"Ya ora sugih bandha, seorane ya sugih atine.\"\"Titeni Ma, angger bensin mundhak, toli apa-apa dhela maning melu mundhak. Beras, brambang, cengis, mengkreng padha mundhak,\" ujare Damirin metu seka padusan kambi usukusuk rambut nganggo andhuk.\"Mulane rika olehe nderes mulaih siki sing mrempeng. Badhege deakeh, dadi nitise gula tambah akeh. Mengko nek desetor maring Kaji Simur olehe tampa dhuwit akeh. Masa oraha, Gusti Allah bakalan nyukupi awake dhewek. Rejeki ora gadang mencolot.\"\"Jan, rika saya suwe kaya Ustadah Mumpuni. Wis nganah, nyong gawekna clebek. Ora usah nganggo gula, wis biasa nginum clebek paitan ikih. Ngirit.\"\"Iya Pa, nyong tak gawe clebek dingin. Kae nang meja wis tak gorengna gedhang. Kari depangan nggo kanca ngopi. Giyeh badhege deudhek dingin, men gulane ora gemblung,\" Sitas menyat maring pedangan gawe clebek nggo bojone. (Dul Komed van Braling)Bensin Mundhak Maning
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 33Mukiyem (jeneng singlon) bocah wadon kang isih ngancik kelas telu SMA ing salah sawijining sekolah swasta ing kutha Y. Praupane lumayan ayu, kulitane ireng manis, semok lan grapyak. Ana sekolahe dheweke klebu kembange sekolah. Mukiyem kapinterane sadhuwure rata-rata, ora pinter ora bodho. Ora maido yen ana ing sekolahan dheweke cerak karo kanca-kancane, ora lanang ora wadon. Dheweke anak nomer loro saka kulawarga sing lumayan sugih. Bapak ibune nguja Mukiyem apa wae sing dijaluk mesthi dituruti.Bapak ibune Mukiyem wong sing ora tau ana ngomah. Kabeh padha sibuk karo penggaweyane sing dagang nganti tekan jaban kutha. Dadine Mukiyem kurang kawigaten saka wong tuwane. Ngertine bapak ibune Mukiyem apik-apik wae wis kecukupan apa wae sing dipengini. Mukiyem kerep lunga dolan tekan bengi golek kanca sing bisa dijak omong-omong kanggo ngilangi strese. Cafe karo diskotik dadi jujugane pendhak bengi. Ora maido Mukiyem dadi kenal karo ombenomben sing marai mendhem. Jenenge diskotik isine ya wong-wong sing mlayu saka kahanan ngomah. Ana sing ditinggal bojone, ditinggal gandhengane, kahanan ngomah ora akur bapak ibune lan liya-liyane. Yen wis padha mendem omongane mbladrah ora karuwan. Ana sing gawe kisruh nganti tekane padha gelutan ing jero diskotik apadene cafe.Kahanane Mukiyem malih sawise ora tau entuk kawigaten saka wong tuwane. Ngertine yen kabeh dituruti wis beres anggepane bapak ibune. Kamangka Mukiyem isih butuh katresnan saka wong tuwane ora mung butuh dhuwite. Bapak ibune kerep padudon masalah anak. Lelorone padha dene anggone nyalahake kahanan, pengin menange dhewe. Kadhangkala bapak ibune ora tau mulih ngomah, nginep ana hotel ing kutha sing dijujug amarga urusan dagang. Kamase Mukiyem uga wis omah-omah lan urip ana jaban pulo.Sekolahe Mukiyem uga amburadhul ora karuwan. Bijine raport Mukiyem akeh sing abang lan kudu mbaleni ulangan supaya bijine malih dadi apik. Pendhak tekan sekolahan mripate isih ngantuk amarga sewengi dolan ana diskotik nganti esuk lagi bali. Ana ngomah rewange sing prihatin weruh kahanane Mukiyem. Bocah iki melas banget ora entuk kawigaten saka bapak ibune. Saiki playune Mukiyem ya ana cafe apa diskotik. Nganti sawijining dina Mukiyem ngombe nganti mendem ora sadhar digawa karo kanca-kanca lanange ana mobil tumuju panginepan ing dhaerah K. Ing panginepan kuwi Mukiyem dirudapeksa karo kanca-kancane mendem. Gandheng wong kang lagi mendem apa wae sing dilakoni ora sadhar lan nglanggar aturan.Mari saka mendeme Mukiyem wis ana kursi teras ngomah lan mau bengi diterake kanca-kancane. Rewange uga ora ngerti tekane Mukiyem amarga ora dhodhok lawang ngomah. Mukiyem terus digandheng mlebu omah karo rewange. Mukiyem digawekake wedang anget lan diombekake rewange. Teras ngomah reged kena utah-utahan Mukiyem sing mendem. Mukiyem banjur turu ana jero kamar nganti lali ora sekolah. Mukiyem uga lali apa sing ditindakake mau bengi karo kanca-kanca ing cafe nganti mendem.Dina-dina sateruse Mukiyem ngrasakake ana owah-owahan ing awake. Dheweke kerep mutah-mutah kamangka ora masuk angin apa lara. Mukiyem njaluk rewange dikon nggolekake pelem mentah. Kayane pengin banget mangan pelem kamangka durung usum. Dadine rewange bingung golekake pelem mau terus ditukokake manisan pelem ing supermarket. Rewange batin kok ndorone kaya wong nyidham anggone pengin pelem kuwi.Wetenge Mukiyem kok malih tambah gedhe lan sasi iki kok ora menstruasi kaya biyasane. Rewange banjur lapuran karo bapak ibune Mukiyem meruhi kahanane Mukiyem kuwi. Bapak ibune kaget banjur ngajak Mukiyem omongomong. Bapak ibune nakoni kok saiki Mukiyem awake malih lan njaluk pepenginan kaya wong nyidam. Gek-gek kowe meteng nok anakku, pitakone bapak ibune. Mukiyem banjur digawa menyang klinik saperlu dicek dhokter. Rampung dipriksa dhoktere ngomong karo bapak ibune Mukiyen yen putrane nembe ngandhut calon jabang bayi. Krungu kaya ngono bapak ibune lemes banjur ngajak Mukiyem mulih. Ana ngomah Mukiyem ditakoni sapa wong lanang sing ngetengi dheweke. Mukiyem bingung njawab sapa wong lanang sing gelem tanggungjawab. Dheweke ngaku dirudapeksa karo wong akeh sing lagi padha mendem ing panginepan. Bapak ibune saya lemes krungu jawabane Mukiyem mau. Bapak ibune lagi sadhar saiki meruhi anake nampa kahanan sing ora dikarepake.Kanggo ngilangi supaya ora ketok elek bapak ibune banjur golek bocah lanang sing gelem ngijabi anake kuwi karo dijanjeni arep ditukokake pit motor anyar. Bejane ana wong lanang lugu sing gelem dirabekake karo Mukiyem. Nganti tekane ijab bojone Mukiyem sing aran Tukiyo ora ngerti yen Mukiyem wis metheng karo wong liya. Wewadi kuwi sumimpen rapet nganti laire bocah jabang bayi saka wetenge Mukiyem. Oh lelakonmu. [Narti-Godean]Oh LelakonLelakone Mukiyem
34 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe PengalamankuSemaputPonakanku sing jenenge Bagus bola-bali sambat lara untu, jarene mono gusine abuh. Nalika digawa.Mas Topo (bapakke –red) menyang dhokter untu, sarane ana untu sing kudu di cabut, yen larane wis mari. Yen ora dicabut mengko bakal njalari lara maneh untu mau. Telung dina sawise mari Bagus diajak bapake menyang dhokter untu mau maneh, saperlu nyabut untu. Sanajan isih kelas 5 SD, Bagus bocahe kendel, ora wedi ngadhepi alat-alate dhokter untu sing siyap nyabut untune mau. Dene sing miris malah bapakke. Dheweke keder nyawang meja cabut lan bor untu sing katon medeni. Apa maneh nalika nyawang Bagus disuntik gusine nganggo obat bius. Dudu bagus sing semaput nanging malah bapake sing semaput. Pak dhoktere dadi bingung, dheweke njaluk tulung asistene supaya ngrumat bapake Bagus. Nganti operasi cabut untu rampung, Bapake Bagus durung sadar. Nalika sadar malah diwelehake anake dhewe. “Pak sampeyan ki lucu, sing dibius aku kok sing semaput sampeyan,” welehane Bagus. Bapake mung pringas-pringis kisinan.[Soleh Hadi S]KlengerKetuwa rukun warga (RW) ing lingkungan Karang Wetan ingkang asma Barodin, umur watara 51 taun wonge lugu ananging mrantasi gaweyan. Wong-wong warga lingkungan Karang Wetan iki akeh-akehe padha duwe rasa seneng diketuwai dheweke.Sawijine dina Barodin iki nandhang lelara watuk pilek, flu ingkang rada suwi, meh ana 14 dina. Kegiyatan lingkungan kampung rasane kurang gayeng yen Barodin ora melu. Ora mung sebab Barodin ketua RW ananging suwasana ndadekake sepi ora ana guyonane. Fahrodin, 50 taun uga warga lingkungan Karang Wetan namung dheweke pagaweyane dadi lurah ing tlatah Temanggung. Areka dheweke dadi Lurah ananging ing lingkungan Karang Wetan ya tetep dadi anak buwahe Barodin.Ngerti yen Barodin lara flu, Fahrodin nyeluk dheweke kon ndolan ning omahe arep diparingi obat. Ringkes crita Barodin diparingi obat werna telu karo Fahrodin. Obat iki turahane duweke Fahrodin nalika nandhang gerah.Tekan omah enggal-enggal obat diuntal. Ora let suwe Barodin ngrasakake kliyengan sirah kaya-kaya muter-muter bumine goyang. Barodin ngrasakake awak kabeh ora penak, Barodin klenger nggletak ana amben. Obat turahane diuntal maneh ya tetep ora ana kaceke. Malah kaya-kaya mumete saya tambah.Karo anake obat-obatane digawa menyang apotik. Karepe arep tuku maneh obat sing jinise kaya sing diparingi Pak Lurah. Ananging kaya ngopo kagete anake krungu ngendikane apoteker.“Lho, sampeyan kok duwe obat werna-werna kaya ngene.”“Aku diparingi Pak Lurah. Ha piye ta?“ wangsulane anake Barodin.“Aja diterusake leh ngombe obat iki, iki sijisijine obat beda mbebayani, bisa-bisa ora benere sampeyan bisa koit.“ Krungu ngomonge apoteker iki anake Barodin katon kaget. Apoteker iku trus jupukake obat liyane. Ora let suwe ana kabar yen Barodin ma.., mari saka flu sing kliru ngombe obat. [Muhisom Setiaki – Parakan]
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 35 Napak TilasIng papan pengungsian Desa Pasiraman, Banyumas, sadurunge Sunan Amangkurat Agung seda, nimbali putrane yaiku putra mahkota (Raden Mas Rahmat) lan Pengeran Puger. Marang Raden Mas Rahmat paring piweling supaya ngrebut Kraton Plered saka tangan Trunajaya. Ananging Raden Mas Rahmat katon rangu-rangu, awit piyambake duwe nedya arep nindakake munggah kaji ing tanah suci. Amarga duwe rasa rangu-rangu kuwi, Sunan Amangkurat Agung banjur ndhawuhi Pangeran Puger (adhik Raden Mas Rahmat) supaya nerusake pepinginane yaiku ngrebut Kraton Plered. Pangeran Puger mundhi dhawuh, nyaguhi ngrebut maneh kraton sing dikuwasani Trunajaya. Sadurunge tumindak nyerang Trunajaya, Sunan Amangkurat Agung maringi sangu awujud pusaka piyandel yaiku pusaka ‘Kyai Plered’. Sawise Sunan Amangkurat Agung katimbalan ing Ngarsane Gusti Ingkang Maha Kuwasa, kasarekake ing Tegalarum, Pangeran Puger kabiyantu dening para warga masarakat sing isih setiya marang Mataram yaiku saka Kedu lan Bagelen, budhal tumuju Plered ngadani penyerangan lumawan Trunajaya. Amarga saka gigihe Pangeran Puger lan para pasukane, Trunajaya kalah. Pangeran Puger kasil ngrebut maneh Kraton Plered yasane ramane yaiku Sunan Amangkurat Agung. Nanging kahanane kraton wis ora kaya maune, rusak tur ora wujud kraton maneh. Sanajan kratone rusak, Pangeran Puger enggal-enggal jumeneng nata kanthi gelar ‘Sunan Ngalaga’. Menawa ora enggal jumeneng nata, kratone sing kosong iki, bisa direbut marang liyan sing duweni pepinginan dadi raja.Raden Mas Rahmat sing maune rangu-rangu, wusanane saguh matuhi pepinginane ramane yaiku Sunan Amangkurat Agung supaya nyerang Plered, nututi adhine (Pangeran Puger) sing lagi perang ing Plered. Ananging sadurunge budhal, Raden Mas Rahmat netepake jumeneng nata ing Banyumas dadi Raja Mataram kanthi gelar ‘Sunan Amangkurat II’. Ing kene piyambake ngutus Patih Mandaraka supaya nyuwun bantuan kumpeni ing Batavia. Nalika lumaku tumuju Batavia, Patih Mandaraka mampir ing Tegal menyang salah sijine bupati sing isih setiya yaiku Martalaya. Nalika ing Tegal, Patih Mandaraka dikabari yen Kraton Plered wis kasil direbut Pangeran Puger. Trunajaya sing ngalami kalah kuwi mlayu menyang Kediri lan netepake dhewe dadi panguwasa Mataram ing Kediri. Patih Mandaraka durung nyaosi kabar marang Sunan Amangkurat II, amarga isih nerusake laku nyuwun bantuan Walanda ing Batavia. Patih Mandaraka kasil entuk bantuan 800 serdhadhu Walanda lan 1000 prajurit pribumi. Kabeh pasukan bantuan Walanda mau banjur tumuju Banyumas nemoni Sunan Amangkurat II. Patih Mandaraka nyaosi kabar bab Pangeran Puger kasil ngalahake Trunajaya lan Trunajaya mlayu ing Kediri saha netepake dadi panguwasa Mataram ing Kediri. Kabar iki dadekake penggalihe Sunan Amangkurat II muntab. Mula enggal-enggal menyang Kediri karo pasukan Walanda saperlu numpes Trunajaya. Sunan Amangkurat II kasil ngalahake pasukan Trunajaya. Ing kono Trunajaya tilar donya. Amarga Kraton Mataram ing Plered wis rusak, Sunan Amangkurat II mindhahake pusat Kraton Mataram ing alas (hutan) Wanakarta, saiki misuwure Kraton Kartasura. Sawise kuwi, Sunan Amangkurat II ngutus salah siji prajurite supaya nimbali adhike (Pangeran Puger) sing isih lenggah ing Plered, supaya gabung ing Kartasura. Pangeran Puger ora kersa tindak ing Kartasura, awit mireng kabar yen Amangkurat II isih ngagem ageman ‘admiral’ (ageman Walanda). Sunan Amangkurat II dikawal pendhereke banjur tindak tumuju ing Plered arep methuk adhine. Pangeran Puger gelem gabung yen Sunan Amangkurat II ganti ageman. Sawise Sunan Amangkurat II ngagem ageman Jawa, Pangeran Puger kersa menyang Kartasura. Sawise gabung, Pangeran Puger ora ngagem asma ‘Sunan Ngalaga’ maneh. Ing Kartasura, Pangeran Puger sing pinercaya ngampingi Sunan Amangkurat II nganti pungkasane masa paprintahane. Sawijining dina Sunan Amangkurat II nandang gerah. Kanggo ngawekani murih kahanan kraton ora goyah, Pangeran Puger sing dadi pangampinge, kapasrahan nemtokake kawicaksanan. Ing tanggal 3 Novemper 1703, Sunan Amangkurat II katimbalan Ing Ngarasane Gusti Kang Maha Kuwasa. (Lis HS). Sumber:KRT Rintoisworo, KHP Widyabudaya, Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat.Ensiklopedi Raja-Raja Tanah Jawa, Ki Sabda Carakatama. Pangeran Puger Pengamping Setiya Sunan Amangkurat IISunan Amangkurat II utawa Raden Mas Rahmat. (repro)
36 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe LiputanNikah Bareng Kang UnikEntuk Jodho Lumantar MediaDina Minggu 7 Agustus 2022 mapan ing RT 38/RW 13 Malangan, Giwangan, Umbulharjo, Kota Yogyakarta ngadani acara ‘Nikah Bareng Pitulasan’ pertama ing Indoensia, kanthi tema ‘Merajut Hati, Mencerdaskan Bangsa, Pantang Menyerah untuk Indonesia’. Konsep sing diusung ‘Perayaan Tujuh Belasan ala Kampung’. Olehe entuk pasangan (jodho) lumantar media ‘ajang golek garwa’. Acara iki kerja bareng Fortais (Forum Ta’aruf Indonesia) saka Kapanewon Bantul lan karang taruna Malangan Yogyakarta didhukung RT 38/RW 13 Malangan, Dinas Perpustakaan dan Kearsipan Kota Yogyakarta, MUA (Make up Artist), PPY (Paguyuban Panatacara Yogyakarta) Kota Yogyakarta, Latifa Jewerly, Taman Bunga Kotagede, Podjok (Paguyuban Onthel Yogyakarta), KKN UNY Yogyakarta, Yayasan Giri Nurul Ilmi saha saka pihak liyane. Acara iki kagolong unik, awit digelar ing Balai RW 13 Malangan, Giwangan, Umbulharjo, Kota Yogyakarta. Ijab qobul dileksanani ing mobil ‘Monika’ Perpustakaan Daerah Yogyakarta. Adicara iki diwiwiti rias pengantin ing Perumahan Alam Asri Giwangan Umbulharjo, Yogyakarta dieloni 4 pa4 pasang pengantin lungguh ing kursi pelaminan. (Foto: Herry) Ijab Qobul dipimpin Kepala KUA Umbulharjo. (Foto: Herry)
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 37sangan pengantin nganggo kostum unik;1. Suwardi (48) Semaki, Umbulharjo, Yogyakarta lan Erni Widiyanti (43) Notoprajan, Ngampilan Yogyakarta nganggo busana pengantin ala Bung Karno lan sing putri nganggo hijab.2. Enomalia Hartantri (20) Panembahan, Kemantren Kraton, Yogyakarta lan Tri Sahri Romadhon (29) Triharjo, Sleman nganggo busana ala Sultan Hasannudin lan Sultanah Safiafudin.3. Erna Setyowati (54) Baciro, Gondokusuman, Yogyakarta lan Surono (47) Sorosutan, Umbulharjo, Yogyakarta nganggo busana pengantin merah putih.4. Mai Marjiyani (27) Tirtonirmolo, Kasihan, Bantul lan Yusuf Fajarudin (32) Ngestiharjo, Kasihan, Bantul nganggo busana pejuwang lan lurik berhijab.Kabeh pengantin dikirab adohe 500 meter numpak angkong, cucuk lampahe komunitas sepedha onthel sing kagabung Paguyuban Onthel Jogjakarta (POJOK) nganggo kostum pejuwang, 2 pejuwang nganggo egrang lan 4 gadhis belia busana Jawa lan MUA (make up Artist). Ana sing ngusung replika ‘Tugu Jogja’. Bocah-bocah saumuran TK nganti SLTA katon gumbira sorak-sorak nyanyi lagu perjuwangan ing sadawane dalan sing diliwati. Masarakat ora gelem keri, uga baris berjajar sadawane rute kirab. Para jomblo saka berbagai dhaerah sing wiwit esuk teka ing papan ‘ajang golek garwa’ nglebetnglebetake gendera merah putih kanthi sukacita. Rampung dikirab, para temanten banjur lungguh ing kursi pelaminan sing wis dicawisake.Adicara diwiwiti nyanyi lagu Indonesia Raya bebarengan, diterusake sambutan Ketua RW diwakili Sofyan, S.Sos, “Pasangan temanten (pengantin) iki wis ditakdirake Allah. Menawa golek jodho pancen wernawerna, salah sijine entuk jodho saka ajang golek garwa sing diunggah liwat media. Muga-muga pasangan iki bisaa ngemban rumah tangga kang becik migunani tumrap bangsa lan negara.”Diterusake sambutan Ketua Fortais ‘Golek Garwa’ lan ‘Nikah Bareng’ RM Ryan Nuryanto SE sing ngandharake, kanthi konsep nikah ing mobil ‘monika’ lan mahar seperangkat alat sholat lan buku perjuwangan saha pengikat cincin kawin batu merah putih ana tulisan 77 iki ngandhut syarat lan makna, menawa ing jaman saiki kita lan mligine para pengantin yaiku ora angkat senjata, nanging kanthi literasi lan teknologi kudu tetep duweni jiwa merah putih pantang menyerah kanggo mbangun rumah tangga lan bangsa tumuju puncak kejayaan. Ing adicara kang unik iki dibukak dening Sekda Kota Yogyakarta Ir Aman Yuriadijaya ing sambutane, nikah bareng pitulasan iki gambarake sawijining perjuwangan, 4 pasang iki dudu bab sing gampang, amarga ngliwati proses perjuwangan ateges lintas perjuwangan sing dileksanani ngepasi ‘Hari Ulang Tahun Kemerdekaan RI’ lan iki ngandhut arti sejarah kenangan kanggone pasangan pengantin (temanten).Acara iki uga duweni tujuan supaya bisa ningkatake kesadharan masarakat pentinge menikah lan berkontribusi langsung mbangun bangsa kanthi gawa misi religi, sosial, budaya, kebangsaan lan dhestinasi wisata. Kanggo sapa wae sing isih lajang utawa jomblo, bingung durung entuk jodho (pasangan), bisa melu ing ajang ‘Golek Garwa Setulus Hati’ dalam rangka nyambut HUT ke 266 Kota Yogyakarta, sesuk tanggal 4 September lan 2 Oktober 2022 mapan ing Balai RW 13 Malangan, Giwangan, Umbulharjo, Yogyakarta jam 08.00 WIB kanthi ngirim: biodata, idhentitas, foto copi KTP, foto 3x4 lan foto copi akta cerai kanggone sing duweni status dhudha utawa randha, utawa luwih jelase sesambungan hotline 0815 7908 232 (Ryan). Acara prosesi nikah dipimpin langsung kepala KUA Umbulharjo H Handdri Kusuma, S.Ag, Msi lan Drs Suparman (penghulu), M Fauzan Fakhulloh, SHI (penghulu) secara bergantian (ganti-ganti) kanthi mas kawin unik arupa seperangkat alat sholat lan buku perjuwangan ditambah pengikat cincin kawin batu merah putih bertuliskan angka 77 simbul HUT RI. Nyalirani saksi nikah, Sekda Kota Yogyakarta Aman Yuriadijaya lan Ketua Fortais Golek Garwa & Nikah Bareng Ryan Budi Nuryanto. Ing kene katon swasana haru, trenyuh lan khusuk nalika prosesi ijab. Rampung ijab saksi nyuwara ‘Sah!’ kabeh sing rawuh padha aplaus lan ngucap Puji Syukur saha keprungu swara ‘merdeka!’ ngumandhang sero saka para tamu undangan. Ora rinasa ana pasangan temanten netesake eluh tandha rasa bagya. Sawise ijab qobul diterusake donga. Acara kang pungkasan diadani lomba makan krupuk dileksanani para pengantin lan para tamu undhangan. [Dyah SW/Herry SG] Sambutan Sekda Kota Yogyakarta, Aman Yuriadijaya. (Foto: Herry)
38 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe LiputanKalurahan Gilangharjo, Kapanewon Pandak, Kabupaten Bantul minangka salah sawijine Kalurahan kang duwe potensi. Miturut sejarah madege Kalurahan Gilangharjo rikala semana ana ing Maklumat Pamarentah Dhaerah Istimewa Yogyakarta tanggal 14 Oktober 1946 telung Kalurahan Jodog, Bantulan lan Krekah dening Sri Sultan Hamengku Buwono IX digabungake dadi siji kanthi jeneng Kalurahan Gilangharjo satemah ngesuhi 15 Padhukuhan, 91 Rukun Tetangga (RT) lan cacahe Dhaftar Pilih Tetap (DPT) ana 12.108 jiwa. Wiwit madege nganti tumeka saiki ing taun 2022 akeh nggawa kemajuwan lan perubahan (owahowahan) sakabehing bidhang. Kayata bidhang pamarentahan, perekonomian lan kesejahteraan sosial, pemberdhayaan masarakat sarta pembangunan fisik, infrastruktur wis tumata kanthi becik, adil, warata tumeka saben RT. Semono uga babagan pelestarian seni budhaya tradhisi lan papan wisata tansah antuk kawigatene penjabat Kalurahan kang diasta dening Lurah Drs. Pardiyono bebarengan klawan para pamong lan stap. Satemah Kalurahan Gilangharjo kondhang kaloka, mahanani antuk nugraha saka Pamarentah Kabupaten, DIY lan Pamarentah Pusat. Bebungah lan pangaji aji sing tampa Kalurahan Gilangharjo, yaiku taun 2017 minangka Desa Wisata. Taun 2018 Desa Prima. Taun 2019 Desa Preiner. Taun 2021 Desa Wisata lan ana ing Taun 2022 saka Pamarentah DIY (Tingkat Propinsi) minangka Desa Rintisan Mandhiri sarta saka Pamarentah Pusat yaiku Kalurahan Gilangharjo, minangka Desa berkembang (ngrembaka).Desa Maju lan Desa Mandhiri.Kasile Kalurahan antuk prestasi pancen nyata lan wis dirasakake masarakat, mligine para pengelola wisata lan pelaku (paraga) anggone nindakake kanthi tumemen.Wondene papan wisata sing ana ing wewengkon Gilangharjo, yaiku Sela Gilang sing mapane sakidul kulone Kalurahan. Papan iki, rikala semana minangka tumurune Wahyu Mataram Panembahan Senopati kanggo madege Krajan Mataram Islam. Mula akeh para penjabat lan spiritualis saben dina malem Selasa lan Jemuwah Kliwon, Pon sarta Sura saka luwar dhaerah padha teka saperlu semedi murih pangajab lan gegayuhane dikabulake Gusti Ingkang Akarya Jagad ewasemana uga isih ana papan wisata religi liyane sing ana ing Gilangharjo. Ewadene uga ana papan plesiran sing nate ditekani sakehing wisatawan, yaiku Wisata Ikan Hias Dewi Kaji (Desa Wisata Kadisoro Nyawiji).Magepokan babagan seni budhaya, njalari Kalurahan Gilangharjo antuk jeneng Desa DRS. PARDIYONOGilangharjo Tumuju Masarakat Kang Makmur SejahteraDrs. Pardiyono rikala isih ngasta lurah foto bebarengan klawan para pamong lan staf ana sangarepe kantor kalurahan(Ft.Ist.Jono,Hana)Drs. Pardiyono ana sangarepe Joglo Padhepokan Pangrawit Aji (Ft.Ist.Jono,Hana)
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 39Budhaya, karana duweni maneka kelompok kesenian tradhisional. Antarane: kethoprak, wayang kulit, pedhalangan, karawitan, jathilan, reog, macapatan, keroncong, hadroh. Sakehing kelompok kesenian iki, saben ngadani upacara adat mertidesa, mengeti kamardhikan sarta mengeti adeging Kalurahan, diadani kirab budhaya, gelar budhaya lan pentas seni. Miturut garwane Ibu Puji Astuti, SH kang wis pinaringan putra loro, wayah papat iki budhaya minangka sarana mujudake manunggaling Kawula Kalawan Gusti. Pangandikane Drs. Pardiyono Calur Nomer:4 iki, marang Djaka Lodang rikala diwawancarai ana daleme. Gegayutan anggone maju Calur Gilangharjo maneh ing taun 2022, yaiku kanthi gegayuhan lan pangajab bakal mujudake Gilangharjo kang makmur sejahtera utawa gemah ripah loh jinawi (GIRILOJI).Maju Calur tumrape Drs. Pardiyono, pancen ora tanpa alasan, kejaba antuk panjurunge keluwarga uga panyengkuyunge para warga masarakat sarta para ormas sing ana ing Gilangharjo lan uga pengalaman rikala sadurunge pensiunan saka Musium Sonobudoyo taun 2012. Semono uga sasuwene enem taun ngasta Lurah G i l a n g h a r j o nggawa kemajuwan tanpa upama. Gegayuhan (visi)ne calur Nomer:4 yaiku Mujudake tata kelola pamarentahan Kalurahan Gilangharjo kang luwih becik, transparan (sarwa prasaja), akuntabel lan inovatif. Wondene pangajab (misi), antarane: Nyiptakake pelayanan masarakat kanthi prima, lumantar pelayanan satu pintu. Nyiptakake SDM, murih anggone nglayani masarakat bisa cepet, bener, pener lan tepat sing dituju. Ngundhakake ekonomi keluwarga lan PAD (PAKal) lumantar sektor ekonomi prodhuktip, sektor indhustri lan sektor pariwisata.Nglestarekake kesenian tradhisi budhaya upacara adat kang adiluhung warisanipun para leluhur supaya ora cures tumeka anak putu. Purnane pangandikan Drs. Pardiyono Calur Gilangharjo Nomer:4 marang Djaka Lodang.Jono, Hana/DLDrs. Pardiyono rikala ngasta bendhahara II ana ing APDESI (Asossiasi Pamarentah Desa Seluruh Indonesia) Kab.Bantul (Ft.Ist.Jono,Hana)Drs. Pardiyono( Ft Ist Jono Hana)Drs. Pardiyono foto bebarengan klawan garwa lan wayah( Ft. Ist. Jono, Hana)
40 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe KratonAnane beksan gagrak Ngayogyakarta sawise diadani Prajanjen Giyanti 1755. Kabudayan Mataram diperang dadi loro, gagrak Ngayogyakarta lan gagrak Surakarta, bab ageman, gamelan, beksan, karawitan lan seni budaya duwe corak dhewedhewe (Ngayogyakarta lan Surakarta). Pagelaran tari klasik gagrak Ngayogyakarta mujudake warisan budaya, ngugemi akar sejarah sing kuwat, saha antuk panyengkuyung saka kelembagaan kraton lan dadi punjere kabudayan klasik sing ‘sah’. Beksan klasik gagrak Ngayogyakarta kang ngrembaka ing Kraton Ngayogyakarta duwe pathokan aturan baku kang ora bisa diowahi, saha nandhesake bakune tarian adiluhung, awit saka wucalane Sinuwun Sultan Hamengku Buwono I. Kabeh pelaku budaya kudu migatekake wucalane Sultan Hamengku Buwono I. Filosofi utawa ilmu sing disebut ‘Joget Mataram’ dumadi saka 4 unsur pokok, ‘nyawiji (konsentrasi), greget (semangat), sengguh (wibawa), ora mingkuh (tanggung jawab)’, uga ngandhut estetika (kaendahan), etika (unggah-ungguh) lan religius (hubungan manungsa marang Kang Akarya Jagad, Allah Ingkang Maha Kuwasa). Sejarah beksan gagrak Ngayogyakarta jaman Sultan Hamengku Buwono I nganti Sultan Hamengku Buwono X ngalami owah-owahan, amarga kahanan ora aman. Jaman Sultan Hamengku Buwono I taun 1756-1792 mujudake m a s a kelairan lan pembentukan. Beksan klasik gagrak Ngayogyakarta wektu iku wiwit kabentuk/karipta dening Sultan Hamengku Buwono I laras karo akare (oyote) yakuwi gagrak Mataram, perjuangane seniman besar (Sultan Hamengku Buwono I) ing jamane. Beksan klasik gagrak Ngayogyakarta ing jaman kuwi karipta kanthi paugeran baku ‘Joged Mataram’. Sultan Hamengku Buwono II nganti Sultan Hamengku Buwono III, jaman iku uga kena pengaruh kahanan sing isih perang lan butuhake perjuangan kang gedhe, amarga situasi ora aman lan nyaman, mula babagan beksan ngalami mendheg sawetara lan ora ngrembaka. Jaman Sultan Hamengku Buwono IV (1814-1823), wiwit ana simiyuting angin kanggo mulihake kegiyatan seni pagelaran beksan lan diterusake Sultan Hamengku Buwono V. Jaman iki wiwit ana perkembangan seni pertunjukan. Jaman Sultan Hamengku Buwono VI (1855-1877) nganti Sultan Hamengku Buwono VII BEKSAN GAGRAK NGAYOGYAKARTABeksan Lawung Jajar, riptane Sultan HB I (Foto Herry)Beksan saka Akademi Komunitas Negeri Seni dan Budaya Yogyakarta (foto;Herry)
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 41(1877-1921), jaman perkembangan sosialisasi lan mobilitas. Beksan ing kraton ngalami mobilitas lan ditengeri anane tonggak penyebar luasan lan sosialisasi menyang jaban tembok kraton. Jaman Sultan Hamengku Buwono VIII, Sultan Hamengku Buwono IX lan Sultan Hamengku Buwono X, ing kene beksan ngalami kemanteban, ngrembaka kanthi becik lan pembaruan (inovasi). Ing jaman Sultan Hamengku Buwono IX, proses sosialisasi lan mobilitas beksan gagrak Ngayogyakarta ing jaban tembok kraton ngalami kebijakan anyar. Periode taun 1950-1973 iki masa peralihan Republik Indonesia (dadi republik anyar). Konsentrasi Sultan kasuntak kagem urusan Negara Republik Indonesia. Setaun sawise penarikan mundur pasukan Welanda saka Ngayogyakarta, kanyata Sultan Hamengku Buwono IX isih dibebani maneh tanggung jawab dening pemerintahan anyar Republik Indonesia. Tanggung jawab sing gedhe iki ngenani masalah tugas-tugas negara kang wigati kudu dileksanani. Kahanan mangkene iki dadekake kawigatosane Sultan, satemah ana pengaruhe gedhe marang seni tari (beksan) gagrak Ngayogyakarta. Ing wektu kuwi randhat ngrembakane. Nanging Sultan Hamengku Buwono IX isih nglodhangake wektu kanggo menggalih tradhisi budaya kraton, kalebu beksan gagrak Ngayogyakarta. Kanggo pelestarian budaya kraton, wiwit taun 1950 kanthi ijin Sultan Hamengku Buwono IX. Kegiyatan seni pagelaran dipindah metu saka tembok kraton yaiku ing daleme putra mantune Sultan Hamengku Buwono VIII, KRT Purwodiningrat, sing katelah Dalem Purwodiningratan. Ing kono dibukak lembaga ‘Bebadan Hamong Beksa’ (BHB). Bebadan iki diawasi dening Kawedanan Hageng Punakawan Kridhamardawa Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat yaiku kelembagaan kesenian. Pindhahe lembaga seni metu saka tembok kraton ana pengaruh positif anane sosialisasi beksan kraton marang masarakat. Masarakat bisa ndherek gladhi ing Hamong Beksa kuwi. Anane lembaga tari sing dikeparengake metu saka tembok kraton, njalari jumedhule (laire) organisasi-organisasi tari/beksa gagrak Ngayogyakarta liyane, kayata pamulangan beksan ‘Sasminta Mardawa’ sing biyene jenenge ‘Mardawa Budaya’. Taun 1973 kegiyatan seni pertunjukan sajeroning kraton diaktifake maneh lan ditangani langsung dening KHP Kridhamardawa, kupiya langgeng lan ngrembaka tari dipunjerake ing jeron kraton, nanging pasartane bisa saka masarakat umum. Jaman Sultan Hamengku Buwono X bukak ‘Akademi Komunitas Negeri Seni dan Budaya Yogyakarta’ ing jaban kraton, uga asring ngadani pagelaran beksan dina Setu, lan Minggu ing Bangsal Srimanganti Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat sing bisa dipriksani dening para wisatawan. Katambah sosialisasi ing dhaerah jaban Ngayogyakarta kanthi anane program ‘Muhibah Budaya’. Uga kasengkuyung anane kemajuan teknologi, youtube, instagram lan liyane. Ing kraton uga kagungan lembaga sing biwarakake kegiyatan budaya kraton yaiku ‘Tandhayekti’, satemah beksan gagrak Ngayogyakarta sangsaya ngrembaka ing jaban kraton nganti saindhenge jagad lumantar majune teknologi kuwi mau. Durung suwe iki tanggal 29 Agustus nganti 1 September 2022 Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat ngadani Muhibah Budaya ing Kabupaten Trenggalek Jawa Timur. Ing adicara iki kanyata bisa ditampa kanthi becik dening Pemerintah Trenggalek lan warga masarakat. Lumantar program iki mratandhani kabudayan saka Ngayogyakarta wis tersosialisasi lan ngrembaka ing papan jaban kraton Ngayogyakarta. Ing kono uga diadani workshop beksan gagrak Ngayogyakarta (amung butuh wektu 3 dina latihan), pasarta wis bisa pentas asile workshop ing malem puncake acara Muhibah Budaya tanggal 1 September 2022 ingkang dipirsani dening Sultan Hamengku Buwono X. (Herry SG) Sumber:1. Prolog Buku Kajian Tari Mangayubagya Pesta Emas Yayasan Pamulangan Beksa “Sasminta Mardawa”, oleh Sri Sultan Hamengku Buwono X.2. Sosialisasi Tari Klasik Gaya Yogyakarta Di Luar Tembok Istana, oleh Prof Dr Y Sumandiyo Hadi, Dosen Jurusan Tari ISI Yogyakarta.Beksan Harjuna Wiwaha, riptane Sultan HB X (Foto; Herry)Beksan sing digelar nalika Muhibah Budaya ing Trenggalek (foto: dok kraton)
42 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe TradhisiKalurahan Kricak kang klebu Kalurahan Budaya, Minggu, 28 Agustus 2022 nggelar tradhisi Merti Komboran. Tradhisi sing ana sejarahe karo Perang Diponegoro ing taun 1825-1830 iki kanggo pengeling-eling menawa jaman biyen Pangeran Diponegoro kang perang mungsuh bangsa Walanda nate kagungan kandhang jaran kanggo prajurite ing wilayah Kricak. Panganggep kuwi dibuktekake kanthi ditemokake artefakartefak ing wilayah Kricak arupa watu gedhe sing krowak tengahe kanggo wadhah banyu utawa pakan kanggo jaran-jaran jaman biyen. Watu-watu komboran kuwi ditemokake ing ngendi papan ing wilayah Kricak. Miturut sejarah Pangeran Diponegoro kuwi klebu Pangeran saka Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat kang sugih. Lemah lan pekarangane jembar-jembar lan digarap karo rakyate kang cacahe 1.500 an KK. Pangeran Diponegoro uga dadi Pangeran Utama utawa penasehat Sultan HB III, sing momong Sultan HB IV lan uga Wali Sultan kanggo Sultan HB V. Piyambake uga kagungan jaran kang cacahe akeh lan kudu butuhake papan kang amba kanggo ngingu jaran-jaran kagungane, salah sijine sing ditemokake ing wilayah Kricak iki. Jaran-jaran mau kanggo ngangkut dagangan arupa bathik lan hasil bumi, uga jaran kanggo perang mungsuh bangsa Walanda.Jaran-jaran mau diingu adoh saka daleme supaya ora ngganggu lan kareben cerak karo papan angon lan banyu. Ana 60 an wong kang ngrumat jaran-jaran mau ing jaman semana. Acara kang diawali kanthi arak-arakan bregada cacah Tradhisi Merti Komboran ing Kalurahan KricakSalah sijining hiburan tari garapan Merti Komboran (Ft:Hery Istanto)Bregada Nowo Satrio barisan ngarep dhewe ing acara Merti Komboran (Ft:Hery Istanto)
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 434: Bregada Nowo Satria, Bregada Kawit, Bregada Jayeng Ponco lan Bregada Wiratama, saka Kelurahan Tegalrejo mlaku saka papan pambuka tumuju papan upacara. Kabuka dening lurah Kricak Ibu May Christianti Sudarmono, SH. Ibu Lurah mratelakake menawa tradhisi Merti Komboran iki ana s e j a r a h e k a r o kampung Kricak kaya sing ditemokake artefak-artefak ing ngendi papan wilayah Kricak. Tradhisi iki uga bisa nggiyatake wisata lan uga antuk panyengkuyung saka warga Kricak marang budaya lan sejarah kampunge. Panjaluke ing taun ngarep tradhisi iki diterusake lan dilestarekake supaya bisa dadi daya tarik wisata ing Kalurahan Kricak lan uga kabeh perwakilan saka RT bisa ngatonake potensi budayane.Arak-arakan uga ditambah utusan saka 13 RW kang duwe prestasi ing bidhange dhewedhewe kanthi nggawa kendhi kang diisi banyu saka sumur ing wilayahe lan kembang setaman kanggo ngumbah komboran kuwi. Acara uga diisi kesenian-kesenian ing wilayah Kalurahan Kricak.Mantan Wakil Walikota Yogyakarta Drs. Heroe Poerwadi, MA uga rawuh ing acara kasebut. Piyambake salah sijining tokoh kang menehi asma kanggo tumbak pusaka ing Kricak Kyai Geged Simbar Budaya. Penggagas lan pemrakarsa upacara adat Merti Komboran kuwi Bapak Ikhwan Pribadi, SIP mantan Lurah Kricak kang saiki ngasta Lurah ing Tegalpanggung. Ketua LPMK Kalurahan Kricak, H. Haryanto,SE.,ST. miwiti acara ngumbah kombor diterusake dening mantan Wawali Ngayogyakarta Drs. Heroe Poerwadi lan mantan Lurah Kricak Bapak Ikhwan Pribadi, SIP. [Hery Pras]Para pengurus Kalurahan Budaya Kricak foto bebarengan karo Lurah Kricak May Christianti Sudarmono, SH lan mantan Wawali Ngayogyakarta Drs. Heroe Poerwadi, MA sawise acara Merti Komboran (Ft:Hery Istanto)Tombak Pusaka Kyai Geged Simbar Budaya dipanggul dening punggawa Kalurahan Budaya (Ft:Hery Istanto)Ketua LPMK Kricak, H. Haryanto, SE.,ST miwiti acara ngumbah Komboran(Ft:Hery Istanto)
44 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe Warta RingkesSawise Covid 19 sing anggone nyengkerem Indonesia iki suwene rong taun, saiki kayakayane wis luwar. Muga-muga wae luwar tenan. Kaya dene wong ujar lan kaul anggone padha seneng-seneng. Seneng-seneng mengeti dina Kamardikan Indonesia sing kaping 77 ing Pungkuran Kalurahan Pleret, Kapanewon Pleret, Kabupaten Bantul diwiwiti werna-werna lomba, senam, lan sapiturute. Ing pepucuking pengetan, diadani pentas Seni kang kawengku kanthi tetembungan Kethoprak Darma Kusuma. Pentas Seni iku diadani ing dina Sabtu, 20 Agustus 2022, mapan ing lapangan vollei. Pungkuran wetan Kalurahan Pleret. Kapanewon Pleret. Sadurunge kethoprak disuguhake, wiwit sore, lapangan vollei iku wis kebak. Papan sing adate kanggo turnamen, bengi iku disulap. Lapangan kang mujur ngidul iku ora ana sing lowong. Lor diedegi panggung. Temtu wae marep ngidul. Ngarep panggung digelari klasa. Wetane para tamu, jejer-jejer gallon sing kebak-kebak. Warna-warna kesenian sinugata ing bengi iku. Lagu-lagu anak-anak akeh. Jogedan-jogedan uga dicaosake. Lagu-lagu agamis uga ora katalompen. Tutug anggone pentas seni, sawernaning hadhiyah saka pirangpirang lomba diparingake. Amarga lombane akeh banget, mula ora kabeh diumumake ing panggung. Mung ditempel ing cakruk ing kidul lapangan iku. Tumibaning kala mangsa. Kethoprak wus samekta. Ing wektu iku, pangrawite dijukukake bocahbocah enom sing isih semangat lan gemati tenan marang kesenian lan kabudayan Jawa. Dibukak kanthi lelagon Gugur Gunung. Sabanjure lelagon Gugur Gunung iku iringane digarap digawe ngracik. Dhasar isih bocah-bocah, apalane isih kuwat, mula senajan garapan nanging tetep penak dirungokake. Nuli dibalekake ing titipala pakem.Ora gantalan wektu, pambyawara nyigeg pradangga anggone padha ngayahi jejibahan. Lampahane kethoprak ingaturake. Wengi iku lakon kang dipentasake satunggaling carangan mawa irah-irahan Gegering Kademangan. Rehning sing padha nabuh gangsa para wiranom, mula wektu pentas mung kira-kira rong jam setengah. [Komarudin]Pentas Seni ing Pungkuran, Kalurahan PleretMBS Pleret ora ana sambung rapete karo Mataram Buana Suara, radhiyo dangdutnya Yogya. MBS Pleret cekakan saka Muhammadiyah Boarding School.Sekolah nanging ngiras pantes mondhok utawa dadi santri. MBS sing diaturake iki mapane ana ing Pleret. Mula katelah MBS Pleret. MBS sing mula bukane ing Kanggotan, Kalurahan Pleret, Kapanewon Pleret iki peresmian sepisan dening Bapak Prof. Dr H. Amin Rais. Saiki MBS Pleret wus umur wolung taun. Ing umur sewindu iki, MBS Pleret gawe kampus anyar. Kampus kasebut bakale nyawiji antarane pondhokan utawa asrama MBS Pleret Ngadani Jalan SehatSwasana pentas seni ing Pungkuran. (Foto: Komarudin)
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 45lan sekolahan. Sasuwene iki, kampus MBS isih nyebar, ing Kanggotan, Kalurahan Pleret lan ing Bojong Kalurahan Wonolelo, Kapanewon Pleret. Rehning santrine kang uga siswa saya akeh, mula anggone golek lemah uga sing sedheng kanggo sekolahan lan asrama. Wus makaping-kaping anggone golek panggonan utawa lemah sing mathuk ewasemono durung dadi pulunge. Sawuse ngrantu pirang-pirang taun, Gusti paring kamurahan. MBS bisa tuku lemah. Lemah sing dituku iki jembare telung hektar. Ing komplek kono uga bakal dibangun Balai Latihan Kerja (BLK). Dadi komplek kono ing samengko bakal dadi sawiji tenan saka pirang-pirang kabutuhan. Dalan tumuju komplek iku, uga lagi wae dibukak. Rehning lemahe sing dituku MBS iki adoh saka dhusun, mula perlu dikenalake. Carane ngenalake diadani 1. Pengetan HUT Kamardikan RI sing kaping 77. 2. Pengetan sewindu MBS Pleret. 3. Jalan sehat kanggo masarakat umum.Pranyata ingkang ndhaftar jalan sehat kasebut nyandhak wong telung ewu. Doorprize kang dicawisake uga tumanja. Ora nguciwani. Sela-selane acara andum-andum doorprize, diadani pengajian. Ingkang paring wedhar sabda ing pengajiian iku, panjenengane Dr. Khoiruddin Bashori, mantan rektor UMY. Rerangken acara Ahad, 21 Agustus 2022 wingi ditutup kanthi Resepsi Milad sewindu MBS.[Komarudin]‘Sesaji Raja Suya’ minangka ritual asung rasa syukur keluwarga Pandhawa sawise kasil mbangun Krajan Inderaprasta utawa Amartapura. Negara anyar kang nembe madeg mau mbutuhake satus raja minangka seksi lan kanggo patembayatan. Bab iki beda karo ‘Sesaji Kala Ludra’ kang diayahi dening Prabu Jarasandha sing mbutuhake satus raja minangka tumbal. Kabiyantu dening Prabu Hamsa lan Prabu Dimbaka, Prabu Jarasandha wis kasil ngumpulake lan ngurung 97 raja. Isih kurang raja telu kanggo nggenepi satus. Raja telu mau yaiku saka Krajan Mandura, Dwarawati lan Amarta.Prabu Kresna mirsani kahanan kang mbebayani kaya mengkono mau nuli gawe cara (strategi) kepriye amrih bisa menang sajrone lumawan Prabu Jarasandha. Kabiyantu dening Bima lan Arjuna, wusanane Prabu Jarasandha bisa kaasorake lan kaperjaya sarta bisa ngluwari 97 raja saka pakunjaran. Raja-raja mau nuli kasuwun supaya bisa lan kersa ngrawuhi acara ‘Sesaji Raja Suya’. Satemah, wis bisa kacukupan anggone mbutuhake satus raja minangka seksi ana ing pahargyan ‘Sesaji Raja Suya’.Mengkono ringkese crita pagelaran wayang kulit pakeliran ringkes lakon ‘Sesaji Raja Suya’ sing digelar Pondok Seni dan Budaya Boediardjo Borobudur, rikala dina Setu Kliwon, tanggal 27 Agustus 2022 kepungkur, kanthi dhalang Ki Gias Yudha Pratama saka Kabupaten Banjarnegara. Pagelaran kang kaping 283 iki ora mapan ana ing Hotel Pondok Tingal Borobudur kaya padatan, nanging ana ing Balai Ekonomi Desa (Balkondes) Wanurejo, sajrone rerangken acara kanggo ngregengake ‘Pasar Budaya Wanurejo’. (Amat Sukandar). Lakon ‘Sesaji Raja Suya’ Digelar ing Pasar Budaya Wanurejo, BorobudurKi Gias Yudha Pratama nggelar lakon Sesaji Raja Suya. (Foto: Amat Sukandar)Pagelaran lakon ‘Sesaji Raja Suya’ dening Ki Gias Yudha Pratama saka Banjarnegara.(Foto: Amat Sukandar)
46 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 EheWisataCandhi Mendut rinengga panil relief-relief kang nggambarake sakehe crita sing ngemu piweling lan piwulang moral minangka dharma Buddha, yaiku relief-relief crita Pañcatantra lan Jataka. Crita-crita mau magepokan karo miyose Bodhisattwa ing wektu kawuri. Pañcatantra minangka karya sastra kang asale saka Kashmir, India lan katulis rikala abad-abad wiwitan taun Masehi.Pañcatantra iki mbeberake crita, sawijine Brahmana asma Wisnusarma kang paring piwulang marang pangeran telu putrane Prabu Amarasakti, ing babagan kawicaksanan kadonyan lan panguripan kang magepokan karo ngelmu politik utawa ngelmu tata-negara. Wulangane dumadi saka buku lima, satemah sinebut Pañcatantra kang ateges ‘lima piwulang’. Limang perangan iki mujudake limang bab sing beda-beda saka wulangan sang Brahmana iki. Perangan-perangan mau ana ing buku basa Sanskerta kang asesirah Tantrakhyayika lan dianggep minangka Pañcatantrasing paling tua yaiku, Mitrabheda(Beda mitra), Mitraprapti (Tekane mitra), Kakolukiya (Paprangan lan bedhamen), Labdhanasa (Kelangan bebathen) lan Apariksitakaritwa(Tumindak sing kesusu). Crita Pañcatantra awujud crita wengkon lan akeh crita ‘fabel’. Crita wengkon iki uga kasebut kathamukha lan crita-critane kabeh rinonce dadi siji. Saben crita awujud gancaran, moral crita diringkes kanthi wujud saloka. Crita fabel Pañcatantraakeh sing padha (tumpang-tindhih) karo crita-crita Jataka. Ana ing kitab “Suttapitaka Kuddakaniya Jataka”, basa Indonesia, ana 547 crita Jataka. Relief-relief ing Candhi Mendut minangka crita piwulang moral kanthi nggunakake paraga kewan (crita fabel). Ana 31 panel kang ngemot relief crita ana ing perangan sisih ngisor candhi, kayata relief crita ‘Brahmana lan Kepiting’, ‘Sepasang Relief-relief ing Candhi MendutNgemu Makna Piwulang Moral Lumantar Crita-Crita FabelPara pasarta sinau Seni Maca Relief Candhi Mendut. [Foto: Amat Sukandar]Bambang Eka Prasetya crita bab relief Candhi Mendut. [Foto: Amat Sukandar]
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 47Banyak nggawa mabur bulus’, ‘Manuk Bethet loro kang beda’ sarta ‘Dharmabuddhi lan Dustabuddhi’. Crita Dharmabuddhi lan Dustabuddhi, nyritakake manungsa loro kang kekancan raket. Wong loro mau anake para sudagar. Ing sawijine dina Dharmabuddhi nemu dhuwit lan crita marang kancane, Dustabuddhi. Nuli wong sakloron ndhelikake dhuwit mau ana ing sangisore wit. Saben butuh dhuwit, Dharmabuddhi njupuk dhuwit mau saperangan lan ngedum kanthi adhil karo Dustabuddhi. Dhuwit sing dijupuk Dharmabuddhi digunakake kanggo pawitan olah tetanen lan nandur woh-wohan. Dustabuddhi ora marem karo dhuwit sing katampa, amarga dhuwit sing ditampa tansah digunakake kanggo ngumbar kasenengan, malah kanggo madon. Ing sawijine dina Dustabuddhi njupuk kabeh dhuwit mau tanpa sisa. Dheweke banjur ngarang crita lan ndakwa Dharmabuddhi sing njupuk kabeh dhuwit tanpa diturahake. Dustabuddhi nyeret Dharmabuddhi menyang pengadilan supaya diukum. Nanging wusanane Dharmabuddhi kabukten ora salah, amarga kabiyantu paseksen para bakul pasar, lan dheweke malah sangsaya sugih amarga bebakulan sayuran lan wohwohan. Dustabuddhi kabukten salah amarga ketua pengadilan adat nampa katrangan saka sawijine ‘saksi mahkota’, yaiku wanita sing asring diajak kencan Dustabuddhi. Satemah kaputus, Dustabuddhi sing njupuk dhuwit, lan dheweke diukum kerja sosial ing desane telung wulan suwene.Crita liyane, ‘Sepasang Banyak nggawa mabur Bulus’. Ana ing crita iki dibeberake, ana sawijine bulus sing manggon ing blumbang tlatah Himalaya. Ing kene uga ana banyak loro, kang nalika luru pangan ketemu karo si bulus mau. Nuli banyak lan bulus padha kekancan raket. Sawijine dina, banyak celathu marang si bulus, “Kancaku bulus, aku duwe omah kang endah ing Himalaya, dununge ana ing papan kang dhuwur yaiku gunung Cittakuta, ing jero guwa emas. Apa kowe gelem lunga mrana bebarengan karo aku?” “Lha kepriye carane, aku bisa tekan kana?” pitakone bulus. “Oh kuwi gampang, aku sakloron bakal nggawa kowe yen kowe bisa nutup tutukmu lan ora ngomong sanajan mung satembung marang sapa bae,” wangsulane si banyak. “Ya, aku bisa nindakake kuwi,” si bulus nyaguhi. “Gawanen aku!” Nuli banyak akon si bulus supaya nyokot kayu, lan banyak loro mau nyekeli pinggiran kayu mau lan banjur mabur. Akeh bocah desa sing weruh, lan aruh-aruh, “Ing dhuwur kae, ana banyak loro nggawa bulus nganggo kayu.” Banyak sakloron mabure banter lan wis tekan ing sadhuwure kraton raja ing Benares, si bulus banjur kepengin mbengok, “Ya, kanca-kancaku nggawa aku”. Si bulus ngomong aweh wangsulan marang pambengoke bocah-bocah desa mau. Amarga ngomong, anggone gondhelan kanthi nyokot kayu uwal. Satemah si bulus tiba ing plataran kraton, pecah dadi loro! “Ana bulus tiba ing plataran kraton lan pecah dadi loro!” pambengoke bocah-bocah desa. Raja lan Bodhisattwa sarta kabeh punggawa kraton nuli padha mara ing plataran kraton. Lan nalika padha pirsa si bulus mau, raja banjur takon marang Bodhisattwa, “Guru kang wijaksana, apa sing njalari makhluk iki tiba?”“Saiki wancine!” Bodhisattwa menggalih, ”Wis suwe, aku ngajab bisa atur pitutur marang raja lan aku wis nganti-anti kalodhangan iki. Amarga si bulus ora bisa nahan tutuke, dheweke ngeculake anggone nyokot kayu lan mesthi wae banjur tiba lan nemahi patine.”Bodhisattwa atur pitutur marang raja mengkene, “Oh Paduka, si bulus sing kebangeten kakehan gunem, ora bisa matesi omonge, bakal nemahi kacilakan kaya mengkene iki. Si bulus kepengin ngomong kanthi sora, sanajan ing antara untune ana kayu sing dicokot. Nanging sanajan mengkono, dheweke tetep micara lan wusanane tiba. Saiki diemutemut, panjenengan kudu ngendika kanthi wicaksana, kudu micara laras karo wancine. Si Bulus tiba lan nemahi tiwas amarga kakehan micara. Ya kuwi jalarane.” “Dheweke lagi ngomongi aku!”, batine sang raja. Magepokan karo bab kuwi sang raja nuli ndangu marang Bodhisattwa. “Apa kuwi panjenengan, paduka utawa wong liya,” wangsulane Bodhisattwa, “Sapa bae sing micara tanpa winates, bakal nemahi kasangsaran kaya ngene iki.” Lan wiwit wektu kuwi, raja ngendhaleni dhiri sajrone ngendika lan dadi priyayi sing wicaksana lan sethithik wicarane. Mengkono saweneh crita-crita relief Candhi Mendut kang diandharake dening Bambang Eka Prasetya, MM, saka Lembaga Nittramaya, Magelang, minangka fasilitator ana ing kegiyatan sinau Seni Maca Relief Candhi Mendut sawetara wektu kepungkur. Kegiyatan iki kanggo nyengkuyung mawujudake pariwisata kang duwe kualitas, mligine bab crita-crita sing ana ing relief-relief Candhi Mendut.*[Amat Sukandar]Bambang Eka Prasetya crita bab relief Candhi Mendut. [Foto: Amat Sukandar]
48 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe
Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 49Wasita AdiKababarANTOLOGI JAGADING LELEMBUTDjaka Lodang 1991-1994Mawrat crita saking penulis cacah 51Kandel buku 200 kacaRegi Rp. 75.000,- Amargi kababar winates sumangga ingkang kasdu saha remen dhateng crita jagading lelembut enggal pesen dhateng Redaksi Djaka Lodang Jalan Patehan Tengah No. 29 Yogyakarta Telp. (0274) 372950 WA. 087838224646Nyarengi Tanggap Warsa Djaka Lodang Kaping – 51 Tanggal 01 Juni 2022Awit yen kelangan kautamane, bakal nemahi kaya kang kasbu ing sekar ing candhake iki: Gothang kotamaning janma, sanadyan sugiha ngelmu, yen ta tan taberi srawung temah kuthung panggraita, tidhatidha marang semu, semu becik lawan ala, darapon kuciwa tuhu.Wong utama aja kongsi kelangan kautamane. Yagene kok bisa ngono? Awi wong mau koncatan kautamane, marga tumindake kang nerak lajering kautaman.Sapa cidra ing kono wahyune sirna.[Ki Pitutur Jati]Wong Utama Aja Kongsi Kelangan KautamaneKiva
50 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 EheGUYON FX. SubrotoSatleramanSeniwati kang miwiti profesine saka ngisor iki pancen klebu wanita kang mandhiri lan tansah narima marang paringe Gusti. Wanita ayu kang peputra siji minangka pelaku seni kang asmane Asih Lestari nanging luwih akrab diaturi Mbak Asih. Ing masa pandhemi Covid-19 tumrap seniwati kondhang iki, ora gawe nglokro kepara malah dadi semangat lan greget anggone nindakake pakaryane. Asih uga nerangake nalika sepisanan ambyur ing jagad seni dilakoni saka ngisor, kabeh wong kang kepengin mulya mesthi kudu rekasa. Mula dheweke ora wegah sinau marang para senior lan nggegulang seni ing ngendi papan.Asih Lestari uga nandhesake, “Kula saestu nresnani seni budaya Jawi, pramila kula boten lingsem menawi kedah mrambat saking ngandhap. Kawiwitan saking ndherek nyanyi wonten pagelaran Seni Jathilan amargi sisihan kula uga seniman mliginipun wekdal semanten minangka Penari Jathilan. Kula lajeng ndherek komunitas seni, asring karaoke, asring dipun timbali wonten acara-acara ngantos dumugi samenika kula kasengsem wonten donyanipun seni.”Mula ora nggumunake menawa Asih Lestari saiki minangka penyanyi campursari kang kondhang lan tansah nampa job saka panggung ing panggung, ora mligi ing kutha gudheg wae nanging uga tekan jaban kutha.Ibu saka Muhammad Dika Aldiansyah iki rumangsa mongkog bisa melu nguri-uri kesenian tradhisional Kethoprak uga, malah anggone tresna budaya iki dibuktekake dheweke ora wegah tansah nggegulang babagan seni budaya sarta tansah sinau marang seniman seniwati kang kawentar. Wanita lairan Kulon Progo, 3 September 1984 iki duwe pengalaman kang kurang nyenengake yaiku nalika nampa peran ing paraga kethoprak kamangka peran mau ora jumbuh karo karaktere. “Kula sedhih menawi kedah nindakaken paraga ingkang kirang jumbuh kalihan karakter asli kula, nanging kados pundi mawon menika tantangan profesi ingkang kedah kula tindakaken. Menika suka duka seniwati tumrap pribadi kula, kejawi menika kula inggih remen amargi sedaya kegiyatan seni tansah dipun sengkuyung sisihan kula inggih menika mas Agus Siswanto.”Kejaba garwane tansah nyengkuyung kegiyatan seni kang dilakoni Mbak Asih kang pidalem ing Kaliabu RT 02 RW 12, Banyuraden, Gamping, Sleman, Yogyakarta, uga disengkuyung dening wongtuwane yaiku pasangan Bapak Haryanto lan ibu Sutirah. Asih duwe pangajab muga-muga seni tradhisional ora kagiles jaman kang sarwa modhern, lan peran generasi mudha wajib melu cawe-cawe jaga lan nglestarekake seni budaya ing Nusantara iki.Tatiek Poerwa Kalingga/DLAsih LestariSeniwati Kondhang Kang Mrambat Saka NgisorAsih ngagem busana Jawa (FT : Ist/kalingga/DL)