The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Ing papan pengungsian Desa Pesiraman, Banyumas, sadurunge Sunan Amangkurat Agung seda, nimbali putrane yaiku putra mahkota (Raden Mas Rahmat) lan Pangeran Puger. Marang Raden Mas Rahmat Paring Piweling supaya ngrebut Kraton Plered saka tangan Trunajaya.

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ngudiilmuw4, 2025-12-04 23:51:38

Djaka Lodang No.16- 17 SEP 2022 Napak Tilas Pengeran Puger Pengamping Setiya Sunan Amangkurat II

Ing papan pengungsian Desa Pesiraman, Banyumas, sadurunge Sunan Amangkurat Agung seda, nimbali putrane yaiku putra mahkota (Raden Mas Rahmat) lan Pangeran Puger. Marang Raden Mas Rahmat Paring Piweling supaya ngrebut Kraton Plered saka tangan Trunajaya.

Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe 51wae?” tambuhe.“Adoh, Dhik!” jlentrehe.“Wong mung Madiun, teka kandha adoh?” clathune.“Madiun ngendi? Indonesia kuwi, sing wis ana sekolah nglukis tataran SLTA, mung, Jogja, Denpasar, karo Padang, kana!” Ujarane kalasemana, pancen sing jeneng sekolahan ngono kuwi isih manggon neng kutha-kutha kang diujarake.“We, ketinggalan jaman, sampeyan!”“Karepmu, piye?”“Sampeyan gak nate mirengake pengumuman neng RRI Madiun, Radio Gema Surya, ta?” takone.“Ora!” wangsulane jujur.“Mangkane sing dirungokake kuwi aja mung pilihan pendhengar wae! Warta berita, pengumumanpengumuman kuwi luwih penting lho!” guneme ngemu panyacat.“Intine, piye, pengumuman mau?” Marsono miterang greget.“Taun ajaran ngarep neng Madiun arep madeg Sekolah Menengah Senirupa persiapan negri. Saka Depdikbud Madiun lan Jawa Timur wis ngidini. Kari jumangkah njaluk ijin pusat,” pratelane Sumiati.Dina-dina sing diantu-antu wis teka. Marsono kasembadan oleh nomer tes seleksi bakat minat lan ketampa dadi calon murid SMSR persiapan negri neng Madiun. Dinadina kalodhangane mung kaisi coratcoret nggambar kanggo ngadhepi tes mlebu SMSR Madiun.Wanci kang diantu-antu teka tenan. Dina Kamis neng sasi Juli minggu kapindho Marsono ngeloni tes. Dina Senen pengumuman wis bisa didelok. Saka calon murid cacah kurang luwih patangpuluh, sing bisa lulus, mung antarane limalas. Ateges, ketat temenan seleksine milih calon murid. Puji sukure Marsono kaucap bola-bali, awit dheweke klebu sing cacah limalas mau. Kanthi maneka crita kanggo alesan marang wong tuwane, Marsono kaidinan pengin pindhah sekolah ana Madiun. Senenge atine nganti ora bisa dicritakake nganggo ukara.Ngiras nepungi lingkungan kono Marsono mlaku-mlaku karo Anwaryadi sing saka Jiwan. Kanthi tlaten takon-takon, Marsono oleh pituduh sawijine omah sing sok dienggo kost bocah sekolah. Weruh neng omah sing didudohake ana cewek rupane ayu banget sakala anggone pengin manggon kono disanggupi. Jebul cewek mau putrane sing duwe omah. Jaman semana petung kasaguhan mono ora kudu nganggo uang muka, anane padhadene percaya.“Sekolah ngendi Mas?” takone cewek nalika wong tuwane wis nampa kekarepane ngekost kono.“SMSR!” wangsulane, kebak greget.“Wah calon seniman yen ngono?” unine gawe saya mongkoge sing ditakoni.“Muga-muga!” tanggape.“Asli, ngendi?” karepe pitakonan, ditujokake, marang Marsono.“Ponorogo!” wangsulane sing ditakoni. “Mase sijine ya ngekost kene?” takone maneh kang ditujokake marang Anwar.“Ora Mbak. Aku laju wae, karang omahku mung Jiwan kono!” katrangane.“Yen ana kanca durung oleh kost-kostan ketoke isih ana kamar lho. Sukur yen cewek kena kanggo kanca aku,” pratelane.Rembugan mekar tekan ngendiendi lan apa wae ngenani jagading bocah kanoman. Apa sing diujarake Anwaryadi, cocog, mungguhing Marsono, ngenani gampang supele srawung cewek kuwi. Mula ora aneh menawa kanoman lanang loro kuwi betah jagongan wong telu nganti sawetara wektu.Kabar luluse Marsono neng SMSR Madiun, wis tekan kupinge Sumiati, Fitri, Pamuji. Pak Sukro pawongan sing wis mireng dhisik ketampane Marsono minangka calon seniman neng theg-kliwere seni nggambar. Neng dina kang ditemtokake panitiya, Marsono mara menyang Madiun, kanggo oleh katrangan jejibahan sabanjure, minangka murid anyar. Saking melu bungahe, pawongan tiga serangkai (Fitri, Pamuji lan Sumiati) sing tumancep ana pasrawungane melu ngetutake. Tetelune uga rumangsa mongkog merga neng Ponorogo bakal tuwuh siji maneh sawenehe seniman.Tetelune ngenteni neng plataran sekolahan kuwi, nalika Marsono ngeloni patemon murid anyar neng jero salah siji ruwangan. Lan Marsono, sinartan gumbirane ati ngenteni dhawuh pangandikan calon gurune prabeya pira sing bakal dibayar. [ana candhake]IjasahSambunge kaca 2Dina-dina kalodhangane mung kaisi corat coret nggambar, kanggo ngadhepi tes mlebu SMSR


52 Djaka Lodang No. 16v 17/9/2022 Setu Legi, 20 Sapar 1956 Ehe


Click to View FlipBook Version